Piwulang Kancana, A. P. B., 1889, #544

JudulCitra

[Piwulang Kancana][1]

--- 3 ---

Bêbuka

Ingkang kacariyos ing sêrat punika, papêthikan saking sêrat: Piwulang Kancana. Inggih punika sêrat ingkang kaangkah nêdya kapisungsungakên dhatêng para marsudi kawruh gaib ing tanah wetan (Hindhu), sasêrêpan ingkang winarahakên ing pawiyatan wau, punapadene piwulangipun ingkang kacêtha ing sêrat wau, kathah para teyosup ingkang sami ngajêngi.

Amargi piwulang ingkang kawursita ing sêrat wau kathah ingkang kula sampun apil. Pramila botên rêkaos pamêrtal kula.

Kathah ingkang sampun sami wuninga manawi lampah pamarsudinipun dhatêng kawruh kasuksman ing tanah Hindhu punika botên sami, dene bèntênipun wau amargi sangking gurunipun inggih beda-beda, botên amung sangking bèntênipun pamiyatan kemawon, sabab pamiyatan bab kawruh kasuksman ing tanah Hindhu wontên nêm warni, satunggal-tunggaling guru punika tataning pamulangipun botên sami tur sangêt winados. Ananging pawiyatan kawruh gaib ing sisihipun rêdi Himalaya,

--- 4 ---

punika patrap pamulangipun sadaya sami, kajawi bilih gurunipun punika amung lama, barès kemawon. Ingkang kasagêdanipun amung kaot sakêdhik kalihan ingkang sami kawulang.

Sêrat ingkang kula pêrtal ing ngriki punika, inggih nunggil satêturutan kalayan ingkang kapêthik dados sêtansa. Sêrat Dyan, inggih punika babonipun Sêrat Piwulang Wados.

Punapadene sêrat piwulang gaib kang luhur ingkang nami Paramarta, manawi miturut dongènganipun Sang Nagarjuna, sêrat wau pêparinging naga (sasêbutanipun para tinarbuka ing jaman kina), dhatêng para arahat agêng, makatên ugi pinangkanipun Sêrat Piwulang Kancana punika, dene waton-watonipun, saha pamanggih ingkang kawursita, ing ngriku sanadyan sapintên prayogi tuwin murninipun, punika cinengkok warni-warni, ingkang kathah wontên têmbung Sanskrit kados ta sêrat: Gyaniswari, sêrat ingkang amêdharakên lampah-lampahipun ing piwulang gaib luhur anggèning Sri Krêsna anêrangakên kawontênanipun para yogi ingkang sampun-sampun kawruhipun [ka...]

--- 5 ---

[...wruhipun] dhatêng Sang Arjuna, asarana sorot ingkang acorak warni-warni (pikajêngipun botên asarana têmbung), tuwin wontên Sêrat Opanishad. Mila sampun tamtu kemawon nganggea têmbung Sansêkrit. Amargi ingkang sami marsudi bab wau ingkang kathah băngsa Hindhu, tuwin Arya, sarta Monggoli, kalangkung malih para ingkang sami sumingkir dhatêng ing Tibèt. Punapadene sêrat-sêrat tatilaranipun para Arya Sangga piyambak punika inggih sampun kathah sangêt.

Piwulang wau ingkang asalipun cinitra wontên ing papan pasagi panjang, dene tatêdhakanipun cinitra ing papan gèpèng bundêr, sêrat wau sami kasanggarakên wontên ing pasuwitan (altaar) nipun candhi-candhi ingkang sambêt kalihan têlêngipun pamulangan Mahayana (Yogacaryah), utawi pamawas dhatêng panunggal. Panyêratipun warni-warni, kalamăngsa kasêrat ing basa Tibèt, ananging ingkang kathah ngangge aksara gambar (Ideographs) tatêmbunganing imam (Senzar) botên amung kêdah sarana dêntaywanjananipun piyambak kemawon, ananging katranganipun punika wontên pintên-pintên aksara tatêngêring cacah, kathah ingkang aksara gambar tinimbang wujud aksara dene lampah [la...]

--- 6 ---

[...mpah] panunggilanipun malih punika ngangge aksara cacah (getaal letters) tuwin corak ingkang satunggal-tunggalipun punika cocog kalihan aksara sangking dêntaywanjananipun tiyang Tibèt, inggih punika aksara ingkang mligi tigang dasa, dene aksara ingkang cêcampuran wontên pitung dasa sakawan. Samantên wau wêtahing dêntaywanjana ingkang kangge amujudakên sêrat wados. Bilih wontên aksara gambar punika pamaosipun wontên caranipun piyambak, kados wontên ingkang kacêtha ing ngriki ngangge aksara tigang dasa sangking dêntaywanjananipun, tumrap tatêmbungan tuwin paribasan punika wontên tatêngêr utawi pasêmonipun piyambak kados tatêngêr sarta pasêmon ingkang kangge ing kawruh palintangan. Inggih punika tatêngêring palak kalih wêlas. Sarta corak kamulan pêpitu, satunggal-tunggalipun corak punika katêrangakên kaping tiga, kados ta ingkang pajar punika dados dhasaring corak kamulan, tuwin undhuk, sarta papêtêngipun[2] aksara ingkang wêtah [wê...]

--- 7 ---

[...tah] punika wontên tigang dasa tiga, kangge têmbung tuwin pasêmoning kajêng, awit kangge lintuning tatêngêr palak kalih wêlas kaambalan kaping gangsal sarta lajêng kasambêtan kalihan anasir gangsal tuwin corak warni pitu, dados wêtahing dêntaywanjananipun, punika kalêmpakaning aksara sukci suwidak, ingkang aksara tatêngêr kalih wêlas. Satunggaling tatêngêr ingkang tamtu kapacak ing wiwitaning ampal punika para maos kêdah lajêng nganggea cara Hindhu inggih punika satunggaling têmbung ingkang amung tinrap ing sastra Sansêkrit, utawi sastra Cina, bilih badhe maos sêratan gambar, ingkang gampil piyambak ngangge ingkang sampun dipun sumêrêpi kemawon. Têmbung punapa sanès-sanèsipun ingkang dipun rêmêni, amargi têngêr saha pasêmon wau sadaya kadidene aksara cacah, utawi ăngka Arab. Sampun cocok kalihan ingkang kaprah dados pasêmonipun para tinarbuka ing gaib dalah murit-muritipun. Sampun kasumêrêpan watakipun kados sêratan Cina, ingkang gampil kawaos dening sintêna kemawon ingkang sampun kasumêrêpakên, upaminipun tiyang Jêpan, sanadyan pyambakipun botên sagêd basa Cina, ewadene bilih dipun sukani

--- 8 ---

sêrat ingkang aksara Cina, punika piyambakipun lajêng sagêd mangêrtos kemawon.

Sêrat Piwulang Kancana punika kasumêrêpanipun sadèrèngipun agami Buda, dene sanès-sanèsipun punika gumêlaring agami Buda, sêrat wau isi piwulang cêkak-cêkak kirang langkung wontên sangang dasa, dene ingkang kula sampun apil wontên tigang dasa sanga, mila murih gampilipun pamêrtal kula, kêdah aningali cathêtan-cathêtan ingkang wontên dalancang ingkang pating salêbar utawi ingkang wontên parimbon anggèn kula ngimpu salêbêtipun kalih dasa taun, tur dèrèng sagêt tata. Punapadene botên sagêt kapêrtal sadaya, tuwin kapisungsungakên dhatêng ing dunya ingkang taksih kasangêtên kamurkanipun, tuwin ingkang taksih kêkêlètên kalihan taman lêlangêning păncadriya, murih sagêt karampungakên tuwin kasêbarakên, kêdah sampun nampèni piwulang kasusilan saha kajujuran, amargi sanadyan tiyang sangêt sêrêngipun pangudi dhatêng kawruh kawontênanipun dat, piyambakipun asring botên purun mirêngakên pêpèngêt ingkang makatên wau.

Măngka piyambakipun anumpuk sêrat-sêrat ingkang angêmot [angê...]

--- 9 ---

[...mot] kawruh kasusilan ing tanah wetan, langkung malih Sêrat Opanishan.

Pangandikanipun Sri Krêsna dhatêng Arjuna: Biratên sagung kêpinginira marang urip: pêpenginan iku wataking badan iya têtungganganing dat kang angrasuk badan mau, dudu wataking kang pribadi, kang satêmêne, langgêng, tan kênaning rusak, uga ora kêna pinatenan (katopanishad), lah guru sutanipata, patènana pangrasanira, amodhoa sira tumraping bungah lan susah, anêmu lan kelangan, utawa unggul lawan asor, mangkono sabanjure, golèkana pangayomanira kang langgêng dhewe (Ibid), sirnakna ardanira marang pamêthal. Pangandikane Sri Krêsna tumrap parincène, kawasaning cipta (manas), kang tansah kasasar-sasar karêpe katurut bae, panggawene jiwa (budi), kang tanpa daya tansah kumbuk kumbul kaya parau ana ing banyu kasabêt ing prahara nganti malêsat (Bagawatgita, II. 67).

Pramila kintên kula sêrat wau prayogi kapilihana ingkang sakintên pakangsal tumrap sintêna ingkang sanyata marsudi gaibing pakêmpalan teyosopi kemawon. Punika sampun [sa...]

--- 10 ---

[...mpun] sagêt anyêkap kabêtahanipun, piyambakipun saèstu amung badhe angluhurakên pitêdahipun Sri Krêsna, dadipun kang luhur, kados ta: yèn para wicaksana ora anyêdhihake marang kang mati lan kang ora mati. Ingsun apadene sira, lan para ratu iku kabèh, sarta manungsa kabèh, ora ana kang durung tau mati, lan kang ing têmbe ora linairake manèh (Bagawatgita, II. 11-12).

Kula angêtok kasagêtan angangkah pamêrtal kula punika, sagêta kalampahan rêsik anulat sacingkok wawilêtaning têmbungan nalika taksih sinawung ing sêkar, ingkang lugunipun sampun sami kasumêrêpan sae sangêt, sapintên gaduging kasagêtan kula wau kula aturakên supados karaosakên piyambak dening para maos.

(W.G.) H.P.B. 1889.

__________

--- 11 ---

Isining buku:

I. Swaraning asêpi.
II. Dalan loro.
III. Wiwara pêpitu.

__________

Pêpèngêt. Sadaya têmbung ingkang cinirèn ing ăngka, punika pratăndha wontên katranganipun, pramila bilih para maos wau kêpingin priksa katranganipun salah satunggaling têmbung ingkang cinirèn ing ăngka, inggal amirsanana dhatêng papan katrangan ingkang cocok kalayan ăngka, ingkang wontên ing têmbung wau.

__________

--- 12 ---

Babagan ingkang 1. Swaraning Asêpi (Wangsit).

Piwulang ing ngisor iki ora winarahake marang sing sapa ora sumurup bêbayaning: idhi: kang asor.[3]

Sing sapa kêpengin krungu sarta mangêrti marang swaraning nadha,[4] iya iku swara kang tanpa uni, kudu sumurup marang kaananing darana.[5]

Sawuse ora maèlu marang kang katonton, siswa

--- 13 ---

kudu mêruhi ratuning păncadriya, kang anganakake cipta, kang andadèkake sarupaning panggorohan, anuntun marang sasar.

Pangwasaning cipta (Denkvermogen) badan pikiran. Iku kang matèni kang sajati.

Mulane, Lanu (siswa) sirnakna kang matèni mau. Amarga manawa kawujudane dhewe, iku wus dianggêp ora nyata, mung kaya impèn bae. Yèn wus bisa matèni pangrungu, banjur bisa ambedakake kang sawiji (saka liyane) iya iku swaraning batin kang nyirêp swara lair.

Mung ing nalika iku bisane aninggal jaman asadya kang ora nyata, banjur manjing marang kapraboning sadya kang sanyata.

Sadurunge suksma bisa andulu, batine kudu runtut. Mripat lair kudu muta marang samubarang kang cidra.

Sadurunge suksma bisa ngrungu, wujude manungsa, kudu ambudhêg marang panjêriting gajah, sarta kênclinging salaka, lan swaraning konang kancana, padha aja rinungu, sagunging swara, nadyan kang sêru utawa kang bangêt lirihe.

Sadurunge suksma bisa ngêrti sarta eling kudu runtut lan juru pituduh [pi...]

--- 14 ---

[...tuduh] kang ora kumêcap. Kayadene dhapure luluhan kang winangun. Kudu rinuntutake dhisik lan ciptane kundhi (tukang gawe grabah).

Amarga sawuse suksma bisa ngrungu sarta eling – ing kono swaraning asêpi, banjur wêwarah marang pangrungu batin.

Wruhanamu, yèn suksmanira mèsêm kalane lêlumban ing samodra kanugrahaning aurip, lamun suksmanira rêrêpèn ing sajroning badan kang awujud daging lan urat. Manawa suksmanira nangis ing jro pawarangkaning paracidra, yèn sukmanira molah murih pêdhote tali rinda kang anancang dhèwèke lan gurune.[6] Sumurupa siswa, suksmanira isih krakêt lan kadunyan.

Manawa suksmanira,[7] amarga durung sapira suwene gone katarbuka, têmahan isih ngrungokake parameyaning [parameya...]

--- 15 ---

[...ning] dunya, yèn suksmanira isih amangsuli marang pangundange paracidra gêdhe,[8] lamun suksmanira sumimpên kaya bulus kang mangkêrêt andhêlikake êndhas lan sikile marang jroning thothoke, karana sira kagèt nyumurupi luhing prihatin, sarta kabrêbêgên dening sêsambating kasangsaran muput, wruhanira Lanu, suksmanira durung sayogya kanggo pasênêdaning Pangeran.

Manawa kang amarga wus saya santosa dadi suksmanira wani uncat saka padunungane, mêtu saka urung pangayomane, angulur têtaline nuli mêsat, lamun suksmanira nyumurupi gambare kawujudane ing aluning swasana măngka suksmanira mosik: iku kaanan ingsun, sumurupa Lanu, suksmanira kalêbu ing jaringing panasaran.[9]

O, Lanu, donya iki surambi kasangsaran. Sauruting dalan kang anèng ing kono akèh godha kang anggêgirisi, ana pira-pira coba sarta panasaran kang angala marang

--- 16 ---

sajatinira.[10]

Hèh Lanu, kang durung sumurup, donya iki mung wiwaraning papa cintraka kang anjog ing dunung kang padhange arêmêng-rêmêng, kang sabacute têkan ing pêpadhang kang sajati, pêpadhang iku ora mati kanginan, sarta murup tanpa sumbu lan lênga.

Anggêring aurip muni, yèn arêp sumurup, marang dat kang agung,[11] sira kudu nyumurupi kaananing dat. Dene bisane sumurup marang dad, iku sira kudu masrahake dad marang kang dudu dad. Kang sajati marang kang dudu sajati, sawusing mangkono, lagi bisa ngaso ing antarane suwiwining garudha kang aran (swan), bangêt kapenak lêrêm anèng suwiwining garudha mau ora tau mati lan ora tau dumadi, ananging, om,[12]

--- 17 ---

iku lêstari nganti mawindu-windu.[13] (Om, Aum).

Yèn sira arêp sumurup, nungganga angsaning aurip.[14]

Yèn sira arêp urip, amasrahna uripira.[15]

Dhuh sira kang dalajah kongsi sayah ing surambi tatêlu, iya surambi iku kang anêkakake ing wêkasane kasayahanira, o, kang wus unggul anglawan Sang Mara, iya surambi tatêlu mau kang amêruhake marang sira, marang kaanan tatêlu,[16] banjur têkan kang kaping pat,[17] wêkasan banjur manjing marang saptaloka,[18] ing kono dununging katêntrêman, kang langgêng dhewe.

--- 18 ---

Yèn sira arêp sumurup ananing surambi tatêlu mau, mara rungunên lan dèn eling.

Surambi kang sapisan iku diarani: awidya, ora wuninga, surambi iku gonira wêruh padhang hawa, mati sarta urip.[19]

Surambi kang kapindho, surambining piwulang[20] ing kono suksmanira, anêmu kêmbanging aurip, ananging sangisoring sawiji-wijining kêmbang katon ana ulane ngalêkêr.[21]

Araning surambi kang kaping têlu, surambi kawicaksanan, sakdhuwuring surambi iku samodra kang tanpa têpi, iya samodraning absara, kang dadi tuking kawruh sajati,[22] kang ora bisa sirna.

--- 19 ---

Murih rahayu panjajahira ing surambi kang kasapisan, gênining hawa napsu kang murup ana ing kono aja sira anggêp cahyaning Pangeran.

Yèn arêp rahayu panjajahira ing surambi kang kapindho, sira aja lèrèn ngambu kêmbang kang ngêndêmi, yèn sira arêp luwar saka pambandaning karma, aja angupaya gurunira ing jamaning maya.

Para wicaksana ora karêm anèng taman langêning păncadriya.

Para wicaksana ora keguh dening aruming swaraning maya (kang cidra).

Upayanên guru kang bakal angunggahake[23] sira marang surambi kawicaksanan, luwih adoh surambi iku, ing kono ora ana wêwayangan. Pinadhangan dening prabaning kasunyatan, kang ora tau surêm salawase.

Kang ora dumadi iya anèng ing jêronira Lanu, iku uga dêdunung ing surambi mau, yèn sira anggayuh supaya loro mau amor dadi siji, cuculana panganggo paracidra kang

--- 20 ---

anasabi sira, sirêpên swaranira lair, aja ana paganthaning cipta kang dumunung ing antarane pêpadhangira lan pêpadhang kang sajati mau, supaya banjur anunggal sarta manawa sira sumurup marang aniyana-[24] nira inggal anguncatana surambining piwulang.

Surambining piwulang iku ambêbayani, marga ana pira-pira kamulyan kang cidra, pêrlu kanggo anyoba sira, diprayitna Lanu, yèn kurang pangati-ati suksmanira lirwa, marga kablêrêngên dening pêpadhang kang cidra, wêkasan kandhêg anèng ing kono.

Kang ujwala iku soroting sêsotya praboting sang mara,[25] (ratuning rubeda), amiluta păncadriyane, lan amêtêngi ciptane kang kurang prayitna, bakal tininggal kaya rêmukaning prau kang kèrêm ing samodra.

Lêmut kang katarik ing padhanging diyan bakal kêlèt lan lênganing diyan [diya...]

--- 21 ---

[...n] mau têmahan bilai, suksma kang kurang prayitna, ora manglawan dhêmiting paracidra, bakal bali marang donya dadi boyonganing: Mara.

Dulunên suksma kang arak-arakan, waspadakna gone padha kêkalangan sadhuwuring samodraning urip. Kaya apa ta sangsarane, sabên-sabên suwiwine tugêl runtang-ranting, banjur tumaun-taun kacêmplung ing banyu katut pambuncanging angin, kumbak-kumbul ing alun wêkasan sirna kasabêt ing olêkan.

Lamun sira nêdya angliwati surambining kawicaksanan, anggayuha taman kamulyan. O, Lanu, kuncinên păncadriyanira, dadi kalis saka panasaran kang anuwuhake rasa sira beda lan liyaning tumitah.

Aja kongsi sajatinira kèrêm ing samodraning: maya, aja antuk mêthal saka kang Maha Mulya, pusthinên kasaktinira ing têlênging ati,[26] iya padunungane ibu pratiwi.[27]

--- 22 ---

Saka ing ati pangwasa mau banjur munggah marang kang kaping nêm. Cakram, kang dumunung ing antarane alis kiwa têngên, banjur dadi ambêkaning Kang Amaha Tunggal, iya iku pangandikane gurunira kang sajati.

Mung sawuse mangkono sira banjur bisa napak jumantara,[28] angliwati angin sakdhuwure umbak gêdhe, nanging padane ora angambah ing banyu.

Sadurunge padanira tumapak ing untune ăndha kang dhuwur dhewe, iya ăndhaning swara gaib. Sira mêsthi ngrungu swaraning Pangeranira pitung rupa.

Kang sapisan, padha lan swara ocèhing manuk kang anganyut-anyut. Kalane ngocèh minăngka pamite ing kancane.

Kang kapindho kaya swaraning bêndhe salaka kang tinabuh dening para diyana, anggugah lintang-lintang pating galêbyar.

Banjur ana swara kang anganyut-anyut, kaya sêsambating dewane [dewa...]

--- 23 ---

[...ne] sagara, ana jroning pawarangkane (pasingêtane).

Sawuse nuli swara pangidunge wina.[29]

Swara kang kaping lima, tumanduking kuping dumêling kaya swaraning suling.

Banjur malih kaya swaraning kalasăngka (salumprèt) wêkasan kaya swaraning galudhug kang anggêgêtêri.

Kang kaping pitu anyirêp swara liya-liyane, saya lirih banjur ora kaprungu manèh.

Yèn kang kaping nêm,[30] wus katumpês, lan kasèlèh mangisor padaning guru, siswa banjur tinampan ing dalêm kang sawiji,[31] murid dadi siji lan kang sawiji mau, sarta urip ing jêrone.

Sadurunge sira tumapak kang sapisan ing dalan mau, sira kudu bisa angasorake sarira căndra,[32] anucèkna

--- 24 ---

cipta,[33] lan atinira.

Tirtaning urip kalanggêngan kang sukci, rêsik sarta mancorong kaya kristal, ora bisa amor lan banyuning êmbakan.

Tumètèsing êbun kang saka swarga, ing salaganing kêmbang padma, kang kasorotan palêthèking srêngenge, gumêbyar agilar-gilar, yèn wus tiba ing bumi banjur dadi balêthok. Mara dulunên, mutyarane samêngko wus dadi ciprating balêthok.

Cipta kang ora rêsik, kudu sira lawan sadurunge, sira kalindhih, samăngsa cipta iku anêkani inggal salèwèngna, amarga sumurupa, yèn sira ora prayitna, iku bakal angoyot, sarta nyêmi, wêkasan dhèwèke bakal masesa, lan amatèni ing sira, dingati-ati Lanu, lah wêwayangane bae aja olèh nyêdhak. Sabab dhèwèke bakal tuwuh, mundhak gêdhe lan rosane, ing kono kaanan kang saka palimêngan mau banjur anglêboni sira, sadurunge sira kapandukan pakartine dhêmit irêng kang asor iku aja kurang pangati-ati.

--- 25 ---

Sadurunge kasaktènira,[34] kawawa minangkani sira dadi gusti (punika winastan mangraga suksma), sira angêtoga kagunanira kanggo matèni rupanira kang kaya rêmbulan. Manawa kowe bisa.

Pribadining wadhak iku ora bisa kumpul bêbarêngan lumaku, salah sawijine kudu sirna, kanggo loro pisan ora ana papane, sadurunge pangrêtining jiwanira bisa, sira kudu anyirnakake kudhuping kamanungsanira, ulêring păncadriya kudu pinatèn kang kongsi ora bisa urip manèh.

Sira ora bisa lumaku ing dalan mau, sadurunge sira bisa dadi dalan dhewe.[35]

--- 26 ---

Suksmanira katilingna marang sêsambating kasangsaran. Kayadene mêkroking kêmbang padma duk palêthèking srêngenge.

Aja kongsi panasing srêngenge anggaringake luh satètès. Sadurunge sira dhewe angusapi luh mau saka mripate kang nandhang sangsara.

Awit luh kang bangêt panase, iya kang dalèwèr saka mripate wong kang nandhang kasangsaran nangis mau tumètès marang atinira, lêstarèkna ana kono aja pisan sira ulapi, sadurunge kasusahan kang ngilèkake luh mau sira ilangi.

Dhuh wong kang kaèbêkan wêlasasih, luh mau kaya ilining banyu kang angilèni lêlahaning paramarta, iya ing lêlahan mau mêkaring kêmbang kabudan,[36] ing têngah wêngi, iku angèl bangêt tinêmune, sarta luwih angèl kasumurupane, katimbang kêmbang wijayakusuma (Wogaij boom) kang suci, kêmbang iki kang dadi wijining pamudharan (kamuksan), ambêk kang mangkono mau kang anjalari dadine arhan. Mamungsuhane pakarêman, iya iku kang anuntun lakune ing têgal kamulyan. Lan anjog ing katêntrêman lan kamuktèn. Kaya nagaraning asêpi [asê...]

--- 27 ---

[...pi] sarta kang tanpa kaanan.

Ambirata papenginan, nanging yèn wus sira patèni, diprayitna, aja kongsi tangi manèh saka kubure.

Amatènana sihe marang urip. Ananging manawa sira wus ambirat, tanha,[37] aja pisan darbe kapengin marang kalanggênganing urip. Ananging wus masthi jaman pana, kudu salin dadi jaman kang langgêng.

Aja darbe kamelikan, aja ngoso marang karmanira, lan aja lumawan ing anggêr-anggêring kodrat kang tan kêna owah gingsir, ananging anglawana kanthaning manungsanira lan samubarang kang ora langgêng kang bisa rusak lan kang kêna ing pati.

Ambiyantua lakuning kodrat, sarta angrewangana bêbarêngan sapanggawene, kodrat bakal nganggêp ing sira, kayadene kang amurba misesa, sarta bakal angèstokake sakarsanira.

Sira bakal winêngan korining sênthong wadi, lan sira bakal bisa nyumurupi rajabrana kang sinimpên ing pasimpênan kang têrtip [têrti...]

--- 28 ---

[...p] lan sukci, kang ora rinêgêdan ing tangan kawadhagan. Rajabrana mau mung dituduhake marang tingaling suksma, netra iku kang ora tau mêrêm salawase, iya netra kang ora nganggo kêkudhung, bisa andulu marang kaanan kabèh.

Ing kono sira bakal tinuduhan sarana lan dalane, kang anjog ing wiwara kang sapisan. Kang kapindho sabanjure, kongsi têkan kaping pitu, nuli tumêka ing wêkasaning gêgayuhan. Kang luwih adoh, ing kono pinadhangan ing sunar suryaning dat. Iku dununging kamulyan kang ora kêna cinăndra, amung kêna winêruhan kalayan paningaling suksma.

Amung ana dalanggung siji, kang anêkakake, ing wêkasaning dalan iku, kudu ngarungu dhisik marang swaraning asêpi, unton-untoning ăndha kang kaunggahan dening para murit iku papa lan sangsara, mung swaraning kabêcikan kang minăngka panglipure, o, Lanu, sangsara yèn isih ana kêkèrène piala, ăndha mau tumumpang anèng sadhuwuring palêmbekan (papan kang gampang uncate) karana dosanira kang kari mau bisa angrucatake ăndha, dadi sira bakal tiba kapalêsat anyêmplung ing kono, yèn sira arêp anglangkahi juranganing kawadhakan [kawadha...]

--- 29 ---

[...kan] kang ambanyu bisa amblês jêro, sira angumbaha padanira, ana ing banyu sèlèh (sèlèh kadunyan), lire ora angarêpi marang kadunyan. Poma aja angancikake padanira kang isih rêgêd, ing untuning ăndha ing ngisor dhewe, cilaka sing sapa padha angrêgêdi untuning ăndha mau, krana sikile isih gupak balêthok. Balêthok kang rêgêt lan plikêt, iku bakal alot sarta garing, dadi sikilira karakêt anèng kono, kayadene manuk kang kêna pulut. Panggawene tukang mikat, dhèwèke katulak bali gone nêdya ambacutake lakune, dosane bakal amujudake lan anggèrèt mudhun, sarta bakal sêru swarane kaya pambaung lan panjêgoging asu ajag sasuruping srêngenge, ciptane banjur dadi wadyabala kang amboyong dhèwèke, kayadene batur tukon kang rinante.

Patènana pêpenginanira, Lanu, lêlêsunên dosanira, sadurunge sira tumindak kang kapisan ing dalan linuwih iku.

Bungkêmên dosanira, supaya lêstari bisune, sadurunge sira anjunjung padanira nêdya manèk ing ăndha mau.

Ênêngna ciptanira, lan angèsthia gurunira, kang durung sira

--- 30 ---

wêruhi, ananging wus krasa yèn ana.

Yèn sira nêdya suminggah saka mungsuhira, păncadriyanira klumpukna ing dalêm sawijining indriya, iya iku indriya kang dumunung ing jêroning utêk. Marga mung sarana indriya iki, kang bisa ambuka sasabing paningaling suksmanira, marang dalan kang dêdêr anjog ing ngarsaning gurunira.

O, Lanu, adoh lan anyayahake, dalan kang anèng ngarêpira iku, cipta kang angèlingi kang wus kapungkur, iku bakal anggèrèt sira mêdhun, dadi sira bakal amiwiti munggah manèh.

Patènana elingira marang lêlakon kang wus kapungkur, aja sira tolèh, yèn kongsia nolèh, têmahan sira birai.

Aja anduga manawa pakarêman iku bisa sirna, sarana dituruti utawa winarêgan. Iku panasaran gawehane Sang Mara, manawa piala iku digêmatèni, bakal saya andadi mundhak karosane, lêmu kayadene ulêr kang anèng salaganing kêmbang.

Kêmbang rêgulo kudu bali dadi kudhup kang tuwuh saka ngêpang manèh, [ma...]

--- 31 ---

[...nèh,] sadurunge sari lan tirtaning urip êntèk pinangan ing ulêr mau.

Wit kancana sakawit angudhup intên sadurunge wite rusak katêmpuh prahara, siswa kudu bisa dadi bêbayi manèh, apa kang ilang bisa bali manèh, sadurunge swara kang kapisan tumanduk ing kupinge.

Pêpadhang kang sumorot saka ing guru tunggal, prabaning budi kang ora bisa surêm. Sakawit pêpadhang mau anêmpuh ing muride, banjur narambas ing meganing kawadhakan.

Kalamăngsa ing kene tarkadhang ing kana, sorot mau gone amadhangi kawadhagan, kayadene prabaning surya amadhangi bumi kang kayoman ing gêgodhongan, ing alas. Hèh Lanu, nadyan pêrêng pangangkahira, padhange ora bakal têkan ing jêro, ora bisa amanasi ati, lan swaraning gaib kang saka akasa,[38] ora bakal ngrungu ing kupingira, yèn badanira durung têluk, sirahira durung adhêm, suksmanira durung santosa, lan sukci kaya sêsotya kang gumêbyar-gêbyar.

--- 32 ---

Yèn sira durung ngrungu, durung bisa andêlêng.

Yèn sira durung dêlêng, ora bisa ngrungu.

Ngrungu sarta andulu iku darajat kang kaping pindho.

Yèn murit andulu sarta ngrungu, lan manawa murit angambu lan angrasakake, wus ora sarana mripat, karna, grana, lan tutuk. Samăngsa indriya papat mau wus anglumpuk miranti arêp sumêngka marang kang kaping lima, iya iku kang diarani rasaning batin. Kang mangkono wus têkan ing darajat kang kaping pat.

Dhuh sira wus bisa ambengkas obahing cipta, ing darajat kang kaping lima, sira kudu amatèni indriya kabèh mau, kang aja kongsi bisa urip manèh.[39]

Aja angèlingi samubarang kang katon. Ambirata pangganthaning batin, murih aja amêtêngi padhanging suksmanira.

Samêngko sira wus anggayuh darajat kang kaping nêm, kang aran darana.[40]

Yèn sira wus angunggahi darajat kang kaping pitu, dhuh sira kang

--- 33 ---

antuk nugraha, sira ora bakal satmata, ing kasucian tatêlu,[41] amarga tatêlu mau sira pribadi, pribadinira lan cipta iku sakêmbaran. Lintang kang sira gayuh[42] ngujwala ing dhuwurira, tatêlu mau kang dumunung ana ing kamulyan lan kamuktèn. Iku wus tanpa aran. Ing jamaning maya, katêlu pisan iku wus dadi lintang siji, iya iku gêni kang murup tanpa ngobong, utawa gêni upadining[43] urup.

Dhuh Yogiswara, samăngsa wus bisa angrampungake, kang di arani-arani [arani-...]

--- 34 ---

[...arani] diyana,[44] iku kang kudu linakonan samăngsa arêp samadi.[45]

Ing mêngko datira wus amor lawan dating Kang Maha Sukci, sira pribadi lan Pangeranira, iya iku Pangeran kang anganakake sira, kang samêngko wus sira gayuh.

Lanu, ana ing ngêndi kaananira pribadi, iya iku plêtiking gêni, sirna ing dalêm gêni, tètèsing banyu kacêgur sagara, sorot kang langgêng dadi datolah lan nur, kang baka.

Dhuh, Lanu, samêngko sira kang nglakoni jukuk lan naksèni pisan. Lan sira kang sumorot sarta anyoroti dhewe, pêpadhang sajroning swara, lan swara jroning pêpadhang.

Lah sira kang kasusra wus amêruhi kaananing păncabaya, sira wus unggul marang kalima pisan. Kang kanême sira wus unggul. [ung...]

--- 35 ---

[...gul.] Sira kang anggiyarake kasunyatan patang prakara.[46]

Pêpadhang kang amadhangi iku sumorot saka sira pribadi, lah sira kang maune murid samêngko wus dadi guru.

Dene kasunyatan patang prakara, iya iku:

Apa sira durung angliwati kawruh bab sagunging sangsara, iku kasunyatan kang kapisan.

Apa sira ora wus angalahake, tu (panasaran) ing wiwara pakumpulaning Sang[47] Mara, ratu kang mênangan. Iku kasunyatan kang kaping pindho.

Apa sira ora wus anyirnakake dosa ing wiwara kang kaping têlu, mula têkan ing kasunyatan kang kaping têlu.

Apa sira ora wus angliwati ing tao (dalan) anjog ing kawruh, iki kasunyatan kang kaping pat.[48]

--- 36 ---

Samêngko sira lêrêm ana sangisoring wit bodi, iya iku sampurnaning kabèh kawruh, marga kawruhana sira wus dadi iswaraning samadi, iya iku sampurnaning kawaspadan.

O, sira wus dadi pêpadhang, sira wus dadi swara, sira wus dadi guru, lan gustinira, sira pribadi pêpêlêngan kang sira upaya, swara kang nyabawa tanpa kêndhat, ing ajali abadi (kalanggêngan), kang tanpa owah, kang tanpa dosa, swara pêpitu kang wus awor dadi siji, yaiku: swaraning asêpi: om tat sat.

--- 37 ---

Babagan ingkang Kaping 2: Dêdalan Loro.

Punika aturipun para cêcalon.

Dhuh Sang Yogiswara kang anggung wêlasasih, punapa paduka karsa paring pitêdah margi dhatêng sanès. Kawuningana punika sadaya tiyang-tiyang ingkang sami anèthèk nyuwun margi, sampun dangu angêntosi wontên ing palimênganing kabodhoan. Badhe sumêrêp mênganing gapura anggêr-anggêring kasaenan.

Dhuh guru, punapa paduka botên kaparêng, amêdharakên pribadi piwulang batos,[49] dhatêng ing kita sadaya, punapa paduka botên karsa anuntuni saha angirit kita lumampah ing margi wau, ingkang anjok dhatêng pamudharan.

--- 38 ---

Pangandikanipun guru.

Sumurupa mungguh sajatining kasampurnan iku ana têlu cacahe, dene dêdalane mung loro, săngka kang anjalari saline badane ing dalêm witing kawruh,[50] kang paprincène perangan ana nênêm.

Sapa kang arêp angrakêti, ing kayu (wit).

Sapa kang arêp andhisiki ngancik.

Sapa kang kêpengin andhisiki wêruh piwulang panunggale dalan loro mau, sapa kang bakal amêruhi sajatining ati kang winadi yèn kabuka.[51] Padha ora maèlu (kasasar) saka wêwatoning piwulang kawruh kawicaksanan lan angarani iku kasangsaran kang tanpa aran (saka cupêting budine).

Adhuh, adhuh, kabèhing wong iku padha kasinungan alaya, dhewe, kang kaanane wus dadi siji kalawan suksma kang agung, [a...]

--- 39 ---

[...gung,] awit wus padha kasinungan mau, yaiku alaya, emane mung sathithik kang antuk nugrahane.

Kawruhana mungguhing alaya iku, kêna kaupamakake rêmbulan kang ana sadhuwuring banyu, gêdhe cilika, amasthi wêwayangane ngumambang ing kono, utawa uga ngumandhang ana ing dalêm atum kang lêmbut bangêt. Ewadene ora bisa narambas ing batine kabèh tumitah. Emane, têka ora sapiraa kang migunakake ganjaran mau, iku kanugrahan kang ora kêna cinăndra, kang amêruhake kasunyatan. Mêruhake sajatining kaanan, lan amêruhake (bisa nyumurupake) apa kang ora kasat mata.

Aturing siswa:

Dhuh guru, punapa ingkang kêdah ulun lampahi pukulun. Murih kawawa anggayuh ing kawicaksanan. Dhuh sang yogi, kadospundi sagêtipun amba antuk kasampurnan sajati.

Upayanên ing dalane, o, sumurupa siswa, nanging sadurunge sira tumindak, sira anyucènana atinira. Sadurunge sira tumapak kapisan, sira amêruhana dhisik bedane kang cidra lawan kang nyata, utawa bisaa amilah êndi kang tansah

--- 40 ---

owah gingsir sarta kang langgêng, mangkono uga sira milaha marang piwulang lair ana piwulang kawicaksanan. Apamanèh mêruhi piwulang bedane kang tumrap maripat lawan ing batin.

Wong kang tanpa sêsurupan, iku kayadene pêthi kang ora isi hawa, jiwane kaupamakake manuk kang kinurung ing kono, masthi manuk iku ora angocèh, ora bisa medahake êlare, ananging bisu, ora mobah mosik, wêkasan banjur mati kaplêpêkan.

Ananging luwih bêcik wong bodho, tinimbang wong pintêr, kang ora tinuntun lan ora sinorotan ing pêpadhang dening kawicaksananing suksma.

Wiji kawicaksanan iku ora bisa thukul sarta sêmi yèn apanggonan kang ora isi hawa, sing sapa angangkah tumurune musthikaning jiwa,[52] uripe kudu angimpun kawruh, lan ciptane kudu landhêp sarta jêmbar, bab iku aja sira upaya marang karatoning sang maya, sumêngkaa sira têkan saluhuring paracidra, upayanên sat, kang langgêng lan kang ora owah

--- 41 ---

gingsir,[53] lan aja pracaya marang pangganthane kang cidra.

Awit pangwasaning cipta iku bisa animbangi lan aniru wêwayang kaya pangilon sanadyan kalimputan ing balêdug.[54]

Siliring samirana mungguh kawicaksananing suksma, kang kudu kanggo ngrêsiki lêbuning paracidra, hèh sira kang lagi amiwiti, suksma lan ciptanira, angkahên bisane dadi siji.

Ambirata kabodhoanira, sarta uga kasirnakna kang paracidra, angungkurna sira marang sakèh kacidraning kadunyan. Aja pracaya marang păncadriyanira, ing kono pangrasanira lan pangrêtinira, upayanên sajronira dhewe kang wus langgêng kamanungsane,[55] yèn sira bisa tinêmu, dulunên ing sajrone, sira iku dadi Buddha.[56]

Dhuh kang subrata, anyingkirana pangalêmbana, marga pangalêmbana iku [i...]

--- 42 ---

[...ku] anuntun marang sasarira, badanira iku dudu pribadinira, sajatinira tanpa badan. Ora makarti dening pangalêmbana lan uga saka suwur.

Lah siswa, kaluhuraning pribadinira iku kayadene panggung kang dhuwur, sing sapa kumlungkung ambêke bakal sasar unggahe, panjênêngane lênggah puguh ing kasonyan, ora ana wong kang bisa angawruhi kajaba mung panjênêngane pribadi kang bisa wuninga.

Piwulang panasaran padha siningkur dening para wicaksana, lan binuwang dening anggêr-anggêring kabêcikan, ana ing awang-awang. Ubênging rodhane anggêr iku angênani marang sakabèhe, sanadyan tumrap marang kang langguk utawa marang kang nalăngsa. Piwulang lair iku tumrap marang sakabèhing wong, ananging mung para piniji kang winêdharan piwulanging batin. Kang kasapisan mau padha muni karo sumêngguh. Wruhana: aku sumurup, dene ucape kang piniji anggung nalăngsa, iku karo bêbisik. Aku wus bisa karungu.[57]

--- 43 ---

Kang dhêm[58] asêsuci, iku siswa, wus sinêbut piwulang batin.

Jantraning anggêr kabêcikan sêsêr ubênge rina wêngi tansah agiling, amisahake cangkok saka êlase, utawa kulit saka galêpunge, kang angubêngake jantraning pagilingan mau, karma, ubênge iku anggêtêrake atine wong kang kasinungan karma.

Kawruh sanyata iku upama glêpunge, dene piwulang panasaran iku kulite. Yèn sira arêp mangan rotining kawruh kasunyatan, sira kudu amususi galêpung mau lawan banyu kang wêninge, amitra,[59] ing mêngko cangkoke ulêtên karo banyune maya, kasadhiyakna kanggo pakane, dhadhêmiting pati, utawa manuking tumimbal lair, kang padha anggung papa lan sangsara.

Manawa ana wong kăndha ing kowe, yèn lêlakone bisa anggayuh darajat arhan, kang mratandhani sihe, sira amangsulana, unimu mau goroh.

Yèn ana wong tutur marang sira, supayane antuk kasampurnan, sira kudu gêthing marang biyung lan angrèmèhake marang

--- 44 ---

anak. Sarta gonmu omah-omah,[60] kang ora kêna pinarcaya.

Piwulange, tritika,[61] kang ora kêna pinarcaya.

Mangkono piwulange, tuwuhing dosa iku saka panggawe lan amarga kang têmên ora anindaki panggawe iku banjur sukci, kang mangkono iku sasar. Nanging yèn piwulang batin amratelakake, sakèhing panggawene wong, sarta luwar saka pawarangkaning cipta, amarga saka wus sirna dosane kang samêngko wus lèrèn, ora kok sèlèhake dewane kamanungsan (Dewo Ego's).[62]

Kadarmaning pandulu iku dumunung ana badaning lair kang ora sajati, ora sanyata.

Dene kadarmaning ati ambadan bodi,[63] iya kang langgêng lêstari. [lê...]

--- 45 ---

[...stari. ---

Diyan iku bisane padhang urube, yèn rêsik lêngane lan sumbune, murih bisane angrêsikake iya kudu dadi tukang angrêsiki, urupe ora laras karo ênggone angrêsiki. Angin kang tansah angobat-abitake panging kêkayon. Ananging uwite ora mobah mosik sarta ora mawut-mawut.

Ing sajronira iku bisa nindaki panggawe kang tanpa gawe, sanadyan badanira montang-manting, nanging ciptanira jênjêm, yèn mangkono jiwanira banjur sumunar wêning kaya talaganing gunung.

O, Lanu, apa sira nêdya dadi yogi ing sakitêraning măngsa.

Lah kang antuk nugraha, apa anduga sira, yèn urip ana ing garumbul kang pêtêng lan adoh ing wong akèh iku bisa sambada, apa sira nora pracaya, mungguh uripe oyot-oyotan sarta thathukulan, yèn ngorong mung diumbèni êbuning padunungan iku, o, sira ora pitaya, kang mangkono mau bisa anjalari sira anggayuh kamardikan.

Aja angira, manawa pêcahing balung, bêdhahing daging pêdhoting otot, iku kabèh mau dadi jalaranira têntrêming pribadinira, [pri...]

--- 46 ---

[...badinira,][64] aja anggrantês. Lah sira kang padha milara badan. Yèn sira wus unggul marang cacade badanira,[65] kang kasar sira wus kasaksèn panggawenira wajibing manungsa sarta kodrat, dumadinira.

Para nugraha ora karsa tumindak marang panggonan singaning anggêr, gustining wêlasasih, kang sanyata tansah anggalih sangsaraning wong, iku nuli anilar padalêmane ing alas kang sêpi anêngsêmake galih kang amêngku katêntrêman. Para subrata kang sinêbut, araniyaka,[66] iku dadi gurune manungsa mudha, yulai,[67] kang tansah mêdharake piwulang ana pagunungan lan ing ngare, sawuse panjênêngane mau anggayuh nirwana tumuli marang padesan lan kutha-kutha prêlu paring piwulang marang dewa, manungsa lan lalêmbut.[68]

Anyêbara wijining panggawe kabêcikan. Supaya sira bisa

--- 47 ---

angênèni wohe, sing sapa ora gêlêm anindaki panggawe wêlasasih iku padha lan wong dosa rajapati.

Pangandikane para wicaksana.

Apa sira bakal ora anggawe, yèn mangkono sira bakal ora bisa anggayuh pamudharan kamardikaning suksma, kang wêkasane bisa munggah marang nirwana, iku sira kudu bisa amêruhi dhewe marang dat, panggawe sih angawruhi kaananing dat.

Hèh sira kang padha marsudi, kang sabar, o, pira-pira kasusahan. Yèn sira ora sumêlang marang kasangsaran. Aja daya-daya pamburunira, suksmanira kapandêngna marang lintang kang sorote dadi kaananira,[69] iya iku lintang kang ngujwala ing palimênganing langit kang langgêng utawa papan kang tanpa antara wêwatêsan jêmbare.

Kang santosa dikaya kaanane kang langgêng, uripe anèng ing jêronira, badanira iku urip sarta mati sirna,[70] iya [i...]

--- 48 ---

[...ya] kang dêdunung ana ing jêronira mau kang wuninga sabab iku kawruh, dudu urip kang owah gingsir, iya kang anèng jêronira iku mau kang isih bae salawas-lawase, lan ora bisa sirna.

O, Lano, yèn sira arêp panèn têntrêm lan marêm, sira anyêbara panggawe bêcik, ana ing patêgalan kang ing têmbe sira bakal angênèni, mula sangsaraning lair iku sandhangên bae.

Mêtua saka soroting srêngenge anuruta ing eyubane wêwayangan, murih wong liya padha kaduman papan, êluh kang siniramake ana ing palêmahan kang ginaringake dening sakèhing papa lan sangsara, iku bakal mêtu kêmbang lan uwohe saka panagihe karma, anguncatana tumanging (pawon) kauripaning manungsa kang angukus irêng kasucènana saka urupe, urup kang anyaponi nganti rêsik, unggahe urup kang andêdêl mandhuwur ing pandênganing karma, ing wêkasan anyampurnakake kaya anênun, ngênang kamulyan. Dadi busana rupa têlu kanggo lumaku ing dalaning kaluwihan.[71]

Dene kaluwihan tatêlu mau arane: nirmanakaya, sambogakaya, lan darmakaya, iku luhur-luhuring busana.[72]

--- 49 ---

Têtela manawa busana saangna,[73] iku bisa dadi sarana têkan ing pêpadhang kang langgêng, busana saangna iku mahanani nirwana, dadi ora tumimbal lair manèh, ananging Lanu, uga amatènana wêlasasih, ora watara suwe nuli dadi Budha kang sampurna iya ingkang angrasuk busana darmakaya, mèlu anggarap pamudharaning manungsa, adhuh, ayo angurbana kang pribadine, kanggo kamulyaning kamanungsan kang sawiji.

Kawruhana, kang padha miwiti iki, wênganing dalan kang anjog ing kamulyan kang murba, kang mangkono sininggahan dening kawicaksananing bodisatwa, iya Sang Buddha kang ambêk wêlasasih.

Tumindak kang kapisan, iku dudu agawe kabêgjaning kabèh wong, dene kanggo kapindho iku olah kaluhuran rupa nênêm.[74]

Angrasuk busana panalăngsa kang diarani nirmanakaya, nanging aninggal karahayon kang mangkono iku, pêrlu arêp agawe [a...]

--- 50 ---

[...gawe] rahayuning wong wus anggayuh nirwana, ananging ora karsa angraosake mulyane, wêkasane laku kang luhur iya dalan sèlèh kang luhur dhewe.

Sumurupa, Lanu, dalan winadi iki kang pinilih dening para Buddha kang wus sampurna, kang angurbanake pribadine karo sarupaning kang padha kurang kakuwatane.

Manawa piwulang batin iku isih kaluhuran tumraping sira, marga sira dhewe isih pêrlu dipitulungi wong liya poma sira, hèh kang tanpa kuwanèn, kawruhana sira ing măngsa iki, sira anarimaa miturut wêwaton piwulang lair bae, lêstaria tansah angarêp-arêp. Karana sira durung bisa anggayuh marang dêdalan kang winadi, bokmanawa dina sesuk,[75] sira lagi bisa têkan ing kono, wruhanamu, poma wani angambah sanadyan mung sawatara bae aja, sanadyan pangangkah bêcik, utawa ala, iku bisa sirna ing alaming jalaran. Dolanan kukus kang ora dilakoni iku angêngècèr laku tanpa tilas. Tatêmbangan kang atos, kang kaucapake ing urip kang kêna rusak. Iku ora bisa sirna, ananging tansah [ta...]

--- 51 ---

[...nsah] bali manèh,[76] awit mrica ora bakal angêmbang mawar, mangkono uga kêmbang malathi kang arum lan kaya lintang salaka ora malih anèng uwit kang ana êrine.

Dina iki sira bisa amêmangun yèn ing dina (sesuk) prêlu arêp lêlungan adoh,[77] sabên êjam anandur, kang ing têmbe buri uga bakal ngênèni apa kadadeyane sawiji-wiji. Mungguh laku pangadilane jagat kang ora kêna sinumpêt. Anganakake kabêgjan sarta cilaka tumrap urip kang kêna ing pati, saka panggawe lan ciptane kang wus kapungkur banjur anganakake lêlakone.

Lah sira kang ambêg santa, mèlua anggarapa karyaning lêladi, lêstari anarimoa marang pêpasthènira lan aja gumingsir, kabèh mau karmanira, iya iku kitêran lan kalairanira, măngka pêpasthèn papa lan sangsarane wong-wong kang uripe binarêngake lawan sira iku, mêsthi biyèn wus bêbarêngan padha angrasakake bungah lan susah marga tinalèn dening pakartinira.

--- 52 ---

Ing samêngko sira anambuta gawe kanggo dhèwèke, dina sesuke wong-wong iku bakal anambut karya kanggo pêrlunira.

Saka salaganing panarima kang wêkasan bisa tuwuh uwohing pamarsudi kang lêgi saka katêntrêman.

Amarga saka wêdine marang Mara, banjur ora gawe pitulungan marang wong, supaya aja nyambut gawe, kanggo pêrlune suksmane, para lêlaku kang nêdya kungkum ing banyu lagi pêrlu arêp angadhêmake badane, ananging ora wani silulup marga wêdi yèn kablêbêgên. Ora gêlêm tumindak ing gawe karana wêdi kapanasên. Ora tumindake gawe marga dhasare wêdi, ora bisane iku tuwuh uwohe piala.

Para bakta kang angkara iku uripe tanpa pêlêngan. Uwong kang ora gêlêm anggarap prakara kang tinuduhake iku uripe tanpa guna (katiwasan).

Anut kang sajantraning urip, mèlu ubênging jantra kawajiban marang băngsa, kadang warga, mungsuh lan rowang, kuncinên ciptanira, murih aja kalêbon bungah lan susah, yèn mangkono ing uripira têmbe bakal unggul lawan sidhi, saha bisa ambuwang

--- 53 ---

saêntèke panagihing karma.

Yèn sira ora bisa dadi srêngenge, dadia andaru kang asor bae, manawa sira ora bisa kaya srêngenge ing wayah têngange, kawawa anyirnakake salju kang anglimputi pucaking arga kasukcian langgêng, o, siswa, sira amilia dalaning panalăngsa.

Pituduh iki mau sanadyan ora sapira padhange utawa mèh ora katon mêksa anyorota kayadene lintang ing langit. Kaya lintang panjêr sore, kang bisa amadhangi dalan ing pêtênging wêngi kanggo kang padha lumaku.

Anulata: mihmar, kêpriye gone anyilakake kakudhunge kang abang arêp andulu marang rarungsitaning bumi, dulunên ringase prangangahe, aora, saka astane lahpa, dewane angayomi sadhuwure sirahe para siswane, kalayan kaèbêkan sih, sakarone mau padha nayakane niyima,[78] kang pinarêkake ing dalêm pakaryan. Kaya wong tungguk kang tininggal ing wayah bêngi, ing kalpa kang wus kapungkur, [kapung...]

--- 54 ---

[...kur,] dhèwèke iku isih sinorotan ing niyima, nanging ing têmbe bakal bisa dadi srêngenge, mangkono ubênge karma iku ing dalêm kodrat.

O, Lanu, kang kaya iku mau anglipura lan amadhangana marang sarupane kang padha lêlaku, lan upayanên êndi kang isih luwih busuk tinimbang sira, kang ngênês gone ngrasakake kasêpène, sarta ngorong marang banyuning kawicaksanan. Lan marang panganing badan, ananging kapêdhotan pangarêp-arêp lan panglipur, tanpa guru, dhèwèke purihên angrungokake marang anggêr-anggêr kang nganti mangêrti.

Pangandikane, dhuh para cêcalon. Sing sapa santosa sarta sêngsêm marang panggawe tumêmên winasesa ing watak bakti, iya iku kang sêsêm[79] marang kanyataan. Dikaya kêmbang kang suci sarandune pasrahe marang kodrat. Lan kasabarane marang sakyatupa,[80] iku kaya anyajèkake kurban, ing dalêm sakauripan iki bae wus bisa dadi srotopati,[81] sidhi, [si...]

--- 55 ---

[...dhi,] kang luhur wus katon lamat-lamat. Iya iku wus jumangkah kang kasapisan. Lêbune ing banyu iki, dhèwèke ora keguh dening pangaluping asu ajak utawa sumêngguhing garudha.

Dhuh kang mangudi, dhèwèke padha tuturana, manawa bakti anggawakake bali kawruhe, iya iku kawruh kang wus dinarbe ing uripe kang wus kapungkur, wong ora bisa antuk pangrungu utawa kawaspadaning dewa, sarana mamêsu ing dalêm sauripan bae.

Kang nalăngsa yèn sira kêpengin antuk kawicaksanan, kang saya nalăngsa yèn sira ngudi bisane kasinungan kawicaksanan.

Bisoa kayadene samodra, kang linêbonan banyu saka ing sarupaning kali utawa liyane, katêntrêmaning sagara ora pisan obah, samodra ora karasa dening ilining banyu kang padha anglêboni mau.

Pribadinira kang asor iku wasesanên dening kang luhur, têlukna sarana suksmanira kang langgêng.

Iya wus luhur sing sapa kang nêdya angalahake pêpenginan. Ananging isih luwih manawa date kang mulya iku wus èngêt nêdya [nê...]

--- 56 ---

[...dya] ambirat pêpenginan.

Kang asor iku prayitnanana aja kongsi angrêgêti kang luhur murih lêstari sukcine.

Dalan kang wêkasane anjog ing pamudharan iku, wus dumunung ing jronira, ananging wiwitan lan pungkasane dalan mau anèng ing sajabanira.[82]

Ora kaalêm ing manungsa katone nalăngsa biyunge, sarupaning ilèn-ilèning tirtika, kaya manungsa kang langguk, prayogane kaya ingilenan sakêbake dening tirta amitra kang arum, sarta sêpi piala, kali sukci iku têtela mili marang praja kang suci,[83] kabèh isining donya padha angluhurake marang sing sapa kasinungan kawicaksanan.

Kawaspadane para wicaksana utawa arahan. Iku tanpa antara,[84] kayadene kêmbanging wit (odhambara) wijayakusuma, miyose ing sawijining arhan ing têngah wêngi,

--- 57 ---

lan iya ing măngsa iku tuwuhe wit kasucian. Kang angêpang pitu utawa sanga,[85] wit kang wingit, iku angêmbang mêgare ing wêngi jroning palimêngan. Iku tumimbule saka êbun kang rêsik. Thukule ing lêmah pagunungan kang pucake kalimputan ing salju, iya iku gunung kang ora kêna diunggahi dening sikile wong dosa.

O, Lanu, ora ana wong bisa dadi yogi, ing sauripan iki, yèn lagi saiki wiwite ngorong pamudharan. Dhuh kang bangêt kumacèlu, ewadene siji bae ora ana prajurit kang anèng antarane kang urip lan kang mati,[86] uga ora ana wong kang nêmbe ninau[87] kawêtokake saka dalan kang dêdêr anjog ing têgal paprangan.

Sabab dhèwèke bakal unggul utawa katiwasan.

Yèn unggul iya bakal angukup nirwana, yèn dhèwèke wus ambuwang dhisik badane kang kêna ing pati, yaiku wêwayangane, kang tansah anjalari papa lan prihatin kang tanpa

--- 58 ---

wêkasan. Wasana dhèwèke bakal linuhurake dening sarupaning wong kaya Budha kang sukci.

Dene yèn dhèwèke kasoran, iku dhèwèke nadyan kalah rak durung kelangan. Mungsuhe bakal kasor ing pungkasaning paprangan. Dadi ing tumimbale têmbe wus ora dadak lumaku manèh.

Ananging manawa sira nêdya anggayuh nirwana, utawa bakal angêdohi ganjarane,[88] dhuh kang tan kêna ing kagèt (gêtapan), sira aja pisan keguh dening panggawe, utawa ora tumandang ing gawe.

Kawruhana manawa Sang Buddhisadwa, kang amarah pamudharan sarana sèlèh, lan anăngga sangsarane urip winadi,[89] yaiku kang diarani surambi kasuksman tatêlu, lah sira kang kaduga anăngga kasangsaran kongsi maatus-atus taun.

Dalane iku mung siji: Lano, nanging pungkasane ana loro, tatarane kawijang-wijang ana ing layang kang diarani gapura pêpitu, ing wêkasane dalan mau sira banjur antuk katêntrêman, [katêntrê...]

--- 59 ---

[...man,] yèn liyane iku wus dirampungi, saka ênggone anglakoni kabèh mau padha nampani ganjarane, mung gumantung anèng pamilihira.

Kang siji iku dadi lore,[90] kang gumêlar utawa winadi,[91] kang kapisan iku anuntun sira têka ing gêgayuhan. Dene kang kapindho anuntun marang angurbanake pribadine.

Samăngsa sira anyajèkake kang owah gingsir marang kang langgêng, nugraha kang pinaringake marang sira, tètèsing banyu bakal bali marang ing ngêndi pinangkane, dalan kang gumêlar iku nuntun marang nirwana, yaiku kang ora owah sajroning ana owah-owahan. Kaananing kamulyan iku kang têtêp, iya katêtrêman. Kang ora bisa diwêruhi kalayan pangêrtining manungsa.

Mangkone[92] kamardikane dalan kang kapisan.

Ananging dalan kang kapindho iya iku sèlèh, mulane banjur diarani dalan sangsara.

Dalan winadi mau anjalari para arhan, kang anuntun marang kaanan [ka...]

--- 60 ---

[...anan] luhur kang ora kêna cinăndra, kasamaraning urip marang pati,[93] iku ora ana pitulungan manèh, wêlasa marang wong-wong kang padha kodhêng saka bodhone, anyirnakake wohing karma, dudu wadhahing kawicaksanan.

Amarga sumurupa, ana wêwarah mangkene: sinaua anyinggahi salwiring jalaran, awit gagêtêring alun mau supaya lêstari lakune kang lumintu wayahe.

Ing dalan kang gumêlar sira bakal angambah têkan wêkasaning paran. Yaiku kang wus kasarira dening Sang Bodisatwa, kasampurnan kang kaping têlu diarani darmakaya,[94] kang wus babarpisan anglalèkake marang kadonyan lan manungsa salawase.

Dene dalan kang winadi anjog ing pari nirwana, sira uga minulya, ananging sakawit têkan pungkasaning kalpa, kang tanpa petung, sawuse têkan nirwana, sirna wêlasasihe kang tanpa watêspan,[95] lan marang kasangsaraning dunya wong kang padha mati kasasar iku bangêt mamêlas.

Ana pitutur, kang dadi pungkasan iku iya kang kasapisan.

--- 61 ---

Gamiyak sambudda, iku guruning kasampurnan. Anglilahake pribadine kanggo rahayuning dunya, saka ing langkunging lawange, nirwana, iya iku kuthaning kasukcian kang têntrêm.

__________

Sira wus amêruhi kaananing dalan loro mau, samêngko têkan mangsane sira darbe pamilih, dhuh suksma kang sêrêng ing pangudi, tumolèha marang ing ngêndi kang sira gayuh, asarana nglêboni gapura kasapta, ciptanira wus bêning, cipta kang anyidrani wus ora angrêridhu ing sira manèh, amarga sira wus nyumurupi kabèh, sira wus binuka ing kasunyatan, lan anggung sira wawas.

Ujare, uwoh kang lêgi iku katêntrêman sarta kamardikane kang pribadi, ananging isih luwih lêgi wohe pakarti kang gêtir suwe, yaiku panyèlèh kanggo wong kang bêbarêngane uripmu, kang kapêksa lumaku tumungkul (pasêmon andhap asor lan angalah).

Sang Bodisatwa, kang wus unggul ing palagan. Kang ganjarane wus rinêgêm ing astane kang rosa, mangkono uga saka pangandikane Gusti wêlasasih.

Gon ingsun anyingkiri ganjaran kanikmatan iku prêlu kanggo [kang...]

--- 62 ---

[...go] wong liya, kang wus disajèkake ing panjênêngane.

Samêngko panjênêngane wus jumênêng ana alam kang wingit.

__________

Lah sira samêngko sumanggêm nêdya nyandhang boting kasangsaran ing dalan kang marang wêkasaning gêgayuhan iku kaèbêkan kamulyan. Kang sira wus bisa milih salah sawiji, lakunira wus kapungkur kang sira ambah pira-pira kasangsaran nganti têkan panggonan kang langgêng.

Om wairapani um.

__________


Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari.
§ Corak kamulan pêpitu punika kados coraking kluwung, dene ingkang kacariyosakên kabêlang tiga punika kados ta satunggaling corak saking coraking kluwung wontên satunggal ingkang ijêm, ijêmipun kadamêl pajar, lugu ijêming kluwung, tuwin undhuk sêmu pêtêng. (kembali)
§ Corak kamulan pêpitu punika kados coraking kluwung, dene ingkang kacariyosakên kabêlang tiga punika kados ta satunggaling corak saking coraking kluwung wontên satunggal ingkang ijêm, ijêmipun kadamêl pajar, lugu ijêming kluwung, tuwin undhuk sêmu pêtêng.
§ Idi: iku ing têmbung Pali, têgêse padha karo sidi, ing têmbung Sansêkrit, yaiku pangwasaning para mangulah kasuksman, utawa pangwasaning kakiyatan linuwih ing sajroning manungsa, sidi iku ana rupa loro, kang sagolongan angêmot kakiyatan kang asor, kakiyataning para ngudi kasuksman kang isih wadhak, utawa kakiyataning cipta, dene sijine kang dinarbe para kang mangudi pangwasaning Suksma, pangandikane Krêsna kang kawurcita ing Srimat Bagawan (Bagawatgita), sing sapa anggayuh panunggal, măngka wus amatèni, păncadriya lan ciptane, wus golong tumuju maringsun (Krêsna) yogi kang mangkono iku wus medahake sagunging, sidi. (kembali)
§ Idi: iku ing têmbung Pali, têgêse padha karo sidi, ing têmbung Sansêkrit, yaiku pangwasaning para mangulah kasuksman, utawa pangwasaning kakiyatan linuwih ing sajroning manungsa, sidi iku ana rupa loro, kang sagolongan angêmot kakiyatan kang asor, kakiyataning para ngudi kasuksman kang isih wadhak, utawa kakiyataning cipta, dene sijine kang dinarbe para kang mangudi pangwasaning Suksma, pangandikane Krêsna kang kawurcita ing Srimat Bagawan (Bagawatgita), sing sapa anggayuh panunggal, măngka wus amatèni, păncadriya lan ciptane, wus golong tumuju maringsun (Krêsna) yogi kang mangkono iku wus medahake sagunging, sidi.
§ Uni kang tanpa swara, utawa swaraning asêpi (wangsit) murih cêthane kudu diarani, swara ing dalêm Suksma, amarga nadha ing têmbung Sansêkrit iku têgêse iya kaya mangkono ana ing sènsar. (kembali)
§ Uni kang tanpa swara, utawa swaraning asêpi (wangsit) murih cêthane kudu diarani, swara ing dalêm Suksma, amarga nadha ing têmbung Sansêkrit iku têgêse iya kaya mangkono ana ing sènsar.
§ Darana, iku kêncêng sarta golonging cipta tumujuning marang salah sawijining kaanan sajroning badan, lan wus têmên pisah saka samubarang golonganing alam lair, utawa jamaning păncadriya. (kembali)
§ Darana, iku kêncêng sarta golonging cipta tumujuning marang salah sawijining kaanan sajroning badan, lan wus têmên pisah saka samubarang golonganing alam lair, utawa jamaning păncadriya.
§ Kang sinêbut guru, dening para siswa, lanu iku pribadine kang luhur, yèn wong agama Buda, kang wus gayuh gaib angarani adibuda, utawa awalokita swara, dene yèn para brahmana, ngarani atma, pribadi utawa pribadi kang luhur, yèn wong Kristên (Kristus). (kembali)
§ Kang sinêbut guru, dening para siswa, lanu iku pribadine kang luhur, yèn wong agama Buda, kang wus gayuh gaib angarani adibuda, utawa awalokita swara, dene yèn para brahmana, ngarani atma, pribadi utawa pribadi kang luhur, yèn wong Kristên (Kristus).
§ Kang tinêmbungake suksma ing kene iki, ingsuning manungsa, utawa manas. Dene yèn layang kang mijang-mijang dêking kamanungsan. Ngarani sukmaning manungsa, sisihane jiwaning kewan. (kembali)
§ Kang tinêmbungake suksma ing kene iki, ingsuning manungsa, utawa manas. Dene yèn layang kang mijang-mijang dêking kamanungsan. Ngarani sukmaning manungsa, sisihane jiwaning kewan.
§ Para kang gawe cidra gêdhe, iku arane, Mahamaya, iya iku kang angrupakake kang gumêlar ing dunya iki kabèh. (kembali)
§ Para kang gawe cidra gêdhe, iku arane, Mahamaya, iya iku kang angrupakake kang gumêlar ing dunya iki kabèh.
§ Jaringing panasaran, diarani, saka yaditi, iya iku panasaran kang ngaku awake dhewe. (kembali)
§ Jaringing panasaran, diarani, saka yaditi, iya iku panasaran kang ngaku awake dhewe.
10 § Coba sarta panasaran mau arane, atawadha, iya iku pamêthaling jiwa saka Kang Amaha Sukci, lire ngaku jumênêng pribadi. (kembali)
§ Coba sarta panasaran mau arane, atawadha, iya iku pamêthaling jiwa saka Kang Amaha Sukci, lire ngaku jumênêng pribadi.
11 § Kang diarani nyumurupi marang dat kang agung, iku diarani: atmajani: lire bisa amisah êndi kamulan kang anèng sajroning kodrat, lan kang anèng ing manungsa, dene kang diarani mêruhi dat, atma, iku disêbut atmajani. (kembali)
§ Kang diarani nyumurupi marang dat kang agung, iku diarani: atmajani: lire bisa amisah êndi kamulan kang anèng sajroning kodrat, lan kang anèng ing manungsa, dene kang diarani mêruhi dat, atma, iku disêbut atmajani.
12 § Om, Aum- iku bangsaning garudha kaya angsa (banyak), layang nadhawindu panishat (rih wedha) kang kapêrtal dening pakumpulan teyosopi, ing kumbakunam, muni, aksara, A, kaanggêp suwiwine kala amsa kang têngên, u suwiwi kiwa m, iku buntute. Yèn ing ardamatra (layang têmbangan) m, iku dianggêp êndhase. (kembali)
§ Om, Aum- iku bangsaning garudha kaya angsa (banyak), layang nadhawindu panishat (rih wedha) kang kapêrtal dening pakumpulan teyosopi, ing kumbakunam, muni, aksara, A, kaanggêp suwiwine kala amsa kang têngên, u suwiwi kiwa m, iku buntute. Yèn ing ardamatra (layang têmbangan) m, iku dianggêp êndhase.
13 § Kang ditêmbungake windu ing tanah Indhu iku beda bangêt lan kita, amarga kang kita arani sawindu iku 8-100 taun, nanging windune para brahamana, iku, maha kalpa, kang umure 311.040.000.000.000, taun. (kembali)
§ Kang ditêmbungake windu ing tanah Indhu iku beda bangêt lan kita, amarga kang kita arani sawindu iku 8-100 taun, nanging windune para brahamana, iku, maha kalpa, kang umure 311.040.000.000.000, taun.
14 § Nadha windu iya muni, sawijining yogi, kang anunggang kala amsa, dadi saka, om pamawase, iku wus kalis dening dayaning karma, utawa panggodha sapuluh yuta warna. (kembali)
§ Nadha windu iya muni, sawijining yogi, kang anunggang kala amsa, dadi saka, om pamawase, iku wus kalis dening dayaning karma, utawa panggodha sapuluh yuta warna.
15 § Lire yèn arêp urip sajati, amasrahna uriping badanira, marang uripe suksmanira. (kembali)
§ Lire yèn arêp urip sajati, amasrahna uriping badanira, marang uripe suksmanira.
16 § Kang diarani kaanan têlung prakara, yaiku tangining pangrasa têlung kaanan, jagrat, yaiku pangrasa kalane tangi, swapna, pangrasa ing jamaning supêna, lan sêsupti, yaiku pangrasane wong turu kapati, kaananing yogi têlung prakara iku kang anganjogake marang kang kaping 4. (kembali)
§ Kang diarani kaanan têlung prakara, yaiku tangining pangrasa têlung kaanan, jagrat, yaiku pangrasa kalane tangi, swapna, pangrasa ing jamaning supêna, lan sêsupti, yaiku pangrasane wong turu kapati, kaananing yogi têlung prakara iku kang anganjogake marang kang kaping 4.
17 § Toria, sakdhuwuring turu kapati utawa pangrasaning Suksma Kang Luhur. (kembali)
§ Toria, sakdhuwuring turu kapati utawa pangrasaning Suksma Kang Luhur.
18 § Para mangolah gaib ing tanah wetan ngarani yèn ana jagat pitu, dene saptaloka iku anèng ing dalêm badane kala amsa. Dene amsa iku sajabaning wanci sarta panggonan, owahe angsa iku yèn brahman dadi brahma. (kembali)
§ Para mangolah gaib ing tanah wetan ngarani yèn ana jagat pitu, dene saptaloka iku anèng ing dalêm badane kala amsa. Dene amsa iku sajabaning wanci sarta panggonan, owahe angsa iku yèn brahman dadi brahma.
19 § Alam kang gumêlar (wadhak) lan pangrasa ing dunya bae. (kembali)
§ Alam kang gumêlar (wadhak) lan pangrasa ing dunya bae.
20 § Surambining piwulang iku kanggo wancining panyoba. (kembali)
§ Surambining piwulang iku kanggo wancining panyoba.
21 § Iku alam astral, ing kono suksma pamawase wus ora sarana netra, kawasa mêruhi kaanan kang cidra, iya alaming para modhiyum (prewangan). Yèn Eliwaslèwi, ngarani: ulaning astral. Ora ana kêmbang kang kêna pinêthik, anèng ing kono, nêdya ginawa marang donya, kang ora linêkêran ing ula, iku alame paracidra kang gêdhe, lire apa kang katon ing kono iku anyidrani dadi ora nyata. (kembali)
§ Iku alam astral, ing kono suksma pamawase wus ora sarana netra, kawasa mêruhi kaanan kang cidra, iya alaming para modhiyum (prewangan). Yèn Eliwaslèwi, ngarani: ulaning astral. Ora ana kêmbang kang kêna pinêthik, anèng ing kono, nêdya ginawa marang donya, kang ora linêkêran ing ula, iku alame paracidra kang gêdhe, lire apa kang katon ing kono iku anyidrani dadi ora nyata.
22 § Iku alaming sampurnaning rasa jati, sing sapa wus têkan ing kono wus kalis dening bêbaya. (kembali)
§ Iku alaming sampurnaning rasa jati, sing sapa wus têkan ing kono wus kalis dening bêbaya.
23 § Para tinarbuka kang amarah kawruh kang dadi sarananing lair kapindho, marang siswa iku sinêbut guru utawa bapa. (kembali)
§ Para tinarbuka kang amarah kawruh kang dadi sarananing lair kapindho, marang siswa iku sinêbut guru utawa bapa.
24 § Aniyana, iku kabodhoan, yèn gniyana, kawicaksanan. (kembali)
§ Aniyana, iku kabodhoan, yèn gniyana, kawicaksanan.
25 § Mara, iku yèn ana wulanganing agama-agama sawijining eblis, utawa asura, ananging yèn kawruh kasuksman, kang diarani mara, yaiku pialaning wong dhewe-dhewe, kang anasabi jiwa, mangkono uga pitayaning wong (mara) iku cinăndra kaya sawijining raja kang amakutha rinêngga sêsotya nawarêtna, mula masthi ambalêrêngi marang sing sapa kang padha andulu, têmah gawe sasare marang kang padha marsudi ing kajatène. (kembali)
§ Mara, iku yèn ana wulanganing agama-agama sawijining eblis, utawa asura, ananging yèn kawruh kasuksman, kang diarani mara, yaiku pialaning wong dhewe-dhewe, kang anasabi jiwa, mangkono uga pitayaning wong (mara) iku cinăndra kaya sawijining raja kang amakutha rinêngga sêsotya nawarêtna, mula masthi ambalêrêngi marang sing sapa kang padha andulu, têmah gawe sasare marang kang padha marsudi ing kajatène.
26 § Têlênging ati têmbung Sansêkrit. Bramapura, cara Jawane pasênêdaning Pangeran, dene kasaktèn iku diarani, Kundhalini. (kembali)
§ Têlênging ati têmbung Sansêkrit. Bramapura, cara Jawane pasênêdaning Pangeran, dene kasaktèn iku diarani, Kundhalini.
27 § Kasaktèn, lan kang diarani ibu pratiwi iku araning, Kundhalini, iya pangwasaning yogi ginaib, iya iku budi, iya pangwasaning suksma, sêmăngsa wus samêkta ora rêkasa kanggo gawe sirnaning tumitah iki. (kembali)
§ Kasaktèn, lan kang diarani ibu pratiwi iku araning, Kundhalini, iya pangwasaning yogi ginaib, iya iku budi, iya pangwasaning suksma, sêmăngsa wus samêkta ora rêkasa kanggo gawe sirnaning tumitah iki.
28 § Napak jumantara iku diarani, kesara, kaya kang kawursita adyaka kang kaping nêm ing Gnilaniswari, ratuning panggawe gaib. Sariraning yogi iku kaya sawijining kaanan kang winangun saka angin, kayadene mêndhung, kang bisa têkan ing ngêndi kang sinêdya, sanadyan kang jêmbare angungkuli sagara, utawa kang indahe ngungkuli lintang, yogi bisa miyarsa, lan mangrêti marang pangandikane para dewa, lan wuninga marang apa saobah osiking sêmut. (kembali)
§ Napak jumantara iku diarani, kesara, kaya kang kawursita adyaka kang kaping nêm ing Gnilaniswari, ratuning panggawe gaib. Sariraning yogi iku kaya sawijining kaanan kang winangun saka angin, kayadene mêndhung, kang bisa têkan ing ngêndi kang sinêdya, sanadyan kang jêmbare angungkuli sagara, utawa kang indahe ngungkuli lintang, yogi bisa miyarsa, lan mangrêti marang pangandikane para dewa, lan wuninga marang apa saobah osiking sêmut.
29 § Wina, iku têtabuhan Indhu kaya rêbab. (kembali)
§ Wina, iku têtabuhan Indhu kaya rêbab.
30 § Têgêse kamulan nêm pisan. Samăngsa kamanungsane kang asor iku wus sirna, sarta sajatine wus tinampan, lan sumêngka angunggahi kamulan kang kaping pitu (atma). (kembali)
§ Têgêse kamulan nêm pisan. Samăngsa kamanungsane kang asor iku wus sirna, sarta sajatine wus tinampan, lan sumêngka angunggahi kamulan kang kaping pitu (atma).
31 § Murit wus dadi siji lan brahma. (kembali)
§ Murit wus dadi siji lan brahma.
32 § Kawujudan ing astral. Kang dianakake dening kama, iku kama rupa, utawa badan pêpenginan. (kembali)
§ Kawujudan ing astral. Kang dianakake dening kama, iku kama rupa, utawa badan pêpenginan.
33 § Manasarupa, kang sapisan karêpe, manungsane sajati, kang anèng ing astral, kapindhone iya iku pribadine kang anggung tumimbal lair, kang pangrasane ana ing alam kita, utawa manas asor kudu linakokake. (kembali)
§ Manasarupa, kang sapisan karêpe, manungsane sajati, kang anèng ing astral, kapindhone iya iku pribadine kang anggung tumimbal lair, kang pangrasane ana ing alam kita, utawa manas asor kudu linakokake.
34 § Kundhalini iku diarani kakiyatan kang angula utawa kaya ali-ali, sabab iku ulêt-ulêtan (kaya sêpiral) ing jêro badaning sela, kang agawe murside pribadine, iya iku daya kakiyatan ginaib. Witing kakiyataning suksma kang dumunung ing sadhengah pirantining kodrat kang anyambung lan piranti kawadhakan. (kembali)
§ Kundhalini iku diarani kakiyatan kang angula utawa kaya ali-ali, sabab iku ulêt-ulêtan (kaya sêpiral) ing jêro badaning sela, kang agawe murside pribadine, iya iku daya kakiyatan ginaib. Witing kakiyataning suksma kang dumunung ing sadhengah pirantining kodrat kang anyambung lan piranti kawadhakan.
35 § Dalan mau kawarahake ing layang kasuksman, kayadene pangandikane, samasa dalan iki wus disumurupi, sanadyan wong-wong mau anggayuh kamulyan ing wetan, utawa anglêboni gêdhong ing kulon. Măngka ora obah, hèh kang asikêp gandhewa (Arjuna), iya iku kang lumaku ing dalan mau, wong arêp mênyang ngêndi bae, gone liwat ing dalan mau, panggonan iku iya pribadine dhewe, sira dhewe iku dalan, kawarahake marang guru, saka guru banjur winulangake kêmbang kabudan. Guru liya wêwarah, ingsun iki kang lumaku lan dalane. (kembali)
§ Dalan mau kawarahake ing layang kasuksman, kayadene pangandikane, samasa dalan iki wus disumurupi, sanadyan wong-wong mau anggayuh kamulyan ing wetan, utawa anglêboni gêdhong ing kulon. Măngka ora obah, hèh kang asikêp gandhewa (Arjuna), iya iku kang lumaku ing dalan mau, wong arêp mênyang ngêndi bae, gone liwat ing dalan mau, panggonan iku iya pribadine dhewe, sira dhewe iku dalan, kawarahake marang guru, saka guru banjur winulangake kêmbang kabudan. Guru liya wêwarah, ingsun iki kang lumaku lan dalane.
36 § Kaadhepan, iku kêmbanging bodisatwa. (kembali)
§ Kaadhepan, iku kêmbanging bodisatwa.
37 § Tanha, karêp murih urip, wêdi marang pati, asih marang urip. Iku daya kang anjalari tumimbal lair. (kembali)
§ Tanha, karêp murih urip, wêdi marang pati, asih marang urip. Iku daya kang anjalari tumimbal lair.
38 § Swaraning gaib utawa laku kang rinungu dening siswa, duk nalika wiwitan sinau mindêng, iku diarani, anahata sabda, dening para yogi, dene anahata iku cakram kang ăngka papat. (kembali)
§ Swaraning gaib utawa laku kang rinungu dening siswa, duk nalika wiwitan sinau mindêng, iku diarani, anahata sabda, dening para yogi, dene anahata iku cakram kang ăngka papat.
39 § Têgêse ing tataraning kang mursid kang kaping nêm. Ing dalêm laku okuldhis. Araning darana, sarupaning indriya kudu kapatenan (utawa dilêlêsu), jaman iki lumimbang lan manjing ing kaanan kang kaping pitu, kang saya alus. (kembali)
§ Têgêse ing tataraning kang mursid kang kaping nêm. Ing dalêm laku okuldhis. Araning darana, sarupaning indriya kudu kapatenan (utawa dilêlêsu), jaman iki lumimbang lan manjing ing kaanan kang kaping pitu, kang saya alus.
40 § Kaya kang kasêbut ing nut kang kaping 3. (kembali)
§ Kaya kang kasêbut ing nut kang kaping 3.
41 § Trimurti, sawiji-wijining tataran kamurdan ing rayayoga, iku nganggo pasêmon kaya gambare juru kawruh angukur, sing sapa wus têkan, darana, iya iku kaya têlung juru, sukci mungguh ? iku tatêngêring para kang wus nugraha, măngka têngêr pasêmon. "]" kang kapangandikakake dening Sang Buda, sarta kang kanggo pasêmoning wujuding sariraning, batagata, samăngsa wus mardika, saka laku kang kaping têlu kang diarani, praniya, manawa wus angliwati tataran kang asor, siswa wus ora andulu ?, ananging sawutuhe pitu pisan. Mungguh wujude kang nyata, ora kapacak ing kene, marga masthi banjur dadi udur. (kembali)
§ Trimurti, sawiji-wijining tataran kamurdan ing rayayoga, iku nganggo pasêmon kaya gambare juru kawruh angukur, sing sapa wus têkan, darana, iya iku kaya têlung juru, sukci mungguh ? iku tatêngêring para kang wus nugraha, măngka têngêr pasêmon. "]" kang kapangandikakake dening Sang Buda, sarta kang kanggo pasêmoning wujuding sariraning, batagata, samăngsa wus mardika, saka laku kang kaping têlu kang diarani, praniya, manawa wus angliwati tataran kang asor, siswa wus ora andulu ?, ananging sawutuhe pitu pisan. Mungguh wujude kang nyata, ora kapacak ing kene, marga masthi banjur dadi udur.
42 § Lintang kang ngujwala ing dhuwure, iku lintang kanugrahan. Yaiku nugrahaning agama siwah, panggêdhene para yogi, iya iku bundêr irêng kang jêmblok. Iku pasêmoning srêngenge, yèn ing jaman kuna pasêmoning lintang nugraha, ing dalêm gaib. (kembali)
§ Lintang kang ngujwala ing dhuwure, iku lintang kanugrahan. Yaiku nugrahaning agama siwah, panggêdhene para yogi, iya iku bundêr irêng kang jêmblok. Iku pasêmoning srêngenge, yèn ing jaman kuna pasêmoning lintang nugraha, ing dalêm gaib.
43 § Upadi, dhasar utawa tungganganing urup kang ora kêna ginayuh, jroning siswa isih urip ana ing kene. (kembali)
§ Upadi, dhasar utawa tungganganing urup kang ora kêna ginayuh, jroning siswa isih urip ana ing kene.
44 § Diyana, iku tataran kang wêkasan ing donya iki, sadurunge wong bisa anggayuh têtêping mahatma, kaya kang wus kacritakake, para rayayogi, batine isih eling marang pribadine lan marang pakartine kamulane kang luhur, sajangkah manèh dhèwèke bakal tinêmu lan pribadine, ana ing jaman kang dumunung ing sadhuwuring kang kaping pitu, yèn miturut sarupaning pamulangan, diarani kang kaping pat. Warah iki sawuse sinau, pratiyaara, pasinaon lanjèn tumrap pangrèhing angên-angên lan cipta, saka, darana, diyana, lan samadi, têlu pisan mau diarani saniyama. (kembali)
§ Diyana, iku tataran kang wêkasan ing donya iki, sadurunge wong bisa anggayuh têtêping mahatma, kaya kang wus kacritakake, para rayayogi, batine isih eling marang pribadine lan marang pakartine kamulane kang luhur, sajangkah manèh dhèwèke bakal tinêmu lan pribadine, ana ing jaman kang dumunung ing sadhuwuring kang kaping pitu, yèn miturut sarupaning pamulangan, diarani kang kaping pat. Warah iki sawuse sinau, pratiyaara, pasinaon lanjèn tumrap pangrèhing angên-angên lan cipta, saka, darana, diyana, lan samadi, têlu pisan mau diarani saniyama.
45 § Sêmadi, iku kalane siswa sirna pangrasane yèn pisah, kang lali marang rasa-rumangsa, uga wus kasarira, kaanane Kang Maha Agung. (kembali)
§ Sêmadi, iku kalane siswa sirna pangrasane yèn pisah, kang lali marang rasa-rumangsa, uga wus kasarira, kaanane Kang Maha Agung.
46 § Kasunyatan patang prakara iku, agama Buda ing tanah lor, ngarani 1, kupapa utawa sangsara, 2 tu, sarupaning panasaran 3 mu, sirnaning panasaran 4 tao, dalan linuwih, dene păncabaya, 1 kawruh sababing sangsara, 2 waspada yèn manungsa iku nyata lêmbèk, 3 rumasa kawêngku, 4 ngangkah luwar, saka pambandaning kamurkan, utawa pêpenginan, 5 marganing kamuksan. (kembali)
§ Kasunyatan patang prakara iku, agama Buda ing tanah lor, ngarani 1, kupapa utawa sangsara, 2 tu, sarupaning panasaran 3 mu, sirnaning panasaran 4 tao, dalan linuwih, dene păncabaya, 1 kawruh sababing sangsara, 2 waspada yèn manungsa iku nyata lêmbèk, 3 rumasa kawêngku, 4 ngangkah luwar, saka pambandaning kamurkan, utawa pêpenginan, 5 marganing kamuksan.
47 § Ing wiwara pakumpulan iku pasewakane Sang Mara, nêdya gawe balêrênging mripate para cêcalon, sarana soroting sasotya kang ngrênggani makutha. (kembali)
§ Ing wiwara pakumpulan iku pasewakane Sang Mara, nêdya gawe balêrênging mripate para cêcalon, sarana soroting sasotya kang ngrênggani makutha.
48 § Kaping pat saka dalan lêlima, kang jalari tumimbal lair, kang njalari sakèhing wong kasinungan bungah lan susah, dalan lima iku pêcahan saka dalan siji, yaiku kadadeane karma. (kembali)
§ Kaping pat saka dalan lêlima, kang jalari tumimbal lair, kang njalari sakèhing wong kasinungan bungah lan susah, dalan lima iku pêcahan saka dalan siji, yaiku kadadeane karma.
49 § Pamulangan kêkalih ingkang mêdharakên wulangipun Sang Buda, tumrap para ingkang dèrèng tinarbuka (exoterische) piwulanging mata, tumrap ingkang sampun tinarbuka (exoterische), piwulanging batos: bodidarma, piwulang agami ing nagari Cina, ingkang sami suminggah dhatêng Tibèt. Sami sinêbut tiyang sung (exoterische) tuwin kiyao (exoterische). Pramila piwulang ingkang satunggal sinêbut makatên, awit wijil saking panggalihipun Sang Buda Gotama, dene piwulanging mripat saking pakartining sirah tuwin dimak. Mênggah piwulang batos ugi winastan kasunyatan, utawi sajatining sorok. Pasêmon ingkang limrah kacêtha ing sagunging sêrat ingkang nyariyosakên piwulang tumrap para tinarbuka. (kembali)
§ Pamulangan kêkalih ingkang mêdharakên wulangipun Sang Buda, tumrap para ingkang dèrèng tinarbuka (exoterische) piwulanging mata, tumrap ingkang sampun tinarbuka (exoterische), piwulanging batos: bodidarma, piwulang agami ing nagari Cina, ingkang sami suminggah dhatêng Tibèt. Sami sinêbut tiyang sung (exoterische) tuwin kiyao (exoterische). Pramila piwulang ingkang satunggal sinêbut makatên, awit wijil saking panggalihipun Sang Buda Gotama, dene piwulanging mripat saking pakartining sirah tuwin dimak. Mênggah piwulang batos ugi winastan kasunyatan, utawi sajatining sorok. Pasêmon ingkang limrah kacêtha ing sagunging sêrat ingkang nyariyosakên piwulang tumrap para tinarbuka.
50 § Witing kawruh punika sinêbut dening para umatipun budidarma, ingkang sampun sami anggayuh kawruh winadi ingkang luhur, para adhèp. Bilih Sang Nagarjuna, inggih punika ngêdalakên pamulangan madyamika, kawastanan wit naga, naga punika pasêmoning kawruh tuwin kawicaksanan. Wit, pangaji-aji, amargi anggènipun Sang Budha, kamiyosakên, tuwin tampi pêpadhang, wontên nganaping[ngandhaping] wrêksa bodi, makatên ugi wiwitipun paring piwulang saha ing sedanipun. (kembali)
§ Witing kawruh punika sinêbut dening para umatipun budidarma, ingkang sampun sami anggayuh kawruh winadi ingkang luhur, para adhèp. Bilih Sang Nagarjuna, inggih punika ngêdalakên pamulangan madyamika, kawastanan wit naga, naga punika pasêmoning kawruh tuwin kawicaksanan. Wit, pangaji-aji, amargi anggènipun Sang Budha, kamiyosakên, tuwin tampi pêpadhang, wontên nganaping[ngandhaping] wrêksa bodi, makatên ugi wiwitipun paring piwulang saha ing sedanipun.
51 § Ati kang winadi punika piwulangipun para kang sami tinarbuka (exoterische). (kembali)
§ Ati kang winadi punika piwulangipun para kang sami tinarbuka (exoterische).
52 § Musthikaning jiwa iku diarani, wairasatwa, sasêbutanipun para Buddha kang luhur (nabi), pêpundhènipun para guru, wairadara, tuwin adibuddha. (kembali)
§ Musthikaning jiwa iku diarani, wairasatwa, sasêbutanipun para Buddha kang luhur (nabi), pêpundhènipun para guru, wairadara, tuwin adibuddha.
53 § Sat, punika ingkang maligi satunggal, kang langgêng tan ewah gingsir, têmên saha nyata, inggih ingkang manggèn nginggiling paracidra. (kembali)
§ Sat, punika ingkang maligi satunggal, kang langgêng tan ewah gingsir, têmên saha nyata, inggih ingkang manggèn nginggiling paracidra.
54 § Wulangipun Sinsin. Ciptaning manungsa punika kados kaca kang tansah aniru wayangan tuwin tansah linimput ing balêdug, mila kêdah rinêsêk kang (Sinsin, guru kang kaping nêm ing tanah Cina Lèr, kang mulang bab budidarma (exoterische). (kembali)
§ Wulangipun Sinsin. Ciptaning manungsa punika kados kaca kang tansah aniru wayangan tuwin tansah linimput ing balêdug, mila kêdah rinêsêk kang (Sinsin, guru kang kaping nêm ing tanah Cina Lèr, kang mulang bab budidarma (exoterische).
55 § Suksma ingkang anglampahi tumimbal lair punika, ing kabudan tanah lèr, ingkang winastan manungsa sajati, kang nunggil lawan pribadi kang luhur, dados Buddha. (kembali)
§ Suksma ingkang anglampahi tumimbal lair punika, ing kabudan tanah lèr, ingkang winastan manungsa sajati, kang nunggil lawan pribadi kang luhur, dados Buddha.
56 § Buddha punika têgêsipun pêpadhang. (kembali)
§ Buddha punika têgêsipun pêpadhang.
57 § Tiyang ingkang nêmbe sinau ing Sêrat Buddha punika dipun wastani tampi piwulang ijoan saking para panuntun, amung para arhan, tampi sasmita piyambak. (kembali)
§ Tiyang ingkang nêmbe sinau ing Sêrat Buddha punika dipun wastani tampi piwulang ijoan saking para panuntun, amung para arhan, tampi sasmita piyambak.
58 dhêmên (kembali)
dhêmên
59 § Toya gêsang (kang tan kênèng pati). (kembali)
§ Toya gêsang (kang tan kênèng pati).
60 § Rata pala, arhan kang anggung, tuture sudarmane, aran rata palasutrasane, awit iku witing kaanan iki kabèh, saka iku kang bakal angora anake, mangkono parincène (upama rata pala, bapakne duwe omah kang nganggo lawang pêpitu). (kembali)
§ Rata pala, arhan kang anggung, tuture sudarmane, aran rata palasutrasane, awit iku witing kaanan iki kabèh, saka iku kang bakal angora anake, mangkono parincène (upama rata pala, bapakne duwe omah kang nganggo lawang pêpitu).
61 § Tritika punika sêbutanipun para brahmana kang sampun anglêbêti, mimbar pasucian sarta sawarnining pasiraman kang gawat-gawat. (kembali)
§ Tritika punika sêbutanipun para brahmana kang sampun anglêbêti, mimbar pasucian sarta sawarnining pasiraman kang gawat-gawat.
62 § Manas Ego's kang anggung tumimbal lair. (kembali)
§ Manas Ego's kang anggung tumimbal lair.
63 § Kawicaksananing gusti kang sajati. (kembali)
§ Kawicaksananing gusti kang sajati.
64 § Purusa. (kembali)
§ Purusa.
65 § Piwulang kasuksman wau amastani badan wadhag, punika wayangan. (kembali)
§ Piwulang kasuksman wau amastani badan wadhag, punika wayangan.
66 § Para tapa kang manggèn ing wana, măngka sampun sagêt dados yogi. (kembali)
§ Para tapa kang manggèn ing wana, măngka sampun sagêt dados yogi.
67 § Yulai, têmbung Cina, mastani tata gata, sasêbutanipun Sang Budha. (kembali)
§ Yulai, têmbung Cina, mastani tata gata, sasêbutanipun Sang Budha.
68 § Sadaya dongèngan kang pinanggih tanah kidul tuwin lèr, botên wontên bèntênipu[bèntênipun] sami nyariyosakên, bilih Sang Buda anilar panggenan kang sêpi, ingga amudhari pitakenaning gêsang sapikajêngipun. Sampun antuk pêpadhang, sarta amulang manungsa ing papan ingkang kinging kagiyarakên ing ngakathah. (kembali)
§ Sadaya dongèngan kang pinanggih tanah kidul tuwin lèr, botên wontên bèntênipu[bèntênipun] sami nyariyosakên, bilih Sang Buda anilar panggenan kang sêpi, ingga amudhari pitakenaning gêsang sapikajêngipun. Sampun antuk pêpadhang, sarta amulang manungsa ing papan ingkang kinging kagiyarakên ing ngakathah.
69 § Ego- utawi manungsa sajati, miturut piwulang punika sorotipun dewaning andaru, (Planeetgeest). (kembali)
§ Ego- utawi manungsa sajati, miturut piwulang punika sorotipun dewaning andaru, (Planeetgeest).
70 § Pribadine utawa badane kodrat iku diarani wêwayangan. Karana iku lumaku sandhing bêbarêngn[bêbarêngan]. (kembali)
§ Pribadine utawa badane kodrat iku diarani wêwayangan. Karana iku lumaku sandhing bêbarêngn[bêbarêngan].
71 § Sami kalihan katrangan ăngka 124, busana sarta pasêbutanipun bodisatwa. (kembali)
§ Sami kalihan katrangan ăngka 124, busana sarta pasêbutanipun bodisatwa.
72 § Sami kalihan katrangan ăngka 124, busana sarta pasêbutanipun bodisatwa. (kembali)
§ Sami kalihan katrangan ăngka 124, busana sarta pasêbutanipun bodisatwa.
73 § Busana saangna, saangna wisu ing rayagriha, arhan, luhur kang katêlu utawa patriyars. Kaya ta waratane pangrèhing dunya iki ana 33 arhan. Kang kagiyarake kawruh Budha, busana saangna, iku têgêse prabote kang wus anggayuh kawicaksanan, kang dadi sarana lêbune marang nirwana. (kembali)
§ Busana saangna, saangna wisu ing rayagriha, arhan, luhur kang katêlu utawa patriyars. Kaya ta waratane pangrèhing dunya iki ana 33 arhan. Kang kagiyarake kawruh Budha, busana saangna, iku têgêse prabote kang wus anggayuh kawicaksanan, kang dadi sarana lêbune marang nirwana.
74 § Kang lumaku ing dalan paramita, iku olah panunggal kanthi sêdya bisaa dadi siswa, yogi. (kembali)
§ Kang lumaku ing dalan paramita, iku olah panunggal kanthi sêdya bisaa dadi siswa, yogi.
75 § Sesuk, têgêse têmbe yèn tumimbal urip manèh. (kembali)
§ Sesuk, têgêse têmbe yèn tumimbal urip manèh.
76 § Pamêthikan saka layange pamulangan, prasanga. (kembali)
§ Pamêthikan saka layange pamulangan, prasanga.
77 § Lêlungan adèh[adoh], iku sakitêrane urip iki nganti uripe têmbe. (kembali)
§ Lêlungan adèh[adoh], iku sakitêrane urip iki nganti uripe têmbe.
78 § Niyima punika srêngenge, kasêbut ing kawruh palintanganipun tiyang Tibèt, mihmar, lintang marês. Punika paningalipun, dene lintang mèrkurius, punika astanipun. (kembali)
§ Niyima punika srêngenge, kasêbut ing kawruh palintanganipun tiyang Tibèt, mihmar, lintang marês. Punika paningalipun, dene lintang mèrkurius, punika astanipun.
79 sêngsêm (kembali)
sêngsêm
80 § Buda (nabi). (kembali)
§ Buda (nabi).
81 § Srotopati, iku sujanma kang wus kawasa manjing ing nirwana, nadyan têkane ing kono mau saka salah sawijining sabab, arang bisa têkan ing nirwana ing sauripan bae, ana piwulang manawa sawijining cela, adhèp, ing sajroning urip iki miwiti angunggahi, kasêmbadane iku lumrahe nganti pitung tumimbal lair manèh. (kembali)
§ Srotopati, iku sujanma kang wus kawasa manjing ing nirwana, nadyan têkane ing kono mau saka salah sawijining sabab, arang bisa têkan ing nirwana ing sauripan bae, ana piwulang manawa sawijining cela, adhèp, ing sajroning urip iki miwiti angunggahi, kasêmbadane iku lumrahe nganti pitung tumimbal lair manèh.
82 § Jabanira, iku karêpe badanira manas kang asor. (kembali)
§ Jabanira, iku karêpe badanira manas kang asor.
83 § Tirtika, iku padhane brahmana, tumrap wong agama Buda sisihe gunung Himalaya, nagara sukci iku Tibèt, sêbutan kang ora kêna diandêl. (kembali)
§ Tirtika, iku padhane brahmana, tumrap wong agama Buda sisihe gunung Himalaya, nagara sukci iku Tibèt, sêbutan kang ora kêna diandêl.
84 § Kawaspadan kang tanpa antara, iku nugrahane sadhuwuring manungsa, wong angucapake kawasane para arhan, kang bisa nguningani lan pirsa samubarang kang adoh. (kembali)
§ Kawaspadan kang tanpa antara, iku nugrahane sadhuwuring manungsa, wong angucapake kawasane para arhan, kang bisa nguningani lan pirsa samubarang kang adoh.
85 § Kadosdene katrangan nut 70, prabot utawi busana saangna kangge manjing ing nirwana. (kembali)
§ Kadosdene katrangan nut 70, prabot utawi busana saangna kangge manjing ing nirwana.
86 § Kang urip yaiku manungsa kang luhur dene kang mati yaiku manungsane kang asor (wadhag). (kembali)
§ Kang urip yaiku manungsa kang luhur dene kang mati yaiku manungsane kang asor (wadhag).
87 sinau (kembali)
sinau
88 § Kasêbut ing nut kaping 124. (kembali)
§ Kasêbut ing nut kaping 124.
89 § Urip kang winadi iku uripe nirmanakaya. (kembali)
§ Urip kang winadi iku uripe nirmanakaya.
90 loro (kembali)
loro
91 § Dalan kang gumêlar iku kang ginagulang dening kang kurang santosa, ananging kaananing dalan winadi iku mung amêdharake marang para nugraha. (kembali)
§ Dalan kang gumêlar iku kang ginagulang dening kang kurang santosa, ananging kaananing dalan winadi iku mung amêdharake marang para nugraha.
92 Mangkono (kembali)
Mangkono
93 § Wong-wong, kang ora sumurup marang sajatining kawruh kasuksman, utawa ora wêruh marang kawicaksanan, iku diarani wong urip kang mati. (kembali)
§ Wong-wong, kang ora sumurup marang sajatining kawruh kasuksman, utawa ora wêruh marang kawicaksanan, iku diarani wong urip kang mati.
94 § Kacêtha ing nut ăngka 124. (kembali)
§ Kacêtha ing nut ăngka 124.
95 watêsan (kembali)
watêsan