Jiwandana, Mangunwijaya, 1913, #1236

JudulCitra
Terakhir diubah: 26-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Jiwandana

Karanganipun Mas Ngabèi Mangunwijaya, abdi dalêm mantri miji, saha pambantu kantor Radyapustaka, Surakarta. 1840–1910.

Kaêcap wontên ing pangêcapan N. V. Budi Utama Surakarta, 1913.

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Sêrat Jiwandana

Punika anggitanipun Mas Ngabèi Mangunwijaya, nalika taksih dados abdi dalêm mantri dhistrik ing Bayat, Klathèn (Surakarta). Nanging nalika samantên sawêg angsal sapalih, sarêng sampun nyuwun pènsiun lajêng dipun dumugèkakên saha lajêng kababar punika.

Dene Sêrat Jiwandana wau, anyariyosakên babaring ngèlmi kasampurnan, pêpiridan saking sêrat warni-warni, yêyasanipun para pujăngga ing jaman kina, kacundhukakên akalihan wisikanipun para sujana ing jaman sapunika, lajêng kagubah kadhapur lampahaning jawata angejawantah lajêng anyipta kadhaton tigang panggenan. Mawi sinawung ing sêkar macapat, ing pangangkah supados sagêd adamêl sêngsêm dhatêng ingkang karsa nupiksa. Botên langkung ing sarèhning ingkang nganggit amung sadarmi angimpun, saha salugunipun pancèn taksih kirang sêsêrêpan, mila lêrês lêpat amung nyumanggakakên dhatêng ingkang karsa nupiksa. Dene kasusastranipun angangge Paramabasa, karanganipun Ki Padmasusastra, inggih Mas Ngabèi Wirapustaka, abdi dalêm mantri Radyapustaka ing Surakarta.

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. sèwu dhomas catur dasartati |[1] kaping sanga Mukaram kasapta | ing warsa Be rikalane |[2] birai babar kidung | mudhadama apaksa kawi | ambangun karawitan | mawi rinèh kidung | amung ngeja ingewanan | jêr nir deya kadêrêng kudu mêmardi | amurwa pralampita ||

2. de kang dadya parasdyaning kapti | dènnya marna manawung gitaya | tan katênta ing tyas dimèn | kataman ing panggunggung | sariratri ingalêm bangkit | ngikêt ing pangawikan | ambabar tyas namung | mèt wirayat yuning gêsang | myang sabisa-bisa arsa mardisiwi | sakulawarga ingkang ||

3. kirang kawruh tuna ing pambudi | dimèn dadya pambukaning sêdya | mrih widada dumadine | dadi nora kasêbut | tuwa tiwas tanpa nuwasi | karana ing agêsang | andhap miwah ruhur | sayêkti padha kewala | kang kaprênah tuwa wajib mituturi | ring suta sakwasanya ||

4. de kang măngka pindaning pamardi | dongèng duk ing jaman kuna ana | jawata lwih kadibyane | Hyang Jiwandana juluk | ngejawantah saking swargadi | jujug ing arga sunya | mahasèng asamun | dyan mêmuja mêsu budya | nyipta putra lan praja myang karaton tri | datan antara lama ||

5. tri candrama wus dadya prajadi | sangkêp sarwa araras kawuryan | swamipèng radya binètèng | rangkêp pat luwih pêngkuh | dhingin bètèng [bè...]

--- 2 ---

[...tèng] têmbaga nuli | bètèng parunggu nulya | salaka katêlu | pat bètèng kêncana mulya | ginapura têrusan sanga miranti | măngka wiwarèng praja ||

6. kèh kang marga prapatan waradin | rêsik wera têpi linut ingkang | udaka mili kinalèn | luhuring marga sinung | panjutadi kinurung munggwing | sêlaning wrêksa kanang | taraping têtanggul | yèn dalu padhang lir rina | kèh janma kang wis mendah têpining margi | tulyasri tiningalan ||

7. myang kadhaton katêlu wus dadi | sangkêp ing saisinya sarwendah | tuhu dahat tanpa tondhe | dhêndhêng kumêndhung-kêndhung | pindha swarga gurulokadi | gêdhong-gêdhong ginêdhah | kêbak barana gung | sotya mas maneka warna | kèh yasendah sananing parêkan cèthi | kang samya listyèng warna ||

8. myang pêpatih sapanêkar sami | wus sumewa madyèng panangkilan | pênuh ambalabar andhèr | samya busana luhung | nanging maksih mênêng tan osik | dene Hyang Jiwandana | duk samana sampun | sênêdan nèng jroning sanggar | kang ingaran nênggih gupit măndakini | ya made sandyasana ||

9. nging Hyang Jiwandana tan kaèksi | lir manungsa wit kinurung cahya | kang umancur kadyanggane | jwalèng surya sitangsu | anartani jro măndakini | têkyan kang tri puraya | katrangan sadarum | dirèng sunaring ujwala | nadyan jroning paraja kajajah dening | jwalèng Hyang

--- 3 ---

Jiwandana ||

10. prabawanya sangêt wingit singit | pêksi mêsat ing luhur kasanglat | tibèng kisma murcatmane | kênèng prabawanipun | risang nungku pudya sêmadi | sidhêm sajroning praja | tanpa sabawa mung | mênêng kabèh nora obah | mung kênyaring sêsotya rêngganing puri | sumirat rêbut praba ||

11. muncar muncrat ting pancurat kadi | kilat thathit ing wiyat tan kêndhat | sêsiratan wor calèrèt | ngênguwung anarawung | saking kwèhning kang kêncanadi | sinotya măncawarna | marma sru sumunu | patamanan puspita mas | sawurining sanggar nêdhêng babar sari | tinon tumejangkara ||

12. kanang ron-ron kamarutan muni | lir pradăngga angrêrangin raras | wor gandarum marbuk mawèh | sêming driya maladkung | maratani jro pura minging | têngah taman talaga | botrawi mas murub | pênuh punang tirtamaya | tinalangan praptèng kalèn-kalèn mili | ngubêngi jroning pura ||

13. malah praptèng jro praja waradin | samya antuk toyaning talaga | dadya panguripan gêdhe | yayah we kamandhalu | kang midrawèng sajroning dhiri | mangsuli jroning sanggar | ing sandyasananung | sinung langse endah pelag | sungsun sapta sutradi amancawarni | winiru sêkaran mas ||

14. Sang Hyang Jiwandana nèng sajroning | langse lênggah munggwing bale rêtna | sarya ingadhêp putrane | kakung jêjulukipun |

--- 4 ---

Sang Jiwanda langkung pinêkik | cahya tumeja pindha | Hyang Asmara nurun | dyatmikambêk paramarta | netya wênês ngênguwung pamulu wingit | lunggwing sor maligendah ||

15. ngapurancang nora mobah mosik | marikêlu tumungkul ing kisma | konjêm wit saking ajrihe | ring cahya kang narawung | karênan tyas Sang Maha Muni | mulat dyatmikèng putra | ngunandikèng kalbu | de ta sutèngsun Jiwanda | têka mangkya wus diwasa tur pinêkik | pantês amêngku praja ||

16. dyan amudhar brata ngandika ris | rêngên ta gèr sutèngsun Jiwanda | wruhanira ingsun kiye | iya wong atuwamu | kang nganakkên ananta kaki | nanging kadadyanira | tan sarana ibu | mung mijil saking pamuja | prabawèngsun sun cipta dadi sirèki | kalawan kodrat ingwang ||

17. barêng lawan ananing nagari | sun arani ing Garbasumăndha | sangkêp lawan saisine | kanang karaton têlu | juga aran Nayanapuri | katri Pranajapura | myang katêlunipun | karaton Suraswapura | saisine sangkêp tan kurang sawiji | mêngko karsa manira ||

18. sira nuli madêga narpati | amêngkua ing Garbasumăndha | sun mung darma nganakake | saana-ananipun | ingsun pasrah ing sira kaki | saulah kridhaning rat | karya ala ayu | dadi lawan karsanira | wênang murba-misesa saobah osik | ingsun tan munasika ||

19. de kang dadya warangkanta kaki |

--- 5 ---

Si Sucipta sapanêkarira | ing nguni iku asale | saking swanitaningsun | dadi barêng lan sira kaki | sangkêp sanayakanya | ing samêngko kulup | iya wus padha sumewa | sakancane pêpak anèng păncaniti | anganti wiyosira ||

20. mêngko sira wajib angawruhi | traping ratu lan pêpatihira | lir wrăngka lan curigane | kudu srêg mathis mathuk | nora kêna rênggang sawèni | yèn kongsi logro sêsak | sêrêt tinon saru | ingaran tanpa pikiran | tan prayoga dadi busananing dhiri | rinasan tanpa ngrasa ||

21. lan upama punang kalpikadi | patih ingkang minăngka êmbanan | ratu iku sêsotyane | yèn trape nora kukuh | rêrakêtan lir kulit daging | ginggang dadi sulaya | coplok têmahipun | surêm sunaring sêsotya | wurung nora dadi rêrênggan sarwèdi | sida dadi rosokan ||

22. lan upama wong apalakrami | ratu ingkang măngka kakungira | patih dadi wanitane | sayêkti kudu rukun | saniskara ingkang kinapti | yogya mawa taringan | sakarongronipun | murih kotamaning karsa | ginusthia ywa kongsi kasluru wuri | yèn salah sijinira ||

23. ana ingkang nora nayogyani | kudu mênêng kariyin ngupaya | upadaya kang pakolèh | yèn kalih-kalihipun | nora iyêk saekakapti | wêkasan [wê...]

--- 6 ---

[...kasan] têtukaran | yêkti karya kuwur | ing sakulawarganira | kisruh tyase sirna kêkuwung ing panti | pindha kang taru lata ||

24. kang angarang ing măngsa manggasri | roniraking purêt kang pradapa | paran tuwuh puspitane | tuna dènnya mangayun | wahyaning kang pala mawêrdi | sida garing galinggang | wurung angrêmbuyung | beda yèn saekapraya | atut-runtut sariratri karongron sih | mong raras karasikan ||

25. sabarang rèh nora bèncèng pikir | tan antara nuli apêputra | sayêkti sru sukèng tyase | pama kang kalpataru | măngsa kapat kataman wrêsti | yêkti tantara lama | mardapa marêmbun | royo-royo rumambaka | babar sêkar kongas kang sugănda sumrik | umyung kang bramararsa ||

26. nguswèng sari swararum mangrêmih | ambrêngêngêng mrih wuryèng srêngkara | karênan kang wus samyolèh | karana rumasantuk | usadadi roganing dhiri | têmah samya mawijah | nèng pangku marumpyung | sangsaya asri kawuryan | tan antara tuwuh kang pala mawêrdi | singa mulat karênan ||

27. yèn upama wong angulah ngèlmi | ratu ingkang măngka kawruhira | patih minăngka lakune | nadyan ngèlmune luhung | yèn tan kanthi laku basuki | lan nyuda napsu hawa | yêkti kawruhe wuk | nora bisa nêng pranawa | têmah kuwur kewran praptanirèng pati | tan têkèng sangkan-paran ||

--- 7 ---

28. beda dhasar kawruhe linuwih | lakunira tansah linaksanan | awas eling tan kalalèn | karêm mênêng manungku | mamrih pati sajroning urip | yêkti dadi waspada | sasêdyane gadug | sasat kang wrêksa cêndhana | jaba jêro angambar gandanira mrik | mrak ati sinatmata ||

29. praptanira ing pati patitis | tan tumpang-suh pamuntuning cipta | wit wus wêruh antarane | nèng pantoging pandulu | lêpasing kang warastra lungit | lumarap barêng lawan | wuryèng waranagung | ing kono panunggalira | warna rupa ya woring kawula gusti | tantara paripurna ||

30. wus samono kewala ta kaki | kaya cukup măngka pralampita | traping ratu lan patihe | dene nayaka wolu | lamun wêruh ratune tuwin | lan patih nunggal karsa | sayuk tyas martayu | sayêkti nurut kewala | ewadene ya kudu tinari-tari | nora kêna tinilar ||

31. marga iku kang bakal nampani | parentahing pêpatih kang atas | agnyaning narendra kabèh | praptèng panêkaripun | pra nayaka ingkang anuding | dadi tan tidha-tidha | dènira nênuduh | marga wus wruh wosing karsa | de kang arsa dadi nayakanta kaki | yèku Arya Pranawa ||

32. loro Arya Pramana lan maning | Sang Waspada myang Arya Kumara | lima Arya Sugandane | nêm Arya Uswasèku | pitu Arya Wacana [Wa...]

--- 8 ---

[...cana] tuwin | wolu Arya Nayana | sapanêkaripun | kudu iyêk abipraya | lamun ana kang lêleda salah siji | sakarsanta tan dadya ||

33. marma sira ya dèn bisa kaki | amiluta mèt tyasing pra wadya | kanthi wiweka têrape | lire lamun dhêdhawuh | dèn asarèh wor netya manis | ananging dèn sêntosa | lan wingit ing sêmu | supaya aywa garagap | tumanggaping sabda dadi wêdi asih | susêtya srah jiwangga ||

34. gêgarane mrih arjaning nagri | dèn ajêjêg ajêg adilira | pat prakara saranane | êmpakna aywa wor suh | siji sama dwi beda ping tri | dana dhêndha kaping pat | ywa kongsi kalimput | kathah wasitanira Hyang | Jiwandana mring putra mrih kotamèng sri | tinêtêg asthabrata ||

35. sadangunya Sang Jiwanda myarsi | sabdèng rama ngunandikèng driya | sarya dahat pangungune | anane angganipun | katambêtan purwaning nguni | paran dadine ana | ngêndi sangkanipun | lan sapa ingkang ngandika | dene têka tanpa kăntha nora warni | mung gatra cahya maya ||

36. miwah ngaku sudarma kang ngukir | amêmuruk ing rèh mêngku praja | kuwuring driya kawêkèn | lamun rinasèng kalbu | lir supêna sajroning guling | wimbuh mulat wisma mas | sinasotya murub | ya tan wruh purwaning dadya | Sang Hyang Jiwandana tan samar umèksi | mring locitaning [lo...]

--- 9 ---

[...citaning] putra ||

37. gya manabda babo suta mami | layak sira ya nora pracaya | marang kawasèngsun anggèr | lir tutur ingsun ngayun | awit sira durung udani | anane jênêng ingwang | lan yèn sun satuhu | kawasa anganakêna | kang tan ana lan kwasa nirnakkên maring | sabarang kang wus ana ||

38. wruhanira kamulane nguni | sadurunge praja iki ana | saisine lan siranggèr | kabèh durung tumuwuh | amung ingsun kang ana dhingin | ijèn tan mawa rowang | nulyèng sun manungku | nèng sajroning arga sunya | nyipta praja lan karaton tri tanapi | anyipta ananira ||

39. tri candrama sampurna dumadi | sakarsèngsun nora kêkurangan | kaya kang sun tuturake | mring sira kabèh mau | mulane ta sira samangkin | ywa sira katambuhan | marang ananingsun | nadyan sun tan kasatmata | nanging ana tandhane bisa akardi | mring sira sakanthinya ||

40. dene lamun sira arsa uning | ananingwang sira tingalana | jroning ananira dhewe | lamun sira wus wêruh | ananira yêkti wus uning | jatine ananingwang | aywa was ing kalbu | mulane iki nagara | saisine nadyan ingsun ingkang kardi | nging dadi darbèkira ||

41. Sang Jiwanda dupi amiyarsi | sabdèng rama saklangkung jrihira | sarya dahat pangungune | de kang rama saklangkung | waskitha wruh karkating ati | puwara matur sarya | nêmbah marikêlu | dhuh-dhuh [dhuh-...]

--- 10 ---

[...dhuh] sang maha bathara | ila-ila punapa lamun pun patik | inggih amaibêna ||

42. ing pangwasa paduka sang yogi | wit kawula mangkya sampun wikan | yèn kaanan sadayane | saking karsa pukulun | marma amba mung mangastuti | sapangrèh tan suminggah | angèstokkên dhawuh | amung mangkya kalilana | pun patikbra umatur minta udani | paran wigatinira ||

43. de paduka anitahkên mami | miwah praja saisinya samya | pedah punapa ing têmbe | sayêkti sae suwung | langgêng mênêng tan muna-muni | tinimbang karonehan | karya salang surup | lan malih ing mangkya amba | wontên pundi dene ta nikmat kêpati | tan ngrasa luwe lupa ||

44. sang minulya dupi amiyarsi | turing putra mèsêm angandika | babo sutaningsun anggèr | tan nyana yèn sirèku | têka uwus widagdèng kapti | ring ulah kridhaningrat | wruhing agal lêmbut | katăndha pitakonira | aran uwus sarwa mêthit wêrit lungid | mring gaibing kaanan ||

45. wruhanira gon ingsun akardi | wujudira sakraton ta samya | amung măngka pratandhane | yèn kabèh kang kadulu | atas saking pangwasa mami | ing nguni nora ana | apa-apa kulup | mêngko dadi sarwa ana | ya minăngka têtimbanganing kajatin | têtêpe amisesa ||

46. yêkti bisa karya agal alit | nguni sunya bisa

--- 11 ---

dadi ana | mênêng bisa dadi rame | kang agal saking lêmbut | nora kewran sakalir-kalir | benjang kabèh waluya | bali purwanipun | ingkang ana dadi sunya | kang arame bali marang ênêng maning | kang agal mulih lêmbat ||

47. dene ingkang suwung sunyaruri | kang amênêng kalawan kang lêmbat | iku kulup sajatine | amung sawiji kulup | ingaranan nukat ginaib | lire wiji kang samar | ya kaanan ingsun | lan kaananta samuha | ya ingaran warna rupa banyu urip | urip kang tanpa jiwa ||

48. lamun nora mêngkonoa kaki | nora têtêp sinêbut kawasa | yèn nora ana nyatane | têtêpe kang sinêbut | iya lawan kang nêbut kaki | iku măngka têrusan | timbanganing têmbung | gusti kalawan kawula | lamun suwung iku timbangane isi | lêmbut timbangan agal ||

49. mênêng rame timbangane kaki | surya wulan pêtêng lawan padhang | bumi kalawan langite | ala kalawan ayu | kakung iya lawan pawèstri | mati kalawan gêsang | lan sêsaminipun | marmanta aywa sumêlang | sira arsa sun wulang sulanging gaib | wruha sakanthinira ||

2. Kinanthi

1. wondene ta pitakonmu | panggonan ing kene iki | aran gupit sandyasana | ya papan antara kaki | antarèng patêmonira | sira lawan jênêng mami ||

2. ya ran papan pamoripun |

--- 12 ---

kawula kalawan gusti | lagi roroning atunggal | durung awor dadi siji | mangkene wêwijangannya | rasakêna kang patitis ||

3. ana aran têlung têmbung | dhingin panunggaling gusti | kapindhone pamoring Hyang | tri paworing kwula gusti | lire anunggal iyeka | uripe ing dunya iki ||

4. kang sapa rumasa wêruh | lamun ana kang mêngkoni | iya uwis kawêngkonan | nanging tan wruh jatinèki | iku lagi ingaranan | wêruh tunggaling kêkalih ||

5. durung tamtu lamun wêruh | marang kaananing gaib | lire mung lagi rumasa | obahe ana kang kardi | misih kewran pamorira | dadi kêna dèn arani ||

6. wong ngaku-aku puniku | tan wikan makikinèki | dene ta kang wus rumasa | bisa sapatêmon maring | kaanane gusti ika | iku lagi dèn arani ||

7. bisa pamoring sawujud | wujuding kawula gusti | durung têkèng kasampurnan | wit misih rumasa kalih | pindha pamoring curiga | ya tunggal nanging kêkalih ||

8. lire tunggal dene kumpul | tan kêna pinisah kaki | nanging maksih katingalan | pamore ngalela putih | wêsine irêng kawuryan | dadi durung dadi siji ||

9. iya iku kaananmu | lan kaanan ingsun iki | ana ing kene yaktinya | misih awujud kêkalih | lah coba sira awora | lawan [lawa...]

--- 13 ---

[...n] ananingsun kaki ||

10. sayêkti tan bisa jumbuh | wit sira durung udani | patrap têraping panunggal | kang tunggal dadi sawiji | tunggal jatine kaanan | lir alun wor ing jaladri ||

11. yèn bangkit mêngkono kulup | wus sirna kawula gusti | mulih mula-mulanira | tan ana wujud kêkalih | kêna ingaranan mulya | wibawa sampurna jati ||

12. têgêse kang mulya kulup | iya mulih-mulih pulih | pulih kaya duk ing kuna | nora ana ika-iki | lire kang têmbung wibawa | iya iku wus mêngkoni ||

13. kluwihaning rasa kulup | marmanira dèn wastani | mêngku kluwihaning rasa | dene tan karasa kaki | ngêrês linu luwe lupa | lan tan ngrasa jalu èstri ||

14. marma ran sampurna kulup | lire babar pisan kaki | babar pisan wancahira | ambabar sapisan dadi | rampung nora mindho karya | jumênêng nukat ginaib ||

15. nukat gaib têgêsipun | iya wiji kang piningit | dadi kêna ingaranan | uwis bali dadi wiji | wiji-wijine dumadya | lire wiji iya siji ||

16. dadi nguni jatinipun | kabèh iki mung sawiji | babar angêbaki jagad | nanging isih wutuh siji | tan kalong salaminira | ulatana ingkang êndi ||

17. sayêkti angèl ginayuh | ewadene rèh sujanmi | sinung budi lwih waspada | tinimbang lyaning dumadi | marma lamun tinêmênan | yêkti tinêmu kang pinrih ||

--- 14 ---

18. yèn kapanggya kang ginayuh | ingaran munggah swargadi | lire sawarga sabadan | ya ran kasarira kaki | kasarira anèng sira | saparane nora kèri ||

19. karana wus tunggal wujud | jumênêng dadi sawiji | aran wêruh-winêruhan | woring ro rinakêt ing sih | wus wruh mring kang winêngkonan | yêkti kêna angakoni ||

20. ngakoni jiwangganipun | dadi anggani[3] swargadi | ya gon kang langgêng salama | samangkya wus dèn ênggoni | uga aran wus kanggonan | ênggon kang langgêng maligi ||

21. rasakêna kang rumasuk | surasane rasa iki | dèn krasa ing dalêm rahsa | uwose rêrasan kaki | yèn wus karasa ing rahsa | yêkti ngrasa yèn sêsulih ||

22. dene kang nora kêtêmu | ingaran kalêbu maring | naraka sru kasangsaya | têgêse naraka kaki | iya anor-anor ika | lire asor ing dumadi ||

23. de kang ran asor satuhu | yaiku asoring ngèlmi | asoring ngèlmi yaika | kang tan wruh ingkang mêngkoni | lan tan bangkit ing panunggal | dadi tan munggah swargadi ||

24. têmah kêsasar ing purug | tan mulih alame lami | ya alam kang amor sira | saparipolah tan kari | kaya kang kawahyèng ngarsa | rasakêna kang sayêkti ||

25. dene kang durung sumurup | kang ingaran sawargadi | dinalih pura mas endah | kinarirêngga sarwèdi | pinatiking [pinati...]

--- 15 ---

[...king] nawarêtna | gumantung madyèng wiyati ||

26. lawan naraka sinêngguh | kunjaran gung sêgaragni | myang we umob mawalikan | de jati-jatining jati | sawarga uwosing gêsang | naraka warananèki ||

27. ringkêse iku sinêbut | iya warna rupa kaki | warna warana artinya | rupa urub iya urip | marma kang durung waspada | ewuh anggayuh swargadi ||

28. karana kaananipun | kawaranan warnanèki | marma yèn arsa sampurna | dumunung jroning swargadi | kudu ambuka warana | iya warnanta pribadi ||

29. dene ta pambukanipun | gampang angèl kang piranti | luput pisan kêna pisan | yèn luput ambilaèni | yêkti kalêbèng naraka | yèku mung nèng wrana kaki ||

30. kêduwung nuksmèng wang-uwung | lir kinjêng tanpa pangèksi | angalaya midrawèngrat | kasrakat kasrêking sakit | sru rêkasa tanpa wêkas | kuwur luwih kawlas-asih ||

31. Sang Jiwanda lon umatur | dhuh pukulun sang ayogi | yèn makatên têka dahat | èwêd amêngku nagari | mawi mikir kabatinan | yèn lêpat manjing yumani ||

32. mênawi makatên ulun | tan kadugi anglampahi | luhung nèng ngriki kewala | botên mikir dunya ngakir | eca sumiwi paduka | tan susah mrih mulyèng pati ||

33. sang minulya mèsêm muwus | kulup iku nora kêni | wit [wi...]

--- 16 ---

[...t] mangkya sira wus dadya | wahananing nukat gaib | sinêdhahan amisesa | saananing lair batin ||

34. lire batin iku alus | lair wadhagira kaki | tan kêna mingkuh ing karsa | yêkti kudu anglakoni | aywa sandeya ing driya | yèn arsa kalbèng yumani ||

35. wit kalamun sira uwus | amêngku karaton katri | yêkti sun sungi sarana | bangkitirawor ring gaib | isarat ran satmayana | mangkya tampanana kaki ||

36. siji sarèh kadwinipun | sarănta sêntosa katri | pat têmên kalima lila | ganepe nêm yatna kaki | sarèh alon jarwanira | sarănta sabaring ati ||

37. sêntosèku têtêg têguh | têmên jêjêg tan gumingsir | rila eklas nora uwas | eling tan oncat ing kapti | iku kaki lakokêna | dadi sarat mring kajatin ||

38. nanging nêm prakara iku | ana têtimbangannèki | kang măngka dirgamaning tyas | amêmurung mring kajatin | iya dadi wajibira | marma tan kêni tinampik ||

39. ran sad winda têgêsipun | pêpêtêng nênêm prakawis | dhingin kêsusu ing karsa | dwi napsu goyang kaping tri | ping pat mènglèng kalimanya | lali kaping nênêm kaki ||

40. yèn iku kang sira turut | kalbèng naraka ing wuri | karone kêna ingaran | dêdalan ala basuki | iku êndi kang sirambah | yêkti ing têmbe pinanggih ||

41. ing mêngko

--- 17 ---

rèh sira wus wruh | marganing ayu basuki | bonggan yèn sira angambah | marga kang praptèng yumani | nora kêna asêsambat | sun tan arsa mitulungi ||

42. ana maning srananipun | kotamaning narapati | murih keringaning mêngsah | myang sinihan mring pra dasih | kèdhêp sagung kang tumitah | sato walangtaga ajrih ||

43. trusing driya sudibyanung | wruh sangkan paraning dadi | waskitha wruh ing panunggal | panunggaling kwula Gusti | wêkasan tan kasamaran | tumarunèng lair batin ||

3. Sinom

1. têtêp tămpa nugrahèng Hyang | anggon-anggoning narpati | ingaran păncapurwanda | pinerang têlung pakarti | ingkang saprangkat kaki | ambêking surya kasêbut | dwi ambêking bantala | ambêk samodrambêg angin | lan ambêking akasa pradikanira ||

2. ambêking surya amongat | lire among iku kaki | wit ananing bagaskara | tansah angon nguningani | marang sagung dumadi | tumraping manungsa kulup | dadi eling waskitha | mungguh ing pramana wêning | de ambêking bantala ingaran amrat ||

3. iya amot pradikanya | amarga ananing bumi | tansah ambobot angêmbat | maring sagunging dumadi | tumrap pambêkan dadi | amantêp têtêp dumunung | mring kadyatmikaning tyas | tumrap ing sarira dadi | antêng ruruh tan rongèh tan karonehan ||

4. têlu ambêking

--- 18 ---

maruta | ingaranan kamrat kaki | iya kamot têgêsira | marga ananing maruti | gung kamot ing dumadi | agal alit andhap ruhur | tan ana kaliwatan | kabèh kaèbêkan angin | sabên dina mubêng ngêbaki buwana ||

5. tumraping marang pambêkan | têmên tumêmêning kapti | dumunung aringing napas | dadi tan daleya kaki | de ambêking jaladri | mawrat iku aranipun | têgêse momot ika | marga ananing jaladri | gung tumadhah tumandho kwèhning sêsarah ||

6. tumrape marang pambêkan | sabar sarănta ing kapti | dumunung rêrêming rahsa | dadi tan pradulèn dening | ambêking kang wiyati | aran makyat lire mêngku | wit ananing akasa | tansah ngaubi dumadi | tumêrape maring pambêkan sêntosa ||

7. dununge sarèhing karsa | dadi tan gimirên kaki | kumpule pambêkan lima | among momot kamot tuwin | momot mêngku mênawi | tumraping manungsa kulup | eling têmên lan sabar | sêntosa dumunungnèki | ya pramana jatmika aringing napas ||

8. kalawan rêrêming rasa | myang sarèhing karsa dadi | tan samar nora dahwènan | miwah tan sêmbrana tuwin | tan kapanasan kapti | nora gimirên ing kalbu | dene ingkang saprangkat | uga anggoning narpati | ingaranan pambêkan pănca dumadya ||

9. ya dadi

--- 19 ---

kaananira | tumangkar limang pakarti | siji babaring antiga | loro lêrêsing astradi | dene kang kaping katri | iku tumamaning punglu | kapat laraping pêdhang | kalima rêmbêsing warih | kawruhana karêpe sajuga-juga ||

10. babaring tigan talika | pradikane têtês kaki | têtês dene wus têtela | jumênêng dadining urip | urip kang mobah mosik | nyatane nèng pangrasèku | dene lêrêsing panah | ya ramatas dèn wastani | pradikane tatas iya iku têdhas ||

11. nêtêpi sangkan parannya | pratandhane sunyaruri | nyatane anèng pamyarsa | dene tumamaning mimis | tumêlêng iya titis | angencoki karêpipun | nêtêpi dunungira | ingran tumanêm ing ati | nyatanira kêlaping lidhah ing lesan ||

12. laraping pêdhang marabas | pradikane putus kaki | iya ingaranan pêgat | têtêp ambabarpisani | babar amratandhani | kasampurnaning ngaidhup | nyatane anèng gănda | dene ta rêmbêsing warih | iya iku kaki ingaran tumahas ||

13. karêpe rumêmbês iya | ingaranan tumus kaki | tandhane lingga bathara | nyatane anèng pangèksi | dene ta kumpulnèki | kadadian lima iku | artinira ya tatas | titis putus tumus kaki | ya têtela têdhas angencoki pêgat ||

--- 20 ---

14. têrus kanyataanira | kawahana sunyaruri | tuwin tumanêm sampurna | têtêp alingga bathari | nyatane mahanani | pangrasa ing karna kulup | ing lesan myang ing grana | atanapi ing pangèksi | dene ingkang saprangkat manèh ingaran ||

15. pambêkan pănca pranawa | ya dadi prabawanèki | tumangkar limang prakara | aran landhêp kang sawiji | angkêr kang kaping kalih | ping têlu iku sumunu | kaping catur sumulap | ping lima mararap kaki | karêpira iku uga kawruhana ||

16. lire landhêp lêngin ika | lêngin artinira lungit | lungit alus jarwanira | dene wus srira bathari | wit kaprabawan saking | kawaskithanirèng kalbu | angkêr lêngit artinya | iya ingaranan singit | singit iku angajrihi jarwanira ||

17. de wus sawujud bathara | awit kaprabawan saking | ing rasa pangrasanira | sumunu pradikanèki | lênyêp karêpe wingit | wingit iku jarwanipun | antêng mênêng sumunar | iya antêng anyênêni | wite saking ya wus nugraha bathara ||

18. kaprabawan sing dyatmika | dene ta sumulap kaki | iku lumêrêp artinya | iya iku angulapi | têgêse balêrêngi | de wus netra batharagung | kaprabawan pramana | dene mêmarap lirnèki | amêmahab maladi pradikanira ||

19. iya angurupi ika | dene wus jiwa bathari | kaprabawan sing

--- 21 ---

prabawa | kumpule kalima kaki | lungit singit lan wingit | ngulapi maladi kulup | artinya alus iya | mêdèni lawan nyênêni | balêrêngi myang nyaladi pradikanya ||

20. saking prabawèng waskitha | dyatmika pramana tuwin | pranawa lawan wibawa | mêngkene gênahe kaki | pănca purwanda saking | gêni bumi angin banyu | dadi jasating janma | de kang suwung sunyaruri | iku langit kang mêngku alam gumêlar ||

21. ya iku măngka timbangan | batin amêngkoni lair | lair padha kang gumêlar | suwung pêpadhane batin | dadi winolak-walik | nanging kuwasaning suwung | nadyan nèng jêro jaba | iya maksih amêngkoni | têtêp aran warăngka manjing curiga ||

22. lwire suwung kang ing jaba | iku warangkaning jisim | suwung kang nèng jroning raga | ingaran curiga kaki | marma ywa salah tampi | warăngka manjing ing dhuwung | dudu pralampitanya | pamoring kawula Gusti | de pralambang pamoring Gusti kawula ||

23. urip ing akir winastan | lèng ngêmuli kodhoknèki | uripira anèng dunya | lèng kang kinêmulan prêcil | dene wajibing urip | waluya purwaning dangu | bangkita lir ing kuna | lèng ngêmuli kodhok malih | dadi mulih waluya alame lama ||

24. Sang Jiwanda matur nêmbah | sadaya dhawuh sang yogi | sampun kacathêt ing driya | amung inggih mugi-mugi |

--- 22 ---

angsal barkah sang yogi | emut ing salaminipun | amung sabda sang dwija | jatining tekad sajati | kang mrih mulya waluya alame lama ||

25. kang makatên kadiparan | kawula dèrèng andugi | Hyang Jiwandana ngandika | babo sutaningsun kaki | aywa sandeyèng kapti | yêkti sun kang sung pituduh | tan antara kapyarsa | ana swararum dumêling | akarasa sajroning rasa pangrasa- ||

26. nira sira Sang Jiwanda | misik jatining dumadi | purwa madya wusananya | atatas turut tarêtip | pangglar gulungannèki | tan ana kurang salugut | sêngkan turunanira | rakiting tanajultarki | myang kukudan tumêkaning sangkan-paran ||

27. puwara wasitèng swara | wus kulup mêtua nuli | saking jroning palanggatan | gya sinewakaa kaki | wus suwe dèn anti mring | Sucipta sakancanipun | lan wênang jêjuluka | Prabu Jiwanda sirèki | lan aywa was ingsun uwus anèng sira ||

28. têtêp dadi ananira | lan sira kaanan mami | iya wênang ingaranan | ingsun rupanira kaki | lan sira warna mami | aywa sumêlang ing kayun | uwis kulup mêtua | cêp swara mênêng tan muni | wor sajiwa Jiwanda ya Jiwandana ||

29. mangkana Sang Sri Jiwanda | dupi swara wus tan muni | rumasa yèn wus waskitha | tan samar pamoring ghaib | waspada sakridhaning | buwana kang agal lêmbut | kamot kinêmating tyas |

--- 23 ---

wruh wosing sawiji-wiji | dyan umahya saking gupit danasmara ||

4. Asmaradana

1. byar salin ingkang pangèksi | kèksi saisining praja | sangkêp tan kuciwa kabèh | myang kadhaton sri kawuryan | araras mawa praba | wêning amancorong mancur | lir sunaring surya căndra ||

2. dyan sang prabu manjing puri | katiga pisan jinajah | mèksi sangkêping sèn-isèn | wus sarwa raras mirantya | praptèng pranawapura | myat ana jăntra têtêlu | măngka pusakaning praja ||

3. sang sri tan samaring kapti | dayaning jăntra têtiga | dyan sami sinung namane | kang sajuga winastanan | bahniyantra kadwinya | ingaranan jăntrabayu | bèrijantra kang katiga ||

4. dyan jantra katri winangsit | sinasmitan saking cipta | supadya lumaku kabèh | tan antara kang tri jantra | dupi antuk sasmita | dyan samya mubêng gumulung | lulus nyakramanggilingan ||

5. dadi tandhaning dumadi | lamun jinăntra têtiga | umênêng salah sijine | ngalamat rusak kang praja | ratune kamoitan | tantara sang nata laju | lênggah mèru madyapura ||

6. bingar sagung para cèthi | pawongan srimpi badhaya | kabèh samyayu warnane | kang sadhia jroning pura | wus dangu dènnya ngantya | wiyosira sang aprabu | saking gupit sandyasana ||

7. suka sri nata mangèksi | mring pra sarimpi parêkan |

--- 24 ---

samyayu rêspati mawèh | arsayaning driyasmara | myang wèh rêsmining pura | tantara sang nata laju | miyos munggwing sitibêntar ||

8. ingayap pawongan cèthi | badhaya sarimpi ciptan | sangkêp saupacarane | obah kang samya sumewa | patih myang pra nararya | sapanêkarira wus wruh | yèn sang nata sinewaka ||

9. samya sukèng tyas tan sipi | nanging tan wontên sabawa | wiwrin sing prabawèng katong | katongton sunaring cahya | sor rêsmining sasăngka | pasewakan anarawung | kawêngan wêninging cahya ||

10. yayah Hyang Pratănggapati | mêmayat antaraning wyat | sumirat ambabar sorot | wrata sacakraning jagad | kapraban dipaningrat | dalasan kang siluk-siluk | kalaban jwalèng baskara ||

11. tinonton tan pae kadi | duk Sang Hyang Jagad Pratingkah | miyos ing pasewakane | lunggwèng bale martyukundha | sinewa pra jawata | tarap ring byantara turut | tatarane pêpangkatan ||

12. tanapi kang pra apsari | umarak ring wurinira | samyayu raras rum mawèh | wêwah ingkang kawibawan | bawaning prabu dibya | ambawani buwanagung | kabèh kèbêkan prabawa ||

13. yèn winulat sang sri kadi | hyang-hyang ingkang wêwayangan | kinurung cahya mancorong | cêngêng kang samya tumingal | lwir nungku ngêningkên tyas | mulat alam tumalawung | ngawêngi warna [war...]

--- 25 ---

[...na] priyăngga ||

14. dyan sang sri sung sasmita mring | Kya Patih Sucipta tanggap | marêk ngarsèng sang pamase | sila soring singangsana | netyasmu srah jiwangga | tinon kadyantuk sêsiku | muka sumungkêm ing kisma ||

15. dhasar sang anindyamantri | rêspati sulistyèng warna | kêmbar lan citrèng sang katong | lir rarya ro Risang Parta | datan kêna bineda | karya kuwuring pandulu | lamun tan kanthi waspada ||

16. nanging kang waskithèng kapti | sayêkti tan kasamaran | pamoring kang warna roro | karana karone samya | mawa siwah ing cahya | lwir Krêsna kalawan Wisnu | kadya sandining dwi astha ||

17. sandyèku samar kang wardi | astha iku padha istha | istha wujud pradikane | dwi roro jarwanya dadya | bab sandining dwi astha | têgêse samar ing wujud | wujud roro kang atunggal ||

18. tunggaling sasana nanging | sasat nora sêsandhingan | tan antara sang pamase | ngandika lir guladrawa | rêngênta hèh Sucipta | wruhanira iya ingsun | ratuning Garbasumăndha ||

19. sirèku pêpatih mami | aywa was sandeyèng driya | dèn atêguh tanggap tanggon | gonirarsa mêngku praja | prajanjine Hyang Suksma | samăngsa sira was miyur | lena tan santosèng driya ||

20. dadi kadrawasan yêkti | marga adêging nagara | sirèku ugêr-ugêre | dadi garan ginuronan | ring sagung narapraja | pinuja-puja [pinuja-pu...]

--- 26 ---

[...ja] jinunjung | dadi tarajuning sêdya ||

21. jinujur pinuji-puji | jêjêga sakajatira | dimèn ajêg darajade | jatine ratu mung măngka | wêngkuning mangkupraja | patih kang măngka pêpaku | pikukuh mêngku nagara ||

22. pama adêging padhati | ratu kang nitihi rata | patih minăngka wuruke | turăngga pangiridira | iku pra brêtyapatya | pêpêcute anggêr ukum | apuse pangulu jaksa ||

23. lwire kang nitih mung dadi | pandoman panduking sêdya | dene ta ing panindake | mardi widadaning dalan | mangrèh laksanèng kuda | kang nitih pasrah mring wuruk | apus pêcut pikuwatnya ||

24. marma yèn salah sawiji | cidra tan saekapraya | yêkti tan prapta ing ênggon | têgêse lamun kang nunggang | minggu tan darbe karsa | kusire kuwur baliwur | tan karuan paranira ||

25. nadyan kang nitih wus mangsit | dununge kang pinaranan | yèn kusire nora enjoh | anglakokake turăngga | nyêkêl apus tan bisa | amolahke sambuk kidhung | tangèh prapta kang sinêdya ||

26. mêngkono uga upami | nadyan kusire wus lêbda | lamun turanggane bêngkrèh | utawa kuru tan rosa | apus bêdhêl wus lama | pêcut jubêl rodha gapuk | iya tan praptèng panggonan ||

27. yèn mungguh ananing urip | lamun sira wicaksana | karaton iki yêktine |

--- 27 ---

ya wus dadya pralampita | tuladha wosing gêsang | purwa madya wusana wus | kamot ing Garbasumăndha ||

28. ing satêmêne pêpatih | kudu wruh jatining gêsang | ya wruha witing dumados | marga ananing klairan | yêkti sing kabatinan | paran margane kacukup | angolah kridhaning praja ||

29. yèn tan wruh rungsiting batin | ya liyan ari kewala | sira parlu sun wruhake | jumbuhe jêro lan jaba | balik mêngko Sucipta | karaton iki têtêlu | siji ran nanayapura ||

30. loro ran pranajapuri | têlu ing suraswapura | marma kaperang têlung gon | mung supaya bisa pilah | ywan sun ngrêmbug pakaryan | lan sira ywa kongsi worsuh | mangkya sira sumurupa ||

31. yèn ingsun arsa aniti | saniskaraning prakara | lunggwing nayanapurane | lamun sun arsa mranata | paprentahaning praja | munggwing pranajapurèku | yèn ingsun arsa ngrêraras ||

32. mamrih rêsmining nagari | angrakit busanèng praja | lunggwing suraswapurane | marmanta ing mêngko kakang | sira amêmataha | para nayaka kang patut | kinanthi ngraras pakaryan ||

33. pintanên kang mikantuki | tumrape pura katrinya | ywa nganti kuciwèng têmbe | Patih Sucipta tur sêmbah | gusti pangèstu tuwan | sadaya wadyendra sampun | sumewa anduduk karsa ||

5. Mêgatruh

1. ing

--- 28 ---

samangkya yèn parêng karsa sang mulku | ingkang sayogi sumiwi | wontên nayanapura nung | Arya Netyana akanthi | Arya Waspada pitados ||

2. tuwin Arya Pangèksi Arya Pandulu | myang Arya Kumara tuwin | Arya Yogyasuwarèku | Arya Wacana tanapi | Arya Sarasa sang katong ||

3. lawan Arya Sugăndarya panguswèku | dene kang sumewa maring | pranajapura sinuhun | Arya Pranawa akanthi | Arya Cakrabawa kaot ||

4. miwah Arya Locita Arya Panuju | Arya Budaya lan malih | Sang Unandika Sinuhun | myang Arya Pangăngka tuwin | Arya Pangrantam Sang Katong ||

5. dene ingkang pantês sumiwèng kadhatun | ing suraswapura gusti | Sang Turidasmara mungguh | myang Sang Tăntrasmara kanthi | pun Pulangjiwa Sang Katong ||

6. tuwin Arya Pulangraras malihipun | inggih pun Arya Pulangsih | miwah Arya Pulanglulut | tuwin Arya Pulangrêsmi | sapanêkar wus mirantos ||

7. pirantining karaton tri jêng sinuhun | kados sampun sangkêp gusti | ewa samantên pukulun | cumadhong dhawuh pun patih | sumanggèng karsa sang katong ||

8. sri narendra ngandikalon manis arum | kakang Sucipta sirèki | têka wus widagdèng sêmu | wicaksanèng sambang liring | kabèh turira maringong ||

9. iya uwus cumondhong lan karsaningsun | gya

--- 29 ---

dhawuhêna samangkin | lan trapna pakartinipun | kabèh têtêpna sawajib | patih sandika wotsinom ||

10. gya anolih nganan ngering sarya muwus | nêdha kănca brêtyapati | punapi andika sampun | sami amyarsakkên maring | sadaya sabda sang katong ||

11. pra nararya sapanêkar tanggap matur | dhuh sang mantrimuka inggih | kawula sakănca sampun | myarsakkên dhawuh sang aji | lan arsa mèstutyèng katong ||

12. samantara sang sri asasmitèng wadu | gya jêngkar angênyapuri | ginarbêg ing pra rum-arum | wus tumamèng pura sang sri | tandya sang warăngka katong ||

13. sakoswendra sowangan mring wismanipun | myang samya samaptèng kardi | wajibe sajuru-juru | rumojong ngèstokkên janji | mrih raharjèng praja katong ||

14. samya iyêg abipraya sabiyantu | tan wontên sulayèng kapti | runtut-atut rakêt rukun | sakănca cancut tarincing | cancing atrangginas tanggon ||

15. rigên mugên têgên lêgawèng tyas lugu | anggung anggupitèng tamsil | salsilah solèng prajagung | anjaga jêjêging nagri | mrih rêgêng tanpa rêregon ||

16. prabawane sang aprabu wus ajumbuh | myang ambêking warăngka ji | dènnya mrih arjèng prajagung | jinangkung puja sêmadi | mindêng pinandêng tan anggop ||

17. sumarmanta wadyendra sayuk sumungku | sumungkêm samya ngastuti | têkèng kawula [ka...]

--- 30 ---

[...wula] lit rukun | samya sih-sinihan sarwi | mèt karya mrih karahayon ||

18. têmah samya ayêm têntrêm tyas rahayu | tan ana dursila juti | malah kèh kang mardyèng kayun | kayungyun mrih pudyastuti | mêminta sihing Hyang Manon ||

19. tan alama kaswarèng lyan praja lamun | gunung arga sunya mangkin | dadya praja panjang punjung | banjêng bêbanjaran asri | ran Garbasumăndha kaot ||

20. kang umadêg nata jawata piturun | saking swargaloka nguni | Sang Sri Jiwanda jêjuluk | marma sudibyanta luwih | tyas paramarta kinaot ||

21. têmah akèh para nata makidhupuh | sing liyan praja sumiwi | srah jiwa raga ngumulun | minta prawatya nyênyantrik | pruhita kawruh karaton ||

22. mrih widada raharja ing prajanipun | anggêpe para narpati | sinêngguh Bathara Guru | ngejawantah wèh martasih | mamrih kotamèng tumuwoh ||

23. marma tansah pra nata prapta tumruntun | sumewa tur bulu-bêkti | warna mas sêsotya murub | ana ngaturkên putrèstri | kang măngka sêkar kadhaton ||

24. suka pinèt cèthi panêbah jinêmrum | nanging Sang Jiwanda Aji | dèrèng panuju ing kayun | ngraras rasikèng jinêm mrik | maksih kasêngsêm murwèng Om ||

25. myang marsita mring para narpati tamu | tuman tumanêm martani | mamardawa rèh darmayu | mêmayu ayuning kapti |

--- 31 ---

mrih kontap kotamèng katong ||

26. tinetesan ing we maya martanayu | marmanta para narpati | sotaning sita saèstu | sêtya tan malang tumolih | tampi wasita kinaot ||

27. pangulahing bisanèng tyas agal lêmbut | mrih lêbdaning lair batin | wus samya ngrasa pinutus | tatas praptaning kajatin | waskitha tan was ing batos ||

28. kasoking tyas pra narpa pangrasanipun | maring Sang Jiwanda Aji | samya sajarwa tuwajuh | sinêngguh Hyang Otipati | patut sinêmbah pra katong ||

29. tan pantara arsayèng tyas para ratu | siyang atanapi ratri | samya mong raras mrih rum-rum | ngrêrantam wasitèng sang sri | rèh rasikèng lair batos ||

30. sotaning tyas kadyangganing kalpataru | ngarang ing măngsa manggasri | katurunan warsayarum | rumasuk sakala dadi | amardapa murwèng ron-ron ||

31. royo-royo rumambaka babar santun | mandanarda sugănda mrih | marbuk wratèng rat kalimput | ruming puspita mênuhi | wèh yêming tyas kang mangayom ||

32. ya ta mangkya pra nata wus ngrasa tuwuk | wahyaning kang wahyu jati | tantara pra nata matur | mring sang pindha jawatadi | ing rèh wus marêm ing batos ||

33. minta amit umantuk mring prajanipun | wit sampun lama sumiwi | ing ngabyantarèng sang mulku | bok ing ngarsa arsèng dasih | Sang Jiwanda manabdalon ||

--- 32 ---

34. dhuh sumitra rèh sampun sampating parlu | kula tan bangkit mambêngi | dènnya sudararsa kondur | ing rèh samya mêngku wajib | ngrèh praja mrih karahayon ||

35. tarlèn kula amung sung pudya rahayu | myang dahat panuwun mami | widadaa ambêk sadu | kêkadang sinarawèdi | dimèn raharja praptèng don ||

36. pra narendra sadaya umatur sèwu | kapundhi dhawuh sang aji | dahat kalingga ingêmbun | antuka barkah narpati | mawèt sumawitèng katong ||

37. samantara pra nata kalilan sampun | wotsari bibaran sami | mantuk maring prajanipun | Sang Jiwanda ngênyapuri | puwara kang kacariyos ||

38. sapêngkêring para narapati tamu | ing Garbasumăndha nagri | sangsaya wimbuh kasumbung | kasumbagèng rat ngèbêki | prabawaning prabu kaot ||

39. dupyantara antuk sawarsa Sang Prabu | Jiwanda jumênêng aji | prajanya lulus rahayu | kayuman yuwanèng sang sri | mangkya ingkang kacariyos ||

40. duk ing ari rêspati samana nuju | sang nata miyos tinangkil | pêpak kang sumiwèng ngayun | Patih Sucipta nèng ngarsi | sri narendra ngandikalon ||

41. maring Patih Sucipta tinujwing wuwus | rêngênta hèh kakang patih | wruhanta ri iki ingsun | rada kataman rudatin | ruwêd rasaning tyas ingong ||

42. darunane duk ari Anggara dalu | sun nungku

--- 33 ---

pudya sêmadi | jroning nêng ana karungu | swara dumêling sung wangsit | karasa sajroning raos ||

43. wuryaning kang swararum kang mawèh wuyung | hèh titah ulun ki aji | Jiwanda kang mrih darmayu | wruhanta yèn kita apti | karaton ta karahayon ||

44. tur widada dadi sasêdyanta kulup | kita mèta saranadi | măngka sarating rahayu | wanodya ayu linuwih | kêkasihing dewa kaot ||

45. nama Endhang Manindra sutaning wiku | Surasa ingkang martapi | graning Rasamulya gunung | iku lakonana nuli | mênêng swara tan karaos ||

46. iku kakang rasakêna kang satuhu | paran wusananing wangsit | Patih Sucipta umatur | raosing tyas amba gusti | punika wasita jatos ||

47. mila mangkya yèn parêng lan karsa prabu | lajêng utusan prayogi | ing dhepokira sang wiku | amundhut sêkaring wukir | măngka sarating karaton ||

48. sri narendra kapanujwèng tyas gya dhawuh | yèn mêngkono kakang patih | amataha kang sun utus | pantêsên ingkang patitis | amundhi nawalaningong ||

49. Sang Sucipta manêmbah sarwi umatur | ingkang sayogya tinuding | mundhi nawala sinuhun | Arya Tăntrasmara Gusti | nata manggut ngandikalon ||

50. mêngko nuli akaryaa surat ingsun | arahên kang mêmalad sih | kang rumêsêp ingkang alus | sarta kang

--- 34 ---

kapara taklim | nanging ingkang cêkak aos ||

51. kyana patih manêmbah gya nolih pungkur | ngawe wadya juru tulis | Citramaya kang tinuju | wus marêk ngarsa wotsari | mantrimuka manabdalon ||

52. Citramaya sira anurata gupuh | nawalendra mring Sang Rêsi | Surasa kang tapèng gunung | ing Rasamulya tumuli | winulang wosing suraos ||

53. tan antara punang pustaka wus rampung | katur tinupiksèng sang sri | kaparêng jêng sang sinuhun | sampun dèn tapak astani | tinampèn patih wotsinom ||

54. dyan kya patih asasmita pasang sêmu | mring Sang Tăntrasmara tampi | marêk ing ngarsa wotsantun | nampèni nawala sarwi | winangsit wosing wigatos ||

55. Arya Tăntrasmara sandika turipun | manêmbah gya minta amit | linilan lumèngsèr sampun | mêdal sampun praptèng jawi | tantara sri nara katong ||

56. sung sasmita gya jêngkar manjing kadhatun | ingayap badhaya srimpi | patih sawadyanira wus | bibar sêsowangan sami | wau ta duta sang katong ||

57. bidhal sampun akanthi panêkaripun | lancaran nitih turanggi | datan kawarna ing ênu | praptèng samipaning wukir | Rasamulya samya ngaso ||

58. kacarita ing pratapan sang awiku | kadi sampun angsal wangsit | ing wanci enjing dhêdhawuh | maring para cèkèl cantrik | kinèn rêrêsik [rêrê...]

--- 35 ---

[...sik] mirantos ||

59. lan cêcawis măngka pakurmating tamu | tantara dutèng sri prapti | sang pandhita mêthuk gupuh | praptèng nataring pêpidik | tundhuk sampun manjing dhepok ||

60. dyan alênggah satata sang wiku muwus | dhuh radèn dutèng narpati | punapa sami rahayu | rawuh paduka ing wukir | Tăntrasmara matur alon ||

61. saking barkah paduka sang maha wiku | sagotra sami basuki | de prapta kula sang wiku | ingutus sri narapati | maringkên taklim sang katong ||

62. lan maringkên nuwalendra ing sang wiku | sêrat wus tinampèn maring | sang tapa sinuksmèng kalbu | bêbukaning kang kintèki | sasampuning kurmat ingong ||

63. saking kula putranta ingkang sinêbut | Prabu Jiwanda bêbisik | ingkang maharjèng prajagung | ing Garbasumăndha saking | karsaning kang murwèng pandon ||

64. katur paman Surasa ingkang mawiku | graning rasa mulya wukir | kang kaswarambêg martayu | satata mrih silastuti | trusing karasikan kaot ||

65. wiyosipun wosing gati paman wiku | mênawi paman marêngi | lawan kapanujwèng kayun | putranta Dyah Manindradi | ngong pinta supadya dados ||

66. usadaning rudah ruditèng tyas ulun | lan kabubuh angaubi | sakukubaning kadhatun | ngong srahkên ing yayi dèwi | têtêp sêkaring kadhaton ||

67. tarlèn rèhning kula maksih mudha-punggung |

--- 36 ---

gumunggung tan wrin ing krami | muhung paman sang awiku | karsa amidana midih | mamardying rèh karahayon ||

68. titi tekang kintaka pinundhyèng ngêmbun | sang wiku wasana ririh | dhuh dewa dhuh jawatagung | kalingane ya wak mami | têka pinilalèng katong ||

69. saluguting kolang-kaling tan ngrêmpêlu | pinilutèng narapati | ingakên sêntana tuhu | baya wus karsèng dewadi | Si Manindra sutaningong ||

70. bokmênawa dadi marganing rahayu | wêkasan wacana aris | dhuh anggèr dutèng sinuhun | dhawuhing sri narapati | kang kawrat kintaka kaot ||

71. linuting kang la-êla mêmalad kayun | karya kayungyun sayêkti | raosing tyas kula sèstu | sor manggih rukmi sawukir | botên anyana sayêktos ||

72. lamun maksih ingakên sêntanèng prabu | paman kramaning narpati | lan malih dhawuh sang mulku | amundhut sutèngong èstri | măngka sêkaring kadhaton ||

73. pun Manindra rare wukir kau kidhung | ugungane wong ing dèsi | bêbasane kogung tanggung | cara dhusun nora bangkit | nutu nyapu mengkak-mengkok ||

74. dêrêp tandur anggêgendhong botên purun | cara praja tan udani | tata krama nyamut-nyamut | daya yèn ayu kang warni | cêmêng mangkak ambêngkêrok ||

75. parandene lagehane lêngguk-lêngguk | kadi ngalême kapati |

--- 37 ---

nging wontên pêthikanipun | upami kang puspitadi | dèrèng kingsêp sadpadandon ||

76. awit saking rinêksa ing biyangipun | tan kenging pisah sanyari | trêsnane kalangkung-langkung | yayah myat pratima rukmi | anggung kinudang ginendhong ||

77. labêt saking botên wontên tunggilipun | inggih mung satunggal glintir | tan kakang adhi puniku | ewadene rèh samangkin | wontên kaparêng sang katong ||

78. mundhut cèthi atur kula sakalangkung | kapundhi dhawuh narpati | mung sumanggèng karsa prabu | kula tan ngraos darbèni | mung gadhuh kagêngan katong ||

79. Arya Tăntrasmara amaluyèng wuwus | sarya mèsêm mèt malad sih | dhuh sang pandhita saklangkung | suka kawula miyarsi | sabda sang rêsi cumondhong ||

80. baya sampun atas karsèng jawatagung | putranta sang rêtna dèwi | dados ratuning pararum | kawula dahat mêmuji | widadaning praptèng ngêndon ||

81. sang pandhita nabda dhuh anggèr sang bagus | inggih sukur bokmênawi | lêstantun nyèthi sang prabu | dados panêbah jinêm mrik | saiba bingahing batos ||

82. tan antara sugata mêtu winantu | parikrama mirakêt sih | suwawi anggèr sang bagus | sugatane ingkang bibi | baya tan wontên miraos ||

83. inggih dening sadaya wêdalan dhusun | sangêt kuciwa sayêkti | amung dêlap-dêlapipun | sukur sagêd dados jampi | pangrapih lampah [la...]

--- 38 ---

[...mpah] kalêson ||

84. sang nararya gya dhahar sarêng sang wiku | rampung linorodkên maring | pra panêkar samya tuwuk | wêkasan sang arya nuli | matur rèh wosing wigatos ||

85. sampun sampat aminta surat sul-angsul | kang katur sri narapati | sang pandhita mèsêm muwus | lah anggèr inggih prayogi | mangke rumiyin sang anom ||

86. kula manah raosing pustaka prabu | kajawi amundhut cèthi | têka inggih mawi parlu | wicaksèng sang sri kaèksi | ringkês wingit gawat uwos ||

87. sêsadoning sinandi ing pasang sêmu | sing sang sri sampun mumpuni | ulah kridhaning ngaidhup | kêdhap kilaping dumadi | makatên wosing pasêmon ||

88. dènnya sang sri krama paman nêbut wiku | mring kula wong tani wukir | yèn sinrapat traping pasmun | pantês kewala wit saking | mirakêt mèt prana mring ngong ||

89. nyatanipun sayêkti botên kalintu | makatên caritèng nguni | Hyang Jiwandana ing dangu | ramanta sri narapati | duk dèrèng putra sang katong ||

90. karêmêne siluman nèng ngawang-uwung | amung lawan rama mami | măngka êmban wulucumbu | de pun Bupa parabnèki | Sang Trimurtaya: kacriyos ||

91. salaminya tan nate pisah sarambut | manuksma mring pundi-pundi | rama tumutur tan kantun | rêruntungan rinakêt sih | sasat wayangan tinonton ||

92. duk [du...]

--- 39 ---

[...k] Hyang Jiwandana sampun asêsunu | miyosi sri narapati | rama gya sêsuta ulun | lajêng sami muksa maring | ing kaswargan sakarongron ||

93. praptèng mangkya Sang Jiwanda Sang Aprabu | kawuryan maksih nglêluri | maksih maman kramanipun | wêwah mundhut cèthi maring | anak kawula pun dhenok ||

94. tarlèn saking waskithane sang sinuhun | kèndêl wacanèng sang rêsi | Arya Tăntrasmara ngungun | puwara aminta malih | sêrat kang katur sang katong ||

95. sang pandhita gya ngaturkên suratipun | sarya awacana manis | radèn waosên rumuhun | punapa sampun prayogi | katur ing jêng sang akatong ||

96. rèh pun bapa kirang sampurna ing têmbung | mênawi botên patitis | kuciwa katur sang prabu | kaparênga amaoni | mrih karya rênaning katong ||

97. dyan binuka supatra sinuksmèng kalbu | surasaning kang kintèki | noraga raras sinawung | ing ukara arum manis | mêmês mèt prana wor pasmon ||

98. sêrat saha pudya kastawa jinangkung | saking pun bapa ing wukir | dêlapipun kang anêbut | Ajar Surasa pun patik | konjuk ing jêng sang akatong ||

99. Maha Prabu Jiwanda kang sudibyanung | manubawa ambawani | ing buwana sru kasumbung | kaprabawan wibawèng sri | nadyan jroning guwa sigrong ||

100. myang ograning arga gung sanggya ginêlung | golonganing [go...]

--- 40 ---

[...longaning] agal alit | ugêt-ugêt kang salugut | gêsangipun tarlèn saking | paduka sri narakatong ||

101. kula nuwun pun dasih paduka sampun | amundhi nawala aji | suraosing karsa prabu | patikbra sampun atampi | saklangkung suka tanpandon ||

102. yayah ingkang cintaka kasatan ranu | duk nuju măngsa manggasri | mêsating akasa silum | angulati tirta wêning | dyan prapta kang riris mawor ||

103. gandaning kang puspitadi arum-arum | rumêsêp ing srira kadi | rogardantuk usadanung | puwara waluya jati | yêkti sru sukaning batos ||

104. pan makatên raosing manah pukulun | myang manungku pudyastuti | ing dewa mawantu-wantu | mêminta arjaning aji | lulusa murwèng karaton ||

105. tarlèn mangkya sadaya ing atur ulun | muwah wontênirèng wukir | cêkap paduka andangu | Arya Tăntrasmara yêkti | matur sarèhing lêlakon ||

106. titi sampun tiningkêm sang arya muwus | sampun prayogi sang rêsi | wosing surasa saklangkung | la-êla mêmalading sih | yêkti karya sukèng katong ||

107. gya Sang Arya Tăntrasmara pamit sampun | bidhal tan kawarnèng margi | sampun prapta ing prajagung | sang prabu nuju tinangkil | pêpak kang sumiwèng katong ||

108. Arya Tăntrasmara wus marêk ing ngayun | angaturkên kang kintèki | tinampèn patih

--- 41 ---

gya katur | risang sri punang kintèki | binuka sinuksmèng batos ||

109. sri narendra mèsêm ing tyas manabdarum | kakang patih sang maharsi | wus waskitha wruhing sêmu | lan maringakên kintèki | patih nampèni wotsinom ||

110. Sang Nararya Tăntrasmara gya dinangu | wontên ing pratapan tuwin | sambitaning ginêm wuwus | sang arya matur patitis | tan wontên kirang sawiyos ||

111. sri narendra malih angandika arum | besuk purnamaning sasi | yayi dèwi ingsun pêthuk | kakang samêktaa nuli | jêmpana kang amirantos ||

112. tan antara sang prabu jêngkar ngadhatun | kya patih mêmatah nuli | maring kang arsa dèn utus | lir agnyanira sang aji | sandika kang tampi pakon ||

113. sasampuning sampat panataning wadu | anulya bibaran sami | kawarnaa sang awiku | kalangkung sukaning kapti | sapungkuring duta katong ||

6. Pangkur

1. sang wiku lungguh lan garwa | Endhang Manitaya ingkang wêwangi | myang Kèn Manindra alungguh | anèng ngarsaning rena | sang pandhita anulya ngandika arum | hèh yayi Kèn Manitaya | ingsun tan nyana tan ngimpi ||

2. yèn nugrahèng Hyang dhumawah | sutanira Ni Endhang têka dadi | kaparênging sang sinuhun | arsa pinundhut garwa | sawatara ri nata utusan mêthuk | baya wus karsaning Suksma | sutanta ing têmbe dadi ||

3. pangayoman kulawarga |

--- 42 ---

anywargakkên maring wong tuwa yayi | tarlèn rèh samêngko uwus | marpêk parluning karya | nuli sira mirantia wosing pêrlu | lan sutanira Ni Endhang | upakaranên kang bêcik ||

4. gya jumênêng sang pandhita | mêngkul jangganira kang putra sarwi | ngêlus keswa lan nabdarum | dhuh nyawa sutaningwang | kamayangan têmên gèr sira nak ingsun | arsa dadi garwa nata | maksih taruna pinêkik ||

5. turasing jawata mulya | kinasihan ing Sang Hyang Otipati | saking tyas ambêk santayu | bèrbudya paramarta | angêsorkên tyasing pra pandhita putus | tan liwat sira sutèngwang | dèn bisa suwita nini ||

6. lah yayi măngsa bodhoa | dènnya mulang muruk mring sutanèki | mrih susilaning kramayu | sun arsa manjing sanggar | amêmuja muji raharjaning parlu | lulusa doh sambekala | kalakona karsèng sang sri ||

7. sapêngkêrira kang rama | Kèn Manindra waspanira drês mijilya |[4] ngangsêg-angsêg sênggruk-sênggruk | ketang rujiting driya | dening dèrèng diwasarsa switèng kakung | tur natagung binathara | baudhêndha nyakrawati ||

8. paran puwarane baya | lamun ingsun umarak angladèni | ingsun durung tau-tau | wêruh tataning pura | paran lamun ginuyu pawonganipun | yêkti kalingsêmaningwang | priye besuk awak mami ||

9. nulya ngalosoting kisma | mingsêg-mingsêg [ming...]

--- 43 ---

[...sêg-mingsêg] sêmanging tyas kêpati | tètèsing luh ting parêntul | saking netra kawuryan | lir gêbyaring sêsotya ingkang sumawur | mawuring sêsinom ingkang | manawêng wadana kadi ||

10. lung-lung manglung sela gilang | angalela mêlok amilangêni | kang ibu mulat kapiluh | bela karunèng putra | pinarpêkan lungayaning dyah rinangkul | lalu sumungkêm ing pangkyan | maksih mêsêsêkkên nangis ||

11. kang ibu muwus mawarta | wuryèng gita mangimur ngarih-arih | winoring wulang wêwuruk | dhuh nyawa woding driya | wis mênênga aywa karuna wong ayu | sapa ingkang kaya sira | durung diwasa ing wanci ||

12. wus cêlak kang jatukrama | dhasar nata misih jêjaka pêkik | tur milala mring sirèku | tarlèn saking sihing Hyang | paran têka sira malah sru kapiluh | nora katon suka bungah | sapa kaya sira nini ||

13. baya yèn uwus kalakyan | yêkti dadi pêpenginan lyan janmi | dene sira rara gunung | sinungsung ing sang nata | piniluta jinunjung jumênêng ratu | angratoni pra wanita | mranata sajroning puri ||

14. marmanta gèr sutaningwang | narimaa sihing jawata luwih | rumasaa nugraha gung | aywa anggung karuna | mundhak karya kuwuring wardayaningsun | baya bêcik nuli sira | angraras ayuning warni ||

15. sapa ingkang kaya sira | ayu kuning wingwing ramping jêkining | rema mêmak ngêmbang bakung | watêke [watê...]

--- 44 ---

[...ke] nora wangkal | wêdi marang wong tuwa ambangun turut | alis irêng ngroning imba | watêke lêgawèng budi ||

16. netra lindri-lindri pindha | kumênyaring wintang ing bangun enjing | marakke sinihan kakung | lathi manggis karêngat | mèngèr-mèngèr yèn sinawang mawèh wuyung | untu rêntêt amradipta | watêk rahayu ing budi ||

17. age anggèr asirama | maring taman payo ingsun jamasi | sarwi keswanya ingêjum | kang ruwêt sinêratan | sarya muwus wis wuwuh dawa rambutmu | dhasar irêng ngandhan-andhan | besuk yèn dèn busanani ||

18. ginêlung gêdhe tanggalan | baya nora dadak anyêmarani | kari sinêkaran arum | jamang mas karnantera | kalung sungsun sutèngson[5] sêsotya murub | gêgêlang kêlat bau mas | tinarètès ing mêmanik ||

19. saya ayu sutaningwang | dhasar manis wênês dèn busanani | yêkti lir apsari nurun | pantês ginarwèng nata | Kèn Manindra karoban panêmbramarum | ing rena tyas kapirênan | sumèhing netya kaèksi ||

20. kang ibu kalangkung suka | myat ing putra sampun nampèni wangsit | wasitèng rena tinurut | mênyat wisatèng taman | siram sampun nulya mêntas amêmatut | pasatan wastradi mulya | cinitra sêkaran wilis ||

21. kasmêkan sutradiwăngga | têngah rêkta têpi tinata mawi | paniti ingistha

--- 45 ---

kupu | êmas pinatik rêtna | nora mawi rasukan mung rimong wungu | ngangrangan tinon rumamyang | ngêmuli sarira kuning ||

22. pindha ima layèng wiyat | angawêngi wuryaning sitarêsmi | maya-maya mawèh wuyung | keswa angendrawila | wilis maya ingukêl kêling maladkung | nulya mèt puspitèng taman | taluki seta pinilih ||

23. winor lan roning cêmara | mung samatra pinati ing têtali | anulya ingagêm cundhuk | ing kering ukêlira | kawistara saya raras wuwuh ayu | lir hyang-hyanging Suralaya | Rêtna Dèwi Irim-irim ||

24. tumurun arsa ngrêncana | rêsi tapa ograning arga wingit | arangu-rangu lumaku | masmu êmaring driya | bokmênawa ingupadrawèng sang wiku | tan wun wuri kadrawasan | satêmah asalah warni ||

25. sang rêtna wus mulyèng wisma | kang udyana surêm sirna tanpa sri | kadyangganing angga rapuh | alum lom tan ngujwala | samangkana Endhang Manitaya sampun | ngèstokkên dhawuh sang tapa | atata-tata miranti ||

26. nêngna gantya kang winarna | ing ograning wukir sikara mangkin | wontên ratuning lêlêmbut | warna ditya birawa | ajêjuluk Sri Kaladruhaka Prabu | rajane maksih siluman | tan ana janma udani ||

27. angkêre kagila-gila | singa mara singa prapta ngêmasi | tan ana janma jumamut | ajrih siniksèng setan | êmar lamun rinêncana

--- 46 ---

ing lêlêmbut | tuwin karanting siluman | de Sang Kaladruhakaji ||

28. sariragêng lir Hyang Kala | netra pindha baskara anêlahi | tutuke angguwa sirung | waja angapurancang | rambut gimbal gumbalagêng imba jêmbrung | godhèk wok bris simbar jaja | ulat jênggurêng ngajrihi ||

29. dibya sakti măndraguna | datan kewran manuksmèng agal alit | ing ngalaga luwih têguh | sugih bala gêgalan | galak-galak galathak sok nêkak gulu | gul-agul manggalèng laga | kèh gung luhur gêgilani ||

30. kang măngka pramukèng praja | patih nama Kalagragodha tuwin | senapatinira juluk | ditya Kalarêncana | kalih samya pilih tandhing ing apupuh | sriragêng berawa berag | sugih gêlaring ajurit ||

31. digdaya sugih kagunan | tan kèwêran manuksma ing arêmit | kêmat kamayane putus | para nayaka nracak | widagda ring sandining rèh mara sadu | bala rucah brakasakan | drubiksa gêng gêgirisi ||

32. karya mirising lyan praja | kêkês mirut ing tyas samar mar wingwrin | ing ari sajuga nuju | Sang Sri Kaladruhaka | sinewaka lunggwèng witana mas murub | ingayap pri parayangan | ngampil upacara sami ||

33. êmban wisarda sumewa | cêlak lunggwèng wurinira sang aji | ngêpêti srira sang prabu | lawan laring manyura | ginaran mas pinatik sêsotya mancur |

--- 47 ---

kya patih sawadyakuswa | pêpak wus sumiwèng ngarsi ||

34. wadya ditya munggwing ngarsa | pra nayaka cêlak wurining patih | wolu gêgala gul-agul | juga ran Kaladirga | Kalapaksa Kalaarda Kalaridhu | myang ditya Kalagoraya | Kalaina Kalawèsthi ||

35. Kalaruhara kalawan | ditya Kalamisaya jajarnèki | raja gandarwa jêjuluk | Sang Rodapaksa lawan | Sang Niaya nata têlukan ngalumpuk | anèng wuri ingampingan | pra wewe gandarwa tuwin ||

36. jarangkong jajar lan egrang | jêjanggitan kêblak thethekan têngis | ilêr-ilêr ilu-ilu | lêlêthêk anèng wuntat | ting paringis ting cêngèngès marikêlu | angrêkêkêl jrih ing nata | sidhêm tan wani cumawit ||

37. dhèhèm sang nata ngandika | gumalêgêr pindha galudhug muni | Patih Gragodha tinuju | hèh paran bapa patya | pawartane dèn ta rumêksa prajagung | apa sira wus rumasa | tan ana kang makewuhi ||

38. lamun maksih ana ingkang | dadi wagêl karya gêlaning galih | ywa tlangke nuli pinukul | êjurên prajanira | ratunira talikungên tinarungku | baranane jarahana | putrine boyongên nuli ||

39. Patih Gragodha tur sêmbah | dhuh dewaji saking barkah narpati | sadaya ratu lêlêmbut | ingkang sipat rêksasa | myang kang sipat gandarwa myang sanèsipun | sampun sumiwi sadaya |

--- 48 ---

ing ngabyantarèng narpati ||

40. dhuh gusti pangraos amba | soring wiyat myang salumahing bumi | sintên kang kadya sang prabu | dènnya winongwong dewa | tinurutan sakarsa-karsa jinurung | saking pra dewa sumêlang | malangi karsèng narpati ||

41. kantun kang sipat manungsa | ingkang dèrèng sumiwèng ngarsèng aji | pêpacuhing Sang Hyang Guru | paduka tan kalilan | angrancana manungsa kang ambêk sadu | kang sudirèng tapabrata | mindêng ing pudya sêmadi ||

42. nanging kang angkara murka | mungkur maring pakartyèng silastuti | wênang ingarat tinuntun | dhatêng arga sikara | sampun kenging rinèh sakarsa sang prabu | kinarya pangewan-ewan | winisesa pinisakit ||

43. jawata tan munasika | sampun dados lêpatipun pribadi | nanging kang ambêk rahayu | tan kêni rinancana | jêr puniku kêkasihing jawata gung | yèn paduka gora-godha | kênèng sikuning dewadi ||

44. sang nata suka ngandika | iya bênêr kaya turira patih | nanging yèn sun nêdya wanuh | marang janma manungsa | kang supaya dadya mitra darma tuhu | kaya tan kalbu larangan | mangkene lirira patih ||

45. graning wukir Rasamulya | ana wiku têtapa awêwangi | Rêsi Surasa jêjuluk | darbe putrèstri aran | Dyah Manindra warnanira luwih ayu | sor rêsmining Suralaya | mangkya mênawa sang rêsi ||

46. rila tan makewuhaya | sutanira

--- 49 ---

Rêtna Manindra Dèwi | jalukên karana ayu | arsa sun pundhut garwa | wit manira kaliwat kataman wuyung | gung katon kacakrabawa | karongron sajroning guling ||

47. sun lêlipur saya brăngta | linalali malah ngalela kèksi | cumanthèl ing netraningsun | tan kêna sinayutan | mula lamun Rêsi Surasa tan asung | têgêse sang rêsi bonggan | tan kêna ginawe bêcik ||

48. ya nuli rinuda paksa | uwis bapa utusana saiki | aja kongsi bali nglênthung | mêsthi Endhang Manindra | dina iki têka ing karaton ingsun | patih sandika turira | sang prabu wus manjing puri ||

49. kya patih lêgêg ing driya | dangu gagas karsèng sang yaksapati | derarsa nêrak pêpacuh- | ira Hyang Jagadnata | wiku tapa arsa sinangsayèng laku | tan was wisesaning dewa | baya wus karsaning Widi ||

50. arsa nêmu karusakan | puluh-puluh paran dènnya sumingkir | wus dadya karsaning ratu | mung kudu linaksanan | dyan angawe punggawa kang gantung laku | ran ditya Kalarodaksa | kalawan Kalapancuri ||

51. marêk sampun dhinawuhan | lumaksana kadya karsa sang aji | sandika kang tampi dhawuh | winêling aywa ngantya | mindho karya pamit kang caraka sampun | kanthi wadya patang lêksa | mêsat manapak wiyati ||

52. patih bibaran sawadya | nêngna gantya ingkang winarnèng kawi | ing Garbasumăndha [Garbasu...]

--- 50 ---

[...măndha] kasbut | Sang Aprabu Jiwanda | ingkang lagya amêsu pudya manungku | ngêningakên ciptanira | sajroning layap kaèksi ||

53. wontên wanodyayu endah | ngadi warna lunggwèng ngarsa sang aji | sang nata saklangkung ngungun | mulat listyaning warna | cahya mancur pindha purnamèng sitangsu | dupi pinanduking tingal | sang dyah malês balang liring ||

54. lir pasopati lumarap | angênani têlênging tyas sang aji | sakala kataman wuyung | cipta pulang asmara | supe lamun tontonan jroning panêkung | sigra sang dyah pinarpêkan | arsa rinungrum rinêmih ||

55. duk sampun cêlak tantara | sang dyah oncat musna datan kaèksi | byar wangsul punang pandulu | anèng sajroning sanggar | sri narendra lêgêg tyas kadadak gandrung | adrênging driya sang nata | arsa ngraras angulati ||

7. Mijil

1. sigra miyos sri narendra saking | jro sanggar wirangrong | kangungrungan ing driya wirage | mèngêt ingkang katon jro sêmadi | dadya sru rudatin | kadurus gêng gandrung ||

2. tindak midêr ring taman sang aji | jro tyas rujit kajog | kajarah ing juwita kang kènjèr | jroning jaman pamujan karsa ji | yèn laju tan panggih | lan kang karya gandrung ||

3. luhung nuli maluyèng asêpi | pangrantaming batos | babo sintên sariranta anggèr | baya sira ratuning apsari | rawuh amartuwi | ring pun mudha-punggung ||

4. dupi dangu [da...]

--- 51 ---

[...ngu] sun datan sumiwi | mutung sang lir sinom | musna kantun liringira anggèr | kang tinilar sumêlèt ngênani | têtêlênging ati | angrêrontog jantung ||

5. èsêmira ingkang pait gêndhis | kandhas rosing batos | netranira kang pindha srêngenge | angrêncana wèh trênyuhing ati | wadana kang kadi | purnamèng sitèngsu ||

6. angrusuhi sucining tyas kongsi | sru kisruh kalêson | kasok sasat winêwês rasane | ruwêd sumyur rantas lir rinawis | baya trus ngêmasi | lamun sira masku ||

7. datan wangsul aparing usadi | ruditaning batos | babo sintên kang sun sambat anggèr | lyan andika woding tyas pun dasih | abdinta punagi | nadyan têmah guguh ||

8. botên nêdya amisik pawèstri | lyan sira sang sinom | samangkana nata pangamene | kagyat wontên manyura kêkalih | kirap lar kêkaring | raras runtung-runtung ||

9. saya trênyuh karêrănta kongsi | sumingêp kang panon | mèngêt nulya mring pasiramane | wusing suryan gya alênggah munggwing | têpining botrawi | sarwi ngrangkul jêngku ||

10. angrêrantam tancêping kang kapti | kang arsa linakon | paran têka raganingsun kiye | dene dadak kadurus rudatin | yèn ingsun ngrasani | mring dyah kang kadulu ||

11. jroning layap liyêping sêmadi | yêkti dadi guyon | apa sasat amangeran ipèn | ananging

--- 52 ---

ta pangrasèngsun yêkti | kaya nora ngipi | ewuh pamikirku ||

12. lamun mênêng nora ingsun pikir | sang dyah pijêr katon | sun lêlipur malah saya wèntèh | prak atine angrêrontog ati | nadyan pra maharsi | yêkti tyase kuwur ||

13. nanging paran yèn mangkono yêkti | kinira salah ton | bêcik apa wong ingaran dhèglèng | puluh ingsun jumênêng narpati | yèn ingaran baring | luhung mati ingsun ||

14. pêpuntone ing tekad sang aji | amung arsa lolos | angulati kang asung wirage | supe lamun arsa mangun krami | mung ketang sang putri | kang ngrêncanèng dalu ||

15. dyan jumênêng sing têpining bèji | asarwi wirangrong | ngênêr kori bêbutulan kang lèr | mlipir turut têpining capuri | anilapkên dasih | ingkang sami tungguk ||

16. sampun prapta ing kori kang sêpi | trus miyos sang katong | lingsir dalu samana wancine | amarêngi lèking sitarêsmi | ping sawlas sumarmi | sunaring sitangsu ||

17. sirêm-sirêm samar kang pangaksi | srira srêp karaos | saya mirut tyasnya sang pamase | wus kêpêngkêr langêning prajadi | lêpas lampahnèki | prapta ing wanagung ||

18. tan ginagas pringgabayèng margi | nrêjang jurang sigrong | ri-ori grêng têpining pêpèrèng | wus sinêrang tan ketang kênèng ri | nyamping rontang-ranting | kêrèndhèt kêmarung ||

19. karekelan kêplèsèt karikil |

--- 53 ---

kêrungkêb sang katong | wungu ngasta lata kang kumlèwèr | pêdhot dhawah malih sang narpati | wungu ngêsah sarwi | ngêlus-êlus suku ||

20. kang kêbêntus ing sela tumawing | wadene sang katong | tan garantês gya laju tindake | wancinira sampun gagat enjing | muni cing-cing goling | kapyarsa sung wuyung ||

21. sata wana sabawa kalurik | manyura nyangungong | kêkirap lar aruna sumêngèr | giwar myarsa sabawaning janmi | baranjangan sami | kêkêjêr dyan mabur ||

22. ula-ula kang amulêt ing wit | nagapuspa katon | nurut ing pang gya mudhun nalèlèr | dupi wêruh sang nata lumaris | mangu maèsmu jrih | gya bali amucuk ||

23. swaraning kang wanara mre atri | kapyarsa sang katong | kagyat ing tyas tantara wus sarèh | nulya raryan nèng soring kusambi | asêsambat maring | sira sang wèh gandrung ||

24. babo mirah tingalana mami | kataman tyas mirong | tilar pura merang ring kamuktèn | lalu anis marang ing wanadri | mung ketang ngulati | sariranta masku ||

25. paran lamun sira tan wlas maring | manira riningong | paran parlunira sira anggèr | angrêncana wong nungku sêmadi | mung pinurih dadi | edan lara gandrung ||

26. maring ngêndi paranira gusti | têka pêt tan katon | ngatingala gèr sapangu bae | yêkti dadi pamurunging pati | nêngêna kang lagi | anggêgagas gandrung ||

27. ditya wukir

--- 54 ---

sikara kang pinrih | ratune wus anjog | wana ingkang parêk asramane | sang pandhita Surasa ananging | dilalah para wil | kabèh padha bingung ||

28. ditya Kalarodaksa gya angling | hèh pra kănca mêngko | priye ingkang dadi pirêmbuge | dene tansah bilulungan sami | kêncênganing ati | bali apa bacut ||

29. yèn banjura wong tan wruh ing margi | apa têkan ing gon | lamun bali kayapa dhapure | wong dinuta têka tanpa warti | bêkja-bêkjanèki | padha tinarungku ||

30. ditya Kalapancuri nauri | ki raka yèn ingong | ênggih amung anyarantèkake | sawontêne manungsa mênawi | kêpanggih ing ngriki | pinrih sung pituduh ||

31. samantara Kalapaksa uning | teja manthêr katon | kagyat Kalapaksa gya pitakèn | adhi ika teja apa kèksi | baya tejanèki | wong tapa puniku ||

32. sitya[6] Kalapancari[7] ningali | angungun ing batos | kakang kados punika tejane | satriya gung anandhang prihatin | warnane katawis | kuning sêmu biru ||

33. yèn tejane pandhita martapi | kuning sêmu ijo | adhi layak iya bênêr kowe | coba payo padha dèn parpêki | bokmênawa bangkit | andurmakke laku ||

8. Durma

1. ditya Kalarudaksa sakănca budhal | nuju teja kang kèksi |

--- 55 ---

tan antara prapta | ing gon prênahing teja | teja sirna tan kaèksi | ana satriya | lungguh soring kusambi ||

2. wus angira yèn iku kang mawa teja | sigra dèn parêpêki | Sang Prabu Jiwanda | duk myat ana rasêksa | jumênêng sami ningali | lampahing ditya | sampun prapta ing ngarsi ||

3. yun-ayunan Kalapancuri têtanya | hèh-hèh satriya pêkik | ingsun arsa tanya | ing ngêndi marganira | kang mring Rasamulya wukir | pratapanira | Sa[8] Surasa Maharsi ||

4. kang adarbe suta wanodyayu endah | Dyah Manindra wêwangi | sumêdhot sang nata | mèngêt patêmbayanya | sampun mèh praptèng ubanggi | pamêthukira | nanging wus tan ginalih ||

5. amung ketang kang katon jroning pamuja | ditya têtanya malih | babo sinatriya | tinakon tan maluya | pijêr mênêng tanpa angling | mokal yèn sira | lara bisu lan tuli ||

6. payo age ingsun nuli tuduhêna | mêsthi sira udani | marga ingkang marang | ing gunung Rasamulya | ênggone Manindra Dèwi | age tuduhna | tuduhêna tumuli ||

7. tuduhêna mupung durung kêtandangan | ja nekad mutatuli | payo tuduhêna | sang nata tan ngandika | ditya tinapuk kang rai | agundam-gundam | ladak satriya iki ||

8. tinakonan durung mangsuli wacana | têka anapuk rai | Sang Rodaksa [Ro...]

--- 56 ---

[...daksa] nabda | lah adhi sumingkira | durung kabênêran adhi | pitakonira | mêngko sun kang nakoni ||

9. teja-teja sulaksa tigas kawuryan | sapa sinambat ing sih | ngêndi kang pinăngka | paran ingkang sinêdya | sang nata maluya ririh | buta wruhanta | Prabu Jiwanda mami ||

10. kang ngadhaton ing praja Garbasumăndha | pacangannya Sang Dèwi | Manindra sutanya | Rêsi Surasa ingkang | dhepok Rasamulya wukir | mêngko manira | iya arsa ngendhangi ||

11. balik sira raksasa saparanira | pinangkanta ing ngêndi | paran wigatinya | tanya marga kang prapta | dhepok Rasamulya wukir | Kalarodaksa | suka gumuyu angling ||

12. ingsun nama Tumenggung Kalarodaksa | saking Sikara wukir | dinuta sang nata | Prabu Kaladruhaka | anglamar marang Sang Dèwi | Rêtna Manindra | sutèng Surasa Rêsi ||

13. yèn tan suka kinèn ngroda paripaksa | jêbul samêngko panggih | lawan pacangannya | iya kapasang yogya | ingsun nunut amartuwi | mring Rasamulya | payo barêng lumaris ||

14. lan barèse yèn sira arsa widada | mulya wibawa mukti | sira angalaha | Dyah Manindra sun gawa | katur ing Sang Druhakaji | iba sukanya | têlungane sirèki ||

15. Sri Narendra Jiwanda wêngis ngandika | mêngko yèn sun wus mati | sira abanjura | mring wukir Rasamulya |

--- 57 ---

lamun ingsun maksih urip | kaya tan bisa | kalakon sêdyanèki ||

16. ditya Kalarodaksa dupi miyarsa | sabdanira sang aji | dyan mangkrak nabda kras | babo Prabu Jiwanda | sira têka sru kumaki | wani anantang | lancang angajak jurit ||

17. apa ingkang arsa kondêlake baya | sira uwong sawiji | tur dêdêgmu cêndhak | gêdhemu mung sagêmak | bungkik cilik mêngkik-mêngkik | paksa lumawan | ditya luwih sakêthi ||

18. luhung nuli sira tuduhêna ingwang | gone Manindra Dèwi | lah sira ngalaha | pacanganta sun pinta | aturêna gusti mami | sayêkti sira | lulus amêngku nagri ||

19. lamun sira lumawan yêkti palastra | Prabu Jiwanda angling | hèh Kalarodaksa | aja kakehan sabda | payo nuli tandhing jurit | rêbutên ingwang | ditya Kalapancuri ||

20. marêk ngucap ki raka kula tan sabar | myarsa sêsumbarnèki | suwawi rinujag | sapintên bangganira | wong siji paksa kumini | otota kawat | lawan balunga wêsi ||

21. măngsa dadak găndra sapintên ki raka | Kalarodaksa angling | payo dhi dèn kêbat | cêkêlên si kaparat | wong lumuh ginawe bêcik | kudu palastra | sigra Kalapancuri ||

22. nubruk marang Sang Prabu Jiwanda oncat | ngiwa sarwi nampiling | Pancuri kalênggak | krodha Kalarudaksa | sang prabu sinaut [sinau...]

--- 58 ---

[...t] nuli | malumpat nganan | sarwi anêpak rai ||

23. tiba kongsêp sumaput Kalarudaksa | Kalapancuri tangi | kruranggro goraya | ngrangsang arsa mrawasa | sang sri mingêr praptèng wuri | andhupak êndhas | krungkêp Kalapancuri ||

24. muka kongsêp ing kisma ababak bundhas | Kalarodaksa tangi | warirutên ngancap | arsa nyikêp sing wuntat | Sang Pancuri dèn kêjèpi | kinon amapan | nubruk saking ing ngarsi ||

25. kalih sampun sarêngan sami tumandang | nata awas ningali | dupi parêng ngrangsang | sang sri rikat malumpat | gapyuk têmpuk ditya kalih | kuwêl gulungan | gulung gumuling siti ||

26. Sang Pancuri rinangkul dhawah ing ngandhap | jêrit asambat mati | lah pripun ki raka | têka kula tinêkak | Rodaksa maksih ngakahi | sarwi sêsumbar | mati sira panyakit ||

27. mung samene kewala kabudayanta | mibêra lir dhadhali | lah ngilanga pisan | lêganing atiningwang | nora kajamak si bungkik | payo budia | karasa tangan mami ||

28. Sang Pancuri macicil amêgap-mêgap | nata suka ningali | saking katêbihan | sarwi amping-ampingan | witing wrêksa tan kaèksi | Kalarodaksa | dangu-dangu udani ||

29. lamun ingkang kinakahan rowangira | dudu sri narapati | dèn êculkên sigra | dahad ngungun ing driya | dene mêngsahnya sinêkti |

--- 59 ---

bangkit akarya | sulapirèng pangèksi ||

30. Sang Pancuri gêrêng-gêrêng asêsambat | pêjah ki raka mami | gêglêg Sang Rodaksa | samantara wacana | adhi nora nyana mami | kalamun sira | ingkang sun pinisakit ||

31. duk ing mau pangrasaku mungsuhira | marma sun pinisakit | tuhu yèn widagda | Ratu Garbasumăndha | salawase sun ajurit | durung tumingal | kaya Jiwanda Aji ||

32. kinrubut ing wong loro padha birawa | parandene tan gigrig | sarèh tangkêping glar | ayêm nora rêkasa | katon tutut nora kêsit | lamun malumpat | rikat saengga thathit ||

33. sinrang saking kanan amingêr mangiwa | ngong tubruk saking wuri | malah wus nèng wuntat | sinikêp saking ngarsa | plas oncat kaya tan kèksi | dudu mênusa | sasat mrawasa angin ||

34. lah samêngko priye wêkasane baya | mungsuhira sinêkti | wis adhi tangia | payo arêrêmbugan | mungsuhira anèng ngêndi | apa angilang | payo dhi dèn ulati ||

35. ditya Kalapancuri tangi pringisan | sru rêngkêng-rêngkêng sakit | sang nata ngatingal | sarwi amênthang laras | ditya kalih wus udani | sarêng gro sigra | mangkrak krura mawêrdi ||

36. hèh satriya payo dèn kaparèng ngarsa | aja sira ngoncati | sun durung palastra | Sang Sri Jiwanda nabda | buta [bu...]

--- 60 ---

[...ta] tingalana iki | sopanantaka | panguntap mring yumani ||

37. ditya karo wus wêruh lamun sang nata | ngêmbat-êmbat jêmparing | kalih sarêng nabda | babo sira amênthang | langkap arsa anjêmparing | payo tibakna | kene ing jaja mami ||

38. sri narendra sarya ngêmbat-êmbat raras | ngarah-arah supadi | kêna karo pisan | dupi sampun kawawas | plas lumêpas angênani | jangganing ditya | kalih pêdhot ngêmasi ||

39. sawa muksa ing antariksa saksana | sesane kang wus anis | sahasa umangsah | ngêsuk arsa mrawasa | sang nata awas mangèksi | sigra mangayat | sara maruta wêrdi ||

40. dyan lumêpas wor prabawa marutarda | ditya katêmpuh sami | mêsat ing akasa | sirna tan kasat mata | satata katub ing angin | nata sru suka | myat sirnaning rasêksi ||

41. samantara sang sri sigra wangsul arsa | ngaso soring kusambi | dyan amambêt gănda | arum amrik angambar | parêng sang dyah kang kaèsthi | katon nèng ngarsa- | nira srinata dupi ||

9. Sinom

1. non maring sang rêtnaning dyah | kang kapati dèn ulati | prapta anèng ngarsanira | wiraga angore wèni | kapitèng tyas tan sipi | satata marwata sunu | sotaning tyas sakala | lir antaka antuk urip | dyan aririh marpêki arsa rumêpa ||

2. tanggap sang rêtna mangarsa | mèsêm sarya

--- 61 ---

masung sari | sêkar sumarsana seta | gita sang nata nampèni | punang sumarsanasri | duk katampan sang aprabu | sigra sêkar ginănda | pêt sumaput sri bupati | tyasnya pêpêt netra pêtêng tanpanon rat ||

3. tan antara byar kawuryan | ana prajagung sarwasri | sri narendra sampun lênggah | madyèng bacira pribadi | ngunguning tyas tan sipi | dangu lêngêr-lêngêr jêtung | mangunandikaning tyas | lah iki nagara ngêndi | dene mau ingsun nèng madyèng wanarga ||

4. mangkya têka têkèng praja | raharja raras sarwasri | sang nata sampun rumasa | yèn kêna pangupa darwi- | nira dyah kang prak ati | tinênung praptèng prajagung | lamun mangkono baya | sang rêtna kang sung wiyadi | sutèng nata binathara nyakraningrat ||

5. katara rakiting praja | ngêsorkên liyan nagari | dyan sang nata lumaksana | amidêr-midêr ningali | uparêngganing panti | pasewakan ngalun-alun | abyor mubyar gumêbyar | murub mangkara nêlahi | saya sangêt pangungunirèng wardaya ||

6. myat sakaning pasewakan | salaka ingukir-ukir | sinêkar kêncana mulya | pinatik ing mirah abrit | sinêling silih asih | lan ijo-ijo jumêrut | pinulêt ing lêlata | kang ron tumruna mawarni | kang kinarya sutradi kinarawistha ||

7. watêsing kang pasewakan | tinon sri pinancak suji | lir jêjaron [jêja...]

--- 62 ---

[...ron] sinaroja | pinanjêran ing dwajasri | winangun lung-lung sari | myang ron-ron sarwamrik arum | rumêsêp ing sarira | yayah amasung usadi | sangsayèng sri saking kasok andon yuda ||

8. dumadi aparipurna | nirmala waluya jati | kêkalèn mili kumala | cinawuk toyane wangi | ngarêp panti rinakit | kêkorèn rineka êkrun | kanan kering sinungan | têtuwuhan puyuh gadhing | lan pandhoga sandhing gêdhang mas kinarya ||

9. binuntal sutra maneka | rineka-reka rêspati | patut tan kêna cinacad | cuwirèn sarwa ngarawit | gawe gawok sayêkti | tan ana pêpindhanipun | witing mandira kêmbar | ngrêmbaka marêmbun wilis | sinêngkêran ruji mas seta minulya ||

10. madyaning bacira wera | pinasir malela wilis | winulat mawa ujwala | lwir wintang mradiptèng siti | sinatmata sayêkti | satata asung pangungun | samantarana prapta | para prawira mawarni | busanabra prasamya sikêp sanjata ||

11. mawa lêlayu daludag | umbul-umbul neka warni | pramudyaning wadyatăntra | atarampil nyasmitani | mapan tata tarêtip | ing papan kang wus pinatut | samantara palastha | kăntha isthaning panggusthi | panthan-panthan narênthêng cêtha ngalela ||

12. sarêng para pratiwendra | prapta atusan miranti | nambut karya jro bacira | ngowahi rêngganing panti |

--- 63 ---

ingkang kirang rêspati | winaon winangun-wangun | sinawang-sawang samya | marma saya milangêni | wuwuh-wuwuh kang karya lam-laming tingal ||

13. sangsaya ngunguning driya | sang iswara duk ningali | laku-lakuning panata | mangkana locitèng galih | baya ratune iki | arsa darbe karya mantu | kawistara têrapnya | panata rakiting puri | wontên malih kang karya eraming nala ||

14. sadaya kang nambut karya | pra pratiwa myang prajurit | ewon tan ana sabawa | mung lawan sasmita sami | parandene kaèksi | riwut nanging nora worsuh | saking wasis waskitha | parigêl sarwa tarampil | samantara wus sampat sarwa sangkaya ||

15. ngênglêng sang nata tumingal | lun-alun kang milangêni | sakwèhning kang pasewakan | winangun-wangun tulyasri | mawèh lam-laming ati | myang pênuh kang pratiwanung | sumewa ngadiwarna | anaracak pêkik-pêkik | netya wingit sumèh sêmu wicaksana ||

16. dangu sang nata dènira | ningali rênggan sarwèdi | tan ana kang munasika | kadi sang nata tan kèksi | sayah ngaso nèng soring | punang mandira kinurung | samantara tumingal | upacara sing sitinggil | gumarêdêg lir nata miyos sewaka ||

17. angênêr nujwing[9] gwanira | lênggah Sang Jiwanda Aji | nanging sang prabu anjarag | tan mingsêr saking palinggih | dupi parêk tumuli | samya lênggah makidhupuh | kadwi pramudyèng [pramu...]

--- 64 ---

[...dyèng] lampah | tinon lir pangkat bupati | listyèng warna matur ring Sang Sri Jiwanda ||

18. raras aris sarya nêmbah | dhuh gusti Sang Jiwandaji | ulun ingutus ramanta | Sang Sri Dayakumaraji | inggih ingkang ngrênggani | praja punika pukulun | wasta nagri Windarda | paduka dipun timbali | manjing pura wigatining karsa nata ||

19. padukarsa pinangantyan | dhaup lan rinta sang putri | putrendra sêkaring pura | Rêtna Dyah Kumarawati | kang paduka ulati | marma suwawi sang prabu | lajêng manjinga pura | inganti ramanta sang sri | Sri Narendra Jiwanda êntyarsèng driya ||

20. dyan jumênêng laju tindak | ginarbêg dutèng narpati | sapraptaning pagêlaran | pinêthuk sang nindyamantri | sawadya bêrtyapati | sang mantrimuka andhêku | ngacari sri narendra | kang netyèsmu sumèh manis | Sang Jiwanda manggut laju tindakira ||

21. dyan kya patih sawadyanya | umiring wuri sang aji | dupi praptèng sitibêntar | sang nata mulat manginggil | dahat ngungun tan sipi | umyat sêsotyadi murub | gêngnya sapuyuh dênta | ujwalanira nêlahi | lwir baskara nêdhêng wanci tikbra kala ||

22. soring sotya sinung sastra | sangsêkrit êmas kinardi | muni pudya raharjanya | sang piningantyan sarimbit | Sang Dyah Kumaratati | lan Sang Sri Jiwanda Prabu | ingkang ginadhang-gadhang | gumantya jumênêng aji | binathara ing paraja gung Windarda ||

--- 65 ---

23. lan myarsa swarèng pradăngga | gêndhing srikuncara ngrangin | woring bawa swara raras | arum angênganyut ati | nanging datan kaèksi | prênah ingkang pradănggarum | lir munya madyèng tawang | sang sri sru eraming kapti | dening dènnya sarwa lăngka kaelokan ||

24. nanging sinamuning netya | amung arsa angyêktèni | paranta puwaranira | wusing laksita ginaib | duk praptèng samadyaning | baturan siti manguntur | wuwuh srining suyasa | saya sung sêngsêm kaèksi | kang sarasah akik-akik sinêkaran ||

25. wit-witan samya kêncana | kamarutan samya muni | ting carêngkling kadyangganya | swarèng pradăngga sênggani | kang angkup-angkup muni | măngka suling wrat sari rum | samana tindakira | sang sri praptèng srimanganti | kapitèng tyas duk mulat gupalaraja ||

26. kang munggwing têpining dwara | kêkalih kinêmbar warni | kêncana mulya rineka | abusana makuthasri | pinatik ing sotyadi | myang sikêp gada mas tatur | netra kadya baskara | ulat srêng sirung ngrajrihi | lir cingkarabala myang balaupata ||

27. duk prapta ing Brajanala | mulat arcana kêkalih | munggwing têpi kering kanan | kênaka luru kinardi | jêjamang binukasri | sinung rêtna adi murub | sinatmata tan siwah | kadya Sang Hyang Wisnumurti | wawansabda lan raka Bathara Brahma ||

28. duk sang sri arsa jumangkah | ing Dwara [Dwa...]

--- 66 ---

[...ra] mangu mangèksi | paesan gung rinarêngga | plangkan kênaka ingukir | ngrawit sinilih-asih | ing sotya mirah jumêrut | jroning kaca kawuryan | sariranta sri bupati | kanthèn asta lan sang rêtna kang sung rimang ||

29. myang busana sarwa mulya | munggwing madyaning taman sri | ingayap para parêkan | prayangan pri ngampil-ampil | pacarèng sang suputri | manik maneka linuhung | gêglêg Sang Sri Jiwanda | myat warna sajroning carmin | têka samya wiraga asolahbawa ||

30. nora mèmpêr wêwayangan | sasat manungsa sayêkti | sang nata lan sang lwir rêtna | dènnya rêruntungan kèksi | kadya mêntas mangun sih | kasok kawistarèng sêmu | tanpa rasa-rumasa | tansah aliring-liniring | netya sumèh wor èsêm asung asmara ||

31. dalasan para pawongan | katon sêmu suka sami | saking tyas sru ngayubagya | miyat gustinya sarimbit | kasêmbadan kang dadi | sadaya parasdyèng kalbu | dangu Sang Sri Jiwanda | jumênêng madyaning panti | kamitênggêng cêngêng myat warna jro kaca ||

32. kacakrabawa tan kêna | pinèt ing nalar nalisir | marojol saking kaanan | tinêmune tan pinanggih | marma kala mangliling | kalulun kèlu kalayu | kaya arsa manuksma | sri nata mring jroning carmin | nanging mèngêt têmah sru eraming driya ||

33. samantara sang anindya | matur ring Sang Jiwandaji | rum ririh sarwi ngastawa | dhuh gusti sri narapati | rèh sampun sawatawis |

--- 67 ---

kèndêl paduka pukulun | suwawi lumaksana | bok inganti ramantaji | lamun tansah kapieramên tumingal ||

34. rêrêngganing purantara | ing radya Windarda gusti | yêkti têbih sungsatira | lan nagri paduka gusti | ing ngriki sarwa-sarwi | sri saniskara dinulu | kathah kang kaelokan | akarya eraming galih | langkung malih lêlangêning jroning pura ||

35. sang sri mèngêt gya lumaksa | sampun anglangkungi carmin | prapta panataranpura | miyat sampating piranti | pasrèn-asrèn sarwasri | sêsêkaran mêkar arum | mungguh ing jêmbangan mas | sinăngga arcana rukmi | rêrimbitan prasamya sulistyèng warna ||

36. kadya apsari-apsara | ngacarani asung sari | ring sira sang anyar prapta | kwèh pêksi-pêksi kaèksi | sêsomahan salisik | ngayom soring kalpataru | punang lar măncawarna | mubyar lir kêncana murni | netra muncar angujwala ngumalarja ||

37. ana kang mencok ing êpang | angêngocèh ngacarani | ing kancanira mrih cêlak | miyata kang lagya prapti | ana kukila muni | sêsanti sinawung kidung | kadi kadêrêng ngudang | ring Sang Sri Jiwanda Aji | kapiyarsa karya kumênyuting driya ||

38. sakwèhning kang tarulata | tinata tarap rêspati | sadaya amawa cahya | mangkawa ngênguwung wingit | puspa kawuryan kadi | wintang ring tawang nênawung |

--- 68 ---

katon nèng jobin gêdhah | tan siwah ing ngandhap nginggil | ting galêbyar lir trahing sotya warsaya ||

39. sumilir maruta mawa | găndarum amarbuk minging | mangênani nala karya | mayêming sarira kadi | kataman maosadi | usadaning anggarapuh | têmah aparipurna | waluya nirmala jati | lêbda jiwa datan sida pêgat atma ||

10. Mêgatruh

1. dupi sampun parêk sanasewaka gung | katon sang sri narapati | Dayakumara Sang Prabu | lênggah ing singangsanadi | linuting kang sêsotya byor ||

2. ingayap ring pra[10] pribiyada[11] yu-ayu | ngampil upacara aji | pra pangran sumiwèng ngayun | abusana sarwa adi | kadi jawata tinonton ||

3. nulya wontên pangran kalih pinisêpuh | mêthukkên Sang Jiwandaji | anjawat asta sang rawuh | laju nganthi kanan kering | ngirid ring byantara katong ||

4. samya lênggah satata sang nata tamu | munggwing ngarsa sri bupati | wuri pra pangran supênuh | patih sapanêkar sami | tarap sewaka ing ngisor ||

5. swaraning kang pradăngga munya raras rum | sor langêning suranadi | adining pura kalangkung | tan kêna winrating tulis | triloka tan antuk roro ||

6. Sang Jiwanda sru ngungun ing tyas sinamun | ing netya dening masmu jrih | atajêm lênggah tumungkul | rumasa kasoran titih | lan Dayakumara Katong ||

7. kawangwang sru kang cahya [cah...]

--- 69 ---

[...ya] wingit narawung | asingit pamulu wêning | listyaning warna kadulu | yayah Sang Hyang Otipati | wimbuh ingkang busana byor ||

8. samantara Sri Dayakumara Prabu | amanêmbramarum manis | ring Sang Sri Jiwanda Prabu | wuryaning pangandikèng sri | dhuh-dhuh sutèngsun sang katong ||

9. Sri Jiwanda dahat sukaning tyas ingsun | pakênira kaki aji | dene ta tumuli rawuh | winantu suka basuki | êntyarsèng tyas ingsun kasok ||

10. saking uwus suwe ingsun ayun-ayun | bagya kamayangan mami | upama sira sutèngsun | ya nora tumuli prapti | yêkti sun dahat rudatos ||

11. sumarmanta mangkana ta kaki prabu | mangkene liring wigati | pan durung antara dangu | arinira nini putri | Kumarawati sutèngong ||

12. alêlana ngidêri jagad ngalangut | praptèng ri Anggara ratri | arinta sang dyah andulu | teja ngênguwung nêlahi | arinta kasmaran anon ||

13. kang amawa wangkawa tantara laju | nini putri amarpêki | dununging teja kadalu[12] | sira kang nungku sêmadi | maladi êninging batos ||

14. nini putri mulat ing sira kayungyun | dyan miyak waranèng dhiri | risaksana angadulu | nèng ngarsanta kaki aji | lan sajroning tyas wêwangson ||

15. hèh Sang Prabu Jiwanda tuhu binagus | triloka tan antuk kalih | nanging ta sulistyaningsun | sayêkti datan katitih | tinandhinga [tina...]

--- 70 ---

[...ndhinga] lan sang katong ||

16. ana ingkang măngka pasanggiriningsun | lamun sira wus ningali | iya mring suwarnaningsun | sira tan onêng mring mami | yêkti sulistyèngsun kasor ||

17. lamun sira kang kasor listyaning pasmun | yêkti kasmaran mring mami | mangkana wêwangsonipun | datan antara nulya nis | sira kataman wirangrong ||

18. malah kongsi sira mangguh bêbaya gung | binegal raksasa julig | nini putri gung andulu | ngulatkên tanggaping jurit | suka ni putri tumonton ||

19. ing wêkasan sira unggul ing apupuh | saya kasmaran ni putri | maring sira kaki prabu | dyan arinta ngaton malih | sarwi sung sêkar pirantos ||

20. wruh ing alam palimunan têmahipun | sira praptèng kene kaki | tarlèn mangkya karsaningsun | rèh sira wus tunggal kapti | lan arinta sang lir sinom ||

21. ingsun angkah kalakone nuli dhaup | ing mêngko rêrêma dhingin | nuli salina kaprabun | Sang Prabu Jiwanda dupi | tampi sabda arum mawor ||

22. pamiluta mirakêt mêmalad kalbu | kasok susêtyaning kapti | dyan matur sarwi wotsantun | dhuh rama sang misudhèng sih | sadaya sabda sang katong ||

23. kang rumêntah ing amba pun mudha-punggung | sakêdhik botên nalisir | kaluhuran sabda prabu | wit amba nungku sêmadi | kongsi praptèng ngarsa katong ||

24. mangkya rèhning sadaya lampahan [lampah...]

--- 71 ---

[...an] ulun | upami kang minèng warih | dhapur kalêbêt ing wuwu | punapa winuwus malih | tarlèn mung srah ing Hyang Manon ||

25. ing wusana sadaya dhawuh sang prabu | kawula amung lumirig | sumarah karsa Sang Mulku | nanging kawula minta wrin | paran puranta sang katong ||

26. têka sangêt katingal elok kalangkung | kalangênan milangêni | asung lam-laming pandulu | akarya gawok sayêkti | paran makatên sang katong ||

27. Sang Sri Dayakumara mèsêm nabdarum | babo sutèngsun sang aji | baya ta sira tumambuh | wruhanta purèngsun iki | sumarmanta sarwa elok ||

28. wit mangkene kaki ing kamulanipun | yêkti sira wus udani | iya iku kang kasêbut | jagad têtêlu utawi | triloka winastan ing wong ||

29. iya kêna ingaran alam têtêlu | siji alaming sujanmi | iya iku karatonmu | prameyaning pra jasmani | yêkti tan ana kang elok ||

30. nora nana kang gawe gawoking kalbu | sabarang ingkang kaèksi | mung sarwa wadhag tinêmu | myang apa ingkang kinapti | dadine lawan pirantos ||

31. beda alam kang kapindho kaki prabu | iya alam ingsun iki | ênggon parameanipun | kabèh kang badan rohkani | ya alaming jin sutèngong ||

32. sumarmanta sabarang ingkang kinayun | dadine mung lan pangèsthi | apuwara sarwa alus |

--- 72 ---

ngungkuli alaming jalmi | mula gawe gawoking wong ||

33. luwih manèh alam ingkang kaping têlu | saya luwih alus kaki | iku gon prameanipun | para apsara-apsari | sabarang rèh luwih elok ||

34. lire apa saniskara kang kinayun | dadi lawan karsanèki | marma kabèh kang kadulu | kang kagănda kang kaèksi | mung sarwa raras miraos ||

35. nanging alam kapisan pindho ping têlu | sajatine iku kaki | dudu alam kang linuhung | karana ing kono maksih | anganggo raos-rumaos ||

36. yèn wus liwat ing alam kang kaping têlu | praptèng alam kang sajati | uwus tan kêna cinatur | tanpa pêpantaran yêkti | tita tan kêna rinaos ||

37. mung dyatmika langgêng ênêng êning anung | tanpa onang amêngkoni | saliring alam têtêlu | kabèh kalimputan dening | ing kaananing Hyang Manon ||

38. de kang măngka upamane alam têlu | antêlu kêna pinirit | alame manungsa iku | amung cêcangkok ing jawi | yèn alam kene sutèngong ||

39. pêputihe antêlu upamanipun | dene alam kang kaping tri | kuninging tigan puniku | yêkti katrinira maksih | amawa warna lan raos ||

40. balik alam kacatur kang tanpa dhapur | iku sajêroning kuning | lah sapa ta ingkang wêruh | liya ingkang Murbèng Pasthi | lan manungsa kang kawahyon ||

--- 73 ---

41. Sri Jiwanda tanggap ing atur andhêku | cundhuk lan raosing kapti | lawan rumasa kalamun | kênèng kêmating dhêdhêmit | korup ing rat kalabêndon ||

42. darunane kêdaut ardèng tyas dudu | duk marnaning ing sêmadi | dadak kapiadrêng gandrung | yuning dyah kang mrih tan yukti | têmah tiwas kang lêlakon ||

43. nging sinamun lan santa-sêntosèng kalbu | labane sampun ngrungkêbi | ing pambukèng rat têtêlu | tan kewran kênèng piranti | mung têtêg tinanggên tanggon ||

44. tyas tan ulap tumamèng alam palimun | puwara umatur aris | dhuh rama Sang Maha Mulku | sabda paduka kapundhi | cinandhi têlênging batos ||

45. Sang Sri Dayakumara mèsêm nabdarum | lan karsèngsun kaki aji | kalamun sira wus dhaup | lan arinta nini putri | sun arsa sèlèh kaprabon ||

46. maring sira sumiliha ratu agung | ngrênggani Windarda nagri | angrèh pra prayangan sagung | dene sun arsa murwa nis | mring alam katri sutèngong ||

47. Sang Jiwanda duk myarsa sabda sang prabu | jroning tyas saksana tampi | yèn Sri Dayakumarèku | ratuning jin prayangan pri | puwara umatur alon ||

48. dhuh pukulun sumarah karsèng Sang Mulku | gya sang nata wrêdha angling | mring pra pangran pinisêpuh | angirid Sang Jiwandaji | laju mring yasa pangason ||

49. lan supadya binusanan [binusa...]

--- 74 ---

[...nan] kang sarwa nung | tanggap kang tampi wêwangsit | gya Sang Sri Jiwanda sampun | lèngsèr sing ngarsèng narpati | duk praptèng panti pirantos ||

50. Sri Jiwanda binusanan adiluhung | amakutha binukasri | jamang mas sinotya murub | abêbinggêl kalpikadi | sangsangan sungsun sutèngson ||

51. oncèn-oncèn surèngpati mas linuhung | ingikêt rineka sari | rinarêngga rêtna murup | binorehan burat minging | ngênglê[13] kang samya tumonton ||

52. saking sang sri sampurnèng warna pinunjul | ing jagad tanpa sêsiring | cunaring[14] cahya narawung | nguwung milangên ing wingit | sinêmbuh ing busanabyor ||

53. lir murcita sarêng kêjêp yèn dinulu | ngungun pra prayangan pêri | wit warna wantah salugu | angungkuli ciptaning jin | layak lamun sang lir sinom ||

54. Rêtna Dèwi Kumarawati wulangun | mulat Sang Jiwanda Aji | pijêr mujung ing jêjungut | yèn nora jinatukrami | mung arsa mikrat murwèng don ||

55. dyan nêmpuh byat sumiwèng rama sang prabu | ambêbana babar wadi | sêdyaning budaya katur | ing rama ingkang supadi | winiwaha lan sang katong ||

56. sapa wonge kang mulat nora wulangun | wanguning wong lir sang prapti | sampating busana laju | sumiwèng ngarsèng narpati | suka sang nata duk anom ||

57. samantara Sri Dayakumara Prabu | asasmita maring cèthi | kinon manjing pura matur | maring sang wara maisi |

--- 75 ---

yèn jawi sampun mirantos ||

58. narpa wadu dera ngrêngga sang rêtnayu | ugi wus sampat ing kardi | tinon warnanta sang ing rum | sor hyang-hyanging suranadi | tuhu musthikaning sinom ||

59. samangkana dupi sang sri dayita wus | atampi agnyèng narpati | gya sasmita mring pra rum-rum | tanggap kang atampi wangsit | usrêg manambut sang sinom ||

60. wus jumênêng sarêng lan pangantyan kakung | rinămpa ing kanan kering | maring pra pangeran sêpuh | pangantèn putri ingapit | mring pra pri prayangan mawor ||

61. swaraning kang pradăngga munya raras rum | kodhokngorèk angarangin[15] | kapiyarsa nganyut-anyut | lwir surendrèng suranadi | monggang gung munya tan anggop ||

62. lir gurnita swarèng kang maryêm maguntur | kadya amanêngkêr langit | umyung kang salomprèt tambur | ibêkan jro baluwarti | duk pangantèn sakarongron ||

63. sampun panggih gya lênggah ing ngamparan nung | amangapit pajangan sri | kang rinêngga-rêngga mungguh | ing sêsotya rêtna adi | mubyar binarleyan abyor ||

64. cêngêng ingkang mangèksi sing sru mangungun | warnèng sang pangantyan kalih | rarasing liring narawung | wor kênyaring sêsotyadi | kadya wintang sayutawor ||

65. wêwêraning wêwukiran kalihipun | yayah kang pratima rukmi | rinaras rêtna linuhung | lungiting wadana tuwin | pasangrakitking[16] pasêmon ||

--- 76 ---

66. myang wingiting netya mahantya ngênguwung | yèn kawangwang wus tan kalih | lêngês lênyêping pamulu | lêlungite tingal sami | lwir woh anom pinara ro ||

67. sang pangantyan ing tyas sru êntyarsanipun | tansah aliring-liniring | pra prayangan kèh kayungyun | suyud amanguyu sami | miyat maring sang karongron ||

68. para pêri wurahan ngraras rum-arum | jro pura sru mamrik minging | sanggon-gon ginănda arum | ri sampuning madya ratri | sang pangantyan sakarongron ||

69. wus umanjing jroning jungut tilamsantun | para pri prayangan maksih | satata kasukan nutug | ing sanasewaka asri | pra pangran mangun kalangon ||

70. kacarita sang piningantyan wus atut | nutug tansah akaronsih | tan kêna pisah sarambut | Sang Jiwanda sru dènnyasih | mring ri sang sêkar kadhaton ||

71. limut lamun kênèng kêmating lêlêmbut | wus kèrêm katrêm sang aji | nèng jaman kajiman sarju | tan nêdya wangsul ing nagri | rumasantuk swarga kaot ||

72. sakwèhning kang para pangawikan kanyut | kaninditanira kontit | sing kalenan tyas kalulun | lali lirwèng pangastuti | têmah korup kajalomprong ||

73. karêm kèrêm kênèng kêmat kasalimbur | wit ngumbar berawèng budi | bubrah kabudayanipun | têmah kapêtêngan kapti | kêtarik tyas melik mêlok ||

74. nêngna ingkang manuksmèng ngalam [nga...]

--- 77 ---

[...lam] palimun | mangkya kang winarnèng kawi | ing Rasamulya winuwus | Sang Surasa Maharêsi | kang lagya umahasèng om ||

75. duk nêdhêngnya kataman nênging panêkung | kongkal kang triloka kongkih | lingkaping wrana narawung | sainganing rat kaèksi | kang samar-samar katongton ||

76. samantara wruh ywan Sang Jiwanda Prabu | korup nuksmèng sunyaruri | kênèng kêmating jim jamus | kang ngayangan nèng wanadri | winalik tingal sang katong ||

77. kapitèng tyas sang wiku jroning panêkung | sakala mudhar sêmadi | dahat pangunguning kalbu | têka Sang Jiwanda Aji | karating setan tanpandon ||

78. dyan umênêng amanungku salin lagu | mêsu matêk mantra sarwi | mawas laksitèng uswa wus | konus kamanungsannèki | kasat mata sapatêmon ||

79. sinasmitan ngêmota jasmaninipun | saksana sang rêsi manjing | jro rokhani tan kadulu | lap manuksmêng sunyaruri | wus panggih lawan sang katong ||

80. amarêngi sang sri anèng tamansantun | kalawan dayitanèki | ingiring para rum-arum | midêr ring taman mèt sari | kagyat na prapta dumrojog ||

81. Sang Pandhita Surasa nèng ngarsanipun | mêndhak sarya wacanaris | kalingane ya sang prabu | paduka wontên ing ngriki | paranta têka salah ton ||

82. nuksmèng alam palimunaning lêlêmbut | suwawi kondur sang aji |

--- 78 ---

Sang Jiwanda manabda sru | hèh paman Surasa Rêsi | paran lêkas kang mangkono ||

83. têka wiku murang tataning karatun | prapta manjing tamansari | tanpa pariwara iku | yêkti kêsiku sirèki | yèn katur jêng rama katong ||

84. Sang Kusuma Kumarawati duk ngrungu | sabawèng raka sang aji | kagyat ing tyas sru mangungun | têka wêwangson pribadi | baya sang nata salah ton ||

85. wit sang ayu tan wêruh marang sang wiku | gya matur ing raka nuli | dhuh-dhuh paranta pukulun | têka lir gêrah kagingsir | dadak andurma tanpandon ||

11. Durma

1. tan sarănta sang wiku gya nyandhak asta- | nira sri narapati | kapita sang nata | sarwi manabda sora | hèh Surasa saya baring | rêsi kaparat | dadak digsurandadi ||

2. paran têka astaningsun sira candhak | payo uculna nuli | sang rêsi tan ngucap | malah kêncêng tan uwal | bramantya sri narapati | budi sarosa | nanging tan bisa kongkih ||

3. saya duka sang iswara gantya nyandhak | astanira sang rêsi | têmah păncakara | dêdrêg rêbut karosan | Sang Rêtna Kumara jêrit | sampun angira | yèn kang raka kagingsir ||

4. pra parêkan gumuruh bela karuna | wênèh tumamèng puri | matur ring sang nata | nuju aparêpatan | lan nujum jin kang piniji | munggwing paningrat | gusthi dènnya sang aji ||

5. arsa sèlèh [sè...]

--- 79 ---

[...lèh] kaprabon mring Sang Jiwanda | kagyat dupyana cèthi | marêk wor karuna | pêgat-pêgat napasnya | matur rèh Sang Jiwandaji | asantun cipta | purwa madya mêkasi ||

6. sampun katur sadaya ing sang iswara | gatgadèng tyas sang aji | sigra gurawalan | têdhak jujug ing taman | para jin nujum umiring | duk praptèng taman | sang sri ngungun tan sipi ||

7. myat solahnya kang putra Sang Sri Jiwanda | nyata gêrah kagingsir | wit sang nata datan | uning mring sang pandhita | sanadyan kang pra nujum jin | samya tan mirsa | mring sang maharsi sidik ||

8. nata kênya wus prapta saparêkannya | para prayangan pêri | tumplak nèng udyana | orêg ura-urahan | eram myat Sang Jiwandaji | ajulalatan | lir tingkahing ajurit ||

9. sigra Sang Sri Dayakumara myang para | nujum jim marêpêki | sarya matêk mantra | panulak salah cipta | puwara sumaput sami | kantakèng kisma | kêna prabawèng rêsi ||

10. sang dayita sêpuh nèm myang pra prayangan | puyêngan poyang paying | marpêki pêpoyan | maripih narpaputra | rinapu ingarih-arih | pra pri angrămpa | ring narpa wrêda dupi ||

11. kataman ing prabawa sang maha wipra | pra pri prayangan sami | ambruk kapidhara | dharêdhêg anggagograg | sigra Sang Surasa Rêsi | amêsu karsa | mrih sirna kawasèng jin ||

12. sarya ngrangkus sariranta

--- 80 ---

Sang Jiwanda | sang sri tan bisa osik | samantara sirna | purantara siluman | byar sampun pulih wanadri | Sang Sri Jiwanda | ingêculakên nuli ||

13. sang pandhita satata lênggah ing sela | nata jêtung tyas tistis | dangu tan ngandika | duk myat ing wanawasa | rumasa yèn kênèng sandi | ngungun kalintang | rêntêng masêmu isin ||

14. ri saksana sang rêsi amanêmbrama | mèt prana mêmaladsih | mring sang maiswara | mrih ruwat ruharèng tyas | makatên wuryèng pangrêmih | dhuh-dhuh sang nata | kang binatharèng bumi ||

15. rèh samangkya padukendra sampun luwar | saking rêncanèng dhêmit | sampun karêrantan | ngrantam rèh kang kawuntat | mindhak angrêrănta kapti | pan sampun limrah | yèn arsa amumpuni ||

16. mawi kenging panguncanging suksma nata | nging rèh tinitah dadi | baboning buwana | yêkti kang misesèng rat | tan kewran asung usadi | limuting driya | marma mangkya suwawi ||

17. tindak maring pratapan ing Rasamulya | ing ngrika sami gusthi | palêsthaning tekad | mrih bangkit ambêbirat | lêkasing pagupadarwi | kang angrubeda | widadèng tindak sidi ||

18. yèn kadangon wontên madyèng wanapringga | bok mangkya wontên malih | pakartyèng siluman | dènyarsa mangrêncana | mrih wuking rèh darmastuti | têmah ingarat | kerid mring sunyaruri ||

19. sri narendra duk myarsa turnya sang dwija | tyas anglês masmu wingwrin |

--- 81 ---

wusana manabda | paman pangandikanta | samatra tan wontên sisip | ing mangkya kula | muhung arsa ngastuti ||

20. sakarsanta dènyarsa asung usada | supadyèng têmbe bangkit | bengkas kala murka | kalenaning nalarda | darpon tan kadaut kadi | kang wus kadadyan | cinidrèng upasandi ||

21. sang pandhita matur marmanta sang nata | sumăngga ing samangkin | dhatêng Rasamulya | sigra sang dwijawara | sang sri sinambut anuli | mêsat lir kilat | tan antara wus prapti ||

22. ing pratapan graning arga Rasamulya | sang sri sinèlèh ririh | madyèng pamidikan | nulya matur sang wipra | gusti mangkya sampun prapti | ing padhepokan | paduka yya gêng kingkin ||

12. Asmaradana

1. arêrêm mangaring-aring | orêming driya mrih inggar | ing ograning arga anggèr | kalamun sampun antara | kewala akondura | ing pura ulun tumutur | sang nata datan lênggana ||

2. gya sang rêsi manjing panti | wêwarah mring endhangira | yèn katamuan sang katong | myang nuturkên lêlakyannya | sumarmanta sang nata | prapta ing pratapanipun | anggana tan mawa wadya ||

3. purwa wusanane titi | ni endhang ngungun ing driya | puwara kinèn mirantos | sugata saananira | kalawan Kèn Manindra | pinuriha amêmatut | busana sakadarira ||

4. bok ing mêngko sang narpati | arsa uninga sang

--- 82 ---

rara | ayya katon rewa-rewo | sandikendhang Manitaya | tantara wus samêkta | saosan rinampad sampun | munggwing ing jarambah têngah ||

5. nulya sang rêsi ngaturi | ring nata tumamèng wisma | sang sri wus lênggah ing serong | sang pandhita lan endhangnya | marêk ing ngarsa nata | tantara sang rêsi matur | ing nata mêmalad prana ||

6. dhuh sumăngga sang siniwi | punika saosanira | abdi paduka pun êmbok | renanira pun Manindra | nadyan botên mirasa | wit saking wêdalan dhusun | namung dêlap-dêlapira ||

7. rèhning karawuhan gusti | botên ketang mung sapala | kumêdah-kêdah sêsaos | măngka tăndha pangastawa | rawuh paduka nata | myang atur sêsanti sèstu | sukur yèn dados usada ||

8. sudaning rudah rudatin | myang marlupaning sarira | rèh sang sri mêntas kalêson | anglês ing tyas sayêktinya | narik lêsahing srira | sri narendra tanggap dhêku | dhuh paman botên kadosa ||

9. sanadyan kula narpati | raosing tyas botên pisan | anyamèni nugrahane | lan paman kanyataannya | inggih lampahan kula | luwaring saking bêbêndu | bênduning Hyang Suksmanata ||

10. yèn sampuna paman rêsi | parêng paring pitulungan | saèstunipun kalakon | kalap alaming siluman | têmah salami kula | winalik salah pandulu | sela

--- 83 ---

katingal kumala ||

11. myang wrêksa-wrêksa kaèksi | puraya kinarirêngga | ing sêsotya rêtna abyor | wewe katon wanodyendah | katujune sang dwija | tan kewran rèh agal lêmbut | nêtêpi kotamèng wipra ||

12. wêlasing para kaswasih | wèh arsaya ing sangsaya | asung têkên ing kalunyon | nongsongi wong kawarsayan | sayêkti kula paman | kerut karating lêlêmbut | sida tan dadi dandanan ||

13. sumarmanira samangkin | punapa wêwalês kula | tarlèn mung sêtyaning batos | mung arsa nêtêpi wêca | sutanta Kèn Manindra | ngong pinta lêstantunipun | têtêp dadya jatukrama ||

14. mêngkonana jroning puri | pura ing Garbasumăndha | kadarbea ing sang sinom | kula mung darma kewala | măngka jêjêring praja | rajabrana jro kadhatun | kasrah putranta sang rara ||

15. kèndêl pangandikèng sang sri | sang wiku lon aturi |[17] dhuh-dhuh sang sri narakatong | dhawuh paduka sadaya | têka sangêt mêmêla | adamêl trênyuhing kalbu | saèstunipun sang nata ||

16. pun bapa sagêd punapi | sadaya amung sadarma | anglampahi karsèng Manon | tuwin wajibing kawula | rumêksèng sri narendra | lêpat yèn amba sinuhun | tan nglampahi kawajiban ||

17. milanya sampun ginalih | mindhak angrêrănta manah | lêhêng anggalih kang dèrèng |

--- 84 ---

ingangkah-angkah supadya | dadosipun raharja | akanthi tyas awas emut | mrih kalis ing sambekala ||

18. karênan nata miyarsi | ature sang dwijawara | kawistara ing pasêmon | sunaring netya kawuryan | wus tan ngêmu sungkawa | salêjaring tyas sang prabu | lajêng dhahar kêkêmbulan ||

19. kalawan sang maha rêsi | eca lan imbal wacana | Endhang Manitaya lados | sadangunira dhaharan | sang nata ngunandika | paran Si Manindra iku | têka nora katingalan ||

20. tantara andangu maring | nyai endhang ngandikanya | dhuh bibi paran marmane | kula sampun sawatara | lênggah ing wisma têka | putranta datan kadulu | matur Endhang Manitaya ||

21. dhuh gusti marma kang abdi | dangu tan marêk ngarsendra | duk rawuh paduka katong | inggih lagya katanggêlan | èwêt adus karamas | mênawi marak arikuh | yèn dèrèng ingupakara ||

22. mèsêm sang nata duk myarsi | wus bibar dènira dhahar | datan antara sang sinom | marak anămpa pawohan | lunggwèng wurining rena | sang nata graitèng kalbu | bayèku Endhang Manindra ||

23. nyata yèn ayu linuwih | mèmpêr putrining siluman | amung kacèk tajêm kiye | kana rada galak ulat | iki antêng dyatmika | kasaru sang rêsi matur | dhuh punika warnanira ||

24. abdinta Manindra [Mani...]

--- 85 ---

[...ndra] gusti | kiwa kuciwa kang warna | botên pantês kagêm pasrèn | dêstun mung măngka pawongan | juru têbah jarambah | punapa inggih saèstu | kapundhut malbêt ing pura ||

25. nata mèsêm ngandikaris | dhuh paman sarèhning kula | amung anglampahi pakèn | kadya kang wus kasasmita | ajrih yèn anglirwakna | nadyan putranta sang ayu | warna lir wewe wa-uwa ||

26. ananging pangraos mami | putranta yayi Manindra | datan kuciwa ing têmbe | dados sasêkaring pura | siniwèng para kênya | tantara sang rêtna laju | manêmbah kalepat kesah ||

27. kaèksi amasmu isin | sang nata cuwa ing driya | tinut ing tingal lampahe | sakêdhap wus tan katingal | malbêt ing gandhok wetan | sri narendra kari mangu | mangungun myat yuning warna ||

28. tansah anglocitèng galih | ayu tênan Si Manindra | sajêg ingsun durung tumon | warna kang kaya mangkana | tan nganggo apa-apa | ayune angundhung-undhung | saiba yèn wus busana ||

29. baya gonjingake bumi | mendah yèn wus anèng pura | mêsthi wuwuh pitung mono | ya layak kalamun kêna | kinaryaa sarana | sarate jumênêng ratu | marakke arjaning praja ||

30. saking dènnya sugih manis | prak atine angayangan | ayune anguyangake | nyata êtuking susila | ratuning parotama | wus mêsthi

--- 86 ---

bae kang mêngku | awèt kuwat kawarasan ||

31. panjang yuswa sugih picis | kinasihan ing jawata | tinurut sapamintane | sang rêsi awas tumingal | yèn sang sri sru kakênan | saksana alon umatur | dhuh sang prabu ing samangkya ||

32. paran ing karsa sang aji | puspita kang sinêngkêran | amba sumarah kemawon | yèn sang sadpada kumêdah | ngudi maduning puspa | măngka usadèng larakung | sayêkti tanpa sangsaya ||

33. nanging pamintamba sang sri | mawi sarat ingestrenan | nanging kinarya sêsintrèn | paduka sampun anglela | saking pangangkah amba | mung pi-api amba pupu | wit kapiran tanpa bapa ||

34. yèn sampun rampung ing kardi | kewala nuntên utusan | amundhut upacarane | sang nata katujwing karsa | wusana angandika | dhuh paman sang maha wiku | kula sumarah ing karsa ||

35. duk antara patang ari | karsèng rêsi linaksanan | sang sri wus dèn dhaupake | lawan Kèn Rêtna Manindra | kadya rêmbug ing ngarsa | satêmah karya pangungu- | nira wong ing Rasamulya ||

36. anèh ing karsa sang rêsi | sutane èstri sajuga | tur tanpa sama ayune | linamar ing Pranararya | myang putraning pandhita | akèh kang tinulak wangsul | têka ing mangkya mangkana ||

37. lare lola lagya prapti | tan karuhan pinangkanya | katiban êsih gumrèwèl |

--- 87 ---

pinèt mantu pinaringan | musthikaning pratapan | ngimpi apa wong puniku | têka bagya kamayangan ||

38. nanging nora duga mami | nitik baguse kang warna | kaya darahe wong gêdhe | wêwukiraning sarira | lawan Rêtna Manindra | tan siwah sasat sadulur | padha manis wênêsira ||

39. rowange rêrasan angling | ya măngsa kakilapana | sang pandhita dèniramèt | mantu ing sawastunira | wus ginalih prayoga | sayêkti sang maha wiku | pan wus nora kasamaran ||

40. nêngna kang rêrasan angling | sang sri lan Rêtna Manindra | ri ratri tansah karongron | among raras karasikan | nutug sakarsa-karsa | tan wontên sangsayanipun | sang rêsi sangêt arsaya ||

41. lan sang sri salaminèki | sih-sinihan lan sang rêtna | sabên ari gung sêsambèn | bawa rarasing agêsang | praptaning sangkan-paran | sinangkan sing purwanipun | têkyaning madya wusana ||

42. dhasar sang rêtna wus wasis | amawas wosing rêrasan | kang ngantya karasèng tyase | myang rasaning karungsitan | kang sumingit ing sastra | sadaya sampun kêcakup | saking wasitèng sang dwija ||

43. marma sang sri sru dènnya sih | mring sang dyah sotaning driya | tuhu nugrahèng Hyang Manon | samana nata ngandika | mring ari sang kusuma | paranta karananipun | uripe sagung dumadya ||

44. têka beda-beda yayi |

--- 88 ---

kongsi dadi yutan wêndran | paran ing nguni dadine | karsane kang sipat êsa | dadak karya mawarna | sang rêtna alon umatur | wasitaning sang pandhita ||

45. sang êsa tan nêdya kardi | ing nguni praptaning mangkya | mung langgêng mênêng kemawon | singidan nèng jroning rasa | rasanira priyăngga | kang sajak atunggal wujud | nging jatine tan sajiwa ||

46. dene dadose sakalir | mung saking kartining rasa | wit rasa wau jatine | darbe daya warna-warna | asrêp kalawan panas | lêgi gurih pait kêcut | lan pêdhês asin sang nata ||

47. kang ugi asipat gaib | liring gaib inggih samar | lire samar tan katongton | makatên ta wantahira | lah pundi wujudira | kang asrêp panas pukulun | kang pait kêcut punika ||

48. yêkti mung nèng rasa sang sri | sipate tan kawistara | awor kalawan wujude | lire wujude dahana | kang panas rasanira | utawi wujuding madu | kang amanis inggih rasa ||

49. ing nguni dados sawiji | duk dadi rasaning êsa | wusana rasa kwasane | sagêd ambabar warana | kongsi awarna-warna | inggih kang sami awujud | dados warananing rasa ||

50. rasa warananing gaib | milane bêbasanira | rasanira sayêktine | ya rasaningsun sanyata | inggih ingsun punika | kang sipat wajibul wujud | inggih sipat gaib samar ||

51. wit rasa punika gusti | sanadyan nguni sajuga | nanging [na...]

--- 89 ---

[...nging] ngêmu warna akèh | kados tur amba ing ngarsa | panas asrêp utawa | pêdhês asin gurih kêcut | gya samya daya-dinaya ||

52. dyan dados warna sakalir | milanipun beda-beda | makatên kadadiane | daya ingkang dinayanan | botên ajêg trapira | milane wahananipun | inggih dados beda-beda ||

53. dados ingkang sipat gaib | têtêp botên darbe karsa | karsanya wus kasrahake | inggih dhatêng rasanira | nanging rasa kapurba | ing Sang Hyang Êsa sinuhun | kèndêl aturnya sang rêtna ||

54. sang nata suka miyarsi | wusana arum ngandika | adhuh babo ariningong | têka sira wus widagda | rèh sandining dwi astha | panggusthinira wus mathuk | kanthi pasaksèn palastha ||

13. Kinanthi

1. lan kabèh wuwusirèku | wus ginambar anèng tulis | iya iku aksara a | winastan sastra raswadi | kang ing ngarsa ăngka papat | ya babaring rasa jati ||

2. yèn tumrap manungsanipun | dadi păncadriya yayi | dene ananing Sang Hyang: sa | ya iku sa kang nèng wuri | iya uriping manungsa | ingkang anartani budi ||

3. ing besuk pangancasipun | ăngka papat iku yayi | sidhikaranên manuksma | mring pasangan sa ing wuri | wus paripurna waluya | mulih ing nukat ginaib ||

4. sang rêtna mèsêm umatur | inggih sampun lêrês sang sri | lamun makatên trapira |

--- 90 ---

yêkti wus tan mindho kardi | pami sirnaning dahana | pêt kukusipun tan kari ||

5. yèn ngantosa tilar kukus | kumêlun awor lan angin | siya-siya namanira | kawula tinilar gusti | yêkti badhe ngulandara | saparan-paran tanpa sir ||

6. sang nata suka gumuyu | sang rêtna rinangkul nuli | wus yayi aywa kadawa | akèh pawongan sumiwi | ywa kongsi miyak warana | mêngko ratri yèn wus sêpi ||

7. kewala nèng jro jinêmrum | sakarsanta yêkti dadi | pun kakang sumarah karsa | mangun rarasing raswadi | sayêkti nora kacuwan | sang rêtna anyiwêl wêntis ||

8. ajêg bae yèn sang prabu | wong rêrasan bêcik-bêcik | calêkik nyandhak paprêman | gêthingku yèn ngono kuwi | mangke niki astanira | kula badhe ngronce sari ||

9. makatên salaminipun | sang sri laminya nèng wukir | amung tansah bawa rasa | lan sang rêtna myang sang rêsi | sang dwija kèh wulangira | maring sang sri narapati ||

10. kabèh pangawikanipun | tinumplak katur sang aji | aji jaya kawijayan | kadibyan miwah kasaktin | kagunan myang kanuragan | wus katur kabèh mring sang sri ||

11. samana sri nara prabu | dènira tilar nagari | pan wus mèh samadya căndra | sang rêsi umatur aris | dhuh sang sri kauningana | rèhning sampun sawatawis ||

12. paduka tilar prajagung | yèn suwawi

--- 91 ---

lan karsèng sri | prayogi kondur ing pura | wêlasa ing para dasih | salinggar paduka nata | sayêkti susah kêpati ||

13. sang nata trênyuh ing kalbu | wusana ngandika ririh | lêrês paman andikanta | gèn kula tilar nagari | kados langkung tri candrama | wit kula nis saking puri ||

14. dyan lêlana jajah dhusun | kongsi praptaning wanadri | ayuda lawan dênawa | laminira kawan ari | wontên ing alam siluman | dumugine paman rêsi ||

15. sumusul kula rumuhun | tigang wulan winitawis | wontên ngriki praptèng mangkya | petang sampun pitung ari | dados wiwit saking praja | praptèng mangkya satus ari ||

16. mila lêrês paman wiku | saèstu wong jroning nagri | ngrasa wus tita antara | dènnya sami angulati | kula kang rumaos dosa | akarya susahing dasih ||

17. sang wiku alon turipun | asarya gumuywa ririh | dhuh sang nata koningana | linggar paduka sing puri | sawêg kalih wêlas dina | duk wontên ing sunyaruri ||

18. pan inggih amung sadalu | enjinge amba sumiwi | laju kewala atêdhak | dhatêng padhepokan ngriki | sawêg saptari punika | sri narendra duk miyarsi ||

19. sangêt ngungun pungun-pungun | ngênglêng ngunandikèng galih | nora kaya raganingwang | de têka apês kêpati | kêna karat ing seluman | winalik tingal tan uning ||

20. lêlakon amung sadalu | têka [tê...]

--- 92 ---

[...ka] katon têlung sasi | alas akaton nêgara | katujune paman rêsi | waskitha tan kêsamaran | puwara ngandika aris ||

21. dhuh paman sang maha wiku | ing samangkya karsa mami | arsa utusan mring praja | asung srat ing kakang patih | amundhut pêthukan wadya | muwah kang jêmpana joli ||

22. sintên kang pantês ingutus | maringkên punang kintèki | sang wiku alon turira | inggih sang prabu agampil | ing ngriki kathah jêjanggan | myang cèkèl manguyu cantrik ||

23. ingkang prayogi ingutus | mundhi nawala narpati | sigra sang nata mèt rontal | laju cinitra pribadi | tan antara wus palastha | pinaringkên mring sang rêsi ||

24. tinampèn sinuksmèng kalbu | bêbukaning kang kintèki | pèngêt iki nawalèngwang | Sang Prabu Jiwanda mami | ratu ing Garbasumăndha | kang kinuncang ing dewadi ||

25. dhumawuha mring sirèku | kakang Sucipta Apatih | lire kang nawala patra | manira paring udani | duk ari Anggara mulya | titi sunya madya ratri ||

26. manira nêdhêng manungku | mêmêsu pudya sêmadi | munggwing gupit sandyasana | sakala sumaput mami | panon pêtêng tan pantara | pindha kalayaping pati ||

27. tan antara byar kadulu | sun wus nèng madyèng wanadri | solah ingsun anèng wana | kakang pikirên pribadi | dyan manira lumaksana | kalulunta kongsi prapti ||

28. pratapane [pra...]

--- 93 ---

[...tapane] paman wiku | Surasa ing kono mami | dhinaupkên lan Sang Rêtna | Manindra prapta samangkin | marmanira mêngko kakang | manira pêthukên nuli ||

29. lan joli jêmpana tandhu | dèn samapta amiranti | dene titihan manira | Si Ragajiwa abêcik | mungguh rêrêngganing marga | rigênêna kang prayogi ||

30. titi sang wiku lon matur | sampun kaluhuran sang sri | cêkak wosipun kacêkap | nulya animbali cantrik | kêkalih wus praptèng ngarsa | dhinawuhan ing sang rêsi ||

31. hèh Rasmani lan sirèku | Rasmadi sira tinuding | iya mring bêndaranira | Bambang Jiwanda samangkin | ngaturke nawala patra | marang sang anindyamantri ||

32. ing Garbasumăndha gupuh | umangkata dina iki | yèn nawala wus tinampan | apa prentahe kya patih | sira nuruta kewala | sêrat wus tinampèn cantrik ||

33. kalih sandika turipun | manêmbah aminta amit | kalilan laju umangkat | lêpas lampahe ki cantrik | sigêg gantya kang winarna | ing Garbasumăndha nagri ||

34. sadangunira sang prabu | linggar saking dalêm puri | kya patih sakancanira | tuguran gilir gumanti | samana rêkyana patya | lan pararya sawatawis ||

35. nèng sitinggil gunêm wuwus | lawan Sang Arya Pangèksi | kalih Sang Arya Sugănda | kya patih wacana aris | paranta yayi Sugănda |

--- 94 ---

linggare sri narapati ||

36. pan uwus samadya tèngsu | têka tita tanpa warti | dalasan kang ingsun patah | ngulati prapta samangkin | kabèh durung ana prapta | karkating tyas ingsun yayi ||

37. yèn benjang-enjang sang prabu | wus tita tan antuk titik | ingsun priyăngga wisata | ngulati sri narapati | lan sun tan mulih ing praja | yèn sang aji tan kêpanggih ||

38. Sang Arya Sugănda muwus | punaginira kya patih | kula inggih ngayubagya | sanadyan kula sayêkti | yèn sang nata èstu musna | măngsa lêstantuna urip ||

39. ananging sayoginipun | suka uninga rumiyin | maring Sang Rêsi Surasa | dadya tan katutuh wuri | sukur yèn sang maha dwija | karsa sung wasita jati ||

40. dumunungipun sang prabu | yêkti sang rêsi udani | samana Patih Sucipta | mèngêt ing tyas nayogyani | dèrèng wus dènnya rêrasan | kasaru praptaning cantrik ||

41. kalih marêk kusung-kusung | lawan amundhi kintèki | lan matur dhuh sang apatya | sowan kawula tinuding | bêndara Bambang Jiwanda | angaturakên kintèki ||

42. kya patih kapitèng kalbu | sarwi nampèni kintèki | kang sêrat dèrèng binuka | andangu marang ki cantrik | hèh cantrik ingsun têtanya | kariyin maring sirèki ||

43. sapa ta karo aranmu | lan pinangkanta ing ngêndi | wit sira durung wêwarah | mung awalèh kang

--- 95 ---

anuding | awasta Bambang Jiwanda | iku satriya ing ngêndi ||

44. ki cantrik gugup umatur | dhuh inggih sang nindyamantri | amba minta apuranta | de amba kirang patitis | saèstunipun kawula | inggih cantrik saking wukir ||

45. ing Rasamulya pukulun | abdine Sang Maha Rêsi | Surasa dene kang duta | bêndara Jiwanda inggih | putra mantune sang tapa | lare lola kawlas-asih ||

46. prapta suwita tan dangu | lajêng tinariman putri | putranipun sang pandhita | ayune kêpati-pati | wadana sawang purnama | ngênguwung amilangêni ||

47. golongan bagya saèstu | kalêrêsan dènnya urip | kawula kang sampun lama | suwita sangkaning alit | tan sagêd tampi tariman | golongan cilaka mêncit ||

48. kang myarsa samya gumuyu | kya patih karasèng galih | nulya kang sêrat binuka | wus sinuksmèng jroning kapti | sru ngungun ing tyas puwara | suka sukur ring dewadi ||

49. dyan pustaka sinungkên wus | mring pra arya gantya ngèksi | sadaya ngungun kalintang | eloke lêlakon sang sri | wusana sukur ing dewa | dene ta maksih basuki ||

50. samana sang anindyanung | gya tata-tata miranti | wimana titihanira | Rêtna Manindra tanapi | tandhu joli lan jêmpana | titihanira pra putri ||

51. myang parêkan cèthi sagung | kang arsa mêthuk sang dèwi | lawan titihan [titih...]

--- 96 ---

[...an] narendra | Kyai Ragajiwa nami | kuda ulês mulus krêsna | kêkasihira sang aji ||

52. sampun samêkta sadarum | sapalakartining margi | miwah wadya sawatara | wus pinilih kang prayogi | têtindhih arya sakawan | pangarsa arya pangèksi ||

53. dupi sampun sampat patut | dyan mangkat saking nagari | gumuruh girang gambira | sabawaning bêrtyapati | amêmatah upacara | cinara mêthuk pangantin ||

54. sarwa sri raras kadulu | tabuhan munya ngarangin | punang wimana ingayap | ing upacara sarwasri | myang ingurung-urung para | wadya wadu jalu èstri ||

55. sangkêp maneka sarwanung | dadya tontonan samargi | cinêndhak lampahnya prapta | soring Rasamulya wukir | rèrèh angrêrêmkên lampah | mung cantrik kalih tinuding ||

56. rumuhun matur sang wiku | ki cantrik sampun lumaris | tantara praptèng pratapan | laju marêk sang maharsi | umatur atur upiksa | yèn pêthukan sampun prapti ||

57. wimana titihanipun | garwa nata atanapi | kuda titihan narendra | sampun samêkta rumanti | pêpak upacaranira | maneka kang palakarti ||

58. sang rêsi êntyarsèng kayun | dyan matur putra sang aji | suka sang prabu miyarsa | saksana sang maha rêsi | angrêrakit pasugatan | ing panti tata miranti ||

59. tantara pra wadya sampun | praptèng pratapan tinampi |

--- 97 ---

ring sang tapa pinisuka | sang prabu lan pramèswari | rêna miyat ing wadyendra | paring pambagya basuki ||

60. ing antara ari sampun | tata-tata amiranti | sampat sampurna umangkat | sang wiku tumutur tuwin | sagung ingkang para siswa | cantrik cèkèl atanapi ||

61. jêjanggan wasi manguyu | uluguntung sontrang mêntrik | kêbut umiring sadaya | dinulu isthanya kadi | satriya anjayèng laga | kondur boyong putri adi ||

62. pratapan sampun kapungkur | surêm sunaring pêpidik | pindha angganing kalpika | coplok kang sêsotya anis | kari êmbanan kewala | samun nora anyênêni ||

63. amung rame swaranipun | wong desa samya ngrasani | kalingane mantunira | sang pandhita iku dadi | gustiningsun sri narendra | ing Garbasumăndha nagri ||

64. wartane ing nguni mupu | lare lola kawlas-asih | tiwas sami winêlasan | putrane putri sawiji | ayu kuning tanpa sama | olèh lare lola-lali ||

65. nora liwat sèwu sukur | muga ta widada dadi | usadaning katuridan | dasihe ing desa iki | bangkita antuk barêkah | kabèh amanggih basuki ||

66. nêngna rêrasaning dhusun | lampahe sri narapati | sawadya tanpa sangsaya | wus praptèng kikising nagri | wadya kang ngriyini lampah |

--- 98 ---

sampun matur ing ki patih ||

67. gugup kya patih agupuh | budhal sakancane sami | mêthuk rawuhing narendra | praptèng sajawining nagri | kêpêthuk tundhuk ki patya | dinangu ing sri bupati ||

68. he kakang patih sirèku | paran ing sapungkur mami | apa ta padha raharjah[18] | kya patih matur wotsari | dhuh gusti pangèstu tuwan | praptèng samangkya basuki ||

69. amung salinggar pukulun | wadyendra sapraja sami | orêg rêntêng aru-ara | tyas otêr makêtêr tistis | kêtir-kêtir sanityasa | susah sru ngêsah lir sakit ||

70. kang sangêt satêngah lampus | marêming dasih sanagri | mung mèt matênging petangan- | nira para nujum sami | paduka maksih waluya | lagya sinêngkêr ing Widi ||

71. mangkya sarawuh pukulun | wadyendra agêng myang alit | samya sru marwata suta | kadi kang rogarda dadi | antuk usada sakala | waluya nirmala jati ||

72. wêlas sang nata lon muwus | wus kakang aywa pinikir | mangkya amung lêstaria | amangun sukaning kapti | laju lampahnya sang nata | sampun manjing dalêm wuri ||

14. Pangkur

1. jro pura raras kawuryan | wêwangunan sarwa amilangêni | wasise sang anindyanung | karya sukaning nata | wus ingangkah rawuhira sang aprabu | sakalihan garwa nata | sayêkti binayangkari ||

2. marma kasok sukèng nata |

--- 99 ---

amanoni rêngganing pura asri | kang garwa sigra sinambut | lalu lunggwing bale mas | kang pinasang ing ngarsaning sêserong rum | pra rum rumarak ing ngarsa | pênuh kang parêkan cèthi ||

3. samya sukak mangun suka | saking dangu onêng katêkan kapti | samya akasukan nutug | sarya sukur ring dewa | linggarira sang nata samangkya kondur | muwah sampun mawa garwa | warnayu sutaning rêsi ||

4. pastês[19] siniwèng jro pura | para putri marêm sumungkêm asih | ing jawi sang anindyanung | kang minisukèng wadya | sinakarsa sakapti-kapti anutug | wijah-wijah makajangan | kasukan minum brênduwin ||

5. samya wuru surak-surak | bawa swara swarèng pradăngga ngrangin | raras rum anganyut-anyut | kasok sukaning wadya | dènnya samya ngluwari punaginipun | lamun kondur sri narendra | arsa wuru pitung ratri ||

6. mangkya wus samadya căndra | dènnya samya ăndrawina mênuhi | miwah sang sri nara prabu | dènnya misuka marang | marasêpuh Sang Surasa maha wiku | tanpa siku sinakarsa | sagung kang manguyu wasi ||

7. cantrik cèkèl myang jêjanggan | uluguntung puthut sukanya ngênting | saking samya muwah-muwuh | pênuh boja myang boga | sangkêp ingkang busana maneka anung | pêparinge sri narendra | satata lumintu mintir ||

8. samana duk nêdhêngira | abujana ăndrawina mênuhi | kasaru ing

--- 100 ---

praptanipun | wadya pacalang praja | dumarojog sowan sang sri kusung-kusung | dinangu wigatinira | umatur sarwi wotsari ||

9. dhuh gusti sowan kawula | tur upiksa wontên mêngsah gêng prapti | raksasa maèwu-èwu | saking wukir sikara | rajanira Sri Kaladruhaka rawuh | pribadi ambêkta bala | brakasakan warni-warni ||

10. wus karya pakuwon samya | rêsah ing rèh sarosa paksa wani | angrêrisak dhusun-dhusun | sahasa siya-siya | ngangsêk arsa marwasa manjing kadhatun | angrêbat garwa paduka | inggih kangjêng pramèswari ||

11. gatgadèng tyas sri narendra | gya dhêdhawuh maring rêkyana patih | kinèn sawega ing pupuh | amapag ripu arda | tan antara pêpak kang pra prawiranung | samya miranti samêkta | upakartining ajurit ||

12. budhal gumuruh sing praja | praptèng jawi kitha sampun kêpanggih | rêksasa kèh samya ngamuk | mamak angamah-amah | manrang wadya ing Garbasumăndha gugup | nanggapi kurdaning ditya | rusuh tangkêbing ajurit ||

13. gumulung ulêng-ulêngan | liwung ulêng lawan linawan gênti | parêng akawal kêkiwul | kuwêl gantya malandang | kuwalahên wong bumi kèh samya lampus | rêksasa rosa kuwasa | wêntala tan kênèng pati ||

14. katutuh ing praptanira | brakasakan prapta ngangsêk mêdèni | gandarwa wewe lu-ilu | galadrah jrangkong

--- 101 ---

egrang | anggi-anggi kêblak lawan blêkêthukur | thethekan mênthèk janggitan | thongthongsot myang banaspati ||

15. suka misesa ngrancana | wong ing Garbasumăndha kèh ngêmasi | sing kêkês miris tyasipun | makêkêl kamigilan | kèh satriya gung-agung nêmahi lampus | pêpês tyase tanpopaya | payah sangêt kapalipis ||

16. Arya Sugănda myang Arya | Kumararya Wacanalam Pangèksi | miwah Arya Pamyarsèku | sampun sami pralena | kantun Arya Pranawa sakancanipun | yèku Arya Cakrabawa | myang Arya Locita maksih ||

17. urip nanging kêsakitan | sampun sami ginongsongan ing dasih | bala rucah lêbur tumpur | tumpês samadyèng rana | kantun Patih Sucipta mangsah angêsuk | triwikrama matêk măntra | pangruwating satru sêkti ||

18. mêtu lesus bayu bajra | mêsês nêmpuh mungsuh rasêksa gusis | kabur kabuncang ing lesus | prapta kang brakasakan | angrèp kumrap mangarsa-arsa mrih lampus | wêntala kasrang maruta | awas Sang Sucipta Patih ||

19. salin glar nyipta dahana | ngalad-alad yayah ngayuh wiyati | ngoyak brakasakan sampun | kêsanglad dahanarda | tan antara lêlêmbut sirna dadyawu | padhang madyèng pabaratan | suka Sang Sucipta Patih ||

20. sêsumbar aminta lawan | kapiyarsa patih raksasa dupi |

--- 102 ---

miyat pabaratan suwung | sirnaning wadyanira | dènnya têlas datanpa tilas dinulu | amung ana wong sajuga | asêsumbar minta tandhing ||

21. sêk pêngkarna kabaranang | Patih Kalagragodha mangsah nuli | praptèng ranangga kapangguh | lawan Patih Sucipta | yun-ayunan Kalagragodha ambêkuh | owah hèh saparanira | manungsa warnamu pêkik ||

22. ngalela madyèng ranangga | baya sira kang luwih dibya sakti | bisaa marwasèng mungsuh | rêksasa sirna gêmpang | brakasakan kaprawasa sirna larut | têka sru kagila-gila | kadibyanta ing ajurit ||

23. apa sira sri narendra | kang mandhirèng Garbasumăndha nagri | ingkang angalap sang ayu | Rêtna Dèwi Manindra | Kyana Patih Sucipta maluyèng wuwus | hèh buta kawruhanira | sun dudu gusti sang aji ||

24. nanging sun patih wisesa | pinasrahan bangkang aluming nagri | Sang Sucipta aran ingsun | kang monah satru murka | wadyanira tanpa petung sirna gêmpung | amung kari siji sira | têka paksa kumawani ||

25. ngakua saparanira | mupung durung mati ing asta mami | Kalagragodha sumaur | hèh Sucipta wruhanta | ingsun uga patih wisesa dibyanung | Kalagragodha ran ingwang | balia aja kumaki ||

26. aja dumèh lamun bisa | amarwasa sagung wadya rasêksi | ambengkas sakèh lêlêmbut | kêsusu asêsumbar |

--- 103 ---

baya sira tuli tan kulak pangrungu | yèn sun kasub kasusrèngrat | sudira suradi murti ||

27. tate angêntasi karya | mungsuh sakti kentas ing asta mami | nadyan para dewa kawus | karoban kaprabawa | saradibya kèh suh sing kadibyaningsun | luhung sira abalia | mundura aja ngajoni ||

15. Durma

1. eman-eman wong bagus lamun palastra | angur ratunirèki | prihên lumawana | lawan jênêng manira | sêdhêng angadu kasaktin | nora kuciwa | Patih Sucipta angling ||

2. babo-babo abanira paksa krura | angarsa-arsa sang sri | măngsa kalakona | yèn sun maksih waluya | lah payo cobanên mami | warastra apa | ingkang anèng sirèki ||

3. dipun aglis payo kene tibakêna | ing jajaningsun anjing | aja pijêr mojar | anjèrèng kawijayan | kojah onjoning ajurit | măngsa wurunga | jêroanmu sun rujit ||

4. Sang Gragodha lir sinêbit karnanira | mangkrak krodha mawêrdi | nglêpasi sanjata | sarya asru sabawa | lah rasakêna panyakit | kang ambêk sura | sida amurwèng lalis ||

5. Sang Sucipta prayitna musthi warastra | lumarap nanggulangi | pagut ing gêgana | pawor sinrang maruta | tantara sirna tan kèksi | ngungun tyasira | sira Sang Gragodha glis ||

6. amijilkên pangabaran warna-warna | neka-neka kaèksi | nanging

--- 104 ---

tanpa karya | mêtu-mêtu katulak | dening Sucipta sinakti | kaku tyasira | Sang Gragodha tumuli ||

7. muntap ngêtog ngayat warastra pamungkas | lumêpas angênani | jaja Sang Sucipta | wutuh datan tumama | nging kantêp kantakèng siti | sangêt kalaran | datan antara tangi ||

8. duka Patih Sucipta nyandhak gandhewa | saradibya sinidhi | sarya sinangenan | winantu măntra swara | pamêpêsan ripu sakti | hèh satru murka | kang paksa murang niti ||

9. asalira ing nguni saking tan ana | anane mung trimurti | dadi lan kinirtya | ing mangkya sirnanira | sayêkti saking pakarti | pasthi maluya | mulih awor lan angin ||

10. mênêng panah lumarap lêrês ing jăngga | pêdhot Gragodha mati | kwandanira sirna | muksa awor maruta | mirut pabaratan tistis | kentas wus bebas | kari sang yaksa aji ||

11. duk uninga patihe muksèng ngalaga | wadyane sirna gusis | krodha grêng goraya | giro magra magalak | gumludhug swara kapyarsi | ngèbêki jagad | bantala gonjang-ganjang |[20]|

12. gênjat-gênjot jalanidhi ngombak bangkat | gunung gêng moyag-mayig | akasa mangampak | clèrèt barung liwêran | surêm soroting Hyang Rawi | angêmu susah | lir arsa syuh sirnanis ||

13. sèsining rat sru mirut maras sar-saran | kuwur kèwêran wingwrin | berawèng prabawa- |

--- 105 ---

nira sang yaksa raja | ajêg yèn ngajoni jurit | jagad lir bujad | kènjêk ing sang yaksaji ||

14. dyan jumangkah yaksa raja jlêg wus prapta | ngarsa sang nindyamantri | kagyat Sang Sucipta | myat warnèng yaksa raja | naratab ing tyas masmujrih | tantara mojar | buta apa sirèki ||

15. têka anèh warnanta lan rowangira | ngakua mupung urip | kasèp yèn wus lena | gumuywa sri druhaka | lan nabda hèh ko awani | ngucap mangkana | wruhanta sun yaksaji ||

16. kang ngadhaton ing graning wukir sikara | Kaladruhaka bisik | kang nyêngkêr Sang Rêtna | Manindra sutèng wipra | balik apa ta sirèki | Prabu Jiwanda | kang ngalap garwa mami ||

17. yèn sanyata samêngko Rêtna Manindra | ingsun pundhut saiki | lamun tan ngaturna | ajur kuwandanira | Sang Sucipta datan angling | dyan narik katga | gêcros nuduk mawanti ||

18. nitir wantêr ing sira sang yaksa raja | ananging tan ngundhili | guguk guyunira | Sang Sri Kaladruhaka | lan nabda kêndêl sirèki | wong tanpa ngrasa | gêdhemu sakêmiri ||

19. tinakonan tan maluya narik katga | wanti-wanti anitir | paran pangiranta | kêrismu mung sasada | dadak adrêng anyuduki | Patih Sucipta | saya liwung manitir ||

20. dangu-dangu sang yaksa Kaladruhaka | srira karasa kêri | makêkêl gumuywa | Patih Sucipta mêksa | tan kèndêl dènnya nuduki |

--- 106 ---

sigra ginêtak | kabur kabapan kadi ||

21. pêsating kang punglu sing wuluh sanjata | dadya tiba kêbanting | tibèng jroning pura | sira Prabu Jiwanda | duk nêdhêng nungku sêmadi | nèng sandyasana | kagyat sang sri miyarsi ||

22. ana swara gumêbrug ing panataran | sigra sang sri mangèksi | wruh lamun Sucipta | kantu kantakèng kisma | wus ngira lamun kya patih | katitih ing prang | binuwang ripu sakti ||

23. sêk pêngkarna sang nata mundhut sanjata | saradibya pinusthi | sarwi angandika | mring ri Rêtna Manindra | myang para parêkan cèthi | kabèh kewala | aywana ingkang kèri ||

24. umanjinga jroning gupit sandyasana | dupi sang pramèswari | myang para parêkan | sampun tumamèng sanggar | pintuning panti kinunci | dyan sri narendra | miyos saking jro puri ||

25. mung pribadi duk prapta ing panangkilan | mulat ana rasêksi | gung ruhur gambira | srira pitung prabata | gimbal jatha angajrahi | asru sêsumbar | swaragêng gêgirisi ||

26. o hah êndi rupane kang ambêk sura | kang mèt Dyah Manindradi | tan kulak pawarta | lamun Rêtna Manindra | bakal pramèswarinèki | sang kaswarèngrat | Kaladruhaka sakti ||

27. sèsiningrat makêtêr tistis sanitya | umyat kadibyan mami | nadyan pra jawata | tintrim wingwrin tan măntra | anukarta karsa mami | samêngko têka | manungsa majanani ||

28. payo

--- 107 ---

nuli amêtua băndayuda | ngadu kadibyan dadi | kadulu saktinta | singa kang lanang yuda | kasub kaswarèngrat yêkti | lulus wibawa | anggarwa putri adi ||

29. Sri Narendra Jiwanda dupi miyarsa | sêsumbaring dityaji | alon lumaksana | marêk arsa lumawan | lan langkapira cinangking | duk yun-ayunan | kagyat sang raksasaji ||

30. têka sira si gêdhe kêmiri prapta | maning ing ngarsa mami | sun sêngguh wus sirna | dadyawu kuwandanta | mangkya lêntrêng-lêntrêng nyangking | langkap warastra | baya arsa jêmparing ||

31. mêngko maning kang wus brastha sêrêngira | bayu sirna ngalêntrih | mungguh sun gêtaka | yêkti kontal malêsat | têkèng doh tibèng jaladri | măngsa bangkita | bali maning sirèki ||

32. Sri Narendra Jiwanda mangsuli sabda | hèh yaksaraja mami | dudu sinatriya | kang wus lumawan sira | wruhanta ingsun narpati | Garbasumăndha | Prabu Jiwanda mami ||

33. kang anggarwa Sang Rêtna Dèwi Manindra | mau ika pêpatih | patih sun wisesa | sun srahi mangku praja | samêngko ya maksih urip | atunggu pura | ngungun sang rêksasaji ||

34. lon wacana lagi iki ingsun manggya | ratu lawan pêpatih | kêmbar warnanira | nora siwah sakeswa | mung kacèk kêras lan ririh | samêngko paran | karsanira sang aji ||

35. apa sira nungkul ngaturkên sang rêtna | apa lumawan [luma...]

--- 108 ---

[...wan] jurit | sang nata maluya | sun arsa labuh wadya | nuhoni wajibing aji | dene sang rêtna | pètên yèn sun wus mati ||

36. babo-babo ladak ririh abanira | nanging grêgêtke ati | payo dèn kapara | ngarsa yèn arsa wruha | krodhaningsun ing ajurit | sigra sang yaksa | raja manaut wani ||

37. luput sang sri malumpat rikat lir kilat | ebat sang yaksa aji | dyan tinut saparan | wali-wali cinandhak | tan kacandhak gung ngendhani | pindha wayangan | dinuk ing tingal kèksi ||

38. duk sinaut amêsat kêsit kaliwat | wringutên sang yaksaji | ingêsuk sang nata | arsa rinukêt ing prang | duk parêk arsa pinusthi | rikat sang nata | ditya ginitik dening ||

39. langkap kêna mukane sumaput rêbah | jêrbabah ing pratiwi | tangi triwikrama | sarwi gêro goraya | orêg rug kang bumi gonjing | sigra sang nata | ginêtak tibèng têbih ||

40. sang yaksendra sêsumbar lêbur angganta | măngsa wurung wor siti | sang nata wêntala | mung kantêp sawatara | wungu angêmbat jêmparing | sampun lumêpas | nujwèng jaja yaksaji ||

41. tan tumama tiba kantu ing bantala | samantara atangi | sarira kêlaran | sang sri yaksa sru duka | ngêtog kadibyanya dadi | amêsu budya | matêk măntra mawêrdi ||

42. mêtu ingkang gêgrêmêtan neka warna | saking tutuk anggili |

--- 109 ---

pindha ampak-ampak | ampuh amawa wisa | duk parêk sang sri udani | yèn sang yaksendra | masang kêmayannèki ||

43. dyan sidhakêp umênêng ngêningkên cipta | mêtyakkên angin-angin | mêsês bayu bajra | nêmpuh gêgrêmêt sirna | tantara têka makêthi | kang sato wana | maneka warna tuwin ||

44. sarupane sato kewan kang rumangkang | saking tutuk yaksaji | samyanggung gambira | sêdyarsa amarwasa | maring Sang Jiwanda Aji | dupi wus cêlak | nata umênêng malih ||

45. tan antara mêtu gêng kang bayu bajra | nêmpuh sato wanadri | sirna sanalika | katub ing marutarda | ngungun yaksendra mangèksi | pangabarannya | cabar kabèh tan dadi ||

46. dyan amêsu budya dadya dahanarda | saking sarira mijil | murub ngalad-alad | yayah ngayuh ngawiyat | prayitna Sang Jiwandaji | nyipta we marta | lwih adrês ing wiyati ||

47. tan antara sirêp punang dahanarda | maras tyas sang yaksaji | ngira lamun arsa | kêtitih madyèng rana | nanging mêksa tan gumingsir | marma mangkana | maksih ana kang kèri ||

48. kamayane pamungkas ran Windasara | iku luwih pramati | singa kang kataman | lumpuh sarira lêsah | tyas kisruh sumaput yêkti | datan panon rat | tan antara ngêmasi ||

49. dyan amêsu yaksendra sarwi sêsumbar | babo Sang Jiwandaji | aywa bungah-bungah | dumèh bangkit anulak |

--- 110 ---

sagung pangabaran mami | mêngko rasakna | pamungkasing kasaktin ||

50. mêngko yèn wus kataman kamayaningwang | yêkti liwung sirèki | kêna sun galandhang | maring kayangan ingwang | sun siksa sun èksi-èksi | lan ingsun karya | pangewan-ewan yêkti ||

51. tan antara pêtêng dhêdhêt lêlimêngan | jagad kêmput katawis | amawa prabawa | kêkês karasèng angga | sêntosa Sang Jiwandaji | narik warastra | saradipa sinidhi ||

52. byar katrangan kèksi Sang Kaladruhaka | mara arsa marpêki | awas Sri Jiwanda | gya mênthang saradibya | lumêpas panah ngênani | jangganing ditya | kapisanan ngêmasi ||

53. srira rêbah gumêbrug tiba gya muksa | suka Sang Jiwandaji | wusana rumasa | nadyan jumênêng nata | wus ijèn datanpa kanthi | apa karyanya | luhung amurwèng lalis ||

54. dyan sidhakêp umênêng amuntu cipta | păncadriya tinarik | tantara wus muksa | sarêng sakratonira | sirna wus tan ana kèri | pulih waluya | arga sunya kaèksi ||

Tancêp kayon

 


§ (1840). (kembali)
Tanggal: sanga (9) Mukaram (Sura) Be: sèwu dhomas catur dasartati (AJ 1840). Tanggal Masehi: 21 Januari 1910. (kembali)
angganing. (kembali)
Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: Kèn Manindra waspanira drês mijil. (kembali)
sutèngsun. (kembali)
ditya. (kembali)
Kalapancuri. (kembali)
Sang. (kembali)
nujwèng. (kembali)
10 para. (kembali)
11 biyada. (kembali)
12 kadulu. (kembali)
13 ngênglêng. (kembali)
14 sunaring. (kembali)
15 angrêrangin. (kembali)
16 pasangrakiting. (kembali)
17 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sang wiku lon aturira. (kembali)
18 raharja. (kembali)
19 pantês. (kembali)
20 Biasanya guru lagu i: bantala gonjang-ganjing. (kembali)