Agutaranikaja Kawedar, Soemadidjojo, 1957, #1199


Sêrat Agutaranikaya Kawêdhar

ENING
Radèn Soemodidjojo
ING
PRAJA DALÊM
NGAYOGYAKARTA HADININGRAT

--- [1] ---

SÊRAT AGUTARANIKAYA KAWÊDHAR

DENING
RADÈN SOEMODIDJOJO
ING
PRAJA DALÊM
NGAYOGYAKARTA HADININGRAT
1957.

--- [2]---

[...]

--- 3 ---

PAMUDHARANING

SÊRAT AGUTARANIKAYA

Manawi kita gagas-gagas, lampahing ngagêsang punika tansah karoban dening panyeluding wisaya. Botên rumiyin, botên samangke, botên rampung-rampung tansah sami cêcongkrahan diya-diniya, labêt sami rêbat lêrês miturut dhatêng panuntunipun piyambak-piyambak.

Wisaya punika wontên ingkang gampil kasumêrêpan, lan wontên ingkang botên gampil anggênipun nyumêrêpi.

Wisaning kalabang lan kalajêngking wontên ing êntupipun. Nanging ing samangke, lah dumunung wontên ing pundi, mênggah wisaning sadaya sêrat-sêrat piwulang, ingkang sampun sumêbar dados wêwaosan? Botên sanès namung dumunung wontên ing pangêrtosan kita pribadi.

Kadospundi kawontênanipun ing jagad, wontênipun tatanan panggêlaring piwulang ingkang sami kasêbut ing sêrat-sêrat wau, punapa inggih wontên pigunanipun ingkang langkung agêng tumrap kita sami, murih manggih karaharjan? Lah, punika nyumanggakakên! Amargi wontênipun piwulang-piwulang ingkang sami kagêlar ing ndalêm sêrat-sêrat wau, sagêd nuwuhakên pangêrtosan ingkang gêrbanipun wontên warni kalih, inggih punika: pangêrtosan ingkang ngênggèni wontên ing sasananing kalêrêsan lan panasaran.

Yèn kita sagêd nampèni lan mangêrtos suraosing piwulang wau, punika kadidene kita manggih usada, ingkang sampun sumêrêp abên-abênan tuwin tumanjanipun. Yèn makatên, sampun tamtu kita sagêd manggih kawilujêngan lan kamulyan. Kosokwangsulipun yèn pangêrtosan kita sêling-sêrêp panampinipun, pêpindhanipun kadidene kita manggih usada ingkang abên-abênan tuwin tumanjanipun dèrèng kita sumêrêpi. Yèn makatên sagêd ugi andadosakên wisaya! Langkung-langkung, pangêrtosan ingkang sêling-sêrêp panampinipun wau, lajêng katular-tularakên ing sanès, sarana lesan utawi ka'êmot ing dalêm sastra (sêrat-sêrat), sampun tamtu langkung agêng malih wisayanipun!

--- 4 ---

Sêrat Panitisastra bab 10, ungêlipun makatên: Ingkang dados wisaning tiyang nêdha punika, bilih kurang talatos pamamahing têtêdhan. Yèn botên lêmbat ingkang dipun têdha, sayêkti dados sêsakit.

Têmbung: tiyang nêdha ing ngriku, pikajêngipun nêdha kawruh, (ngèngêtana ungêl-ungêlan: "ora mangan wulang-wuruk, punika kangge ambasakakên tiyang wuta ing sastra lan botên sumêrêp tatakrama).

Pamamahing têtêdhan, atêgês: panyuraosing kawruh. Lêmbat, darbe têgês: alit, alus, lêbêt, raos utawi batos. Pikajênging suraos: tiyang ngudi kawruh punika, kêdah adhêdhasar rêmên tuwin talatos, punapa dene kêdah mêmêt pangrantamipun ing ndalêm batos. Sabab yèn botên makatên, kawruh ingkang sajatosipun langkung miraos botên siwah kadidene raosing madu pinasthika, lajêng malik garembyang dados pait gêtir asêngak, kadidene towak sajèng ingkang angêndêmi, têmah ndamêl wisunaning jiwa-raga.

Makatên punika botên nama anèh, yèn ta kita sami kajlungupa ing jêjuranging panasaran, sabab para Nimpunèng sastra ing jaman kina, panggêlaring sadaya sêrat-sêrat piwulangipun wau, prasasat botên wontên têmbung utawi ukaranipun ingkang kadamêl prasaja, nanging sami dhinapur ing basa-paribasan, pralambang, pasêmon, sanepa, saloka (sloka) lan sasaminipun. Dados prasasat kita kinèn ambatang adêging cacangkriman.

Mênggah pikajêngipun Sang Kawindra wau, sapisan: prêlu kangge ngadèkakên utawi ngluhurakên. Kaping kalihipun: mêngku wigatos minangka dhêdhasaring pamarsudi tumrap para siswa tuwin para ingkang sami nupiksani, murih sami anandhangnaanandhanga kalimpadaning pambudi. Amila yèn kirang lantip panggrahitanipun, tamtu botên badhe sagêd anampèni suraosing piwulang wau.

Inggih sêrat ingkang makatên punika ingkang kêdah kita jingglêng suraosipun. Sabab pancèn kados atur kula ing ngajêng, yèn sadaya sêrat-sêrat piwulang punika, sami kadhapur: pralampita, pasêmon lan sanès-sanèsipun.

Mila lajêng wontên pêpangkataning manungsa 4 golongan; kasêbut: Brahmana, Satriya, Waisya lan Sudra.

--- 5 ---

Ingkang kawastanan Brahmana, Satriya, Waisya lan Sudra, punika dede undha-usuk andhap-inggiling darajat: nanging undha-usuk awon-saening wêwatêkan, punapa dene andhap-inggiling pangêrtosanipun dhatêng suraosing Wedha.

Mangêrtosipun, sanadyan ingkang tinanggênah mranata murih harja-kartaning para kawula botên kêkirangan sandhang têdha; nanging malah akosokwangsul sami ngaji mumpung ambujêng kalobaning kadonyan. Yèn makatên ugi ewoning para sudra.

Inggih tumindaking pandamêl makatên wau ingkang lajêng dipun pralampitani: Sang Prabu Dasamauka sarèh-rèhanipun, kasêbut Ratu Buta, ugi kasêbut: Asura, Kala, Duratmaka, Rota, Ditya, Pragalba, Yaksa, Danawa lan sapanunggilanipun. Ing pawayangan kagambar warni awon, sasolah-bawanipun anyênyêpêti pandulu! Punika minangka pangerang-erang dhatêng saliring lampahipun. Mênggah pikajênging dasa nama wau makatên:

1. Buta, têgêsipun: picak, amastani tiyang ingkang botên sumêrêp ing kasaenan. Têmbung buta ugi atêgês agêng, punika amastani tiyang ingkang ngumbar hawa-nêpsunipun. Têmbung buta purba saking rêbut. Punika kangge pangupamènipun tiyang ambêbegal, inggih pratingkahing colong ingkang sarana rinuda-paksa. Ing pawayangan, pabarisanipun kasêbut: caturdhêndha, têgêsipun: margi prapatan. Gêndhingipun Jangkrikgenggong, têgêsipun: jangkrik ngêngkrik, atêgês: asiyaga ngadhang tiyang langkung, ingkang badhe rinuda-paksa.

2. Asura, têgêsipun: kosokwangsuling Sura. Sura punika Dewa, têgêsipun: kawilujêngan, kasaenan lan sapanunggilanipun. Kosokwangsulipun kasaenan punika kapiawonan, amastani: saliring lampah kacidran.

3. Kala, têgêsipun: bêbaya, amastani tiyang ingkang rêmên maeka, murih manggih bêbaya.

4. Duratmaka, purba saking durhatmaka, têgêsipun tiyang ingkang rêmên ndamêl pêpêjah.

5. Rota, têgêsipun: galak, amastani tiyang ingkang têgêlan ing lampah samudayanipun.

--- 6 ---

6. Diyu, têgêsipun: ngêmohi saliring kautamèn.

7. Ditya, têgêsipun: tanpa kasêtyan, inggih tiyang ingkang ngêmohi dhatêng katêmênan.

8. Pragalba, têgêsipun sima, kangge pangupamèn tiyang ingkang langkung galak, rêmên ndamêl pêpêjah.

9. Yaksa, têgêsipun: ngruda-paksa, punika watak ingkang têgêlan.

10. Danawa, purba saking dan hawa. Dene dan têgêsipun: tumuli, hawa têgêsipun: nêpsu, amastani tiyang ingkang cêpak kanêpsonipun.

11. Raksasa, têgêsipun: tiyang ingkang brangasan, ngumbar kanêpson, bilih botên kapadhan karsa.

Dene Buta, Asura lan sapanunggilanipun wau ugi kasêbut titising yitma ingkang mbalela utawi mungkir ing Dewa, têgêsipun: tiyang ingkang tanpa katêmênan.

Yèn makatên panindakipun,botên mawang andhap inggiling darajatipun, tiyang wau ugi kalêbêt ewoning bangsa sudra.

Kawontênan kasêbut ing nginggil punika, wiwit dumadosing jagad, inggih punika wiwit Nabi Adam ingga dumugi ing samangke, sagêd ugi dumugi sabujatingsabêjating jagad, taksih lêstantun wontên. Kajawi yèn ingkang ngasta pusaraning Praja ing sadunya sami nelad lêkasipun Sang Ramawijaya tuwin para Pandhawa, ingkang ngasta Pusaka Kalimasada.

Ing ngriki kasêlanan ngêwrat piwulangipun Prabu Ramawijaya dhatêng Harya Wibisana, sêkar pangkur namung sapada, makatên:

"ala ya tiniru ala | yèn abêcik pasthi tiniru bêcik | manut sasolahing ratu | tiniru isining rat | lawan sira elinga Bathara wolu | poma iku mungging sira | lire kang sawiji-wiji" ||

Piwulangipun Prabu Ramawijaya kula cuplik namung sapada.Wosing piwulang: Kawula punika namung anut miturut dhatêng ingkang mranata. Manawi ingkang mranata wau tumindak sae, inggih tinulad sae, awon inggih tiniru awon. Makatên salajêngipun! Manawi Ratunipun murka, para mangulah Praja inggih ngangge sasiripun piyambak, kados ing Ngalèngkadiraja wau.

--- 7 ---

Dene pambêganipun para Pandhawa: wong sapraja padha suka bungaha, ingsun dhewe kang nandhang lara prihatine. Wosipun: Katêntrêman lan karaharjaning kawula, punika gumantung wontên para ingkang mandhegani mangrèh Praja, awit sasolah-tingkahipun sayêkti tinulad.

Wondene wontênipun para Paramèng sastra mangripta piwulang dhinapur pralampita, pralambang lan sanès-sanèsipun wau, purwanipun nelad saking sêrat Mahabarata. Sawatawis sarana rêringkêsan, ing ngriki mawas wontênipun sêrat Mahabarata, makatên:

Sêrat Mahabarata punika sêrat ingkang ngêwrat sawarnining kawruh, kadosta: kawruh Kasuksman, Kadewan, Kamanungsan, Kawruh Kasusilan, Kawruh Praja, Kawruh Jagadraya saisèn-isènipun, langkung-langkung Kawruh Darma (Agami).

Dene pandhapukipun kaprinci-princi, satunggil-tunggiling pêprincèn wau kawastanan parwa. Dene parwa-parwa wau isi pintên-pintên sloka.

Amila yèn kita badhe nyuraos sêrat Mahabarata, kita kêdah angèngêti parwa lan slokanipun. Yèn botên makatên, tamtu badhe kalèntu panyuraosipun. Jalaran têmbung satunggil kemawon, upami têmbung krêsna, dipun têgêsi cêmêng, punika sampun lêrês. Nanging têmbung krêsna tumrap ing parwa lan sloka sanèsipun, dèrèng têmtu yèn krêsna wau jarwanipun: cêmêng.

Awit têmbung krêsna, sagêd anggadhahi têgês: cêmêng, toya, pikir, waskitha, gêsang, pêpadhang, kamulaning dumadi lan sanès-sanèsipun miturut parwa ing slokanipun. Dados yèn kita dèrèng sumêrêp, têmbung krêsna punika kasêbut wontên ing parwa lan sloka punapa, lan kadospundi ungêling cêcariyosanipun, kita dèrèng sagêd mêrdèni têgêsipun têmbung krêsna wau.

Ing samangke prêlu ndunungakên wontênipun sêrat Mahabarata kalayan cêkak, makatên:

Sêrat Mahabarata punika kenging kawastanan dados baboning sêrat-sêrat punapa kemawon. Nanging sabageyan agêng ngêwrat piwulanging agami ingkang anjog ing kasunyatan. Mila lajêng makatên: Sêrat Mahabarata.

--- 8 ---

Kahyanam, anggitanipun Sang Krêsna Dwipayana Wiyasa. Têmbung utawi ukara makatên punika sangêt amblingêrakên. Dene pikajênging suraos, botên mastani bilih ingkang nganggit Sêrat Mahabarata Kahyanam punika Sang Krêsna Dwipayana Wiyasa, nanging mêngku pikajêng: ingkang sagêd mangêrtos utawi nganggit salêbêting manah dhatêng suraosing Sêrat Mahabarata, punika tiyang ingkang mêngku pêpadhang. Samangsa sampun mêngku pêpadhang, ing ngriku sirnaning watak ungkul-ungkulan rêbat lêrês. Samangsa taksih rêbat lêrês, sanyata dèrèng sumêrêp ing lêrês, têtêp taksih linimputan ing pêpêtêng. Inggih pêpêtêng punika witing kahangkaran lan cêcongkrahan.

Ing samangke ngandharakên piwulangipun Sang Budha 6 prakawis, kasêbut ing Sêrat Agutara nikaya, makatên:

1. Aja ngandêl pituturing wong, yèn durung ana cihnane
2. Aja ngandêl marang wirayat kuna, amarga saka lawase
3. Aja ngandêl pawarta, sabab akèh wong kang ngandhakake
4. Aja ngandêl thok waton saka layang karangane wong wicaksana ing jaman kuna
5. Aja ngandêl waton saka kira-kira, utawa wus matuh lawas ko'anggêp bênêr
6. Aja ngandêl marang Gurumu lan para Pandhita, amarga saka panguwasane.

Piwulang kasêbut ing nginggil punika, nyimpên wêwados ingkang kadhapur kalimpadaning basa, ingkang pikajêngipun asung piwulang dhatêng kita, yèn sadaya pandamêl punika sayogi katindakna sarana pêpadhanging angên-angên. Mênggah piwulang wau kula udhari makatên:

1. Aja ngandêl pituturing wong, yèn durung ana cihnane. Mênggah pikajêngipun, kita sampun ngandêl dhatêng pituturing tiyang, ingkang botên kasêksèn tuwin botên miturut dhatêng gumêlaring akal ingkang sampun ka'anggêp sah dening para Sarjana, sarta ingkang botên sagêd kasêksèn dening pêpadhanging nalar.

--- 9 ---

2. Aja ngandêl marang wirayat kuna, marga saka lawase; pikajêngipun: têmbung lawase = luwas = lawas = suwe = têbih = mêmêt = lêbêt, artosipun: mastani sakathahing piwulang ingkang lêbêt-lêbêt suraosipun, punika sagêdipun kita ngandêl, inggih yèn kita sampun sagêd anjajagi maksuding wirayat wau.

3. Aja ngandêl pawarta, sabab akèh wong kang ngandhakake; pikajêngipun: sampun ngandêl dhatêng pawartosipun tiyang ingkang sampun kasuwur cidra ing jangji, sanadyan manekawarni kasagahanipun, prayogi botên kapaèlu.

4. Aja ngandêl thok waton layang karangane wong wicaksana ing jaman kuna; pikajêngipun: sampun ngantos ngandêl kemawon dhatêng sadaya sêrat-sêrat: Wedha, Mahabarata lan sapanunggilanipun. Awit sêrat-sêrat wau upami mungêla abrit, sagêd ugi maksudipun cêmêng, inggih sêrat ingkang makatên punika ingkang kêdah kita jingglêng maksudipun. Sêbab pancèn kados atur kula ing ngajêng, yèn sadaya sêrat-sêrat piwulang punika sami kadhapur pralampita; dene badharing pralampita wau muhung saking pangêrtosan kita pribadi. Mila lajêng wontên pêpangkataning kawruh 4 golongan, winastan: Sudra, Waisya, Satriya lan Brahmana, kados ingkang kawursita ing ngajêng. Lah punapa punika ingkang kasêbut: sarengat, tarekat, kakekat makripat ing agami Mohamad? Nyumanggakakên.

5. Aja ngandêl waton saka kira-kira; pikajêngipun: sakathahing pandamêl punika êsahipun manawi sampun wontên cihnanipun. Lajêngipun: utawa wus matuh lawas ko'anggêp bênêr. Pikajêngipun: kita prayogi manuta lan anglênggahana kawontênaning jaman ingkang sawêg dipun alami. Mangêrtosipun: sanadyan ka'anggêp sae, luhur tuwin mulya tumrap ing jaman ingkang sampun kapêngkêr, nanging yèn ing jaman ingkang sawêg dipun alami sampun botên anjamani, inggih kêdah kaberat. Nanging janji botên ngewahakên dhêdhasar wataking bangsa pribadi ingkang sampun prayogi.

--- 10 ---

6. Aja ngandêl marang Gurumu lan para Pandhita, apadene marang para mangulah praja, amarga saka kuwasane; pikajêngipun: mrayitnani dhatêng pratingkahing para ingkang ngakên dados Guru tuwin ingkang mangulah praja, ingkang mawi pêpacak: kudu manut miturut lan kudu asih trêsna marang Gurumu lan pandhuwuranmu, sabab kabèh mau dadi wakile kang Maha-Kuwasa. Lah inggih ingkang makatên wau, yèn botên kita prayitnani, têmah sagêd ugi kita dhumawah ing jêjuranging kasangsaran. Dene mênggah sanyatanipun, ingkang wajib asih trêsna punika: Ratu tumraping kawula, Bapa-biyung tumraping anak, Guru tumraping murid; yèn sanyata asih trêsna terusing lahir-batos, sampun tamtu kawula, anak tuwin murid, sami amangsulakên sih katrêsnan ingkang botên sarana pinarentah.

Yèn kita sampun nyakup piwulangipun Sang Budha, kasêbut ing Sêrat Agutaranikaya kados ing nginggil wau, kita badhe manggih karaharjan, kamulyan lan katêntrêman, inggih ing ngriku punika ênggèning kasunyatan. Mila ucap-ucapanipun makatên: satiyan nasti para darma; pikajêngipun: têtêping ulah kawruh punika, yèn sagêd kanyatahan wontên pikantukipun ingkang langkung agêng ing bab: karaharjan, kamulyan tuwin katêntrêman.

__________