Wirid Purwa Madya Wasana, Wirya Panitra, 1934, #118

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SERI P. No. ... POERWA MADIJA WASANA ... REGI f 0.80

Sêrat Wirid Purwa Madya Wasana

Larasan saking kawruhipun sarjana ing jaman kina, saha mêdharakên gaibing Pangeran ingkang sampun kanyataan, karanganipun Wirya Panitra, Surakarta 2e. Druk 1934.

Kawêdalakên sarta kasade dening: BOEKHANDEL. R. WAKIDJO SOLO.

--- [0] ---

Anggêr-anggêr.

[Sinom]

1. Jinêjêr sêkar sri nata | anggêr-anggêring Hyang Widhi | ginêlar nèng jagad raya | tumrap marang para janmi | pan mung kalih prakawis | kang dhingin trêsna Hyang Agung | gumolonging karsanta | jiwa raga dèn kaèsthi | apasraha linambaran tyas pracaya ||

2. yuwana kang wus sampurna | traping rèh mangrakêt Gusti | tinata lawan waspada | dununge sawiji-wiji | gustinya kang pinasthi | jatukrama kang satuhu | ugêring palakrama | mêmanise satu budi | kadwinira binêsud dadya sajuga ||

3. gantya kang kaping kalihnya | gambaran kinarya kanthi | thukulira mring sasama | anggêpên angga pribadi | trêsnan-tinrêsnan sami | yya suwala bèncèng kayun | ayuning lêlampahan | awas eling yya kawingking | kaèsthia tumanêming tyas prasaja ||

4. sing sapa akarya siksa | yêkti papa kang pinanggih | sing sapa akarya cidra | katula-tula pinasthi | sing sapa ambêk dhiri | tinêbihan rèh rahayu | sing sapa ngêndhak guna | pêpêtênge anglimputi | kodratullah kang wus têtêp lan adilnya ||

--- [1] ---

SERI P. No ... POERWA MADIJA WASANA ... REGI f 0.80

Sêrat Wirid Purwa Madya Wasana

Larasan saking kawruhipun sarjana ing jaman kina, saha mêdharakên gaibing Pangeran ingkang sampun kanyataan, karanganipun Wirya Panitra, Kundhèn Panularan, Surakarta 2e. Druk 1934.

Kawêdalakên sarta kasade dening: BOEKHANDEL. R. WAKIDJO SOLO.

--- [2] ---

[Grafik]

--- 3 ---

Bêbuka

1. layang iki karangane Wirya Panitra | kurang turut tur ora pakra | dhasar dama pancèn darah sudra | prasêmone mung pantês nandur patra ||

2. ewadene paripaksa | kumawignya anglaras anggitannya | pra sarjana kang wus misuwur guna | amumpuni ing rad pramudita ||

3. amung lowung karya nêng-nêng pikir | sanadyan mêtu saka wong pêkir | yèn ginugu bisa uga gawe silir | sanadyana rasa pait gêtir ||

4. aja kêsusu anênacad | kawruhing liyan kang wus dadi adat | rasakna dhisik tumêkèng jasat | dadi cêtha dununge bênêr lan lêpat ||

5. yèn sirarsa gêgulang ngèlmi | kang ingaran ngèlmi sajati | kasampurnaning para janmi | dudu kitab kang tinulis mangsi ||

--- 4 ---

6. ingsun iki ramake pêpadhang | kang jumênêng sathêlênging pêpadhang | sabdaningsun kang dadi êtuking pêpadhang | mring pra janma kang nêdya ngupaya padhang ||

7. wus nunggal nèng angga dumunung | jumênêng nèng sadhuwuring gunung | Manikmaya kalangkung sirung | kang rumêksa buta gung-agung ||

8. miwah kinêpung sagara gêbyar | angêlangut cahya gêmbulêng gumêbyar | warna-warna kang dadi dhasar | kang sumêdya ngajak mring sasar ||

9. măngka iku marganya tuhu | marga gung anjog kang satuhu | yèn nyidhat yêkti tan katêmu | mring jatine kang ingaran ngèlmu ||

10. dhuh-dhuh adhuh sing padha tlatèn | ambudia ngèlmu kajatèn | ngawruhana dununging kapatèn | nèng idayat ja nganti kalalèn ||

--- 5 ---

11. dèn pundhia tumuruning kanugrahan | dèn jênak nèng ati kang kongsi krasan | dèn tumanêm kang nganti ora kasamaran | ayêm têntrêm têtêp ing kasampurnan ||

12. srana iki muga dadya jalaraning | panggugahing ati kang eling | elingira nèng ati kang wêning | tandya mangsaha patrap ênêng êning ||

13. nora pisan aku bangkit | awan ora anjaluk digigit | dene ênggonku mêdharakên anggit | mung dadia panggrendaning tokit ||

14. tokitira bisaa jumênêng | mung sajuga kang amêlêng | angawasna kang pating gêmbulêng | yèn katrima wus tan dêlêng ||

15. lawan sirna pangrasanirèki | gantya anèng alam kang adi | sapa ta kang anyana Gusti | kang marani têka dèn parani ||

--- 6 ---

16. kang dèn upaya wus nèng pangupaya | têmahannya bisa kapanggya | pêpanggihan angadu rasa | dadya tămba tyas marlupa ||

17. yèn wus kambah kang kadyèku | dadi saksi dununge wong ngèlmu | lageyane kang wus tinamtu | duwe daya wiyana salaku ||

18. linulutan sagung tumuwuh | solah bawa dadya tuwajuh | wit prabawaning ngèlmu sêpuh | glis tumêka kang ginayuh ||

19. yèn kinarya tunggu wong lara | kaèsthia asidhikara | sajroning jagongan padha | ana tămba kang ngalela ||

__________

--- 7 ---

Purwa Madya Wasana.

Sêrat punika kula namakakên: Purwa Madya Wasana, mênggah sêdyaning manah kula badhe anggêlarakên piridan ingkang prayogi linampahan, tumrap dhatêng ingkang sumêdya anggayuh kautamaning lêlampahan:

1. Purwa, anêrangakên dumados sarta asalipun manungsa, tuwin gêgandhenganipun kalihan dating Pangeran.

2. Madya, anêrangakên patrap tumindakipun wêkdal dados lêlampahan wontên ing alam dunya, ingkang sagêd gandhèng tuwin salaras kalihan dhawuh pangandikaning Allah (têtêp jumênêng loroning atunggil).

3. Wasana, anêrangakên tekad dumunungipun tiyang pêjah, saha lêlampahaning sakharatul maot dumugi têtêpipun jumênêng pribadi gêsang langgêng.

Purwa.

Mênggah dumados asalipun manungsa punika, sampun kathah para sarjana ingkang anggêlarakên kapacak ing Sêrat Wirid Warni-warni, ewadene sapunika kula gêlarakên malih punika, supados kenginga kangge têturutan anggèn kula badhe anggêlarakên patrap tumindakipun lêlampahan, sagêda dumunung pangrakiting prabot satunggal-tunggalipun.

--- 8 ---

Ingkang anitahakên bumi langit saisinipun punika, limrahipun manungsa sami anyêbut Kang Maha Sukci, Gusti Allah, lan sanès-sanèsipun miturut basa tuwin bangsanipun piyambak-piyambak. Dene Gusti Allah punika: ora warna, ora rupa, ora arah, ora ênggon, nanging wajib anane. Mênggah wontênipun wau dumunung wontên ing sipat: jalal, jamal, kahar, kamal.

1. Jalal, punika agung datipun sagêd anglimputi bawana, sarta gadhah daya pangwasa ing nglêbêt tuwin sajawining manungsa.

2. Jamal, punika wujudipun dede jalêr, dede èstri, dede wandu.

3. Kahar, punika botên gadhah nama sintên-sintên.

4. Kamal, punika sampurna ing pandamêlipun, namung kalayan sabda.

Gusti Allah punika namung satunggal, nanging wêwijanganipun wontên tiga, inggih punika:

1. Urip

2. Kang gawe urib ... tiga-tiganing atunggil.

3. Kang nguripi

Langgêng kawontênanipun, tuwin botên kenging yèn kapisah-pisahakên dipun pêthili satunggal-satunggal, têtêp jumênêng dados [dado...]

--- 9 ---

[...s] satunggal. Dene kasampurnanipun ugi wontên tiga, inggih punika:

1. Urip: sadurunge jagad saisine dumadi, kang ana mung urip kang agung, langgêng kawontênane, botên gadhah bêtah barang-barang, kajawi namung ênêng êningipun têtêp salaminipun, nanging mêngkoni sadaya ingkang gumêlar.

2. Kang gawe urip: dene sadaya ingkang gumêlar jagad saisinipun, punika botên sagêd dumados piyambak, mêsthi wontên ingkang damêl, inggih punika sabdaning urip kang agung (karsa ingkang wiwitan), punika ingkang minăngka utusan utawi wêwakiling urip kang agung, kapasrahakên dhatêng sadaya manungsa minăngka guru, utawi panutan. Punapadene ingkang paring sandhang lan pangan tuwin ingkang gêlarakên sadaya papêsthèning manungsa ingkang sampun dados pandumanipun. Sarta ambêg wêlasan, wicaksana, sagêd sampurna kawontênanipun. Mênggah punika para manungsa warni-warni anggèning marabi, wontên ingkang mastani: Sang Sabda, Sang Pamarta, Sang Gurujati, Nabi Kilir, lan sanès-sanèsipun.

--- 10 ---

3. Kang nguripi: punika dede cahya, dede angin, dede toya, dede latu, nanging pêpadhang sajati ingkang sagêd ambuka wrananing gaib.

Punika minăngka êmbananing sang urip, kangge madhangi manahing manungsa tuwin kangge ambuka warana, salajêngipun ingkang sagêd anêntrêmakên. Mênggah punika ugi warni-warni anggèning marabi: wontên ingkang mastani: roh sukci, nur Muhkhamat, banyu urip, lan sanès-sanèsipun.

Sang urip kang agung, anggènipun mêngkoni kodrat kalih panggenan, awal lan akir, supados manungsa mangrêtos ing pilah-pilahipun, tumrap pangwasa ing dunya dipun pasrahakên ing karsanipun sang urip (Ingsun) lan kang nguripi: ing salêbêting kadis anyêbut dat ingkang rumuhun piyambak, igih[1] nama: kayu sajaratul yakin, têgêsipun kayu inggih kayun ingkang nyata, inggih nyata wontên wujudipun, tumurunipun dhatêng manungsa anggèning têtunggilan ngangge warana 4 prakawis, inggih punika: kăntha, warna, ambu, rasa, dene dunungipun makatên.

1. Kăntha, ngangge plawangan pamiyarsa, ingkang darbèni sukma: langgêng.

2. Warna, ngangge plawangan paningal, ingkang darbèni sukma: luhur.

--- 11 ---

3. Ambu, ngangge plawangan grana, ingkang darbèni sukma: purba.

4. Rasa, ngangge plawangan lesan, ingkang darbèni sukma: wisesa.

Mênggah dumadosipun manungsa, asal saking anasir 4 prakawis, tuwin mudah 5 prakawis.

Dene dunungipun anasir 4 prakawis punika: 1. gêni, 2. angin, 3. banyu, 4. bumi.

1. Gêni, dumados dados napsu.

Napsu, mahanani hawa 4 prakawis, inggih punika: 1. aluamah, 2. amarah, 3. supiyah, 4. mutmainah.

1. Aluamah, watêkipun ngăngsa-ăngsa, ngangge plawangan lesan, pamanggènipun ing usus.

2. Amarah, watêkipun sêrêng, brangasan, ngangge plawangan talingan, pamanggènipun ing rêmpêlu.

3. Supiyah, watêkipun kadêrêng, daya-daya, ngangge plawangan mripat, pamanggènipun ing limpa.

4. Mutmainah, watêkipun antêng, jinêm, ngangge plawangan grana, pamanggènipun ing ginjêl.

Hawa 4 prakawis punika, kaalusanipun mahanani cahya 4 prakawis: 1. irêng, 2. abang, 3. kuning, 4. putih.

2. Angin, dumados mahanani 4 prakawis: 1. napas, 2. tanapas, 3. anpas, 4. nupus.

--- 12 ---

1. Napas, punika têtangsuling jisim, dumunung wontên manah suwedha, têgêsipun woding manah, wahananipun dados angin ingkang mêdal ing badan kemawon, ngangge plawangan lesan.

2. Tanapas, punika têtangsuling manah, dumunung wontên ing pusêr, wahananipun angin kang manjing dhatêng badan kemawon, ngangge plawangan grana.

3. Anpas, punika têtangsuling roh, dumunung wontên ing jantung, wahananipun dados angin ingkang têtêp wontên ing nglêbêt kemawon, ngangge plawangan talingan.

4. Nupus, punika têtangsuling rahsa, dumunung wontên salêbêting manah puat kang pêthak, inggih punika wontên woding jantung, wahananipun dados angin saking badan nunggil kalihan kêtêking jăngga, ngangge plawangan netra.

3. Banyu, dumados dados gêtih, mahanani roh 4 prakawis: 1. roh jasmani, 2. roh nurani, 3. roh kabati, 4. roh kewani.

4. Bumi, sarinipun dumados bangsaning kadagingan.

Kaalusaning gêni, angin, banyu, kêmpal dados satunggal, dipun wastani trimurti, têgêsipun: sarining kawêningan [kawê...]

--- 13 ---

[...ningan] têtêlu kang wus dadi sawiji, dumados dados pramana.

Gêsangipun pramana, punika ingkang dados cithakan rêraganganing sarira, ing wusana sagêd mahanani wujud akăntha janmi, lajêng ambabarakên triloka, têgêsipun panggenan têtiga ingkang manunggil. Inggih punika: jimak, jantung, lan paringsil. Ing dalêm kadis dipun wastani: Betal Makmur, Betal Makaram, Betal Mukadas. Amêdharakên tata malige kados ing ngandhap punika:

Sajatine Ingsun anata malige ana ing Betal Makmur, jumênêng ana ing sirah.

Kang ana sajroning sirah iku dimak, iya utêk.

Kang ana sajroning manik, iku budi.

Kang ana sajroning budi, iku angên-angên.

Kang ana sajroning angên-angên, iku sukma.

Kang ana sajroning sukma, iku rahsa.

Kang ana sajroning rahsa, iku Ingsun.

Iya Ingsun dat kang nglimputi kaanan jati.

Dados kêrangipun[2] ing Betal Makmur punika panggenan pasewakan. Sintên ingkang sumêdya sapatêmon, prayogi marêk sowan ing ngriku, utawi tumindak pepe wontên ing wringin kêmbar, badhe sagêd amikani kawruh warni-warni ingkang dados [dado...]

--- 14 ---

[...s] pramêstheyaning tindak.

Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betal Mukaram, iku omah ênggoning larangan Ingsun, junênêng[3] ana ing dhadha.

Kang ana sajroning dhadha, iku ati.

Kang ana antaraning ati, iku jantung.

Kang ana sajroning jantung, iku budi.

Kang ana sajroning budi iku napsu.

Kang ana sajroning napsu iku sukma.

Kang ana sajroning sukma iku rahsa.

Kang ana sajroning rahsa iku Ingsun.

Iya Ingsun dat kang nglimputi ing kaanan jati.

Dados têrangipun ing Betal Mukaram punika, plawanganing dhawuhipun Gusti, amila sinêbut larangan, dhawuh wau botên kenging dipun purba dening karêping manungsa, saha ing ngriku pakêmpalaning dat ingkang alit-alit, ingkang kenging kangge panêngêran, cahya ingkang saklangkung wêning, amargi ing ngriku kratoning badan ilapi, mênggah obah osiking manungsa punika wijinipun saking jantung, lajêng katampèn ing dat ingkang nindakakên sanubari, maknawi, siri, sanepanipun makatên:

Kurungan jago, iku mêsthine iya isi jago, sajroning jago isine iya jago. Punika wujud kêmpaling kawula

--- 15 ---

lan Gusti (loroning atunggil).

Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betal Mukadas, iku omah ênggoning pasucèn Ingsun, jumênêng ana ing konthol:

Kang ana sajroning konthol, iku pringsilan.

Kang ana antaraning pringsilan, iku nutpah, iya iku mani.

Kang ana sajroning mani, iku madi.

Kang ana sajroning madi, iku wadi.

Kang ana sjroning wadi, iku maningkêm.

Kang ana sajroning maningkêm, iku rahsa.

Kang ana sajroning rahsa, iku Ingsun.

Iya Ingsun dat kang nglimputi ing kaanan ati, jumênêng ing nukat ghaib, tumurun dadi johar awal, ing kono ananing alam: akhadiyat, wahdat, wakhadiyat, arwah, misal, ajêsam, insan kamil, dadining manungsa kang sampurna, iya iku sajatining sipat Ingsun.

Dene têrangipun makatên:

1. Mani, punika koma ingkang taksih dados toya, warninipun surat biru.

2. Madi, punika sarining mani, warninipun surat dadu.

3. Wadi, punika sarining madi, warninipun surat jênar.

--- 16 ---

4. Maningkêm, punika sarining wadi, warninipun pêthak maya-maya, kadya rêtna.

5. Nukat gaib, punita[4] wiji pêpingitan, inggih sarining cahya sajati.

6. Johar awal, punika sêsotya ingkang wiwitan, inggih punika manik, dados êmbananing rahsa sajati sadaya, ing ngriku wahananing martabat pitu, kasêbut ing ngandhap punika:

1. Alam akadiyat, wahananipun kèndêl sawêk sawulan. Kasêbut la takyun, dèrèng sanyata ananipun.

2. Alam wahdat, wahananipun sawêk kèndêl kalih wulan, kasêbut la takyun awal, dene sawêk nyata kaananipun.

3. Alam wakadiyat, wahananipun sawêk kèndêl tigang wulan.

4. Alam arwah, wahananipun sawêk kèndêl kawan wulan. Kasêbut ayat sabitah, dene nyata ing kaananipun sampun kăntha janggêrênging jabang bayi.

5. Alam misal, wahananipun sawêg kèndêl gangsal wulan, kasêbut ayat karijiyah, dene sanyata mêdal ing kaananipun, sampun darbe sipat, nanging taksih upami kemawon.

6. Alam ajêsam, kaananipun sawêg kèndêl nêm wulan, kasêbut [ka...]

--- 17 ---

[...sêbut] ayat mukawiyah, dene sanyata gêsang ing kaananipun, sampun darbe asma dipun wastani: jabang bayi.

7. Alam insan kamil, wahananipun sawêg kèndêl pitung wulan, ngantos dumugi wolung wulan, tuwin sangang wulan, kasêbut ayat maknawiyah, dene sampun sanyata ing kaananipun, jumênêng sampurnaning manungsa, lajêng badhe lair ing alam dunya.

Mudah 5 prakawis, inggih punika: nur, rahsa, roh, napsu, budi.

Kacariyos ing kadis, manjingipun mudah wau, wiwit saking ing êmbun-êmbunan, kèndêl wontên ing utêk, lajêng tumurun dhatêng ing netra, lajêng dhatêng karna, lajêng dhatêng grana, lajêng dhatêng lesan, lajêng dhatêng jaja, lajêng sumrambah ing jasat sadaya, têtêp jumênêng insan kamil.

__________

Wontên malih panunggilanipun gaib satunggal, ingkang kawastanan saprangkat, inggih punika sêsêbutan: Allah, Muhkammat, rasul. Mênggah dunungipun makatên:

Allah, punika namung paraban, asmanipun ingkang sajati, Sang Urip. Dene palênggahan jumênêngipun wontên ing manik (thêlênging mripat) sanyata kayêktosan ing jro manik wontên lare kêmbar.

--- 18 ---

Muhkammat, punika ugi namung paraban, sajatosipun wujud pêpadhang kang sajati, jumênêngipun wontên ing putihing mripat kita, sanyata kayêktosan awasing paningal saking netra ingkang putih, saha wontên cahya ingkang wêning.

Rasul, punika ugi paraban, sajatosipun rasa, jumênêngipun wontên ing irênging mripat kita. Sanyata kayêktosan, êmating rasa manawi bliyut badhe sare, utawi manawi anglêrêsi ngêdalakên koma, dumunung ing netra ingkang irêng.

Pêpangkataning gaib ing nginggil punika, parlu dipun kawruhi, agêng sangêt dayanipun tumrap kangge kaparluwaning ngarcapada.

__________

Wontên malih wêwijanganipun ingkang winastan martabat 21. Inggih punika ingkang 9 martabat jawi:

1. Paningaling netra, punika ingkang kangge ing dunya.

2. Roh rabani, punika pamiyarsa kangge ing dunya.

3. Roh rahmani, punika panggănda kangge ing dunya.

4. Roh tamiyin, punika thukuling rahsanta.

5. Roh kewani, punika kêkuwatanira.

6. Roh kabati, punika thukuling pamangya.

7. Roh kulupi, punika karêp kang dèrèng kawêdal.

--- 19 ---

8. Roh ilapi, punika solahing badan kang kasar.

9. Roh badan ilapi, punika nèng jantung, solahing lesan.

Ingkang 7 martabat ing lêbêt:

1. Akhadiyat, punika karêp kang santosa.

2. Wadat, punika dumadosipun sêdya tama.

3. Wakhadiyat, punika kadumugèning sêdya.

4. Arwah, punika panggenan pangwasa ing akir.

5. Misal, punika panggenan pamiyarsa ing akir.

6. Ajêsam, punika panggenan paningal ing akir.

7. Insan kamil, punika panggenan panguripan.

Ing lêbêtipun isi martabat 3.

1. Roh rokhani, panggenanipun ing ati, sanubari.

2. Roh badan rokhani, panggenanipun ing ati maknawi.

3. Roh kudus, panggenanipun ing ati siri.

Ing lêbêtipun malih wontên martabat 2.

1. Sang urip

2. Kang nguripi ... sajroning urip ana banyu panguripan.

__________

Minăngka katrangan kadhapuk pitakenan:

1. Sapa kowe iku manungsa, têgêsipun: gêsanging manungsa punika namung têtêp wadhah ingkang sagêd makarti.

2. Apa badanmu badan jasmani, têgêsipun badan kasar iki titipaning [ti...]

--- 20 ---

[...tipaning] bapa biyung 8 prakara, yèn ora bisa matrapake bakal nêmu sangsara, kudu mulih têtêp kayadene wiji.

3. Apa rohmu roh rokhani, têgêsipun, uriping kawula kang maksih wujud cahya kang wus rinêksa dening Allah, wujud loro dadi siji (loroning atunggal) kayadene Wrêkodhara lan Dewaruci.

4. Sapa kowe Muhkhammad, têgêsipun, manungsa kang diarani têtêp uripe, iku rahsane bisa kabuka dening pêpadhang kang sajati.

5. Apa badanmu, badan rokhani, têgêsipun, kabèh manungsa urip kapanjingan rahsa.

6. Apa rohmu, roh ilapi, solahing badan kasar iku kabèh urip kang isih dhêmên tumindak dosa, mula ing dunya ora ana manungsa kang mung sukci thok, nanging mêsthi isih kadunungan rêrêgêd.

7. Apa badanmu, badan ilapi, têgêsipun, solahing lesan karatone ana ing aras kursi, yèn bisa sampurna tumêka ing insan kamil (sajatining sabda).

8. Apa rohmu, roh kudus, têgêsipun, urip kang sukci, ya iku uriping kubur, panggonane ing ati siri, kratone ing darusalam, kang wus sirna rasa lan pangrasane, nanging têtêp kasucène kang langgêng.

__________

--- 21 ---

Pitakenan.

1. Jabang bayi lair cêngèr nangis, punika gadhah pikajêng punapa???

2. Punapa bedanipun jagad agêng lan jagad alit? Sumăngga kanyatakna piyambak ing kawontênanipun.

__________

Madya

Sasampunipun kita anyumêrêpi asal wijining gêsang kita, sapunika anglaras kadospundi tumindak kita anggèning sami dados lêlampahan wontên ing dunya, sagêdipun sae sêsrawungan kita lan sasami, saha ingkang sagêd turut anyondhongi lan karsaning Gusti, punika prayoginipun inggih kêdah ngangge tatanan. Nanging gèk kadospundi, dene kula piyambak inggih taksih kadunungan roh ilapi, ingkang anjalari pêpêtêng, têmahan inggih taksih bêtah pitulungan, têka kula gadhah sêdya damêl pêpiridan, punapa tatanan kula wau badhe sagêd pramana?

Mênggah ingkang makatên punika inggih kasinggihan, nanging ingkang badhe kula gêlarakên punika, botên mêdal saking akaling wêwatêkan kula piyambak, ingkang tumuju kumêdah dipun anggêp ing liyan, punika babar pisan botên, nanging sêdyaning manah kula wau langkung rumiyin kula pasrahakên ingkang jumênêng sathêlênging pêpadhang, dados panyêrat kula inggih nyênyuwun dipun kanthia dening pêpadhang, [pê...]

--- 22 ---

[...padhang,] ingkang supados dadosa lantaran panggigahing panggalihipun para maos, ingkang taksih andhok ing pêpêtêng, têmah lajêng karsa mratobat, angupadosi pêpadhang sêjati.

Manawi mirid kêmpaling kawula lan Gusti, sampun dumunung ing angga kita, saha gusti sampun karsa dados panutan kita, punapadene gusti ingkang sampun têtela agêng panguwaosipun, sarta sampurna ing kawicaksananipun, pancènipun rak sampun cêkap, botên susah bêtah tatananing manungsa ingkang taksih sami kadunungan pêpêtêng. Punika sababipun makatên:

Tumrap tiyang ingkang dèrèng kadunungan ngèlmu, utawi tiyang ingkang dèrèng kabuka manahipun, punika botên mangrêtos bilih gêsangipun punika kasamadan dening dating Gusti, ing wusana botên angrumaosi, yèn Gusti tansah paring kawlasan, saha sabda ing salêbêting manahipun, dados kenging dipun wastani nampik sihipun Gusti Allah. Dene ancasing tekadipun namung miturut akaling budi, pikiran, angên-angên. Têmahan ingkang katindakakên inggih namung barang sarwa kasar kemawon, ngantos dumugi tindak pêtêng rumaosipun inggih sakeca kemawon. Upaminipun: pun A. nyolong artanipun, B. nanging B. botên sumêrêp, dados botên konangan, punika A. rumaosipun kok inggih eca kemawon anggèning jajan arta colongan wau, dupèh ingkang

--- 23 ---

gadhah botên sumêrêp pangraosipun inggih sampun wilujêng botên badhe wontên paukumanipun punapa-punapa, tur salêbêting manahipun inggih tansah kêtir-kêtir lan dhêg-dhêgan, nanging botên dipun paèlu, malah angintên kawontênaning Gusti Allah makatên.

Gusti Allah iku rak ora katon, lan ênggone rak dhuwur langit, wis ora parlu digagas saiki. Besuk bae yèn aku arêp mati, banjur dak ngrêtèni utawa tak tata, golèk ngèlmu, dene saiki anggêre wis bisa kacukup butuhku, wis rampung.

Mênggah tiyang ingkang makatên punika, manawi sampun kawêlèh-wêlèh polahipun karana pamêlèhing liyan, utawi manawi sampun nampèni pangadilaning Gusti Allah, punika manahipun sagêd kraos, yèn tindakipun wau dosa lajêng nampèni pidana kanyataan. Dados rumaosipun wau sarêng sampun kanyataan kasat mripat, punapa malih manawi anglêrêsi nandhang sakit, sambatipun ngaruara, Gusti Allah nyuwun ngapura, dados purunipun nyuwun ngapura wau, sarêng sampun nandhang sakit.

Amila kula inggih parlu anggêlarakên piwulang kanyataan, têgêsipun wêwaton gaibing Pangeran ingkang sampun nyata, ingkang supados piwulang kula saking jawi malêbêt dhatêng manah, dados panggigah, Gusti piyambak ingkang saking nglêbêt karsa

--- 24 ---

mulang lan bikak manahipun, wusana lajêng sagêd tumbuk, paribasanipun: tumbu olèh tutup, mathuk.

Mênggah paedahipun tiyang angangge tatananing ngèlmu punika, botên kok namung kangge benjing manawi pêjah kemawon, nanging ugi kangge wiwit sapunika minăngka pitêdah anggèning dados lêlampahan sagêda turut sae, salajêngipun ngantos sagêd anyêpêngi badhe kawontênanipun benjing ing jaman kalanggêngan. Mênggahing têkad sapunika sampun botên kasamaran, ngantos gadhah raos-pangraos, uripku saiki rumăngsa bêgja, nanging luwih bêgja manèh besuk yèn aku urip ana ing jaman kalanggêngan.

Wondene ingkang badhe kula gêlarakên, punika lampahing kalairan, tuwin kabatosan.

Lampahing kalairan kaperang dados 2. Inggih punika: 1. sarengat, 2. tarekat.

Lampahing kabatosan kaperang dados 2 inggih punika: 1. kakekat, 2. makripat.

Lampah 4 prakawis punika, sasagêd-sagêd prayoginipun inggih dipun lampahi sadaya, dene manawi namung diput pêthili salah satunggal utawi kalih, nama dèrèng sampurna. Dene beda-bedaning panduk pandumaing dumadi, sanadyana dèrèng sagêd nyakup sadaya, prayoginipun mênggahing tekad sampun [sa...]

--- 25 ---

[...mpun] ngantos kêmba, kalajêngna sagêdipun sampurna.

__________

1. Sarengat.

Ingkang dipun wastani sarengat punika, tatananing praja, supados patrap solah tingkahing kawula anggèning sêsrawungan lan sasaminipun sagêda tumindak sae, saha tatananing adat tatacara sagêda turut, punapa malih ugi anata rumêksa dhatêng badanipun piyambak sagêda sêgêr kuwarasan.

Nanging tatanan-tatanan ing nginggil punika botên sagêd langgêng, namung miturut ombyaking jaman ingkang sami dipun lênggahi, utawi ingkang sampun mupakat sae. Ingkang makatên punika manawi kula gêlarakên sadaya, saking pamanggih kula malah ngêbosêni, jêjêring sêdya kula namung angglênggahakên dununging sarengat, amila kula ringkês kemawon kados ing ngandhap punika.

Tumindaking sêsrawungan, kaangkaha sagêdipun rumakêt lan angrêsêpakên, sampun ngantos amiwiti damêl cuwa, prayoginipun inggih ajèn-ingajenan, saha angèstokna dhawuh-dhawuh nagari ingkang sampun cocog lan pranatanipun.

Tiyang nèm wajib angajèni tiyang sêpuh, utawi kawula wajib angajèni lurah sapanginggil. enz.

Tata krama, sagêda amatrapakên tanduking têtêmbunganipun mawi anyawang aluhur asoring drajatipun, prayoginipun inggih [ing...]

--- 26 ---

[...gih] sae angêsorakên raga.

Adat tatacara, inggih punika kawontênaning ombyaking pakampungan utawi padhusunan, ingkang sampun sami kaanggêp sae, utawi limrah, nanging manawi wontên ingkang nyulayani kalihan dhawuhing ngèlmu, inggih punika ingkang badhe andadosakên pêtênging manah, prayogi kaundurana, amiliha ingkang prayogi linampahan saparlunipun, kados ta: tulung-tinulung layadan, tuwi-tinuwi angrakêtakên pasadherekan, jagong-jinagong. Sadaya punika kagaliha ingkang sagêd salaras lan kawontênanipun piyambak-piyambak, sampun ngantos kalêbêt paribasan: amburu ucêng kelangan dêlêg. Tuwin sanès-sanèsipun.

Risaking badan, dadosa tiyang sugih utawi mlarat, punika jalaranipun sabageyan agêng saking dayaning anggènipun botên sagêd nata tumindaking sarengat, sagêd ugi namung katarik bokmanawi diarani ... gadhah lingsêm, ing têmahan lajêng ambêrung, pêtêng-pêtêng dipun lampahi, wusana kadadosanipun manah bingung, pikiran ura, badan anggagang aking. Ingkang makatên punika kangge tiyang ali budi prayogi dipun wekani, supados tumanduking dhatêng badan inggih sagêd sêgêr kuwarasan.

Sirikaning ngèlmu punika manawi wontên tiyang ingkang ngêgungakên slira [sli...]

--- 27 ---

[...ra] pribadi, rêmên pamèr kasugihanipun, sumukci-sukci, rêmên metani awoning liyan. Sadaya punika botên prayogi kangge tiyang ingkang ahli budi.

Ngudur bab tekad, lajêng cacad-cinacad, mênggahing tekad manawi pancèn gèsèh ancasipun, inggih botên prayogi kaudur, wajib èngêt salah satunggal, amargi wohipun namung damêl pêtênging manah.

__________

2. Tarekat.

Ingkang dipun wastani tarekat punika, anata lampahing manah, sagêdipun kadunugan manah ayêm lan lêga, ingkang salajêngipun sagêd anumusi dhatêng katêntrêman.

Manah sagêd dipun ayêm lan lêga punika manawi botên kacuwan, utawi manawi katuju ing kabêtahanipun. Awit saking punika sagêdipun makatên, kita wajib ambudi tumindak kita sêsrawungan lan sasami, sagêda anocogi lagoning manah kita piyambak (têpa slira), nanging patrap nuju dhatêng liyan punika botên gampil, amargi wataking liyan ingkang taksih warni-warni, kados ta: wontên ingkang tindak salugu, wontên ingkang namung lamis. Mênggah ingkang makatên sagêdipun cocog anggèn kita nuju, kita kêdah sampun sagêd tumindak kaalusaning sarengat, têgêsipun sampun sagêd angunduri tumindak [tu...]

--- 28 ---

[...mindak] ingkang badhe andadosakên pêtênging manah. Salajêngipun manawi kita anglêrêsi jagongan kalihan tamu, prayoginipun kadhasarana manah sabar, upaminipun: wontên tamu nyuwun darma arta sakaparêngipun, saking cariyosing tamu, parlu kangge wragad anakipun tilar dunya, ing măngka kita dèrèng wanuh, saha kita dèrèng mangrêtos lêrês kasripahan punapa botên, punika wêkdal kita nampèni panêmbung wau, lajêng katampènana manah kita ingkang sabar, sayêkti kanyataan ing ngriku manah kita sagêd anêdahakên ing kalêrêsan. Manawi wontên raos trênyuh ingkang salugu, inggih lajêng kaparingana, tumindak makatên punika kangge tiyang ngèlmu dados kapracayan: nandur pari jêro. Dene manawi wontên raos kambang-kambang, inggih katulaka sarana rêmbag manis kemawon, sanadyana patrap nulak punika sajak nyulayani, nanging manawi manah kita wau têmên ing kasabaranipun, sayêkti sagêd cocog ing samêsthinipun. Dados cuwaning sanès wau, wusananipun botên sagêd balik dhatêng kita, amargi panêmbungipun wau namung lamis badhe cidra.

Tumrap ingkang dèrèng sagêd amatrapakên lampahing tarekat, panêmbung wau namung katampèn wontên ing pikiran kemawon, ing têmahan anggèning mutusi lajêng gojag-gajêg, kadadosanipun inggih botên sagêd nocogi, upaminipun inggih lajêng maringi, nanging botên dumunung dados ngamal.

--- 29 ---

Kita wajib trêsna dhatêng sasami, têgêsipun angrêksa ing kawilujênganing liyan. Ing têmahan patrap kita wau manawi mêdal manah ingkang salugu, amêsthi inggih lajêng uwoh kaayêman, tuwin santosa manahipun, botên gampil kenging panggodha.

Watak barès: têgêsipun: têtêmbunganing rêmbagipun inggih ingkang prasaja sagêda anglênggahi ing salêrêsipun, punapadene patrap solah tingkah inggih kaangkaha makatên ugi. Upaminipun: yèn iya, ki: ya, iya, yèn ora, ya, ora. Makatên sapiturutipun manawi sagêd tumanêm dhatêng tindak salugu, paedahipun dhatêng manah botên badhe sêmang-sêmang sagêd lêga kemawon.

Anjawi punika, ugi parlu anjagi kabêtahan kita piyambak, ingkang anjalari dhatêng pêpêtêng, inggih punika manawi kita nuruti hawa kamurkan kita piyambak, sadaya ingkang tindak sumêngka, punika langkung parlu dipun jagi ingkang santosa. Sadaya punika kaangkaha sagêdipun salaras lan dhawuhing ngèlmu.

Manah têntrêm. Ingkang sagêd anêntrêmakên manah punika botên sarana jalaran saking kawontênaning wêwujudan barang kadunyan, têgêsipun, sadaya barang dunya punika botên sagêd damêl têntrêm, sagêdipun namung damêl bingah sawatawis, amargi upaminipun tanêman ingkang dipun sirami namung godhong lan uwitipun, dados tumanduking toya wau dayanipun sakêdhik sangêt.

--- 30 ---

Dene manawi têntrêm punika angsal siram saking nglêbêt siti, ing wusananipun uwit tuwin godhong lajêng katingal angrêmbaka subur, ugi lajêng angêdalakên uwoh ingkang anyênênakên: dados tumrap manah kita sagêdipun têntrêm punika, namung saking karsaning Gusti Sang Sabda, anandukakên toya gêsang. Mênggah tumanduking toya gêsang wau botên kenging dipun saranani rekadaya, namung saking karsanipun pribadi. Ing măngka manah têntrêm punika dados kabêtahan kita sadaya, kadospundi sagêdipun kacêpêng. Ingkang makatên punika kita kêdah mangrêtos lagoning karsanipun Gusti Sang Sabda. Inggih punika wajib angrêsiki wadhah pirantos kula langkung rumiyin, têgêsipun, manawi kita sampun sagêd tumindak alusan, lajêng kita parlu anglêrêmakên gagasaning angên-angên ingkang anglêmpara, ing kalamangsanipun, dadosa wêkdal nyambut damêl, punapa manawi lênggah piyambakan, kaangkaha sagêdipun mênêb (tajêm) patrap makatên punika, upami wadhah sampun kapasang ing ngandhap grojogan, parlu anyênyadhang isi. Bokmênawi anglêrêsi kaparênging Gusti, ing wêkdal ingkang botên kanyanan, ing ngriku manah kita lajêng kraos bilih kaluberan toya gêsang, kadospundi raosipun? Mak clês, byar padhang trawangan, wus sirna rêribêting dunya, kang ana mung ayêm lan têntrêm, banjur mêtu tekade kang utama, ènthèng anggayuh marang kamulyaning aurip, sadaya

--- 31 ---

ingkang katindakakên namung sarwa sakeca kemawon, sarta lajêng sagêd pana dhatêng pilah-pilahing lêlampahan ing dunya, amargi saking daya kuwasanipun toya gêsang, manah kita ingkang suwaunipun wangkal, lajêng sagêd mêmbat, watêk ingkang ngăngsa-ăngsa, lajêng dados lêrêm.

Adhuh para maos, ingkang gêmi lan sêtiti, manawi kita katamuwan roh sukci. Amargi manawi sih piwêlasing Gusti wau botên kita paelu, sakêdhap[5] netra wus sirna, lir pindha pangantèn èstri murca saka pagulingan, tambuh-tambuh solahing kakung, mung kari angrasakake susah, sumpêg, bingung ing kabêtahan warni-warni.

Amila murih lêlampahan kita punika sagêd mapan tumindak turut lan dhawuhing ngèlmu, prayogi katata makatên:

Yèn wanci siyang, amardia kagunan nyambut damêl sakadaripun ingkang sampun dados jodhonipun, kabudia sagêdipun sae lan majêng, têmahan lajêng dipun sênêngi ingkang paring blănja. Tindak makatên punika kanggea dhasar namung nêtêpi kuwajiban kita. Dados tumindaking nyambut damêl inggih kanthi manah sênêng.

Yèn wanci dalu, sabibaring ngupa boga. Adamêla wanci kangge nglêrêmakên gagasan ingkang tumuju dhatêng kadunyan, ambudia sagêdipun kasêngsêm dhatêng kamulyaning agêsang, kaangkaha sagêdipun sampurna tumindak kita. Utawi manawi dèrèng gaduk ing

--- 32 ---

pamaggih, langkung parlu ngupados mitra ingkang tunggil tekad, kangge nyantosakakên kapitadosan, saha inggih prayogi maos sêrat-sêrat wirit punapa suluk, kangge angindhakakên kawruh tuwin panggigahing manah. Bokmanawi sawêk pinuju judhêg sarta sumpêg, anggèning ngraosakên lêlampahanipun. Ingkang makatên kadhasarana manah santosa, têgêsipun sumèlèhing tekad, sadaya rêribêt wau inggih kalêbêtna ing pangèsthining batos kemawon ingkang mêlêng, sampun ngantos kêrêp kawêdal dhatêng liyan. Kangge tiyang ingkang sampun ahli budi, kikisanipun makatên: bungah, susah, sugih, miskin, iku titah mung sadarma nglakoni. Amargi: ya gene aku dhèk biyèn kok ora mêtu ênggone wong sugih, lan băngsa luhur. Dalasan dumadine kaananku wujud kaya mangkene iki, iya mung sadarma nglakoni. Ora liwat ya mung nyuwun ngapura, supaya pinaringana marga kang padhang. Dados kanggening tindak tumrap kadadosan ingkang dhumawah ing badanipun, punika sadaya inggih prayogi dipun ajêngi. Utawi malih yèn anglêrêsi manggih lêlampahan kados makatên, punika sagêd ugi pandadaring Gusti Allah dhateng kita, manawi pancèn kita têmên-têmên nêdya têtunggilan lan Gusti, amasthi inggih santosa ing tekad, utawi kuwawi nglampahi lêlampahan ingkang judhêg wau. Nanging kuwawi kita wau prayoginipun inggih kapasrahna dhatêng ingkang

--- 33 ---

murba gêsang kita. Têgêsipun: ing dalêm batos kaèsthia ingkang sagêd mêlêng, nyênyuwun dhatêng Gusti Allah luwaring sapudêndha, sagêda kasêmbadaning sêdya kita. Manawi sagêd katarimahing panyuwun kita, ing nglêbêt manah kita wontên raos ingkang salugu botên kasamaran, sanadyana barang ingkang kula suwun wau dèrèng wujud sanalika punika. Ing têmahan tumanduking dhatêng manah kita lajêng ayêm sarta ènthèng, amargi bêbêktan kita sampun wontên antawising kamayaran. Utawi sampun wontên ingkang ngrencangi ambêkta, sanadyana kita dados tiyang mlarat, sarta ngrêkaos, nanging lampah kita sampun botên angrêgiyêg. Wondene manawi dèrèng wontên antawising luwar, inggih kalajêngna ing panlăngsa kita. Sasolah bawa kita, kaangkaha sarwa ngatos-atos, amargi sampun kalêbêt ing bêbasan: wong kang lagi kojur, mêsthi tansah katula-tula. Dados sadaya punika manawi sampun dipun lênggahi ing samêsthinipun, tumindaking lêlampahan inggih sakeca kemawon, langkung-langkung kagêm tiyang sugih tuwin băngsa luhur, saya langkung sakeca sangêt. Amargi manawi rintên dalu kita tansah anggagas kabêtahan dunya kemawon, punika gêsang kita lajêng nama klêlêp wontên ing dunya, sayêkti kanyataan botên gadhah marêm, namung tansah kêmrangsang kemawon ingkang tanpa wusana.

Tiyang ingkang sampun ngèlmu mênggahing tekad anggèning nyêpêngi

--- 34 ---

kawontênan dunya punika namung kangge ăngka kalih, ingkang ăngka satunggal anggalih kautamaning tindak, tuwin kaluwihan. Dados sagêd amilahakên barang ingkang sagêd rusak, tuwin ingkang langgêng. Têgêsipun sanadyana badhe angsal rijêki, nanging badhe wontên pêpêtêngipun, inggih botên dipun tampèni. Makatên punika ngantos sagêd tumanêm dhatêng manah.

Lêlampahan punika pancèn inggih angèl, nanging manawi kita purun anglampahi, botên wontên barang angèl punika. Dados wosipun, manawi ngagêsang punika botên purun tumindak ngrêkaos karana anglampahi kasaenan, inggih lajêng nama gêsang rucah utawi kêrêp katula-tula kemawon.

Mênggah katranganipun băndha ingkang langgêng punika, dumunungipun wontên kautamaning tindak. Sanadyana kita dumugining pêjah, nanging kautamaning tindak kita, tansah dipun candhi dening tiyang. Anyrambahi jiwa kita botên gampil kenging ginodha iblis.

Panyuwunipun tiyang ingkang mursid, kêrêp kajurungan. Amargi sampun sagêd mapanakên barang ingkang dipun suwun, tuwin sagêd matrapakên dununging panêmbah.

Panyuwunipun tiyang ingkang kirang mantêp pangèsthining manahipun, botên katrimah dening Allah.

Dhawuhing ngèlmu makatên: nyênyuwuna, mêsthi kaparingan. Thothok-thothoka lawang, mêsthi kawênganan. Golèk-golèka [Golèk-go...]

--- 35 ---

[...lèka] mêsthi nêmu. Amargi Gusti Allah karsa nuruti karêpe manungsa, kang wus digalih têmên dening panjênêngane.

Ingsun jumênêng ana ing panggonan luhur lan sukci, lan ingsun uga dumunung ing atining wong kang trênyuh lan ambêk wêlasan.

__________

3. Kakekat.

Ingkang dipun wastani kakekat punika anitipriksa lampahing rahsa, tuwin wêwatêkaning pirantos kita, ingkang gadhah moga piyambak amêtêngi têtunggilanipun kawula lan Gusti.

Mênggah patrap makatên punika, sagêdipun kita enggal mangrêtos, kita kêdah sampun tumindak anglampahi sarengat lan tarekat ing ngajêng wau. Amargi manawi patrap kita tuwin manah kita dèrèng rumaos nampèni roh sukci, kita botên sagêd pramana anggèning angencupi beda-bedaning rasa satunggal-tunggalipun, ingkang katingal wontên ngajêngan, namung karêping ati lan gagasaning angên-angên ingkang taksih wangkal, ing măngka pancèn angên-angên punika sumêdya angêndhih jumênêng dados Gusti. Amila sintên ingkang manut miturut gagasaning angên-angên kemawon, inggih punika gadhangan malêbêt yomani, tumindakipun mêsthi kêrêp kacuwan saha pêtêng. Nanging kadospundi, rèhning punika dados prabot kita. Amila prayogi katata makatên:

--- 36 ---

Kita manungsa gêsang ing ngalam dunya, punika sagêdipun damêl yêyasan warni-warni, inggih sarana ngangge pirantos kita wau (karêping ati ingkang sampun sarujuk lan budi sarta pikiran) nanging kawuningana, kasagêdaning pirantos wau namung dumugi barang ingkang kasar-kasar kemawon, ingkang tumuju dhatêng kadunyan thok. Botên sagêd kangge anggayuh dhatêng gaibing Pangeran. Amargi kawasisaning pirantos wau, taksih kamomoran piawon, inggih punika hawa napsu ingkang tumuju dhatêng pêpêtêng. Utawi kenging kawastanan gothang, paribasanipun kadosdene tumindaking prajurit ingkang tanpa senapati. Mênggah pamanggènipun hawa napsu wau dumunung ing păncadriya, dene pakêmpalanipun wontên ing angên-angên. Lageyanipun pancèn inggih sagêd damêl lêga, anyêkapi kabêtahan kita, sajakipun sarana gampil lan eca, nanging jêbul ing nglêbêt isi prusi. Wêwatêkan ingkang makatên punika ingkang parlu dipun wekani, lan ingkang ngatos-atos.

Wataking budi, gagah prakoswa tur sêmbada, inggih sagêd damêl pêpadhang saking akalipun, wasis măndraguna sura sêkti. Nanging inggih wontên awonipun, dene purun ngubyungi sêdyaning hawa napsu, ing têmahan akalipun wau kangge ngakali lampah pulitik prêsun.

Wataking pikiran, punika juru nimbang-nimbang sadaya prakawis, utawi [u...]

--- 37 ---

[...tawi] dados juru basa, nanging inggih wontên awonipun dene purun ngubyungi sêdyaning hawa napsu, ing têmahan lajêng dados santosaning sêdya awon wau.

Manawi kita sampun mangrêtos watak-wataking pirantos, kita wajib lajêng tansah angèngêti, kadadosan tumindaking sarengat lan tarekat. Amargi inggih wataking hawa napsu ingkang sampun sakuthu punika ingkang ngaling-alingi panduluning suksma dhatêng sang sabda.

Amila sapunika prayogi katata lampahipun rahsaning gêsang sagêda lêstari dumugining lair jumêdhul sae, langkung rumiyin kita prayogi angèngêti, kuwajiban kita dhatêng Gusti Allah, tumrap tiyang ingkang ngèlmu, mênggahing kapracayanipun makatên:

1. Kita wajib angèstokakên dhawuhing Gusti Allah, badhe kakarsakakên kagêm punapa kemawon, kita wajib anglampahi kanthi èngêt.

2. Kita wajib apitados, yèn Gusti Allah botên badhe aniksa dhatêng kita, nanging malah angrêksa, supados gêsang kita sagêd sae, lan turut. Punapa malih Gusti Allah mêsthi sampun nyadhiyani pêpancèning kabêtahan kita.

Tumrap ingkang sampun pana dhatêng gaib, punika tumindakipun sampun botên milih lan nampik, namung pasrah bongkokan dhatêng ingkang murbèng gêsang. Wontênipun makatên jalaran [jalara...]

--- 38 ---

[...n] manahipun sampun sagêd tumanêm dhatêng tindak utami, ngantos dados pakarêman.

Ing sabên dintên manawi kita purun angraos-raosakên lampahing rahsa kalayan manah wêning, sayêkti karaosing jro rahsa isi dhawuhing Gusti Sang Sabda. Mênggah tumandukipun makatên:

Gusti Sang Sabda dhawuh, ingkang nampèni dhawuh wau sukma, lajêng tumurun dhawuh dhatêng rahsa, lajêng dhawuh dhatêng jantung, lajêng katampèn ati, dumugi ing ngriki kita wajib ngatos-atos, amargi manawi kirang sêtiti, tuwin kirang sabar, sok kalèntu karêping ati piyambak, inggih punika nyut utawi krêntêg, manawi punika katurut padatanipun sok rèwèl, amila tumètèsing dhawuh sakawit dhatêng ati, anggèn kita nyêpêngi ingkang sabar, sayêkti kraos rasaning rahsa ingkang alus isi dhawuh punapa, manah kita wajib anglanturakên kemawon, upaminipun dipun dhawuhi: sira tilika mênyang ênggone sadulurmu panularan. Ing măngka kita botên gadhah kaparluwan punapa-punapa, tumrap dhatêng sadhèrèk kita wau. Sanadyana makatên wajib kita inggih anglanturakên kemawon, lajêng dhawuh katampèn angên-angên, wontên ing ngriku prang rame, amargi saking botên gadhah bêtah wau. Prayogi kalanturakên. Lajêng dhawuh dhatêng budi, ugi prang malih sumêdya nyêgati lampah, prayogi kalanturakên. Lajêng dhawuh dhatêng pikiran, ing ngriku pêrangipun [pêrangipu...]

--- 39 ---

[...n] alus, prayogi kalanturakên. Lajêng dhawuh dhatêng păncadriya, lajêng katampèn badan namung sadarma lumampah angèstokakên dhawuh. Sarêng dumugi panggenaning sadhèrèkipun wau, pinanggih kalêrêsan sangêt, dene wontên parlu ingkang wigatos, badhe kengkenan murugi dèrèng mangkat, sampun dhatêng piyambak, tindak makatên punika mêmpanipun kadosdene tèlêgram tanpa kawat, tuwin tumindak sanès-sanèsipun malih, upaminipun: kita badhe jagong, sampun mangkat lumampah sawatawis têbih, wusana wontên ing margi mak grêg kraos raosing gêsang cêtha kapurih wangsul mantuk. Kita prayogi botên lajêng jagong, nanging parlu mantuka rumiyin, anyatakna raosing gêsang wau wontên kaparluwan punapa? Manawi anggèn kita ngêncupi botên kalèntu, sayêkti kanyataan ing griya wontên kaparluwan punapa anakipun sakit dadakan, punapa bojonipun ingkang sakit. enz

Manawi kita anglêrêsi lênggah piyambakan wontên ing griya, kula aturi ngêmatakên sasmitaning jagad ingkang malêbêt tumandukipun nyarêngi rahsaning gêsang, sayêkti karaos cêtha paring dhawuh, upaminipun badhe wontên tamu, tuwin kaparluwan sanès ingkang elok.

Mênggah patrap makatên punika salajêngipun kaangkaha sagêdipun tumindak ing sabên dintên, dados sagêd anêtêpi sêsêbutan: [sêsê...]

--- 40 ---

[...butan:] loroning atunggil, sampun jumbuh karsaning Gusti lan karêping kawula dados satunggal. Paribasanipun: sêtiyaring manungsa punika kantun nututi kemawon. Utawi: wêruh ing panuju dhatêng karsaning Gusti, makatên salajêngipun. Nanging prakawis punika botên kenging dipun piyagah, utawi tindak sêmbrana, awit saking gawat sarta alusipun. Prayogi dipun talatosi kemawon, amila dadosa kita tumindak punapa kemawon, kita wajib èngêt dhatêng kawaspadaning batos, ing wusana manawi kita sampun kulina sagêd tumanêm ing tindak kaalusan, utawi sagêd nuju raosing gêsang, ing ngriku sagêd katitik wohipun ingkang sae, satibamalanganeya namung sarwa kalêrêsan kemawon, têmahan dados têtuladaning sanès. Nanging makatên punika sawêk senggolaning rahsa, utawi sawêk dumugi pamarêming tindak, dèrèng sagêd pana dhatêng kasunyatanipun, amila inggih parlu dipun lajêngakên dumugining makripat, supados saya anambahi kandêling piyandêlipun, sagêd nama sampurna, utawi dumugining marêm babar pisan.

__________

4. Makripat.

Ingkang dipun wastani makripat, punika lampah angawruhi dhatêng Allah, inggih punika Allah ingkang sajati, ingkang amêngkoni [amêngko...]

--- 41 ---

[...ni] ing jawi sarta salêbêting dhiri kita pribadi, lampah punika sinêbut lampah ingkang agêng piyambak.

Mênggah paedahipun kita parlu pana dhatêng kasunyatan punika makatên:

1. Anambahi agênging kapitadosan kita, ing wusana sagêd lênggah ing têngah lêrês, manah kita botên kagetan.

2, Manah sagêd wicaksana, sadaya pikajênganing liyan, kabêtahan kita ingkang dèrèng kalampahan, punika sadaya sagêd kacakup wontên ing salêbêting batos kita piyambak, cundhukipun kalihan rêming netra.

Pêpungkasanipun sagêd angicipi pêjah, utawi gladhi mati sajroning urip, sagêd wikan gêsang ingkang tanpa raos-pangraos, sarta prabot sanès-sanèsipun. Ing wusana dados wêwayangan benjing lampahing roh wêkdal sakharatul maot, sapunika sampun botên was sumêlang malih-malih.

Awit saking punika, sarèhning sampun têtela agêng sangêt pigunanipun, amila kita inggih wajib tumindak. Nanging kadospundi patrapipun? Inggih punika ingkang dipun wastani: patrap sêmèdi êning.

Patrap sêmèdi êning punika golongan patrap ingkang gawat piyambak, amila botên anèh, sawêdalipun buku

--- 42 ---

Wirid Purwa Madya Wasana, cap-capan ingkang sapisan, kathah para sadhèrèk sami dhatêng ing griya kula, parlu nêrangakên alangan warni-warni ingkang anjalari wudhar, ingkang kêlimrah alanganipun wau makatên:

1. Saking anglêripun, kêlajêng dados tilêm.

2. Anggêr miwiti patrap, napas malah bantêr pangangsuripun, têmahanipun tansah ura kemawon.

3. Sampun sagêd ngancik ing păncamaya, nanging kirang tahan pamêlêngipun, têmahan wudhar malih.

Mênggah ingkang makatên punika inggih pancèn sampun salêrêsipun, tiyang sawêg ajar-ajar ngambah ing kaalusan, katarik saking dèrèng pana dhatêng lagoning patrap. Nanging inggih sagêd ugi katarik kirang cêthaning anggèn kula gêlarakên pêpiridan. Amila sawêdalipun cap-capan ingkang kaping kalih punika, kula ewahi sawatawis, murih radi cêtha panampining para sadhèrèk. Ewadene manawi taksih dèrèng sagêd dados, sampun ngantos kagungan panggalih èwêt-pakèwêt, kêparênga lajêng manggihi kula, pancèn sampun kula sêdhiyani kawruh kula angge kurban dhatêng para sadhèrèk, kalayan lêlahanan. Ing pangangkah sêdyaning manah kula namung dadosa mitra ingkang satuhu (sami-sami).

Amangsuli bab patrap sêmèdi êning, ingkang langkung rumiyin kita

--- 43 ---

wajib mangrêtos manawi badhe anjumênêngakên wontên ing Betal Makmur. Miturut kawontênan ing ngriku, mênggah ingkang paring dhawuh kawicaksanan, pancèn inggih alus tuwin lêbêt sangêt kamaripun, botên sagêd dinulu dening netra kêpala. Nanging ing sarèhning sampun dados pêpacangan kita, ngatos binasakakên jatukrama ingkang satuhu, kawula inggih gadhah peranganing kaalusan, kados ta: panduluning sukma punika inggih namung kalawan pramana, pamirênging sukma, tanganing sukma, pangucaping sukma, inggih namung kalawan rahsa, dados alus sami alus.

Wondene pangrakiting sêmèdi punika makatên:

Amiliha wanci ingkang sêpi (sêpining karêp, manah ingkang mardika) prayoginipun ing wanci dalu.

Panggenan ingkang sakeca (ing pundi sumèlèhing badan ingkang pinuju kraos sakeca).

Anyudaa dhahar sêkul sawatawis, mênggah paedahipun: manawi padharan radi kothong, urubing napsu ingkang asalipun saking gêni, sagêd murub antêng, ing wusana anggèn kita narik roh sagêd sakeca lan ènthèng, dene manawi padharan kuwarêgên, gêni wau botên murub, namung mêngangah kumêndhêng kukusipun, têmahan anjalari pêpêtêng, lajêng awrat namung badhe sare kemawon.

Manawi badhe miwiti patrap, punapa ingkang dados wiraosing [wirao...]

--- 44 ---

[...sing] manah kita, langkung prayogi katêmbungakên sarana batos kemawon (juru sabda mêsthi sampun mangrêtos lan ngawuningani punapa ingkang dados èsthining manah kita). Lajêng ambikak patrap kanthi jawab makatên: sirkun, datkun, sang naya ghaib, sira mêtua, ana gawe ...

Lajêng miwiti ngêrêmakên netra, ngêningakên cipta, angracut karêp sangang prakawis, kaklêmpakakên dados sakunggal,[6] kaalusanipun sagêda nunggil kalihan rahsa.

Lampahing napas katataa ingkang sarèh langkung rumiyin. Sasampunipun makatên, ilat kapadalna ing cêthak, paedahipun: napas wau sampun ngantos mêdal ing lesan, nanging kenging mêdal ing grana.

Lajêng anindakna ngukut, inggih punika narik roh ingkang rêsik satitahipun kemawon, sarana nupus, inggih punika angin ingkang anjog ing netra. Panarikipun saking githok, kita sagêd kraos anglêr, dumugi ing tênggok, wontên ing ngriku sagêd têmpukan angin tanapas, mlêbêtipun saking jawi dhatêng grana, dumugi ing tênggok têmpukan kalihan nupus. Têrus kainggahna dumugi ing Betal Makmur.

Sayêkti kanyataan, manawi ingkang minggah wau roh rêsik, muka kita kraos pating griming, prayogi kakèndêlna kemawon, [ke...]

--- 45 ---

[...mawon,] mangke ical piyambak. Manawi ingkang minggah wau roh rêgêd, sirah kraos ngêlu, tuwin kraos jêbobog, punika botên prayogi kalajêngakên, dipun wangsuli malih kemawon ingkang sarèh.

Manawi sang pramana sampun sagêd jumênêng wontên ing Betal Makmur, pandulunipun ingkang mêlêng, sampun ngantos kêdhèp, ing ngriku kita kenging kawastanan malêbêt ing alam: păncamaya. Punapa ingkang katingalan ing alam ngriku, saking panduluning pramana, kita sagêd aningali kawontênan pêtêng dhêdhêt tanpa watêsan, salêbêting pêpêtêng wontên cahya pating gêmbulêng awarni-warni, kuning, biru nèm, pêthak, gilir gumanti anglimputi. Lêlampahan punika dede prakawis ingkang ènthèng, amargi radi sawatawis dangu. Nanging sampun ngantos ewah, kalajêngna pamêlêngipun. Sanadyana ngrêkaos kados punapa, niyat kita parlu kêncêng.

Dhawuhing ngèlmu: aja sumêlang, ngandêla bae.

Sapunika kita kantun amusthi tekad sawiji, amargi sampun têtela manawi kita sampun botên sagêd bengkas pêpêtêng ingkang tansah nglimputi, amila prayogi lajêng pasraha bongkokan, têgêsipun lajêng angêmpakna salat daim, inggih punika dununging kapracayan kita, anêrangakên bilih botên wontên malih-malih ingkang sagêd bengkas pêpêtêng, kajawi namung Allah [A...]

--- 46 ---

[...llah] piyambak.

Kocapa, manawi têtêp ing kapracayan kita, sayêkti lajêng katarimah, ing ngriku wontên kaelokan, wênganing rahsa, sirnaning păncamaya, namung sakêclapan, kita sampun santun sêsawangan. Ningali punapa? Inggih punika dunungipun manggèn ing alam: insan kamil (panggêsangan tumraping kabêtahan ing alam dunya). Alam punika pasewakanipun sang guru jati (sang sabda) sadaya pangèsthi kita wau, sayêkti angsal wangsulan ingkang têtêp botên nate cidra, tuwin inggih panjênênganipun punika ingkang angasta sadaya papêsthèning manungsa. Dados tumraping tiyang ingkang ahli makripat, kados kirang parlu saupami gadhaha panyuwun ingkang elok-elok, malah langkung utami manawi nindakakên patrap sêmèdi botên sarana angèsthi punapa-punapa, ing ngriku kita sagêd aningali papêsthèning badan kita, tumrap kadadosan ingkang badhe dhumawah. Amargi samobah mosik kita punika sampun kawêngku ing papêsthèn. Wondene asaling papêsthèn punika saking pakarti kalih prakawis, inggih punika:

1. Pakarti turunan, wêkdal bapa biyung badhe nitisakên, ing wanci wau bapa gadhah tancêp lagoning pakarti punapa, punika sarinipun sagêd anumusi dados papêsthèning putra.

2. Pakartinipun piyambak, wêkdal sampun sagêd nindakakên [nindakakê...]

--- 47 ---

[...n] pakarti piyambak, sanadyan awon utawi sae, punika sadaya sami sumari, dene sari wau ugi lajêng dados papêsthèn.

Wondene manawi kita sampun kulina nindakakên patrap sêmèdi, ing raos mêsthi sagêd karaos sêngsêming manah, tuwin sagêd gadhah daya: botên kagetan, botên gumunan, botên melikan, botên gugon tuhon, tuwin sasaminipun. Langkung-langkung manawi kita sagêd gambuh, sanadyan botên anindakakên patrap sêmèdi, manawi pancèn badhe wontên kaparluwan tumrap dhatêng kita, kita mêsthi dipun paringi mangrêtos langkung rumiyin dening sang sabda, amila lajêng kenging dipun wastani tiyang wicaksana.

Mênggah pêpangkataning ngèlmi, tiyang ingkang sampun sagêd anindakakên kawicaksanan, punika lênggahipun sawêg gambuh ing madya, têgêsipun kalangkunganipun wau namung tumrap kangge ing alam dunya, nanging inggih sampun lowung sangêt.

Wondene manawi para sadhèrèk mêmpêng ing panggayuh, sumêdya badhe lênggah dhatêng kawusanan, sampun kuwatos, mugi kêparênga ngulinakakên patrap sêmèdi tanpa pangèsthi, bokmanawi mangke panjênêngan sagêd mangrêtos piyambak. Amargi manawi kita sampun wanuh kalihan sang sabda, mêsthi kita sampun pana dhatêng lageyan pangrakiting patrap sêmèdi, ingkang

--- 48 ---

mêsthinipun sagêd dados. Amila kantun nyêngkakakên satataran, ingkang bedaning lageyan botên sapintêna.

__________

Kangge Rêngêng-rêngêng Luwaring Sapudhêndha.

[Dhandhanggula]

1. purwakanya sinawung mêmanis | nurut wiji mula bukanira | duk ing nguni caritane | Nabi Adam karuhun | unggyanira ginodha iblis | angungkurkên Hyang Sukma | kang anggung têtulung | melik iblis pangglêmbugnya | anyanggêmi sagêd sami lan Hyang Widhi | têmahan manggih dosa ||

2. praptèng mangkin dosa angrakêti | mring sagunging tiyang ngarcapada | sampun sirna kasucène | nanging Allah satuhu | maha wêlas lan maha adil | wêlasnya paring sabda | lawan toya idhup | jinêjêr dadya panutan | tataning rèh kang manut sabdaning Widhi | yêkti manggih raharja ||

3. watêkira kang amrih tan yukti | winasuha dèn konjêm ing kisma | têmah gampang pangêrèhe | raga darma lumaku | kêkêrane sajroning batin | gawat kaliwat-liwat | cundhuking panuju | dèn èsthia jroning nala | tumanduking kang rasa sawiji-wiji | wêninge angalela ||

4. adilira jêjêg angadili | lêlungide kang kinarya tăndha | dumununging prakarane | yèku pralambangipun | lakuning rèh patrap sêmèdi | mati sajroning gêsang | watêknya linampus | rinacut mring kasunyatan | mrih têtela luwaring kang dosa yêkti | tan manggung sêmang-sêmang ||

5. sêsandine ingkang anglimputi [angli...]

--- 49 ---

[...mputi] | pratandhane ingkang tinarima | sampun sirna pêpêtênge | puniku yêktinipun | tan lyan saking nugrahèng Widhi | jêjêging pangadilan | hawanya wus lampus | jumênêng sukma pramana | amikani pakaryan ing sunya ruri | sang sabda ingkang kwasa ||

6. tunggal warna kalawan sirèki | wujud loro-loroning atunggal | bisa mêlok pandulune | dhasar elok kalangkung | jroning alam hidayat jati | badharing sapudhêndha | kawêdhar sadarum | rumangsuk padhang trawangan | saisining bawana pan wus kajodhi | trampiling rahsa mulya ||

7. lah sumăngga pra marsudèng ngèlmi | magèsthia lampah kang sanyata | tinata kalawan sarèh | ruruh lan ambêk sadu | dêdalannya ngèlmu sajati | titis tatas trawaca | êsahing pandulu | lêlungide yya kacurnan | nêng ninging tyas kang tajêm patraping dhiri | rarasane sêmbada ||

8. prasêmone kalangkung asungil | ngibarate lir minggah ing arga | gumulêng katon grumbule | jurangira asingup | karya maras kang yun lumaris | ngrasa tangèh tumêka | saluhuring gunung | gih makatên pangiranya | janma ingkang kapilêt ing tri prakawis | sungkan nulad sarjana ||

9. lamun janma kang wus nginum warih | tirta marta tan rumăngsa awrat | ènthèng sênêng tumindake | drubiksa datan purun | angrabasa nêdya tan yukti | wit kasoran kuwasa | dayaning sang mulku | kang wus rakêt têtunggalan | gambuh gambèng sari ratri datan kari | kalis ing rèh ruara ||

--- 50 ---

Wasana

Ing wasananipun kita punika badhe pêjah, nanging kadospundi. Tiyang namung badhe pêjah kemawon, dadak mawi tatanan warni-warni.

Mênggah wontênipun kita ngupados ngèlmu, utawi ngangge agami, punika ing tekad sajatosipun botên badhe pêjah, utawi ngupadosi sumèlèhing pêjah punika kadospundi?

Tiyang ingkang sampun kadunungan ngèlmu, amastani pêjah punika, ingkang pêjah hawa kamurkanipun (prabot enggal) dene jiwanipun (prabot lami) sampurna wangsul dhatêng alamipun lami, langgêng salaminipun.

Amila sadèrèngipun kita amêdharakên lampahing sakharatul maot, langkung rumiyin kula anyariyosakên ancasing tiyang pêjah, mênggahing tekad ingkang lêrês makatên dunungipun:

1. Marginipun tiyang pêjah punika, kita wajib èngêt duk nalika patrap sêmadi, Gusti nunggil lawan kita, sampun botên ngolah-ngalih panggenan. Sarta sampun botên mangeran dhatêng wujud.

2. Sangunipun tiyang pêjah, punika namung katrêsnan kita dhatêng Allah, sagêda sampurna lair batin.

3. Pinanggihing pêjah, punika tekad pasrah utawi sumendhe dhatêng karsaning Allah.

4. Panggenaning pêjah, punika dumunung ing tiga-tiganing atunggil (urip+kang gawe urip+kang nguripi).

--- 51 ---

5. Kadadosaning pêjah punika gêsang langgêng, sirnaning kawula: têtêp jumênêng gusti balaka (dede gusti, dede kawula).

Sasampunipun kita anyumêrêpi dununging tekad, sapunika anata lampahing sakharatul maot. Anyandhi kawruhipun Kyai Agêng Tarub, ingkang tumurun ngantos dumugi sapunika. Namung kapêndhêt cêkak aos saparlunipun.

Kita wiwit amapan patrap kadosdene duk samadi, namung tangan katumpangna ing dhadha sêdhakêp.

Ingkang dhingin lampahing roh saking badan, lajêng wiwit dalamakan, mlampah minggah dumugi jêngku, minggah malih dumugi wudêl, lajêng dhatêng ati, lajêng dhatêng tênggak, lajêng dhatêng rai, lajêng dhatêng netra, sawêk kèndêl.

Sapunika sampun wiwit dados jalaraning pamancading tinggal dunya, amargi sampun mancat ing jaman cipta rêsmi, ing alam ngriku ingkang katingal namung pêtêng dhêdhêt, inggih punika jaman ingkang sami mêdal saking dat ingkang alit-alit, dados margi sirnaning rasa ing dunya, amargi sampun ingoncadan băngsa kijab kisma. Alam punika dipun wastani akadiyat.

Sasirnaning warna cêmêng, lajêng santun abrit, sadaya warni abrit, dipun wastani alam wahdat, ing ngriku kathah rêrupan pating pancurat, lan mancur mancorong gumêbyar, manawi kirang santosaning tekad, kathah ingkang korup dhatêng panasaran, amargi

--- 52 ---

ing ngriku kathah godha rêncana ingkang langkung elok.

Sasirnaning warna abrit, lajêng santun kuning, dipun wastani alam wakadiyat, inggih punika sirnaning kijab pêpêtêng, ing ngriku wontênipun pangaran-aran, godha rêncana katingal anak rabi, bapa biyung, guru, mitra ingkang dipun sênêngi, punika sadaya sami anuju ingkang dados pakarêman kita, nanging sajatosipun ngajak dhatêng panasaran. Mila ngagêsang sampun sok kêpatuh lêlemeran, supados botên gampil kabujuk.

Sasirnaning warna jene, lajêng santun pêthak, dipun wastani alam arwah, sadaya katingal pêthak, inggih punika panggenaning bêgja cilaka, paribasanipun: luput pisan kêna pisan, amargi sampun dumugi pancêr, ing ngriku ugi kathah godha rêncana langkung agêng tinimbang ingkang sampun, amila kita wajib èngêt nyuwun pangawasa, supados ingkang anggodha wau sumungkêma sadaya, ing ngriku tekad kita kêdah santosa. Sampun ngantos kèlu kawontênan ingkang katingal.

Lajêng dumugi alam misal, inggih punika kadhatoning angên-angên.

Lajêng dumugi alam ajêsam, inggih punika kratoning budi ingkang agung, ing ngriku kathah sangêt malaekat ingkang ambêkta swarga, naraka, ambujuk dhatêng kita, ingkang makatên punika prayogi kapaibên kemawon, amargi swarga naraka punika botên [bo...]

--- 53 ---

[...tên] wontên. Para malaekat wau sami rumaos lingsêm, jalaran kawêlèh sêdyanipun, ing wasana sami kesah piyambak.

Sasampunipun makatên lajêng wontên margi prapatan (baetullah) manawi kita sampun dumugi têngah prapatan, kita wajib angèngêti kuwasanipun Betal Makmur tuwin Betal Mukaram, têgêsipun ingkang kumandêl ing tekad, saha ingkang waspada, lajêng sumêrêp cahya lir tawon gumana, tuwin wontên malih cahya gumandhul tanpa canthelan, tuwin malih cahya bundêr kuning kapurănta, ing jro isi manungsa, warninipun sami kita, sadaya punika sami nyukani bêbana ingkang endah sarta nyata, ingkang makatên sampun ngantos kèlu, kita wajib angèngêti martabat tiga, inggih punika:

1. Roh rokani, panggenanipun ing ati sanubari.

2. Roh badan rohkani, panggenanipun ing ati maknawi.

3. Roh kudus, panggenanipun ing ati siri.

Tuwin angèngêtana, nalika taksih gêsang ing dunya sampun angantukakên titipanipun bapa biyung 8 prakawis, ingkang lênggah jasmani.

1. Kulit, nalika têtak tuwin kapêrang.

2. Utêk, nalika cukil kuping.

3. Otot, nalika kêthok-kêthok kuku.

4. Balung, nalika untu ompong.

--- 54 ---

5. Rambut, nalika jungkatan.

6. Daging, nalika sakit korèngên.

7. Gêtih, nalika sakit kenging gaman.

8. Sungsum, nalika ngêdalakên koma.

Sadaya wau sampun kapasrahakên bapa kuwasa ibu pratiwi, nalika kita gêsang ing dunya, saksinipun sadhèrèk sakawan kalima pancêr, tuwin malaekat sakawan.

Dene titipanipun Allah 8 prakawis, inggih punika: 1. cahya, 2. budi, 3. rahsa, 4. kăntha, 5. warna, 6. ambu, 7. angên-angên, 8. urip.

Sadaya punika sampun sami mantuk dhatêng ênggènipun piyambak-piyambak, kawrat martabat 7 ingkang dumunung ing angga kubur sampurna saking kodrat Ingsun.

Sasampunipun kita angèngêt-èngêt ing nginggil punika, kita lajêng sumêrêp saingga bumbung rubuh, nanging sagêd ebah piyambak, sarta ing nglêbêtipun isi cahya, ing ngriku pangraos kita, rasukan kita ingkang kita angge, dipun walik saking wingking, dados kados dipun serup, lajêng mak jlêg, kita sampun ngalih panggenan, wus tan ana apa-apa kang rinasa, kajaba mung nikmat munpangat, ora luwe, ora arip, nanging mung lêga, sênêng, parêng, suka, langgêng salawase.

Amin.

--- [0] ---

Katrangan Pratelanipun Kalêpatan

[Ralat sudah langsung dimasukan dalam teks]

--- [0] ---

Ing ngandhap punika minăngka pralambang tumrap ingkang sami ngudi dhatêng ngèlmu kasampurnan, mêthik anggitanipun sarjana ing jaman kina, ingkang sampun kalimrah kangge sindhenanipun para lare.

Lir ilir, ilir ilir, tandure wong sêmilir. Têgêsangpun:[7] guru ingkang sampun kawahyon, pangandikanipun sagêd damêl siliring liyan, solah bawanipun prayogi dados têtuladan.

Tak ijo royo-royo, tak sêngguh têmantèn anyar. Têgêsipun: tiyang ingkang nêmbe maguru ngèlmu kasampurnan, punika lagoning tindakipun lajêng katingal beda kalihan nalika dèrèng maguru, rumiyin kêrêp gorèh manahipun tuwin sêdhihan, sapunika katingal ayêm tuwin antêng.

Cah angon, cah angon, pènèkên, blimbing kuwe, lunyu-lunyu pènèkên, têgêsipun: dhawuhipun guru dhatêng tiyang ingkang sumêdya ngudi ngèlmu, kapurih nêtêpi sadhawuhing ngèlmu, sanadyana ngrêkaos anggèning badhe nindakakên, inggih radi dipun jiyat, amargi badhe dados tiyang utami, punika pancèn inggih radi angèl.

Gawe masuh dodotira kumitir bêdhah pinggire. Têgêsipun: manah ingkang tansah samar-samar, punika pakaryaning dosa, amila prayogi dipun rêsiki, sarana pitêdahing ngèlmu, sagêda ical rêgêdipun, lajêng dados padhang.

Dondomana, jlumantana, gawe seba mêngko sore, têgêsipun: sanadyana tiyang sampun kalajêng kêkathahên dosa, nanging manawi purun tumindak anglampahi sadhawuhing ngèlmu, utawi purun anlusur ing kalêpatanipun, taksih sagêd lajêng dados tiyang utami.

Mupung gêdhe rêmbulane, têgêsipun: pêpadhanging Allah, mupung sih piwêlasipun Gusti Allah taksih agêng sangêt rumêntahing dhatêng manungsa.

Mupung jêmbar kalangane, têgêsipun: mupung kita taksih gêsang wontên ing dunya, sênadyana ênèm sarta sêpuh, botên wontên kasèpipun, ngudi ngèlmu kasampurnan.

Suraka, surak hore, têgêsipun: manahipun lajêng sênêng, ayêm, têntrêm, tuwin santosa ing tekadipun botên kasamaran.

Mênggah ingkang makatên punika, aggèn kula nyuraos, ewadene kula nyumaggakakên para maos.

__________

--- [0] ---

Pamarêming Tiyang Ngèlmu.

Asmaradana

1. wirayat kang kapadhan sih | yayah kadya manggih arta | pan satus èwu kathahe | nihan ta pralambangipun | trawacanirèng tekad | adoh katon pêrak dudu | dumunungnya kawaspadan ||

2. wontên malih kang cinandhi | sajatine têtunggalan | ngawruhana mring dhèwèke | kang pantês sinudarsana | wahyaning madurasa | sapa wêruh ing panuju | sasat sugih rajabrana ||

3. kaèsthia jroning ati | lêlungide kang bawana | kana-kana wus nèng kene | wit asale pra manungsa | tunggal pancêr sanyata | tuhu sampurna pinunjul | sabdanira nora cidra ||

4. pralambang Sri Maèspati | wicaksana sadu dibya | linulutan mring wadyane | kinèringan para raja | tanapi pra jawata | tan lyan prabawaning ngèlmu | lènjèhnya mring kasunyatan ||

 


inggih. (kembali)
têrangipun. (kembali)
jumênêng. (kembali)
punika. (kembali)
sakêdhèp. (kembali)
satunggal. (kembali)
Têgêsipun. (kembali)