Ngèlmi Pangrucat, Pujaharja, 1924, #113

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie N No NGELMI PANGROETJAT ... Harga f 0.45

Ngèlmi Pangrucat

Mratelakakên wudharing barang alus ingkang sampun rumakêt dados dhêdhapukan, punika gêgêbênganipun para linangkung ing jaman kina tumrap kawruh kabatosan, ing mangke katêdhak saha kaandharakên sawatawis dening: R. Pujaharja ing Surakarta, kala ing taun Walandi ăngka 1924. Utawi ing taun Jawi, Je, sinangkalan: Catur tata ngèsthi juga (1854).

2e DRUK

Kawêdalakên saha kasade dening: Tan Gun Swi, ing Kêdhiri

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Ngèlmi Pangrucat

Mratelakakên wudharing barang alus ingkang sampun rumakêt dados dhêdhapukan, punika gêgêbênganipun para linangkung ing jaman kina tumrap kawruh kabatosan, ing mangke katêdhak saha kaandharakên sawatawis dening: R. Pujaharja ing Surakarta, kala ing taun Walandi ăngka 1924. Utawi ing taun Jawi, Je, sinangkalan: Catur tata ngèsthi juga (1854).

2e DRUK

Kawêdalakên saha kasade dening: Tan Gun Swi, ing Kêdhiri

--- [2] ---

GAMBARNYA PENERBIT:
TAN KHOEN SWIE-KEDIRI

Ngèlmi Pangrucat, Pujaharja, 1924, #113: Citra 1 dari 2

Diperlindungi hak pengarang termaktub Stb. Tahun 1912 No. 600 fatsal 11.
Kitab yang syah ada tanda tangannya si penerbit sebagi di bawah ini:

TAN KHOEN SWIE
KEDIRI

--- [3] ---

Isinipun sêrat punika:

Bêbuka.

I. Kawruh pangrucat.
a. Pangrucating rasa.
b. Pangrucating cipta.
c. Pangrucating raga.
II. Lampah samadi.
a. Samadining cipta.
b. Samadining păncadriya.
III. Pamardining cipta.
a. Utamaning cipta.
b. Madyaning cipta.
c. Nisthaning cipta.

__________

--- [4] ---

PENGARANG: P.t.R. POEDJOHARDJO Surakarta
Boekhandel -TAN KHOEN SWIE- Kediri

Ngèlmi Pangrucat, Pujaharja, 1924, #113: Citra 2 dari 2
Di atas ini saya taruh gambar pengarangnya ini kitab, tuan R. POEDJOHARDJO namanya suda tida asing lagi, banya buah karangannya yang telah suda saya terbitkan, dapet banya perhatian oleh pembacanya

--- 5 ---

Bêbuka

Purwanipun kula nêdhak kawruh pangrucat punika, kabêkta saking rumaos owêl sangêt, bilih kawruh wau ngantosa botên kababar, utawi sirna tanpa lari. Awit sêrat punika tilaranipun tiyang sêpuh ingkang tansah anggilut lampahing kasampurnan. Kacariyos, punika gêgêbênganipun para linangkung ing jaman kina tumrap kawruh kajatèn. Mila lajêng kula têdhak saha kula andhar sawatawis. Ing pangangkah kenginga kangge pandom tumrap para ingkang sami ulah kasampurnan. Liripun ngrampungakên prakawis tekad mênggah gêsangipun manungsa wontên ing donya dumugi ing dêlahan. Sampun ngantos mandhêg mayong ing pangancas, saha ingkang sagêd cundhuk kalihan nalaripun. Awit sakathahing piwulang punika bilih botên kanthi sêsulang ingkang ngantos dhamang, saèstu andadosakên mangu-manguning pandhaku, wêkasan anjugarakên ing panganggêp, jalaran botên mawi katêrangan ingkang langkung gamblang wau. Upami barang kababar mubyaripun namung sagêbyaran, dangu-dangu badhe ambalêrêt katingal surêmipun. Dene piwulang wau manawi kanthi sumêlang lajêng sagêd sèlèh suraosipun, botên anglantur tanpa wusana. Manawi mawi andhok lajêng sagêd mathêm dhatêng panampi, wêkasan nêtêpakên antêping

--- 6 ---

tekad. Ing ngriku botên nuwuhakên sumêlanging manah, sanadyan mawia katêrangan, nanging manawi katêrangan wau kêmêmêtên sangêt. Liripun: moncèr ngalawèr tanpa mawi sêsigêganing sêsulang, utawi wosing suraos, sagêd ugi ambingungakên dhatêng ingkang maos, awit ingkang maos sêrat piwulang punika botên ngamungakên tiyang ingkang ulah panggalih kemawon, ingkang kathah malah băngsa têngahan mangandhap, liripun: dede wêdalan saking pamulangan sadaya. Mila manawi kêlêbêtên sangêt, utawi kêkathahên katêrangan ingkang botên têrang, malah saya mêtêngi dhatêng pangraos. Mila saangsal-angsal sêsulangipun kadamêl ingkang sumrambah, sagêda ngacaki sapangandhap sapanginggil, supados kawruh wau migunani ing ngakathah.

Wusana nyumanggakakên ing panjênênganipun para maos. Mênggah bab padhang pêtênging piwulang saèstu sampun botên kêkirangan ing panimbang, manawi sêsulangipun pêtêng, panlusuripun inggih èmêng, wêkasan kirang karaosakên, beda bilih piwulang wau padhang, pamanggihipun inggih lajêng sumrawang, wêkasan kawruhipun wau tamtu dipun andhêmi. Wusana amung samantên atur kula kalayan urmat.

Juru ngarang

__________

--- 7 ---

Babaripun Ngèlmi Pangrucat.

Bab I. Kawruh Pangrucat.

Pangrucat. Têgêsipun: pangudhar. Inggih punika ngudhari barang ingkang sampun rumakêt dados dhêdhapukan (abên-abênan) supados wangsul kados wingi uni, mantuk dhatêng asalipun piyambak-piyambak. Mila kawruh pangrucat dados carakaning kasampurnan. Têgêsipun: karampungan. Awit punika pratikêlipun maligèkakên barang ingkang cêcamboran. Dene têmbung: pangrucat, punika saking lingga: racut, têgêsipun: ngudhal. Inggih punika ngudhal barang ingkang sampun dados dhêdhapukan, kaangkah supados sagêda nunggil aran dados wiji wujud. Têrangipun bab racut upaminipun makatên:

Arta talèn 1. kêthip 1. tuwin kêlop 1. badhe kakêmpalakên dados sawiji wujud, sarana karacut dados nunggil aran. Punika sami kadadosakên benggol sadaya, kados ta:

1 talèn karacut = 10 benggol.

1 kêthip karacut = 4 benggol

1 kêlăp karacut = 2 benggol

gunggung 16 benggol.

--- 8 ---

Lah makatên liring pangracut. Dene pangrucat, tataranipun wontês[1] tigang warni.

a. Pangrucating raos, kados ta: raosing sêdya ingkang sêsarêngan. Kapengin ngraosakên sugih, singgih, tuwin wignya. Punika kêdah karucat, salah satunggal ingkang dipun lampahi rumiyin, kapilih ingkang langkung pêrlu. Inggih punika ngangkah sugih, lajêng wignya, lajêng singgih. Makatên sapiturutipun. Pangrucating cipta, kados ta gadhah cipta rangkêp, upaminipun, sapisan, kapengin pakantuk. Kaping kalih, kapenging têtulung. Punika ugi kêdah karucat salah satunggal, pundi ingkang dipun kajêngakên rumiyin. Inggih punika ngangkah pakantuk, lajêng kangge tulung. Makatên sapiturutipun.

c. Pangrucating raga, kados ta ing wêkdal punika raga butuh warni kalih, luwe kalihah ngaso, sabab sampun arip sangêt, punika ugi kêdah karucat salah satunggal pundi ingkang dipun lampahi rumiyin, sêlak nêdha punapa sêlak tilêm. Ingkang makantuki kasarasanipun dhatêng sarira tilêm rumiyin, satanginipun saking tilêm lajêng nedha. Makatên sapiturutipun. Dados wosipun kosok wangsul kalihan pangracut. Têrangipun malih makatên:

Sakathah wiji ing donya, punika ingkang sagêd têtêp sêsadonipun [sêsa...]

--- 9 ---

[...donipun] namung wiji sukma, awit sukma punika sakawitipun maligi murni namung sawiji, nanging sampun andarbèni sêsadon têtêp ingkang badhe tumuwuh. Mênggah bènèhipun kalihan wiji sanèsipun makatên:

Satunggaling wiji têtuwuhan, upaminipun kadosdene wiji bonggol pisang. Bonggol wau ugi sampun anggadhahi dhêdhapuk ingkang badhe tumuwuh, nanging taksih gaib sangêt, manungsa dèrèng paja-paja nyumêrêpi kawontênanipun dhêdhapukan bonggol pisang ingkang badhe tumuwuh. Sarêng bonggol pisang sampun tumanêm ing siti, dhêdhapukanipun lajêng sêmi, tumuntên nuwuhakên pupus, nuntên dêbog, ron sapapahipun, tuntut, tuwin sanès-sanèsipun. Wigaring tuntut lajêng mêdal wohipun. Manungsa botên nyana pisan-pisan bilih bonggol pisang dados samantên kawontênanipun, ngantos wohipun kenging katêdha ing manungsa. Nanging kawontênan wau têrkadhang sagêd sulaya tuwin nyalênèh. Kados ta: pisang botên awoh, pisang tanpa tuntut, pisang kathah tuntutipun, tuwin sanès-sanèsipun. Dados sêsadoning wiji pisang botên têtêp. Makatên ugi wiji sukma inggih botên wontên prabedanipun. Bedanipun namung prakawis kaalusan. Manungsa ugi botên gadhah pangintên,

--- 10 ---

bilih wiji sukma kawawa nuwuhakên swasana, minăngka dhêdhasaring gêsang ingkang narambahi sakathahing dumados, wusana sukma nuwuhakên sêsadonipun, inggih punika: rasa, cipta, tuwin raga, punika margi saking pakartining sukma ingkang sumêdya majêng angejawantah, têmahan damêl raga ingkang nyarupèni jiwa. Dados sêsadoning sukma tamtu têtêp, sabên adêging manungsa tamtu mawi: jiwa, rasa, cipta, tuwin raga. Bilih makatên manungsa tasah nandhang kalih prakawis. Inggih punika sakeca tuwin botên sakeca. Sanadyan ngantos dumugi pêjah, liripun: gêsang wontên ing alam kaalusan, mêksa nadhang kalih prakawis wau, sasampunipun sakeca lajêng botên sakeca. Sasampunipun botên sakeca lajêng sakeca malih. Makatên sadangunipun ngantos tanpa wangênan, dumugining wêwangên samăngsa manungsa sampun sagêd nindakakên ngèlmi pangrucat, inggih punika nyampurnakakên sawiji-wiji, sami kaudi mantuk dhatêng aslinipun piyambak-piyambak. Kados ta:

1. Raga wangsul dhatêng bantala.

2. Cipta wangsul dhatêng pawana.

3. Rasa wangsul dhatêng swasana.

4. Sukma wangsul dhatêng martana.

--- 11 ---

Mila makatên, amargi kawontênanipun gêsang punika langgêng tanpa ewah gingsir. Sarêng gêsang karakêtan sukma lajêng majanma, awit sukma watakipun sukma nukma. Sarêng karakêtan rasa lajêng ngwontênakên ewah, awit watakipun rasa sagêd molah-malih. Sarêng karakêtan cipta lajêng ngwontênakên gingsir, awit watakipun cipta sagêd ngolah-ngalih. Sarêng karakêtan raga lajêng ngwontênakên pêjah, awit watakipun raga sagêd risak. Nanging manawi manungsa sagêd nguwalakên sêsadonipun ingkang tigang prakawis, inggih punika kawawa mênêpakên wêninging rasa, kawawa mathêt ardaning karsa, sarta kawawa nglêrêmakên gambiraning raga, ing ngriku manungsa sagêd pêjah kalayan sampurna, dene pamêsating sukma nalika wontên ing alam pangimpèn, punika sajatosipun namung rasa ingkang sampun pinatah dados wêwakiling sukma, kinuwasakakên anjajah ngidêri bawana, ing ngriku pisahipun cipta kalihan rasa, awit wontên ing jaman pangimpèn budi botên kangge, kanggenipun namung wontên ing jaman kawungon, tangi gumregah rasa lajêng nukma ing cipta kêmpal dados satunggal malih, bilih sukmanipun tansah magrok botên ewah gingsir. Sabab pêcating jiwa andadosakên lêsahing raga. Lah makatên kawontênanipun bab kasukman ingkang nukma ing sarira. Wondene carakanipun nguwalakên sêsadoning

--- 12 ---

gêsang punika sarananipun kêdah mawi lampah samadi êning, mênggah pratelanipun kawrat ing bab kalih kados ing ngandhap punika:

II. Lampah Samadi

Lampah samadi punika wontên kalih tataran. Sapisan, gêgaranipun dumunung wontên ing rasa, tumindakipun wontên ing cipta. Kaping kalih, ugêripun dumunung wontên ing karsa. Tumindakipun wontên sirêping păncadriya. Mênggah katêranganipun ing ngandhap punika:

a. Samadining cipta, punika kêdah mêlêng pangèsthinipun punapa ingkang dipun siri. Botên kenging mèngèng utawi santun cipta, namung ngèngêt-èngêt prakawis satunggal, manawi ngantos gadhah kênyut kêkalih, punika mêcahakên pamêlênging cipta, wêkasan anjugarakên sêdya. Dados sadèrèngipun cipta wau tumancêp dhatêng ingkang tinuju botên kenging mangro manglu ing tingal. Bilih kapêksa buyar kenging dipun ambali malih.

b. Samadining păncadriya, sadaya kêdah kasirêp, botên ngraosakên pagêpokan, botên ngisêp gêgandan, botên ngicipi têdha, botên mirêngakên swara, tuwin botên ningali rêrupèn. Bêbasan: nutupi babahan hawa sanga, pêjah salêbêting gêsang. Mênggah pêpuntoning batos makatên:

--- 13 ---

Botên mikir dhatêng samubarang ingkang katingal ing paningal, sarta kêdah èngêt dhatêng paugêraning cipta, wêwatonipun mêndhêt sadhèngèh[2] ingkang katanggapan dening păncadriya punika kadudokakên, sabab tumanggaping păncadriya punika ngaling-alingi dhatêng ing kayêktèn. Awit sajatining barang ingkang kanyataan ing lair punika sadaya botên yêkti. Liripun: botên têtêp kawontênanipun, samăngsa păncadriyanipun manungsa risak palawanganipun, sakathahing kawontênan wau botên dados paugêraning samadi. Dados tumanduking păncadriya punika namung sagêbyaran kemawon, kadosdene pikiring manungsa nalika nanggapi wêdharing sasmita ingkang sawêg tumuwuh. Punika kawontênanipun botên langgêng. Têmbung: sawêg, nelakakên bilih dèrèng dumugi. Nanging mangke badhe wontên kalamangsanipun sagêd langgêng salaminipun. Têrangipun malih makatên:

1. Sasampunipun manungsa sagêd nyirnakakên raosing pagêpokan, inggih punika sumèlèhing sarira kaanggêp kadosdene botên dumunung wontên ing alam donya, ing ngriku lajêng rumaos manggèn wontên ing alam kaalusan. Makatên kawontênanipun jaman ingkang yêkti, dene jaman ingkang nyata. Punika ingkang dados paugêraning samadi, kawawa ambuka tumamaning [tu...]

--- 14 ---

[...mamaning] cipta, ing wêkasan sagêd kasêmbadan punapa ingkang sinêdya.

2. Sasampunipun manungsa sagêd nyirnakakên raosing pangambêt salêbêtipun samadi, ing ngriku lajêng ngingsêp gêgandan ingkang langkung murni, inggih punika gandaning sari-sari, minăngka kêkiyataning cipta, têmah kawawa mujudakên sadhengah ingkang pinuju. Inggih punika barang ingkang narik gêtêring karsa. Bêbasan dadi saciptane, katêkan sapanuwune, amargi punika ingkang dados larasing sêdya. Ingkang nuju ingkang tinuju, saèstu sami kêncêngipun, kalampahan purug-pinurugan, wêkasan gathuk dados sajiwa.

3. Sasampunipun manungsa sagêd nyirnakakên raosing pangicip, ing ngriku lajêng nêcêp pêpêthinganing pathi-pathi ingkang andadosakên suburing karsa, têmah kawawa mêlêng pamanthênging cipta.

4. Sasampunipun manungsa sagêd nyirnakakên raosing pamirêng, saèstu lajêng wontên sasmitaning sabda ingkang tumuwuh, inggih punika swara batin ingkang nguwalakên swara ing lair. Ing ngriku manungsa wiwit mingis tanggaping panggarjita. Nuntên anglampahi pakèn ingkang sampun pinasthi, têmah kawawa nuwuhakên prabawa, kawula sampun apindha gusti.

Wontên satêngahing kaol saking para wicaksana ing jaman purwa, suraosipun makatên:

--- 15 ---

Manungsa salêbêtipun ngangge badanipun wadhag, manawi bantêr kasutapanipun, sagêd dados Pangeran Ingkang Maha Kuwasa.

Suraosing kaol ing nginggil punika saèstu andadosakên gênjotipun tiyang sajagad. Jalaran mirit gumêlaring wêwarah, tuwin sumêbaring sêsorah, sèwu nglêngkara sangêt, bilih majading kawula sagêd dados gusti, badan wadhag sagêd dados bêbadan alus, utawi manungsa sagêd dados Pangeran. Punika mokal sakêthi mokal. Awit sampun wontên bêbasanipun, mungguhing kajatèn: kawula iku akèh dudune. Têgêsipun: bangêt gone dudu Pangeran. Makatên malih sampun kasêbut: manungsa iku apês, amung Pangeran kang kagungan kuwasa mêngku sakalir. Sanadyan ingkang nêdhak sêrat punika, inggih sakalangkung anggènipun malêngak, dene suraosing kaol wau botên kintên-kintên nyêbalipun, sarta inggih botên anggadhahi cipta ingkang kados makatên wau. Ewadene wiyar-wiyaring jagad, beda-bedaning pamanggih, bêbasan: sapandhita sapa nêmu. Kula ngantos rumaos bodho sangêt. Mila panjênênganipun para maos, mugi sampun enggal-enggal anggêga, utawi sampun kasêsa maibên. Kêdah mawi katalusur nalar-nalaripun, tuwin katêranganipun ingkang dados ugêring sêsulang kacariyos makatên:

--- 16 ---

Băngsa Jawi saèstunipun kathah sangêt ingkang sampun nate ningali ringgit purwa. Inggih punika ingkang dados tancêbing raos băngsa Jawi. Lêlampahanipun tiyang jaman purwa punika ingkang dados ugêring pamanggihipun băngsa Jawi. Saèstunipun băngsa Jawi sampun nate sumêrêp saha mudhêng dhatêng ringgit purwa, ingkang nama Prabu Suyudana ratu ing nagari Ngastina. Utawa ingkang nama Radèn Janaka satriya ing Madukara, tuwin sanès-sanèsipun.

Punika panganggêpipun dhatêng Bathara Guru kados ratuning jagad. Sabab Bathara Guru punika jawata. Têgêsipun: manungsa ingkang linangkung, kuwasa murba masesa dhatêng sakathahing titah. Kacariyos, jawata punika botên kenging pêjah, mila kaanggêp pangeraning jagad dhatêng para tiyang ing jaman purwa. Wontên malih jawata kuwasanipun ingkang ngungkuli Bathara Guru wau. Inggih punika Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Wêning, Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Nurrasa, tuwin Sang Hyang Nurcahya. Punika saya kalangkung-langkung kuwasaninun,[3] sagêd nitahakên sakalir-kalir, mila sinêbut: Sukma Kawêkas. Têbih sangêt tinimbang kalihan Bathara Guru, ingkang sampun kaanggêp pangeran dening para titahipun sadaya, suprandene sakathahing sang hyang-sang hyang wau sadaya taksih sami kados sacaraning manungsa, nglampah [ngla...]

--- 17 ---

[...mpah] anak bojo, tuwin agêgriya (manggèn) măngka punika sanginggilipun sangêt kalihan ingkang sampun kaanggêp Pangeran dening tiyang ing jaman purwa. Dene para tiyang ingkang sami nganggêp Pangeran dhatêng kayu, watu, sato, tuwin têtuwuhan, punika têbih sangêt kalihan nalar-nalaring kuwasa, pantês bilih sasara panganggêpipun.

Dados manawi mirit sêsulanging kaol ing nginggil wau, mênggah bab mêloking Pangeran, walak-walak wontên landhêping panggraita. Sintên ingkang mangrêtos tetela wahyu, inggih punika lasing manungsa. Wusana nyumanggakakên.

5. Sasampunipun manungsa sagêd nyirnakakên raosing paningal, tumuntên santun wawasan ingkang dhatêng kajatèn. Kamplunging pamawas lajêng nunggil kaanan. Samăngsa sampun sawiji wujud, têmah kawawa mêngku sagung dumados. Lah makatên kawontênaning samadi ingkang mêdal saking tumamaning cipta. Nyilêp păncadriya lair nuwuhakên păncadriya batin, mila winastan dasan driya. Liripun, raosing lair sampun kalêbêtakên raosing batos dados satunggal. Inggih punika nama ngèlmi pangrucat. Dados taksih tumindak wêngku-winêngku. Sampurnanipun samăngsa sampun botên mêngku botên kawêngku, kantun maligi langgêng mulya salaminipun. Dene ingkang [ing...]

--- 18 ---

[...kang] kapusthi botên liya namung kaananipun barang satunggal, ingkang murni botên kawoworan.

Kawruh pangracut ngêmpalakên, nanging kawruh pangrucat malah nguwalakên. Awit bilih taksih nama kêkêmpalan, tamtu sami nganggêp gadhah kuwasa piyambak-piyambak. Kadosdene kêmpalipun talèn, kêthip, tuwin kêlop, ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng. Sasampunipun sami dados benggol, talèn taksih anggadhahi raos mêngku dhatêng benggol. Awit kadadosanipun benggol asli saking talèn. Makatên ugi panganggêpipun kêthip tuwin kêlop dhatêng pun benggol. Dados wosing pangracut taksih nindakakên ing pandamêl, pangrucat nyirnakakên ing pandamêl. Samubarang ingkang taksih kaangge tamtu wontên prakawisipun, sampurnanipun bilih sampun botên kaangge, sampun nama rampung.

Mênggah anggènipun nêdya nyirnakakên barang ingkang wujud, sarananipun kêdah ngêrêmakên paningal. Awit manawi taksih ambuka netra, tansah katutan pêthaning wujud ingkang sampun nate tiningalan. Ngipatakên sêsawangan ingkang sampun nate kawangwang punika botên gampil, saèstu tansah gawang-gawangan. Nanging manawi sampun têmên mêrêm paningalipun, sakathahing [sa...]

--- 19 ---

[...kathahing] sêsawangan punika saya dangu saya sirna pêthanipun. Dene êrêming paningal wau inggih kêdah mêrêm dalah pamikiripun, dados santun wawas ing batos, mênggah ingkang kawawas botên liya inggih namung satunggal ingkang anggêsangi, inggih punika ingkang nunggil grêng, tuwin nunggil kaanan kalayan manungsa. Gambuhing pamawas ingkang dhatêng kajatèn, kawawa nyupèkakên wawasan lair. Ing ngriku manungsa sawêg anggraita bilih wujud ingkang sajati punika langgêng botên ewah gingsir. Dene sakathahing barang ingkang katingal ing donya punika sadaya ewah-ewah. Kados ta: kèndêl dados ebah, nèm dados sêpuh, makatên sapiturutipun. Mila babagan lair punika winastan botên yêkti, ewahing kaanan andadosakên sirnaning kayêktèn, beda kalihan wujud ingkang langgêng, botên sagêd ewah gingsir kayêktènipun, langkung malih sirna, saya nyamut-nyamut sangêt, mila wujuding Pangeran katamtokakên wontênipun, namung mêlokipun kêdah mawi kapuruhitakakên ing măngsa kalih. Awit punika gêgêbêngan ingkang dados wadining jagad.

III. Pamardining Cipta

Mênggah kawontênaning cipta punika kaperang-perang dados tigang bageyan agêng. Katêranganipun kados ing ngandhap punika.

--- 20 ---

a. Utamining cipta, nguja ambêk trêsna tuwin wêlasasih dhatêng sadhengah, sanadyan dhatêng ingkang nganggêp mêngsah ugi dipun utamèni. Awit ingkang nama kautaman punika botên ngamungakên asih dhatêng tiyang ingkang sae kemawon. Sanadyan dhatêng tiyang ingkang awon inggih sami dipun sihi. Punika malah ingkang nyantosakakên luhuring kautamèn.

b. Madyaning cipta, nindakakên kalimrahan ingkang makantuki ing ngakathah, supados gêsangipun manungsa sagêd racak sêsarêngan anggayuh karahayon.

c. Nisthaning cipta, ngumbar sawarnining tindak ingkang asor, inggih punika ngrisak kamanungsaning agêsang. Kados ta: damêl kapitunan, tuwin damêl tatu manahing liyan, sabab saking murka angkaranipun, punika kêdah kasirnakakên sampun ngantos anglabêti. Sirnaning cipta ingkang nistha wau andadosakên sêsêmbuhing samadi. Têrangipun makatên:

Raganipun manungsa punika minăngka wadhah, ciptanipun minăngka isi. Bilih botên mawi kapardi sagêd andadosakên sambekalaning lampah. Awit tumangkaring cipta sagêd ngămbra-ămbra angèbêki bawana. Pêcahing cipta andadosakên rêncananing agêsang, wêkasan lajêng moyar ingkang pinanggih, mila kêdah kaudi kênthêlipun, supados sagêd dados têntrêm, [têntrê...]

--- 21 ---

[...m,] dene kalampahanipun têntrêm samăngsa sampun tata, sarta ingkang pêrlu kêdah tata rumiyin, lajêng têntrêm, dados tata têntrêm, botên têntrêm tata. Dene ingkang katata botên liya inggih namung lampahing patrapan.

1. Patraping solah bawa, kêdah ngatos-atos.

2. Patraping pangucap, kêdah têmên sarta manis.

3. Patraping pasêmon, kêdah bingar sarta sumèh.

4. Patraping raos, kêdah rês manunggil laras.

Lampah kawan prakawis wau manawi mantêp, sagêd nyantosakakên ing katrêsnan. Santosaning katrêsnan sagêd nuwuhakên kêkiyatan ingkang linangkung. Ing batos tansah adhêdhasar manah rahayu. Atuling karahayon andadosakên utamining budi. Inggih punika gêgayuhaning lampah ingkang luhur piyambak. Dados sadintên-dintên manungsa kêdah anggêgulang atuling cipta rahayu, sampun ngantos nanêm saksêrik, punika kêdah sangêt kaèngêt-èngêt. Awit tuking pangawasa punika gumantung wontên ing katrêsnan, sarta wêlasasih.

Manawa manungsa sampun sagêd ngagêm kasusastraning cipta, punapa ingkang tinuju saèstu butul.

Lah makatên tataraning ngèlmi pangrucat. Sarèhning ingkang sami gadhah panggayuhing kasampurnan punika taksih sami manungsa

--- 22 ---

walaka dados carakanipun kêdah dipun rangkêpi lampah lair, supados sagêd narik minggah dhatêng lampah batos. Lèrègipun anggêgulung kasucèning budi.

Tamat suraosipun Sêrat Kawruh Pangracut punika, mugi dadosa wêwatoning tekad.

__________

--- [0] ---

Ing ngandhap punika sêrat-sêrat pilihan ingkang prayogi, lan ingkang dipun rêmêni ing pamaos.

Dewa Ruci.

Arya Sena maguru dhatêng Dhanghyang Durna kapurih ngupados toya gêsang, mawi sêkar macapat, dipun wêrdèni gancaran dening swargi M. Ng. Mangunwijaya ing Wanagiri. Tamat, cap-capan ingkang kaping IV, rinêngga gambar 4 iji. Rêgi f. 0.65 prangko f. 0.13.

Kawruh Sanggama.

Amarsitakakên patrap sarta mantranipun sarêsmi ingkang sagêd karaos marêm carêm tumrap wanita, tuwin prayogi kadadosaning putra. Cap-capan ingkang kaping III, rinêngga ing gambar. Rêgi f 0.75 prangko f 0.13.

Kidungan.

Punika sêrat kina pralambangipun ngèlmi Islam ingkang sajati, tuwin minăngka wêwarah pamujining kawula dhatêng Gusti, ikêtanipun Kangjêng Susuhunan Kalijaga: waliyulah, kasambêtan ikêtanipun Kiyai Răngga Sutrasna, pujăngga. Cap-capan ingkang kaping V, rêgi namung f 0.50 prangko f 0.10.

--- [0] ---

Ngèlmi Panujuman.

Kawruh gaib ingkang mratelakakên wahananing lohkil makful, inggih punika marahakên papaning bêgja tuwin cilaka ing dalêm sadintên sadalunipun. Cap-capan ingkang kaping III rêgi f 0.30 prangko f 0.08.

Sasmita Warni-warni.

Anyariyosakên bab sasmitaning supêna, grahana, lindhu, sato kewan sasaminipun, tuwin kêdut ing badan, katêrangakên satunggal-tunggal wahananipun ingkang badhe pinanggih. Cap-capan ingkang kaping kalih, rêgi f. 0.50 prangko f 0.10.

Wulangrèh.

Punika sêrat Wulangrèh ingkang taksih lugu, botên kaewahan, anggitan dalêm P.B. IV. Cap-capan ingkang kaping II, rêgi f 0.50 prangko f 0.10.

Ingkang nyênyadhang wêlingan:

Toko buku Tan Gun Swi

Kêdhiri

--- [0] ---

[2 halaman iklan]

 


wontên. (kembali)
sadhengah. (kembali)
kuwasanipun. (kembali)