Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kutipan dari Jawi Kanda, LOr 6614, 1904, #1954

Katalog:Kutipan dari Jawi Kanda, LOr 6614, 1904, #1954
Sambung:-

Jawi Kandha ôngka 46, April 1904 kaping 10 Sapar 1834.

Surakarta.

Sapintên kemawon kabingahanipun para priyantun Jawi amargi angsal wêwêngan saking kamirahanipun kangjêng guprêmèn, sadaya priyantun Jawi kalilan nyêkolahakên anakipun dhatêng pamulangan Walandi sarana bayaran mirah sangêt, mila mêsthi ing têmbe badhe kathah anaking priyantun sagêd dhatêng têmbung Walandi, cècèg, saha kangjêng guprêmèn anambahi wontênipun pamulangan Jawi ngantos pintên-pintên panggenan, kangge sinau anak-anakipun tiyang siti, tur bayaranipun inggih saya mirah sangêt, ngantos botên muwat, dados sampun têtela kangjêng guprêmèn punika sangêt mitulungi rumêksa dhatêng bôngsa kula tiyang Jawi, nanging punapa sampun mêsthi sadaya têtiyang siti anggènipun nyakolahakên anakipun dhatêng pamulangan kanthi bingahing manah, dèrèng kantênan sababe, sababipun wontên sawênèhing guru ingkang ambêk siya dhatêng muridipun, ambêk siya kapiye? Nun, wontên guru ingkang purun angujar-ujari [a ...]

[ ...ngujar-ujari] awon dhatêng muridipun, ngantos adamêl girising manahipun lare, môngka dèrèng mêsthi sadaya muridipun wau anakipun tiyang cacah-cucah (urakan) kemawon, têrkadhang wontên anaking priyantun. Lo, mêngko dhisik ta, gone ngujar-ujari ala kapriye? Makatên: sapa-sapa muridku sing pamit lara, môngka ora lara têmênan, muga-muga disambêra blêdhèg, ning jungkate sing dinggo bae, dudu apa-apane, hara ta, harak lucu ngatên, sanadyan ingkang makatên wau dèrèng mêsthi anêmahi dipun sambêr blêdhèg yêktos, nanging punapa punika nama têmbung alus manis, kok mayar, punapa mênawi dipun sambêr blêdhèg jungkatipun botên ngatutakên sirahipun, goroh, rikne inggih dhing, beda kalihan ingkang udhêng-udhêngan, awit udhêngipun kêncêng krakêtipun dhatêng sirah, dados manawi dipun sambêr blêdhèg udhêngipun, inggih sagêd ngatutakên sirahipun, wong mung mêngkono we, ora dadi apa, nun kajawi punika taksih kathah ujar ingkang botên sakeca kamirêngakên, nanging botên pêrlu kula cariyosakên, mindhak angêbak-baki [angêba ...]

[ ...k-baki] papan, malah wontên muridipun kintên-kintên sawêg umur 6 utawi 7 taun, lowong botên lumêbêt sinau sadintên tanpa pamit, lajêng dipun rès manut caraning pamulangan, kapurih ngadêg wontên sacêlaking balabag panyêratan, punika kula rujuk, sadangunipun anglampahi resan, lare wau awon nganggur dolanan nèthèk-nèthèk balabag panyêratan, la, tiyang lare alit, lajêng dipun dugang dening gurunipun, sanadyan pandugangipun lirih, wantunipun lare alit saha sangêting ajrihipun dhatêng guru, inggih lajêng kèndêl tur pucêt guwayanipun, dumuginipun ing griya lajêng kacandhak ing sakit bêntèr, saha tansah kagum-kagum, ngantos sawatawis dintên, gumun kula tiyang sêpuhipun têka botên ngraosakên bokmanawi sakitipun jalaran saking kagèt nalika dinugang dening gurunipun, malah dipun anggêp kenging sêngkala wontên ing pamulangan, lajêng mirantos sêkar borèh jênang sapanunggilanipun kangge ambucali, kabêkta dhatêng pamulangan, sadumuginipun [sadumuginipu ...]

--- 4 ---

[ ...n] ing pamulangan lajêng pitakèn dhatêng dèn punapa mas guru, ing pundi panggenaning putunipun nalika anglampahi resan, sasampunipun dipun dêdahi, sêsajèn lajêng kasèlèhakên wontên sandhinging balabag panyêratan, sarta rasukanipun lare ingkang sakit wau inggih kasèlèhakên ing ngriku, nanging lajêng kapêndhêt malah mawi gadhah panêmbung makatên, dhanyang prayangan sing baurêksa kene, putuku Si Makna dak jaluk, rasukan lajêng kabêkta mantuk, sumôngga kagaliha ki raka redhaktur, punapa patrap ingkang mêkatên punika botên badhe sagêd anyudakakên kamajênganipun têtiyang siti anyêkolahakên anakipun? Botên langkung panyuwun kula dhatêng dèn punapa mas guru, kagungan panggalih sabar, sagêda têpa-têpa dhatêng lare alit.

--- 5 ---

Jawi Kandha ôngka 46, April 1904 kaping 10 Sapar 1834.

Surakarta.

Nalika tanggal kaping 1 kapêngkêr punika wanci jam satêngah kalih siyang, cina tukang blèk ing Darpayudan, prang kènjèr kalihan suldhadhu Jawi Bètèng, kula botên sumêrêp purwanipun, sumêrêp-sumêrêp sampun ulêng-ulêngan saklangkung rame, suldhadhu dêdamêlipun payung, pun cina asikêp dhingklik, cina dipun thungi payung mingkup lajêng mingkar ngayati dhingklik, pun suldhadhu sarêng gêntos dipun ancari dhingkik, inggih kipa-kipa, tiyang ningali saya kathah, tiyang sêsadeyan ajrih lajêng sami kukut dhasaripun, rahayu botên wontên agèn, nanging kêlêrêsan, dara piskal nitih dhokar saking wetan, lajêng cinêgat purun dhatêng pun suldhadhu, bokmanawi wadul anyariyosakên saene badanipun, botên dangu dara piskal lajêng kundur, ing ngriku lêkas kènjèr malih ulêng-ulêngan, kreta ingkang kula nunuti menggok ngalèr, kula botên sumêrêp ing wusananipun.

--- 6 ---

Jawi Kandha ôngka 63 kaping 1 Juni 1904 Mulud 1834.

Sanadyan sêrat-sêrat pawarti tansah angêwrat kawontênanipun durjana koyok ngantos angêmohi, ewadene sasêratan ing ngandhap punika nyariyosakên bab panêmpuhing durjana koyok ingkang cabar amung jalaran saking kaèngêtaning lare alit kemawon, mila kumêdah dadosa rêrênggan tumrap pocoting nyampingipun kusumaning ayu Jawi Kandha.

Nalika ing dintên malêm Kêmis kaping 26 Mèi kapêngkêr punika, tiyang nama Jaya gagriya ing dhusun Jêngglengan, bawah kabupatèn Sragèn sisih lèr kilèn (satêngahing wana antawising Sumbêrlawang kalihan Gundhi), wanci jam 8 tilêm wontên ing griya lêsung (tanpa gêdhèg) dumunung sawetaning griya pandhapi kalihan anakipun èstri nama Saminah umur 11 taun, 2 anakipun jalêr nama Sênggrik umur 8 taun, patilêmanipun kêrêp wontên ing ngriku, amargi ngrêksa gadhahanipun rajakaya maesa 17, lêmbu 7, ingkang namung dipun cancangi wontên ing latar kemawon, sarêng kintên-kintên wanci jam 11 Sajaya [Saja ...]

 

--- 7 ---

[... ya] taksih kapati nendra, namung Saminah nuju nglilir, sumêrêp wontên tiyang 8 dhatêng sami asikêp sajata pêdhang saha pênthung amurugi piyambakipun, osiking manah badhe anggugah bapakipun, ananging kêtungka panggugahipun para tiyang wau, Sajaya, tangia, nanging aja bêngok-bêngok, aku têrna lumêbu ngomahmu, lan kowe banjur ngêtok-êtokêna amalmu kabèh, minôngka ambêngan kayadene kêndhurèn, aku sakônca kang ngêpung, sabanjure padha dak bêrkat, yèn kowe ora miturut sarta nganti bêngok-bêngok, gulumu mêsthi pagas minôngsa wasitku pêdhang Kyai Sokawiyana, sarèhning Sajaya rumaos karoban mêngsah dados kêpêksa tan lênggana angirid para pangroda paksa lumêbêt griya sarana gugah-gugah ingkang èstri.

Gêntos cinariyos ingkang tinilar wontên ing griya lêsung, pun Saminah saha pun Sênggrik, ingkang botên winawekan dening sang dur, Saminah nglocita bilih para tiyang wau tatela durjana, lajêng gêgancangan [gêgancang ...]

[... an] dhatêng griyaning tangganipun, gugah-gugah suka sumêrêp bilih griyaning bapakipun kadhatêngan durjana tiyang 8, ingkang ginugah tan sarônta anabuh têngara titir, tiyang sadhusun cacah 24 somah sami tangi, tiyang jalêr gita atandang sikêp dêdamêl, tiyang èstri gantêr titir.

Wau ta para risang dur ingkang sawêg winêngan kontên dening Bok Sajaya, dupi miyarsa swara titir agantêr, dahat sandeyaning wardaya, wasana botên saèstu lumêbêt griya, lajêng lumajêng sêdya angoncati nyambi ngoncèng-oncèng Sajaya binêkta mring madyaning wana, ananging kintên satêngah pal têbihipun, mèh katututan dening para tandang, Sajaya tinilar lumajêng nalusup ing wana, sami lumajêngipun.

Omongnya Masngebehi Wiropoestoko ada di Soerat Kabar Djawi Kando ari 20 December 1904 No. 142.

Kula panuju sowan dhatêng kantor juru basan, sêsarêngan kalihan Bapak Mas Ngabèi Wirapustaka, kula matur pitakèn: kadingarèn, bapak sowan dhatêng kantor juru basan, punapa badhe ngasmani kontrak onjotan, wangsulanipun: daya-deye gèr, gadhahgana, ingkang cêpak, liyu kalihan pokah (Bathara Kala) ingkang kasêbut dhawah, namung katimbalan têrang dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn, ingkang wontên namung gatêr patêr dhèdhèt erawati wagyut, bapak iki rêmên têmên gêgujêngan, inggih gèr, sasinaon nyèlèhakên manah, bêja cilaka kula anggêp sami kemawon, sarta sampun dados panduman kula paringing Allah, punapa inggih sayêktos botên wontên ing karaos ing panggalih. Môngsa kula matur dora. Botên [Bo ...]

[... tên] antawis dangu Bapak Mas Ngabèi Wirapustaka katimbalan dhatêng kantor panyêratan, kula taksih angêntosi wontên ing jawi, kêpengin sumêrêp kadadosanipun. Sarêng bapak mêdal lajêng têrus sêsarêngan sowan dhatêng kapatihan, wontên ing margi kula dugèkakên pitakèn kula, tingalipun bapa kok ayêm kemawon malah sajak mèsêm-mèsêm. Inggih gèr mênggahing kula prasasat mênang lotrèi agêng nanging mênggahing sampeyan inggih botên punapa-punapa, suwawi kawêdharakên sakêdhik manawi kenging, kula kêpengin sumêrêp. Salêbêtipun nêm wulan ingkang kapêngkêr kula nglêbêtakên anggitan Zamensprakken kula namakakên Sêrat "Tatacara" konjuk kangjêng tuwan bêsar, ing mangke kangjêng tuwan residhèn nampèni sêrat telegrap saking Batawi, ingandikakakên nantun dhatêng kula, punapa kula kadugi nampèni ganjaran 500 gangsal atus rupiyah, Sêrat Tatacara kapundhut [ka ...]

[... pundhut] badhe kalimrahakên ing kathah, atur kula: nyumanggakakên, saha sakalangkung ing panuwun kula, kula lajêng mêlèhakên gèsèhing tekadipun: bêja cilaka, kaanggêp sami, sapunika tansah mèsên , dipun wangsuli gampil kemawon, kala wau pukul sanga, sapunika sampun pukul sadasa, lampahing srêngenge sampun inggil, sawatawis dintên êngkas Bapak Mas Ngabèi Wirapustaka amêsthi badhe suka-parisuka, pamuji kula tampinipun arta ganjaran amêngkêrna pasar sore, supados botên dipun awut-awut, awèta dipun dhahar.(1)

Mas Ngabèi …

(1) Kula dhèrèk bingah sangêt dene bôngsa kula Jawi taksih wontên ingkang sagêd damêl anggitan ngantos kakarsakakên ing kangjêng guprêmèn, pamuji kula ingkang kagungan anggitan wau awèta sugêng kanthi bagas kuwarasan, sarta kaparênga damêl anggitan [anggita ...]

[... n] malih ingkang maedahi ing kathah.