Widya Pranawa, Waradarma, 1935, #114

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêgi: F 0.50

SERAT WIDYO PRANOWO

Sêrat Widya Pranawa

Têmbung saha aksara Jawi mawi sêkar, ngêwrat kawruh gaib, limrahipun winastan: ngèlmi kasampurnan. Anyariyosakên warsitanipun Sang Rêsi Sasmaya, dhatêng Radèn Arjasa. Karanganipun priyantun sagêd ing kina.

Cap-capan ingkang kaping kalih, kawêdalakên gagrombolaning warga Waradarma, ing kitha Têmanggung.

Sagêd pikantuk tumbas dhatêng adrès: R. Prawira Sudarja, ing kampung Kauman Têmanggung.

Ing taun 1935

--- [0] ---

SERAT WIDYO PRANOWO

SÊRAT WIDYA PRANAWA

Têmbung saha aksara Jawi mawi sêkar, ngêwrat kawruh gaib, limrahipun winastan: ngèlmi kasampurnan. Anyariyosakên warsitanipun Sang Rêsi Sasmaya, dhatêng Radèn Arjasa. Karanganipun priyantun sagêd ing kina.

Cap-capan ingkang kaping kalih, kawêdalakên gagrombolaning warga Waradarma, ing kitha Têmanggung.

Sagêd pikantuk tumbas dhatêng adrès: R. Prawira Sudarja, ing kampung Kauman Têmanggung.

Ing taun 1935

--- [0] ---

Buku cap-capan ingkang kaping kalih punika: sahipun wontên tăndha tanganipun ingkang ngêdalakên.

[Tanda tangan Prawira Sudarja]

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. kang winulat lukita mêmanis | nir kaardan ardayèng budaya | kinarya sudarsanane | miluta rèh rahayu | kayuwarnan madawaning sih | susilarja martana | pawiyatan agung | sanitya sinidhikara | murih dadya lantaraning wasita di | wahyaning kanugrahan ||

2. kapiyungyun amanitrèng tulis | kang winêdhar pandum pandaming tyas | mrih kawuryan mupangate | ngripta marsudi kawruh | kang ginaib sampurna jati | sayêkti tan katênta | sarjana pinunjul | muhung aminta aksama | mring sanggyaning kang samya anupiksani | mugyantuk kasudarman ||

3. kang jinêjêr purwaning kintèki | mahawipra kalihan siswaya | wiku dibya bêbisike | Rêsi Sasmaya luhung | asramanya Nglanjira wukir | ngongkang têpi udaya | wisma pelag munggul | kanan kering pasawahan | tinon saking mandrawa kawuryan asri | lir satataning pura ||

4. kathah para sujanma nyênyantrik | anjêjanggan manguyu sang dwija | supênuh pratapan andhèr | sajuga siswanipun | nama Radèn Arjasa pêkik | yèku trah Witaradya | sumêngka ngasamun | sumewa sang maiswara | nèng pratapan umancur cahya nêlahi | bawaning budyotama ||

5. sasolahnya tansah

--- 2 ---

milangoni | kêkulitan jêne amradipta | netra jait wèh wirage | dêdêg pidêgsa mungguh | ulat sumèh graita lantip | sarira rurus raras | ing wataranipun | sang pêkik sampun diwasa | nêdhêngira ing yuswa ulah karêsmin | nging lumuh palakrama ||

6. rêmên mangun kridhaning sêmèdi | ahli rasa ngudi kasampurnan | mrih tan samar panunggale | adrêng pratignyèng kalbu | yèn tan antuk pitutur jati | suka rila palastra | nityasa kayungyun | yun wikan mêlokirèng Hyang | kang murwèng rat kawasa ing dunya ngakir | inggih Allah Taala ||

7. myang winantu cêgah dhahar guling | sinubrata amêmati raga | ing mangke praptèng dhepoke | marêk sang maha wiku | ing asrama Nglanjira wukir | ngabyantara sang dwija | Sasmaya linuhung | pandhita sidik paningal | karêm tapa licin mati jroning urip | sinupêkêt Hyang Suksma ||

8. yuswanira ing wanci wus lingsir | pasariran brit anglangsêp saras | sarèh titis wicarane | kamot lêgawèng kalbu | cahya wênês muncarnêng sêmi | jatmika solah bawa | dêdêgira ngangkung | pantês pandhita ing praja | tata titi wignya karyenaking ati | ing ari juga lênggah ||

9. munggèng bale pahoman rêspati | pêpak [pêpa...]

--- 3 ---

[...k] cantrik manguyu jêjanggan | Dyan Arjasa nèng ngarsane | sumungkêm marikêlu | gung manganti-anti wahyaning | sabda warsitotama | wau ta sang wiku | mèsêm sarwi angandika | hèh ta kulup Arjasa sira wus lami | anèng pratapan ingwang ||

10. lah ta mara matura dèn aglis | rèh wus suwe ngadhêp jênêng ingwang | apa kang sinêdya anggèr | ing kene gon ngasamun | nora nana kang sarwa bukti | mung godhong kang kumleyang | kaki ananipun | sêpi ingkang warna endah | busana di wonya tan ana pinanggih | tuna langêning dunya ||

11. mung yèn enjing suwaraning pêksi | mawurahan amăngsa wowohan | sato kewan sabawane | kapyarsa karna umyung | samya ngudi ingkang binukti | ing rina suwung sunya | datan kapirungu | saya ing dalu bawanya | nyênyêt atis tidhêm tan awalang sisik | apa gèr sira jênak ||

12. matur aris Arjasa wotsari | kasinggihan dhawuhnya sang tapa | langkung suwung tanah pardèn | tan wontên melikipun | langên suka raras taruni | sanès tinimbang praja | mêpêki sadarum | nanging sampun ulun jarag | nusup wana tumurun ing jurang trêbis | prapta pucaking arga ||

13. sapunika amba wus sumiwi | ngabyantara ing ngarsa paduka | kang kawula [ka...]

--- 4 ---

[...wula] sêdya mangke | nyuwun barkah pukulun | mugi paring warsita jati | saking kapingin dahat | prastawaning ngèlmu | măngka sajatining gêsang | ing pralaya manggiha nugraha luwih | murnining kamanungsan ||

14. jroning dunya lan suruping pati | pitêdahna darapon wikana | mrih salamêt salamine | Sasmaya Sang Awiku | anggarjita sajroning galih | pintêr têmên nak ingwang | dhasar warna bagus | wasana alon ngandika | adhuh babo putraningsun wong asigid | ingkang ambêg swarjana ||

15. iya kulup ingsun pituruti | lamun sira trima kawruh ngarga | ugêr mantêp pangudine | nyênyuda mangan turu | cêgah hawa nêpsu sêkalir | rila têmên myang pasrah | kumandêl Hyang Agung | yèn wus gonah maring Allah | yêkti sira darbe ambêg trêsna asih | pitulung lan ngapura ||

16. laku astha anggèr migunani | marmanira kang bêtah mêngangkah | iya dèn têlatèn bae | nekadkên anèng gunung | nênga sêpa tumungkul sêpi | maha mring lara lapa | yèn bangkit sirèku | ing kono kasidanira | anampani ngèlmuning Hyang kang piningit | kalis sakèhing coba ||

17. matur nuwun Arjasa wotsari | sarwi ngaras padanya sang dibya | amba nyuwun pangèstune | kang

--- 5 ---

supadya lumuntur | kasumbagan tulus kuwawi | sumawita nèng arga | amanganti dhawuh | rumentahing kawilasan | tinarbuka wahyaning warsita lungit | mupangati ing gêsang ||

18. kawula nèng pratapan puniki | sampun angsal supangat paduka | botên wontên sangsayane | tan niyat mangan turu | botên arip tanapi ngêlih | mung eca lan sakeca | nikmat siyang dalu | jinêm ayêm mring pangrasa | sarwa-sarwi baudêndha nyakrawati | têtêp iman hidayat ||

19. sabawaning sato ing wanadri | karya langên lir swarèng pradăngga | nganyut-anyut pangrangine | myang kumriwiking ranu | ingkang mili sing tlaga wêning | mawèh asrêping tingal | pasramaning gunung | wiwitan kathah ngrêmbaka | woh andadi mupangati ing pangèksi | kêmbang amăncawarna ||

20. ri sêdhêngnya mêgar gandanya mrik | kasilir ing samirana ngambar | angosikkên wardayane | dadya langêning kalbu | pamingising rasa sêjati | kawula langkung krasan | botên nêdya mantuk | ing wisma wangsul mring praja | awit kathah godha rêncananing kapti | rumakêt păncadriya ||

21. siyang dalu pêpenginan mintir | ing satêmah kèrêm pakarêman | gagar wigar panggusthine | bancana bya[1] tumêmpuh | amrawasa mring kautamin |

--- 6 ---

kèlu ardaning hawa | linantur dalarung | puwara tumibèng papa | pilih janma nèng praja kang ulah ngèlmi | kawawa bengkas hawa ||

22. bênêr kulup panêmunirèki | luwih abot anggayuh nugraha | praja kèh sambekalane | yèn tan awas lan emut | angurêbi rahayu budi | sêngsêming kasudarman | ajrih mring Hyang Agung | yêkti binedhung kaardan | yèn kacuwan nêmpuh byat tindak tan yukti | sadhela praptèng papa ||

23. katêlasan tilasing sujanmi | dadya têbih marang karaharjan | aji godhong aking anggèr | bênêr dèn awas emut | mring pamurung lêlakon bêcik | awas dadi pamawas | luput kurang emut | Arjasa matur wotsêkar | nuwun mugi antuk supangat sang yogi | ngungkurkên ardangkara ||

2. Pangkur

1. sang wipra malih ngandika | lah ta para janggan manguyu cantrik | rèh wus dangu gon sun lungguh | anèng sanggar planggatan | sakancanta padha ngasoa sadarum | Ki Arjasa dhèrèkêna | dimèn lêrêm wisma wingking ||

2. lingsir kulon wayahira | tikbra layu mèh suruping hyang rawi | sigra jêngkar maha wiku | sadaya wus bibaran | sang bagawan manjing wisma panggih sampun | rubiyahira ingagnyan | mirantèni baksanèki ||

--- 7 ---

3. parèstri matur sandika | gita lajêng nyukupkên kang sêjati | kathah kang samya misungsung | labêting kasutapan | warna-warna kang katur apan lumintu | ulam miwah dhêdhaharan | tan wontên pêdhotirèki ||

4. sêkul tumpêng bêras abang | lawuhanya mung gudhang roning sambi | lombokira cabe wungkul | lalaban kara pêthak | wus katata sampat ing pangruktinipun | ing wanci surup hyang arka | sang pandhita gya nimbali ||

5. siswa cantrik myang jêjanggan | pra manguyu sawise ngaso sami | tinimbalan sadayèku | ingajak sarêng dhahar | siswa Radèn Arjasa bojana kêmbul | langkung sukaning wardaya | dene eca dènnya bukti ||

6. sang tapa sangêt karênan | awit sami katingal sêtyèng ati | maèswara ngandika rum | lah cantrik kabèh mara | padha sira sêsucia lan nak ingsun | lire suci iku aja | kaworan hawaning ati ||

7. angên-angên ênêngêna | kang pangrasa arahên dimèn wêning | iku sukci têgêsipun | mulane kabèh padha | ingsun pêrdi ngêningkên păncadriyèku | cantrik manguyu jêjanggan | bakal ingsun kon nêksèni ||

8. gonku marsita Arjasa | mêngko yèn wus wanci madyaning ratri | kang ingagnyan matur nuwun | saking dhawuh paduka [pa...]

--- 8 ---

[...duka] | nulya sami nata pamêjanganipun | rinêsikan myang dinupan | sinêbaran sêkar wangi ||

9. kayu candhana ingobar | garu pucuk kalawan kayu lêgi | pamurih dêdupa iku | gandanira mrik ngambar | sinêbaran kêmbang wangi pamrihipun | palinggihan rinêsikan | dayane dadi sawiji ||

10. rêsik rêsêp rasa gêsang | wangi wingit pangrasaning aurip | dupa ngambar amrik arum | mêngakkên kawêningan | kunêng sampun prapta wanci têngah dalu | sang dwijawara alênggah | sanggar pamarsitanèki ||

11. ingadhêp cantrik jêjanggan | pra manguyu jèjèr lênggahnya têbih | kang ngadhêp kapara ngayun | siswa Radèn Arjasa | atrapsila jatmikantêng sêmu dêkung | tumiling ing karna kanan | wau ta sang maha rêsi ||

12. hèh kulup bocah jênthara | piyarsakna sêsorah ingsun dhingin | nalika jaman karuhun | pra wali nèng Bintara | musawarat gunêm sakathahing ngèlmu | kang kanggo tekading gêsang | ing dunya suruping pati ||

13. pramuka Jêng Maolana | saking Arab wrêdaning wali mukmin | Sunan Giri Benang ngumpul | Sunan Gêsêng Prawata | Sunan Ngampèl Cirêbon Susunan Kudus | Sunan Lèpèn Siti Jênar | siyang dalu ginêm ngèlmu ||

14. kang rinêbut dalêm tekad | mungguh [mung...]

--- 9 ---

[...guh] Allah pundi kang dèn antêpi | wit Pangeran Kang Maha Gung | tanpa ênggon myang arah | boya kăndha cahya warna rupa wujud | apan ora sipat ngadam | yêkti anane Hyang Widhi ||

15. mokal yèn ora anaa | pusa dunya makluk nora dumadi | golonging tekad kang jumbuh | wus sami kaincupan | panjênênganing jêng pra wali sadarum | ngadêkkên Jumuwahira | ing masjid Dêmak miwiti ||

16. agama Islam minulya | kathah para jalma maklum nglampahi | sumêmbah Hyang limang wêktu | srengat jêng nabi duta | salat luhur ngasar magrib ngisa subuh | warata sapraja Dêmak | ngèstokkên ngibadah sukci ||

17. amung Jêng Sèh Siti Jênar | angêngkoki ngèlmune tutul pêtis | tan yun sarengat jêng rasul | mustapa dipaningrat | para wali sadaya kathah kang mêsgul | satêmah tan rinujukan | maring sagung wali mukmin ||

18. iku kulup têtuladan | lamun sira ulah ngèlmu sêjati | kang rapêt pangrêgêmipun | aja maoni liyan | ujêr tekading janma yêkti asnapun | beda-beda ingantêpan | utamane angumpuli ||

19. yèn pinêngkok kang kumambang | aja kêncêng nadyan kawruhe murni | kang ngalah ngecani kayun | ing lair trusing manah | trima pasrah iku janma sudibya nung | slamêt [slamê...]

--- 10 ---

[...t] tuna duka cipta | kinamulèn ing sasami ||

20. lah ta kulup rasakêna | iku pantês tinurut dèn lakoni | Radèn Arjasa umatur | sarwi angaras pada | kula nuwun mugi angsala pangèstu | ing paduka sang pandhita | dadosa pêpèngêt yêkti ||

21. kawula pundhi mustaka | murih dados jêjimat anartani | tumêrah budi rahayu | raharjaning tumitah | wiku dibya mèsêm ngandikèsmu ngungun | bocah iki luwih limpat | pamicaranya pratitis ||

22. lah ta kaki èstokêna | kawruh patrapan dêlinganing ngèlmi | kijab kapisan puniku | dulu têlênging mripat | klayan mêlèk dene kijab kalihipun | uga dulu tlênging mripat | klayan rêm-rêm ayam kaki ||

23. dene patrap kijab tiga | kang pangrasa kapandêngna manginggil | têlênging pramana kulup | rasaning kaelingan | iku măngka dayane nucèkkên kalbu | dêling kanggo miyarsakna | ing mêngko pamêjang mami ||

24. ngêtrapna kijab kapisan | yèn wus antêng unggahna kijab kalih | kalamun wus krasa luyut | nuli kijabna tiga | ingkang mindêng mrih antuk wênganing idhup | mêngko sirenggal matrapna | yèn ingsun narbuka kaki ||

25. Radèn Arjasa manêmbah | tur sandika saking dhawuh sang yogi | ulun èstokkên satuhu |

--- 11 ---

punapa sabda tuwan | ingkang mugi antuk supangat saèstu | saking barkah jêng paduka | janma taruna ngastuti ||

3. Sinom

1. ngandika malih sang dwija | kulup dikapara ngarsi | piyarsakna kang pratela | ingsun iki mung sadarmi | nglairkên kawruh jati | agêming sujanma luhung | ing nguni critanira | kang paring barkah mring mami | panukuning ngèlmu sampurnaning gêsang ||

2. saking watêk asthaguna | iku kalakuwan bêcik | satunggal wêwatêk sabar | nora kêna muring-muring | hawa nêpsu sumingkir | kalih karilan puniku | nora kêna ngrêsula | gagêtunira sumingkir | tiga têmên nora kêna palacidra ||

3. cêgah melik slingkuh dora | kang datansah boya kêni | sakawan wêwatêk pasrah | samar uwas boya kêni | ngandêl kumandêl wajib | maring Allah Kang Maha Gung | kawula mung sadarma | tan darbe kawasa kaki | ala ayu bênêr luput kari nyandhang ||

4. amung rinilan istiyar | pamilihing rèh basuki | wit manungsa nora wikan | barang kang durung kalair | apan punika kaki | ingkang wajib darbe laku | yêkti ngên-angênira | iku gêlênganing ati | lingga maya utawa Betal Mukaram ||

5. kang mupangat kinarilan | mênêng ru-araning ati | wêkasan sukci malela [ma...]

--- 12 ---

[...lela] | mosik eling mring utami | kalima watêk asih | nora kêna ewan kulup | têgêse asih wêlas | tuntung dhêmên kang sayêkti | kanêm trêsna nora kêna panastenan ||

6. têgêse trêsna awêlas | nanging tuntung sêngsêm kaki | ingkang wajib darbe lampah | iya pangrasa sang urip | ing jantung sasanèki | daryamaya aranipun | têtêp ratuning nyawa | mupangatnya dèn rilani | mring Hyang Suksma wêning krasaning pangrasa ||

7. dene watêk kapitunya | rêmên pitulung sasami | ingkang samya nandhang susah | tan kêna tahanan kaki | mêrêm nora mraduli | mring kapêsaning aidhup | wolu watêk ngapura | acêgah ngukum wong sisip | datan kêna amisesa nganiaya ||

8. iku kang darbèni lampah | imanira ya sang eling | sasana ing wahya maya | Betal Makmur ingkang wajib | ngupangat dèn rilani | kuwasa maring Hyang Agung | têgêse tinurutan | sapantêse kang kinarsi | jangkêp asthaguna kulup èstokêna ||

9. Arjasa matur sandika | mugyantuk barkah sang yogi | sagêd nglampahi pitêdah | watêk kang manjing mas kawin | angangge ngèlmu gaib | kawula nuwun sang wiku | ing mangke karilana | paduka marsita ngèlmi | pitakenan myang panjarwa [panjar...]

--- 13 ---

[...wa] kawan wlas bab ||

10. Rêsi Sasmaya ngandika | dhuh putraningsun wong pêkik | mara ta gèr wis kijaba | anêtêpi kang wawêling | lah ta janggan myang cantrik | utawa sira manguyu | kabèh padha nyêdhaka | mèlua ngrungu sirèki | utawane nganggoa matrapna kijab ||

11. darapon dêlinging sabda | krasane pamêjang mami | lan dupane gêdhèkêna | mrih ngambar gandane dadi | mêngakkên rahsèng urip | nuwun sandika turipun | samya maju anyêlak | anèng kanan miwah kering | sanalika prasami matrapkên kijab ||

12. sang wipra lênggah trapsila | majêng mangetan mantêsi | yèn ginagas duk ing purwa | lir jawata suranadi | angudankên wêwangi | mangejawantah tumurun | yèku Hyang Komajaya | aparing pitutur jati | mring Arjuna sampurnanira ing gêsang ||

13. hèh ta anggèr putraningwang | tampanên wasita mami | kanthi bêninging pangrasa | lawan aja obah osik | manêmbah kang sinung ling | maksih antêng kijabipun | umandêng ing swasana | awang-uwung kang kaèksi | dhuh Arjasa pitakonan kang kapisan ||

14. ing pundi aran kawula | inggih kita kang sayêkti | panjarwa wèh pituduhan | kang nama kawula iki | iya kita sajati | badan wadhag srandunipun [sranduni...]

--- 14 ---

[...pun] | wulu kulit kalawan | balung sungsum otot daging | bayu-bayu jêroan sasaminira ||

15. kasamadan tri purusa | kapisan ilining gêtih | karo napas manjing mêdal | têlu păncadriya urip | prabot kawan prakawis | pandulu pangrungunipun | pangambu myang pangucap | iku kawula rannèki | jênêng urip sipat wujud gingsir owah ||

16. marma barang lêlampahan | kawula darma nglakoni | wajibe amung istiyar | pamilihira ing bêcik | marga kawula iki | tan wruh ing sadurungipun | bab pindho pitakonan | pundi kang winastan Gusti | mênggah Allah Taala sêjatinira ||

17. panjarwanira mangkana | mungguh ingkang aran Gusti | Allah Kang Maha Kuwasa | sêsinglon pramana jati | ngandika tanpa lathi | wuninga nora andulu | karaton wahya maya | Betal Makmur ing Arabi | sipat langgêng Allah boya kenging risak ||

18. duk jagad dèrèng gumêlar | maksih ngadam sunya ruri | Allah jumênêng priyăngga | dadya anane dhingini | ing akir amungkasi | datira Suksmayèng idhup | iku kang aran Allah | tanpa kăntha rupa warni | nora arah ênggon wajib ananira ||

19. bab ping tiga pitakenan | pundi kang winastan urip [u...]

--- 15 ---

[...rip] | kang nguripi sajatinya | miwah ingkang gawe urip | panjarwane kang urip | saking sarining têtêlu | gêtih ngên-angên napas | pangrasa pancêring urip | kang nguripi trimurti hawa têtiga ||

20. gêni banyu lan maruta | siyang dalu anyartani | warata makluking dunya | kabèh kuripan trimurti | agal lêmbut waradin | kakênan daya sadarum | ngumandhang ing swasana | panusupira ing janmi | ing pramana têmpuk lawan tri purusa ||

21. karasa nêt amandaya | nêrus pangrasa sang urip | satêmahan dadi obah | miwah andadèkkên osik | yaiku kang nguripi | de kang gawe urip iku | tarlèn nênging pramana | sajati ingkang murbani | dating Suksma kang mosik tanpa karana ||

22. wus jangkêp panjarwa tiga | bab kaping pat kang winarni | ing pundi sangkan kawula | nalika dèrèng dumadi | mungguh wangsulannèki | ing nguni sangkaning idhup | kawêngku alam baka | langgêng maknane sayêkti | rasanira mênêng langut kalaliyan ||

23. asal mani ing purwaka | mijil saking prasa kalih | asmaraning yayah rena | kawawa nètèskên wiji | maningkêm ingkang wardi | wênganing kajiwanipun | iku pancêring sangkan | kawêngku suksmaya luwih | ingkang wênang mijilkên sagung tumitah ||

--- 16 ---

4. Mijil

1. bab ping lima pitakenannèki | pundi paran yêktos | benjang lamun wus têkèng janjine | praptèng laya umanjinging pati | panjarwane kaki | paraning alampus ||

2. mulih mula kamulane lami | alam kang kinaot | malbèng baka langgêng salawase | lali langut puniku ngêmasi | nging yèn sujanma di | urip sajêgipun ||

3. pan kataman nugrahaning Widhi | manungsa kinaot | manjing alam ing teja mayane | langgêng wêning kang tanpa upami | ing têmbung Arabi | janatun nangimu ||

4. sayêktine manungsa puniki | mokal kêna layon | gèthèk nungsung iku upamane | dene jisim luluh anèng bumi | ngên-angên sarining | Hyang Swa kang anggulung ||

5. Hyang Swa têgês angin nora mosik | tan cêdhak nora doh | maratani jagad iki kabèh | iman eling amurut umanjing | ambabar ngawêning | sêmaraning idhup ||

6. iku têtêp aran kang sajati | rahmating Hyang Manon | bab kaping nêm ing pitakonane | kadospundi yèn badhe nampèni | dêdukaning Widhi | asusah kalangkung ||

7. jarwanira yèn badhe nampèni | kasusahan yêktos | pan kataman ing Allah dukane | badan awrat iku mratandhani | lali marang bêcik | mring kotaman [ko...]

--- 17 ---

[...taman] lumuh ||

8. rasanira manah gung kuwatir | don sêmang kuwatos | uwas-uwas tan enak rasane | ing pangrasa tan antêng sakêdhik | iman pêtêng lali | nalar wêning suwung ||

9. lamun băngsa Islam sigra musthi | salat tobat batos | yèn sarjana nalăngsa batine | nyidhikara minta apuraning | Hyang Suksma di luwih | mrih cabaring kukum ||

10. bab ping pitu pitakenan yêkti | pundi kang sajatos | lamun badhe tampi ganjarane | ing kabêgjan wilasaning Widhi | panjarwa mangsuli | ing sayêktinipun ||

11. pan manawa badhe anampani | ganjaran Hyang Manon | ing kabêgjan myang kabungahane | badan ènthèng antêng ati mosik | mring tindak utami | budine rahayu ||

12. kang pangrasa têtêg enak bêning | imane mancorong | kandêl ayêm mupangat uripe | adatira băngsa Islam nuli | salate pinusthi | kajat anênuwun ||

13. yèn ta băngsa sarjana nulya glis | sêmèdi ing batos | amêminta tulus ganjarane | yèku bêgja ingkang mratandhani | wau ta ginênti | kang bab kaping wolu ||

14. pitakenan yèn arsa ngêmasi | panjarwane manggon | lamun arsa pralaya tandhane | badan cape wantêr tanpopami | karasaning ati [a...]

--- 18 ---

[...ti] | kêmba dènnya idhup ||

15. tansah gêla cuwane amintir | sumpêg ing pangraos | kalamăngsa ngimpi karo mêlèk | pramananing iman kêrêp lali | cat-catan sang eling | langên laras surut ||

16. bab ping sanga pitakenannèki | pundi tandhaning wong | bokmênawi kenging bêbayane | kanggyèng yuda myang kataman sakit | yèn maksih basuki | tăndha slamêtipun ||

17. panjarwanya kanggo amangsuli | griyênge tan abot | raga kuwat lan tri purusane | tulus ajêg dènira nyartani | napas rasa gêtih | lakune lumintu ||

18. anyabawa pramana nging dumling | cahya ilapi roh | yèn tinonton pinidih mripate | pan gumêbyar wênês angebati | sarining sang urip | yêkti maksih idhup ||

19. karasaning manah langên maksih | yèn cahya mancorong | saupama mungguh dilah anggèr | urupira padhange mratani | antêng tan gumingsir | imane umancur ||

20. sorotira gumêmblang awêning | kaelingan bolong | barang karêp santosa sêngsême | manthêng mligi tekadira sukci | iku tăndha urip | salamêt tinêmu ||

21. ping sadasa pitakenan malih | pundi sêmbahing wong | maring Allah Taala jatine | panjarwanya nulya amangsuli |

--- 19 ---

sêmbah kang jati[2] | ing sayêktinipun ||

22. solah bawanira tata titi | patrap andhap asor | sarwa sarèh lêgawa atine | ngalah pasrah kaduk mênêng eling | tansah nora lali | tobat mring Hyang Agung ||

23. siyang dalu ngrumangsani sisip | marga sugih goroh | ngaku bênêr bêcik pintêr dhewe | nora wêruh lamun urip iki | mung kari nglakoni | tan mingsêt sarambut ||

24. bêgja miwah cilaka pan saking | kodrating lêlakon | awit bêkta ukuran kuwate | amung wajib istiyar puniki | minăngka pamilih | tumiba rahayu ||

25. yèku ingkang aran sêmbah jati | lumintu tan pêdhot | tansah nyuwun ngapura dosane | kang karasa mindêng anèng batin | ngandêl mring Hyang Widhi | kang supaya iku ||

26. ping sawêlas pitakenannèki | kamurtataning wong | pan ing pundi punika yêktine | panjarwanya lajêng amangsuli | murtating sujanmi | mangkene liripun ||

27. tan wruh patrap murang tatakrami | klakuwannya awon | rêmên ngumbar ing hawa nêpsune | karêm marang palacidrèng ati | tan ajrih Hyang Widhi | lali andalarung ||

28. tahan nganiaya mring sasami | tan trêsna maring wong | mantêp mangran ing kayu watune | Allah wujud ingkang dèn kurêbi | iku murtat kaki | kliru [kli...]

--- 20 ---

[...ru] kang pinocung ||

5. Pocung

1. kunêng wau bab kaping rolas winuwus | yèku pitakonan | panjarwane amangsuli | ingkang aran rasa jati pan mangkana ||

2. yêkti dudu rasaning budi puniku | dudu cipta rasa | karsa kang ginagas yêkti | sanyatane rasa ingkang tinarbuka ||

3. kang tumuwuh mijil mêmaniking idhup | têlênging pangrasa | iku jênêng roh ilapi | kang sasana ing jantung ran darya maya ||

4. yèn ta wujud cahya muncar angênguwung | rèhning iku rasa | karasane mlela wêning | sapandurat kumlebat pancêring tekad ||

5. wênganipun ngumandhang ing Betal Makmur | yèn ing têmbung Jawa | anèng wahya maya mingis | rasa jati iya sang pasthika prana ||

6. rasa têrus punapa sêdyaning kalbu | mligining sukarsa | kawimbuhan iman sukci | iku têtêp rasa têmên-tinêmênan ||

7. bab ping têlu wêlas pitakenanipun | sagung têtanêman | kang tumuwuh anèng bumi | kayu taun turusan miwah tirisan ||

8. pala pêndhêm kasimpar pala gumantung | miwah kang rumambat | kêmbang-kêmbang sadayèki | gêsangira myang asli saking punapa ||

9. woh kang kêcut kêmbang nalikane kuncup | lêgi wanginira | maksih sêsinglon ing ngêndi | lombok ijo abange nèng pundi gènnya [gè...]

--- 21 ---

[...nnya] ||

10. jarwanipun amangsuli putraningsun | kabèh têtuwuhan | ingkang tinanyakkên nginggil | sayêktine saking kodrating Pangeran ||

11. anitahkên wiji gumêlar asnapun | makna warna-warna | dene wiji darbe manik | kasamadan dayaning pănca purusa ||

12. bumi banyu gêni angin swasanèku | prabawa lêlima | dadi lantaraning urip | jroning wiji amêngku tirta kumala ||

13. ikut tlutuh baku urip tanêm tuwuh | ing pambabarira | gatra wit myang lata kèksi | gya amêlar pancêre tumancêp kisma ||

14. dene lêgi wangi miwah abangipun | lombok woh lan kêmbang | sêsinglon tlutuh mancêri | kawimbuhan prabawaning păncadaya ||

15. tandhanipun lamun panukmane tulus | gêni angin toya | ngênani talutuh urip | mêlar babar kêmbang woh tangkar-tumangkar ||

16. tanêm tuwuh tanpa rasa uripipun | mung tirta kumala | nalika durung dumadi | maksih kumpul nèng wiji mêmanik gêsang ||

17. kang cinatur pungkasan pitakèn kawruh | bab ping kawan wêlas | sato kewan sipat urip | kang rumangkang gumrêmêt ibêr-ibêran ||

18. buron banyu kutu walang taga iku | pan saking punapa | gêsangipun kang mancêri |

--- 22 ---

bedanira punapa lawan manungsa ||

19. ulêsipun măncawarna yèn dinulu | cêmêng abrit pêthak | ijêm biru wungu kuning | langkung pelag puniku sintên makirtya ||

20. jarwanipun kutu walang taga iku | sami bêkta kodrat | wiradat sawiji-wiji | dumadinya manut kang mancêri gêsang ||

21. anak lutung yêkti cêmêng ulêsipun | dene anak macan | gembong ulês lorèk kuning | anak ula sawa lir cindhe ulêsnya ||

22. duking kumpul cumbana kawawa mrêntul | mani saking prasa | tirta murcita kang nami | wiji sato tètèse mawa kantaka ||

23. wêtunipun nutpah sarana sumaput | datan kaprabawan | muncaring iman sang eling | mung kawêngan pamrindinging tri purusa ||

24. dayèng napas gêtih miwah rasanipun | pyuh ing karasikan | sakala dadining wiji | ana ingkang garbini tanapi nigan ||

25. siyang dalu kuripan daya têtêlu | ing pamêlarira | kasamadan ing trimurti | sari hawa gêni banyu myang maruta ||

26. bedanipun lan uriping manungsèku | sato pan kinodrat | tan mawi iman sang eling | mung nuhoni obah osiking pangrasa ||

27. dadya ingkang nyungging sajronirèng lulut | mêmaniking rasa- | nira mancorong [manco...]

--- 23 ---

[...rong] dadari | samya mêmpan lir warna sajroning kaca ||

28. datan siwah sarining warna puniku | manut kang manunggal | cumbana turuning mani | wiji gajah ambabar dadya dipăngga ||

29. sampun cukup wêdharan kawan wlas kawruh | Sang Rêsi Sasmaya | ngandika dhuh anak mami | Ki Arjasa rasakna pitutur ingwang ||

30. nanging kulup jatining wêdharan mau | sun karya satêngah | larangan amiyak gaib | ajrih lamun dinukan maring Hyang Suksma ||

31. yèn sira yun ngudi mêlokirèng ngèlmu | yogya pruitoa | mring para sarjana murti | kang wus gambuh marang jatining Pangeran ||

32. matur nuwun Arjasa nêmbah sang wiku | sumèhing ujwala | lir pendah rukma sinangling | labêt saking tètèsing warsitotama ||

33. sang awiku gya jêngkar nganthi sang bagus | cantrik myang jêjanggan | manguyu bibaran sami | paripurna titi panitraning kata ||

Tamat.

--- [24] ---

Isining Sêrat Punika

1. Mitêrangakên patrap panampining warsitan ... kaca 10

2. Bab panumbasing kawruh saking lampah asthaguna ... kaca 11

3. Pitakenaning kawruh sarta panjarwa, 14 bab ... kaca 12

1. Pundi ingkang nama kita inggih kawula ... kaca 13

2. Pundi ingkang nama Pangeran, inggih Gusti ... kaca 14

3. a. Urip b. Kang nguripi, c. Kang gawe urip ... kaca 15

4. Saking pundi sangkan kita, sadèrèngipun kita dumadi kawêngku alam punapa ... kaca 15

5. Pundi ing têmbe ingkang têtêp dados paran kita ... kaca 16

6. Manawi kita badhe nandhang sangsara, tandhanipun punapa ... kaca 16

7. Manawi kita badhe angsal kabêgjan, tandhaning raos kita punpa ... kaca 17

8. Manawi kita badhe tinggal dunya, tandhaning raos kita punapa ... kaca 17

9. Manawi kita taksih lêstari gêsang, tandhaning raos kita punapa ... kaca 18

10. Pundi ingkang dipun wastani sajatining sêmbah kita, ganjaranipun punapa ... kaca 18

--- [25] ---

11. Pundi ingkang dipun wastani kamurtatan kita, ukumipun punapa ... kaca 19

12. Ingkang winastanan rasa jati, ingkang tètès kalihan nyatanipun, punika raos ingkang kados punapa ... kaca 20

13. Woh jambu lêgi, pêlêm kêcut, lombok pêdhês, kêmbang wangi, nalika dèrèng mijil, sumimpên ing pundi, wijilipun saking punapa ... kaca 20

14. Ulês sarta wêwarnèn kutu walang ataga, ingkang kawasa makirtya sintên, wêkdal dèrèng dumadi sumimpên ing pundi ... kaca 21

__________

--- [0] ---

Kaêcap ing kantor pangêcapan "Mêlathi" Surakarta. 1144 ing taun 1935.

 


byat. (kembali)
Kurang satu suku kata: sêmbah kang sajati. (kembali)