Prihatin Amarga Katinggal Mati Ing Katrêsnane, Partawiraya, 1920, #1117

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tumrap Marang Sira Kang Padha Prihatin, Amarga Katinggal Mati Ing Katrêsnane.

Karanganipun Tuwan Libètêr, kajawèkakên dening: Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta.

[Grafik]

CITAKAN YANG PERTAMA TAHUN 1920.

Kawêdalakên dening: Theosofische - Boekhandel "PONTJODJANJO" Wonogiri.

--- [0] ---

Tumrap marang Sira kang Padha Prihatin, amarga Katinggal mati ing Katrisnane.

Karanganipun Tuwan Libètêr, kajawèkakên dening Radèn Mas Partawiraya. Ing Surakarta.

CITAKAN YANG PERTAMA TAHUN 1920.

Kawêdalakên dening: THEOSOFISCHE - BOEKHANDEL "PONTJODJANJA" WONOGIRI.

TERCITAK DI KANTOOR CITAK "VORSTENLANDEN" SOERAKARTA 1920.

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Dhuh sadulur, sira kang wus kaelangan katrêsnanira, amarga kaalap ing pati, bokmanawa kang wus muksa iku dununging kamulyan lan pamarêmira, mula sasirnaning katrêsnanira mau, têmah sira kasinungan pangrasa manawa donya iki suwung, lan rumăngsa manawa uripira iku wus ora aji manèh, sira darbe panyana manawa sira wus tininggal kasênêngan kang wus ora bakal bali salawas-lawase, dadi wiwit samêngko sira ngira manawa mung kari nandhang prihatin kang tanpa wêkasan, pangarêp-arêpira ora liya kajaba mhu[1] kêpingin tinêmu lan kang wus lalis mau, lan kapengin krungu suwarane, ing pangrasa kasusahanira mau wus tanpa upama, prihatinira dadi saya bangêt, kagawa klèruning panduganira marang kaanane katrêsnanira kang wus lalis iku. Kalamăngsa rumăngsa kaya anêkani, ananging barêng sitolèh[2] ora katon, manawa sira uwuh, sira ora jinawab. Mula sira

--- 2 ---

dadi saya rêkasa, amarga rinubeda ing pangrasa kapêdhotan pangarêp-arêp, wêkasan anjalari ananing mêndhung kang anasabi suryaning kasunyatan kang ora tau surup, mula sorote banjur ora bisa amadhangi ing kapêtênganira.

Pangrasanira kang mangkono mau aku ora maido, aku kang angripta layang iki sumurup têrang, lan ciptaku kamiwêlasên yèn amêruhi wong kang nandhang prihatin kaya kaananira iku, ananging pangarêp-arêpku bisaa asung pitulungan utawa panglipur, pitulungaku mau wus angênani wong maatus-atus, dadi bokmanawa uga bisa anêdhasi ing ciptanira.

Mêsthine sira pitakon:

Kadospundi sagêd kula katêwahan pangajêng-ajêng, saha kalêksanan lipur.

Wruhanira isih ana pangarêp-arêp lan panglipur,

--- 3 ---

marga prihatinira iku awêwaton kang ora bênêr, sira mrihatinake kang bênêre ora pêrlu disêdhihake, mula sak anggêr sira wus ngrungu sapisan bae wêwarah kang anuduhake sajatine, pasthi yèn sira banjur sirna prihatinira.

Sira mêsthi mangsuli:

Kula punika kaecalan katrêsnan sayêktos, kadospundi anggèn jêngandika adamêl lipuring prihatos kula, kajawi bilih sarana ambangsulakên ingkang sampun lalis wau.

Aku wus anduga kapriye kaananira, ananging mara rungunên lan gatèkna wêwarahku kang mratelakake kaanan têtêlu, iya kang tumuli dak pratelakake.

Ilange iku mung rumangsanira bae, sabab wujute ora katon ing pandulunira, aku nêdya angsung wêruh marang sira supaya sira sumurup, prihatinira [prihati...]

--- 4 ---

[...nira] iku kagawa saka kalèrunira, marga saka ora sumurupira marang anggêr-anggêring dumadi, mula lilanana aku dadi pacalanging lakunira ing dalan kawruh sajati, sarana amijang siji apa kang ing têmbe gawe pamarêmira.

Sira aywa nyumêlangake lan mrihatinake marang kaanane kêkasihira kang wus lalis mau, amarga urip sawusing mati iku ora kok tanpa waton, alam kang anèng sabranging pakuburan iku uga kawêngku ing anggêr-anggêr kayadene dunya iki, aku sumurup, marga wus dak pariksa kalayan titi.

Sira kudu aja prihatin, amarga susahira mau anjalari cilakane katrêsnanira. Manawa ciptanira wus binuka ing kanyataan sapisan bae, pasthi sira ora prihatin manèh.

Bokmanawa sira darbe panyana yèn kang mangkono mau mung dêdongengan bae, mula aku lilanana [lila...]

--- 5 ---

[...nana] pitakon apa kang dadi pangidhêpira, kêncênging panganggêpira mau bokmanawa saka pituduhe salah sawijining pandhita utawa bokmanawa saka unining layang kang wus kaanggêp sukci, bisa uga saka wus kapitaya ing ngakèh sakiwa têngênira, nganti wus rumasuk ing gêtihe wong-wong ing măngsa iku, ananging manawa ciptanira nêdya sira uwalake saka lumrahe akèh mau, sira bakal sumurup manawa sabên masjid iya ana imame dhewe-dhewe, lan imam-imam mau bisa uga kalèru panapsire marang layang kang kaanggêp sukci mau, cipta kang kalumrah ing jamanira iku tumanême mung saka anon tiron, ora wêwaton caritane wong kang wus anyatakake dhewe, ing jaman samêngko kang padha kita angkah nêdya aninggal marang warah kang mung saka krungu nêmpilan piyandêl kang kurang cêthane iku, kita padha jaluk nyatane kang wus padha disumurupi,

--- 6 ---

pangudine wus kanyataan, lan kawajibane wus linaksanan, mula aku nêdya pitutur ing sira awêwaton kang mangkono mau, pangarêp-arêpku aja padha miyandêl samubarang kang kalayan pamuta tuli, aku mung nêdya amarah ing sira apa kang wus dak sêmurupi dhewe nyatane, lan aku pêrlu carita ing kowe kaananing pamariksaku mau.

Lilanana aku mratelakake bab mau siji-siji, supaya wêkasane bisa cêtha panampanira, aku kudu nyumurupake marang sira bab wêwijanganing manungsa luwih saka sasurupane sadhengah kang padha ora mangudi prakara iki, sanajan durung pratitis, bokmanawa sira uga wus ngrungu manawa wong iku padha kasinungan apa-apa kang ora kêna ing pati, ya kang ingaranan jiwa, sanajan badan iki mati, jiwa mau lêstari sugênge, pangarêp-arêpku muga sira ambirata kawruhira kang kurang pratitise mau, lan banjur

--- 7 ---

nyumurupana kang nyata, aja pisan ngarêp-arêp aku kasinungana jiwa, nanging ngakonana yèn sira iku sawijining jiwa, sabab sajatine kang diarani manungsa iku jiwa lan anduwèni badan. Dene badan iku dudu manungsane, amung prabote manungsa, dadi kang diarani mati iku gone manungsa anyèlèhake panganggone kang wus rusak, iku dudu wêkasaning uripe, ananging ora beda kaya manawa sira cucul panganggonira kang jaba dhewe, mula sumurupa manawa katrêsnanira iku ora sirna, mung bae sira kelangan panyawangira marang panganggone kang padatane sira anggo sarana mêruhi dhèwèke: kang sirna iku panganggone, ananging dudu manungsane kang nganggo panganggo mau, mêsthine kang sira trêsnani iku manungsane, rak dudu panganggone.

Sadurunge sira nyumurupi kaananing katrêsnanira,

--- 8 ---

nyumurupana kaananira dhewe, mara rungokna sajatine, sira iku kaanan kang ora kêna ing pati, gone ora kêna ing pati iku sabab jiwanira iku Allah, dadi sira iku soroting Gusti pribadi, sadurunge sira angurung ing panganggo kang kaaranan badan iku, sira wus urip suwe, lan sira iya bakal isih urip sawuse panganggo mau sirna, Gusti Allah anitahake manungsa kanggo pêpindhane kalanggêngane pribadi, iku dudu piyandêl kang klèru, iku sanyatane kawruh, cukup minăngka pasêksèn, kayadene kang sira sumurupi ing layang-layang kang nyaritakake bab mau, yèn sira nêdya antuka panglipur macaa iku. Kang sira duga sauripira iku, sajatine mung sadina yèn disawang saka uriping jiwa, iya mangkono kaananing katrêsnanira, mulane dhèwèke iku ora mati, mung anyèlèhake badane. [bada...]

--- 9 ---

[...ne.]

Mula aja pisan sira anduga manawa mung abadan siji, iku mung bali kaya mau-maune bae, Rasul Paolus ngandika: Badan iku ana badan wadhag, ana badan alus. Panampaning wong padha kalèru, marga duwe pangira manawa badan-badan mau bakal kaanggo gênti-gênti, ora wêruh manawa sakarone iku wus kita anggo samêngko, sira kang maca iki andarbèni badan wadhag kang kêna dinulu. Mangkono uga badan suksma kang diarani badan kang ora kasat mata iya kang diarani badan alus dening Rasul Paolus, dadi yèn sira nyèlèhake kang wadhag, sira isih angrasuk panganggo kang alus mau. Manawa badan wadhag iku sira upamakake mantol (klambi kang jaba dhewe), dadi badan kang alus mau minăngka kulambi kang lumrah iku.

--- 10 ---

Manawa panampanira marang pitutur iki wus cêtha, lilanana aku ambacutake, ora mung kalane kang sira arani mati, wong gone anyèlèhake panganggo kang wadhag mau, sabên wêngi kalane sira turu, sira uncat sawatara măngsa săngka panganggo wadhag iku, banjur anjajah ing ngêndi-êndi kalayan angrasuk badanira kang alus, ora kadulu dening kang padha ngrasuk kawadhagan, ananging kasumurupan cêtha tumrap mitra-mitrane kang wêktu iku pinuju anganggo badane suksma, amarga sawijining badan iku mung bisa mêruhi apa kang ana ing alame dhewe, lire: badan wadhag iya mung bisa andulu sarupaning badan nadhag,[3] dene badanira kang alus iya mung bisa nyawang badan alus, manawa sira bali marang panganggonira kang wadhag tangi ing donya iki, kalamăngsa ana lêlakon, sira rumăngsa wêruh apa-apa ana ngêndi kang sira ora pati cêtha, mangkono [mangko...]

--- 11 ---

[...no] banjur sira arani impèn, turu iku dadi kêna diarani mati sadhela, dene bedane pribadinira ora sèlèh klambi babar pisan, nganti ora bisa nganggo manèh, mangkono sababe mula kalane sira turu iku wus padha bae, dadi klèru yèn katrêsnanira iku sira duga sirna, aku bakal nyumurupake marang sira.

Pira-pira piwulang kang anyaritakake urip sawusing mati, kang akèh padha klèru panampane marang layang-layang kuna, wus lumrah dadi panganggêpe wong-wong ing Eropah manawa ana paukuman langgêng kang bangêt anggêgirisi, nanging bokmanawa samêngko iku mung kari anèng panganggêpe wong kang bodho lan panganggêpe iku wus ora santosa, kang mangkono mau jalarane saka klèrune pamêrtale wulange Gusti Yesus, wêkasan banjur dianggo gêgaman dening para santri ing jaman kuna murih wong-wong [wong-...]

--- 12 ---

[...wong] kang bodho padha wêdia, dadi banjur alaku bêcik, saya suwe wong saya maju alusing budine, ing kono banjur sumurup upama nyata kaya iku angarani manawa Gusti Allah ora adil, têmahan banjur padha gêguyu marang carita kang mangkono mau, para imaming agama wus padha beda panampane tinimbang iku mau, ananging iya wus ora cêtha lan wus nyimpang adoh karo nyatane, kabèh piwulang masjid-masjid padha ora ngêblak, pagene dene ing kono ngêmot carita kang ora mèmpêr, dene Gusti Allah asipat bêngis sarta nêdya masesa marang kawulane, piwulang kang bêngis iku gawan saka dungèngane wong Yahudi, dudu piwulange Gusti Yesus, yèn piwulanging Gusti Yesus pratela manawa Gusti Allah Maha Asih, sarta pangastane marang donya iki kanthi anggêr-anggêr langgêng, iku anjalari wiwit sumurup manawa anggêr-anggêr [anggêr-...]

--- 13 ---

[...anggêr] mau mêsthi padha bae tumindake ing alam sabranging pakuburan apa ing alam kene, ananging iku mêksa kurang têrang, wong carita ing kita bab suwarga, utawa sawijining dina kamulyan ing têmbe, ananging bab mau wus kalakon samêngko ing kene, caritane mau ora pati cêtha katrangane para imam ora tau nyaritakake lêlakoning wong ing jamaning pati, dhèwèke ora tau carita marang kita manawa wus sumurup dhewe, ananging caritane mau mung krungu saka caritaning wong liya, kêpriye ta bisane gawe pamarêm kita.

Sajatine măngsa iki wus langkah saka piyandêl kang kalayan pamuta tuli, kita iku dumunung ing jaman kawruh dadi kita anglêstarèkake miyandêl marang samubarang kang ora maton, utawa kang ora nyata, marga kang wus kapungkur iku ora wêwaton kang bênêr, mula prêlu para marsudi kawruh amratelakake [amratelaka...]

--- 14 ---

[...ke] apa kalèrune kang wus piniyandêl ing ngakèh ing jaman kang wus kapungkur, bab mau wus pinariksa nyatane dening pakumpulan teyosopi, sarta pakumpulan kang mangudi kasuksman, saka pambudine mau banjur gawe piwulang kang bakal dak caritakake marang sira iki.

Kita iki jiwa, ananging kita urip ing sawijining alam kang wadhag, iya iku sawijining alam kang ora sêpira bisa kita nyêmurupi, kabèh katrangan kang dak tampani iku tumanduke ing kita sarana indriya kita, mula ora sampurna, kita bisa nyipati barang kang atos, lumrahe kita uga bisa andulu kang cuwèr, manawa padhange kurang bantêr, gas (akasa) kita kêrêp ora bisa mêruhi, para juru mariksa pratela: isih ana anasir liyane manèh kang luwih alus saka akasa kang lêmbut dhewe, ananging iku wus ora kêna ginrayang dening

--- 15 ---

indriya kita kang wadhag mau, lan kita ora bisa mêruhi kaanan mau sarana piranti kawadhagan.

Bisane kita mêruhi utawa aniti iku mung kudu sarana badan kita kang alus, iya kang wus kawursita ing dhuwur, amarga iku iya darbe indriya kaya liyane, wong kang akèh-akèh padha durung antuk pituduh kêpriye panganggone indriya iku mau, măngka sajatine iku kagunan utawa piranti kang manungsa bisa gawe dhewe, kita wuninga manawa wong bisa gawe, amarga wus kalêksanan, lan sing sapa wus bisa nganggo indriya iku bisa mêruhi rupa kang ora kadulu dening netrane wong lumrah. Para marsudi carita manawa donya iki adoh utawa gumunake bangêt tinimbang panêmu kita, wong kang akèh-akèh iku sanajan wus maèwu-èwu taun uripe, ewadene padha ora bisa nyumurupi pêperangan kang luhur lan kamulyaning uripe, [u...]

--- 16 ---

[...ripe,] bab kang wus dak pratelakake mau, saka caritane kang padha mariksa, wus pira-pira kamokalan kang kawruhan ing kono, lan sabên dina anganakake sêsurupan anyar tumrap ing kita, katrangan kang mangkono mau wong bisa nyumurupi sarana amaca layang-layang teyosopi, dene kang dak caritakake ing kene iki mung pêpêthikan saka layang iku mau, dene kawruh anyar kang wus kita sumurupi saka pamriksaning ing alam alus mau iya urip ana jaman kang diarani sawusing pati, lan kaananing kang padha anèng ing kono.

Sêkawit kang wus padha dak udi nganti sumurup, mungguh kang ingaranan mati iku dudu wêkasaning urip, kaya panduganing wong kang ora wuninga, ananging mung ngalih gon saka panggonan siji marang liyane, aku wus kăndha manawa iku mung anyèlèhake klambi anggon-anggone yèn ana ngomah, yaiku [yai...]

--- 17 ---

[...ku] kang ingaran badan alus, amarga saka aluse mula ingaranan suksma dening Sang Paolus, ananging iku uga isih golonganing badan, mula iya diarani peranganing wadhak, ananging luwih alus tinimbang kang lumrahe padha disumurupi, badan wadhak iku tumraping manungsa sajati kanggo piranti gone gagêpokan lan donya, manawa ora sarana badan iku ora bisa magêpokan lan donya iki dadi ora bisa nindakake pakartine, măngka badan alus iya kanggo piranti gone sarawung utawa gagêpokan lan kaanan ing alam kang alus, alam alus iku ora kok tanpa watêsan, adoh utawa ora kêna ginayuh, amung luwih alus saka alam kang dak dunungi iki, kita ora carita manawa ana alam kang luwih dhuwur utawa adoh, aku mung carita manawa kang lumrahe diarani mati iku sajatine mung salin kaanan, iya [i...]

--- 18 ---

[...ya] ana ing donya kene kang kita padha wuninga, wong kang salin kaanane mau kêna diarani banjur sira ora bisa andulu, ananging manawa sira rasakake tênan, sira banjur eling manawa wong iku ora kêna sira dulu dening netra, dene kang padatane sira wêruhi iku badan kang dinunungan, samêngko dhèwèke dêdunung ing badan alus kang sira ora bisa mêruhi, ananging ora kok sira ora bisa nglêboni alam alus mau.

Bab sapisan kang kudu kita wêruhi, dhèwèke kang lumrah diarani mati iku ora kêna kita tinggal, kita padha dikulinakake marang piyandêl kang ambingungake, sabab warahe, mungguhing pati iku wus dumunung anèng awake dhewe lan iya prakara kang gaib, jiwa samăngsa anguncati badan, iku banjur manjing ing dunung sadhuwuring lintang, măngka ing kono ora ditêrangake kêpriye têmbung isbat kang

--- 19 ---

angèl iku, lakuning kodrat iku wus têtela anggumunake lan kalamăngsa ora mangêrtèkake tumraping kita, ananging satêmêne ora tau anyidrani, manawa sira nyopot jubah ing sasananira, iku ora banjur marang ing salah sawijining pucuk gunung kang adoh, sira isih dêdunung ing panggonan iku, mung bae salin sawangan, uwong manawa nyèlèhake jubah kuwadhagane iku isih anèng ênggone maune, têtelane mung sira ora bisa andulu, ananging ora sabab saka sirna, mung badan kang rinasuk iku ora kêna dinulu ing netranira kang wadhag.

Bokmanawa sira wus mangêrti yèn netranira iku ora sapira bisane nampani gêgêtêring ing dalêm kodrat, mulane iku kang kêna sira wêruhi iku mung sawiji-wijining kaanan kang umbake gêgêtêr mau angênani netranira, dene pandulune badanira

--- 20 ---

kang alus iku uga marga saka gêgêtêr, ananging seje watak, amarga iku dumadi saka sêtop (bakal) kang lêmbut, kabèh kang mratelakake bab kang luwih têrang, sira bisa antuk saka layang-layang teyosopi.

Saiki kita mung arêp carita manawa netranira kang wadhag iki mung bisa andulu alam wadhag, dene yèn asarana pirantining badanira alus, mung bisa andulu sarta gagêpokan alam kang alus, sira samêngko sumurup têrang manawa dudu alam liya ananging mung perangane kang alus saka alam iki, sumurupa iya ana alam liyane manèh, ananging ora pêrlu dak tuturake ing kene. Dhèwèke kang sira duga wus sir,[4] iku satêmêne isih tansah anèng sacêdhakira, mung bae sira badan wadhag, dhèwèke badan alus. Dene gonira ora rumăngsa iku marga sira ora bisa mêruhi [mê...]

--- 21 ---

[...ruhi] dhèwèke, nanging yèn sira turu ninggal badanira wadhag, sira bisa rumăngsa cêdhak lan dhèwèke, lan sarawungira lan dhèwèke iya isih bisa kaya maune, dadi sajroning turu bisa sapatêmon karo katrêsnanira, nanging mung kalane tangi iku rumongsane[5] sira pisah.

Wong kang akèh padha ora bisa misah bab pangrasane wadhag lan alus, sanadyan pangrasane wadhag iku bisa eling cêtha, ananging kang akèh ora bisa angèlingi marang pakartining jiwa kalane uncat saka badane kang turu, yèn wus bisa cêtha elinge iku iya banjur ora ngarani yèn ana pati, pira-pira wong kang wus bisa nganggo pangrasane alus mau, lan suwe-suwe kabèh uwong iya padha mangkono, sabab saka kodrating ajune kagunaning jiwa wong-wong kang akèh wus wiwit mursid, mula sanadyan durung eling cêtha kabèh ewadene [ewade...]

--- 22 ---

[...ne] plêncat-plêncat iya wus ana kang dielingi, ananging lumrahe padha diarani impèn bae, mula ora diudi, luwih manèh piwulang iku winarahake marang wong kang ora marsudi bab kaananing pasupênan lan ora wêruh manawa pancèn nyata, ananging sanadyan durung cêtha elinge uga wus akèh kang bisa karasa yè[6] dhèwèke cacêdhakan karo katrêsnane, sanadyan ora bisa mêruhi, lan ana manèh liyane, sanadyan mung sawatara elinge, ananging barêng tangi saka gone layap-layap banjur karasa têntrêm lan sênêng, iku jalarane wus masthi saka alam kang luhur.

Elingana bae, manawa iku alam asor, dene sejene luwih dhuwur, mula kang akèh mung prakara cilik kang ana ing kene, sira eling têmênan apa kang wus kadadeyan ing kene, manawa sira mêtu saka pangrasa ing donya lumimbang seje panggonan [pang...]

--- 23 ---

[...gonan] kaya kalane turu, sira anyingkirake apa kang makewuhi, yaiku badan wadhag anggone angalang-alangi, ananging manawa sira bali ing urip kang asor, sira kapêksa nêmu pakewuh manèh, sarta agung anasabi kabisanira kang luhur, wêkasan sira banjur tansah lali manèh, upamane ana pawarta kang bakal sira têkakake marang salah sawijining mitranira kang wus mati, sira kalane arêp turu angèlingana iku kalayan cipta kang bêning, kanthi kêncênging pangangkah, manawa sira bakal awèh pawarta ing dhèwèke, sarana laku kang mangkono mau sira bakal bisa katêmu lan dhèwèke, bokmanawa kalamăngsa sira kapengin têtarenan apa-apa marang dhèwèke, ing kono pakewuhe saka pangrasane warna loro, mula rêkasa anggone anjawab marang sira kalayan têrang, saora-orane sanadyan ora kèlingan kabèh, sabalinira [sabali...]

--- 24 ---

[...nira] iya ana kang sira elingi, kalamăngsa tangi turu isih cêtha tămpa kaya pangarêp-arêp utawa kakêncênganing atinira, padatane kang mangkono mau tansah dielingi, wêkasan iya nyata, bisa uga sira ora bisa katêmu, amarga saka sabab kang ing têmbe bakal sira sumurupi, upamane kang wus mati mau pinuju lagi anggarap apa-apa ing alam luhur, pêrlu tumrap karo sakubênge bisa amardika.

Bab iku kaya anuntun kita nyumurupi kaananing urip kang ingaran pati, ing kono warna-warna sarta akèh bangêt, ananging ringkêsane akèh kang luwih mulya saka uripe ing donya, marga kaya unine layang-layang kuna, sagunging jiwa kang lulus tinampan ing Gusti Allah, lan ora ana lêlara kang bisa angrubeda dhèwèke. Ing panganggêpe wong kang ora sumurup dhèwèke iku mati, mula [mu...]

--- 25 ---

[...la] pisahe iya dianggêp kasangsaran, lan uncate saka kita iku dinuga tumamèng ing panglêburan, măngka sajatine manjing ing katêntrêman, kita kudu misah saka piwulang kuna, kawruhana wong mati iku ora banjur mancolot mênyang sawarga kang mulya utawa ora nyêmplung ing naraka kang anggêgirisi, iku mung saka gagasane dhewe bae, mara rungunên kang têtela, mungguhing mati iku tumrap jiwane ora owah, dhèwèke ora banjur dadi wong suci utawa malaekat, dhèwèke padha ginodha piwulang kuna, dina sawuse mati iku kaanane kaya dina maune, amakarti uga awêwatak, kamursidane iya ora beda. Dene bedane mung sawatara, yaiku wus ora nganggo badan wadhag.

Mula coba rasakna kapriye têgêse, iku karêpe wus mardika saka lan sayah, uga wus ora [o...]

--- 26 ---

[...ra] nandhang boting rasa bosên marang kawajiban, babarpisan wus ora kambah kang mangkono, bisa uga duk sakawite uripe têtêp apa kang kinarêpake, urip ing kawadhagan manungsa tansah kapêksa, babarpisan ora duwe kamardikan, dhèwèke tansah kapêksa nambutkarya murih antuka dhuwit, kudu darbe dhuwit kanggo tuku panganggo lan pirantine omah-omah, kanggo awake dhewe utawa wong kang diayomi ing dhèwèke, arang bangêt kaya lakune para tukang gambar lan para niyaga, kang sinambut iku kasênêngane, ananging kang akèh iku pasthi yèn amarga kapêksa.

Ing alam kang luhur wus ora butuh dhuwit manèh, pangan lan panganggo wus ora pêrlu, amarga apa kang dadi butuhe kang manggon ing kono wus têka dhewe, ora susah tinuku ing dhuwit, ing dalêm sêtof kang alus dhèwèke bisa marang ing ngêndi kang

--- 27 ---

kinarêpake, yèn dhèwèke kapengin arêp mêruhi sawangan kang anyênêngake, kaya ta: alas, samodra utawa angrasakake hawa kang sêgêr, dhèwèke banjur dêdunung ing dunung kang anyênêngake mau, yèn dhèwèke sêngsêm ing kagunan, wancine iku anggung kanggo amêruhi layang-layang anggitane para linuwih, yèn dhèwèke sêngsêm marang gamêlan, tansah agênti-gênti krungu swaraning gamêlan kang anyênêngake bangêt ing donya, lan kalamăngsa krungu unining gamêlan kang tinabuh ing niyaga kang linuwih, kasênêngan apa kang wus disêngsêmi ing dunya iku bisa tinêmu ing kono kalayan lêlahanan, lire tanpa prabeya, ananging kasênêngan kang tinêmu ing kono iku, dudu sajati lan sambung karo prihatin gêdhe, sarta samêktane iku ora pêrlu mawa badan wadhag, wong banjur wêruh manawa wong kang mangêrti utawa bêcik iku sawusing mati luwih bêkja

--- 28 ---

tinimbang uripe ing donya, amarga ana wanci kang jêmbar, ora kanggo kasênêngane dhewe bae, ananging tumrap sajatine banjur maju miturut dalaning ngakèh.

Apa ing alam kono ora ana wong cilaka, mêsthi marga urip iku kapêksa kagawa saka kaanane, lan panggawene isih pae kaya sadurunge aninggal badan wadhag, yèn kasênêngane ing alam kene asor sarta wadhag, ing alam alus bakal ora bisa kasêmbadan pêpenginane, wong dhêmên mêndêm, bakal sangsara marga ora bisa antuk pamarêm, awit dhèwèke wus ora duwe badan kanggo nglêksanani, wong kang karêm mangan, ora bisa bungah anèng meja mangan, wong karêm dhuwit ora bisa antuk êmas kang arêp kinalumpukake, dene wong kang uripe ing dunya mung anuruti ardane marang kang ora aji, iku tansah karasa,

--- 29 ---

iku tansah angêrgêti uripe, pakarêmane bakal anggêgêtêr kêpingin, kang ing kono ora antuk pamarêm. Wong kang sănggarunggèn tansah ginodha ing kasujanan, malah saya bantêr amarga wus ora bisa anggarap apa kang disumêlangake mau, wus ora sêmang-sêmang manèh yèn wong-wong iku padha rumăngsa cilaka, ananging angêmungake manawa pakarêman lan kamurkane iku wadhag, ananging iya darbe pêpasthèn bakal tinêmu, pambudine mung kudu kinalahake murih tumuli kamardikakake saka sangsara kang amarga binoyong ing pêpenginane, aja kêlalen manawa kang mangkono mau têtela dudu paukuman, anane mung marga kodrating kadadeyane panggawene dhewe bae, mula mung kudu aja anjalari murih aja ana kadadeyan, salawase pasthi yèn ora bisa padha sanalika, ananging iya bisa rikat saka anggêr jalarane [jalar...]

--- 30 ---

[...ane] wus êntèk.

Akèh wong kang wus krungu prakara iki, ananging wong ala padha ora ngrasakake, ewadene wong-wong iya padha ngarani kagawa saka uripe ing donya, iku prakara kang anyêdhihake wong-wong ing donya, nanging iya mung dienakake bae, anyêdhihake bangêt tumrap wong sanadyan iku ora nyata, ananging padha bosên, marga tansah anêkani, iya ana liyane uga kang têka ananging iya bangsane kang bosênake. Samêngko wus ora jor-joran panganggo utawa kang katon ing ngakèh, dene wong bêcik utawa kang pintêr, kang anggêgayuh padatane bêbandane seje tanduk, mula iya ora bisa katurutan, ananging wong kang pakarti lan bêbudène alus, salawase pasthi rasane luwih mulya anèng sajabaning badan wadhag, tinimbang anganggo badan wudhag,[7] lan elinga [e...]

--- 31 ---

[...linga] manawa wong ing donya tansah kapêksa ngudi kapintêran, marga yèn kapintêrane nyukupi arêp gawe sakarêp-karêpe.

Para marsudi kawruh utawa wong olah kasuksman, mulya bangêt urip ing kono, isih ana kang kiraku luwih mulya manèh, sing sapa tansah amêrlokake marang pêpadhane manungsa, iya iku kang dhêmên gawe pitulungan sarta mêmuruk, sabab sanadyan ing kono ora ana wong malarat, ora ana wong kaluwèn, kasatan utawa wong kodanan, nanging iya ana wong kang pêrlu pinêksa klèrune, kang bokmanawa dadi lipure, wong bodho dadi pintêr, têtela amarga ing tanah kulonan mung sathithik piwulang kang anuduhake kaananing urip sawusing mati, mula ing alam kono kita kêrêp katêmu wong kang pêrlu winulang bab kagunan tumrap uripe anyar iku. Ana sawijining wong kang wus [wu...]

--- 32 ---

[...s] duwèni sêsurupan, lakune banjur bacut bae dhèwèke ngangkah arêp anyêbar kamulyan, nyamlêng kaya-kaya ana ing kene, ananging elinga manawa ing kene utawa kana amung pangrasa bae, nganggo mata nanging amuta, sabab donya iku, iya ing kene salawase wus anglimputi kita, mula aja pisan ngira yèn adoh utawa angèl ginayuh.

Bisa uga ana wong takon, apa kita bisa wêruh marang wong mati, apa dhèwèke krungu apa kang dak ucapake, iya jaragan kita bisa mêruhi dhèwèke, têgêse: wong-wong kang wus padha mati bisa rumăngsa sêsrawung lan kita, dhèwèke wêruh, kaanan kita bêgja utawa cilaka, ananging têmbung kang kita ucapake dhèwèke ora krungu, rasakna sadhela, yèn wis banjur kita tuduhake sapira ta watêsing sawangane, dhèwèke dêdunung ing dalêm [dalê...]

--- 33 ---

[...m] badan kang kita araning badan suksma, kang kita uga anganggo badan mau, tumraping kalairan iku kaya turunane badan wadhag, yèn kita tangi iku pangrasa kita mung dumunung ing badan wadhag mau, kita wus kăndha iya amung sêtoping kawadhagan kang nimbangi badan wadhag, sêtoping alam alus iya badan alus, apa kang kêna sinawang ing wong mati, yaiku badan kita kang alus, lan ora rêkasa gone ngèlingi (dadi ora pangling), yèn kita ing kuping nuju patrap kang dak arani turu, kita nganggo pangrasa ing badan alus, yaiku tangi kita tumraping wong mati, ananging manawa pangrasa kita isih marang badan wadhag, banjur katon turu ing pandulune wong mati, amarga sanadyan isih wêruh marang kita, wus ora gawe obahing ciptane, lan banjur ora bisa sapatêmon manèh, yèn mitrane kang urip iku nuju turu kita rumăngsa yèn cêdhak ing

--- 34 ---

dhèwèke, ananging bisa uga kita ora bisa patêmon, ora beda kaya kaanane wong urip (kalane mêlèk), amarga tangining pangrasa kita ora bisa eling kabèh apa kang wus kita wêruhi kalane turu, mula darbe pangira manawa mitraku kang mati iku sirna, ananging tumraping dhèwèke ora tau darbe rumăngsa yèn pisah lan kita, marga dhèwèke tansah bisa wêruh ing kita, dene bedane, bisa kita nunggal lan dhèwèke iku kalane turu, yèn tangi banjur pisah kuwalik balêjêt bae lan kaanane duk anèng dunya.

Mungguh ing piranti kang ingaranan badan suksma dening Rasul Paolus (lumrahe ing teyosopi kaaranan badan astral), iku piranti kita kanggo angrasakake lan sêdhih, mula pangrasa lan kaprihatinan iku katon cêtha ing pandulune wong mati, upama kita bungah, bisa uga dhèwèke banjur wêruh, [wê...]

--- 35 ---

[...ruh,] ananging dhèwèke ora mêsthi wêruh, jalarane bungah iku beda kaya yèn kita nandhang kasusahan, mêsthi banjur sumurup bae, lan bokmanawa banjur pitutur pagene dene kita sêdhih, kabèh mau mêsthi mung kalane tangi măngka sambung, kaya yèn kita turu, dadi kuwalik karo duk isih padha anèng ing dunya, ing kene kita bisa mindêng pangrasa ing dalêm badan wadhag, nanging yèn ing alam kono ora bisa, marga ing kono sawangan tansah solan-salin, kang kêrêp pangrasa kita iku sambung lan cipta, mula kang kêrêp ing alam kono banjur pisah, ananging kabèh kodrating ciptane isih lêstari sêsingidan.

Bokmanawa sira bakal kăndha: dene kabèh carita iki ora mèmpêr lan carita kakaananing[8] sawarga lan naraka, kang winarahake ing aku kalane aku isih nom-noman, manawa iki kasunyatan [kasunya...]

--- 36 ---

[...tan] iya ingkang dumunung ing batining kabèh pituduh, sanyatane ora ana naraka, wong wêruh dhewe, manawa wong kang dhêmên mêndêm utawa sugih pakarêman iku mrèntèkake awake dhewe marang kang ora prayoga piala kang niaya, lan iku iya ora langgêng, dene suwene mung saêntèke pêpenginane, wong bisa ngêntèkake padha sanalika, yèn kapintêrane utawa karosane anyukupi kanggo ngalahake pêkarêmaning ing donya, pasthi yèn banjur dumunung ing sapandhuwure, mungguh sanyatane têgêse piwulanging Rum Katolik kang marah kaananing naraka, kaanan kang kurang anyênêngake sawusing mati, iku wong mêsthi tinunu ing gênining prihatin sadurunge dhèwèke bisa manjing ing palêrêman.

Dene kaanane kang kapindho lan kang mulya tumrap urip sawusing mati, kang akèh èmpêre lan [la...]

--- 37 ---

[...n] dêdongenganing sawarga, manawa pêpenginane marang kang asor lan murkane iku wus sirna banjur manjing ing alam kang luhur, wong salin kaanan, ing kono anambut bab kapintêran utawa agama, miturut watak kang satimbang karo karosane kang pinidahake kalane anèng dunya, tumrap ing dhèwèke iku wanci kang mulya bangêt, măngsa antuke kagunan kang akèh bangêt, saya angrakêti kasunyatan, ananging kang mangkono iku tumrap kabèh wong, ora mung salah sawijining wong kang sukci bae.

Iku uga ora duwe têgês ganjaran, ananging iya mung saka kadadeyane watake duk anèng ing dunya, yèn uwong kang watak bakti lan ora murka, yèn budine alus sarta mursid, iya bakal ngundhuh woh kamulyaning kamursidane ora beda kaya kang wus kawarsita ing dhuwur, sumurupa yèn kabèh mau tundha-tundhane ing dalêm sauripan, dadi

--- 38 ---

yèn wong wiwit ênom kongsi tuwa isih angantêpi watak salah sawiji uripe ing dunya manèh iya pasthi mangkono, apa kaanan kang mulya iku langgêng, ora, sababe kaya kang wus kita caritaka[9] iku kadadeyane uripe ing dunya, ora ana jalaran kang ana watêse anuwuhake kadadeyan kang tanpa watês.

Uriping manungsa iku luwih suwe lan wigati saka ing nyatanira, palêtik kang saka Gusti iku kudu bali ing Panjênêngane, măngka kita iki kaya kapisah adoh lan kasampurnaning Gusti, kabèh urip iku dêdunung ing kamursidan, amarga saya maju iku anggêr-anggêring Gusti, wong iku maju alon-lonan lan bêbarêngan karo liyane, kang lumrahe diarani sauripan, iku mungguh sanyatane mung sadina yèn dinulu saka uripe sajati, kayadene ing lumrahing urip wong sabên esuk tangi banjur dandan, sawuse [sa...]

--- 39 ---

[...wuse] inggal anggarap pakaryane padinan, yèn wus bêngi cucul panganggo banjur lêrêm, dene esuke iya banjur anambutgawe kang winajibake, mangkono kaananing wong sêmăngsa lair ing kawadhagan, nuli ngrasuk badan wadhag minăngka panganggone, lan manawa wun[10] têkan wancine lèrèn, banjur cucul panganggo yaiku kang ingaranan mati dening lumrahing ngakèh, banjur dêdunung ing palêrêman kaya kang wus tinuturake, manawa wus rampung gone lèrèh, nuli ngrasuk badan kang minăngka panganggone, wiwit dina anyar urip ing kawadhagan manèh, anggarap ajune kang linirwakake, dadi kang diarani sasuwene urip iku iya satêkane ing gêgayuhan wêkasan iya iku têkan ing Gusti, yaiku karsaning Gusti kang dhèwèke têmbe iya têkan.

Kabèh mau anyar tumraping sira, lan kang amarga

--- 40 ---

anyar dadi anèh utawa sira gumuni, nanging kabèh kang katuturake mau ana pasêksène, lan kapêksa aku angambali kăndha yèn iku kêna pinariksa nanging yèn sira arêp mêruhi têrange, macaa layang-layang kang nyaritakake bab iku, sabab pitutur kang cêndhak iki mung kaangkah kanggo anuduhake sanyatane, nanging ora arêp gawe pasêksèn.

Bokmanawa sira darbe patakon, apa wong mati iku ora ginara-godha pangrasa nyumêlangake kang tininggal. Kalamăngsa iya mangkono, lan sumêlange iku angrandhatake lakune, mula sabisa-bisa kudu angsung pangan, wong kang wus mati iku kudu pisah babarpisan saka sarupaning kang cinipta ing uripe kang kapungkur, murih bisa pratitis ing kaanan anyar kang linêbonan iku, mulane apa kang maune wus diantêpi iku samêngko

--- 41 ---

kudu dieling-eling, murih aywa kadurus-durus agawe rosane tali kang gandhèng lan donya kita ingkang măngsa iki wus diêmohi, kang mangkene prayoga winarahake marang bocah-bocah kang tininggal mati, sabab iku ora mung anuduhake panggawe bêcik marang bocah-bocah bae, ananging wong kudu ngangkah sanak kadange iku bisa mardika saka kang ora gawe têntrêm lan anuduhake dalan kang diliwati unggahe.

Yèn kang mati mau nalika uripe anggung sasar lan munapèk marang piwulanging agama, dhèwèke iya rinubeda rasa wêdi tumrap papêsthène têmbe, bêgja ing alam alus dene akèh panggawe kabêcikan kang kêna linaluri ing wong akèh, wêkasan tumrap kang padha kaliru banjur pisah saka pangrasa mau marga saka pituduh kasunyatan, ora ngêmungake wong kang wus mati bae, ananging akèh sujanma kang sabên bêngi sajroning [sa...]

--- 42 ---

[...jroning] turu badane banjur anambutkarya kanggo pêrluning wong mati, supaya dhèwèke padha pisah saka giris lan prihatine, sarana tinuduhan mulyaning kasunyatan. Kang padha prihatin iku têtela saka bodho, mula biratên kabodhohane pasthi yèn sirna prihatine.

Gêdhe-gêdhe ing prihatin bab kang katone sirna, iku yèn sawijining bocah aninggal badane wadhag, wong tuwane kang kari karo rumăngsa dunya suwung, kamulyane kabèh wus sirna, kapriye lêlakone bocah ana ing alam alus iku, ing ngêndi bae wus mêsthi luwih mulya lan tumuli mulih kaelingane, manawa wong tuwane, para sadulure, lan rewange dolan kang ditrêsnani iku ora pisah ing rumangsane bocah kang tinggal dunya mau, dhèwèke sabên bêngi iya padha dolanan lan kabèh mau, mula ora rumăngsa pisah utawa kaelangan, [kaelang...]

--- 43 ---

[...an,] ing kalane awan bocah mau iya ora kari ijèn, amarga ing kono iya akèh bocah kang banjur dadi rewange dolanan kaya ing kene, papan kang kanggo dolanan ing kono luwih anyênêngake manèh, kita wuninga sapira bungahe bocah kang padha dolan ing kono, sadhela-sadhela anyumupi[11] gêgambaraning carita kang bêcik-bêcik. Kang luwih anyênêngake manèh yaiku nyumurupi dungèng bêcik sarta mokal-mokal, ing sêtop aluse alam kang luhur iku kabèh ciptaning manungsa katon maujud ing kono, dadi bisa uga bocah mau anyumurupi naraka, ananging amung kala măngsa utawa sadhela bangêt. Manawa dhèwèke kêpengin kang anèh-anèh iya banjur kasêmbadan, upamane bocah mau kêpengin anindhihi wadyabala, padha sanalika iya banjur ana prajurit, mula tumrap patine [pati...]

--- 44 ---

[...ne] bocah-bocah iku banjur sênêng bangêt, malah kalamăngsa suwarane nganti rame bangêt.

Para bocah kang dhasaring ciptane beda, kaya ta upamane dhêmên mênyang wulanging agama, ing kono anggung antuk apa kang dipengini, sabab ing kono uga dinunungan para malaekat utawa para sukci kang sanyatane, êndi bae kang diarêp-arêp utawa kang piniyandêl, bisa katarik dening dhèwèke, lan luwih rumakêt utawa anilingake bangêt saèsthine luwih saka pandugane, ana uga kang kêpengin katêmu lan Gusti Allah pribadi, Gusti ingkang maujud wadhag iya ora kacidran, amarga alus sarta sihing para guru pituduh ing dhèwèke, manawa sakabehing wujud iku wujuding Pangeran, awit Panjênêngane iku dêdunung ing sadhengah, lan sanadyan sadhengah titah kang asor bangêt, uga nêdya ditulungi, bocah pêrlu rinêksa,

--- 45 ---

kudu tinulungan lan binungahake, kono akèh pitulungan utawa panglipur tumrap marang wong bodho anane ing alam mau, lan manawa pangambarane ing dunung kang nyênêngake mau ciptane salin eling ing wêlas asih, dhèwèke banjur winulang ing piwulang kuna kang sajati utama: sapira panggawenira marang kadangira, iya samono panggawenira marang ingsun.

Dene bocah kang isih cilik bangêt, kang durung bisa dolanan kapriye kaanane, aja sira nyumêlangake dhèwèke, amarga sagunging biyung kang aninggal mati sutane, iku sênêng bangêt nampani dhèwèke, lan sihe padha kaya marang anake dhewe, lan kang akèh bocah ora suwe anane ing alam mau, banjur tumuli bali barang[12] dunya manèh, kang kêrêp balèni wong tuwane manèh, angèlingi kang mangkono mau banjur sumurup sapira

--- 46 ---

daksiyane para monik, kang muni yèn bocah kang ora kaêdhup, iku salawas-lawase ora kêna direwangi dolanan, kaêdhup iku iya anucèkake ora kok tanpa paedah, dene pêrlune aja kongsi ana wong kang ora duwe sêsurupan murih anggambara ing ciptane, aja kabêsturon marang pituduh kang kaya iki, dadi ora angrubeda anggêr-anggêring Allah kang langgêng, utawa aja kongsi kuwalik pandugane, yèn ngira Panjênêngane iku asipat bêngis, lan tanpa wêlas asih.

Gon kita bisa mratelakake kaananing wong mati kang samene iki, amarga sabên kita turu kita padha banjur anglêboni jamane, adêdalan kodrat utawa kang wus tinamtu. Wong mêsthine uga wêruh lakune para sêpiritis, dene patrape nyimpang saka bênêr lan kodrate, dhèwèke anarik [a...]

--- 47 ---

[...narik] wong kang wus mati supaya angrasuk urung kang saka daging sadhela, dadi kêna dinulu dening netra kita wadhag, para olah gaib ora mangkono warahe, anuduhake yèn kang mangkono iku angandhêk-andhêki ajune kang wus mati, lan pituduh yèn kang mangkono ora prayoga, sabab ana sarake kabisane dadi banjur liron pangrasa lan wong urip, ana manèh layang kang nyaritakake bab mau luwih cêtha lan luwih akèh tinimbang iki, buku mau dijênêngake: Sabranging Pati, ing kono angêmot carita kamardikane karêpe wong kang wus mati nganti baline marang ing alam kang asor iki, banjur gumêlar kang beda-beda patrape, bab kalumrahaning ngakèh marga panjaluke supaya kita nyaritakna dhèwèke, ing wanci apa bae ayak prayoga, supaya anuli awèh sêsurupan, utawa nuruti kang kinarêpake [kinarêpa...]

--- 48 ---

[...ke] dadi ciptane banjur marêm.

Yèn sira wus bisa nampani apa kang wus dak pituturake, samêngko sira pasthi sumurup, apa ta pigunane prihatin dene tininggal mati kulawargane, prihatine iku kalèru lan ora prayoga, kita iki kabèh mêsthi iya bakal mati, apa ta sabab kang dadi sêdhih tumrape kang mati, dhèwèke iku malah ngalih marang kauripan kang saya mulya lan jêmbar.

Yèn prihatine iku marga gone pinisah, măngka satêmêne ora pisah, lan kapindhone kita dadi watak murka, marga saka mohe kelangan sawangan lair bae nganti nêdya angalang-alangi kamulyan lan kanugrahane, kita kudu tumêmên ngangkah sirnaning kamurkan, lire aja mung buru pêrlu kita dhewe bae, darbea ambêk wêlas asih, angèlingana dhèwèke aja mung anolèh pêrlu kita

--- 49 ---

dhewe bae, aja amburu rasa lan pangarêp-arêp kita dhewe, nanging ngangkaha bêcike dhèwèke lan angrikatna ajune.

Yèn kita sêdhih, kita binoyong ing duhkita, mêndhung kang anasabi kita iku kudu tumuli kita singkirake, amarga iku bakal amêtêngi langite kang kita sêdhihake, amarga sihe marang kita, trêsnane marang kita iku anuduhake rasa susah ing dhèwèke, kita bisa anandukake kagunan kang bisa amitulungi ing dhèwèke, minăngka lirune gon kita angrêridhu, sok anggêr kita gêlêm bae, ananging kang mangkono pêrlu nganggo kakêndêlan utawa angurbanake awak kita dhewe, kita kudu lali babarpisan marang awak kita dhewe, bangêting sih kita kaangkaha kanggo mitulungi kang wus lalis, sawijining cipta, sawiji-wijining pangrasa kita iku andayani ing dhèwèke, mula anggung prayitnanana, [prayitna...]

--- 50 ---

[...nana,] murih aja ana cipta kang ora anyênêngake utawa kang migunani tumrap panggawe kang sukci.

Yèn upama kang wus lalis mau prihatin marga eling marang kita, kita kudu kang sênêng, supaya kawruhan ing dhèwèke yèn dhèwèke ora pêrlu nyumêlangake kita, yèn duk uripe katrêsnan kita mau durung têrang marang kawruhe urip sawusing mati, kita kudu ngangkah mêruhake, dadi kalane kita tinêmu lan dhèwèke, yaiku samăngsa kita turu, banjur bisa angrêmbug bab mau, amarga sarupaning cipta kita katon cêtha ing dhèwèke, mula kita kudu aniti supaya nyipta kang gawe kêndêle, yèn sira sumurup bab mau, sira iku ambarkahi, yèn sira mituhu.

Ngangkah anyêmurupi[13] panunggale kabèh iki, Gusti Allah iku mung siji, lan kabèh iki siji anèng jêroning Allah, yèn kita amung anggagas panunggal [pa...]

--- 51 ---

[...nunggal] kita lan Kang Maha Asih, kita pasthi bakal ora duwe sêdhih manèh, marga ora mung tumrap kita dhewe bae, ananging uga tumrap marang kang kita trêsnani mau, kita kabèh iki nadyan urip utawa mati, uga saka Panjênêngane, lan kita anèng ing dalêm Panjênêngane, nadyan kita amênêng utawa obah, nadyan kita anèng ing alam kene utawa ing alam liyane.

Wong sêdhih iku wong kang ora pracaya, utawa wong bodho, manawa sêsurupan kita saya dhuwur, amasthi kita saya pracaya, amarga kita saya sumurup têrange kapriye sanyatane, yèn kita urip utawa mati iku uga kawêngku ing wawêngkoning pangwasa kang wicaksana, anane iya saka ing Gusti kang sipat murah lan asih.

Tamat.

--- [0] ---

[3 halaman kosong]

 


mung. (kembali)
ditolèh. (kembali)
wadhag. (kembali)
sirna. (kembali)
rumangsane. (kembali)
yèn. (kembali)
wadhag. (kembali)
kaananing. (kembali)
caritakake. (kembali)
10 wus. (kembali)
11 anyumurupi. (kembali)
12 marang. (kembali)
13 anyumurupi. (kembali)