Sitijênar, H. Buning, 1919, #436

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sèh Sitijênar

Pêthikan saking Sêrat Babad Dêmak, mêndhêt cariyosipun nalika Sèh Sitijênar sarasehan ngèlmi kalihan Kyai Agêng Dayaningrat, ing Pêngging, mawi rinêngga pocapanipun dening Radèn Panji Natarata, ing ngajêng Panci[1] Dhistrik Ngijon, Ngayugyakarta, lajêng pindhah nama Radèn Sasrawijaya.

Sêrat Sèh Sitijênar punika badhe kapacak ngantos satamatipun, sambêt-sumambêt kadosdene Sêrat Lokapala.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

1. Sinom

1. wuryaning sêkar sri nata | mèngêti dènnya manulis | nêdhak Sêrat Sitijênar | nujwari Jumungah Lêgi | wulan Sawal marêngi | ping nêmlikur tanggalipun | Wawu windu Kunthara | Kulawu ing wuku Langkir | sinangkalan gatra warna asthi budha |[2]|[3]

2. ya ta ingkang ginupita | sarisaking Majapait | wontên putraning narendra | kang mijil garwa paminggir | Dayaningrat wêwangi | garwanya Ratu Pambayun | ing Pêngging prajanira | tan arsa karèh narpati | nêdya blela mring karsa natèng Bintara ||

3. dhasare Pêngging punika | tilas kadhaton ing nguni | nagari Purwacarita | Kusumacitra aji |[4] babad wana rumiyin | duk masih dadya wana gung | ing mangke têmah arja | Sang Dayaningrat murwani | kiwa têngên janma nganggêp tuwanggana ||

4. malah kèh kang nganggêp raja | nging Dayaningrat tan apti | sadarpa gung kipa-kipa | sênêng karan Kyagêng Pêngging |

--- 4 ---

tumular cakrèng bumi | lama-lama tan kasêbut | dene pakaryanira | Kyagêng mêmulang sêmadi | ngêningakên sucipta yayah wong Buda ||

5. dhasar maksih gama Brama | kêlakuan Wisnumurti | mrih sêdhakêp suku tunggal | ngukut păncadriya pati | jro budi nora kalih | Pangeraning dhèwèkipun | saking adrênging karsa | Suksma sarupa jêng kyai | kasatmata wus yayah Mayonggaseta[5] ||

6. marma kondhang janaloka | tumutur tumular warti | Kyagêng Pêngging sudibyèngrat | tega pati rila rukmi | bèr boga wastra adi | dana mili rintên dalu | warnanên wali murtat | ngalam kadariyah mangkin | asal wêrjit kasêbut Sèh Sitijênar ||

7. mirêng warta cocoging tyas | kêlakuanira Pêngging | sukarda marwata suta | Sèh Lêmahbang yun kapanggih | wisata glis wus prapti | jujug masjid tata lungguh | kyagêng rinoda paksa | sêsalaman cara santri | rêraupan Sitirêta pasrangkara ||

8. kyai [kya...]

--- 5 ---

[...i] kula langkung bingah | paduka mangeran budi | ngêningkên sajuga karsa | kagyat kyagêng tanya aris | sintên dika kêkasih | lan ing pundi wismanipun | sumaur kang tinanya | kyai kula Sèh Sitibrit | nguni băngsa sudra mangke manjing madya ||

9. antuk darajad sêsêngkan | kula dèn wastani wali | sanès lan jênêng paduka | run-tumurun trah narpati | pramodèng tanah Jawi | bangsawan lêluhuripun | ing mangke têmah nistha | dhêdhukuh dadya wong tani | anèng ngriki babad nandur palawija ||

10. amba kumacèlu nêdya | panggih lan andika kyai | wus lami antaranira | kalêksanan lagya mangkin | pêrlunipun nêdyapti | dika kula bukak kawruh | samya ngabên sasmita | darêdah timbuling yêkti | yèn sami wong wicaksana boya merang ||

11. botên isin muruhita | sukur pêthuking panggalih | sarujuk tekad sajuga | ngantêpi ciptaning budi | sanadyan dadya glali | ajur mumur anglir glêpung |

--- 6 ---

kêncêng madhêp tan oncat | labêt ngukuhi pamanggih | lah sumăngga samya mragad babon seta ||

12. kinarya wuduk lêmbaran | Kyagêng Pêngging wus dhawuhi | parentah olah rasulan | praptèng surup surya mranti | sumaji-saji mori | tigang kacu karya tutup | sinung dalêming langgar | lênggah nèng ngèmpèr wong kalih | nglairakên pasêmon Buda lan Islam ||

13. kang kinarya nganti wayah | Kyagêng Pêngging jarwa ngênting | kabèh kawruh Buda waka | Sèh Sitijênar nampèni | gya ngandhar ngèlmu wali | têrus têrang runtut urut | Dayaningrat wus tămpa | nyipta kabèh tan nalisir | mung basane têmbung Ngarab lawan Jawa ||

14. dangu wahyaning sajarwa | praptèng wanci lingsir wêngi | saking ngèmpèr manjing langgar | gêgandhengan wong kêkalih | mori ginêlar nuli | Sitijênar lunggyèng kidul | majêng ngalèr susila | kyai agêng lênggah mungging | êlèr majêng mangidul ayun-ayunan ||

15. susila adu wadana |

--- 7 ---

Sèh Siti kang tanya kyai | pundi kang murba masesa | Kyagêng Pêngging tan udani | Lêmahbang dèn takoni | pundi palawangan layu | Sitijênar tan wikan | gya anggalih tekad sami | lamun têmbe kyagêng manggih klowong dunya ||

16. Pangran Jênar kipa-kipa | sarwi ngandika mring kyai | puniku salah satus grat | kyagêng pasrangkara malih | punapa manjing sêpi | yayah duk dèrèng tumuwuh | Sitijênar anjola | sayêkti salah sèwu mil | kyagêng nabda lah punapa malbèng rasa ||

17. ingkang jumênêng pribadya | umanjing sir dadya mani | tumrah kunthari-kunthara | sèwu dina mangan gêbing | srundènging jisim mami | Sitijênar saya jêpluk | têmah kyagêng narima | nyuwun bengat Sèh Sitibrit | sinung jarwa uninong uning anana ||

18. Kyagêng Pêngging sampun tămpa | ananging dèrèng nyanggêmi | maksih binudi ing nala | Sitibang têtanya pundi | palawanganing pati | Kyagêng Dayaningrat dumuk | Sitijênar wus tămpa |

--- 8 ---

uga ta maksih binudi | nulya mêdal ambêng wuduk bumbu lêmbar ||

19. ingkung babon gya pinurak | pinothèng-pothèng mrih wradin | samya mahyakên sasmita | Sèh Lêmahbang Kyagêng Pêngging | Sitijênar angambil | sirah ayam sarwi muwus | iki klowongan dunya | kyagêng ngasta Ngadbumdambi | apa iki kadhatone rasa mulya ||

20. Sèh Jênar nyandhak jêroan | apa iki susuh angin | Kyagêng Pêngging surakatan | asta mubêng mobat-mabit | ngêbuti asta kalih | pan juga mati kakêbut | gumujêng kalihira | sadaya puniku silip | uning anong sajati-jatining laya ||

21. têlung bêngi têlung dina | Sitijênar anèng Pêngging | kathah dènira jêjarwa | ênting surasaning kawrin | Ngarab kabudan yakin | ing sangkanparaning rujuk | dupi wus kasat mata | Sitijênar nulya pamit | wus kapungkur Kyagêng Pêngging brăngta laya ||

2. Asmaradana

1. sasampunnya Kyagêng Pêngging | tampi sasmitèng oliya | Pangran [Pa...]

--- 9 ---

[...ngran] Lêmahbang jarwane | sêtyambêg tyas martotama | kawruh muksyaning ăngga | bangkit jèrèng bangkit ngêjum | têmah sirna marang iya ||

2. iya janma kang kakiki | wujud kakiyamul kodrat | jumênêng anane dhewe | suksma manuksmèng kawula | kawula nuksmèng suksma | napas sirna manjing suwung | badan lêbur wor bantala ||

3. ananing Allah wit dikir | dikir pana ing dat sipat | asma apngaling Hyang Manon | gumulung dadya antaya | rahsa ing dhèwèkira | iya sira iya ingsun | mosik jumênêng dat mulya ||

4. jroning ngalam kabir sahir | kene kana nora beda | amung manungsa anane | Kyagêng Pêngging Dayaningrat | wani nglairkên tekad | Allah majas wujud palsu | kakikine saking asma ||

5. asma manungsa sajati | mêngku sipat kalih dasa | Buda Islam sampun awor | wujud juga loro asma | angèle wus waskitha | gampang kasampar kasandhung | Kyagêng

--- 10 ---

Pêngging wus pranawa ||

6. wong anèng nusapadèki | mung mêngku kalih prakara | ala kalawan bêcike | urip jodhone pralaya | Gusti lawan kawula | nanging Kyai Pêngging tambuh | wong mati tan ngrasa laya ||

7. urip datan ngrasa mati | bêcik datan ngrasa ala | lêbdèng jiwa nora manggon | mangkono kawruh ki jaksa | midrawèng cakrawala | tan ngupa kamulyan layu | urip sumarah ing karsa ||

8. nguni jarwanya Sitibrit | kaanan bumi akasa | sagarardi saisine | cêcukulaning buwana | gumlar hawa maruta | surya căndra susup-susup | ananing manusa tama ||

9. Allah dudu Joharmanik | dudu jisim budi rahsa | sahadat puniku palson | marma kyagêng arda nrima | wêwarah para siswa | kathah wong mănca sumungsung | kusung-kusung yun satmata ||

10. sadaya kajarwa yakin | mêjang ngêblak blaka-suta | sirna wadi tanpa tèdhèng | nora slamêtan rasulan | ulês [ulê...]

--- 11 ---

[...s] sêsuci toya | singa mara sinung kawruh | ngèlmu wadining bawana ||

11. nora sadat baya dikir | angandhar nyataning pêjah | urip nèng dunya kanthane | lakune kasêdul sadat | pinalsu napi isbat | dikir myang sêmbahyang apus | kajarwakkên mring sakabat ||

12. mila murid ingkang tampi | wêjang sami kadariyah | nyirnakkên Allah wujude | nganakakên asmanira | tansah dèn anggêp ora | kabèh-kabèh saka ingsun | saksi saka sapêpadha ||

13. Kyai Dayaningrat Pêngging | putus pramèng kawruh dunya | ngakerat dunya ênggone | swarga nraka anèng dunya | Gusti kawula dunya | pati urip dunya amung | lah sumăngga kagaliha ||

14. mantêp kêncêng budi siji | Kyagêng Pêngging munah laya | wus tan mèngèng satikswèng dom | dènnya mancah pra agama | Buda Islam dupara | gama para sêdya palsu | rêraton angayawara ||

15. kasêdul sangkaning bayi | praptèng tuwa [tu...]

--- 12 ---

[...wa] manut rowang | saka kumpulaning rare | tuwa kumpul padha tuwa | kajarwa asma sunya | wujud ngamandaka palsu | tan wruh wandane gusthika ||

16. tuhu nuksmèng tyas utami | Kyagêng Pêngging sudibyèng kak | ing gunardika rèh layon | putus kartining pralaya | ing kene kana kêna | sirna pambudi wus liwung | santosa tyasnya nirmala ||

17. tuhu wicaksana murti | pramana mangulah prana | păncadriya pirantine | paningal gănda pamyarsa | pangucap kumpul juga | tajêm tumêmpuh lir punglu | dera mèt kawruh sutama ||

18. dhasar putus byuha murti | sadaya kaanan jagad | saking manusa anane | manusa padha manusa | dene ratu lan wadya | nata rintên ratri bujuk | dora kang tanpa wasana ||

19. sigêgên kang dibyèng kawrin | warnanên Sultan Bintara | wus asring tampi pawartos | putra pangarsa narendra | Sinuhun Brawijaya | pambajêng Ratu Pambayun | ginarwa Ki Dayaningrat ||

--- 13 ---

20. akêkutha anèng Pêngging | tan ngidhêp marang Bintara | malah angirupi uwong | kathah samya muruhita | kawruh mukswaning ăngga | nanging pamêdharing ngèlmu | nyulayani pra oliya ||

21. mangrusak gumlaring dinil | mustapa nayakaningrat | kang yun kanggo salamine | praptaning dina kiyamat | durung têkan mèh rusak | anyênyampah buka sintru | miyak wadining bawana ||

22. wus gumlar nêmbah Hyang Widi | sarengat Nabi Mukhamad | dadya ling-aling kemawon | mangkya Kyai Dayaningrat | migêna gama Islam | maido saraking Rasul | kangjêng sultan langkung duka ||

23. gya nimbali Dyan Dipati | Wanasalam sêsingidan | lan pangulu kêtib anom | wus prapta sumaos ngarsa | ngandika jêng pamasa | paran paman wartanipun | ing Pêngging ana punapa ||

24. kyana patih matur aris | dhuh sinuhun tadhah duka | lêpat dèrèng tampi wartos | kajawi raka paduka | Jêng Kyai

--- 14 ---

Dayaningrat | ing Pêngging tan wontên sujud | marang jêng paduka nata ||

25. mung ngantêpi dadya tani | wis mananêm palawija | kêdhik sujananing batos | narendra malih ngandika | bênêr aturmu paman | mangke mêntas anggêguru | mring wali Sèh Sitijênar ||

26. wusnya tămpa wêjang ngèlmi | mangkyambêg durtèng agama | mring karsa Allah maido | malah lumrahing pawarta | ing Pêngging ngaku Allah | tekad kadariyah junun | tinggal sudarsanèng Kuran ||

27. anyênyampah ngisin-isin | mring mardika wali sanga | jênênging kraton maido | mêmoyok yayah duskarta | masjid minulya arja | narik susilayu patut | ngidhêp dhawuhing dat mulya ||

28. mangke kakang Pêngging tingkin | rumojong ardawalepa | culikèng jagad ayune | ngèlmu wus ngămbra midrawa | ing mănca desa liya | kondhang kasumbagèng catur | dènnyambêg sêtya parasdya ||

29. patih manawa manawi |

--- 15 ---

mindaka karaton mulya | jêr padha warising katong | pama gêni arsa ngămbra | bêcik siniram toya | sarana prajurit nglurug | Pêngging cinêkêl ngayuda ||

30. patih matur adhuh gusti | sampun kapukul ngayuda | nistha jênênging karaton | botên mèmpêr satus yuta | punika wong dhêdhêkah | botên ngrakit umbul-umbul | mung nglanggar sarak agama ||

31. kalêbêt prakawis sipil | manawi parêng karsendra | tinimbalana kemawon | kang kalihan dhawuh krama | mamrih kerit sumewa | nata sarujuk gya nuduh | mantri kalih lumaksana ||

32. tan kacrita anèng margi | praptèng Pêngging jujug langgar | panggya kyagêng lênggah ijèn | mantri prasaja yèn duta | saking nagri Bintara | kautus ingkang sinuhun | paduka kyai ngandikan ||

33. mring Dêmak panggih lan aji | kerita salampah kula | Kyagêng Pêngging manabda lon | hèh duta sakêthi nrima | katimbalan narendra | lah punapa [pu...]

--- 16 ---

[...napa] pêrlunipun | kula tan darbe prakara ||

34. wontên ngriki nanêm gagi | babat wana ngupajiwa | atas karsane Hyang Manon | yèn mêdal tanêman kula | jagung kênthang katela | kula têdha lan Hyang Agung | ingkang paring prentah gaga ||

35. tatkala macul lan gusti | ngundhuh-undhuh lan Pangeran | mangke sapadhaning uwong | nimbali marang Bintara | ngriki wontên punapa | mung pangran lan asmanipun | kang boya pisah sarema ||

36. dene kula dèn timbali | mêsthi mopo botên arsa | yèn botên kalih kang momong | sanadyan purun kawula | yèn kang momong tan arsa | paran gèn kula lumaku | mila tangèh nêdya seba ||

37. andika matur narpati | makatên wangsulan kula | Kyagêng Pêngging botên mopo | nanging kang momong tan arsa | nulya duta pamitan | kyagêng manthuk wus lêstantun | tan lama praptèng Bintara ||

38. laju sowan sri bupati | mantri dwi matur prasaja |

--- 17 ---

Kyagêng Pêngging wangsulane | ing purwa madya wusana | kagyat sri naranata | pamopone masang jalu | kaya gadhungan kandhangan ||

39. nulya nimbali kya patih | kerit pinaringan wikan | ngungun dyan patih ature | pukulun sri naranata | lamun parêng karsendra | amba piyambak kapangguh | kalawan raka paduka ||

40. amba sandi tiyang alit | nglugas sumbaga lir sudra | bêkta kanthi sapantêse | lan amba sagêd migêna | punapa kang kinarsan | barès tuwin botênipun | rujuk narendra ngandika ||

41. yèn mangkono patih bêcik | sira dhewe kang kapanggya | cukup sakarampungane | lan iki sun wèhi sual | têlung bab dèn jawaba | wus katampèn dhawuh prabu | patih nulya lumaksana ||

42. mung kanthi punakawan tri | wus lêpas tantara lama | praptèng Pêngging têtanya lon | mring wong macul anèng latar | tur wruh kyagêng nèng langgar | èwêt lagya imbal wuwus | lan kang murbèng [mur...]

--- 18 ---

[...bèng] dhèwèkira ||

43. kagyat kya patih duk myarsi | wangsulane wong kathokan | patitis têmên wuwuse | dyan patih laju mring langgar | uluk salam ping tiga | kyagêng minggu tan sumaur | patih nulya malbèng langgar ||

44. lênggah kyagêng tan kaèksi | rèh kaling-kalingan gubah | kang mindha myak klambu dongong | anon cahya lir purnama | ngawêngi tuwanggana | kya patih pasrangkara rum | hèh Allah kula utusan ||

45. ingutus Hyang Maha Sukci | kang mêngku kraton Bintara | panggih lan dika Hyang Manon | kang majênun dhèwèkira | nolèh kyagêng nupiksa | mring têtamu ingkang rawuh | manthuk-manthuk guladrawa ||

3. Dhandhanggula

1. sêsalaman kyagêng lan kya patih | wusnya samya atur karaharjan | Kyagêng Pêngging lon wuwuse | hèh duta kula yun wruh | jarwanira andika angling | kodhêng manah kawula | paran têgêsipun | andika ngaku utusan | ingutus Hyang Maha Sukci kang bawani | karaton [kara...]

--- 19 ---

[...ton] ing Bintara ||

2. kinèn panggya Hyang Manon nèng ngriki | kadipundi niku jarwanira | patih tanggap gya anjèrèng | makatên têgêsipun | kangjêng sultan sipat kawadis | barang polah sadarma | atas karsanipun | Hyang Maha Sukci jro jiwa | artènipun budiku kalangkung bêcik | tan rêkasa tan lara ||

3. laju praptèng ngriki nglêksanani | panggih lawan andika Hyang Suksma | natèng Dêmak lantarane | makatên jarwanipun | ngrika-ngriki botên salisir | nadyan ingkang dinuta | tan beda jronipun | nadyan sipat anyar karsa | nanging lamun Maha Sukci botên apti | raga tanpa budaya ||

4. kyagêng manthuk rèh mêthuk ing galih | wus anyakra duta wong bijaksa | katara sangkêp wuwuse | sumèh netyasmu angkuh | kadukmadu têmbung mlas-asih | rumêngkuh tur sumanak | mangkana turipun | dhuh kyagêng atur kawula | nglêganana paduka dipun timbali | kang sumrih mangun wirya ||

--- 20 ---

5. rayi paduka jumênêng aji | darbe sudara nèng madyèng wana | dadya dahat kogêl tyase | wah malih rinta prabu | mangkya mirêng pawarta yakin | paduka ngaku Allah | tur kinarya umuk | mêjang mring wong măncapraja | yèn kêlantur manawi ngrisak agami | tan yogya linampahan ||

6. para janma ingkang sampun tampi | paring tuwan kawruh ngaku Allah | kathah kasasar tekade | ngrêrêsahi kartayu | têmah ngămbra durtèng pakarti | kèh datan ajrih siksa | nrak pêpacak bagus | juti culika kang ngrêbda | Kyagêng Pêngging mangsuli kula tan apti | tinimbalan narendra ||

7. kula amung dhukuh nandur pari | palawija saananing desa | de sri nata ganggu gawe | wong mêdharake kawruh | kadarbe wong kang ulah budi | mung kang sênêng kewala | kita anênuntun | toya idêr mrika-mrika | punapa ta ratu nglarangi wong mirit | jêr sênênge priyăngga ||

8. lawan malih bumi langit niki | dede [de...]

--- 21 ---

[...de] darbèke sri naranata | yêkti duwèke wong akèh | darbèke ratu amung | pajêg rèhne wus gawe dhuwit | wangsul isining jagad | wong akèh kang ngaku | mila ngong boya kabawah | tan kaprentah kêjaba ingsun pribadi | sajroku ana Allah ||

9. gih punika kang kula lampahi | rintên dalu rèh dhawuhing manah | kang kulèsthi sapakone | jêr yèn budi tan ayun | raga kula tan bangkit mosik | jumangkah kadung tuna | nir budayanipun | dene yèn kaparêng manah | nadyan cape nêdya munggah gunung Mrapi | sayêkti kalêksanan ||

10. sampun ingkang dhatêng Dêmak nagri | yèn wus parêng lan budi kawula | ing Bintara pintên dohe | Mêkah Madinah tutug | gih punika wong dadi abdi | wrat dhawuhing bandara | mopo tan pikantuk | sêdene dhawuhing Allah | lamun cipta tan arsa lamun nglakoni | yêkti tan dadi bahya ||

11. mila barang tingkah polah mami | amung cumadhong dhawuhing [dha...]

--- 22 ---

[...wuhing] manah | wusana dika kinèngkèn | nimbali marang ingsun | nanging manah kula tan apti | yêkti arda lênggana | rêmuk dadya glêpung | boya singlar ciptèng driya | duta matur yèn makatên karsa kyai | datan yogya pinanggya ||

12. ratu punika ratuning bumi | kinawasa masesa midana | mring wong kang awon lampahe | tamtu dadya panuntun | wrata wong tan wêdi Hyang Widi | budi dèn akên Allah | kasasar kalantur | bênêr ijèn salah kaprah | kêdah manut kang kaprah lakuning urip | dados nama mupakat ||

13. kukuh kuwat kathah kumpul budi | santosa dunya praptèng ngakerat | ringkih manungsa kang nylênèh | sapintên bangganipun | otot kawat balunga wêsi | kulit waja malela | botên sagêd kukuh | kawon kathah marma kula | sangêt matur mugi sowana sang aji | dhasar sudara tuwa ||

14. dhawuhipun rinta sri bupati | yèn paduka kêkah ngaku Allah | kula kinèn maringake | cangkriman warni têlu | salah juga kinèn [ki...]

--- 23 ---

[...nèn] ngêcupi | sukur tri bangkit buka | kyagêng manthuk-manthuk | angandika kayaparan | pralambange yèn kula sagêd ngêcupi | lah mugi kalairna ||

15. duta matur pralambang narpati | tigang pasal kapurih batanga | urip pundi panggonane | kang kaping kalih ngèlmu | lah ing pundi kang nama ngèlmi | pasal kang kaping tiga | ingkang ngajak turu | punika wujud punapa | Kyagêng Pêngging Dayaningrat mèsêm sarwi | mancas ponang cangkriman ||

16. ingkang nama ngèlmu kawruh mami | kang botên katingal kasat mata | pami Dêmak saking kene | puniku nama ngèlmu | dene pasal kang kaping kalih | pundi paggenan gêsang | uninong ananung | cangkriman pasal ping tiga | pundi ingkang ngajak nendra jarwa mami | tirtane kang nirmaya ||

17. banyu kayat têmbung wong Ngarabi | nguni kang dèn upaya Sang Sena | banyu prawita budane | mênggah panggenanipun | uning anong uning ananing | sumăngga kaaturna | lêrês lêpatipun |

--- 24 ---

kawula nyuwun katrangan | duta nabda lêrês lêpat bab puniki | kilap karsa narendra ||

18. botên langkung kang kaèsthi-èsthi | prapta tuwan pinarak ing Dêmak | samya pêpanggihan barès | rèhning sami sadulur | lami enggal tan dèn wikani | de paduka lênggana | têngga karsèng kalbu | angantèni dhawuh cipta | gih punika sumêlanging manah kami | yèn rinta salah tămpa ||

19. bokmanawi ginalih ngregoni | gêmpal têntrême kraton Bintara | awit paduka yêktine | cêtha atmaja ratu | botên elok tuwan dadya ji | bodho mokal dupara | tur putra pambayun | mangkya karsa mêdhar rasa | bokmanawi wontên kang ngadon-adoni | tamtu dadya rubeda ||

20. lah makatên kewala jêng kyai | sae mundhut inah tigang warsa | kinarya sêsandi bae | kawula ingkang nanggung | nanging yèn wus tri warsa nuli | paduka asowana | kapanggih sang prabu | kyai agêng maksa kêkah | sampun [sampu...]

--- 25 ---

[...n] ingkang sakit nadyan praptèng pati | kêncêng madhêp tyas kita ||

21. sajatine kawula wong mati | sabên rintên ratri pati suda | nèng dunya pira lawase | dangu manira idhup | mantuk malih mring asal urip | pati sugih duraka | siksa nraka agung | wangsul benjang yèn wus gêsang | tanpa petang langgêng ing salami-lami | kagyat rêkyana patya ||

22. kadospundi sabda dika kyai | sapunika ingaranan pêjah | benjang idhup salamine | punika têmbung klèntu | kyagêng muwus lêrês wong Pêngging | mangkya ingaran gêsang | benjang aran layu | puniku santri musibat | mêndêm tabat ngarêp-arêp durung pêsthi | lah duta gih mundura ||

23. sigra pamit datan dèn wangsuli | palarasan tan cinitrèng marga | prapta Bintara ge-age | sowan byantara prabu | kyana patih matur sang aji | dhuh pramudaning dunya | wisatamba sampun | panggya Kyagêng Dayaningrat | animbali mopo tan purun samangkin | kula paringi lambang ||

24. tigang pasal anulya

--- 26 ---

dèn cupi | tumarêcêp cocog tanpa cacat | cêtha cocog cêpêngane | malah purun andumuk | dhatêng sêngkêrane pra wali | de patrap kêlakuan | mung yayah majênun | botên karya sumlang praja | nanging mênèk amopo dipun timbali | amba purih angrêmbag ||

25. kula turi inah tigang warsi | nuli sowana yya tinimbalan | sabên-sabên dadi gawe | saking pamanah ulun | benjang lamun tumêkèng jangji | tri warsa botên seba | gampil krenahipun | nata dhangan galihira | jêng pamasa ngandika hèh patih uwis | mundura gênti karya ||

26. nahên wontên wali ambêg luwih | nguni asal wêrjid băngsa sudra | gyantuk wêwênganing tyase | tarbukanirèng kawruh | Sunan Benang ingkang murwani | tatkala mêjang tekat | muruk mirit kawruh | ring Jêng Sunan Kalijaga | nèng madyaning rawa nitih giyota di | Sitibang antuk jarwa ||

27. mila mangkya tyasnyarda kalair | umahya tekat ro jabariyah |

--- 27 ---

kadariyah mangsut tyase | andhaku datullahu | budi eling dèn anggêp gusti | pangeraning manusa | sinipat rongpuluh | maujud kidam lan baka | mukhalaphah lilkawadis nyulayani | gumlarnya barang anyar ||

28. kodrat iradat jumênêng ngèlmi | kayat samak basar lan kadiran | muridan ngaliman kèhe | kalih dasa ginulung | rumakêting budi lêstari | têgêse wujud mutlak | dadya dat ranipun | tan wiwitan tan wêkasan | nora sangkan nora paran ngenal yakin | ing tekat sipatullah ||

29. Sèh Sitibang manganggêp Hyang Widi | wujud kang nora katon satmata | sarupa kadya dhèwèke | ingkang sipat maujud | lir wêwujud glêgêr tan kalih | warnarja tanpa ceda | mulus alus lurus | kang nyata tan wujud dora | lirnya kidam dhihin jumênêng tan kèri | saking pribadinira ||

30. băngsa baka langgêng tan antawis | nora rumakêt lara kapenak | jumênêng nèng kana-kene |

--- 28 ---

tan ika datan iku | mokallapah lil kawadisi | pradikane prabeda | lan sakèhing wujud | barang anyar gumlaring rat | nyulayani sipat antero dumadi | jroning bumi akasa ||

31. têmbung kodrat kuwasa pribadi | nora ana kang mirip kang madha | tanpa prabot kuwasane | ngadam praptaning wujud | jaba jêro selak sawiji | iradat têgêsira | karsa tanpa ngrêmbug | ngèlmu ngawruhi kaanan | ingkang pisah saking păncadriya têbih | ngungkuli punglu tinggar ||

32. kayat urip sarana pribadi | tinêtêpkên kayunnya sanyata | nora nganggo roh uripe | tan mèlu lara lêsu | sirna bungah miwah prihatin | jumnêng sakarsa-karsa | yeka kayat kayun | Sèh Sitijênar waskitha | waskitha trang têtela janma linuwih | marma ngaku Pangeran ||

33. salat limang wêktu puji dikir | prastawèng tyas karsanya pribadya | bênér luput tămpa dhewe | sadarpa gung têrtamtu |

--- 29 ---

badan alus kang munah karsi | ngêndi ana Hyang Suksma | kêjaba mung ingsun | midêr dunya cakrawala | luhur langit sapta bumi durung manggih | wujudnya dat Kang Mulya ||

34. ngêndi-êndi kabèh sêpa-sêpi | ngalor ngidul ngulon ngetan têngah | kana-kana mung nèng kene | kene wujudku dudu | nanging jroku awangwung sunyi | isi daging jêroan | rêrêgêd dalêmku | dudu jantung dudu utak | ingsun ingkang pisah lir culing jêmparing | Mêkah Madinah ngambah ||

35. dudu budi angên-angên ati | dudu eling pikir dudu niyat | hawa napas paran dede | suwung lan wangwung dudu | wandaningsun jisim kawadis | tan wun dadya gusthika | bosok mawor lêbu | napasku midrawèng jagad | bumi gêni banyu angin mulih asli | yeka anyar sadaya ||

36. wangsul ingsun dad kang nuksmèng wadi | pangeranku sipat jalal kamal | nora karsa salat dhewe | nora karsa dhêdhawuh | de wong salat pakoning budi | budi lanat musibat | tan kêna

--- 30 ---

ginugu | salin-salin parentahnya | mencla-mencle tak têmêni nora dadi | tansah ngajak durjana ||

37. jroning salat budiku mêmaling | jroning dikir budi nyidrasmara | kadhang melik amal akèh | seje datul guyubu | ingsun iki Hyang Maha Sukci | dat maulana nyata | kang layu kayapu | tan kêna kinayangapa | mila Sitijênar budi nuksmèng Widi | ngrusak gama mustapa ||

38. sadat salat puasa tan apti | sêdene jakat khaji mring Mêkah | iku wuwus palson kabèh | nora kêna ginugu | sadayèku durjanèng bumi | ngapusi liyan titah | sinung swarga besuk | wong bodho anut oliya | tur nyatane padha bae nora uning | seje ingsun Lemahbang ||

39. datan gugu prentah osik budi | jêngkang-jêngking nèng masjid ting krêmbyah | ganjarane besuk bae | yèn wus ngapal bathukmu | sajatine nora pinanggih | nèng dunya bae padha | susah samya mikul | lara [la...]

--- 31 ---

[...ra] sangsara tan beda | marma Sitijênar mung ngantêpi siji | Gusti dat maolana ||

40. kang sudibya gunardikèng budi | tur kang mêngku sipat kalih dasa | atas sabarang karsane | kawasa murwèng kawruh | jalal jamal kamal kaari | nirmala muka warna | yayah kwulanipun | wahyèng angga tan katara | sakti murti mumpuni liring dumadi | mindrawa mindraloka ||

41. yeka ingkang dèn anggêp Hyang Widi | Sèh Lêmahbang darmastutèng karsa | sumarah ing Hyang dhawuhe | tekat jabriyah kaglung | kadariyah wimbaning lair | madhêp mantêp tur panggah | kuwating pangangkuh | kukuh kasmala nirmala | angantêpi urip praptèng layu yakin | tan mangran budi cipta ||

42. ciptaning tyas Sitijênar maksih | wujudira inganggêp Mukamad | mêngku rasul sanyatane | Mukamad sipat kudus | anyar urip padha nganyari | rumakêt păncadriya | sajatine gadhuh | yèn wus pinundhut kang gadhah | dadi lêmah bosok mumur dadi najis | paran dadya

--- 32 ---

gandhulan ||

43. budi pikir angên-angên eling | tunggal wujud ngakal kênèng edan | susah bingung lali sare | budi kèh nora jujur | rina wêngi mangayuh drêngki | mrih arjane pribadya | rusaking lyan sukur | srèi paksa nrak durjana | tur gumunggung umuk têmah tibèng nisthip | ngalani wandanira ||

44. gêtun yèn wis tumibèng ing dhiri | seje dat wajibul mulyaningrat | mukaning budyayu kabèh | wandaning janma muhung | ana wujud karsa sawiji | iku bae tan bisa | nglakoni sadhawuh | loro manèh kuwawaa | lah ta êndi pisahe dat lawan budi | supaya janma nrima ||

45. Sèh Lêmahbang lumêkêt jatining | êndi sirnaning antaya mulya | dat kadimah budayane | dalilnya rama ibu | sah manganil kaos lirnèki | uculing jêmparing plas | gandhewane êmbuh | srengat tarekat kakekat | myang makripat palastha datan kabudi | datujalining wanda ||

46. rapal Allah tanpa warna kèksi | sajatine [sa...]

--- 33 ---

[...jatine] bingung êmbuh nyata | tan yun jumênêng sun wite | dadya musamanipun | jati asmanèng jalitani | tajumin kaulina | cukul rèh pamuwus | Mhukhamadan Rasulullah | wujud kapir sipat daging bosok mikir | mumur dadya bantala ||

47. dene kita nuksmèng dat linuwih | kang sadarpa sakti dibyèng laya | mendraningrat Pangerane | murba misesa ulun | sipat wahdaniyat sawiji | bisa langgêng ngambara | angungkuli punglu | dudu budi dudu nyawa | dudu urip tanpa sangkan saking pundi | tanpa paraning sêdya ||

48. dat sajati yayah wujud mami | tan rêkasa kodrat karsanira | mlaya saparan-parane | nora nglak nora lêsu | tanpa lara kalawan ngêlih | gunardikarsèngkara | tan drêng cipta luluh | lêbdane saking jiwangga | tan katara wahyanya nora nglakoni | panggya wus anèng kana ||

49. Sitijênar pamêngkuning urip | anèng dunya puniku pralaya | ri ratri layon ciptane |

--- 34 ---

purwaning kuna idhup | ngunadika Pangran Sitibrit | ngungun rumakêt pêjah | kèh nraka karasuk | laralapa adhêm panas | bunêg bingung risi susah jroning pati | seje urip kang mulya ||

50. idhup mulya jumênêng pribadi | nora lêlantaran babu bapa | sabarang karsane dhewe | tan asal angin banyu | bumi gêni kabèh kawadis | ngalap mring karusakan | kèh siksa tinêmu | malah jumnêng sipat anyar | ngothak-athik ngêthukkên panggawe silip | durjananing agama ||

51. punggung mudha wong kadhadhung budi | cipta iblis lanat pikir setan | angên-angên coba gêdhe | nênuntun marang dudu | wong kang tiba naraka api | saking panggèndèng driya | ngrakêt catur nêpsu | irêng abang kuning seta | pira-pira malêksa makêthi-kêthi | rumasuk mring jiwangga ||

52. gêtun têmên uripku ing nguni | têtêp suci tan kacakrabawa | tan arah tanpa ênggone | irêng bang putih êmbuh | ijo dadu biru lan kuning |

--- 35 ---

kapan sun bali marang | uripku rumuhun | wahyèng ati madyapada | kok mangkene rasane wong darbe ati | wong mêngku kayat anyar ||

53. kayun anyar kodrat iradati | ngèlmu samak basar lan ngaliman | ngrêkasa timên rasane | pănca pranawa kudus | kabèh wandaningsun sakalir | jro jaba nora ana | kang ginawa mantuk | kanggo uripku nèng kana | datan kêkah kabèh iki wujud najis | jêmbêr tur dadya wisa ||

54. warna-warna gumlar jroning pati | pati dunya ngrakêt păncadriya | nganggo kayat kayun kiye | cacah sipat rongpuluh | mèh kapencut dèrèng sun mati | panasaran mayuta | ing swarga nraka gung | kabèh iku kêna rusak | wujud bathang rêgêd arus amis bacin | cocog daliling Kuran ||

55. wa amanga malujewatuni | gumlaring alam dunya gusthika | lah bênêr têmên maknane | mayit pating bilulung | ngulon ngetan ngupaya dhuwit | busana wastra mulya |

--- 36 ---

sêsotya mas mancur | datan wruh kabèh gusthika | nunggang motor kreta bèndi iku mayit | prandene ambêg siya ||

56. wong dèn seba ngadhangkrang nèng kursi | sugih dhuwit wisma di rinêngga | bungah têmên panganggêpe | apa ta nora wêruh | barang gumlar dunya sakalir | yun pulastha wor kisma | prandene gumunggung | o wêlas têmên sun padha | nora wêruh ciri yèn wandane mayit | de arda kumawawa ||

57. drênging cipta jêng Pangran Sitibrit | kayun kayat mampir raganira | nyipta kasasar parane | dunya naraka agung | mêngku păncadriya kawadis | lumyat gumlaring jagad | surya susup-susup | ngèksi isining dunyarja | rajabrana dadya panggodhaning pati | marma tekat pulastha ||

4. Sinom

1. mudhambêg ulah jiwita | Sèh Sitijênar kaèsthi | mrêngkang saking wali sanga | jêmak kiyas dalil kadis | tumular nyakrawarti | kasup kasumbagèng catur | budyarda widayaka |

--- 37 ---

gunardika ngatas kawrin | kang cinipta dunya ingaranan laya ||

2. jroning pati swarga nraka | bêgja cilaka kapanggih | yèku gumêlaring dunya | cocog dalil Marakandhi | anal mayitikurbri | wayajidu kalibahu | satuhune wong pêjah | rumakêt jiwangga manggih | gêganjaran suwarga lawan naraka ||

3. iya iku sapunika | wus pira-pira nandhani | suprandene wali sanga | kabèh kaliru nampani | mangkya ingaran urip | besuk ingaranan lampus | măngka Pangran Lêmahbang | rintên dalu mardibudi | guna dibya ing kawruh mukswaning angga ||

4. muritnya Jênar sakawan | kang wus bijaksa kakiki | juga wasta Ki Bisana | Ki Wanataya kêkalih | Ki Canthula kaping tri | Ki Pringgabaya ping catur | puniku kang wus pana | pramanêm tekat sawiji | mantêp têtêp kamulyaning têmbe gêsang ||

5. dunya ingaranan pêjah | mêngku ala lawan bêcik | lara kapenak myang bêgja | cilaka [ci...]

--- 38 ---

[...laka] nraka suwargi | têtêp sajroning pati | marma kabèh kang wus gilut | ngrakêt kawruhnya Jênar | siyang dalu minta urip | tan kawawa nglakoni pati nèng dunya ||

6. kathah wong prapta anyiswa | sing mănca desa myang nagri | ngatas ajaran mulyarja | anom tuwa jalu èstri | rêraton ulah pardi | de wêwêjanganing kawruh | Lêmahbang mring sakabat | winruhkên purbaning urip | kaping kalih winruhkên plawangan gêsang ||

7. ping tiga panggenan benjang | urip langgêng tanpantawis | ping catur panggonan pêjah | ingkang linakon samangkin | lawan malih paring wrin | jumnêngnya kang Maha Luhur | dadine bumi kasa | para siswa ingkang tampi | kathah murit kang nglalu golèk prakara ||

8. liwung anèng marga-marga | yayah kunjana ambêg dir | lumaku tan gêlêm nyimpang | nekat nunjang ciptèng galih | mamrih karampok nuli | mulih marang têpêt idhup | tan bêtah anèng dunya | darpa ngupaya

--- 39 ---

yun panggih | samya gila sadaya mleja nukarta ||

9. ing pasar gègèr puyêngan | wong nekat jarag prakawis | amrih songkolan tabokan | pêpênthungan ngunus kêris | gya konjuk sri bupati | tumulya dhêdhawuh mikut | kacêkêl wus binănda | sakala lajêng sinêpir | anèng buwi mêksa anglalu pralaya ||

10. tur dèrèng nganti pinriksa | katranganirèng prakawis | dènira karya ruhara | sri narendra dhawuh malih | kinèn ngupaya murit | Sèh Lêmahbang kang majênun | yun kapriksa ingkang trang | dupyantara ari malih | nuju pasar ana catur sabat Jênar ||

11. karya dêrdah manrang krama | gya cinêkêl mring pulisi | Bintara wus tinalenan | katur ngarsanya sang aji | kapriksa paran marmi | murang silaning tumuwuh | mangsuli tanpa krama | angupaya dalan urip | nora kuwat nglakoni lama palastra ||

12. ingsun muritnya Lêmahbang | kang gunadika rèh ngèlmi | putus [pu...]

--- 40 ---

[...tus] duga lan watara | têtela ing dunya mati | jlèh bosên sun umèksi | gumlaring bangke ting blulung | mayit sapirang-pirang | ratu pangulu pêpatih | jaksa kabèh susawa têmah gusthika ||

13. pra oliya wali sanga | santri-santri kyai-kyai | barêng kabèh ora wikan | prandene mêksa ambêg dir | kumawawa wong mati | pinardi sêmbahyang sujud | manêmbah asma Allah | sajatine dunya iki | nora bisa wêruh sipatnya Hyang Suksma ||

14. guyub muritnya Sèh Jênar | murang kramane lêstari | èstri priya bêg bipraya | marma kèh prakara dadi | darêdah kadya baring | warna-warna ngupa layu | ana ngajak sudukan | tumbak pêdhang ciptèng ati | supayane mulih marang jaman gêsang ||

15. murit kang manêdya laya | ngumbar suwara nèng margi | marang tăngga-tangganira | mangkana wuwusnya murit | hèh kănca-kănca mati | andadèkna kawruhamu | sira kênèng pitênah | pambujuking wali [wa...]

--- 41 ---

[...li] mukmin | kang supaya ing rèh tan nganggo prabeya ||

16. samana Sultan Bintara | sadarpa ngungun ing galih | dupi kathahing prakara | sabên-sabên tampi warti | ing măncapraja dèsi | ana wong liwung rèh dudu | ngrusak arjèng pranata | ngayun pati lir punagi | wong kunjaran muritnya Sèh Sitijênar ||

17. dene ta sri naranata | tampi pratelaning patih | lapurnya pratinggi desa | wontên sukêrtartèng bumi | datan amrih punapi | mung ngupadi marga layu | sabatnya Pangran Jênar | nata gya ngandikèng patih | hèh ta paman sira anglakokna duta ||

18. caraka nrang kartibaya | sandi tarèk kabul ngèlmi | marang dhukuh Krêndhasawa | ring wisma Pangran Sitibrit | pêthuk myang slayèng kapti | dera kawruh ambêg guru | mahya wêjangan nasar | gèsèh ngadate lêluri | maturnuwun sandika rêkyana patya ||

19. anuding kalih punggawa | kang ahli rasaning ngèlmi | tur wong gunardi susastra |

--- 42 ---

surtining sêdya winangsit | sandika wisata glis | lêstari prapta ing dhukuh | wus panggya ngataskara | ing rèh lukitaning pamrih | Pangran Jênar sigra jarwa tanpa wrana ||

20. kathah panunggilanira | sêsarêngan tampi ngèlmi | dupi wus trang cakrawala | pamitan mantuk lêstari | tan antara nèng margi | praptèng Bintara cumundhuk | ngarsane kyana patya | gya dèn irit manjing puri | konjuk nata matur lampahnya dinuta ||

21. ing purwa madya wasana | langkung ngungun sri bupati | ngandika hèh paman patya | paran pamunahmu dadi | mranani brasthawèri | Sitibang wali majênun | manawa ngămbra-ămbra | ambuka wadining bumi | kyana patih matur dhuh gusti prayoga ||

22. paduka pribadi panggya | matur pramudaning wali | wontên durtaning agama | murang pranataning dinil | rèhne puniku modin | tur antuk asma kasêbut | Pangeran Tăndhamuktas | kawruh susilaning gami | ngatas karsanira [karsani...]

--- 43 ---

[...ra] kangjêng wali sanga ||

23. pêthuk narendra busana | rumanti tindak mring masjid | tan antara sampun prapta | pra wali kurmat sing linggih | gya sêsalaman nuli | gantya-gantya nulya lungguh | parêk lan sri narendra | cinakra na karya gati | wali sanga rèh lukita pasrangkara ||

24. nulya Sinuhun Bintara | matur mring Benang Sang Yogi | pukulun atur uninga | waktu punika kèh janmi | nglêbur pranatèng adil | brastha silaning tumuwuh | kêkês mleja nukarta | suda têntrêming sujanmi | praja rêngka gêmpal arjaning widada ||

25. pasar-pasar marga-marga | dhusun-dhusun têgal sabin | pundi gèn pangupajiwa | kadhatêngan janma kartri[6] | mangarêp enggal mati | dening pulisi pinikut | kula priksa aturnya | angupadi dalan urip | dhèwèkira dunya ingaranan laya ||

26. sêsambatnya botên kiyat | kadangon rumakêt pati | datan bisa nambak durta | yayah kasmala mèt pati | lajêng

--- 44 ---

samya dèn buwi | antara nèng buwi layu | sampun kathah lupiya | makatên wahyaning pamrih | dene dhusun samya ayon ngrampog siya ||

27. dadya darunaning janma | datan kêndhat siyang ratri | kula upadi kang purwa | kang wèh makatên pamanggih | Pangeran Sitiabrit | kang kondhang jumênêng guru | ginugu para mudha | têmah murang silèng urip | rèh wêjangnya dunya ingaran gusthika ||

28. kawula lajêng nyundaka | kita purih manjing murit | dwiguna srana bijaksa | sampun kawêjang nampèni | tiyangipun puniki | kang kula kinèn gêguru | dupi sampun matur trang | kula lajêng sowan mriki | ngatas karsa sarèhning băngsa oliya ||

29. lamun kula rodapaksa | tindak ing nagari krami | pintên bobotnya Sèh Jênar | Sunan Benang ngandika ris | bênêr jêbèng narpati | kudu rêmbug wali wolu | sabab Pangran Lêmahbang | wus jumênêng wali luwih | yèn mangkono ingsun dhewe kang utusan ||

30. wis sultan sira kondura |

--- 45 ---

têmbe yèn ana pêrgadring | jêbèng mêsthi kaaturan | tibaning prampungan mangkin | sandika sri bupati | kondur wus datan kacatur | ucapên wali sanga | samya gusthi ingkang dadi | sayogyarja mahyèng kukum guladrawa ||

5. Dhandhanggula

1. Kangjêng Sunan Benang ngandika ris | hèh kănca mukmin paran sayogya | Pangran Jênar karya dede | minda katamèng kawruh | ngèlmu srengat sintruning lair | panetah supkanallah | nyêgah dursila yu | pamrih sampurnaning gêsang | mangkya Sitirêta yun buka wêwadi | kabar sandining jagad ||

2. srengat Nabi Mustapa wus wradin | midrawèng rat ngluhurkên Pangeran | sarana salat pujine | junjung kraton Hyang Agung | brasthawèri tobat mring masjid | supaya pra widagda | idhup praptèng layu | ginantungan swarga nraka | wus biyantu wong Jawa kèh nglêksanani | wirya têntrêm sukarta ||

3. mangke Jênar miyak aling-aling | maritakên ngèlmu ngrusak sarak | kadipundi [kadipu...]

--- 46 ---

[...ndi] sayogyane | lah punapa karampung | punapa ta dipun timbali | tanggap Jêng Kalijaga | rèh prayoganipun | katimbalan ngabên rasa | yèn tan arsa pinaring sasmita gaip | kinèn mancas kang cêtha ||

4. lêrês lêpat pangêcupnya sipil | sasagêd-sagêd kêdah winulang | ywa kalurung ngèlmu anèh | lamun mêksa ta guguk | kula miwah sakănca wali | prapta ngampil krampungan | pidananing kukum | yèn parêng karsa ki lurah | kang ingutus murit kawula kêkalih | jêbèng Bayat Sèh Dumba ||

5. ngabên rasa sasmita kang gaip | nulya Sunan Benang adhêdhawah | mring Pangran Têmbayat lan Sèh | Dumba kang wus nèng ngayun | hèh ta jêbèng Bayat sirèki | sun duta ngataskara | panggya wong majênun | kang dhêdhukuh Krêndhasawa | Sèh Lêmahbang kang arda mindakèng gami | timbalana mring Dêmak ||

6. lamun nora paringana misil | lambang sasmita patang prakara | konên ngêcup sabênêre | lan jarwanana ayu | yun punapa

--- 47 ---

dènyambêk tingkin | sudarsananing Suksma | dalil Kuran sung wruh | pira-pira cêcêgahan | lamun maksih mrêdut silaning agami | enggal nuli balia ||

7. lakunira jêbèng sun kanthèni | Ki Sèh Dumba kalih tur sandika | dwi duta lumaksana ge | tan dangu sampun rawuh | dhukuh Krêndhasawa umanjing | bale langgarnya Sèh Bang | salam ngalaekum | pinuju Sèh Jênar lagya | sung sujarwa murit ingkang anyar manjing | nèng sadalêming langgar ||

8. marma datan opèn tamu prapti | mung marsudi dènira mêmêjang | mring jalu èstri murite | Pangran Bayat ping têlu | uluk salam tan dèn wangsuli | laju mlêbu kewala | karo jajar lungguh | brastha silaning pranata | Sitijênar nora nglagewa sadêmi | tansah patengatira ||

9. nambung sabda Pangran Bayat angling | hèh ta Jênar anak praptaningwang | dhapur lumaku sapakèn | pra wali sabiyantu | animbali mring sira nuli | kerita laksitèngwang | mandhêga [ma...]

--- 48 ---

[...ndhêga] caturmu | rêngên sabda wali sanga | wantu-wantu nora kêna mopo kardi | kagyat Sèh Sitijênar ||

10. hèh paman sira lumakyèng tuding | wali sanga nimbali maringwang | bab iku apa pêrlune | sanadyan wali satus | sun tan arsa rèh dudu abdi | kita nora kaprentah | jêr wali lan ingsun | padha dadi wujud bathang | sawatara nulya bosok dadya bumi | kok cumanthaka ngundang ||

11. ngong nèng luhur bumi ngisor langit | darbèk ingsun pribadi purwèngwang | surya căndra mlaku dhewe | tandhane nguni suwung | nora kăntha tan ika-iki | dupi ngong praptèng pêjah | nèng dunya dêdulu | sabarang isining dunya | ananingsun anèng kene mèlu darbi | padha lan wali sanga ||

12. nimbalana wong kang mudha pingging | pasthi gêlêm seba dharakalan | saking wong cubluk budine | seje kaya wak ingsun | wong waskitha surtyèng pangèsthi | widyaka mardi guna | tan kêna kasêdul | kapusan wong santri nglămpra |

--- 49 ---

gawe goroh ngaku cêdhak Maha Sukci | tan wruh wandane bathang ||

13. sabên uwong pinrih mangênjali | mring jro masjid Dêmak ana Allah | iku goroh sajatine | sun nguni mèlu sujud | praptèng mangke gêtun kêpati | tan wruh kuwandanira | lairnya Hyang Agung | anane jênêng manira | mangke kêna ngarani kawula gusti | rèh anèng jaman pêjah ||

14. besuk yèn wus ngong urip pribadi | tamtu tan ana gusti kawula | mung kang urip salawase | langgêng tan ana layu | judhêg nikmat nèng têpêt suci | marmèngsun arda susah | sêdhêng mêngku layu | rumakêt swarga naraka | panasaran pira-pira jaman pati | yèki dunya punika ||

15. nora bêtah sun nèng ngriki mati | kapengin mulih mring jaman gêsang | jaba jêro nora duwe | dene kene kêmaru | jawi kalbu kawula gusti | mêngku lara kapenak | sajroning sun layu | hèh paman Bayat nèk sira | nora wikan [wika...]

--- 50 ---

[...n] wuwusku mangkene iki | têtêp sasar sèwu grad ||

16. pantês bae sênêng jaman pati | kasênêngan sarwa-sarwi ana | păncadriyèku gawene | kupingmu krungu angklung | jroning ati wruh gêndhing bribil | nadyan ati ngulama | kêthuk kênong ya wruh | rumêsik nuci wadana | esuk sore kicah-kicih sabèng warih | kinarya mrada raga ||

17. sajatine budimu pranatis | ambalithuk nasarake umat | jêngkang-jêngking esuk sore | kăndha ganjaran besuk | swarga nraka kanthil rumanti | wong nganti karanjingan | dening ujar palsu | kasèp sêmbahyang trataban | wus mangkono wong kênèng pambujuk eblis | gèdhèg-gèdhèg dikiran ||

18. apa tan wruh yèn wandane daging | bosok balung sungsum bakal rusak | priye lèhmu bêcikake | nadyan salat ping wolu | sadinane tan wurung mati | awakmu kang kok pulas | bakal dadi lêbu | jêr wandanira gusthika | apa wali mulih

--- 51 ---

bisa gawa daging | paman iku wis ora ||

19. lah bok aja dahwèn marang mami | animbali Sèh Jênar bijaksa | manawa miyak wranane | palsune nora payu | lamun nganti akèh janma wrin | jêr wali kabèh krenah | ngapusi wong cubluk | coba sira Pangran Bayat | sun takoni apa wis wruh Maha Sukci | pêthèkku durung wikan ||

20. aja manèh rupane Hyang Widi | malaekat bae durung priksa | nadyan malaekat èlèk | sirèku durung wêruh | mung bingungmu dhewe kok pikir | ngupaya Gusti Allah | tan bisa katêmu | kene kana ora ana | kono dudu têmah budimu kok èsthi | angên-angên Pangeran ||

21. kagyat Pangeran Bayat nabda ris | myang Sèh Dumba nglairkên panêdya | Jênar ywa mangkono kowe | sira sèwu kaliru | dunya iki ingaran pati | ana swarga naraka | iku têmbung luput | nora kaprah jaman kiyas | dalil kadis sulaya kang sira [si...]

--- 52 ---

[...ra] èsthi | nut pikir kurang arja ||

22. mangkya srengat Ngarab maratani | tanah Jawa têmah narik tama | kabèh wus ayu budine | mangke sira manthungul | kabul wrata măncanagari | mêmuruk ngrusak sarak | dunya ngaran layu | ngakir ingaranan gêsang | swarga nraka katêmu ana ing ngriki | yeka wong nglêbur kaprah ||

23. katampanan wong kang mudha pingging | mangke arda wong murang krêtarta | awit wêjangamu anggèr | lah êndi gandhulamu | Kuran apa kadis punapi | dene tan lumrah kathah | Lêmahbang sumambung | o o dene sira tuna | dadi wali durung uninga mring tapsir | bêcik dadia sudra ||

24. ambêlayang lowung anggêr urip | yèn tinari mati kipa-kipa | ambêkmu pasrah nyawane | pinundhut rintên dalu | lêga rila wuwusnya kidip | yèn wêruh rêgêjêgan | dijaluk nyawamu | lah iku bedane apa | bujang baujayan karo para wali | bajingan tanpa wisma ||

--- 53 ---

25. hèh ta Pangeran yèn sira yun wrin | gandhulaku mamèt kawruh apa | ah bodho têmên ta kowe | lah mung ngaji gêguru | wong Samarang prapta ing ngriki | wruh kita ngèlmu rasa | dene sira limut | ngèsthi catur ngayawara | dalil Kuran nora pisan sira budi | mung mèstu swara dora ||

26. nora pisan nuksmèng tyas utami | ywa mangkono ciptamu kêsasar | luwih bêcik dadi gadhèn | ika wong dhêmên idhup | nadyan ngutil anggêre urip | warokan Panaraga | kang kaya atimu | ngaku wali luwih gampang | suprandene kagèt wruh klakuan ngèlmi | mamèt sorah musakap ||

27. rungokêna lapale kang muni | kayun daim walamu ngabadan | kang mangkono pardikane | basa urip tan layu | langgêng salaminira ngaurip |[7] mila dunya punika | dudu aran idhup | pratandhane sira pêjah | anèng dunya-dunya ingaranan pati | lah mara rasakêna ||

--- 54 ---

28. walmayitu phalalamil kubri | yujidukalitahu têgêsnya | wong nèng kubur bakal olèh | awak-awakan nêmu | marma tămpa ing swarga adi | wruhanamu samangkya | Pangran Bayat muwus | lah êndi swarga naraka | ngong yun wêruh tuduhna ingsun cathêti | katur ing wali sanga ||

29. Pangran Jênar angandika aris | mring kang paman Pangeran Têmbayat | mangkana pangandikane | hèh paman wruhanamu | swarga nraka wujud kêkalih | tur saking kadadeyan | kitapmu wis nyêbut | anal janatu wanara | wujudani makluka anani liring | al anasa punika ||

30. swarga nraka kabèh wujud kèksi | tur dinadèkakên saking iya | ingsun kiyas planggêrane | kabèh wujud linêbur | tandhanira suwarga mangkin | ngong bengkas babar pisan | suwarga kang luhung | sênêng lan condhonging manah | nora kurang wong nèng kreta brêbês mili | ojogan ura-ura ||

31. kadhang sindhèn gêndhing gambirsawit | giyak-giyak [giyak-giya...]

--- 55 ---

[...k] nêmbang dhandhanggula | mêlang-mêlung suwarane | tan dumèh wong mêmikul | gendhong nyunggi karo mênyanyi | ojogan mring Samarang | ana swarganipun | rèh sênêng parênging prana | turu tambon bantal dumpal ênggon tinggi | jro jiwa suka wirya ||

32. wong nèng swarga barang sarwa-sarwi | yèn lêlungan kapenaking badan | nunggang kreta gledhag-glèdhèg | yèn narakane rawuh | mrêbês mili saanakrabi | pira-pira lupiya | mokal sira tan wruh | kadhang nglakoni wis paham | nora susah paman sun jèrèngi malih | kang muruk marang sira ||

33. marma wus têtela dunya iki | jênêng pati nêmu swarga nraka | para mukmin wali bangke | nadyan saiki durung | nora suwe bakal nêmahi | ingsun lan sira padha | kunarpa lêlaku | lah eling aywa mangkana | kumawawa dadya kongkonan sumrinthil | mung diganjar carita ||

34. Sang Sèh Dumba anambungi angling | adhuh Kangjêng Pangeran [Pa...]

--- 56 ---

[...ngeran] Lêmahmabang |[8] bok sampun makatên anggèr | kaprah punika unggul | nadyan lêrês namung sakêdhik | malah mratani jagad | tur sajatènipun | klèntu panampining Kuran | kalih malih jumênêng agami yêkti | mungkur mring liyanira ||

6. Pangkur

1. Jêng Sultan Adi Bintara | nyantosani Ngarab kukum agami | sing sapa nacad gêguyu | tamtu antuk siyasat | botên yogya botên kiyat kawon guyup | srengat wor nagara krama | anggăndra sapintên ngriki ||

2. punapa boya kèngêtan | brastha Majalêngka purwa sing santri | suprandene sirna larut | katêmpuh sabilullah | tur narendra binathara sugih wadu | angrèh pra bupati arya | tan kuwawi mêngsah santri ||

3. de paduka mêngku tekat | kang makatên yogya kagêm pribadi | sampun kinarya mêmuruk | ring siswa para mudha | kèh ruhara darêdah dadya majênun | suda widyaning widada | duraka gung manjing [ma...]

--- 57 ---

[...njing] sêpir ||

4. wontên kang manjing kuburan | tur rinampog sinêmpal-sêmpal mati | wong karya runèng dêlanggung | pasar-pasar sungkawa | dir ardalepa wit dènnya gilut kawruh | nêdya golèk dalan pulang | nanging panasaran margi ||

5. saru pocapaning wuntat | kondhang catur trah turunirèng wèri | dera wêrining praja gung | kagunggung murang marga | ngrusak karta satruning jagad sawêgung | wong yun sae wontên ngrika | kêdah sae wontên ngriki ||

6. ucapên para sakabat | Sèh Lêmahbang sakawan kang wus muksis | tan bêtah marêk nèng ngayun | wasta Ki Pringgabaya | dupi mirêng sabda Sèh Dumba gya sambung | nabda têmbung manuhara | hèh kakang Dumba prayogi ||

7. atur dika mring jêng pangran | sarta lêrês-lêrês dika pribadi | jêr dika sênêng tumuwuh | nèng dunya barang gumlar | sarwa-sarwi boga wastra bagus-bagus | gampang ngrenah adol ucap | sasat dhuyung adol warti ||

8. wirang isin anggêr [ang...]

--- 58 ---

[...gêr] gêsang | lamun murit Sitibrit kang wus muksis | mring rêrupan tan kapencut | tan sênêng gumlaring rat | mung pangèsthi trusthaning tyas têkèng idhup | mangke jiwaningsun tunggal | lan bathang kang jêjêmbêri ||

9. sabisa-bisa kumêdah | ngupa marganirèng ngupaya urip | jiwèng ngong bosên andulu | kanunutan bêbathang | wuda ngêlih sun katêmpuh luru butuh | sanadyan ana Pangeran | nora kêna dèn jaluki ||

10. jaluk bêbêt jaluk sêga | nora olèh katêmpuh sun pribadi | jarik klambi ikêt sabuk | tuku mênyang prombengan | esuk ngêlèh jaluk sêga iwak duduh | kapriye gonku mangeran | Allah-Allah kêtan lopis ||

11. pinuji sinêmbah-sêmbah | jêbul ora bisa awèh rêjêki | têmah katêmpuh uripku | ngupaya sabên dina | dijaluki maring bathang daging nunut | kang bakal sun tinggal benjang | tan kêna ginawa mulih ||

12. hèh rasakna Ki Sèh Dumba | catur [ca...]

--- 59 ---

[...tur] ingsun lêbokna sanubari | yèn wus trang buwangên sêbrung | rèhne tan sênêng sira | mung anggugu bathangmu kogawa mantuk | mring ngakerat gawa bathang | nora wurung mati malih ||

13. jêr ciptamu mring sawarga | kotêmêni gawemu jêngkang-jêngking | kicah-kicih sabèng banyu | yèn wus nuli sêmbahyang | marêp ngulon rèh kulon gone Hyang Agung | nanging kojaluki sandhang- | pangan mêsthi ora olih ||

14. apa iku dudu justak | malaekat kasim andum rijêki | apa ta sira wus tau | dipunjung malaekat | lara panas lara adhêm olèh tulung | rèh rina wêngi kosêmbah | wèh tămba banyu kênini ||

15. lamun pangajaran ingwang | Sèh Sitibang dunya ingaran pati | marma tan ana Hyang Agung | malekat dunya sunya | nanging yèn wus urip mêsthi sun katêmu | kadhang sun jumênêng Allah | lah ing kono ingsun puji ||

16. yèn saiki kinèn nêmbah | marang masjid ingsun dudu wong kapir | kapiran Pangeran [Pa...]

--- 60 ---

[...ngeran] êmbuh | êmbuh kono buh kana | wus mangkono yèn lakune santri gundhul | gêgandhulan kitab Kuran | mêndêm Allah wuta tuli ||

17. seje sun murid Sèh Jênar | nora gunggung caturnya para wali | ngukuhi sarengat palsu | awake dhewe tuna | hèh ta Dumba pikirên kabèh wuwusku | jro dhadhamu ana Kuran | rujuk gèsèh mêsthi uning ||

18. Pangran Têmbayat ngandika | hèh wis padha mênênga ja cariwis | mung anak Jênar karêpmu | katimbalan mring Dêmak | apa gêlêm apa mopo sun yun krungu | ywa kakehan mêdhar cipta | madu balung tanpa isi ||

19. Pangran Sitibang wacana | o o dene ngèyèl têmên sirèki | wong dadi duta mung matur | sun tan gêlêm aseba | aja ingkang ajur mumur dadi glêpung | manira masthi tan sumlang | malah bungah ingsun urip ||

20. sun mati sugih druhaka | rina wêngi rumakêt nraka api | lara kapenak tinêmu | bungah susah sinandhang | seje

--- 61 ---

lamun kita mahya saking lampus | tumêka urip sampurna | langgêng nora ika-iki ||

21. Pangran Têmbayat ngandika | hèh anak mas têtêp sira wus bêling | lumuh karèh ambêg liwung | tan singlar lara-lapa | yèn mangkana karsanira ingsun sukur | kêjaba iku sun tămpa | pawêlingnya Sunan Kali ||

22. kinèn maringkên sasmita | patang pasal cupên ingkang patitis | siji bab kala Hyang Agung | karya gumlaring jagad | prabot apa barang apa bakalipun | loro bab kinèn têtanya | êndi omahe Hyang Widi ||

23. têlung bab kalonging nyawa | sabên dina nganti tèk mênyang ngêndi | catur bab kang Maha Luhur | rupane kaya apa | Pangran Jênar manthuk-manthuk guyu guguk | iku cangkrimane bocah | gya ngandika marang murit ||

24. Ki Bisana kang nèng ngarsa | hèh ta bocah babarên lambang iki | rèh cangkriman rèmèh cubluk | kowe bae kang mancas | wis majua sira dadi wakil ingsun |

--- 62 ---

matur sandika Bisana | ngangsêk kapara ing ngarsi ||

25. matur yayah madubrata | dhuh Pangeran Têmbayat ingsun darmi | mituhu dhawuhing guru | mancas sasmita tuwan | lamun lêpat sakêthi mêminta ampun | pintên banggi kalêrêsan | kula tiyang dama pêkir ||

26. janma sudra turun desa | narakarya kuthung silaning krami | sajêg jumlêg adhêdhukuh | tuna pasang wicara | dèrèng wêruh ing pasamuwaning janma gung |[9] tuna ing yudanagara | wimbaning ngling kurang luwih ||

27. tur gumêtêr tarataban | glogap-glagêp gugup kaworan ajrih | jirih jaragan wong dhusun | sampun kirang aksama | budi kêthul kithal grathul misih blilu | kajibah sumanggêm karya | makili jêng gurunadi ||

28. kasikuning tuna krama | dadya wuruk kulèsthi jroning ati | kapatuh salaminipun | Pangran Bayat ngandika | sun tarima sadurunging wahyèng wuwus | wus jaragan kowe desa | cingkrang kramaning priyayi ||

--- 63 ---

29. malah yèn bênêr wuwus ta | ingsun gumun dene sira patitis | luput klèru panggonamu | lah wis pêcahên mara | Ki Bisana sandika bab kang rumuhun | Allah kala karya jagad | puniku sayuta kidip ||

30. jagad rat puniku anyar | Gusti Allah botên karya kawadis | dalilnya lhayhatapkhiru | muksisintêm têgêsnya | botên karsa dêdamêlan barang wujud | mênggah dadosnya ngalam rat | wus yudrikumakiyati ||

31. liripun manggih kaanan | ngalam dunya punika laawali | tan wontên wiwitanipun | kathah yèn kula babar | bokmanawi krêtas rong kêndhang tan cukup | mèt wêwaton saking Kuran | anyare ngalam sakalir ||

32. kang kaping kalih pralambang | tuwan tanya wismanipun Hyang Widi | bab puniku botên ewuh | Allah masuk maring dat | dat wajibul wujud pacangkramanipun | lajamana lamakana | munggèng dat wisma kakiki ||

33. kathah manawi kababar | botên cêkap [cê...]

--- 64 ---

[...kap] kartas pos pitung kodhi | samantên kewala cukup | gantya lambang ping tiga | longing nyawa rintên dalu ngantos puput | dhatêng pundi sirnanira | e lah dalah langkung gampil ||

34. nyawa boya sagêd suda | botên owah gingsirnya arsa mulih | saking pêjah dhatêng idhup | lagêng[10] tantara măngsa | yèn kalonga sasak kawadis mêthuthuk | gripis lir dèn pangan ngrayap | panjang yèn kawula tulis ||

35. nadyan kula sudra desa | nanging putus dhatêng parama kawi | krama ngoko nawung kidung | lagu sangsêkrit têmbang | boya kewran ukara jèrèng angêjung | nadyan dedea pujăngga | widayaka sawatawis ||

36. cukup silaning di sastra | pawiyatan Pangran Sitibang ênting | siswa ngataskarèng têmbung | ngajar lwih wibisana | ingkang tămpa yayah janma ambêg nyakup | mardi gunardika pasang | karna jiwatma nampèni ||

37. pasalnya kaping sakawan | mundhut pirsa warnanya Maha [Ma...]

--- 65 ---

[...ha] Suci | kitap ulumodin sung wruh | walatulair ingsan | wabatinul ingsan bautulillahu | jarwanya jaba manungsa | puniku wadining Widi ||

38. botên ing jaman wismèng Hyang | kathah-kathah jarwanya ulumodin | yèn kula tur priksa bingung | paduka botên tămpa | bokmanawi kula ginalih majênun | wijangipun Sèh Lêmahbang | kang sampun kula tampèni ||

39. mila yèn namung pananya | kang kadyèka kula wastani gampil | kagulung gilig lir wuluh | binengkas sirna ilang | têmah wangwung klowonganing jagad suwung | yèn jinèrèng rat kèbêkan | makatên kawruh Sèh Abrit ||

40. purwèng manungsa winêjang | wijang-wijang siswa gampil nampèni | sora cêtha botên bingung | ing rèh jiwita tama | tamèng budya saking layu praptèng idhup | wela-wela kasat mata | ngegla kenging dèn sêksèni ||

41. tanpa sintru tan pralambang | ngêblak blaka-suta boya mèt pamrih |

--- 66 ---

sirna panyakraning bujuk | palsu krenah blas ilang | slaya lawan guru-guru sanèsipun | ting klêsik lir adol dhendhang | tur datan sêpi mèt pamrih ||

42. kula sampun rambah-rambah | puruhita winêjang wali mukmin | winruhkên Mukhamad Rasul | Allah Pangeran amba | wahyèng sabda nênuntun kawula bingung | kodhêng mirang-miring tekat | ngawag ngawur sêpa-sêpi ||

43. ngèlmu Ngarab dados Buda | Buda mungkir mamèt waton jêng nabi | amêmati raga gluyur | mubêng ngiras papriman | lamun kawruh Ngarab sirna tapanipun | kajawi wulan Ramêlan | puniku siyang tan bukti ||

44. nanging wali maksih Buda | tandhanipun sring manjing jaman sêpi | guwa-guwa kayu watu | gunung alas sagara | linêbonan gêntur karsa ngiras laku | pamrihnya têmu Hyang Suksma | yeka kadhadhung Ijajil ||

45. crita-critaning ambiya | botên wontên kang cêgah pasa mutih | ngluwat mêlèk cêgah turu | punika boya klampah |

--- 67 ---

kajawi wong Buda badane winasuh | lah sumăngga kagaliha | pamancas kula akingkin ||

7. Asmaradana

1. langkung wagugên ing galih | Jêng Pangran Bayat Sèh Dumba | wrin pamêcahing wiraos | amung muritnya kewala | panêngran Ki Bisana | makatên ing kawruhipun | saiba Sèh Sitijênar ||

2. ngunandika jroning galih | tuhu mardi guna dibya | Pangran Jênar samurite | trustha budyambêg widagda | ing kene kana kêna | layak bae tega layu | bijaksa ing kawruh mulya ||

3. samana duta kêkalih | dupi sampun têtela trang | ngèlmu myang kalakuane | Sitijênar samuritnya | sêdene mêcah lambang | tumulya pamitan mundur | Pangran Bayat lan Sèh Dumba ||

4. nanging datan dèn wangsuli | laju mundur palarasan | nèng marga grênêngan karo | Sèh Dumba matur jêng pangran | kula biyantu tekat | yèn makatên kang panêmu | karya trimaning wardaya ||

5. para siswa angantêpi |

--- 68 ---

saking judhêg rèh pamardya | Pangran Jênar wêjangane | upami kula pruhita | balik mèstu sakarsa | nèng ngrikamba yun mituhu | wangsul brăntasmaring[11] ngèlma ||

6. Pangran Bayat langkung wêngis | ngandika dhatêng Sèh Dumba | hèh Dumba aja mangkono | nguni sira băngsa sudra | ing mangke manjing waswa | kawiryan jênêngmu arum | wus dadya mantri usada ||

7. paran gawe malik kapti | mituhu Sèh Lêmahabang | ngèlmune tan lumrah ngakèh | de arsa amuruhita | ing Dêmak kurang apa | barang kawruh nora ewuh | kadibyaning wali sanga ||

8. wis payo enggal lumaris | nglaksanani rèh dinuta | tan antara laksitane | praptèng Dêmak nuju pêpak | pra wali lênggah tarap | nèng surambi samya ngantu | mring cundaka dwi kang prapta ||

9. wusnya kramèng krama mukmin | sinrêng wigatining sabda | Jêng Benang alon dêlinge | hèh jêbèng Bayat kayapa | de ta ngatas witara | katêmu Sèh Lêmahlêmpung | derarda

--- 69 ---

kagila-gila ||

10. umatur duta kêkalih | lêrês gêdêring pawarta | pra siswa sampun rêraton | jalu èstri tabul ngèlma | rèhning ngendrani laya | lêrês tekatipun idhup | dunya punika pralaya ||

11. kathah-kathah titi ngênting | ing purwa madya wusana | sêdene wahyèng pasêmon | tumrêcêp kacup sadaya | tur wakil pamêcahnya | muritipun kang kasêbut | Ki Bisana narakarya ||

12. trah dama srawungan dèsi | prandene pralêbdèng krama | yayah caraka kadhaton | cukat tarampil trangginas | jangkêp susila madya | kuciwa srengat ginêmpur | kadariyah jabariyah ||

13. rumakêt kalih tan yukti | mrêngkang saking wali sanga | mulyèng masjid badhe kasor | brastha nêmbah rabul ngalam | yèn pun Jênar kêpanjang | mênggah latu dèrèng surut | prayogi siniram toya ||

14. manawi têmbe malahi | dadra wong olèh pratignya | angrusak praja têmahe | wali sanga dadya ina | yèn [yè...]

--- 70 ---

[...n] Jênar tan pulastha | botên wande era-èru | rêrusuh murang krêtarta ||

15. yogya nuntên dèn lampahi | sirnane kawruh dupara | wêjangnya Sèh Sitiampo | Sunan Benang angandika | hèh yayi Kalijaga | priye prayoganing laku | wadining Hyang rèh pidana ||

16. umatur Jêng Sunan Kali | sae nglêmpakakên para | sagung mukmin ngulama kèh | lan malih parlu ngaturan | Sultan Adi Bintara | pêrgadring wahyaning kukum | Sitijênar dèn pancaka ||

17. yogi dintên benjing-enjing | pinrih rawuh wanci luka | nanging utusan samangke | Jêng Benang dutèng sakabat | wus winangsit rèh kajat | ngaturi ingkang sinuhun | para wadya buwah praja ||

18. patih pangulu jaksa di | kang liningan lumaksana | tanpa ceda wrata kabèh | mukmin ngulama pukaha | kasaput ratri para | wali sêmbahyang mahribu | ngisa subuh tan kawarna ||

19. ing wanci jam astha enjing | pêpak kang para ngulama | lunggyèng [lung...]

--- 71 ---

[...gyèng] srambi lir adate | satêngah sangajêng sultan | patih pangulu jaksa | rawuh para wali mêthuk | kurmat tataning ngulama ||

20. lênggah kangjêng sri bupati | pra punggawa tata atap | jajar urut lungguhane | mukmin samya jawat asta | mubêng gantya-gumantya | gya ngaso antaranipun | Sunan Benang angandika ||

21. hèh jêng sultan marma mami | angaturi siniwaka | nèng srambi saparapate | yun pêrgadring kala durta | lêrês atur andika | Pangeran Jênar baguguk | migêna tindak agama ||

22. ingsun wus nyundaka maksih | ngèlmu kalakuanira | dera mulang miridake | bèbèr lar angrusak tata | silaning yuda praja | anênuntun netah dudu | kathah siswa mrih ruhara ||

23. dunya ingaranan pati | têmbe ingaranan gêsang | kajabariyah tekate | kadaryah rumakêt ăngga | rèh endraning pralaya | sakabat kang tămpa bingung | majênun ngrusak widada ||

24. paran yogyaning pambudi |

--- 72 ---

kang kapenak linakonan | sultan matur kula dhèrèk | biyantu pulasthanira | srana prajurit praja | Pangran Modang gya sumambung | punika kirang sakeca ||

25. yèn rinabasèng ajurit | punika dede wong ngraman | sae dèn alus kemawon | sanadyan kukum pralaya | saking lêmbat kewala | kawula sakănca rawuh | sapa panigas lungaya ||

26. Kangjêng Radèn Adipati | Wanasalam nambung sabda | yèn makatên kula mopo | nyulayani tata praja | tindaknya jangji byuha | nglairakên kukum saru | antuk dhêndhaning bawana ||

27. pêjahe janma tan kenging | mahya saking palacidra | rèh wontên jênênging kraton | kêdah ratu karya prentah | mupakat katimbang rat | katimbalana yèn ayun | dadya nawala wasesa ||

28. kenging tinêlasan mangkin | mogok dhawuhing narendra | punapa marganya wados | wus dhawuh ponis prampungan | winasesa sakarsa | botên [botê...]

--- 73 ---

[...n] ketang songkol pênthung | sah tibaning kukum pêjah ||

29. rèh punika băngsa wali | kalêbêt agung oliya | tan kenging swiyah sedane | nadyan kalêrês kang ngisas | kêdah sami basannya | makatên piyagêmipun | byat mamèt prajangji byuha ||

30. yèn makatên botên gusti | cingkrang jêjêring wirarja | pun patih sadarpa mopo | nistha dunya ngakir siksa | dèn gêguyu bawana | surya căndra susup-susup | ngerang-erang adil karta ||

31. lamun yun kacidra nguni | sampun ngaturi narendra | dhêmit tan kewala dados | nanging mêksa tan tumindak | manawi waris gugat | sintên mangantar saèstu | antuk wasesaning praja ||

32. mila prayogamba gusti | paduka paring nawala | wasesa caraning kraton | patih pangulu lan jaksa | samya tur tăndha nama | têtêp krampungan karatun | makatên rèh witaradya ||

33. narendra pethuking galih | sadaya mukmin oliya | mêmuja

--- 74 ---

măntra rumojong | aturnya nayaka waktra | tètès mèt waton byuha | jêng sultan sigra dhêdhawuh | karya nawala wasesa ||

34. juru panyitra tinuding | gya manurat waton adat | lêpehan kuna-kunane | tantara rampung panitra | katur rêkyana patya | nulya konjuk jêng sang prabu | pinriksa têmbayèng sastra ||

35. pèngêt nawalanira ji | Sultan Adi Natagama | Bintara mandhirèng kraton | dhumawuh ing pêkênira | Pangeran Sitijênar | ing Krêndhasawa dhêdhukuh | liring srat jênêng manira ||

36. tampi aturing pêrgadring | para rat prajèng Bintara | sêdene wus mirêngake | aturaning wali sanga | pêkênira mindaka | nglêbur silaning tumuwuh | nyampahi dinil mustapa ||

37. mangkya karsane para lid | biyantu lan jênêng ingwang | ingsun timbali patêmon | mring Dêmak angadu rasa | barênga dutèng praja | yèn mopo ora umèstu | wasesa tigas lungaya ||

38. titi wahyaning srat [sra...]

--- 75 ---

[...t] pati | ing Bintara ping dwi dasa | Jumadilakir taun Be | tumapak căndra sangkala | nir janma catur tunggal |[12] katandhan sinuhun prabu | Sultan Adi Natagama ||

39. wusnya nata anandhani | patih pangulu lan jaksa | samya mèstu tèkên kabèh | wilapa binungkus sutra | jêne dadya pralambang | kenging rukun kenging rampung | gya katur Jêng Sunan Benang ||

40. wus tinampan gya anggalih | kang sayogya dadya duta | ngampil karampungan gêdhe | sastra nawala wasesa | Jêng Sunan Kalijaga | umatur prayoginipun | sadaya kănca lumampah ||

41. ngandika Jêng Sèh Mahgribi | lêlima bae utama | gawa sabat dhewe-dhewe | siji jêbèng Sunan Benang | loro jêbèng Malaya | têlu kaki Sunan Kudus | kapatnya Pangeran Modang ||

42. lima Sunan Gêsêng kanthi | sabat muritnya sadaya | de Pangran Bayat nèng kene | tunggu masjid lan Sèh Dumba | Sultan Adi Bintara | kondura

--- 76 ---

ngrêksa kadhatun | yèn muritnya Jênar ngroda- ||

43. pêksa baring lir kang uwis | prajurit wiratamtama | konên nganglang esuk sore | rumanti yitnèng prajarja | kangjêng sultan sandika | gya kondur sadaya mèstu | patih sampun kadhawuhan ||

44. warata para bupati | kinèn yitnèng Kartibaya | Sêh Jênar sabat murite | ucapên gangsal oliya | wali sampun samêkta | bêkta santri patang puluh | bidhal dhatêng Krêndhasawa ||

45. elur ngangge sarwa putih | samya nyangkêlit jambiya | gangsal wali ngarsa dhewe | Sunan Benang pangajêngnya | tantara enggal prapta | anèng Krêndhasawa dhukuh | jujug wismèng Pangran Jênar ||

46. kaparêng lênggah nèng masjid | lagya mulang para sabat | ingkang anyar manjing tarèk | èstri priya munggèng ngarsa | saking măncanagara | anuju ingkang cinatur | dadine bumi akasa ||

47. saking tapsir kaelani | nulya wali gangsal mêrak | nèng pante

--- 77 ---

langgar nabda lon | tatakramaning oliya | kangjêng wali lêlima | sarwi salam ngalaekum | Pangran Jênar tan nglêgewa ||

48. eca dènnya mirit ngèlmi | lawan sakabat sakawan | wola-wali têtamune | dènnya pasrangkara arja | pangran kèndêl kewala | sigra Sunan Benang mlêbu | bukak lawang langgar mênga ||

49. wali gangsal samya manjing | pra murit nèng pante jaba | lênggah tan ana carane | Sèh Jênar maksih mêmêjang | kang swara cêtha sora | tan maèlu ring têtamu | gya Sunan Benang ngandika ||

50. hèh jêbèng lèrèna dhisik | sun dutaning pangadilan | kinèn kapanggya lan kowe | karsanirèng wali sanga | biyantu kraton Jawa | lah iki nawalanipun | enggal sira tampanana ||

51. Pangran Jênar tan nauri | eca dènira jêjarwa | gya sêrat dèn uncalake | tibèng pangkone Sèh Jênar | mêksa api tan priksa | ponang srat cinandhak gupuh | dening Sunan [Suna...]

--- 78 ---

[...n] Kalijaga ||

52. gya winaos sêrat titi | têmbayèng sastra wasesa | purwa madya wusanantèk | Pangran Jênar tan miyarsa | Jêng Benang angandika | sarwi ngasta tanganipun | Sèh Jênar kang lagya laya ||

53. mênênga ingsun tuturi | gya lèrèn Pangran Lêmahbang | pasang karna mirêngake | dhawuhnya Jêng Sunan Benang | lah mayit praptaningwang | sakănca dinutèng kukum | pangadilan ing Bintara ||

54. kinèn nimbali sirèki | srana nawala wasesa | rukun rampung dina kiye | yèn mopo tămpa wasesa | yèn sandika raharja | adu surasaning kawruh | mupakatan wali sanga ||

55. Pangran Lêmah nabda manis | hèh Benang nimbali mringwang | marang Bintara patêmon | nora kabawah kaprentah | kêjaba jroning manah | kang dhêdhawuh sun mituhu | liya punika tan arsa ||

56. sabab mayit padha mayit | pagene padha paprentah | wong nora nana bedane | padha tan wêruh Hyang Suksma | tan pae nêmbah

--- 79 ---

asma | de kumawawa kumingsun | dhawuh samining gusthika ||

57. de sira yun ngadu ngèlmi | ngosusakên gilut rasa | payo anèng kene bae | jangji wêwatonmu cêtha | cukup kitap ngibarat | nadyan anggitnya wong layu | ingkang nganggo padha laya ||

58. Pangran Modang nambung angling | hèh kakang Sèh Sitijênar | lah punapa pathokane | dunya ingaranan laya | benjang nama jiwita | coba manira nêdya wruh | lairna wirayatira ||

59. Pangran Lêmahbang mangsuli | hèh Modang prastawakêna | tanjaning urip rapale | khayudaim lhayamutha | abadan têgêsira | urip jumênêng tan layu | abadan salaminira ||

60. dene mangke jênêng mati | jarwane kitab Talngisan | hèh rungokêna rapale | wal mayit kalamun kobra | yajidu kalibaha | mayit anèng ngalam kubur | nêmu wak-awak sarkara ||

8. Dhandhanggula

1. mila kubur sun gonkên samangkin |

--- 80 ---

awit urip ingsun nêmu wănda | wujud kawadis mangkene | dene planggêranipun | alkalamu kulumujudin | sabên ngalam kuwănda | de wong yèn wus idhup | têrtamtu yèn nêmu ăngga | yèn manggiha katon katingalan mangkin | kosus catur manira ||

2. boya samar besuk ingsun urip | nora ngawur sapunika pêjah | uripku cangkramèng kere | anêmu jisim wujud | balung sungsum otot lan daging | gêtun kasasar pêjah | panasaran agung | godha rêncana blis setan | pira-pira naraka rumakêt jisim | balênggu rante wedang ||

3. gêtun têmên dene ingsun mati | nganggo păncadriya sipat anyar | wêtêng jêrohan angame | ngêlak ngêlih katêmpuh | lara lapa kajibah sami | gêtih daging nunutan | tan wun dadya lêbu | luru ingon sabên dina | besuk lamun ingsun urip masthi kèri | tanpa kêna ginawa ||

4. akèh têmên rêncananing [rêncana...]

--- 81 ---

[...ning] pati | anak bojo bapa biyung sanak | kabèh dadi godha gêdhe | seje karo wong idhup | tanpa rowang amung pribadi | nglak ngêlih lêsu nora | mung mupangat nutug | Sunan Gêsêng nambung sabda | hèh Sèh Jênar iku tan kaprah sirèki | bênêr kalah lan lumrah ||

5. kang mupakat daliling wong mati | nêmu awak benjang nèng ngakirat | kang tămpa ganjaran têmbe | swarga nraka sawujud | kang nampani ganjaran ngakir | atimu arda salah | nylayani pra jamhur | kitab Kuran tanah Ngarab | praptèng Jawa sinung murad pra musanip | alam besuk kasiksa ||

6. tan anarik tustamèng dumadi | ywa narajang budi kadurjanan | masjid dadya kijab gêdhe | manêmbah ring Hyang Agung | ngagungakên karaton Widi | supaya kèh widada | dadining tumuwuh | ngêkêr durtaning agama | rajakaya kewan wana samodrardi | nora karya duraka ||

7. anging janma manungsa kang juti | jênêng ala kaananing dunya | kabèh [ka...]

--- 82 ---

[...bèh] janma sêsamane | kamulyanirèng manus | măngka sira ngantêpi budi | kalurung durtèng gama | brastha sêmbah sujud | nyênyampah marang agama | wus byawara warata wêdi mring Gusti | sumêbar tyas susila ||

8. mangke sira babar kawruh pingging | ngabarakên mêjang ngèlmu nasar | tamtu kajurang lakune | krana dunya kotêmu | katon ana tumular warti | mratani cakrawala | jagad anggêguyu | ngerang-erang marang sira | kawruh dunya kang katon sira singkiri | tansah ngrabasèng karsa ||

9. Sèh Sitibang mèsêm-mèsêm angling | Gêsêng caturmu tan payu sigar | bangêt tan ana ajine | pagene wali ngisruh | catur mêncit saluhur langit | kotunjang brangkang nglongan | sanatimu luhur | ingsun wus tutur bab dunya | gon naraka duka cipta panas pêrih | wruh kabèh wong pralaya ||

10. wus ênggone paran ingsun mukir | nadyan Nabi Mukamad ing kuna | antuk siksa nraka gêdhe |

--- 83 ---

kaburu mlajar nglingup | nyingit manjing guwa tanna wrin | saking dêlaping sungkan | mulih marang idhup | gumlar dunya owêl eman | êmoh ninggal mukti lowung anèng bumi | seje lan Sitijênar ||

11. rina wêngi nangis ngolang-aling | gêtun têmên manira kêsasar | mring dunya pati mangkene | anganggo daging balung | nunggang kreta payungan sakit | nèng kasur kinêbutan | awak sruwa kaku | tur wardayaningsun susah | mikir-mikir sarwa kurang kyai pikir | têtêp dunya naraka ||

12. Sunan Kudus pasrangkara manis | hèh ta paman Pangran Sitijênar | bênêrmu tekatmu dhewe | amung gêdhening luput | sira wani-wani mêmarit | mêjang ngèlmu kadyeka | wong kang tămpa manut | bubrah arjaning pranata | akèh janma nekat ngupa dalan pati | rèh têmbe nyipta gêsang ||

13. marga-marga pasar-pasar tintrim | muritira akarya ruhara | kapêthuk mung nekat bae | rèhning dunya na ratu |

--- 84 ---

wênang wajib ngintar duskarti | kang kadya siswanira | samya kèh pinikut | tinanya jawab tan krama | kinunjara nèng sêpir nglalu ngêmasi | wus pira-pira janma ||

14. marma ingsun sakănca tumrapti | wus kajibah bangsaning oliya | nyirêp tekatmu kang nylênèh | supaya ywa kêbanjur | sira mangke dipun timbali | dening Sultan Bintara | iki suratipun | aran nawala wasesa | lamun mopo wus kêna ingsun rampungi | jabut lungayanira ||

15. wasesane ratu trang Hyang Widi | rèh wus pêrgadring para bijaksa | yuda nagri wor sarake | dadya ratu wus rêmbug | mutus nalar kadya sirèki | baguguk bakang[13] karsa | bêbaluhi dudu | kawrat durtaning prajarja | jaman mulya têmah ruhara wit dening | Jênar klakuanira ||

16. Sunan Kalijaga manabda ris | hèh Sèh Jênar sun ringkês kewala | akèh padu tanpa gawe | mung loro lakon ingsun | lah pilihên salah sawiji | urip kalawan pêjah |

--- 85 ---

ywa mangro karêpmu | Pangran Lêmahbang sru tanggap | pindho gawe pama gêlêm milih mati | pati sugih druhaka ||

17. ingsun pilih urip kang tan mati | bangkit langgêng nora iki-ika | nging yèn milih sirik gêdhe | nadyan ngong arsa idhup | saka têkap ingsun pribadi | tan susah wali sanga | ngulihake ingsun | kaya dudu mukmin tama | wong yun urip jaluk tulung mring sasami | lah mara saksènana ||

18. ingsun mulih pribadi mring urip | Sunan Benang sumambung wacana | Jênar kapriye kanthane | apa kang kogo mantuk | lêlantaran dalane êndi | mèsêm Pangran Lêmahbang | kowe wali cubluk | dhêmên gumêlar ing dunya | lamun Sitijênar bosên wus tan apti | wus lantih dalan gêsang ||

19. yèn Si Jênar nutup banyu urip | basa Buda tirta kang nirmaya | banyu kayat cara Rabe | sajratul mariphatu | cacah têlu ping têlu iji | gunggung sanga nirmaya | mratani sakojur | kang têlu mumpuni karsa |

--- 86 ---

nomêr juga kang pêrlu wêruh pêrmati | têlu purbaning kodrat ||

20. nomêr loro kodrat dayèng urip | yèn tinutup budayèng suhbrastha | nomêr têlu ing cacahe | pandulu myarsa ambu | dayèng tirta kayat murbani | păncadriya sumamar | kumpulnya katutup | uning anong uningana | pitu têlu kagulung dadi sawiji | jumênêng suksmantaya ||

21. warnanira ijo biru kuning | maya-maya lir bun têmpuh surya | yeka para wong purbane | bangsat bajingan kècu | kere ngêmis nglămpra ing margi | padha lawan narendra | wali nabi jamhur | tan siwah yayah kalpika | kodrat purwa madya wusananing urip | ingkang murba masesa ||

22. dudu daging balung gêtih kulit | dudu êroh napas bènèh nyawa | eling angên-angên dede | tatkala mendranipun | pikir karsa kasasar mampir | nêmu wanda manira | pati aranipun | cangkrama wujud gusthika | mung rasane wus yayah rasaning

--- 87 ---

urip | uninong aningana ||

23. cacah sanga tumêngkaring wali | wali sanga dijêjêri nama | dhewe-dhewe kaya kowe | nanging sira buh mau | sun pasthèkkên durung mangêrti | jaba Sèh Maolana | Sunan Benang êmbuh | êmbuh idhêp êmbuh ora | Sunan Kali mung rasane bae uwis | sanga nora uninga ||

24. jêr iku kang ingaran woh kuldi | Nabi Adam kadukan nyaluthak | lir sun mangan woh kuldine | sanadyan para manus | kabèh padha tau ngicipi | têmah kasiku ingwang | mahyèng dunya nêmu | suwarga lawan naraka | aran patilah rasakna para wali | bingung sajarwaningwang ||

25. awit kowe wêruhmu mung siji | dene ingsun têlu babar pisan | yeka woh kuldi rasane | banyu kayat ranipun | kang cangkrama murba kawadis | manungsa nora bisa | mobah mosik muwus | jumênêngnya păncadriya | saking tirtamaya suryaningrat jisim | gunawan wibisana ||

--- 88 ---

26. barang apa katibanan mosik | budayèng tirta ngluwihi kuwat | tan bosok gêtih daginge | napas jumênêng tulus | dinum sanga midrawèng jisim | jamaka dadi tiga | jroning jisim têlu | Sunan Benang nambung sabda | hèh ta Jênar jarwakna sawiji-wiji | cocognya lawan kita ||

27. paran dènnya ngracut siji-siji | satêmêne sun durung waskitha | nglaksanani dhewe-dhewe | praptèng têlênging banyu | kodrat sirna panulak silip | têmah nora kuwawa | dibyèng kayat banyu | Pangran Jênar mèsêm nabda | layak kowe kalingan budining santri | nistha datanpa krama ||

28. nadyan bisa yêkti tuna luwih | luput-luput korup panasaran | wêruh barang sarwa anèh | sêsotya mas umancur | rajabrana boga mawarni | jêr pangèsthimu salah | nampik kang kogilut | têrkadhang nora supêna | wus mangkono santri gundhul luru pokil | bungah ana sidêkah ||

29. hèh

--- 89 ---

kabèh kang nèng kene pra wali | prastawakna pangracuting uswa | kodrat lawan iradate | aja nganti tumpangsuh | akul mukmin saru yèn mulih | tan wun dadya pocapan | yèn klèru pamugut | marma akèh wong sêkarat | kodrat durung sirna angên-angên mênit | purwane jêmpalikan ||

30. ana manèh sêkarat mêcicil | pêndirangan jlalatan lir kampak | yeka salah pangracute | tăndha wong durung tau | anglakoni rasaning pati | mulane wajib wênang | wong sinau ngunjuk | nginum dhewe nora bisa | wali mêntah nginumi tanggane wasis | poma aja mangkana ||

31. Sunan Gêsêng nulya nambung angling | sok makatên kakang Sitijênar | kathah wong kliru patine | sasar kalantur-lantur | păncadriya maksih rumanti | pêpak cangkramèng murda | napasnya ginulung | angên-angên wus rumăngsa | nadyan oncat banyu kayat durung apti | dadya panggya sarwendah ||

32. tamtu dèn anggêp janatun [jana...]

--- 90 ---

[...tun] nangim | korup kèrêm angên-angên murtat | mila moh mati dadine | sênêng dunya tumuwuh | cipta rasa rasaning pikir | kuripan dunya nikmat | puniku tyas buruh | bujang kang dhêmên klayaban | tan umèksi têmbe urip nora mati | dunya puniku nraka ||

33. lêrês Kyai Jênar kula èsthi | sajar tuwan mupakat mukmin kas | yogya dadya tuladane | tarkumasiwalahu | dunya campur kawula gusti | kawula nèng suwarga | gusti nèng nraka gung | Pangran Jênar nabda sugal | hus sirèki Cakrajaya mukmin lamis | yèn nyata payo gêsang ||

34. yèn tan gêlêm sira sun jak urip | barêng sadina iki hèh Cakra | têtela budimu rèmèh | gumunggung karan jamhur | waliyolah dèn aji-aji | jinunjung winiwaha | mring wong budi cubluk | yèn gêlêm saiki sira | sun jak urip têtêp urip ngilmu lair | têgêse wruh Pangeran ||

35. kagyat Sunan Kalijaga

--- 91 ---

myarsi | têtela trang Sunan Gêsêng nêdya | mèstu Jênar mutakade | duka sadalêm kalbu | mring Ki Gêsêng sarwi netrandik | tumungkul Cakrajaya | wrin sêmuning guru | dêduka pasang sasmita | arda gêtun Sunan Gêsêng tobat sarwi | rawat waspa taruna ||

9. Sinom

1. warnanên kang lagya laya | Sèh Sitijênar amusthi | nutup nupus anpas napas | panggulung sarèh-rèh muhsis | ngukut munggèng dimbagi | gya kayat kayun mumpakun | mêsat yayah cancala | plêng pulastha Jêng Sitibrit | wus tan kêna kinira cinakrabawa ||

2. têtêp pratelaning Kuran | idajaa ajallihim | layak takkiru saattan | têgêse lapal puniki | tatkala praptèng pati | tan darbe karsa samênut | mangkono kodratullah | kang muktasbila alatin | tan katara Ngijrail derambil nyawa ||

3. gangsal oliya sung salam | Jênar wus tan amangsuli | têtela dadya susawa | Jêng

--- 92 ---

Benang ngandika aris | jêbèng Malaya yayi | bangke buntêlên kang brukut | wali catur tumandang | pra samya anggulung tartip | kawarnaa catur siswanira Jênar ||

4. kang munggèng sadalêm langgar | samya matur para wali | Kyai Bisana nèng ngarsa | hèh wali wruha sun iki | yun labuh guru mami | nèng kene barêng anglampus | nèng kana barêng gêsang | puluh-puluh wus pinasthi | kene kana mati urip kumpul juga ||

5. payo santri saksènana | ingsun nutup banyu urip | ingsun oncat saking badan | yun wujud sipatul kadim | kang langgêng jênêng urip | lah tirunên panutupku | rèh sira wali majas | lima pisan durung muksis | gêgurua patrapku nganyut kang nyata ||

6. hèh Benang Kudus Ki Jaga | Modang Gêsêng kang nastiti | pangukutku awasêna | supaya mirip sathithik | ring Jênar guru mami | kang putus patraping idhup | nulya sabat sakawan | nêpak madya asta kering |

--- 93 ---

gayuh tirtamaya plas dadya gusthika ||

7. sigra binuntêl sadaya | ngangge wastranya kang lalis | dadya bangke cacah lima | Sunan Benang ngandika ris | mring Sèh Mlaya hèh yayi | sabate gawanên mêtu | ing kene Sitijênar | kewala sun gawa mulih | katur naranata lawan wali sanga ||

8. de catur sabat pasrahna | wong kene kang darbe waris | sarta sira jarwanana | tata silaning agami | Islam mèstu wong Ngarbi | lan mahyakna mujijatmu | supaya padha nrima | patine wong papat iki | angalangi drêdah timbuling prakara ||

9. de sabatmu kabèh padha | dhawuhana mirantèni | pante sawiji go gawa | mayit Jênar marang masjid | sandika Sunan Kali | mahya tata-tata mantuk | piranti pante sawa | samêkta pangupakarti | bangke Jênar dinunung anèng bandhosa ||

10. Sunan Benang Pangran Modang | Pangran Gêsêng Kudus mijil | saking langgar laju budhal | mayit [mayi...]

--- 94 ---

[...t] ginotong nèng ngarsi | kang wuri samya dikir | samancaranira layu | Jêng Mlaya taksih têngga | bangke sakabat Sitibrit | animbali warisnya jalwèstri prapta ||

11. Jêng Sunan Kali ngandika | hèh wong kene jalu èstri | iki mayit tampanana | para warise pribadi | aja na gêtun sami | pêsthi karsaning Hyang Agung | jangji tan kêna owah | saiki têkane pati | para waris sami pasrangkara arja ||

12. hèh Sèh Mlaya wruhanira | sun suka tan darbe sêdhih | dene mangkya wus agêsang | nora suwe sun nututi | seje budining santri | grêjêgan nyawane jabut | ambêge suka bungah | yèn awake dhewe suthik | anèng dunya papriman anggêre gêsang ||

13. nulya bangke tinampanan | mring para warisnya sami | catur wus pinaripurna | tan ana dèn sidêkahi | gugu wêling duk masih | warnanên layon kang mlaku | kang ginawa mring Dêmak | tansah muji samandikir | wanci mahgrib [mah...]

--- 95 ---

[...grib] jujug srambi masjid Dêmak ||

14. pêpak para wali sanga | Sèh Maulana nabda ris | hèh kănca mukmin sadaya | bangke punika prayogi | kadunungna jro masjid | rèh têngadur wanci dalu | benjang-enjang kewala | pinaripurna lir kang wis | bêngi iki lah payo padha rinêksa ||

15. lan ngêntèni jêbèng Mlaya | sigra dèn usung tumuli | sinung made pangimanan | têbêlanya Sèh Sitibrit | tantara Sunan Kali | prapta dènira kautus | bakda mahgrib atata | wali sanga ngrêksa mayit | Sunan Benang matur dènnya lumaksana ||

16. mangentar oliya murtat | Sèh Lêmahbang kang wus lalis | purwa madya wusananya | sadaya wus katur titi | ring Jêng Sayid Mahgribi | nglairkên panrimanipun | sarwi alon ngandika | hèh ta kănca benjing-enjing | angaturi sultan panguburnya Jênar ||

17. samangke payo rinêksa | ngiras sunat puji dikir | mangkya [mang...]

--- 96 ---

[...kya] bakda salat ngisa | para wali matur inggih | lagya sasalat witri | ana gănda marbuk arum | mêrdu kasturi jêbat | lir lênga mawar pramuli | ngambar jroning masjid kagyat wali sanga ||

18. ngandika Sèh Maolana | hèh kabèh sagung wong santri | kang nèng jro masjid mêtua | mulih ywa na kèri siji | kajaba para wali | siji aja ana mantuk | ngrêksaa mayit Jênar | wusnya bubar santri-santri | gya tinutup wiwara kinancing kêkah ||

19. mung kantun wali sasanga | Sèh Maulana nabda ris | hèh payo kănca sadaya | iki mayit dèn priksani | paran ingkang suwadi | dene marbuk gănda arum | ngambar kagila-gila | nulya tutup dèn ungkabi | duk kapriksa layon Jênar mawa cahya ||

20. tur mawa wangkawa liwran | mênuhi sadalêm masjid | asor ulading panjuta | nuksmèngkara bra nêlahi | trangginas para wali | layon linênggahkên gupuh | sadaya wali sanga | manêmbah anguswa [a...]

--- 97 ---

[...nguswa] mayit | tikswèng jêmpol suku cinucup warata ||

21. gantya-gantya pangarasnya | nulya linêbêtkên malih | nanging Jêng Sèh Maulana | kipa-kipa tan marêngi | hèh kănca-kănca mukmin | mêngko pamikir ngong tuwuh | yogya mahyakkên srana | akal dadya sintru lair | kang supaya aja na wong blela cipta ||

22. ring klakuane Si Jênar | mêtu kramatnya linuwih | sakănca padha rujuka | dadia pangilon iki | Si Jênar karsa mami | sun kubur aywa na kang wruh | nèng ngisor pangimanan | mujur ngulon ingkang rêmpit | jro tabêla yogya liniru srênggala ||

23. jêbèng Kudus ngupayaa | kirik gudhig wêngi iki | sandika Jêng Kudus mentar | wali sanga kang nèng masjid | karya kaluwad dadi | jêro jêmbar mamèt ukur | tantara Kudus Pangran | dènira ngupaya kirik | sampun antuk kirik gudhig lorèk abang ||

24. sajuga wus pinarjaya | binakta manjing [ma...]

--- 98 ---

[...njing] jro masjid | katuju kluwat wus dadya | binopong bangke Sitibrit | dening sadaya wali | linêbêtkên luwang gupuh | ingurug wus sampurna | warnanên kirik kang gudhig | sinung krêndha tinutup anglir kunarpa ||

25. rinêksa sadalu natas | mring wali sanga byar enjing | bakda subuh pra ngulama | mijil lênggah ing surambi | prapta sagung pra santri | wruh kabar Jênar kapikut | sumahap pira-pira | lare agêng alit prapti | nêdya nonton pêputusaning prakara ||

26. plataran masjid lir pasar | tumulya Kangjêng Mahgribi | ngandika mring pra ngulama | gangsal kang lumakyèng tuding | amundhi nawala ji | wasesa mikut Sèh Lêmpung | rèhning wus kalampahan | karsanya kinèn turpêksi | saananing prakara kang wus klampahan ||

27. hèh jêbèng Benang Sèh Mlaya | Pangran Modang Kudus nuli | Gêsêng mlêbua mring pura | tur uning sri narapati | sandika kang sinung ngling | gangsal lumaksana gupuh | tantra praptèng wiwara | ing dana pratapa

--- 99 ---

manjing | amarêngi kangjêng sultan siniwaka ||

28. punggawa gung alit pêpak | bupati panèwu mantri | tuwanggana kawirêja | kasaru ulama prapti | dumrajog tanpa wigih | kagyat narendra tumurun | saking sana sewaka | ngacaran gangsal pra wali | samya tata munggèng keringnya sang nata ||

29. sri pratistha dhampar rukma | wusnya kramaning ulami | Jêng Sunan Benang ngandika | hèh jêbèng sri narapati | sun kănca lima uwis | mituhu dhawuhing ratu | ngampil sastra wasesa | mring Sèh Lêmahbang wong musrik | wus sun gawa nanging ngandhêm rèh tan arsa ||

30. mangke têmah nèng bandhosa | samangkya maksih nèng masjid | dumunung jro pante sawa | dhawuhnya Kangjêng Mahgribi | sultan enggala prapti | paring kurmat junjung kubur | pangluwatnya Si Jênar | jêng sultan pêthuking galih | nulya tindak patih pangulu lan jaksa ||

31. prapta natar srambi para | ulama gumrah ngurmati | sultan lênggah saha wadya | nulya sêsalaman [sêsalama...]

--- 100 ---

[...n] wradin | wusnyaso Sèh Mahgribi | ngandika sultan wruhamu | panguburnya Sitibang | sun pêsthi sadina iki | anèng kulon masjid ngumpul pra ulama ||

32. jêng sultan biyantu karsa | tabêla binêkta mijil | para santri cukat ngangkat | sumèlèh samade srambi | nata patih darbyarsi | ambuka yun wruh kang wujud | tutup krêndha dèn angkat | kagyat narendra lan patih | duk kapriksa jro krêndha bathang srênggala ||

33. gudhig kuru lorèk abang | sadarpa ngungun ing galih | kabèh santri têbah jaja | santosaning gama Ngarbi | wong mukir dadya kirik | dipaning kusuma dhawuh | kirik jroning tabêla | kinèn gantung madyèng margi | parapatan supaya dadya maesan ||

34. nata dhawuh juru sastra | karya undhang-undhang maring | siswa jroning pulo Jawa | kabar anèng bramartani | midrawèng bumi-bumi | trah cakrawala kinêmput | wus kadya sêtatsêblad | sandika êmpuning [êmpu...]

--- 101 ---

[...ning] carik | tan antara wus dadya gènnya manitra ||

35. kiwa têngên srat katandhan | gambar asta dwi nudingi | mangkana têmbayèng undhang | kang awit asma narpati | Sultan Panatagami | Bintara mandhirèng kratun | ing Jawa pulo Sundha | wus myarsa turnya pra mukmin | paring dhawuh sarupanya băngsa Jawa ||

36. tan kêna nyampahi gama | mêmaoni ngisin-isin | kaluhuraning dat mulya | myang panêmbahing Hyang Widi | praptèng kiyamat benjing | tumindak tan kêna lêbur | sing sapa wong kang murang | sarengat Rasulullahi | bagya antuk kisas adiling prajarja ||

37. lan dhêndhaning dat kang mutlak | kang sarupa Sèh Sitibrit | murut kang jisim pan dadya | sona abang lorèk gudhig | ingkang kagantung iki | Pangran Jênar wandanipun | titi srat undhang-undhang | katandhan jêng sri bupati | Sultan Adi Panatagama Bintara ||

10. Asmaradana

1. kasmaran tindaking karsi | dènnya gita sêtatsêblad | sona cinancang [ci...]

--- 102 ---

[...nancang] gulune | nèng luhur marga prapatan | tinemplokan srat undhang | supaya kèh ingkang wêruh | dumadya kaca bênggala ||

2. ing têmbe ywa na mêmarit | kalakuannya Sèh Jênar | marang sarengat maido | kang gumlar narik sutama | samana wus warata | kasub kasumbagèng catur | Jênar mati dadya sona ||

3. midrawèng rat nyakrawarti | măncapraja desa-desa | alas gunung wrata kabèh | wus dangu antaranira | bathangnya sona abang | mudhun wus pinundhut wangsul | sinung jroning Krêndhasawa ||

4. dhawuh kinubur lir mayit | pratistha kulon mukaram[14] | tanpa kurmat pangubure | samana wus paripurna | nguburnya Sitijênar | bangke ingkang dadya asu | nèng kulon masjid gonira ||

5. rampungnya pangupakarti | pangubure Sitijênar | jêng sultan sapunggawane | patih pangulu lan jaksa | nulya nata ngadhatyan | pra punggawa bubar mantuk | warnanên muritnya Jênar ||

--- 103 ---

6. sajuga lagyangon kambing | wasta Ki Lonthang Samarang | mirêng gêdêring pawartos | yèn Pangeran Sitijênar | sedane dadya sona | ginantung prapatan agung | pambekane wali sanga ||

7. Ki Lonthang ngartikèng galih | iya talah guruningwang | kinarya tontonan ngakèh | kênèng krenahing musibat | santri gawe kiyanat | supaya ngèlmune payu | ngala-ala kawruh liya ||

8. sajêg ngong durung tau wrin | janma mati dadya sona | mung akale santri bae | ragane dhewe sampurna | mring kerat gawa bathang | ciptane mring sawarga gung | nêmu barang kanikmatan ||

9. lumrah bangêt santri nisthip | nistha lakuning pralaya | ginawe mulang murite | kang kranjingan ailaha | ngarêp-arêp suwarga | ngêndi gone suwarga gung | yèn santri sêmaya benjang ||

10. besuk yèn wis têkan pati | bisa têmu karo Allah | anèng swarga panggonane | widadari samya

--- 104 ---

jaga | kang mangkono ulama | dikon dumuk êmbuh-êmbuh | iku wali ngayawara ||

11. yèn saiki durung uning | besuk manèh yèn wêruha | kang ora ana nyatane | nadyan santri bisa pana | manggon nèng nur Mukhamad | ana santri manjing suwung | wangwung kang kaya wong nendra ||

12. ana mring ngadêbumdhambi | brutune dhewe suwarga | ana manjing jagad kiye | kang kothong dadi udara | sawênèh manjing rahsa | nyawa mahya saking kakung | manjing kamapah narendra ||

13. dalane wus dèn liwati | lêmbut sungil dadi bocah | mijil saking ratu gêdhe | apêse dadya pangeran | bagya sumilih nata | kang sawênèh santri kumprung | utêg ginalih sawarga ||

14. ana manèh santri ngêmis | matine anggulung bathang | dadya samrica gêdhene | mêtu saking githokira | manjing mring ngula-ula | ana nuksma ngalam nukus | ana manjing darusalam ||

15. seje kaya

--- 105 ---

guru mami | Sèh Sitijênar mukmin kas | mutakap Kuran rapale | manggon panggonan pralaya | tan ingran ratrinira | anta muntu kabla muntu | shayujadulalimmala ||

16. ngukut sarana pribadi | mring kamuksan wus waskitha | nyatane ing kana kene | ngèlmune agal ngalela | siswa winêjang cêtha | gampang pangèsthining maut | têrus têrang padhang nrawang ||

17. sun iki Lonthang Sêmawis | kalêbu muritnya rucah | tinimbang santri wus moncol | sanadyan waline pisan | sayêkti durung eram | ana wali tikêl satus | payo adu kasantikan ||

18. Ki Lonthang nulya mring masjid | tan dangu laksitanira | praptèng tratag srambi ngoprès | dlajigan ambănda tangan | ngalor ngidul nênacat | mring jênênge wali kutup | miwah mring pra santri sabat ||

19. wêktunya Lonthang drêmimil | wali maksih lênggah atap | kathah murit wêrda anom | mabukuh sumiwèng

--- 106 ---

ngarsa | wruh Lonthang tanpa krama | akèh para santri ngungun | ingaran janma kunjana ||

20. nulya Jêng Mulana Mahgrib | ngandika mring Sunan Benang | hèh wong apa iku jêbèng | de ngungkak silaning krama | tur mangerang uliya | Sunan Kali nêmbah matur | punika sabatnya Jênar ||

21. wasta pun Lonthang Sêmawis | micara yayah kunjana | dènira ngrusak krahayon | nguman-uman wali sanga | ngunggulkên Sèh Sitibang | Jêng Mahgrib ngandika arum | hèh ta jêbèng timbalana ||

22. apa ta ingkang kinapti | wong ngrusak arjèng pranata | kang wus gumêlar ing ngakèh | lawan manèh takonana | Sunan Benang sandika | gya marêk janma kang muwus | mangkana pangandikanya ||

23. hèh sira Lonthang Sêmawis | angêcèprès paran karya | trang wuwusmu tanpa gawe | malah nyuda têntrêmira | luput-luput sliranta | antuk pidananing ratu | lah Lonthang sira linggiha ||

24. ingkang liningan gya linggih | kalêrês [kalê...]

--- 107 ---

[...rês] jajar Sèh Dumba | nèng surambi marêp ngulon | Lonthang jegang tanpa krama | nir silaning pranata | Sèh Malaya ngandika rum | hèh janma sirèku sapa ||

25. de nglêbur yudaning urip | kang tinanya pasrangkara | o o dene pangling kowe | nguni wus kêrêp kumpulan | kêplèk kècèk yèn kalah | angon ulat mung bêbraung | samangke dadya ngulama ||

26. biyèn aranmu Dèn Sahid | anake Dipati Tuban | mêngko dadi santri gêdhe | aran wali ulul ngèlma | silaning gama Ngarab | layak kowe mring sun tambuh | ngong aran Lonthang Samarang ||

27. murite Pangran Sitibrit | misih blilu durung muktas | ngalap wulang durung êntèk | nanging pamikirku lawan | oliya nora eram | angadu diguna kawruh | mati urip kanyataan ||

28. Sèh Dumba sumambung angling | hèh Lonthang praptanta paran | ing kene wuwusmu ngoprès | ngungkak kramaning prajarja | muwus lir talang udan |

--- 108 ---

tan kocandhêt wahyèng clathu | nora wurung dadya wisa ||

29. makan wandane pribadi | kadya punglu saking tinggar | Lonthang bok aja mangkono | sun tangguh dudu wong edan | nora angowêl badan | jamak lakuning tumuwuh | kudu rumêksèng sarira ||

30. sasat rumêksa Hyang Widi | ngratoni dunya ngakerat | têmah koalani dhewe | măngka wicaraning titah | waman ngaman ranapsha | pakot ngarap wa rabahu | sing sapa wruh ing sarira ||

31. têmên-têmên wruh Hyang Widi | wong taklim sapadha-padha | ngurmati awake dhewe | pama mamrih kaluhuran | ngluhurna awaking lyan | kale sira ngrusak ayu | nglêbur jamaking manungsa ||

32. yèn wong nêdya luru bêcik | ambuwanga kabêcikan | kang sakadar samurwate | mèt panimbang wajib wênang | ywa ninggal kira-kira | duga wataraning idhup | mangkono jênêng agêsang ||

33. dene wong yun darbe ngèlmi | aja pêdhot pamrihira |

--- 109 ---

kitab ngakait warahe | mangkene têmbayèng lhaphal | nganal ngèlma makluka | makluk têgêse puniku | wong yun ngèlmu ngupayaa ||

34. pratingkahmu iku musrik | nora pisan ngalap dalan | kang kanggo ing kana kene | sira mèstu Pangran Jênar | patine dadya sona | tan wun sira dadi asu | wus ilang tinggal pocapan ||

35. Ki Lonthang sumaur wêngis | hus kowe tekad warokan | ngalor ngidul adol goroh | nuturi wong buda desa | dunya ana Hyang Suksma | singa krungu manut gêmblung | mèstujarmu kang nyarkara ||

36. ngêndi ana Maha Sukci | ing dunya ngakerat sunya | ingkang ana ingsun dhewe | sêbut benjang urip ingwang | pribadi tanpa rowang | lah ing kono datullahu | pêpasihan dadya kita ||

37. sun wus mlaya jajah bumi | Aprika Cina Walănda | Alipuru wong Andêrkop | Hindhu Dhayak gama Buda | bangke malah [ma...]

--- 110 ---

[...lah] pêrkambang | yeka sadarpa tan gugu | têtêp pra wali duskarta ||

38. kang măngka ujaring dalil | Kuran gêgandhulan ingwang | têmbunging lapal mangkene | mun pakun nganil mayita | ramimun phituraba | têgêse pêcating idhup | mayit bosok dadya kisma ||

11. Pangkur

1. mungkur ngungun pra uliya | kang nèng srambi wrin Lonthang dènirangling | mêmancah agama Rasul | kang gumlar narik tama | samya jêtung wali sadaya gêgêtun | mirsa muritnya Sèh Jênar | kang wasta Lonthang Sêmawis ||

2. nulya Jêng Benang ngandika | hèh ta Lonthang sun antêp sira mangkin | nglakonana sujud rukuk | ing rèh dinil mustapa | anglakoni rukuning Islam kamsatun | yèku kang narik sutama | tamtu sira dadi wali ||

3. sun sakănca kang misudha | anggêntèni gurumu Sèh Sitibrit | nanging rina wêngi kudu | nglakoni wêktu lima | yèn Jumungah mring masjid mutakat makbut | anjunjung dat rabul ngalam | malikul [mali...]

--- 111 ---

[...kul] ing dunya ngakir ||

4. sira karan wali sanga | kang sinihan dening Hyang Maha Sukci | nging abot pitukonipun | sêdyambêg palamarta | sabar rila ing dunya mangajap ayu | yeka wong dadya ulama | sun watara sira bangkit ||

5. nglakoni sabar darana | gumyak sagung wali jumurung amin | samya mupakat biyantu | Ki Lonthang kipa-kipa | kirig-kirig gêtêm-gêtêm sarwi muwus | hèh Benang yèn ingsun sagah | kênèng begalaning pati ||

6. pira lawas ingsun pêjah | anèng dunya klorehan dadi wali | ingkang sabên dina bujuk | ngapus nyêdul manungsa | sun wong Islam ing têmbe urip tan layu | kinèn salat limang wêkdal | sun iki dudu wong kapir ||

7. mring masjid sabên Jumungah | jêngkang-jêngking manêmbah suwung sêpi | yèn wêjangane guruku | Sitibang marang ingwang | wong sêmbahyang nora pêdhot rintên dalu | hèh ta Benang wruhanira | wahyèng napas dadya puji ||

8. lêbune napasku

--- 112 ---

salat | rèh pangucap pamyarsa aningali | kinèn awasing pandulu | yeka salat manira | ingkang langgêng sajêroning kitap ingsun | ananging maksih kiniyas | mangkono satêngah kapir ||

9. yèn bijaksa nawung kridha | tanpa karya manêmbah rabul ngalim | jêr dunya tanna Hyang Agung | rèhning rumakêt bathang | nadyan cinèt pinrada tan wurung lêbur | mumur wor lêmah makaman | paran gon ingsun maèsi ||

10. yèn jarwane Sêh Lêmahbang | wong sêmbahyang tan antuk ngrika-ngriki | yèn katêkan lara bingung | yèn turu yayah bujang | lamun mlarat jaluk sugih nora antuk | lwih manèh lamun sêkarat | jlalatan kadhang mêcicil ||

11. saking sungkan ninggal dunya | kang mangkono dubilah wong trayoli | prandene santri kêpaung | dikir pan napi isbat | nganggit-anggit narupakkên datullahu | nuli ana rupanira | iku dèn anggêp Hyang Widi ||

12. apa iku dudu sasar | pratandhane jaluk [ja...]

--- 113 ---

[...luk] sugih tan olih | prandene sun kinèn makbut | salat karya sarengat | yèn Jumungah marang masjid pating kranthuk | mêmuji Pangeran sunya | dede ngrika dede ngriki ||

13. ingsun kinèn makbudullah | dèn apusi arsa ingangkat wali | mubêng gluyur adol wuwus | luru wuduk rasulan | babon putih bumbu lêmbar cekoh muluk | sêngadine nora mangan | hèh iku ratuning kidib ||

14. bok aja mangkono Benang | wruhanamu dunya iki pan pati | ing ngakerat jênêng idhup | langgêng tantara măngsa | kêna godha sing sapa kang jênêng layu | rumakêt swarga naraka | panas pêrih ngêlak ngêlih ||

15. Jêng Mahgribi Maulana | nambung sabda hèh kănca-kănca mukmin | wis aywa kakehan wuwus | bab Si Lonthang Samarang | mung tarinên bae paran sêdyanipun | sandika para ulama | Sunan Ngampèl ngandika ris ||

16. dhatêng Ki Lonthang Samarang |

--- 114 ---

hèh ta Lonthang sira ingsun takoni | rèhning gurumu wus lampus | mring jaman kauripan | măngka sira Lonthang anèng kene layu | lah aparsa nusul sira | ingkang ngatêr para wali ||

17. Ki Lonthang gumuyu latah | tanpa karya wuwusmu marang mami | wong anêdya datan ewuh | yèn murit Sitijênar | gampang bae sadurunge wus kacakup | kene wruh rasaning kana | ngrika wruh rasaning ngriki ||

18. de sira narima ring wang | jênêng pati sakarsèngsun pribadi | urip nganggo sakarêpku | bab kondurnya Sèh Jênar | ingsun nêdya labuh bêbarêngan idhup | kang wus tan kacakrabawa | sadhela mêngko sun mulih ||

19. mung pêrluku mrene iya | yun sidêkah pitutur mring pra mukmin | ywa isin ngalap caturku | cacah têlung prakara | kang sapisan aja nindakake apus | kang ninggal duga watara | mundhak dèn gêguyu bumi ||

20. kang kapindho aja sira | ngrusak barang tinggalan jaman dhihin | kaya ta

--- 115 ---

rontal sastra yu | tulis-tulis nèng sela | kayu watu patilasan ywa kogêmpur | wruhanira băngsa Jawa | budane tan bisa ênting ||

21. kang kaping tri bokmanawa | kowe rujuk buwangên masjid iki | sirnakna sarana latu | sun owêl turunira | nora wurung têmbe manut mêndêm kulhu | bingung kedanan mring Allah | nganggit-anggit nora kanggit ||

22. kana-kana nora ana | têmah santri anut mangèstu budi | angên-angên Hyang Maha Gung | lir Prabu Brawijaya | têmbe ana santri kang mangerang bumbung | galih kangkung wuluh wungwang | suwung wangwung klowong angin ||

23. iku ginalih Pangeran | kang nguripi antara bumi langit | ana manèh santri bingung | napas dèn anggêp Allah | mlêbu mêtu amêmuji dhèwèkipun | luwih manèh têmbe ana | asmaning Allah pinuji ||

24. jaman iki wali sanga | akèh asma pinangeran ting jlêrit | nèng masjid kabèh kancamu | tur nora wruh Pangeran |

--- 116 ---

yèn wong kapir Pangerane bisa wêruh | balik kang mèt waton Kuran | Allah tan wruh ing wong muji ||

25. Allah tan kêna sinêmbah | cècèk bae lan guru Sèh Sitibrit | rujuk Kuran jarwanipun | mokal sira tan wikan | mangibadallahu dunnal asma kupur | têgêse wong nêmbah makna | yèn tan lawan asma kapir ||

26. wa aman ngibadal asma | dunal makna makatna iya kang lir | nêmbah asma tinggal wujud | têmên-têmên kacêgah | poma sira ywa wani dêdawa palsu | rusakên masjid punika | jêr sira têmbe sêsiwi ||

27. nurunkên têdhak-tumêdhak | yèn kêbanjur kawruhmu têkèng ngakir | tan wurung akèh wong kêmprung | wêdi mring Gusti Allah | wani marang pulisi pangwasèng ratu | bubrah ruwêt akèh lanat | ruwêt tataning agami ||

28. gêtun têmên guroningwang | Sèh Sitibang pagene ninggal mulih | coba lamun maksih layu | nèng kene bisa ngrusak | masjid [ma...]

--- 117 ---

[...sjid] Dêmak kang ardawalepa palsu | mèt pathokan saking kitab | miwah tapsir kaelani ||

29. wus sun ringkês jarwaningwang | panêdyaku sun nusul guru mami | sanadyan urip tan pangguh | pati budiku tunggal | lah ta payo tontonên dèrèng sun nganyut | yèn wus mulih salinana | bangke sakarêpmu dadi ||

30. kadhal kodhok rase luwak | kucing kuwuk gampang gonmu ngupadi | sadhela wus pasthi antuk | wangsul leyo lan gajah | tak pêsthèke kowe nora bisa luru | bab pulo Jawa tan ana | Lonthang gya manjing jro masjid ||

31. jujug mimbar pangimanan | para wali maksih kari nèng jawi | gya Lonthang trangginas mugut | tirtaning kang nirmaya | wus munpakun kayatun dunya munpatun | yayah ilir grap plas sirna | gumilang-gilang kang mayit ||

32. kagyat wali kang nèng jaba | dupi myarsa gumêbrug kadi ardi | nulya sadaya malêbu | wrin Lonthang wus palastra | samya ngungun [ngungu...]

--- 118 ---

[...n] sadaya pra wali gumun | rikatnya endraning laya | bangke gya binêkta mijil ||

33. pra santri ibut tumandang | karya kluwak anèng dagan Sitibrit | dupi pangupakara wus | sawa Lonthang dèn angkat | wus pinêtak rampung lir caraning layu | bubaran para uliya | kasmaran kasaput wêngi ||

12. Asmaradana

1. kunêng gênti kang winarni | Kyagêng Tingkir Ngardipurwa | myarsa sumêbaring wartos | yèn muritnya kang pangarsa | Ki Pêngging Dayaningrat | sampun tinimbalan ratu | Ingkang Sinuhun Bintara ||

2. kongsi rambah kaping kalih | Pêngging baguguk tan arsa | Kyagêng Tingkir maras tyase | tan wande antuk pidana | ing rèh nagara krama | Kyagêng Tingkir yun katêmu | paran kang dadya warana ||

3. wusnya busana lumaris | ambêkta murit karweka | datan kacrita lampahe | praptèng Pêngging jujug langgar | gya ubon-ubon mêdal | Kyagêng Tingkir ngandika rum | hèh rara sira tutura ||

--- 119 ---

4. ingsun iki Allah Tingkir | yun panggya bandaranira | Allah Pêngging kang nèng kobong[15] | kyagêng nulya tata lênggah | kalihnya rêraupan | bubar gya andum rahayu | Kyagêng Tingkir lon ngandika ||

5. hèh yayi praptèng sun ngriki | gati-gati mirêng warta | adhi wus watara suwe | sira tinimbalan nata | sinuhun ing Bintara | pêrlune mung nêdya pangguh | rèh sira maksih sudara ||

6. yayi ingkang kaping kalih | nata mring sira sujana | jêr durung alum tilase | sira trahing Brawijaya | dhêdhukuh tilas praja | ing Pêngging yayah kadhatun | purwane kêmaru cipta ||

7. kondhang kasup warta yayi | adhi baguguk tan arsa | pun kakang pakewuh tyase | hèh yayi sabab punapa | jarwaa marang ingwang | Kyagêng Dayaningrat matur | kakang gih yêkti kang warta ||

8. kula tinimbalan aji | ping kalih wangsulan kula | mopo tan nêdya sumaos | rèh manggèn bumining Allah | dede [de...]

--- 120 ---

[...de] ratu kang karya | kabèh manungsa mung nêmu | gumlaring bumi akasa ||

9. de kula mung nanêm gagi | yèn mêdal kawula têdha | sêkulnya lawan kang akèn | budayaning ciptaningwang | mring Dêmak botên arsa | gampil yèn jaba jro rujuk | nanging mangke dèrèng nêdya ||

10. makatên amba mangsuli | mundur caraka tumulya | kyana patih namur lakon | sêngadi santri ngalămpra | prapta mundhi sabdendra | maringkên cangkriman têlu | sasagêd kawula cêtha ||

11. wikan cocog wikan silip | wusnyamba mêcah pralambang | Kya Patih pangandikane | kula kaparingan inah | ing dalêm tigang warsa | mangke sampun wancinipun | nanging pamanah kawula ||

12. maksih dèrèng anyondhongi | kêkah ngrasa tan kabawah | jêr bumi langit salire | sadaya darbèk manira | kula kang suka nama | pratandhane duk pukulun | dèrèng tumitah tan ana ||

13. nadyan Allah sêpa-sêpi | jiwangga [ji...]

--- 121 ---

[...wangga] kita pulastha | sampun malih sang akatong | sami titah sipat anyar | pratăndha taksih samar | ratu tan uning Hyang Agung | kula tan wêruh Hyang Suksma ||

14. jumênêng ngong rèh pribadi | urip sakarsa manira | dawa cêndhak sakarêpe | boga busana ngupaya | kodrat kula pribadya | budayèng ciptamba turut | angên-angên Gusti kita ||

15. ingkang kawula ngèngèri | mituhu ratri myang rina | kang kula nut sapakone | botên mèstu Pangran liya | jaba mituhu cipta | mobah molah mosik muwus | atas karsane natullah ||

16. nulya nêbut Maha Sukci | laillaha hailullah | punika asma kemawon | mung samine wujud kula | jawi punika răngka | ing jro curiga Hyang Agung | kang tan pae lan warăngka ||

17. mênggah Bintara Narpati | rumêngkuh angaku sanak | trah Majalêngka Sang Katong | lah puniku langkung dora | marmamba tan lêksana | kula ngèsthi

--- 122 ---

rèhing guru | inggih sadalêm kawula ||

18. Kyagêng Tingkir nambung angling | hèh yayi aywa mangkana | sayogya sira sumaos | yèn sira yayi tan seba | mênèk wong ngadu basa | tan wun sira nêmu dudu | labêt tindaking prajarja ||

19. tamtu sira dèn patèni | wong baguguk ngutha dlika | sun uninga anyar mêngko | gurumu Pangran Lêmahbang | mêrdut antuk pidana | krampungan wasesa layu | kasêbut murtat agama ||

20. malah sakawan kang murit | pinatenan papat pisan | srengat yudanagara wor | mupakat katrap siyasat | apa tan wêdi sira | Kyagêng Pêngging guyu guguk | kakang Tingkir bab punika ||

21. sèwu mokal kula ajrih | srambut pinara sayuta | nadyan jiwangga ngong awor | bantala dadya sakiswa | botên nêdya suminggah | pêpasthèning Hyang tan mundur | ing rèh kang murba misesa ||

22. wong palastra datan sakit | de kakang tunggu ngantara |

--- 123 ---

maksih mandhirèng uripe | yèn jiwita bab pulastha | kondur mring ngalam iya | panggenan kang uning anung | marma tan ajrih bêbaya ||

23. botên wande badhe prapti | rèh wus jangkêp tigang warsa | rêkyana patih inahe | ki agêng ing Ngardipurwa | mirêng Pêngging pratignya | ngandika hèh yayi sukur | bagya tan suminggah durta ||

24. wong sabil dêdalan pati | patitis paraning sangkan | mantêp têtêp panêdyane | panggah kêncêng tan suminggah | nora luwih manira | jumurung mendrasa layu | yuwana ing kene kana ||

25. tumulya Ki Agêng Tingkir | wanci ratri darbe karsa | andhalang ringgit kabèbèr | jaman kuna wayang gambar | cinrita anèng gambar | lêlakon pralambang kawruh | Dewaruci Warkudara ||

26. manuksma mring ngalam sahir | warăngka manjing curiga | ngrêncana panggonan têmbe | Sang Sena dènnyambêg sêtya | mlayang jagad walikan | tan siwah ngalam kabiru | sadarpa

--- 124 ---

ambêg martana ||

27. lagyeca kang samya uning | ing ratri gathitha[16] tiga | Nyai Agêng Pêngging kraos | têtela trahing kusuma | rêmbêsing madukara | tuhu yèn siwadul guyub | kyagêng kèndêl dènnya dhalang ||

28. mangun pakardi ngunthari | rampunging panitikarya | kyagêng ing Tingkir nabda lon | hèh yayi iki sutanta | nurbuwat slaning imba | ana pulunggana mancur | tăndha wahyèng wahyu kubra ||

29. lamun pinuju ing galih | yayi sun paringi nama | Mas Karèbèt panêngrane | rèh bèbère wayang gambar | kumrèbèt kênèng barat | kang kaping kalih sutamu | sun pundhut mring Ngardipurwa ||

30. Kyagêng Pêngging matur inggih | sumăngga mèstu sakarsa | kawula darmi kemawon | samana wus pitung dina | kyagêng ing Ngardipurwa | nèng Pêngging tumulya kondur | Mas Karèbèt wus kagawa ||

31. tan kawarna anèng margi | prapta ing Tingkir samana | sajarwa dhatêng Nyi Gêdhe |

--- 125 ---

dènira angambil putra | langkung marwata suta | wus dèn inyakkên kang sunu | dupi ing antara lama ||

32. Kyagêng Pêngging yun têtuwi | mring Tingkir panggya atmaja | nulya laksita ge-age | dupi prapta Ngardipurwa | tata bagya raharja | nanging ing wêktu puniku | Kyagêng Tingkir nandhang gêrah ||

33. ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi Pêngging wruhanta | sun wus parêk praptèng layon | pratandhaning urip sirna | nur Mukamad tan ana | miwah nèng jroning netyèngsun | wus sirna parêk kang măngsa ||

34. plênggahan Rasul ing lathi | nora kêri têtela trang | rinacut dening Hyang Manon | Hyang Pramana mlêbu kurang | sumpêg cipta pangrasa | lah untapna yayi ingsun | Ki Agêng Pêngging taruna ||

13. Sinom

1. matur sarwi ngusap waspa | tutuk tumèmpèl ing karni | mangkana ing aturira | hèh kakang kula yun uning | mênggah nyataning pati | saking panêngêran palsu | boya kenging ginêga |

--- 126 ---

plênggahan Rasul tan yêkti | wong-uwongan sadalêming netra dora ||

2. napas manjing mahya kirang | lah puniku dèrèng yêkti | mênggah panêngêran kula | kang kenging dèn anggêp mêsthi | samênit boya gingsir | lah punika warninipun | unong aning ununa | coba kawula tingali | gya dèn têpak kang uning anong ununa ||

3. Kyagêng Dayaningrat jola | hèh kakang dene ta yakin | paduka kirang sakêdhap | yun kondur mring jaman suci | sumăngga kula turi | lênggah sakêdhap lan mungkur | ingkang murba masesa | mangke nêdya sun takèni | kyagêng lênggah skuku cipta srah jiwangga ||

4. dupi sumiyut kang uswa | Dayaningrat angêndhoni | matur yayah madubrănta | hèh kakang amba watawis | tan dangu ngong tututi | mugi antènana ulun | anèng bukari rahmad | sumambung Ki Agêng Tingkir | ya mangkono yayi tekate wong buda ||

5. de nganggo antèn-antenan | kaya dudu

--- 127 ---

akul mukmin | wong buda nêmu suwarga | wignya panggih garwa siwi | yèn ingsun sira mêsthi | swarga nraka nora ayun | tan manjing isi sunya | mung nikmat mupangat yakin | lah ta payo yayi enggal untapêna ||

6. mèsêm Kyagêng Dayaningrat | dhuh sukur bage sakêthi | kakang tan klèntu panămpa | jêr kula wus kêrêp uning | wong mêntas icip-icip | takèn panggonane besuk | rèh guru datan kewran | tur maksih sarjana Pêngging | gya kadumuk dumunung nèng nur Mukamad ||

7. kang tan mêdal angganira | wong blilu mathêm nampèni | puniku marmane kula | andhêgi takèn pangèsthi | pun kakang manjing pundi | ing mangke paduka kukuh | manuksmèng tyas sudarma | uninong aning ananing | sèwu sukur dene dunya ngakir padha ||

8. wus cocog lan guru kula | Sitijênar kang wus mulih | yèn makatên kakang enggal | suwawi kula rencangi | manjing ulu iyating | Kya Pêngging gya nucup êmbun |

--- 128 ---

asta nêpak wiwara | plêng sirna datan kaèksi | gilang-gilang kunarpa mawa ujwala ||

9. susawa pinaripurna | caraning Islam Ngarabi | pinêtak cêlak kewala | padhukuhan kubur Tingkir | rampung pangupakarti | Kya Dayaningrat yun kondur | nging kang bakyu tan suka | hèh yayi tunggua dhisik | pitung dina ila-ila cara kuna ||

10. Kyagêng Pêngging mèstu karsa | angêntosi pitung ari | sawuse rampung pamitan | kyagêng kondur dhatêng Pêngging | samargi tansah kingkin | dènnya tinilar ring guru | Ki Agêng Ngardipurwa | dhasar sadulur prajangji | tan winarna ing marga wus praptèng wisma ||

11. kyagêng malbèng pasarean | jro krobong kadya ing nguni | mangêningakên kang cipta | ring dat kang murwèng dumadi | tan boga nginum warih | Sang Dayaningrat mamrês kung | jiwitaning sudyarsa | kapusthi rèh mahya manjing | kasat mata sirna Gusti lan kawula ||

12. kocapa nagri Bintara | Sultan Dipanatagami | ing dintên [dintê...]

--- 129 ---

[...n] Soma sewaka | munggèng ngamparan rinukmi | pêpak para bupati | tumênggung riya panèwu | pra mantri ulubalang | măncapraja wus sumiwi | kadya giri pawaka wêrdyangga sasra ||

13. narendra pasang sasmita | tinampanan pra bupati | radyan dipati wus tămpa | marêk byantara narpati | sang nata ngandika ris | hèh paman patih wruhamu | Si Pêngging Dayaningrat | sira wèh inah tri warsi | praptèng mangke wus jangkêp sêmayanira ||

14. prayogane sun utusan | nyundaka marang Si Pêngging | mundhi nawala wasesa | anjabut lungaya Pêngging | iya sadina iki | kyana patih nêmbah matur | gusti nuwun sandika | kajawi karsa narpati | kang sayogya rêmbagan lan wali sanga ||

15. yèn wus mupakat karsendra | angutusa wali mukmin | ngampil wasesaning praja | pramila makatên gusti | Kyai Gêng Pêngging maksih | putra mantune Sang Prabu | Brawijaya pamungkas | tan kenging singa nêlasi |

--- 130 ---

yêkti sanès lan pun Jênar trahing kumpra ||

16. cocog karsanya narendra | nulya têdhak dhatêng masjid | ginarbêg para bupatya | tan winarna anèng margi | jumujug nèng surambi | kaparêng pra wali kumpul | tumurun pra ngulama | sêsalaman lan sang aji | nulya lênggah majêng ngalèr sri narendra ||

17. sadaya pra wali gita | samya nyêlaki sang aji | wusnya tata dènnya lênggah | umatur sri narapati | sowan kula mariki | wontên durta lami tuwuh | pun Pêngging Dayaningrat | kang majênun tekat baring | ngrisak gama ngina-ina kraton mulya ||

18. kapriksa kados pun Jênar | manungkak tataning krami | saking pamanah kawula | nyuwun katimbang rat gami | rèhning darah narpati | rama Prabu Majalangu | mênggah tranging pratingkah | kula sampun kaping kalih | animbali pun Pêngging mogok kewala ||

19. para oliya sadaya | wus mirêng sabda narpati | Sunan Kali nambung sabda | hèh jêbèng lamun wus yakin |

--- 131 ---

dera midakèng gami | yogya pinatrapan ukum | utusana punggawa | ngampil wasesa narpati | Sèh Mahgribi Maulana nambung sabda ||

20. yogya wali kang dinuta | jêbèng Kudus bae bêcik | lumaku gawa prampungan | sultan aparinga tulis | sigra jêng sri bupati | dhêdhawuh juru citra wus | sandika kang liningan | tan dangu panitra dadi | kinèn maos cêtha sora mrih têtela ||

21. wus rampung binungkus sutra | gya katur dhatêng Jêng Mahgrib | dèn asta nimbali sigra | hèh jêbèng Kudus sirèki | kajibah mundhi tulis | wasesa anjabut layu | Kya Pêngging Dayaningrat | kang duskartaning praja di | Sunan Kudus sandika sêrat tinampan ||

22. budhal lan sakabatira | ambêkta bêndhe sawiji | minăngka têngarèng yuda | ginendhong wisatèng wuri | nulya sri narapati | sawadya punggawa kondur | sapraptaning kadhatyan | bubaran para bupati | agêng

--- 132 ---

alit samya mantuk sowang-sowang ||

23. ucapên kang dadya duta | Sunan Kudus kang lumaris | wisata ngambah padesan | wus parêk ing tanah Pêngging | bêndhe tinitir-titir | kathah janma desa gugup | samya sikêp warastra | ngupaya swara kang muni | akèh ngira macan gembong ngaruara ||

24. kagegeran wong padesan | rare jalu èstri ngili | ana ingkang kancing lawang | sawênèh angranggon ngintip | ana kang mènèk krambil | samya alok macan ngamuk | ingkang gawa gêgaman | marêk sunan kang lumaris | hèh ta janma sira liwat wêruh macan ||

25. kang nywara kagila-gila | Sunan Kudus ngandika ris | paman ngêndi ana macan | kajaba mung bêndhe muni | lah iki ingkang warni | coba yèn sira yun ngrungu | nulya bêndhe tinatap | anggêrêng sru gêgirisi | sabên-sabên parêk desa kagegeran ||

26. Jêng Sunan Kudus ngandika | mring para murit kang ngiring | hèh kabèh wruhamu [wruha...]

--- 133 ---

[...mu] padha | bêndhe iki sun arani | Kyai Macan ing benjing | dadya pusakaning ratu | lan manèh iki desa | sun arani Simawali | saurpêksi wong desa matur narima ||

27. kongsi praptèng jaman mangkya | aran dhusun Simawali | samana lajêng lampahnya | sunan praptêng tanah Pêngging | ana wong nini-nini | tinakonan mring Jêng Kudus | nyai ingsun têtanya | Kyai Pêngging ana ngêndi | lagi apa yèn wanci mangkene iya ||

28. Nyai Wêrda nambung sabda | kyagêng nora nampik wanci | nèng krobongan embal sabda | lan dat kang murwèng jêng kyai | kang têbih kang tanpa wis | parêk tan kêna dinumuk | purbaning dhèwèkira | tunggal ingkang ngajak urip | ngajak nendra ngajak seda wus kadriya ||

29. lamun sira yun kêpanggya | sun pêsthèkkên nora olih | rèhning lagya badan suksma | mangêningkên puja gaip | kang pinuji amuji | kang dinulu lagya dulu | ngandika lagya

--- 134 ---

ngucap | mosik mênêng kumpul siji | hèh ta anak tamu balia kewala ||

30. lakunira tanpa guna | Jêng Sunan Kudus mangsuli | nyai sun iki utusa- | ning Hyang Kang Murwèng Dumadi | sun malaekat nglangit | maringkên kamulyan agung | nyai sira tutura | mring gustimu Kyai Pêngging | aturana mêtu sadhela kewala ||

31. nyi tuwa sumaur sugal | sirèku janma tan bêcik | tandhane patrap tan tata | mêsthi gawene ngapusi | apês ngupaya ringgit | katara wuwusmu palsu | sêngadi dutaning Hyang | malaekat saka nglangit | yèn wong Pêngging satus yuta tan pracaya ||

32. ing kene akèh bijaksa | kang tyas nirmala dimurti | caturmu kabèh katara | wong durjana ngrusak yukti | ngêndi ana Hyang Widi | kongkonan kaya sliramu | Allah cêdhak lan ingwang | sasolahku ngudanèni | malah lamun Ki Agêng kiyas tan ana ||

33. hèh durta sira wêcaa | kang prasaja aja kidip | nyatane

--- 135 ---

wong ngêndi sira | dene bodhomu kêpati | sira bagus taruni | cacade budimu cubluk | tan ngupa kasarjanan | apa nora kulak warti | yèn ing Pêngging akèh janma gunardika ||

34. Sunan Kudus mèsêm mojar | mring sujanma wêrda èstri | patitis ingkang wicara | pangran angandika aris | wruhanta ingsun nyai | santri Dêmak yun katêmu | marang bêndaranira | nêdya muruhita ngèlmi | nyai tuwa guyu guguk pasrangkara ||

35. e layak sira wong Dêmak | tunggale kang ngaku wali | sing nglămpra idêr carita | adol bodho mring wong Pêngging | sira prapta nèng ngriki | ngong tan gumun kowe kuthung | wis lumrah santri nglayab | tan abudi nitisurti | mung ngupadi kêndhuri wuduk rasulan ||

36. de sira têmên yun panggya | mring kyagêng gêguru ngèlmi | kasampurnan kene-kana | supaya bodhomu ênting | yèn wulange jêng kyai | gampang cêtha galur turut | ing dunya nuksmèng

--- 136 ---

laya | turnèh ngong iki wong èstri | lamun karo wali pinggir nora eram ||

37. iya sun aturkên sira | janma wêrdèstri gya manjing | ing ngèmpèr dalêm silasta | manêmbah atur upêksi | tami Dêmak yun panggih | wus klilan gya kinèn mlêbu | sunan dèn awe sigra | manjing mring dalêm pribadi | sabat sapta kinèn lungguh nèng pandhapa ||

38. sunan gya majêng saksana | sadarpa kagyat duk uning | kang cahya kadya sasăngka | prabaning netra ngajrihi | mawa prabawa gaip | sigra sunan ngrangkul jêngku | ing rèh dangu tan oncat | Jêng Kudus swanita mijil | sru udrasa lir mas tumimbul ing toya ||

14. Maskumambang

1. duk nupiksa Kyagêng Pêngging manabda ris | janma sira sapa | pinangkanira ing ngêndi | miyak gubah laju drasa ||

2. sênggruk-sênggruk apa sira pasang yiyit | matur kangjêng sunan | jêng kyai kula puniki | Pangran Kudus kitha Dêmak ||

3. sowan kula dhapur dinutèng [dinu...]

--- 137 ---

[...tèng] narpati | Jêng Sultan Bintara | kang natagama Ngarabi | amba ngampil sastra murda ||

4. lah punika srat binuntêl sutra kuning | de kula udrasa | rèh wruh paduka prihatin | mokal yun ngrabasèng praja ||

5. mokal malih mêmancah agama suci | botên wontên tăndha | kang dados sahing prakawis | tumibaning kukum pêjah ||

6. gih punika kyai prapta kula nangis | wêlas mring sasama- | samaning tumitah urip | samya sinung têpa-têpa ||

7. wênang wajib kinèn asih sami urip | rèh janma manungsa | agêng alit atas sami | sanèsnya mung pangajaran ||

8. mung punika gêtun kula satus kêthi | kok dumadi duta | ngampil sastra wasesa di | karampungan mancas griwa ||

9. lah punika kang sastra aturan wêling | gya winaca sigra | cêtha sora madyanya nis | kyagêng wus tămpa nglêgewa ||

10. mung ngandika yèn mangkono sira wali | santri ănggaseta | ning

--- 138 ---

atimu kang ngapusi | bujuk-bujuk lir duskarta ||

11. ngalor ngidul ngaku wruh kang Maha Sukci | jêngkang-jêngking salat | pating krêmbyah pating jrêlih | tur sira nora uninga ||

12. dunya ngakir janma tan wignya kapanggih | wong kasêdul Kuran | ingkang pituture silip | sarta angèl tinakonan ||

13. mangke kangjêng sri bupati manut eblis | wruh wong kaya kita | panas kira darbe melik | marang klakuaning dunya ||

14. marma karsa ambrastha Ki Agêng Pêngging | kinarya bêbuka | tinimbalan sun tan apti | yeka durung tyas nirmala ||

15. wus têtela si patih kang mêndêm gami | dudu tus satriya | anut sorah tanpa sêksi | lyan dama turuning kămpra ||

16. para wali têdhake pra narakarti | tan ana trah waswa | mila nitisurti sêpi | niti sastra bae tuna ||

17. sira Pangran Kudus dèn utus nimbali | dening sri narendra | yèn ingsun mogok tan arsi | kêna manigas lungaya ||

--- 139 ---

18. iya sukur rèhning sira wali mukmin | mêsthi wus waskitha | wruh ing dêdalaning pati | wrin panggonaning pralaya ||

19. rèhning sira mêngko dadi duta pati | coba sun têtanya | jawabên ingkang pratitis | sirèku mukmin utama ||

20. sabab apadene sira nganggo urip | purwa saka Ngadam | ingkang pirang yuta warsi | mangke wujud saka sapa ||

21. ingkang kaping kalih sira jênêng urip | kowe nganggo nendra | sapa ingkang ngajak guling | jro turu kadhang supêna ||

22. kadhang ora ge jèrèngên bab puniki | ingkang kaping tiga | sabab apa dene pati | jroning pati ana apa ||

23. ingkang kaping catur yèn sira wus lalis | ing têmbe apa ta | bali manèh dadi bayi | apa nèng kana kewala ||

24. lah batangên puniku cangkriman Pêngging | saka Sèh Sitibang | sajarwane kang sun èsthi | yogya kene kono kana ||

25. anèng kana pasthi wruh rasaning ngriki | ngriki

--- 140 ---

wruh ing ngrika | hèh babarên kowe wali | kalêbu imaning Jawa ||

26. yèn sira tan uning aywa dadi wali | mukmin ngayawara | bisa dadi duta pati | priye kanthaning pralaya ||

27. Sunan Kudus sadarpa ngungun ing galih | wrin sual catur bab | ingkang judhêgakên ati | rumăngsa datan kaduga ||

28. manuhara mlasarsa matur ring kyai | dhuh kangjêng mardika | lêpat kula satus kêthi | agung nuwun pangaksama ||

29. botên langkung mung minta sihirèng kyai | sual catur warna | kababar amba tampèni | kawula pundhi mastaka ||

30. kula kintên Dêmak dèrèng wontên uning | kilap Sêh Mulana | kang dadya muka agami | pramodaning wali sanga ||

31. dèrèng wontên pra wali kang dèn paringi | kilap Sunan Benang | bijaksambêg pramugari | marma nênuwun kawula ||

32. ingkang mugi paduka paringi wirit | amba srah jiwangga | Kyagêng Pêngging mèsêm angling | ngandika pait sarkara ||

--- 141 ---

33. o ya talah kuthung têmên sira wali | mêsakake kita | ngèlmu mati nora uning | lah nya Kudus tampanana ||

34. gya pinêluk kang bun kasupan ing karni | sajarwa prasaja | tan pralambang tanpa kêlir | têrus têrang blaka-suta ||

35. Sunan Kudus sampêt tampi jarwèng kyai | babarnya cangkriman | kang angodhêngakên budi | wus padhang sumilak nrawang ||

36. gya umatur Sunan Kudus mring jêng kyai | sarwi ngaras pada | yèn makatên wong puniki | gêsang kalih pêjah tiga ||

37. gêsang kalih pêjah tiga kosokbali | dene wontên ngrika | ngong upamèkakên wingi | kang sampun utami benjang ||

38. Kyagêng Pêngging sadarpa sukaning galih | dupi pamêjangnya | Sunan Kudus bangkit tampi | panjèrèngnya kasat mata ||

39. ing wusana Kyagêng Pêngging ngandika ris | Kudus rèhne sira | dadya dutaning narpati | miwah dutaning rat gama ||

40. kinèn jabut griwane Ki Agêng Pêngging |

--- 142 ---

payo untapêna | murdèng ngong gawanên mulih | aturna mring wali sanga ||

41. kipa-kipa Sunan Kudus kirig-kirig | jêng kyai kawula | botên sagêd nglaksanani | malah yèn panujwèng karsa ||

42. amba nuwun inguntapêna rumiyin | rila karsa tuwan | botên sagêd amba kèri | ngriki-ngrika boya beda ||

43. nadyan kyagêng botên karsa nglaksanani | kawula pribadya | kados sagêd munah kadim | antaka mulyaning laya ||

44. lami têmên kasasar kula puniki | pêpacangan laya | enggal kadhaupna nuli | rèh tan wurung campur juga ||

45. kyagêng bêkuh hèh Kudus ciptamu silip | ywa mangkono sira | nyupêt lêlakoning wali | dadya panarik sutama ||

46. de lakumu wus pinasthi nora bali | nyangking murdaningwang | mara saksènana iki | dina praptèng sun pulastha ||

47. awasêna bae yèn klèru sirèki | wênang awèh dalan | dadya panarima [pana...]

--- 143 ---

[...rima] mami | kyagêng gayuh tirtamaya ||

48. plas sirna wus tan sesa jênênging urip | Sunan Kudus cuwa | yun kêpanggih imbal lathi | siratal wot mustakima ||

49. duk kacidra kang uswa cinucup lathi | dadya sami panggya | Sunan Kudus lan Kya Pêngging | imbal sabda kalih juga ||

50. nèng sadalêm nur Mukhamad samya linggih | kadya wong supêna | Kyagêng Pêngging nulya bali | dêduka pasang sasmita ||

51. paran sêdya de sira gêgodha mami | Sunan Kudus nêmbah | kuciwa tyas kula maksih | nyuwun wrin raose ngrika ||

52. wontên ngrika badhe wruh raose ngriki | kyagêng angandika | payo Kudus marang bèji | anggawaa wastra seta ||

53. sandika wus lumaksana dhatêng bèji | kyagêng lan jêng sunan | gêgandhengan nulya prapti | mori ginêlar ring kisma ||

54. Sunan Kudus mangkurêp binungkus tartip | katutup kang uswa | sampêt marga pănca pati | ingkang maksih driyanira ||

55. gya pinanjingakên sadalêming

--- 144 ---

warih | wus yayah kunarpa | tanpa swara mobah-mosik | mênêng pratăndha wor Suksma ||

56. duk umanjing wanci bakda ngisa ngakir | dupi bangun enjang | uluk salam Kyagêng Pêngging | sunan ngalaekum salam ||

57. blubug-blubug mawa swara gya tinarik | luwar saking blumbang | wastra seta dèn uculi | garing dayaning kunarpa ||

58. ingkang murba ingusap-usap jêng kyai | gregah ngraup pada | dhuh kyai kula wus uning | ring tirtaning kang nirmaya ||

59. kyagêng nabda kayangapa ingkang warni | rasane kaya pa | jêng sunan matur kang warni | kadya angên-angên kula ||

60. raosipun uninong aning ananing | mênggah pralambangnya | botên nendra botên ngimpi | ngungkuli carêm wanita ||

61. wusnya rampung kondur gêgandhengan kalih | praptèng wisma sigra | manjing pasarean malih | Kyagêng Dayaningrat nabda ||

62. rèh wus tutug sêdyanta aning ananing | ulun saksènana | aywa ganggu karya

--- 145 ---

malih | sunan sandika manêmbah ||

63. nêpak madya kyagêng tan antara mênit | wus dadya susawa | Sunan Kudus sigra mijil | anggugah sêkabat sapta ||

64. bambang wetan pangran kondure wus laris | warnanên byar enjang | abit-abit sontrang mêntrik | udrasa wruh kyagêng seda ||

65. para siswa priyèstri kathah belani | prasêtya wor cipta | pira-pira kang ngêmasi | magêrsari kathah prapta ||

66. samya ngupakara umèstu kang wêling | duk maksih pra swarga | tan pantara tan winarni | dunung Pêngging guladrawa ||

15. Dhandhanggula

1. kocap Sunan Kudus kang lumaris | tan kacrita ing marga tumrapta | ing Dêmak mring masjid age | pra wali lumyat gupuh | manambrama sadaya mukmin | sêsalaman antara | Sunan Kudus matur | mring Jêng Sayid Maulana | dènnya ngampil sastra wasesa mungkasi | ambrastha Dayaningrat ||

2. kalêksanan purwa madya titi | Sèh Mahgribi angandika trima |

--- 146 ---

dènira ngrampungi gawe | cukup sanalaripun | lah sayogya lajua nuli | tur priksa jêbèng sultan | sandika Jêng Kudus | sigra-sigra lan sakabat | pitu datan kari manjing puri sami | lunggyèng sana sewaka ||

3. sri narendra ingaturan uning | lamun Pangran Kudus sowan nata | nulya têdhak lêgah[17] jèjèr | rêraupan Jêng Kudus | munjuk kajêng[18] sri narapati | kawula wus lumaksa | amundhi srat rampung | nawala wasesa praja | ngentar nguntap Kyagêng Dayaningrat Pêngging | èstu sampun pulastha ||

4. sadèrèngnya srat wasesa muni | kula bêbantahan ngèlmu rasa | Pêngging kang dèn ngapalake | wusnya nis mêdhar kawruh | nulya kula aturi uning | surasèng sastra murda | wasesaning ratu | mèstu pranata agama | kyagêng tanpa mangsuli sumarah pati | lajêng seda priyăngga ||

5. layon nulya amba srahkên maring | para magêrsari muritira | lan dhatêng para cèthine | ri wusnyamba [wu...]

--- 147 ---

[...snyamba] pêpacuh | para siswa tan kenging mirit | ki agêng lampahira | murtat gama Rasul | ngina-ina kraton mulya | saurpêksi sadaya mituhu sami | partisara narendra ||

6. jêng pamasa angandika manis | sèwu nrima yayi lakunira | cakêp cukup sapêrlune | nora luwih mung sukur | sira karya luhur agami | lan ajining karatyan | lah wis yayi Kudus | mundura para ngasoa | matur malih Sunan Kudus mring narpati | adhuh sang maha dibya ||

7. kula gadhah tilaraning kaki | warni bêndhe wontên kêmatira | kilap barkah sang pamase | punika yèn tinabuh | mawa swara wradin wong dèsi | lir sardula kêtawan | gègèr janma ngrungu | lah punika warnanira | pantês lamun kagêma sri narapati | pêpakuning bawana ||

8. nata nabda sun tarima yayi | bêndhe Kyai Macan wus tinampan | Pangran Kudus nulya lèngsèr | saking byantara prabu | lan sakabat sapta tan kèri | mundur [mu...]

--- 148 ---

[...ndur] prapta ing wisma | nahên ta winuwus | warnanên Sultan Bintara | wus bubaran dènira siniwèng dasih | sirna kingkining driya ||

Wiwit wulan Pèbruari 1921 punika sadaya wragading pos mindhak.

Para priyantun utawi sanèsipun ingkang badhe karsa mundhut tumbas buku kasêbut ing ngandhap punika pratelanipun:
Bilih mundhut kintun pos rêmbus wragad wêwah 17,5 sèn.
Bilih mundhut kintun rêmbus sêpur wragad wêwah 25 sèn.
Bilih karsa kintun arta langkung rumiyin rêgi têtêp kemawon kadosdene ingkang sampun kapacak.

Cêntini

Sêrat Cênthini
Sêrat Cênthini anggitan dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. V.

--- [0] ---

Isi kawruh warni-warni saking adining sêrat wau, kala jumênêng dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VII. Sêrat Cênthini katêdhak satamatipun, sêratanipun jêjêg namanipun mawi sinungging dados wolung buk, kapisungsungakên ing Kangjêng Guprêmèn, sapunika kamulyakakên sumimpên wontên bibliotik ing kitha Lèidhên, Nèdêrlan, kasamak mawi praos jêne, inggih amaosi saking ajining sêrat wau. Awit saking kaparêngipun karsa dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV. Pêpatih dalêm ing Surakarta, sapunika kacithak kalimrahakên ing ngakathah, rêginipun satunggal buk f 2,- prangko ing pos f 2,35.

Babat Gianti

Sêrat Babat Surakarta ingkang ugi nama Babat Giyanti.
Anyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi tilik prang [...] dumugi Tumênggung Jayawinata Mataram balik ing salajêngipun babon asli saking suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura, pujăngga ing karaton nagari Surakarta Adiningrat, kaêcap ingkang kaping kalih jilidan ăngka 1, 2, sarta 3 satunggalipun jilid rêgi f 2,- prangko ing pos f 2,35 mawi ingkang jilidan 1 têlas.

--- [0] ---

Manasik Haji

Sêrat Manasik Khaji
Punika sêrat jarwa anyariyosakên lampah-lampahipun tiyang ingkang badhe minggah khaji dhatêng nagari Mêkah, mêthik saking kitab Manasik Khaji, satunggal buku rêgi f 1,- prangko ing pos f 1,30.

Michrad

Sêrat mihradipun Kangjêng Nabi Mukhamad.
Cariyos saking Arab, ing mangke kasantunan ing têmbung Jawi, kaêcap ingkang kaping 3 satunggal buku rêgi f 1,- prangko ing pos f 1,30.

Darmokondo

Sêrat Piwulang Darmakăndha
Anggitanipun Mas Surabaya, pènsiunan dhistrik Balak kabupatèn Magêlang (Kêdhu), satunggal buku rêgi f 1,- prangko ing pos f 1,30.

--- [0] ---

Ned. Ridder Orden

Sêrat Waosan tuwin Pranataning Bintang-bintang
Ing praja Nèdêrlan, mawi gambaran, katêdhak ing têmbung Jawi, dening Tuwan F. L. Winter, ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 2,25 prangko ing pos f 2,60.

Sultan Ibrahim

Sêrat Cariyosipun Kangjêng Sultan Ibrahim
Ibnu Saman Mallollah, ingkang jumênêng nata ing nagari Merak, kaêcap ingkang kaping 3, satunggal buku rêgi f 1,- prangko ing pos f 1,30.

Rojoputro

Sêrat Rajaputra
Anyariyosakên sujarah dalêm, awit Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang sapisan, dumugi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping 6 ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat, babon asli saking swargi Bandara Pangeran Arya Adinagara ingkang sapisan, kasêkarakên dening Radèn Mas Nataasmara, satunggal buku rêgi f 1,- prangko ing pos f 1,30.

--- [0] ---

Mêntas cithak malih:
Mênggahing tiyang Jawi pêrlu sanget gadhah sêrat waosan ing ngandhap punika, anggêlarakên bab wajibipun ngagêsang wontên ing dunya, ingkang nistha, madya, utama.

Wulangrèh

Sêrat Wulangrèh
Inggih punika wulang dalêm suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V ing Surakarta Adiningrat, satunggal buku rêgi f 1,- prangko ing pos f 1,30.
Sêrat Wulangrèh punika kathah para priyantun utawi sanèsipun ingkang sami rêmên, dening tăndha saksi ingkang langkung nyata sêrat punika sampun kacithak kaping 5.

--- [0] ---

Sampun ngêcap malih:
Pêrlu sangêt tumrap para priya.

Asmoro-Gomo

Anggêlarakên langêning rahsa dhatêng wanita, tuwin langêning jiwa dhatêng putra ingkang prayogi kadadosanipun, saha mawi 1. iji gambar saranduning badanipun manungsa ingkang kadunungan raos, miturut tanggal, măngka pêrlu pambukaning rahsa inggih rahsaning wanita.
1 buk rêgi f 0,50 agèntèkên ing pos f 0,75.
Mênggah Sêrat Asmara Dwi Pedah punika wau sampun kula cithak kaping 6 sarta ing sabên taun kula cithak 10.000 buku têlas babarpisan, malah ngantos mangsulakên pintên-pintên tiyang ingkang sami tumbas. Ingkang makatên wau anelakakên bilih Sêrat Asmara Dwi Pedah punika kathah ingkang rêmên sarta pajêng sangêt. Sintên ingkang badhe karsa mundhut lajêng kula aturi mundhut tumbas kaliyan tumuntên, bokbilih sêlak têlas têmahan anjalari cuwaning galih.

 


Panji. (kembali)
Tanggal: Jumungah Lêgi nêmlikur (26) Sawal Wawu: gatra warna asthi budha (AJ 1849). Tanggal Masehi: Jumat 25 Juli 1919. (kembali)
Pupuh 1.1 ini sampai dengan Pupuh 15.8 (akhirnya) mirip dengan versi cerita Sitijenar yang ditemukan dalam serat Sajarah Jati, Pupuh 49.14-64.8. (kembali)
Kurang satu suku kata: Kusumawicitra aji. (kembali)
Mayanggaseta. (kembali)
katri. (kembali)
Lebih satu suku kata: langgêng salaminira urip. (kembali)
Lebih satu suku kata: adhuh Kangjêng Pangeran Lêmahbang. (kembali)
Lebih satu suku kata: dèrèng wêruh pasamuwaning janma gung. (kembali)
10 langgêng. (kembali)
11 brăntasmarèng. (kembali)
12 Tanggal: dwi dasa (20) Jumadilakir Be: nir janma catur tunggal (1410 taun căndra). (kembali)
13 bangkang. (kembali)
14 makaman. (kembali)
15 krobong. (kembali)
16 gathita. (kembali)
17 lênggah. (kembali)
18 kangjêng. (kembali)