Pralambanging Jagad, Sulardi Harja Sujana, 1926, #108

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie P. No. ... Pralambanging Djagad. Harga f 0,50.

Sêrat Pralambanging Jagad

Anggitanipun: Sulardi Harja Sujana, ing Mangkunagaran, Surakarta 1926.

(Diperlindungi Hak Pengarang Stb. 1912 No. 600 fatsal II).

__________

Diterbitkan dan terjual oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE KEDIRI.
1932

STOOMDRUK. L. L. DJWAN, BLITAR.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Harga f 0,50.

Sêrat Pralambanging Jagad

Anggitanipun Sulardi Harja Sujana, ing Mangkunagaran, Surakarta 1926.

(Diperlindungi Hak Pengarang Stb. 1912 No. 600 fatsal II).

__________

Diterbitkan dan terjual oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

--- [2] ---

PENERBIT: TAN KHOEN SWIE – Kediri.

Pralambanging Jagad, Sulardi Harja Sujana, 1926, #108: Citra 1 dari 1

Kitab ini sah bila ada tanda tangannya si penerbit sebagi di bawah ini:

TAN KHOEN SWIE.

KEDIRI.

--- 3 ---

Isinipun Sêrat Punika.

Purwaka, sêkar girisa.

Bab 1, lintang Bimasêkti.
Bab 2, tataran sapisan, candranipun tiyang ingkang dèrèng ulah budi.
Bab 3, tataran kaping kalih, candranipun tiyang ingkang wiwit tangi budinipun.
Bab 4, tataran kaping tiga, candranipun tiyang ingkang sampun ulah budi.
Bab 5, tataran kaping sakawan, candranipun tiyang ingkang putus ing budi.
Bab 6, tataran kaping gangsal, candranipun tiyang ingkang kawasa ing budi.
Bab 7, pocapanipun Sang Wêrkudara ing padhalangan.

__________

--- 4 ---

Purwaka

Om. hong wilahèng, awigna, mastuna, masidham.

Anênggih kang ginupita | angripta wahyaning cipta | tusrap[1] anèng pralampita | linut lungiting lukita | tangèh kalamun pininta | yèn tan tinampèn ing cipta | tumrap lambanging buwana | mamrih lêtdaning[2] jiwita ||

ulun mung minta aksama | mring sang gya para nupiksa | sumawana pra sarjana | sujana myang kawiswara | galap gangsuling tukara[3] | karana si mudha dama | dahat adrêng mangrancana | punang srat lambanging jagad ||

--- 5 ---

Lintang Bimasêkti.

Miturut cariyosan tuwin kapitadosanipun têtiyang Jawi ing jaman kina, kacariyos satriya ing Ngunggul Pawênang Radèn Arya Wêrkudara punika muksanipun dados lintang bimasêkti, bab punika ugi kacariyos wontên ing pocapan padhalangan, inggih punika manawi kyai dhalang pinuju ngocapakên Sang Arya Wêrkudara badhe lumampah.

Sayêktosipun cêcariyosan wau manawi dipun tampèni kalayan nalar kawontênan ing lair kemawon saèstu botên sagêd gathuk, amargi Radèn Arya Wêrkudara makatên duk ing kina inggih manungsa, dados sêsipatanipun ingkang têmtu inggih kados sêsipatanipun manungsa, botên kados ringgit wacucal makatên.

Manawi saking pamanggih kula tumrap ing lair, sarèhning kyai dhalang sabên-sabên nyariyosakên makatên, dados para ningali inggih lajêng pitados saèstu, bilih lintang bimasêkti punika kadadosan saking sariranipun utawi ayang-ayanganipun Radèn Wêrkudara, amargi wujuding lintang bimasêkti punika jiblês kalihan wujudipun Radèn Wêrkudara ing ringgit wacucal, tuwin para ningali inggih gadhah pangintên utawi panganggêp:

--- 6 ---

Bab 1.

[Grafik]

--- 7 ---

bilih wujudipun Radèn Wêrkudara duk ing kina punika inggih jiblês kados ringgit wacucal wau.

Sayêktosipun ingkang gadhah panganggêp makatên wau kalèntu.

Wontênipun tiyang kina anggambar Radèn Wêrkudara ing ringgit wacucal, punika botên amargi saking sampun nyipati piyambak mênggah wujudipun Radèn Wêrkudara ingkang saèstu, awit miturut sêrat-sêrat cêcariyosan Hindhu, sugêngipun Radèn Wêrkudara punika duk ing kina wontên ing nagari Hindhu, inggih punika kirang langkung kala ing jaman 4000 taun kapêngkêr, dados dèrèng paja-paja ing tanah Jawi wontên gêgambaran utawi wujuding ringgit wacucal Wêrkudara wau.

Wondene saking pandugi kula, sarèhning sabên-sabênan pocapan padhalangan nyariyosakên makatên, mila sagêd ugi tiyang kina anggènipun andamêl gambaripun Radèn Wêrkudara ing ringgit wacucal lajêng mêndhêt utawi amirid wêwangunanipun lintang bimasêkti. Kapara inggih wontên ringgit wacucal Wêrkudara ingkang winastan wănda lintang.

Anglajêngakên bab kawujudanipun lintang bimasêkti, sarèhning sampun têtela bilih wujuding lintang bimasêkti punika dede saking panuksmanipun Radèn Wêrkudara, lah samangke kadadosan saking [sa...]

--- 8 ---

[...king] punapa, utawi gèk barang punapa ingkang katingal cêmêng ngragancang jiblês gambaripun Radèn Wêrkudara wau.

Kula kêrêp sangêt maspaosakên wujudipun lintang bimasêkti. Sakawit inggih punika manawi kula pinuju tangi tilêm ing wanci têngah dalu nêdhêng suruping wulan, sakalangkung ascaryaning manah kula ningali soroting lintang-lintang ingkang mayuta-yuta sumêbar angrênggani ing saindênging cakrawala, ing ngriku manawi kula ningali ing papan sêla-sêlaning lintang kanthi wêninging pandulu, dangu-dangu ing papan sêla wau têka lajêng wontên lintangipun katingal alamat-lamat, saking lêmbatipun ngantos cat katingal cat botên.

Manawi lintang ingkang lêmbat-lêmbat wau sampun botên katingal, ingkang wontên ing ngriku amung kantun pêpajaring sorotipun awarni pêthak sumambirat maya-maya. Dados sampun têtela bilih ulêsing akasa ingkang katingal warni pêthak punika saking pêpajaring sorotipun lintang-lintang ingkang sakalangkung têbih dunungipun.

Wasana wujuding akasa ingkang awarni pêthak wau sarêng kula pandhing kalihan ing papan salêbêtipun lintang bimasêkti, ing ngriku jêbul amung kosokwangsul, inggih punika ing salêbêting papan lintang bimasêkti wau amung suwung jêblus salajêngipun botên wontên [wo...]

--- 9 ---

[...ntên] lintangipun babar pisan. Dados botên pisan-pisan wontên èmpêripun upami wujuding lintang bimasêkti punika winastan ayang-ayangan, utawi barang, toya, kukus, angin tuwin sanès-sanèsipun.

Lah samangke kadospundi dene papan suwung wau duk ing kina lajêng winastan lintang bimasêkti, sarta lajêng kapirid wangunipun kangge gambaripun Radèn Wêrkudara, punapa pikajêngipun ingkang nganggit utawi ingkang mastani.

Măngka limrahipun lintang punika katingalipun awujud alit-alit saha anggadhahi sorot, tados[4] ta: ingkang winastan lintang panjêr rina, panjêr surup, jaka bèlèk, gubug pèncèng, lanjar ngirim, waluku, kukusan, wuluh, kumukus, tuwin sanès-sanèsipun, sadaya wau amung kangge pangaran-aran beda-bedaning wujudipun, sadaya jêjêripun inggih nama lintang, têrangipun makatên:

Lintang panjêr rina, amargi kapirid mêdalipun ing wanci enjing.

Lintang panjêr surup, kapirid mêdalipun ing wanci sêrap.

Lintang jaka bèlèk, amargi kapirid saking wujudipun asêmu abrit kados mripat bèlèkên.

Lintang gubug pèncèng, amargi cacahipun sakawan, pamanggènipun kados pêpêthaning gubug, nanging pèncèng.

--- 10 ---

Lintang lanjar ngirim, ing sêmu kadosdene badhe murugi ing dununging gubug, kadosdene lanjar ngirim, makatên salajêngipun sadaya sami anggadhahi pêpiridan.

Sarêng lintang bimasêkti, punika sami-sami namaning lintang pancèn radi nyalênèh piyambak, inggih punika, kajawi botên anggadhahi sorot, wujudipun ing ngriku sakalangkung agêng, têka dipun wastani lintang.

Manawi amung mirid pangaran-aran, bimasêkti, inggih sampun wontên èmpêripun, amargi janggêrênging sêsipatanipun mèmpêr kalihan janggêrêngipun Sang Bima, inggih Sang Wêrkudara, nanging Sang Wêrkudara ringgit wacucal, namung anggènipun mastani lintang, punika kapirit saking punapanipun.

Saupami dipun laras makatên: lintang, punika ingkang katingal namung sorotipun, tumrap ing gambar, soroting lintang punika anggadhahi cêcakran gangsal, manawi piridanipun makatên inggih sampun radi wontên èmpêripun, amargi janggêrêngipun lintang bimasêkti punika pancèn anggadhahi cêcakran gangsal, inggih punika: suku kalih, tangan kalih, tuwin sirah, cèplês kados cêcakran wujuding manungsa.

Dene têmbung bima, manawi botên kalèntu anggadhahi têgês, agêng, sêkti, inggih kasêktèn, dados têgêsipun [têgêsi...]

--- 11 ---

[...pun] têmbung lintang bimasêkti, saking pamanggih kula:

cêcakran gangsal: lahir lan batosing manungsa.

bima: agêng

sêkti: kasêktèn

Langkung-langkung manawi nitik suraosing ucap-ucapan padhalangan, inggih punika têgês-têgêsing pangagêmanipun, tuwin candraning wêwatakanipun Radèn Wêrkudara, botên pisan-pisan pinanggih maksudipun manawi lintang bimasêkti punika kadadosan saking panuksmanipun Radèn Wêrkudara, dêstun namung kangge isbat kemawon, nanging nitik têgêsing ucap-ucapan wau, têtela manawi gambaripun Sang Wêrkudara, lintang bimasêkti, punika anggadhahi pikajêng ingkang lêbêt, utawi minăngka pasêmon, pralambanging budi, inggih pralambanging jagad, inggih pralambanging jagadipun manungsa. Liring pralambang, wosipun kemawon, bilih manungsa punika sampun inggil budinipun, pênton[5] tekadipun, kadosdene suraosing pocapanipun Radèn Arya Wêrkudara ing dhapalangan,[6] punika saèstu kenging sinêbut manungsa sampurna gêsangipun.

Amung kemawon upami tiyang mènèk ăndha sampun lajêng [la...]

--- 12 ---

[...jêng] angancik ing untu ingkang nginggil piyambak, saèstu botên badhe sagêd kalaksanan, nanging kêdah sinangkanan saking ngandhap, lajêng minggah-minggah urut tataraning ăndha. Makatên ugi tiyang anggayuh kaluhuran tuwin sampurnaning gêsang, kêdah sarana nyumêrêpi sapintên tataraning bêbudènipun piyambak, tuwin sapintên tataraning bêbudènipun manungsa, karantên pamarsudining budi punika wontên kalih prakawis: sapisan pamarsudi alandhêsan kapintêran, amrih lantip, kaping kalih pamarsudi alandhêsan kasusilan, amrih rahayu, kalih prakawis wau minăngka dados margining kamajêngan lair lan kamajêngan batos, saha botên kenging kapisahakên, sakalih-kalihipun saèstu mahanani sadaya lêlampahanipun manungsa ing donya, tuwin mahanani tataraning bêbudènipun manungsa pintên-pintên pangkat, ingkang anjalari beda-bedaning pamanggih tuwin tekad, lah ing ngriku êtuking sadaya prakawis, măngka tataraning bêbudèn wau kenging karingkês dados gangsal pangkat, miturut candranipun lintang bimasêkti, inggih gambaripu[7] Sang Wêrkudara, suraosipun kados ing ngandhap punika.

--- 13 ---

Bab 2.

[Grafik]

Tataran sapisan.

--- 14 ---

Candranipun manungsa ingkang dèrèng ulah budi.

Mênggah manungsa ingkang dèrèng ulah budi, punika limrahipun winastan tiyang walaka, utawi tiyang alit, manahipun pancèn alit, panggêsanganipun alit, karoyalanipun inggih alit, alit sasomakawisipun. Tiyang wau adat watak kagètan, gumunan, bingungan, mirisan, tuwin susahan manah.

Dene saulah pakartinipun amung anut ombyak, botên gadhah ada utawi kêkêncêngan piyambak, bêbasan: kon ngalor iya ngalor, kon ngidul iya ngidul. Têrkadhang botên mangêrtos dhatêng pikajêngipun kapurih ngalèr tuwin ngidul wau.

Saupami tiyang ingkang kados makatên wau gadhah kêkêncênganing manah, inggih lêpat, jalaran tamtu kathah lêpate tindak tandukipun, wêkasan winastan tiyang trêngkêlo, ambêgêdut, ambêrung tuwin ambrêgudul, têrkadhang tandukipun sarwa nasar, sisip sêmbiripun dados tiyang awon. Dèrèng sumêrêp ing kautamèn, dahwèn, opèn, mèrèn, para gêthingan, têrkadhang sok purun lampah cidra, jalaran saking kapèpèting

--- 15 ---

lêlampahan, ing ngajêng kirang wêweka ing pamanahan, utawi dèrèng gadhah dugi prayogi, inggih saking bodhonipun, mêmêlas sangêt tiyang ingkang kados makatên punika.

Sarèhning tiyang ingkang dèrèng ulah budi punika apês sangêt, pramila prayoginipun angênggea isarat watak ambangun turut, anuta pitêdah sae lan prayogi, tuwin tabêria têtakèn, amargi kathah kemawon tiyang bodho ingkang kasasar lampahipun, inggih punika angugêmi rêmbag ingkang botên lêrês, botên sumêrêp dhatêng bancana ingkang badhe andhatêngi, têmah tiyang wau gêsangipun dhumawah ing papa tuwin sangsara, têrkadhang botên kasandhang piyambak, sadaya ahli waris, sanak kadang, anak semah sami katut nandhang sangsara, apêsipun tumut kawirangan.

Kados sampun kinodrat dening Hyang Maha Kawasa, bilih tiyang bodho punika tansah dados tuntunan tuwin pamanahanipun tiyang sagêd, inggih tiyang sagêd ingkang rahayu ing budi.

Candranipun tiyang bodho punika kados ing gambaran ăngka 2, inggih punika Sang Wêrkudara katindhihan gunung, têgêsipun: budining manungsa taksih kalindhih dening hawa kamurkan ing donya.

--- 16 ---

Bab 3.

[Grafik]

--- 17 ---

Tataran Kaping Kalih.

Candranipun Manungsa ingkang Wiwit Tangi Budinipun.

Tiyang ingkang sampun ngakêni ing kabodhoanipun, sarta rumaos apês, punika kenging winastan wiwit anglilir utawi tangi budinipun.

Sayêktosipun awis tiyang ingkang ahli budi, kathah kemawon tiyang pintêr utawi ahli raos ingkang botên ulah budi, balik tiyang ahli raos, punika prayogi kêdah ulah budi, sampun ngantos kapisahakên, amargi budi punika tumrapipun manungsa gêsang ing donya kangge nindakakên pandamêl. Budi punika kenging kaupamèkakên minăngka dados têtumpakaning raos, awit raos sagêdipun ngawuningani sadaya panandhang punika sarana budi, makatên ugi budi sagêdipun rumagang ing damêl punika kêdah sarana badan wadhag. Dados manawi wontên tiyang ahli raos botên ulah budi, punika prasasat kadosdene tiyang pintêr ingkang sakit badanipun, saèstu botên sagêd rumagang ing damêl, têmah tuna gêsangipun, upaminipun kadosdene latu kapêndhêm ing awu, gêsangipun tanpa guna.

Wondene tiyang ingkang wiwit tangi budinipun, punika adat [ada...]

--- 18 ---

[...t] lajêng ngrumaosi sadaya kalêpataning lêlampahanipun ing ngajêng utawi rumaos kaduwung tuwin lajêng analăngsa. Manawi sampun makatên, adat tiyang wau sawêg mangrêtos tuwin gadhah pitados, bilih sadaya awon saening tindak tandukipun punika badhe sinandhang piyambak.

Manawi sampun dumugi samantên pangrêtosanipun, tiyang wau têrtamtu kapêksa lajêng angewahi kalakuanipun ingkang kirang jujur, sadaya tindak tandukipun lajêng sarwa angatos-atos, sarèh, titi, angarah-arah, tuwin wêweka. Lah punika adatipun tiyang wiwit angancik ulah budi.

Mênggah dayanipun budi manawi badhe tangi, punika adat lajêng gadhah pangraos botên kagègtan,[8] botên gumunan, tuwin botên susahan manah, saha botên angăngsa-ăngsa, ing ngriku êmpaning pamanahan sawêg sagêd jêngjêm.

Manawi tiyang sampun gadhah pangraos kados makatên, adat lajêng tinêbihan saking godha rêncana, gampil ingkang sinêdya, enggal kadumugèn punapa ingkang dipun kajêngakên, amung kemawon kawontênanipun inggih dèrèng andumênakakên, amargi budi sawêg wancinipun tangi, dados dèrèng nama ulah budi saèstu, punika candranipun kados ing gambaran ăngka 3, Sang Wêrkudara kaling-kalingan gunungan, têgêsipun: dèrèng pramana saèstu dhatêng êmpaning panêdya.

--- 19 ---

Bab 4.

[Grafik]

--- 20 ---

Tataran Kaping Tiga.

Candranipun Manungsa ingkang Sampun Ulah Budi.

Sayêktosipun gêsanging manungsa punika sami-sami titah onjo piyambak, amargi gêsangipun sampun kadunungan budi, mila manawi tiyang sampun ulah budi, punika sawêg winastan manungsa anêtêpi kodratipun.

Mênggah watakipun tiyang ingkang sampun ulah budi, punika adatipun jêmbar, sabar, momot, mêmbat, adil, paramarta, tur ngawonan, wêlas asih ing sasami, rêmên têtulung sêpên pamrih, sêpên angkara murka, lilan, botên sêngitan, botên gêthingan, amargi sadaya punika dipun anggêp sae, awit kabêkta watakipun sampun dados sae, malah tanduking watak sae punika, ingkang dipun saèni botên amung tumrap dhatêng tiyang sae kemawon, sanadyan piyambakipun dipun awoni ing tiyang, tiyang wau mêksa dipun walês sae. Kosokwangsulipun tiyang ingkang watakipun awon, ingkang dipun awoni botên amung tumrap dhatêng tiyang awon kemawon, sanadyan piyambakipun dipun saèni, mêksa amalês awon, amargi tiyang watak awon [a...]

--- 21 ---

[...won] punika botên pisan-pisan manawi sagêda anglampahi kasaenan.

Tiyang ingkang sampun wiwit ulah budi, punika adat botên ngêmungakên saening watak kemawon, nanging ugi lajêng kadunungan santosaning manah, inggih punika ambêg sêtya tuwin antêp. Têgêsipun sêtya, inggih punika anêtêpi jangjinipun, bêbasan botên ajrih rêkaos tuwin kangelan. Dene têgêsipun antêp, inggih punika angrungkêbi dhatêng sadaya pandamêl sae, bêbasan botên ajrih nandhang sakit dumugi ing pêjah. Măngka limrahipun tiyang punika ingkang kathah botên purun rêkaos, purunipun manawi kanthi kapêksa, ing batosipun sangêt angrêsula, tuwin botên purun kaecalan, manawi kaecalan sangêt gêgêtunipun, tuwin botên purun dhatêng pandamêl awrat, manawi nandhang pandamêlan ingkang awrat lajêng miris manahipun, tuwin ajrih ing bêbaya lajêng giris utawi têlas manahipun, tuwin botên purun cêcêgah utawi ngêngirangi dhahar tuwin sare, purunipun amung manawi sawêg kapêtêngan manah, utawi yèn pinuju sawêg gadhah panjăngka.

--- 22 ---

Manawi tiyang ingkang sampun ulah budi botên makatên, inggih punika: suka yèn manggih rêkaosing manah, karantên ing ngriku kaanggêp mêdaling pêpingitanipun, inggih punika sang êmpaning budi. Lila manawi kaecalan, amargi kaecalan punika dipun anggêp nyèlèngi utawi minăngka panyauring sambutanipun. Botên ajrih dhatêng pandamêl awrat, amargi pandamêlan awrat punika dipun anggêp margining kabêgjan. Botên ajrih dhatêng bêbaya, amargi papaning bêbaya punika kaanggêp babaring kasantikan, tuwin botên ajrih payah, luwe, tuwin arip, amargi ing ngriku kaanggêp dununging kalangkungan sajati.

Tiyang ingkang gadhah ambêg kados makatên punika kados sampun cêlak kalihan dewanipun, bêbasan satindak sapêcak tansah rinêksa, têguh yuwana kalis ing sambekala, awit saking kasawaban ayuning budi, mila cinăndra ing gambar ăngka 4, inggih punika Sang Wêrkudara amanggul gunungan, têgêsipun ananting: rosa êndi dayaning donya karo budining manungsa.

--- 23 ---

Bab 5.

[Grafik]

Tataran Kaping Sakawan.

Candranipun Manungsa ingkang Sampun Putus ing Budi.

Manungsa ingkang sampun putus ing budi, punika anggumunakên [anggumuna...]

--- 24 ---

[...kên] sangêt cak-cakanipun ing sadintên-dintên, karantên pangangge tuwin pangêrèhing budi punika ngantos sagêd gambuh, bêbasan kenging sinêbut manungsa abadan budi, inggih punika:

1. Badanipun wadhag awis sakit, yèn nyambut damêl sampun botên anggadhahi sayah, ngantos wanci sadintên sadalu punika rumaosipun namung sakêdhap, mèh botên anggadhahi luwe tuwin arip, nêdha lan tilêmipun prasasat namung kangge sarat, raosing badanipun namung ènthèng, mripatipun amung pajar, sampun botên gadhah pêpenginan ingkang rèmèh-rèmèh, malah sampun botên gadhah pêpenginan babar pisan, kajawi namung kêpengin pandamêl sae tuwin kautamèn.

2. Pikiranipun sampun tanpa kèndêl, kajawi namung pinuju tilêm tuwin sêmèdi. Samukawis ingkang dipun pikir punika sarwa gampil, cêpak èngêtanipun, landhêp panggraitanipun, adhakan pamanggihipun, tur sadaya ingkang dipun pikir punika botên prakawis ingkang gampil-gampil, kajawi kathah, sadaya prakawis ingkang agêng-agêng tur wiyar têbanipun. Pamikiripun botên kanthi rêkaos, tur mawi rikat. Saupami pandamêlan ingkang dipun pikir tiyang limrah sataun dèrèng rampung, tumrap tiyang putus ing budi sagêd rampung ing dalêm sadintên, têrkadhang sak jam sampun rampung.

--- 25 ---

Limrahipun tiyang manawi mirêng swantêning găngsa, sumêrêp ayuning wanita, utawi manawi pinuju lêlangên utawi kasukan, punika têmbu[9] anggadhahi rêmên, kèrêm, utawi kapengin, nanging manawi tumrap tiyang ingkang putus ing budi, sampun botên pisan anggadhahi rêmên, kèrêm, utawi kapengin, sadaya punika sampun kapara têbih, amargi nikmatipun tiyang ingkang putus ing budi, punika raosipun sampun angungkuli sadaya kanikmatan ing donya.

Limrahipun tiyang punika manawi wontên prakawis ingkang sampun botên magêpokan kalihan badanipun, punika sampun têmtu botên purun mêrduli, utawi botên purun amanah, amargi kamanah botên wontên asilipun, utawi botên wontên paedahipun. Punika tumrap tiyang putus ing budi botên makatên. Samukawis punapa kemawon ingkang gumêlar ing donya, ingkang kenging tiningalan, kenging kapirêng tuwin kenging rinaos, sampun tamtu sadaya wau dipun manah tuwin dipun raosakên, supados sadaya wau sagêd migunani ing ngakathah.

Mênggah ing kabatosanipun: amargi kabêkta saking kulinanipun angêrèh badan wadhag, badan pêpenginan, tuwin [tu...]

--- 26 ---

[...win] badan pamikir, tumindakipun sadintên-dintên punika prasasal[10] lampahing sêmadi, karantên dadosing puja samadi punika saking pandamêl (pakarti) măngka gawating pandamêl punika botên amung wontên ing asêpi kemawon, ananging dumunung wontên gêsang sarawungan, karantên sanadyan tiyang rêmên ulah samadi, manawi dèrèng sagêd anêlukakên ardaning badan pêpenginan, tuwin manahipun piyambak, saèstu tangèh sagêdipun anêtêpi jatining samadi. Amila tanduking tiyang ingkang putus ing budi punika prasasat namung tumindak anglampahi pakèn, inggih pakènipun jawata linangkung (darma) mila têmtu winênang nunggil palênggahan, têgêsipun anunggil alam, inggih sagêd angêmori amor pamoring suksma, amargi tiyang ingkang kados makatên wau pancèn sampun pêcah pamoripun saèstu. Pantês yèn cinăndra kados ing gambaran ăngka 5, inggih punika Sang Wêrkudara andhupak gunungan, têgêsipun, karosaning budi kawasa mangrèh jagadipun manungsa. Tataran punika sampun anyèplêsi candraning wujudipun lintang bimasêkti, inggih punika Sang Arya Sena anyoblos tutuking naga, têgêsipun, budining manungsa sampun mênang kalihan rêncana ing donya.

--- 27 ---

Bab 6.

[Grafik]

--- 28 ---

Tataran Kaping Gangsal.

Cadranipun Manungsa ingkang Sampun Kawasa ing Budi.

Darajadipun manungsa ingkang kacariyosakên kantun piyambak punika, saupami kenging dipun cariyosakên sadaya pakartinipun, saya angebat-ebatakên sangêt, amargi manungsa ingkang sampun samantên inggiling bêbudènipun, punika anggènipun gêsang wontên ing donya sampun rampung.

Saupami kenginga cinăndra, èmpêripun inggih kados ing gambaran ăngka 6, Sang Wêrkudara angracut gunungan, têgêsipun kawasaning budi sagêd angracut jagad triloka.

Manungsa ingkang kados makatên wau, mênggahing lahir, raga, badan pêpenginan, sadaya punika sampun sinocèkakên, mênggahing patrap, kadosdene ingkang sampun kasêbut ing pralampita: trah kusuma, rêmbêsing madu, têdhaking andana warih, têrangipun makatên:

Trah kusuma, têgêsipun têdhaking aluhur, pancèn têdhakipun tiyang ingkang luhur ing budi saèstu.

Rêmbêsing madu, têgêsipun wijiling atapa, mila gêsangipun wiwit lair dumugi ing wêkasan prasasat tiyang tapa, awit saking sampun sêpên murka angkara, wêwatakanipun ngantos botên kocap, amargi namung kantun sae.

--- 29 ---

Têdhaking andana warih, têgêsipun mili sêmbahe, karantên satindak, sapêcak, namung tansah ngabêkti ing jawata, inggih punika wontênipun raga, badan pêpenginan, tuwin pikiran, têmbung sampun sinocèkakên saha têmtu sukcinipun, jalaran sampun botên kalepetan rêrêgêd ing donya.

Tiyang ingkang kados makatên wau sampun awis angandika, manawi angandika, têmtu nyata, punapa ingkang dipun sabdakakên, têmtu kadadosan, mila tiyang wau saèstu milalati.

Mênggahing batosipun namung kantun lêga lêgawa, tuwin sênêng parêng, sampun botên kagungan luwe tuwin arip, sarenipun amung kados tiyang sêmadi, sampun botên wontên godha rêncana ingkang purun cêlak, saèstu nir sambekala, sampun botên karaos kêju liru, pêdhês tuwin pêrih, kajawi namung kantun nikmat mupangat, ing donya tuwin ngakêrat.[11]ngakerat

Andharan ingkang kaping gangsal ing ngingil punika kadamêl cêkak, pêrlu namung kangge ancêr-ancêr tuwin têtandhingan, amargi cariyosanipun ingkang panjang, kacêtha wontên ing pocapan padhalangan ing ngandhap punika.

--- 30 ---

Bab 7.

Pocapanipun Sang Wêrkudara ing Padhalangan.

Kocap, ingkang kari anggana raras: anggana: salira pribadi, raras: rarasing kawuryan, satriya ing Jodhipati Radèn Wêrkudara:[12] Wêrku: isi, dara: wadhah, kaya curiga manjing răngka, rapêt sapisan tan kênaning owah.

Apêparap Bratasena: Brata: laku, Sena: pati, yèn kaprêgok păncabaya, Wêrkudara bisa mati sajroning urip, suka jro prihatin.

Wau ta, Radèn Wêrkudara arsa lumampah, sigra anata prabote, apa prabote Wêrkudara, tumèmpèl ing salira yêkti dadi sêtilahing aurip.

Ngagêm pupuk êmas mahangkara westha, katăndha Wêrkudara sutane Bathara Bayu.

Ngagêm gêlung minangkara,[13] èndhèk ngarêp, dhuwur ing buri, tăndha watake Wêrkudara, yèn èndhèk nora kasoran, yèn dhuwur ora ngungkuli, Wêrkudara kêna sinêbut jalma patrap, cilik têkèng diwasa nora tau sinaru padhaning titah.

--- 31 ---

Cundhuk mas pudhak sinumpêt, tăndha Wêrkudara bisa ngandhut gunêm ala bêcik, karana tri prakara bêbudèning Bima: samodra, akasa, usara.

Samodra: budi jêmbar tan ana madhani, akasa: luhur tan ana ngungkuli, usara: langgêng tan kênaning owah.

Sumping srumbing kancana rineka jaroting asêm, Wêrkudara yèn mêtu kajarotane, kaku kaya pikulan, lêmês kaya têtali, Wêrkudara kêna sinêbut pikukuhing pandhalima,[14] senapati ngalaga, jêjêting Endraparastha.

Ngagêm gêlang căndra kirana: căndra: sasi, kirana: sorot, Wêrkudara anut pasang suruting tanggal, yèn tanggal ênom katon ênom, yèn tanggal tuwa Wêrkudara mêjana.

Ngagêm dodot polèng bang bintolo, patang prakara padha măncawarna, abang, kuning, putih, irêng: abang marang kanêpson, kuning marang pêpenan,[15] putih marang kasukcèn, irêng marang kalanggêngan, tinon saking mandrawa kumêndhêng dudu mega, kilah-kilah dudu banyu, iya iku abra warnane, markata wujude, ginêlar ngêbaki jagad, ginulung sak mrica binubut gêdhene.

Lancingan kombor kodhok binêsèt, kinancing porèng

--- 32 ---

rineka sirahing naga, titi măngsa kala Wêrkudara angsal toya panguripan. Duk manjing ing samodra, Wêrkudara cinakot naga, nanging sajatine Wêrkudara tan kasamaran, padha sakala tutuking naga sinuwèk ing păncanaka, kocap sapêjahing naga, sirnaning pandêlêngan, Wêrkudara katon kêmbar rupane, nanging bajang wujude, Dewaruci jênênge.

Kuku păncanaka: pănca: lima, naka: kuku, kuku lima padha dawane, ginêgêm katon sawiji, Hyang Narasinga ingkang dipun asta, benjang prang bratayuda raja[16] binangun, Wêrkudara wêdharing asta.

Wêrkudara kêna sinêbut satriya kêna lara tan kêna ing pati, benjang yèn bawana wus ginulung Wêrkudara kêna muksa, sanadyan jagad kari saeyuping payung măngka maksih nganggrang lintang bimasêkti jênêngi.

Wêrkudara kagungan aji ungkal bênêr, yèn ngetan ngetan bênêr, yèn ngalor ngalor bênêr, alas tinarajang, gunung linumpatan, sapira lumpate Wêrkudara, yêkti pitung pandêlênganing dipănga.

Wau ta, Wêrkudara yèn arsa lumampah rinacut păncadriyane, mila mêgêr-mêgêr kaya tugu pratima, saknalika padhang sapalungguhan, kêmbanging napas Wêrkudara barêng lakuning angin.

--- 33 ---

Suluk Ada-ada Alit.

Buta, pandhawa, tata, gati, wisaya, indri, yaksa, sara, maruta, pawana, bana, margana, wisikan, golingan, wrayang, samirana, păncabayu.

Wau ta, barate Wêrkudara ana kuwasane dhewe-dhewe, buta: barat saka siyung, pandhawa: barat lima cacahe, tata: barating alungguh, gati: barat saking grana, wisaya: barat anggawa lara, indri: barat saka mripat, yaksa: barat anasak, sara: barat anggawa lêlandhêp, maruta: barat kongkonan, pawana: barat mêtu ngalas, bana: barat mêtu ing dhuwur, margana: barat mêtu dêdalan, samirana: barat angilangake kringêt, wisikan: barat mêtu kuping, gulingan: barat mêtu paturon, wrayang: barat ngruntuhake gêgodhongan, păncabayu: barat gêdhe lima cacahe, ginulung dadi sawiji, sak gunung anakan gêdhene, prakêmpa arane, yèn narajang alas pating jarêthot, kang malang-malang putung, kang rawe-rawe rantas, kang jêro tanjake pokah, kang cèthèk tanjake rungkat.

Wau ta, Wêrkudara sigra cancut, tali wănda: cancut:

--- 34 ---

tancêping asta, tali wănda: cincing, winangkis dodote polèng, binandul sukune kang kiwa, jagad katon ngêndhêlong.

Suluk Ada-ada Agêng.

Manganjur lakuning angin, păncawara, gara-gara, sindhung riwut bayu bajra, dhèdhèt, kêtug, erawati, gumulung manêmpuh, giri guntur, sètu-sètu, băndalayu, lir ... sampak.

Tamat

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


tumrap. (kembali)
lêbdaning. (kembali)
ukara. (kembali)
kados. (kembali)
pêntog. (kembali)
padhalangan. (kembali)
gambaripun. (kembali)
kagètan. (kembali)
têmbung. (kembali)
10 prasasat. (kembali)
11 . (kembali)
12 § Botên Wêrkodhara, ing bausastra, utawi karangan Mangunwijaya, ing Sêrat Dewa Ruci Jarwa, ingkang atêgês, Wêrko: sagawon ajag, dhara: padharan. Punika raos Jawi botêng ajêng. (kembali)
13 § Minangkara: urang: sapit urang. (kembali)
14 pandhawa lima. (kembali)
15 pêpenginan. (kembali)
16 jaya. (kembali)