Bayanul Iman, Muhtar Bukhari, 1925, #127

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bayanul Iman

Anggêlarakên ngèlmi makripat lan taokid, inggih punika ngèlmi gêgêbêngan lan kapitadosan Islam.

Wêjanganipun: Kyai Muhtar Bukhari.

Guru kursus tablig sarta kursus Islam ing Surakarta, kaimpun dening siswanipun M. Siswa Sudarma mubalig Muhammadiyah ing Surakarta, kawêdalakên sarta kasade dening Ab. SITI SJAMSIJAH Boekhandel & Uitgever WOROSOESILO sarta TAMAN MOESLIMAH SOERAKARTA 1855 – 1343 1925.

1e DRUK en 1e DEEL

Kaêcap ing pangêcapan: Cahya Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Bayanul Iman

Anggêlarakên ngèlmi makripat lan taokid, inggih punika ngèlmi gêbêngan lan kapitadosan Islam.

Wêjanganipun: Kyai Muhtar Bukhari.

Guru kursus tablig sarta kursus Islam ing Surakarta, kaimpun dening siswanipun M. Siswa Sudarma mubalig Muhammadiyah ing Surakarta, kawêdalakên sarta kasade dening Ab. SITI SJAMSIJAH Boekhandel & Uitgever WOROSOESILO sarta TAMAN MOESLIMAH SOERAKARTA 1855 – 1343 1925

1e DRUK en 1e DEEL

Kaêcap ing pangêcapan: Cahya Surakarta.

--- [2] ---

[Grafik]

Muhtar Bukhari

--- 3 ---

Atas Asma Dalêm Gusti Allah Ingkang Maha Mirah Tur Maha Asih.

Purwaka

Kula nuwun, kula sangêt muji sukur dhumatêng dzat ingkang maha kuwaos, dene idham-idhaman kula sagêd kalêksanan. Mênggah ingkang dados idham-idhaman kula punika, inggih punika supados ngilmi taokid ingkang dados kapitadosan Islam: wêjanganipun Kyai Muhtar Bukhari ingkang sakalangkung sangêt wigatos punika sagêda pêncar murakabi dhatêng para sadhèrèk kita kaum muslimin tuwin sanès-sanèsipun ingkang rumaos taksih kapêtêngan bab punika. Ing sakawit wêjanganipun Kyai Muhtar Bukhari ingkang kula karang punika, namung kula karang saking sakêdhik, sawêjangan-sawêjangan, lajêng kula sangsangakên ing udyananing sêrat kabar Al Islam ingkang dados orghanipun pakêmpalan Muhammadiyah pang ing Surakarta. Sarèhning wêjangan punika sakalangkung sangêt panjang, sarta samangke sampun sawatawis kathah pangimpun kula, mila saking sajilid rumiyin lajêng kula pasrahakên ingkang ngêdalakên sêrat kabar èstri Wara Susila sagêdipun lajêng kababar, tumuntên mimbuhi sumêbar dhatêng ing ngakathah. Kalampahan idham-idhaman kula wau samangke sagêd kalêksanan, inggih punika ingkang sabageyan,

--- 4 ---

(jilid 1) sagêd kababar punika.

Wondene karangan punika kalihan ingkang wontên ing sêrat kabar Al Islam wontên ewah sarta tambahipun katrangan, ewadene ewah sarta tambahing katrangan wau inggih botên marojol saking wêjanganipun Kyai Muhtar Bukhari, jêr pancèn tambahing katrangan wau inggih asal saking wêjanganipun, inggih punika kula pêndhêtakên saking sêsorahipun manawi panjênênganipun mêdharakên sêsorah wontên ing parêpatan Muhammadiyah utawi tindak tabligh anyiarakên agami sarana sêsorah dhatêng ing kampung-kampung sarta ing dhusun-dhusun. Dene pangangkah kula anggèn kula anambahi katêrangan wau sagêda amimbuhi têrang sarta gambêlangipun.

Wasana kula tansah anyênyuwun dhumatêng ing Gusti Allah, mugi-mugi pangarang kula punika sagêda anggêsangakên dhumatêng panggalihipun para maos, inggih punika sêdya sumungkêm dhatêng Gusti Allah sarta Kangjêng Nabi Muhammad utusanipun (s.'a.w)

Sarana nêtêpi agami Islam.

Surakarta kaping 1 Januari 1925.

Juru pangripta.

_________

--- 5 ---

[Bismillahirrahmanirrahim][1]

Kauningana, sadaya pangibadah punika saèstunipun wontên ingkang katuju, inggih punika Gusti Allah. Mila para têtiyang ingkang ngibadah punika sampun masthinipun kêdah nyumêrêpi ingkang dipun ngibadahi langkung rumiyin, awit tiyang ingkang ngibadah, ing măngka dèrèng sumêrêp ingkang dipun sêmbah, punika ngibadahipun tamtu muspra, botên wontên tanjanipun. Sasampunipun sumêrêp ingkang kasêmbah, lajêng sinau patraping pangibadah. Anggènipun nyumêrêpi dhatêng sasêmbahan wau kêdah ingkang yakin, awit bilih kirang yakin, punika tamtu kirang ning, sarta gampil angglewangipun, ingkang anjalari lajêng botên purun angibadah. Ngèlmu ingkang ngrêmbag bab sasêmbahan sajatos punika dipun wastani: ngelmu taokid. Taokid punika jawinipun: nyawijèkakên, mila dipun wastani makatên, amargi masalah ingkang wigatos piyambak, prakawis nyuwijèkakên sasêmbahan.

Ngèlmi taokid punika inggih kawastanan:

1. Ngakaid, punika jamak (meervoud) asalipun saking

--- 6 ---

têmbung: ngakidah, jawinipun: bundhêlan. Ngakaid, têgêsipun: bundhêlan kathah. Mila kawastanan makatên, amargi prakawis angrêmbag sêsêmbahan punika, sasampunipun pinanggih, lajêng kabundhêlan, kalêbêtakên ing sanubari. Upaminipun: sasêmbahan iku siji, sampun cocog, lajêng kabundhêlan: sêt. Makatên salajêngipun ngantos angsal pintên-pintên bundhêlan, utawi ngakaid (kapitadosan).

2. Kalam, jawinipun: pangandika, mila dipun wastani ngèlmi kalam, amargi angèl-angèlipun rêmbag punika angrêmbag sifatipun Gusti Allah: kalam.

3. Usuludin, têgêsipun dhasaring agami. Mila winastanan makatên, amargi dhasaring agami punika iman sarta makrifat dhatêng Pangeran. Sarta asalipun tiyang ngibadah punika, tamtu saking yakining manah sumêrêp dhatêng Pangeranipun.

_________

Ngèlmi Taokid.

Ngèlmi taokid punika, ngèlmi ingkang anyariyosakên sipating Gusti Allah saha utusanipun. Para ngulama ingkang mashur warni-warni sangêt margining anggènipun anyariyosakên, inggih punika miturut măngsa sarta panggenanipun. Mila sampun ngantos kagèt dhatêng andharan ingkang badhe kapratelakakên [ka...]

--- 7 ---

[...pratelakakên] ing ngriki punika, awit ing ngriki kadamêl salaras kalihan jaman sapunika. Ingkang parlu, kamanaha ingkang sayêktos, kanthi wêninging panggalih.

_________

Dalil.

Dalil, pasêksèn ingkang kangge anêtêpakên sifat-sifating Pangeran sarta sifat-sifating utusanipun, punika wontên kalih:

1. Ngakli, inggih punika dalil ingkang pinanggihipun saking ulur-uluraning akal.

2. Nakli, têgêsipun: dalil lih-lihan, upaminipun: wong iku kudu nyêmbah marang Gusti Allah, iku manut Wulangrèh kang mangkene unine: wajib wong urip iku, anyêmbaha limang prakarèku, dhingin Allah ... . Lah, pratăndha ingkang kula pêndhêt saking Wulangrèh, sarta kula turun plêk punika: nakli saking Wulangrèh. Ananging nakli ingkang kangge nyumêrêpi Pangeran, punika saking: kitab suci Al Kuran saha Khadis.

Dalil: ngakli tuwin nakli, punika panganggenipun kêdah sêsarêngan, botên kenging kapisah, upaminipun kadosdene mripat kalihan pêpadhang, têrangipun: upami botên wontên pêpadhang, punapa mripat sagêd sumêrap, tamtu botên.

--- 8 ---

kosokwangsulipun, wontên padhang, nanging mripat botên wontên, punapa pêpadhang inggih wontên ginanipun, tamtu botên. Bilih kula namung mêndhêt dalil ngakli kemawon punika sagêd ugi andadosakên sasar, amargi ulur-uluraning manahing tiyang punika beda-beda, wontên ingkang suci wontên ingkang rêgêd. Ngakal ingkang rêgêd punika tamtu murugakên sasaring iktikad, sanajan suci ngakalipun, ananging inggih botên sagêd dumugi, manawi botên angsal obor. Obor makatên pamasangipun kêdah wontên ing ngajêng, ginanipun kangge ngobori ingkang pêtêng lan mutawatosi. Manawi pamasanging obor wontên ing wingking, punika tamtu kundhukan badanipun piyambak, dados nama botên paedah. Kados sawênèhing golongan, anggènipun ngangge dalil ngakli wontên ing ngajêng (karumiyinakên) dalil nakli wontên ing wingking (kakantunakên). Dalil nakli kaêlak-êluk, supados cocog kalihan ngakli, punika lêpat, amargi panyuraosing dalil nakli, tamtu lajêng mlèsèt saking suraosipun ingkang asli, anjalari ruwêt bundhêt botên kantênan.

Sadaya sipat-sipating Gusti Allah punika sampun kasêbutakên wontên ing kitabipun, inggih punika Al Kuran. Punapa punika wontên ingkang lêpat utawi kirang mathis, tamtu

--- 9 ---

botên. Amargi Kuran punika dhawuhipun Gusti Allah, anyariyosakên sariranipun piyambak, tamtunipun langkung pratitis. Kados upaminipun: kula wontên ing salêbêting griya kula, punika pratitis pundi panyawang kula dhatêng kawontênaning griya, katimbang panyawangipun tăngga kula. Amargi kula ingkang gadhah, tur ingkang nyipati ing sadintên-dintênipun. Makatên ugi kawontênanipun Gusti Allah, punika wontên ing salêbêting alam gaib, ing măngka ingkang mêngku alam gaib punika namung panjênênganipun piyambak, dados manawi panjênênganipun angandikakakên sipat-sipatipun, tamtu langkung cêtha tuwin titi tinimbang kalihan sanèsipun.

Sajatosipun sadaya ingkang dados kabêtahan asal ingatasipun manungsa, punika ing alam sampun wontên, sarta kabêtahan wau manungsa pancèn botên sagêd iyasa utawi damêl piyambak.

Kadosdene bayi bêtah ngombe. Ngombe ing ngriki kalêbêt bêtah asal, ing ngriku Gusti Allah ugi sampun maringi toya ingkang minăngka dados ombèn-ombènipun lare, ingkang wontên ing payudaraning biyung. Sanajan sampun wontên toya, inggih dèrèng sagêd angombe piyambak, manawi botên wontên ingkang nêdahakên utawi ngêthukakên.

--- 10 ---

Gusti Allah nurunakên mripat, punika gadhah bêtah asal, kados ta: bêtah dhatêng rêrupèn abrit, ijêm, sapiturutipun. Gusti Allah ugi sampun nyadhiyani inggih punika kawontênaning alam rêrupèn ingkang katingalan punika. Sanajan sampun wontên kalih-kalihipun, inggih dèrèng sagêd migunakakên, manawi dèrèng wontên ingkang ngêthukakên. Kawicaksananipun Gusti Allah lajêng anitahakên surya minăngka madhangi dhumatêng sadaya kawontênaning alam rêrupèn wau. Sasampunipun padhang ing ngriku mripat sawêg sagêd angginakakên. Samangke minăngka ringkêsing katrangan makatên:

Bayi butuh ngombe, ora bisa gawe banyu, ora bisa ngombe dhewe.

Mripat butuh ngalam rêrupan, ora bisa gawe ngalam rêrupan mau, ora bisa andêlêng yèn ora ana kang madhangi (kang nuduh-nuduhake).

Lah sapunika lajêng kula gathukakên: sajatosipun pancèn sampun dados wêwatêkaning manungsa, punika masthi bêtah pranatan ingkang sagêd milujêngakên badanipun ing dunya dumugi ngakirat. Bab punika kenging kacobi minăngka kangge pasêksèn, inggih punika manawi tiyang punika dipun pitakèni: kowe iku butuh kang nylamêtake awakmu ing dunya tumêka [tumê...]

--- 11 ---

[...ka] akirat apa ora. Ing ngriku tamtu anjawab bêtah. Dados: ingkang milujêngakên manungsa ing dunya dumugi ngakirat: punika pancèn dados kabêtahan asal (wigatos piyambak) ingatasipun manungsa. Ing măngka sampun katêrangakên ing nginggil, pundi ingkang dados kabêtahan asal, Gusti Allah tamtu sampun nyadhiyani.

Mênggah ingkang sagêd milujêngakên manungsa ing donya dumugi ngakirat punika namung agami. Manungsa botên sagêd damêl agami piyambak. manawi wontên agami kadamêl ing tiyang ingkang bêtah, punika tamtu kasasar, kenging kula upamèkakên lare damêl toya susu piyambak, sampun tamtu kemawon lajêng kasasar utawi pêjah. Dene ingkang nêdahakên punika para nabi rusul.

Ingkang dados pokoking agami punika bab ngilmu: ka-Allahan (ka-Pangeranan) tuwin bab ngibadah. Lah sapunika lajêng kados pundi anggèn kita nyumêrêpi Gusti Allah saha ngibadah, manawi botên rêrambatan saking kitab sucinipun Gusti Allah, sarta miturut rusul ingkang minăngka pêpadhang inggih ingkang minăngka guru asal.

Tumrap têtiyang Islam kacêgah sangêt sampun ngantos kadosdene golongan Tiyosopi. Ngilmu ka-Allahan lajêng dipun rêmbag sarana mufakatan, punika punapa botên kasasar.

--- 12 ---

awit manawi botên dumugi, masthi inggih kalangkungên.

Sapunika sampun cêtha bilih ngilmu ka-Allahan punika ingkang dados witipun sadaya kabêtahan asal ingatasing manungsa. Punapa kita sagêd iyasa piyambak, masthinipun botên sagêd. Dados inggih sampun cèplês sangêt andharan ingkang kapratelakakên ing ngajêng, dalil nakli ingkang cèplês punika namung: Kuran lan Kadis.

Sarèhning ing Kuran katêrangakên kalayan cêtha, dados kita manungsa kêdah namung sumarah. Ambok bilih wontên ingkang botên kacondhongan ing akal, akal punika lajêng kawangsulana makatên: Kuran iku pangandikaning Pangeran, nêrangake sipating sarirane, wis masthi bae luwih cêtha, lan luwih bênêr, ambok manawa ngakalku dhewe kang durung anggaduk.

Sajatosipun ngilmu taokid punika lairipun sampun dangu sangêt, ananging dalil-dalil ingkang dipun angge, ingkang kathah namu[2] dalil nakli, dene dalil ngakli namung wontên ing dhadha, têgêsipun botên kalairakên, dados para têtiyang ingkang sami takèn, sajak kapêksa nganggêp ing dalil nakli wau. Punika inggih lêrês, ananging ing jaman sapunika sagêd langkung padhang, bilih dalil nakli wau kasarêngan dalil ngakli, sarta karuntutakên panganggenipun.

Ing Kuran kathah sangêt ayat-ayat ingkang nyariyosakên [nyariyosa...]

--- 13 ---

[...kên] bilih para tiyang punika kêdah angginakakên akalipun. Kuran punika sajatosipun sampun anyêkapi dhatêng para manungsa sangalam punika, awit pitêdahipun Kuran punika sagêd numrapi dhatêng para tiyang ingkang bodho, tiyang cêkapan, saha tiyang ingkang sampun inggil kawruhipun, sadaya ayating Kuran punika bilih katampi ing manah ingkang suci, tamtu dados pêpadhang ingkang mêncèrèt sarta gilang-gumilang. Ananging bilih katampi manah ingkang kotor sagêd dados pêtêng saha ribêd. Dhawuhing ayat: kitab Kuran iki ora mamang manèh bênêre, dadi pituduhe wong kang padha wêdi (ing Allah).

***

Warananing Akal.

Sadaya ngilmu punika saya inggil tamtu saya angèl panampinipun, sarèhning kawruh taokid punika kawruh ingkang inggil, dados pamaosipun inggih kêdah kaêmatakên ingkang sayêktos, sampun ngantos kawayuh, têgêsipun: salêbêtipun maos ngilmu, punika sampun ngantos manah prakawis sanès. Ingkang prayogi: kêdah namung mligi satunggal punika, sampun santun-santun sadèrèngipun mangrêtos, sarta ing manah kakothongana rumiyin, sampun ngantos isi piyandêl [piyandê...]

--- 14 ---

[...l] sanès. Sasampunipun mangrêtos yêktos, punika sawêg kenging katandhing kalihan iktikad sanès-sanèsipun.

Ing ngajêng sampun kula têrangakên, bilih Kuran punika manawi katampi ing manah suci, sagêd dados pitêdah, lan manawi katampi dening manah kotor, sagêd dados sasar. Tiyang ingkang kenging soroting Kuran lajêng sagêd lêrês piyandêlipun, punika tiyang ingkang purun pados katranganipun kanthi tumêmên. Wondene para têtiyang ingkang nampi hidayating Kuran lajêng sasar, punika amargi pamahaming kitab suci Al Kuran, namung manut pikiranipun piyambak-piyambak, botên mawi kacocogakên kalihan pamanggih sarta katrangan ingkang sampun dipun anggêp sah. Langkung-langkung kathah sangêt para guru ingkang mêdharakên ngilmu kasampurnan, ugi mawi mêndhêt ayat-ayating Kuran, ananging pamêndhêtipun wau namung sakêdhik, têrkadhang kapêdhot-pêdhot, botên mawi kacocogakên kalihan ayat-ayat sanèsipun. Upaminipun têtêmbungan ngarab makatên: yèn sira arêp wêruh ing Allah iku mêruhana awakira dhewe. Warah punika bilih katampi barès-barèsan (walaka), andadosakên sasar. Panampining para guru ingkang cupêt, makatên: sarèhning ana warah mangkono, dadi wis têtela yèn Allah iku iya ana awake dhewe. [dhe...]

--- 15 ---

[...we.] Măngka sajatosing pikajêngipun suraos botên makatên. Dene warah wau pikajêngipun ingkang lêrês makatên: manawi kula badhe nyumêrêpi ing Allah, punika cêkap nyumêrêpi badan kula piyambak, liripun amratitisakên dhatêng asal, purwa sarta wasananing badan kula piyambak, upaminipun: aku dhèk biyèn ora ana, banjur ana: awujud bayi, saiki wis bisa dadi gêdhe samene, sapa baya sing anggêdhèkake, lan sapa sing nitahake marang aku?...makatên salajêngipun.

Ing Kuran wontên dhawuh: Ingsun (Allah) angutus utusan saka awakira dhewe (amfusikum), punika panampinipun: para nabi utusan iku kabèh ana ing awake dhewe, rasul iku iya rahsane dhewe. Ayat punika pamêndhêtipun namung pucukipun kemawon, lajênging ayat katilar, sarta lafal: amfusikum, dipun têgêsi: awakira, ingkang măngka lêrêsipun atêgês: bangsanira. Dene lajênging ayat: yaiku kang mêdharake ayat Ingsun ana ing ngarêpanira kabèh. Lah, ing mangke sampun têtela bilih anggènipun nyuraos punika lêpat, sarta kapêdhot wingkingipun, punika tamtu lajêng nyêngklèng sangêt suraosipun. Kathah sangêt para têtiyang ingkang sami rumaos bilih piyambakipun sampun [sa...]

--- 16 ---

[...mpun] sagêd amêndhêt pathining Kuran, anggêpipun: isining Kuran punika karingkês dados samrica binubut.

Kawuningana, akal punika wontên warananipun, dados manawi dèrèng ical warananipun ingkang angaling-alingi, tamtu botên sagêd amêndhêt hidayating Kuran, dhawuhing ayat makatên: ora bisa anggêpok Kuran, kajaba kang padha disucèkake. Anggêpok, têgêsipun: sagêd anyêpêng hakekatipun. Kasucèkake, têgêsipun: kasucèkakên saking warananing (aling-aling) akal.

Ingkang dados warananing akal punika wontên 5 prakawis: 1. Taklidulakma, têgêsipun: manut ing wong wuta. Tiyang wuta sanajan kaajak dhatêng pundi-pundi inggih manut, tanpa pikiran. Upaminipun: wontên satunggiling sêtidhèn gadhah guru satunggiling propesor, sampun sêpuh tur inggih pintêr, punika punapa sawicantêning propesor tamtu lajêng kagêga, botên mawi kamanah panjang. Upami propesor ngandika: Gusti Allah ora ana, kabèh iki saka natir. Pun murid wau lajêng anggêga, tanpa kamanah panjang, awit ingkang ngandika propesor. Tiyang ingkang makatên punika akalipun kabuntêl dening sêsêbutan propesor, inggih punika: taklidulakma... makatên ugi ing pasantrèn ugi kathah

--- 17 ---

santri ingkang manahipun kabuntêl: sarèhning piyambakipun wontên ing pondhok ingkang kapirêng namung katrangan saking kyainipun, dados samăngsa mirêng katrangan saking sanès, sanajan mawi dalil-dalil saking Kuran utawi khadis inggih botên kagêga, malah gadhah pangucap: thik-thik dalil, apa-apa Kuran, apa-apa khadis???, malah wontên ingkang anggumujêngakên, anggènipun botên anggêga punika margi saking ingkang nêrangakên wau ngangge kitab ingkang samakan Mêsir, botên kurasan cara kina.

2. Mangeran dhumatêng pakulinan, têrangipun makatên: kulina kula sabên dalu sumêrêp dilah tanpa kukus, inggih punika listrik, punika sanajan kula botên sumêrêp nalaripun, inggih pitados. Dados anggènipun pitados punika namung saking kulina sumêrêp. Ananging sarêng mirêng ayat: jagad iki bakal sirna, lajêng kagèt, maido margi sawêg sapisan punika mirêng têtêmbungan ingkang makatên, tur dèrèng nate sumêrêp.

Wontên tiyang wicantên, klungsu iki bisa dadi gêdhe saprangkul, punika manah lajêng marêm, amargi sampun kulina nyumêrêpi. Ananging sarêng mirêng: manusa kang mati iku bakal diuripake manèh. Punika lajêng kagèt, amangsuli: ah, iki têka modèl-modèl.

--- 18 ---

3. Puguh dhatêng pamanggih ingkang sampun dipun tampi, têrangipun: kula sampun gadhah kawruh, punika kula anggêp lêrês, amargi saking pangandikanipun kyai anu. Kula lajêng botên purun mirêngakên saha anggagas-gagas dhatêng kawruh utawi warah ingkang enggal dhatêngipun.

4. Maksiyat, têrangipun: upami wontên satunggiling tiyang alim, sabên dintên tansah atindak ngamal ingkang salèh-salèh, sarta sampun sinuyudan ing tiyang, punika para ingkang taksih kagubêl maksiyat, sampun tamtu nêbih, botên purun nyêlak, malah sadaya warahing tiyang sagêd wau, namung kasapèlèkakên kemawon.

5. Ngêndêlakên dhatêng akalipun piyambak, têgêsipun: sampun pitados manawi akalipun punika satunggiling akal ingkang sampurna, sadaya prakawis ingkang kaakal-akal sampun tamtu lêrêsipun. Tiyang ingkang makatên punika panampinipun dhatêng dhawuhing Kuran tamtu inggih kirang rêsik, amargi pamahamipun namung manut sakajêng-kajêngipun, botên mawi kamupakatakên ing asanès. Pamanggih sarta wicantênipun ngasanès malah karèmèhakên. Têrkadhang dhawuh punika sagêd kadhêsêk ing akalipun, têgêsipun: dhawuh kapurih miturut ing akal.

Cêkakipun tiyang ingkang maham ing taokid, taksih kaaling-alingan [kaa...]

--- 19 ---

[...ling-alingan] ing salah satunggalipun warana gangsal prakawis kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, tamtu panampinipun taksih ruwêd, ribêd, pêtêng. Mila para maos bilih badhe amaham ngilmi taokid ingkang kasêbut ing sêrat punika, inggih kêdah anyirnakakên warana gangsal prakawis wau, sarta anisihna rumiyin dhatêng kapitadosan sanès ingkang sampun lumêbêt ing sanubarinipun, sasampunipun makatên, tamtu lajêng sagêd srêg, botên acêcampuran, sarta lajêng sagêd anandhing-nandhing, pundi ingkang lêrês.

Maklum.

Maklum punika têmbung Arab, têgêsipun sadaya prakawis ingkang dipun ngèlmèni. Maklum wontên peranganipun tiga, inggih punika: 1. Mustakilul wujud, têgêsipun: botên kongang wujudipun. 2. Mumkinul wujud, têgêsipun: kengang-kenging wujudipun. 3. Wajibul wujud, têgêsipun: wujudipun mêsthi. Wujud, têgêsipun: ana. Katranganipun kados ing ngandhap punika:

Mustakilul Wujud.

Mustikulul wujud utawi: botên kongang wujudipun. Têmbung botên kongang ing ngriki kêdah miturut putusaning akal ingkang sampurna, botên miturut putusaning adat. Supados têrang kula damêl upami makatên: kêmpaling samukawis [samuka...]

--- 20 ---

[...wis] ingkang kosokwangsul wontên ing măngsa tunggal (sarêng) punika mustakilul wujud, têgêsipun: tamtu botên badhe kalampahan. Kados ta: suta iku obah lan mênêng ana ing măngsa siji. Punika punapa badhe sagêd tumindak, tamtunipun botên, awit sadaya tindak utawi patrap punika manawi botên obah, inggih kèndêl, sarta icaling kèndêl punika margi santun ebah, punapa malih icaling ebah santun kèndêl. Naya iku luwih tuwa tinimbang bapakne, punika inggih lăngka sagêdipun kadadosan, awit punika badhe ngêmpalakên barang ingkang kosokwangsul, makatên sapiturutipun. Tuladha ing nginggil punika ngakal tamtu botên sagêd nampi, sanajan namung anggambar-gambarakên utawi angenthak-enthakakên inggih mêksa botên sagêd.

Mustakilul wujud mênggah ngadat punika makatên: ana gêni ora panas, punika sagêbyaran sajak inggih mustakilul wujud, ananging punika namung mênggahing adat, awit latu punika adatipun bêntèr. Ananging inggih wontên latu ingkang botên ambêntèri, kados tiyang Jêpan ingkang mawi agami Sinta, manawi pinuju riaya sami lumampah wontên ing mawa ingkang kajèrèng kados babud, rumaosipun inggih botên bêntèr. Watu gumandhul tanpa canthelan, punika sajak inggih

--- 21 ---

mustakilul wujud tumraping adat. Kathah kemawon barang ingkang gumandhul tanpa canthelan, lintang-lintang, bumi, punika gumandhul wontên ing punapa. Ing măngka agêngipun angungkuli sela sanès-sanèsipun. Dados gumandhuling sela tanpa canthelan punika namung mustakil tumraping adat, barang ingkang mustakil mênggahing adat punika ngakal taksih sagêd anggambar utawi ngentha-entha.

Mênggah ingkang kangge ing ngriki (ngilmi taokid) punika mustakilul wujud mênggahing akal.

Samukawis ingkang mustakilul wujud mênggahing akal punika botên badhe kalampahan wontênipun utawi tumindakipun.

Mumkinul Wujud.

Mumkinul wujud têgêsipun: samukawis ingkang wênang (kengang-kenging) wujudipun utawi: wujudipun ingkang kanthi sabab, kados ta: wontênipun motor sagêd lumampah, sabab saking dayaning mêsin, dados lampahing motor, margi wontên ingkang nyababakên, inggih punika: mêsin, wontênipun blêdhèg, saking kêmpaling Negatief kalihan Positief, dados saupami botên wontên barang kêkalih wau, tamtu botên badhe wontên balêdhèg. Wontênipun toya margi saking kêmpaling Hydrogen kalihan Exogen.

--- 22 ---

makatên ugi dumadosing sadaya ingkang kumêlip punika inggih saking sabab-sabab ingkang sampun kasumêrêpan. Manawi sabab-sabab wau jugar (pisah) sadaya kadadosan tamtu sirna. Sasampunipun sirna inggih sagêd wujud malih, anggêr sabab-sabab wau sampun ngalêmpak pêpak, lah inggih runtuting sabab-sabab punika ingkang limrahipun kawastanan: Natuur.

Wajibul Wujud.

Wajibul wujud têgêsipun: wajib wontênipun. Katrangan: sadaya sabab-sabab ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil punika salugunipun taksih nama: mumkinul wujud, awit sabab wau inggih taksih kadadosan saking sabab (taksih wontên sababipun) gambaranipun makatên: wontênipun motor sagêd lumampah, amargi kanthi sabab: mêsin. Mêsin punika wujudipun inggih mawa sababab,[3] inggih punika: kêmpaling pêperanganipun...makatên salajêngipun. Makatên ugi wujuding toya saking kêmpaling Hydrogen kalihan Exogen. Hydrogen lan Exogen inggih taksih wontên sababipun malih, ingkang manusa sapunika dèrèng sagêd anggayuh. Sajatosipun sadaya sabab-sabab wau manawi kaurutakên tamtu pantog, inggih pantoging pantog punika ingkang kawastanan: sabab khakiki (sajatining sabab), mujid khakiki (kang nganakake [nganaka...]

--- 23 ---

[...ke] sajati) utawi ing basa malayu dipun wastani: Sebab yang mula pertama.

Dados manawi makatên ingkang limrah kawastanan Natuur punika satêmênipun sanès sajatining sabab, awit taksih mawi sabab malih. Inggih sabab kakiki punika, ingkang dados sabab wontênipun sadaya sabab.

Sabab khakiki, sabab kawitan ... inggih punika ingkang wontênipun tanpa sabab, punika: wajibul wujud. Dados inggih dèrèng nama: sabab kawitan manawi wujudipun taksih gumantung ing sabab sanès. Ananging ingkang awas sadhèrèk, sabab ingkang kawitan punika botên kenging ginayuh sarana mripat. Sabab ingkang cêlak kemawon kathah sangêt ingkang kita taksih pêtêng utawi pancèn botên sagêd anggadug sarana mripat, lah punapa malih sabab ingkang kawitan, utawi Sebab yang mula pertama.

Putusan: ora ana kang ana, kajaba saka kang masthi anane (inggih punika wajibul wujud).

Sadaya Mumkin Punika Mawi Kawitan.

Ing ngajèng sampun katêrangakên: sadaya mumkin punika tamtu mawi sabab, kados kadadosaning griya punika sababipun warni-warni, kados ta: saka, balungan, rèng, payon sapiturutipun. Botên badhe sagêd dados griya manawi sabab-sabab [sabab-sa...]

--- 24 ---

[...bab] wau dèrèng pêpak. Wujudipun sêratan sarana karumiyinan ingkang nyêrat, mangsi, gagang pèn sapiturutipun.

Mênggah kawontênaning sabab sajati utawi sababing sabab, inggih sabab khakiki, punika botên sarana karumiyinan sabab, awit manawi karumiyinan sabab, lajêng batal anggènipun dados sabab ingkang kawitan. Kabundhêlana wontên ing sanubari: sabab khakiki punika rumiyin piyambak, têgêsipun botên karumiyinan sabab sanèsipun.

Saupami sabab khakiki punika inggih wujuding mumkin punika, punika saya botên pinanggih nalar. Sapisan: lajêng batal dados sabab ingkang kawitan, dening botên sagêd jumênêng piyambak, kaping kalih: wujuding sabab sarêng kalihan ingkang dipun sababi, makatên punika sami kalihan têtêmbungan: Si Suta iku umure padha lan bapakne.

Makatên ugi manawi kawontênaning mumkin langkung rumiyin tinimbang kalihan sabab khakiki punika inggih mokhal kalampahanipun, kados upaminipun: wujuding sêratan langkung rumiyin tinimbang ingkang nyêrat sapirantosipun. Dados wontênipun sabab khakiki punika rumiyin piyambak, angrumiyini sadaya mumkin, malah wujudipun tanpa kawitan, amargi manawi mawi kawitan tamtu ambêtahakên ing sabab sanèsipun, lajêng batal anggènipun dados sabab khakiki.

--- 25 ---

Wontên sawênèhing golongan anekadakên bilih Gusti Allah punika kêmpal kalihan sadaya ingkang dumados, punika lêpat, awit manawi makatên, tamtu wujuding sabab kalihan ingkang dipun sababi sarêng tur dados satunggal. Punapa punika botên nama mokhal. Ingkang lêpas punika tamtu rumiyin sababipun.

Wontên malih sawênèhing golongan gadhah piyandêl makatên: sadurunge dumadi ana, kang jumênêng amung Allah pribadi. Allah banjur mlêtik dadi titah sangalam iki kabèh, dadi iya ngalam iki kabèh plêtikane Gusti Allah, besuk yèn wus tumêka titi mangsane bakal ngalumpuk dadi sawiji manèh. Punika saya anèh sangêt, kula lajêng sagêd angwontênakên pitakèn: lah apa bedane kang nitahake lan kang dititahake.

Wontên ngulami ingkang ngandika makatên: ing sajroning jobah iki ora ana sapa-sapa kajaba Gusti Allah. Wontên malih tiyang ingkang ngucap: Gusti Allah iku iya ngalam kang gumêlar iki. Pangucap ingkang makatên punika botên kenging lajêng katampi walaka. Salugunipun punika pangucapipun tiyang ingkang sampun matêng sangêt taokidipun, nanging kathah tiyang ingkang klèntu tampi. Dene têgêsipun pangandika makatên wau: bilih kita badhe anyumêrêpi Gusti Allah, cêkap [cê...]

--- 26 ---

[...kap] amanaha, ingkang wontên ing salêbêting jobah, sarta manah-manaha kawontênaning sadaya ngalam.[4]

__________

Allah Tan Kinasat Mripat.

Samukawis ingkang kenging kagrayang utawi katingalan dening pirantosing păncadriya punika masthi mawi blêgêr, arupi, lan awarni. Ananging manawi barang ingkang tanpa blêgêr wau alus, păncadriya inggih botên sagêd sumêrêp. Makatên ugi ngangên-angên utawi nganthak-anthakakên inggih botên sagêd.

Gusti Allah punika botên kenging ginayuh kalihan păncadriya. Manawi Gusti Allah kenging tiningalan kalihan mripat, tamtu Gusti Allah punika mawi blêgêr, samăngsa mawi blêgêr, inggih kenging kaperang, sarta wujudipun lajêng karumiyinan ing perang-peranganipun.

Ringkêsipun: manungsa botên agaduk ing dzating pangeran, [pange...]

--- 27 ---

[...ran,] nanging ingkang sagêd dipun sumêrêpi dening manungsa punika namung sipat-sipatipun, sumêrêpipun katitik saking lêlabêtaning dêdamêlanipun. Kangjêng Nabi Muhammad dhawuh makatên: mikir-mikira titahing Allah, aja mikir-mikir ing dzate.

Kula damêlakên upami: guru punika sagêd nyumêrêpi sipat-sipating muridipun, katitik saking pandamêlanipun. Guru sumêrêp sêrataning muridipun: rêgad, awon, pranatanipun groboh, punika lajêng sagêd anêtêpakên bilih lare ingkang nyêrat punika sipat: bodho, kêmproh, groboh sapiturutipun. Mênggah kathah utawi sakêdhikipun anggèning nyumêrêpi sipatipun punika amung gumantung wontên ing ngèlmunipun ingkang nyipati.

__________

Kudrat Jawinipun: Kuwaos.

Sadaya barang punika têmtu mawi sifat, inggih punika katêrangan, cêmêng, pêthak, alus, kasar, agêng, alit ... punika sifat namanipun. Dene ingkang kadunungan sipat punika dzat, têmbung ingkang kangge nyatakakên dzat punika dipun wastani: asma. Dene pandamêling dzat punika dipun wastani: afngap.[5]

Makatên ugi Gusti Allah inggih kagungan: dzat, sifat, asma sarta afngal. Dzatipun Gusti Allah sampun [sampu...]

--- 28 ---

[...n] katêrangakên botên ginayuh sarana mripat. Ingkang sagêd kapumêrêpan[6] dening manungsa punika namung tigang prakawis, inggisuhnika:[7] asma, afngal, sarta sifat, ananging inggih kêdah èngêt, tamtunipun botên sagêd sumêrêp sadaya, namung gumantung wontên ing ngilmunipun, utawi ingkang sampun katêdahakên dening Gusti Allah. Ingkang kula têrangakên langkung rumiyin punika sipat-sipatipun Gusti Allah, nanging inggih namung sawatawis, ingkang kula manah sakintên pêrlu.

Sawêg wujuding sêratan, kula sagêd anêtêpakên bilih ingkang nyêrat gadhah sipat: kuwaos, anggèn kula sagêd anêtêpakên manawi Gusti Allah wontên punika anitik saking dêdamêlanipun, inggih punika wujuding alam saisinipun. Yèn ta kita waspadakakên, sawêg barang ingkang sapele, punika ingkang damêl kêdah gadhah sipat: kuwaos. Dados kula botên kaladuk yèn ta amastanana, bilih ingkang adamêl ngalam saisinipun punika akagungan sipat: kuwaos. Manawi botên kuwaos, têmtu botên sagêd adamêl ngalam ingkang èdi pèni punika. Dados Gusti Allah punika kagungan sipat kuwaos, ing têmbung Arab dipun wastani: kudrat, mustahil (mokal) manawi kagungan sipat apês (botên kuwaos) sagêd amujudakên ngalam saisinipun punika. Mênggah kuwaosipun Gusti Allah, amêngku

--- 29 ---

sadaya panguwaos ingkang dumunung wontên ing sadaya titah.

__________

Iradat Jawinipun: Karsa.

Manawi kula ngarang karangan, ing salêbêting manah tamtu gadhah kajêng angarang. Punapa badhe sagêd dados karangan, manawi kula punika botên gadhah kajêng. Makatên ugi sanès-sanèsipun. Tiyang badhe damêl bangku, griya, gambaran, enz-enz, punika ing manah tamtu gadhah: kajêng. Dados manawi kula sumêrêp barang, upaminipun: karangan, griya, gambaran, kursi sapiturutipun, ing manah lajêng sagêd anêtêpakên, bilih ingkang damêl tamtu gadhah: kajêng. Punapa inggih badhe sagêd dados barang wau, manawi ingkang damêl botên gadhah: kajêng. Utawi punapa badhe kalampahan, manawi dadosipun barang-barang wau namung kapinujon. Sapunika kula gathukakên kalihan ing nginggil: manawi ningali wujuding alam, ing langit pating galêbyar, manawi ningali ron-ronan ijo riyu-riyu, manawi ningali wit-witan pating cêngkuwêg sajak dipun ukir-ukir, punapa wêwujudan ingkang makatên wau namung kapijujon,[8] tamtunipun botên. Dados ing ngriki kula sagêd nêtêpakên bilih: Gusti Allah punika kagungan sipat: karsa, ing têmbung Arab kawastanan: iradat.

Mênggah êmpaning sipat iradat punika makatên: manungsa

--- 30 ---

iku maune ora ana, banjur ana, wêkasan mati, punika sampun dados karsanipun Pangeran.

_________

Khayat, Rahman, Rakim, Jawinipun: Gêsang, Wêlas, Asih.

Ing ngajêng sampun kêrêp sangêt kula andharakên, bilih satêngah saking titikan utawi pasêksèn ingkang kangge nyumêrêpi sipatipun Gusti Allah punika titahipun. Manawi kula sumêrêp barang-barang, upaminipun sêratan, kula lajêng sagêd nêtêpakên sipating tiyang ingkang nyêrat, lan botên badhe sagêd kalampahan dados, manawi ingkang nyêrat wau botên gêsang kuwasa, pintêr ... . Makatên ugi wujuding alam, mokhal sangêt manawi ingkang damêl (Allah) punika seda. Dados têtêp Gusti Allah punika asipat gêsang.

Manawi kula tliti sayêktos kawontênan ing alam donya punika sadaya satimbang, botên sagêd awrat sisih. Kados ta: kewan ingkang wontên ing papan bêntèr dipun paringi wacucal ingkang mawi wulu pandhês, kados ta: lêmbu, maesa, unta sapiturutipun. Kosokwangsulipun ingkang wontên ing papan ingkang asrêp, punika kewan-kewanipun mawi wulu ingkang kandêl, supados botên kasrêpên, kados ta: abir lan [la...]

--- 31 ---

[...n] sapanunggilanipun. Ingkang wulu pandhês supados botên sumuk. Kewan ingkang wontên ing dhasaring sagantên ingkang lêbêt sangêt, saingga botên kadhatêngan soroting srêngenge, kados ta zeesalamander kaparingan panggrayang ingkang landhêp sangêt (tastorganen). Ulam toya ingkang êmpuk, gampil kamunasika dening mêngsahipun, kaparingan sisik utawi kulit ingkang wulêd, supados sagêd nanggulangi mêngsahipun. Ulam mangsi (inktvisch) ing sagantên panggenanipun, punika ringkih sangêt, gampil kasikara dening kewan sanès ingkang ugi nunggil panggenanipun, punika kaparingan pirantos ingkang sagêd ambukêtakên toya, bilih kataman bêbaya, lajêng ngêdalakên mangsi, supados mêngsahipun lajêng bingung. Mirid andharan utawi katrangan ing nginggil punika kula botên sagêd mamang malih pancên Gusti Allah punika: dzat ingkang asipat ngadil, wêlas lan asih.

Wêlas asihipun Gusti Allah karsa pêparing tanpa kasuwun. Lare ingkang taksih wontên guwa garbaning biyungipun, punika sajatosipun ugi sampun bêtah nêdha, ananging sarèhning dèrèng sagêd nêdha piyambak ingkang mêdal ing cangkêm, ing ngriku Gusti Allah ugi sampun maringi urung-urung kangge nglêbêtakên têdha dhatêng wadhukipun lare, saking ari-ari mêdal ing pusêr. Makatên ugi sarêng lair, ing ngriku tiyang sêpuhipun lajêng trêsna,

--- 32 ---

ingkang wêkasanipun purun anggulawênthah dhumatêng anakipun ngantos agêng, saengga sagêd ngupados pangupa jiwa piyambak. Têtela Gusti Allah punika maha wêlas lan maha asih.

__________

Kasawijèn.

Ingkang ngatos-atos para sadhèrèk pamaos, sami-sami angrêmbag sipatipun Gusti Allah, sipat kasawijèn punika kêdah kaêmatakên ingkang sayêktos. Botên kenging anggènipun nyuraos kasambi kalihan sasakêcanipun, inggih sipat kasawijènipun Gusti Allah punika ingkang ambedakakên agami-agami ingkang gumêlar punika tumrap anggènipun nyifati dhatêng Pangeran. Sawênèhing tiyang angucap: kabèh agama iku padha bae, punika badhe katawis lêpatipun saking sifat kasawijèn.

Sipat kasawijènipun Gusti Allah punika kaperang dados kalih:

1. Wihdatussahsi, jawinipun: kasawijèn kang tanpa wilangan.

2. Wihdatulitlak, jawinipun: kasawijèn kang tanpa perangan.

1. Kasawijèn kang tanpa wilangan: drijine tangan iku lima. Wong iku kupinge loro.

--- 33 ---

Gusti Allah iku loro, têlu, papat, akèh ... . Punika mawi wilangan. Mênggah piyandêlipun tiyang Islam: Gusti Allah punika satunggal thil, botên pêputra lan botên pinutrakakên, tanpa kănca tuwin tanpa kanthi. Punika cocog kalihan dhawuhing ayat ingkang kasêrat wontên ing Kuran suraosipun makatên: ngucapa sira, muhammad: sajatine Allah iku mung siji, kang dèn sêdya, ora pêputra lan ora pinutrakake. Têrangipun makatên:

Ing ngajêng sampun kula têrangakên, bilih Gusti Allah punika dzat ingkang asipat maha kuwaos, ngilmu tuwin karsa. Manawi Gusti Allah langkung saking satunggal, tamtu inggih sami kuwaosipun, nanging beda ngèlmu sarta karsanipun. Manawi wontên kawujudan langkung saking satunggal, măngka sami kuwaosipun, punika kêkajênganipun tamtu cêngkah, wêkasan lajêng crah. Ingkang kawon lajêng batal ka-Allahanipun. Bokmanawi wontên ingkang ngintên utawi pitakèn: yèn Allah-Allah mau padha rukun, kapriye. Punika ugi lêpat, awit kalih-kalihipun lajêng apês, dene satunggal-satunggalipun botên sagêd marentah ing wêngkoning sanèsipun. Kasawijèning Pangeran punika sampun nocogi [noco...]

--- 34 ---

[...gi] dhawuhing para sagêd, bilih sadaya kawontênan punika wangsul dhatêng sabab satunggal (grondoorzaak). Dhawuhing ayat: saupama ing bumi langit ana Pangeran saliyane Allah, bumi langit masthi lêbur. (amrih cêthanipun malih mriksanana buku Muslimah cithakan taun 1924 kaca 29-33. Kenging mundhut dhatêng Bukhandel Worosusilo Solo rêgi f 1).

Sawênèhing golongan sami nekadakên bilih Gusti Allah punika: kalih, inggih punika: Allah ing padhang tuwin Allah ing pêtêng (Lichtgod en God der duisternis). Allah ing pêpadhang ingkang damêl sadaya kasaenan, tuwin Allah ing pêpêtêng ingkang damêl sakathahing piawon. Punika inggih kenging katêrangakên kados ing nginggil wau. Allah wontên kalih, ingkang satunggal tukang damêl kasaenan, satunggalipun damêl piawon, punika tamtu saya crah kêkajênganipun. Punapa badhe rukun, punika saya mokhal !

Tiyang brahma sami pitados, bilih Gusti Allah punika tiga:

1. Brahma (Schepper = ingkang andadosakên).

2. Wisnu (Onderhouder = ingkang ngrêksa).

3. Siwah (Verdelger = ingkang ngrisak). Anggènipun andamêl upami makatên: sêkar mêgar, ingkang mujudakên punika: Brahma (Schepper). Ingkang ngrisak (anggègrègakên) punika: Siwah (Verdelger). Lastantuning sêkar wiwit jumêdhul dumugi [dumu...]

--- 35 ---

[...gi] anggègrègi punika ingkang angrêksa: Wisnu (Onderhouder).

Tumrap tiyang ingkang wêning akalipun, dados: risak, lêstantunipun samukawis bêgja, cilaka, awon sae sapiturutipun, punika malah dados saksi ingkang apsah kangge anêtêpakên: Gusti Allah punika satunggal sayêktos.

Mênggah mêgaring sêkar punika sajatosipun kangge angrêksa pêntil calon woh. Supados sagêd lastantun botên risak, saupami botên karêksa sawatawis wêkdal, calon woh wau badhe botên sagêd dados woh, awit pancèn nyata calon woh wau taksih ringkih, botên kiyat yèn ta tanpa katutupan. Salêbêtipun mêgar dumadakan wontên tawon dhatêng, lajêng nêsêp madunipun, sarta inggih tawon punika ingkang asring anjodhokakên sêkar. Sarêng kintên-kintên pêntil wau kiyat kaêculakên piyambak, têgêsipun tanpa kaaling-alingan roning sêkar, ing ngriku sêkar lajêng anggègrègi. Miturut andharan kula ing nginggil punika sampun cêtha kawontênaning sêkar, mêgar lan anggègrègi, punika atut aruntut, tanpa sulaya, amrih sampurnaning woh. Dados têrang gambêlang bilih ingkang anitahakên satunggal. Mokhal sangêt yèn ta kathaha, têka sagêd runtut ingkang dados makatên.

Amrih têrangipun kula damêl upami malih makatên: toya [to...]

--- 36 ---

[...ya] jawah saking uwabing toya blumbang-blumbang, lèpèn-lèpèn, sagantên sapiturutipun, minggah dados mêndhung, mêndhung dhawah dados jawah, toya jawah sagêd anggêsangakên sadaya têtuwuhan. Têtuwuhan sagêd dados panggèsanganing manusa lan sato kewan, punika harak runtut sangêt (harmonisch), tamtu ingkang damêl namung satunggal thil, dhawuhing ayat kirang langkung makatên: saupama ing bumi langit iku ana Pangeran saliyane Allah, bumi langit masthi lêbur.

2. Gusti Allah punika satunggal tanpa perangan, upaminipun makatên: diyan iku siji, ananging lajêng kenging kapisah-pisah, iki sêmpronge, iki sumbune, iki tèdhènge. Dilah punika satunggal, ananging mawi perangan. Tunggilipun: grip iki siji, nanging kenging katugêl-tugêl dados pintên-pintên perangan, lah punika inggih satunggal mawi perangan. Punapa Gusti Allah inggih makatên.

Wujudipun diyan tamtu gumantung saking peranganipun wau, dèrèng nami diyan manawi: sêmprong, sumbu tèdhèng sapiturutipun wau dèrèng kêmpal. Dados rumiyin wujuding perang-perangan wau. ... makatên ugi wujuding grip inggih gumantung wontên ing perang-peranganing grip.

Sapunika wangsul dhatêng Gusti Allah, manawi Gusti Allah punika

--- 37 ---

kenging kaperang tamtu lajêng batal anggènipun kagungan sipat rumiyin piyambak. Sarta dèrèng dados Gusti Allah manawi perang-perangan wau dèrèng gathuk. Punapa suwung, lan sintên ingkang badhe angêmpalakên perang-perangan wau. Sajatosipun Gusti Allah punika sabab hakiki, utawi sabab ingkang kawitan, inggih Grondoorsaak-ipun sadaya titah.

Tiyang ingkang anekadakên Gusti Allah langkung saking satunggal, punika dipun wastani tiyang musrik, awit saking punika kula sadaya nyênyuwun dhumatêng Gusti Allah, mugi-mugi Gusti Allah anêbihakên ing kita saking iktikad ingkang isrok.

__________

Kalam.

Ing ngajêng sampun kula andharakên, bilih ingkang kaanggêp gawat punika rêmbag sipat: kasawijèn, makatên ugi sipat: kalam, inggih makatên, mila inggih kula aturi anggatosakên ingkang sayêktos andharan kula bab sipat kalam ing ngandhap punika. Malah-malah têmbung kalam punika ugi dados namaning ngèlmu ingkang anjèrèng bab: kapangeranan.

Manungsa punika kenging kula wastani wadhah kawruh, dene kathah kêdhiking kawruh punika miturut kamêmpêngan utawi ihtiyaripun manungsa piyambak anggènipun angudi kawruh. Manungsa

--- 38 ---

ingkang kathah gembolanipun kawruh, dipun wastani: tiyang alim utawi tiyang pintêr. Kosokwangsulipun tiyang ingkang sakêdhik kawruhipun dipun wastani: tiyang bodho.

Mlêbêtipun kawruh dhatêng wadhah punika ugi mawi kori utawi margi. Dene marginipun inggih punika: păncadriya gangsal tuwin ngakal. Ingkang katampi sarana pirantos nêm prakawis wau inggih punika: sêratan, suwara tuwin isarah. Sêratan, suwara, isarah ingkang kangge nglêbêtakên kawruh, punika ingkang kawastanan ing têmbung Arab: kalam. Upaminipun kados ta: kula ngèngêtakên dhatêng lare makatên: aja padha kêkêrêngan, punika kalam, ingkang mêdal sarana suwara, anjogipun dhatêng ing wadhahing ngilmu mêdal ing pamirêng.

Wontên ungêl-ungêlan sêrat makatên: pati iku satêmêne pitutur kang nyukupi. Lah, punika kalam ingkang mêdal sarana sêratan.

Wontên tiyang dipun usuli rêmbag ingkang sakalangkung kathah sangêt. Wangsulanipun namung gèdhèg, punika kalam ingkang mêdal isarah. Makatên sapiturutipun.

Gusti Allah amiji dhatêng satêngah saking kawulanipun, inggih punika para rusul, dipun tètèsi kawruh ingkang botên mêdal sarana margi-margi utawi pirantos kadosdene manungsa

--- 39 ---

limrah.

Lah sapunika gathukipun kalihan têmbung kalam makatên, sarèhning manungsa anggènipun anglêbêtakên kawruh dhatêng manungsa sanèsipun, sarana sêratkan,[9] suwara tuwin isarah, punika dipun wastani: kalam, mila têmbung: kalam, lajêng kasêbut kangge amastani anggènipun Gusti Allah nètèsakên ngilmu (wahyu), dhatêng para rusul. Dados têmbung kalam wontên ing ngriku punika sajatosipun sambutan, botên sagêd plêk manawi kangge anggambarakên sipat kalamipun Gusti Allah.

__________

Afngaling Pangeran.

Manungsa punika kalêbêt titahipun Gusti Allah. Manungsa punika gadhah afngal (pandamêl). Ananging sajatosipun têmbung afngal ingkang dumunung ing manungsa punika sambutan, awit afngaling manungsa punika sajatosipun kalimputan ing afngaling Pangeran.

Lah sapunika punapa bedanipun: afngaling kawula tinimbang afngaling Pangeran. Afngaling manungsa punika tamtu mêdal saking pamilih, kêkajêngan tuwin kêkiyatanipun. Kados upaminipun manungsa nindakakên satunggiling prakawis, punika tamtu sampun dados kajêngipun, sampun dipun pilih sarta inggih namung sakêkiyatanipun. Ewadene sadaya tindakipun punika

--- 40 ---

botên masthi sagêd awoh kadosdene ingkang dipun kajêngakên, malah têrkadhang akosokwangsul kalihan ingkang dipun sêdya, dene kadadosanipun makatên punika masthi mawi sabab, mênggah sababipun makatên:

1. Saking pêpekanipun, kados upaminipun tiyang dagang, punika pangangkahipun masthi nêdya ngangkah angsal bathi ingkang kathah, nanging jêbul kenging alangan, lah punika tamtu wontên sababipun, dene sawênèh saking sababipun inggih punika saking sêmbrananipun anggènipun kêkilak, kirang pangatos-atos anggènipun nyade sapiturutipun. Tiyang ingkang kacupêtan sêdya sabab saking pêpekanipun, punika ingkang kathah lajêng nêtah badanipun piyambak, lajêng tumandang malih, kanthi pangatos-atos.

2. Saking wontên ingkang ngalang-alangi. Kados upaminipun tiyang sêsadeyan, lajêng dipun jèjèri ing sanès, inggih sêsadeyan barang ingkang sami wujudipun, tur langkung mirah rêginipun, punika tamtu lajêng inggih botên katurutan sêdyanipun malih, tiyang ingkang kacupêtan sêdya sabab kados makatên punika, ingkang kathah lajêng botên rêna dhatêng tiyang ingkang ngêjori utawi ingkang ngalang-alangi wau.

3. Saking kêkiyatan ingkang gaib (botên kinasat mripat). Kados upaminipun lare sinau, ing pangangkah manawi

--- 41 ---

sampun 7 taun, sagêd tamat anggènipun sinau. Ewadene sêdya wau sagêd ugi botên sagêd katurutan, sabab saking sakit tuwin sanès-sanèsipun ingkang wasananipun anjalari ngantos cupêt ingkang kasêdya (botên tamat 7 taun). Tiyang nênanêm, gadhah pangajêng-ajêng dhatêng suburing têtanêman, têrkadhang tanêmanipun katrajang ing ama, botên sagêd mêdal. Makatên salajêngipun.

Miturut sabab ing nginggil punika manungsa lajêng mangêrtos, pancèn manungsa punika tinitah apês, gadhah afngal ingkang kadosdene sarwa kapêksa. Tiyang rêmên awèt ênèm, dumadakan uwanipun sampun mêmplak. Tiyang khajat sugih dados malarat. Khajat saras, lajêng sakit sapiturutipun. Manawi kita purun angraosakên ingkang sayêktos, tamtu lajêng mangêrtos bilih kêkiyatanipun sadaya manungsa punika kaasta ing panguwaos ingkang angedab-edabi. Malah tiyang ingkang landhêp ngakalipun tamtu lajêng yakin, botên mamang-mamang malih, bilih sadaya kêkiyatanipun punika kalimput dening kêkiyatan ingkang angedab-edabi wau, dados sapunika nama sampun sèlèh, manungsa punika gadhah afngal, nanging taksih kalimputan dening panguwaosipun Gusti Allah.

Sadaya afngaling Pangeran punika sampun masthi mêdal saking karsa [kar...]

--- 42 ---

[...sa] lan ngilmunipun. Dados afngaling Pangeran punika botên dening sarana kapêksa, kados ta: anggènipun paring rijêki, nitahakên, mêjahi, angganjar tuwin nyiksa, sasaminipun, punika sadaya sampun dados kaparênging karsa sarta miturut ngilminipun.

Para maos tamtu mangêrtos: cacak tiyang ingkang sampun inggil darajatipun sarta kathah ngilmunipun kemawon, punika sadaya ingkang katindakakên sampun tamtu kaangkah ingkang mawi hikmah, dados botên pisan-pisan yèn ta samukawis ingkang katindakakên wau namung mlaha utawi tanpa têgês. Awit saking punika mila manawi wontên tiyang ingkang rêmên ambucal wêkdal, kêrêp nindakakên pandamêl ingkang tanpa gina, punika sampun têtela bilih tiyang ingkang makatên wau pancèn kirang ngèlmunipun. Lah samangke punapa malih Gusti Allah ingkang sariranipun têtela akagungan sifat langkung luhur sarta maha sampurna, punapadene ngilmunipun anglimputi sadaya kawontênan, sampun tamtu kemawon sadaya ingkang dados kaparênging karsanipun masthi amêngku hikmah ingkang sakalangkung agêng. Ewadene makatên wau tumrapipun manungsa, kathah-kathahipun sami botên sumêrêp.

Malah tarkadhang kathah sangêt manusa ingkang kumêdah-kêdah badhe angewahi afngaling Pangeran, kados ta: sumêrêp ing afngaling [afnga...]

--- 43 ---

[...ling] Pangeran, rumaosipun kirang adil, ing măngka sajatosipun, afngaling Pangeran punika sampun sampurna tur ngadil sangêt. Supados sagêd têrang malih samangke kula upamèkakên makatên: wontên tiyang gadhah udhêng, sarta tiyang wau manawi ngage[10] udhêng, inggih sampun sagêd angêtrapakên kanthi sae sarta sampurna. Udhêng wau gadhahanipun piyambak, dados saupami udhêngipun wau lajêng kaangge sinjang (bêbêdan) punika masthi botên wontên ingkang ngalang-alangi. Ewadene manawi tiyang wau bêbêdan mawi udhêngipun, tiyang wau masthi lajêng kenging dipun wastani: tiyang ingkang botên sampurna panganggenipun udhêng. Sarèhning tiyang wau sampun sampurna panganggenipun udhêng, dados panganggenipun udhêng sampun tamtu botên kalintu. Manawi wontên tiyang botên ngêrtos matrapakên panganggenipun udhêng, ing măngka ngewahi, punika sampun masthi dados kalintu.

Kawuningana, Gusti Allah punika maha sampurna angungkuli sadaya kawontênan, sampun samasthinipun manawi sadaya afngalipun botên badhe kalintu. Dados manawi wontên tiyang ingkang badhe angewahi utawi nyeda afngaling Pangeran, lah tiyang makatên wau kenging winastan tiyang ingkang kalintu sangêt, amargi sipat kasampurnanipun Pangeran punika têrang manawi langkung saking kasampurnanipun manungsa sadonya punika.

--- 44 ---

Dumugi samantên karangan punika kula anggêp dados sajilid, jilidan ingkang kaping kalih insyaallah lajêng nêrangakên dunungipun iman dhatêng malaekat, dhatêng para rusul, sapiturutipun.

Nglêrêsakên kalêpataning cithakanipun: bayanul iman.

Kaca 11, saking ngandhap 3 larik, ingkang mungêl: kadosdene golongan toyosopi. Ngilmu ka-Allahan lajêng dipun rêmbag sarana mupakatan ... punika lêrêsipun: kadosdene sawênèhipun golongan teyosopi tuwin sanès-sanèsipun, ngrêmbag ngilmu ka-Allahan lajêng dipun têtêpakên sarana ngakalipun piyambak, botên mawi kantaran pêpadhanging Kuran.

Isinipun kitab: Bayanul Iman.

1. Purwaka ... kaca 3-4
2. Ancasing pangibadah ... kaca 5-6
3. Ngèlmi taokid ... kaca 6-7
4. Dalil ... kaca 7-13
5. Warananing akal ... kaca 13-19
6. Maklum ... kaca 19-19
7. Mustakilul wujud ... kaca 19-21
8. Mumkinul wujud ... kaca 21-22
9. Wajibul wujud ... kaca 22-23
10. Sadaya mumkin punika mawi kawitan ... kaca 23-26
11. Allah tan kinasat mripat ... kaca 26-27
12. Kudrat, jawinipun: kuwaos ... kaca 27-29
13. Iradat, jawinipun: karsa ... kaca 29-30
14. Khayat, rahman, rakim ... kaca 30-32
15. Kasawijèn ... kaca 32-37
16. Kalam ... kaca 37-39
17. Apngaling Pangeran ... kaca 39-44

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Grafik]]

 


Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
namung. (kembali)
sabab. (kembali)
§ Punika prakawis ingkang gawat, mila kêdah kaêmatakên ingkang cêtha. Supados para maos sadaya tambah gambêlang, kula aturi maos buku Moeslimah karanganipun Kyai Muhtar Bukhari piyambak, ing kaca 29 dumugi 37. Manawi dèrèng kagungan, kula aturi mundhut, namung rêgi f 1,-. Buku Moeslimah wau, kajawi ngêwrat kawruh kapitadosan, ugi ngêwrat kawruh sanès-sanèsipun. Pancèn manawi mirid isinipun, pêrlu sangêt buku wau dados pandoming kasampurnan ing bab kapitadosan, sarta botên awis kasade rêgi f 1,-. (kembali)
afngal. (kembali)
kasumêrêpan. (kembali)
Inggih punika. (kembali)
kapinujon. (kembali)
sêratan. (kembali)
10 ngangge. (kembali)