Kawruh Sanggama, Anonim, 1935, #132


[Sêrat Kawruh Sanggama]Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari.

--- [2] ---

[Iklan]

--- 3 ---

Isinipun sêrat punika

I. Mulabukanipun kawruh sanggama.
II. Patraping cumbana kanthi aji asmaragama.
III. Ngagêm aji asmaragama kêdah mawi lampah: catur brata.
IV. Rubedaning cumbana sarta pambengkasipun.
V. Pangruktining sarira.
VI. Tumuruning wiji ingkang winadi.
VII. Panunggilanipun aji asmaragama, inggih punika: asmara sabda, asmara cipta, asmara wanita, tuwin asmara tôntra.

Pungkasaning atur.

__________

--- 4 ---

132_04
Krasa karonsih trusing ati | Rahsa tinata ngèsthi putra.Sengkalan: rahsa tinata ngèsthi putra (1856 A.J., 1925/26 A.D.).

--- 5 ---

I. Mulabukanipun Kawruh Sanggama.

Sampun kodrat, priya punika manawi ningali wanita lajêng tuwuh manahipun rêmên, sêngsêm, makatên ugi kosokwangsulipun. Rêmênipun wau beda kalihan rêmên ingkang tumrap dhatêng barang, sayêktosipun lajêng kêpengin sajiwa utawi salulut. Dening kodrat ingkang makatên wau kita lajêng gadhah panganggêp manawi ingkang maha kawasa pancèn sampun anglilani sarta paring dhawuh, supados kula sadaya bôngsa manungsa sami ambabarakên tuwuh môngka isèn-isènipun marcapada, sintên ingkang ngèstokakên dhawuh wau sami pinaringan ganjaran kêncèng: raos nikmat ing salêbêtipun sacumbana.

Ananging sarèhning manungsa punika beda kalihan sato, sanajan bab sarêsmi punika sampun sami sagêd nindakakên, inggih kêdah nganggea tatakramaning sanggama utawi susilaning sanggama. Punika purwanipun wontên kawruh sanggama ingkang ugi winastanan: aji asmaragama. Asmara têgêsipun: sêngsêm, gama. Sanggama, cumbana. Pikajêngipun: sêngsêm ing cumbana.

Mênggah bakunipun ingkang kinajêngakên dhatêng ingkang ngagêm aji asmaragama wau wontên kalih prakawis, inggih punika: 1. Tumrap dhatêng rahsaning wanita. Sagêda wanita ingkang sinanggama punika karaos lêga, rêna, marêm, carêm, satêmah mantêp, têmên, ambangun turut dhatêng priya.

--- 6 ---

2. Tumrap dhatêng putra. Sagêda apêputra ingkang kenging sinêbut utami. Jalaran saking punika, mila aji asmaragama wau ugi kawastanan: asmara dwi paedah, têgêsipun kalih pigunanipun. Rahsaning wanita tuwin putra.

Saiba bêgjanipun, manawi priya sagêd amêngku garwa ingkang ambangun turut, bêkti ing laki, tuwin kagungan putra ingkang utami, sangsaraning sangsara manawi kataman kosokwangsulipun. Mila, kainan sangêt manawi priya botên karsa marsudi sarta ngagêm aji asmaragama punika.

Kacariyos mênggah aji asmaragama punika ing kinanipun, ingkang ngagêm namung panjênênganipun para dewa tuwin para nabi, lajêng tumurun dhatêng para sinatriya ingkang linangkung. Angsalipun aji wau sarana rêkaos, kêdah tinumbas ing tapa brata. Sang Hyang Girinata (Bathara Guru) duk jaman kina, kacariyos sagêdipun katarimah pinaringan aji wau dening Sang Hyang Tunggal, inggih mawi mêsu puja brata, jalaran taksih dèrèng marêm ing galih kagungan putra sakawan dèrèng wontên ingkang pinunjul. Sasampunipun Sang Hyang Girinata ngagêm aji asmaragama, lajêng sagêd apêputra Sang Hyang Wisnu, gêgununganipun para dewa.

Dados, aji asmaragama punika pancèn dede ngèlmi sêmbarangan. Mila botên prayogi kangge mainan, sayêkti [sayê...]

--- 7 ---

[...kti] malalti.malati Inggih punika: manawi panggilutipun botên adhêdhasar panggalih suci, rêsik, sisip sêmbiripun kêsasar kèrêm dhatêng patrap pratingkah lêlangêning cumbana tuwin raos kanikmatan kemawon, satêmah dados priya brancah botên pilih-pilih, inggih bilai yêktos, ngrisakakên jiwa raga. Mila sadhèrèk kula para mudha: dèn awas dèn êmut.

***

II. Patraping Cumbana kanthi Aji Asmaragama.

Patrap utawi pratingkahing sarêsmi punika warni-warni, kados ta: miring, anjêngking, lênggah, mangku, ngadêg, sukuning wanita dipun panggul, wanita wontên ing nginggil, sapanunggilanipun, ingkang murih sukaning galih. Ananging patrap ingkang makatên wau sayêktosipun kirang mikantuki tumrap sakalih-kalihipun, sarta kenging kabasakakên kêkathahên polah botên prasaja.

Ingatasipun aji asmaragama, punika botên namung murih lêganing prana kemawon, inggih ugi amrih lêganing rahsa sajati, mila kêdah ngangge patrap pratingkah utawi tatakramaning sanggama ingkang prayogi (susila sanggama) sampun kadamêl mainan, kasukan.

Mênggah pratingkahing cumbana ingkang mikantuki punika kacariyosakên kados ing ngandhap punika:

--- 8 ---

Manawi badhe matrapakên sacumbana, punika utaminipun priyantun kakung kalihan putri lênggah rumiyin ajêng-ajêngan, ardaning driya dipun asrêp-asrêpa, pôncadriya kalêrêmna, sawarni kados badhe muja sêmèdi. Nuntên astaning priya ingkang têngên anyêpênga dariji manisipun wanita ingkang kiwa, lajêng kapijêta sawatawis, supados wanita kraos manahipun, gadhah grêgêt saut pyur tratab, ngantos karaos ing jisimipun èstri, titikanipun kêkêtêkipun èstri mungêl dhêg-dhêg, asring kêpirêng ajêng-ajêngan. Nuntên kakung angastaa gigiripun èstri dumugi walikatipun, tuwin angarasa poking karna ingkang wradin ngantos dumugi grananipun wanita. Tumuntên angalapa napasipun èstri, katarik ing napasipun kakung, ing batos nyiptaa ngalap manahipun wanita wau. Lajêng angarasa larapanipun èstri, sarta anyiptaa malih: ngalap warni, kalakuan tuwin nyawanipun wanita wau sarana dipun aras êmbun-êmbunanipun. Sadaya wau kêdah katindakakên kalayan sabar sarèh.

Mênggah anggènipun mawi patrap kados ing nginggil punika wau, saking pamanggih kula ingkang dipun kajêngakên makatên: sapisan, supados ardaning driyanipun priya botên ngômbra-ômbra, panggalih botên daya-daya, pikantukipun adamêl dangu wêdaling rahsa, satêmah adamêl lêganing prana tuwin prayogi tumraping [tumra...]

--- 9 ---

[...ping] putra. Kaping kalih, mawi angêningakên cipta ngalap manah tuwin nyawanipun wanita (aji asmara cipta) punika manawi katrimah inggih prayogi sangêt, awit sagêd adamêl lêga rahsaning wanodya ingkang sajatining rahsa, pikantukipun wanita sagêd karaos marêm carêm lahir batos. Kaping tiga, manawi mijêt dariji, ngaras, sapanunggilanipun punika minôngka panggugah supados manahipun wanita sagêd karaos, rahsanipun sagêd kabuka, pikantukipun garêgêting wanita saya mêmpêng dununging rahsa enggal cumawis, satêmah gampil ing pangurahipun. Sayêktosipun bab patrap ingkang môngka pambukaning rahsa punika inggih kenging ngangge patrap sanèsipun makatên punika, namung anggêripun botên sangêt saru kados satataning sato, dene utaminipun anindakna aji asmara wanita kasêbut ing wingking, môngka pambukaning rahsanipun wanita wau.

Sasampunipun makatên, wanita lajêng karangkula, kasarèkakên ing kajang sirah ingkang alon ririh, jêngkuning èstri kalih pisan katêkuka: kasêdhêkusna manginggil, ragi kabênggang sawatawis. Kempol karapêtna ing pupu, tungkak karapêtna ing pocong saestha kadamêl nyagaki. Priya lajêng amatrapna sariranipun pribadi, patrapipun mangkurêp, suku kalih pisan kaslonjorna ingkang rapêt, padharan kaabêna sami padharan, [padhar...]

--- 10 ---

[...an,] jaja katumpangna payudara dèn ririh (anggang-anggang), astaning priya ingkang têngên kasêdhêkusna, asta ingkang kiwa kabantalna ing cêngêlipun wanodya.

Manawi sampun makatên, priya lajêng amaosa mantranipun aji asmaragama ing salêbêting batos kados ing ngandhap punika:

Hong Hyang Hyang Kamajaya Ratih, surapsara surapsarièng asmara, ulun mamisik wanita, matêmah yumana kang rahsa, sing dayèng aji asmaragama, myang wisesèng paduka.

Bakda punika lajêng amaosa môntra malih: môngka panariking wiji ingkang utami, makatên:

Hong Hyang Hyang Jagad Pratingkah, ulun manuhun lumerahèng wijining manungswa kang minulya, môngka sutèng ulun, sing wisesèng paduka.

Sarampunging pamaosipun môntra wau kenging lajêng miwiti nindakakên sanggama. Lêbêting pasta purusa ingkang alon, saking sakêdhik. Manawi pasta purusa sampun dumugi ing kudhup, lajêng kaangkah-angkaha sagêdipun tansah anggosok êsong, pandêdêlipun ingkang ajêg lan alon-alon, manut panjing wêdalipun napas. Ing salêbêtipun makatên, bilih karsa angaras. Angarasa antawising pipi lan grana. Pangglintiring pênthil [pê...]

--- 11 ---

[...nthil] kaangkaha murih kêrinipun. Thukuling raos daya-daya kêdah tansah dipun pêrangi, wontênipun namung sarèh, ngarah-arah. Êmpaning sanggama kaciptaa manggèn wontên ing pucuking pasta purusa.

Manawi song wau tansah kagosok, èstri karaos nikmat sarta kêri, adat ingkang sampun kalampahan lajêng ngêdalakên toya ingkang kados yiyiting mina. Ing ngriku kêrinipun saya wêwah, nyarambahi ing badanipun sakojor, grêgêting karsanipun èstri katawis saya mêmpêng, sautipun pasti hawa karaos saya kiyêng, watakipun lajêng butêng, inggih punika lajêng palintiran ngulat-ngulèt utawi damêl solah bawa sanèsipun, ingkang sayêktosipun ambiyantoni solahing pasta purusa: supados nyenggol ing dununging prasanipun.

Tumrap èstri ingkang sampun kawical lènjèh ing kakung, wiwit sinanggama: sampun damêl solah bawa, anggènipun damêl solah bawa punika mawarni-warni, tanpa mawi taha-taha utawi rikah-rikuh malah pangraosipun: solah bawanipun wau satunggaling kawignyan ingkang sagêd damêl sukaning kakung. Nanging satêmênipun: pancèn inggih, kathah priyantun kakung ingkang lam-lamên dhatêng solah bawaning wanita ingkang makatên wau. Dene tumrap wanita ingkang sae-sae, solah bawanipun wau [wa...]

--- 12 ---

[...u] namung samadya kemawon: manawi sampun karaos kêri sangêt, jalaran inggih rikuh manawi kadakwa lènjèh ing kakung punika wau.

Ing wêdal wanita grêgêt sautwipunsautipun katawis saya mêmpêng wau, priya kêdah nimbangana, inggih punika dêdêl sêndhalipun pasta purusa ragi kakêrêpna sarta karosanipun kaajêgna. Sasampunipun makatên, sukuning èstri lajêng kawudhara: salonjor, pupu karapêtna sami pupu, dene pupuning priya kalih pisan inggih lajêng katumpangna ing pupuning wanita. Salajêngipun bab pangaras sarta pangglintiring pênthil ugi kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil, utaminipun mawia anêcêp lathining èstri ingkang ririh, sarta sarira kagosokna sami sarira ingkang waradin. Manawi solah bawaning wanita sampun katawis saya butêng, kados Bathara Kala krodha badhe anguntal jagad, mratandhani manawi sampun badhe amudhar prasa, inggih lajêng kapungkasana, sarana ngêrêpakên sêndhal dêdêling pasta purusa. Adat ingkang sampun kalampahan, botên dangu wanita lajêng mudhar prasa, mila sirahing pasta purusa karaos kados dipun amêti ing lambening keyong gondhang (ginêgêt ngêpuh kama) inggih punika korining kayanganipun Sang Hyang Kamajaya binuka mêdal minôngka rahsa pita. Tarkadhang asring kêpirêng swara makcêthut, dening rosaning panggêgêd amargi saking lêganipun, pratandhanipun malih [ma...]

--- 13 ---

[...lih] manawi wanita wau sampun mudhar prasa, sariranipun ngalumpruk marlupa kados oncat yitmanipun sarta asêsambat ingkang damêl trênyuhing manahipun priya. Tumrap wanodya ingkang sampun asring-asring lêledhang ing taman lambangsari, asring sambat pêjah, botên purun pisah, sasaminipun, kados inggih-inggiha. Dene tumrap wanita ingkang sae-sae, adatipun namung sêsambat kapurih nyampuni, dening pancèn sampun rumaos kalêgan ing prananing rahsa.

Dene utaminipun, duk kala badhe mungkasi wau, manawi priya sampun karaos gumrêgêt badhe ngêdalakên rahsa (kama), punika lajêng wiwit amêgênga prasa, tancêbing cipta anggayuha utama. Manawi kama sampun mêdal, pasta purusa katêtêpna dèn ngantos nêtêp, kakèndêlna panggosokipun, ing ngriku lajêng amêpêta pôncadriya, êninging panggalih anggayuh utama kalajêngna. Pikantukipun: manawi kasusupan wiji môngka lantaraning dumadi, badhe prayogi kadadosanipun.

Wontên malih patraping cumbana ingkang sagêd damêl lêganing wanita, ananging priya sok botên bêtah, jalaran kêdah ragi sawatawis dangu ing panggosokipun. Patrap wau èstri kaslonjorna, bokong kaganjêla ing kasuran alit supados baganing èstri sagêd mungal. Sukuning priya kapêthangkrongna [kapêthangkrong...]

--- 14 ---

[...na] (kasêdhêkusna mrêgagah), padharan ugi kaabêna sami padharan, jaja katumpangna ing payudara. Panggosoking pasta purusa dêdêl sêndhalipun kabandulna manginggil, supados sagêda anggosok song, kridhaning bokonging priya sawatawis kaegal-egolna manêngên mangiwa. Bab pangaras, panêcêping lathi, salajêngipun, ugi kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil.

Patraping sanggama ingkang kasêbut ing Sêrat Nitimani kados ing ngandhap punika wosipun:

Kalamun pasta purusa, wus kiyêng kiyat santosa, kwèhning daya wus samêkta, iku nulya katindakna, umangsah ing rananggana, sayêkti datan kuciwa, katêmpuh ing bôndayuda, nanging ta dipun prayitna, ing tindak aywa sêmbrana, gone bakal nuju prasa, mring wanita mêngsahira, supaya lêganing driya, wruhanta dipun waspada, jroning pasti kono ana, musthikaning rasa mulya, rinêksa para jawata, aran Sang Hyang Otapatra, utawa Sang Hyang Gambira (song), dumunung wuri purana, yèn tinêmpuh dening gada, watak kêri prasanira, nuli bêbantune prapta, pêpingitan ing jro baga, ingaras Sang Hyang Asmara, asêsilih Sang Hyang Cakra, kang abipraya sarosa, wimbuh kêri grimingira, anarik daya ajunya, mring Sang Hyang Purnama Sôngka, utawa Sang Kamajaya, pamèting rahsa mangkana, srana ngagêma wisaya, [wi...]

--- 15 ---

[...saya,] pratingkah ukêling pasta, kacarita solahira, duk murwani lumaksana, karya pêpucuking yuda, kwèhning daya saniskara, aywa sinêru sarosa, ing tindak kêdah sarônta, pangangkah amung muriha, kêri prasaning wanita, kalamun wus sawatara, campuhing prang lama-lama, pêpalu tumêmpuhira, pinindha upama gada, tinangkis ing bôndabaya (tamèng), saking rosaning panggada, kuwating panangkisira, wêkasan mêtu dahana, mubal sumundhul ngakasa, sêsumuke ngêmu pêga, kukus katut samirana, prapta tumanduking prasa, kêkêrining mêngsahira, gumriming saya andadra.

Gantya wau sang wanita, gènnya tadhah bôndabaya, mubal wêtuning dahana, sumarambah ing sarira, tan kuwawa anahêna, kêri gumriminging prasa, saya arda ngômbra-ômbra, wantu wataking wanodya, yèn wus liwung krodhanira, ing budi datan sarônta, sigra amusthi sanjata, warastra môngka pusaka, turunan sang jawata, ganjaran Hyang Girinata, piningit sajroning baga, yeka kang hru barunastra, sumêmbur angêmu tirta, toya lir yiyiting mina, angêlêm pasta purusa, wau ta sira sang pasta, silêm kinêlêm ing tir, tan môntra-môntra rêringa, ing solah saya gambira, panglêburing barunastra, lir ombak samodra bêna, ganggêng lumut satêpinya, samodra karoban toya, ngêmpêl ngumpul lir tinata, bêbarise wrahatbala, kadi gêlar cabrabyuha, [ca...]

--- 16 ---

[...brabyuha,]cakrabyuha bêbondhot bundhêting pasta, nging tan surut saya rosa, liwung pamukirèng yuda, mangkya gantya cinarita, ramening prang bratayuda, nulya kono ana swara, lamat-lamat kapiyarsa, surasa asung sasmita, miyose kadya mangkana, hèh kulup sira sang pasta, poma gèr dipun prayitna, panarik sêndhaling gada, maju miwah undurira, papane lunyu sadaya, wus tan kêna tinulaka, wit iluning barunastra, saya adrês panêmburnya, dene gonmu lumaksana, lamun lena yêkti ina, yèn kaplèsèd angsahira, rêbahe nindhihi gada, katikêl dadya rubeda, ing jro aran raga brata, pilêg ing kadadeyannya, lan kulup sira wêruha, adat wataking wanodya, yèn wus ngêdalakên tirta, kang kadi yiyiting mina, gumriminge saya arda, mêmpêng dêrêngirèng prasa, kawistara sarap sira, kiyat kiyêng sariranya, sawônda kêjêng sadaya, dene lamun wus mangkana, sira adarbe sêdya, têtulung mring mêngsahira, tumraping asmaragama, tan liya amung misaya, solahing pasta purusa, sinêngkakna pamukira, têmpuh pamukuling gada, kang ajêg lan dèn kêrêpna, kalawan dipun waspada, amawasa ing sasmita, adat wantuning wanita, yèn wus liwung pamukira, nulya agawe lêlewa, pratingkah solahing angga, wit saking kurang prasaja, sajatine karsanira, biyantu solahing pasta, kinèn nuju amrênahna, mring dununging prasanira, kang supaya tinrajanga, sinondhol [si...]

--- 17 ---

[...nondhol] pucuking pasta, ing kono dipun turuta, sakarsanirèng wanodya, yèn pinarêng datan lama, wanita amudhar prasa, yêkti ana wataranya, gara-gara jroning baga, anyondhol pucuking pasta, iku saka kira-kira, laraping rêca gupala, kabukaning kang wiwara, jinêking Hyang Kamajaya, aliya tôndha mangkana, kang sayêkti kawistara, kawawasa warnanira, ing angga sakojur wanda, anglir kaoncatan yitma, lêsu ngalumpruk marlupa, kadi-kadi tan kuwawa, anandhang enaking rasa, sêsambate mêlasarsa, karya trênyuhing wardaya.

Patraping cumbana ingkang kawarsitakakên ing nginggil punika wau kenging dipun wastani sampun nyêkapi, liripun, dene sampun sagêd damêl lêganing wanita, pratôndha angganipun ngalumpruk marlupa yayah kaoncatan yitma. Ingkang prêlu, ing salêbêtipun sarêsmi wau priya kêdah amawasa ulat liringing wanita, tuwin inggih amawas sariranipun pribadi. Manawi panggalih sampun karaos lêga, marêm, carêm, ing sakalih-kalihipun, upami dhahar makatên sampun karaos tuwuk, prayogi kapungkasana sapêrlunipun. Inggih punika nalika wanita mudhar prasa wau priya anyarêngana wêdalipun kama. Nanging manawi liringing wanita sanajan sampun mudhar prasa: nanging sajakipun dèrèng patosa lêga, upami dhahar makatên taksih kêdah tanduk, utawi manawi priya pribadi ingkang rumaos dèrèng

--- 18 ---

lêga, inggih sampun anyarêngi ngêdalakên kama, dados wanita mudhar prasa piyambakan. Dene manawi priya karaos kêlayu badhe tumut mudhar prasa (ngêdalakên kama) kêdah dipun ampêt kalayan tahan, sarananipun ngampêt makatên:

Kêdah manggèn wontên gajêging gêla, sampun ngantos kadamêl lêga, têgêsipun: manahing priya sampun kadamêl lêga, angèngêt-èngêta gêlanipun. Pasta purusa kakèndêlna rumiyin wontên ing jawi utawi wontên salêbêting kudhup, gumantung sênêng parêngipun panggalih. Manawi sampun ragi aring, raos kêlayu badhe mudhar prasa wau sampun ical, kenging tumuntên kalajêngakên malih, nanging sampun grusa-grusu, sampun daya-daya, awit sang wanita wau sariranipun marlupa, mila kêdah dipun arih-arih, bokmanawi kêparêng dhangan ing panggalih, priya kêdah angêmpakna têmbung manuhara, manis sêdhêp ing wicara, dèn bisa nuju prana, angatingalna katrêsnanira. Manawi sampun wontên antawisipun kêparêng, patrap pratingkahipun inggih tan prabeda kados ing nginggil. Sang wanita kagugaha kêrining prasanipun, adat ingkang sampun kalampahan, botên antawis dangu wanita lajêng pulih malih kakiyatanipun, tandangipun kados rasêksa badhe amôngsa daging, ing ngriku priya ingkang prayitna, kenging lajêng dipun kêrêpi sêndhal dêdêling pasta purusa, sarta lajêng angêdalna kama: nyarêngi pamudharing

--- 19 ---

prasanipun wanita, dados wanita mudhar prasa kaping kalih, priya sapisan.

Ing Sêrat Panitisastra, gêgubahanipun Bagawan Palasara ingkang sampun dipun jarwakakên dening Sang Prabu Jayabaya§ Kawêdalakên dening toko buku: Tan Gun Swi, ing Kadhiri. ing bab 85 nyêbutakên makatên: mênggahing sanggama, tiyang jalêr 8 punika saminipun pawèstri 1, mila pangandikanipun Dèwi Drupadi: botên wontên pawèstri tuwuk ing kakung. Nanging ungêl-ungêlan punika sayêktosipun tumrap priya ingkang botên ngagêm aji asmaragama. Manawi priya sagêd nguja karsaning wanita kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, wanita inggih sagêd karaos tuwuk sayêktos, malah kacariyos tuwukipun wau sagêd kangge ing salêbêtipun saminggu.

Kacariyos katrimahipun aji asmaragama ingkang makatên punika, wanita karaos angsal sarining kanikmatan ingkang linangkung, sarta tansah èngêt salaminipun gêsang dhatêng tanduk solah bawa tuwin warninipun kakung, sanajan têbih inggih tansah katingal gawang-gawangan, tuwin botên kasupèn raosing kanikmatan wau. Mila priya ingkang sampun widagda dhatêng aji asmaragama wau, sanajan mêngku pawèstri ingkang lènjèh pisan, insaallah sagêd malik dados narimah, manut miturut sapangrèhing [sapa...]

--- 20 ---

[...ngrèhing] kakung, rumaos botên sagêd pisah. Manawi wontên alangan pisah, môngka èstri wau sinanggama ing liyan kakung, ing salêbêting cumbana wau tansah karaos cuwa, gêla, sarta kèngêtan wawentehan dhatêng raosing kanikmatan nalika sinanggama ing kakung ingkang undhagi aji asmaragama wau. Dening pancèn beda sangêt raosipun, awit sang widakda asmaragama wau, botên namung saking sagêdipun dhatêng bab patraping sanggama: anuju prasaning wanita kemawon, inggih saking katarimah anggènipun nyipta ngalap manah tuwin nyawanipun èstri wau, dados wanita karaos kalêgan sangêt rahsanipun sajati. Pancèn inggih botên gampil nindakakên aji asmaragama punika, nanging wontên bêbasanipun, sapa têmên-têmên: tinêmu. Dados manawi wontên priya karsa cumbana sarana roda pêksa utawi namung kangge mainan sasaminipun, punika botên kalêbêt ing wêwarahipun kawruh sanggama punika.

Manawi priya sampun widakda sayêktos nindakakên aji asmaragama makatên punika, sanajan pasta purusanipun alit utawi agêng, cêlaka, panjanga, sampun sami kemawon, sagêd damêl suka rênaning wanita. Nanging priya ingkang dèrèng sagêd nindakakên aji asmaragama botên makatên. Manawi pasta purusanipun alit: wanita karaos cuwa, manawi agêng: karaos sêbah, yèn cêlak karaos kêmba,

--- 21 ---

yèn panjang karaos sakit. Dene manawi cêkapan agêng sarta panjangipun, sanajan wanita sagêd karaos sakeca, nanging inggih botên sagêd karaos lêga. Dene cumbana ingkang ngantos dangu wêkdalipun, manawi priya dèrèng widakda aji asmaragama, punika malah adamêl anyêl manahing wanita.

Wontên sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi citra tuwin pasariranipun wanita punika kaperang pintên-pintên warni, wontên namanipun piyambak-piyambak, punika manawi sinanggama inggih wontên kawruhipun piyambak-piyambak, anggènipun ambukani (miwiti) nglêbêtakên pasta purusa, amrih enggal kabuka rahsanipun. Nanging bab punika kajawi angèl anggènipun mastani utawi andunungakên sèlèhipun satunggal-tunggaling citra wau, tuwin sagêdipun apal patrapipun miwiti, sayêktosipun patrapipun wau inggih namung sakêdhik sangêt bedanipun kalihan ingkang sampun kajarwa ing nginggil. Bakunipun patraping sanggama punika namung kêdah amuriha kêri prasaning wanita, makatên salajêngipun, ngantos wanita mudhar prasa, ing ngriku priya kêdah waspada ing sêmu, duk kala wanita badhe mudhar prasa wau, pasta purusa kêdah ragi sinêru sêndhal dêdêlipun. Manawi wanita sampun mudhar prasa, priya anyarêngana ngêdalakên kama, pasta purusa katêtêpna ngantos pokipun dumugi [du...]

--- 22 ---

[...mugi] ing kudhuping parji tuwin sirahipun dumugi ing lesaning pranakan, lajêng kinèndêlana ing panggosokipun. Ing ngriku pucuking pasta purusa karaos kados dipun amêti ing lambe keyong, inggih punika wiwaraning wanita angêpuh kamaning priya, manawi kalêrêsan wahyaning môngsa kala sang wanudya lajêng sagêd anggarbini. Adatipun sakalihan sênggoring napas sêsarêngan, sarta mawi gônda ambêting hawa arum angambar pindha gandaning sêkar malathi ingkang nêdhêng ambabar sari, mratandhani tumuruning cahya adi mulya dhatêng guwa garbaning wanita alantaran priya.

Para jêjaka dhusun ingkang kirang sêsêrêpan, sami mastani lesaning pranakan ingkang warninipun kados silit ayam punika: kênthos, sarta sami ngintên manawi punika dununging prasanipun pawèstri. Mila manawi cumbana ngarah sagêdipun sirahing pasta purusa tansah nyenggol ing lènging pranakan wau sarana dipun têtêp-têtêpakên. Pangintên punika botên lêrês, awit lènging pranakan punika manawi kapêtêl, pawèstri karaos pêgêl, kirang sakeca, nanging manawi wanita panuju mudhar prasa, môngka lènging pranakan wau kapêtêl ing sirahing pasta purusa (dipun têtêpakên) punika wanita karaos marêm sangêt, lêga, tuwuk, anggêripun botên kêsêron ing pamêtêlipun.

Wontên malih sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi wanci

--- 23 ---

wiwitipun wudharing asmaragama tumrap wanita punika botên sami, miturut beda-bedaning kêkulitanipun wanita. Nanging bedaning wanci wau botên kathah kaotipun, namung jam-jaman, sadaya wanci dalu. Pancèn prayoginipun cumbana punika inggih wanci dalu, kiwa têngênipun têngah dalu ngantos dumugi bangun enjing, awit ing wanci wau kajawi sirêp tiyang, kawontênanipun wiji: pinuju pupul, manawi dados putra wahananipun badhe kandêl wêwatêkanipun. Manawi wanci siyang kawontênanipun wiji pinuju amèr amargi kadayan dening soroting surya, manawi dados putra wahananipun tipis wêwatêkanipun. Ing sadèrèngipun cumbana utaminipun sampun ngantos sare rumiyin ing sakalih-kalihipun.

***

III. Ngagêm Aji Asmaragama Kêdah Mawi Lampah: Catur Brata.

Sadaya ngèlmu punika katarimahipun kêdah dipun rangkêpi laku (lampah), makatên ugi ngèlmi asmaragama punika inggih kêdah mawi lampah, dene lampahipun wontên kawan prakawis (catur brata) kados ing ngandhap punika:

1. Lila, inggih punika lila dhatêng kalong-longan, têgêsipun nuruti sapanêdhanipun èstri.

--- 24 ---

2. Narima, inggih punika narimah dhatêng lêladosan tuwin cawisanipun èstri.

3. Têmên, têgêsipun botên rêmên cidra, anuhonana ing patêmbayan.

4. Sabar, têgêsipun botên sugih duka, para apura ing kalêpataning wanita.

Lampah kawan prakawis ing inggil punika, manawi katarimah, sagêd amêwahi dayanipun aji asmaragama, inggih punika wanita sagêd kadunungan trêsna, mantêp, srêgêp, tumêmên, nguja sakarsaning priya.

***

IV. Rubedaning Cumbana sarta Pambengkasipun.

Ingkang prêlu kêdah sami dipun èngêti, manawi badhe nindakakên sacumbana punika: panggalih kêdah sabar, sarônta, sampun daya-daya lumaksana, angêntosana manawi sang pasta purusa sampun kiyat, kiyêng, santosa. Manawi dèrèng kiyat santosa saèstu, môngka lajêng sinêru lumaksana, punika asring ambalenjani nèng wiwara, panggalihing priya dèrèng lêga, sang wanita dèrèng mudhar prasa, kêsaru wiyosipun Sang Hyang Kamajaya. Ingkang makatên punika kajawi priya piyambak manggih cuwa, inggih cineda kabatosan dening wanita, amargi tiwas karaya-raya wêwadi binuka, tibakipun boya

--- 25 ---

môntra-môntra adamêl lêga, malah manggih gêla, cuwa, kacariyos wanita ingkang sampun karaos kêri murinding môngka dèrèng ngantos mudhar prasa lajêng dipun sampuni, punika kêjawi cuwa sangêt manahipun, inggih karaos pêgêgpêgêl boyokipun ngantos pintên-pintên jam dangunipun, arata, rak mêsakakên.

Kathah para mudha sami rêmên ngangge jampi awarni galêpungan utawi lisah wontên ing pasta purusanipun, supados kuwawi sacumbana dangu, punika saking pamanggih kula kirang prayogi, awit danguning cumbana wau lajêng botên timbang kalihan kêkiyataning sarira, liripun, manawi sarira ringkih môngka lajêng sinêngka kangge cumbana dangu: jalaran ngangge jampi wau, punika ngrisakakên sarira, tur tarkadhang jampinipun wau inggih dèrèng kantênan manawi botên mawi dat ingkang kirang prayogi tumrap kasarasaning sarira. Punapa malih danguning wanci wau inggih dèrèng mêsthi damêl rênaning manahipun wanita. Pawèstri manawi sinanggama ing kakung ingkang dèrèng lêbda dhatêng aji asmaragama, danguning wanci wau malah adamêl mangkêl, anyêl, tumraping wanita, sarta karaos sakit. Sanajan sinanggamaa pintên-pintên jam dangunipun, wanita angèl sagêdipun mudhar prasa (ngêdalakên rahsa pita), malah wêwah anyêlipun. Suka pirênaning wanita punika botên saking danguning wanci, inggih punika saking sagêdipun priya anuju prasa, sarananipun widakda pangulahing sanggama [sang...]

--- 26 ---

[...gama] tuwin waskitha mawas kêdhèp liringing netra, inggih punika ingkang kawastanan kakung undhagi aji asmaragama. Mila para mudha botên prayogi ngagêm jampi-jampi kasêbut nginggil, dene sarana ingkang prayogi punika inggih namung sabar, sarèh, botên daya-daya punika wau. sarta panggalih kêdah ênêng, êning, awas, eling, pikantukipun:

Ênêng, adamêl dangu wêdaling rahsa, angandêlakên wiji, manawi dados putra badhe panjang yuswanipun.

Êning, sagêd karaos nikmat munpangat, ambêningakên wiji manawi dados putra badhe kadunungan watêk guna, kawasa.

Awas, sagêd priksa ulat liringing wanita tuwin awon saening wiji.

Eling, èngêt dhatêng wêwadosipun wanita tuwin èngêt amrênahakên wiji ingkang sae utawi anglêbur wiji ingkang awon.

Samangke nêrangakên rubedaning cumbana. Mênggah bedaning cumbana punika wontên pintên-pintên bab kados ing ngandhap punika:

1. Manawi sariraning priya sawêg kataman ing arip, sakit, luwe, tuwin susah. Milanipun manawi priya sawêg kapandukan ing rubeda kawan prakawis wau inggih prayogi sampun nindakakên sacumbana.

2. Manawi priya cumbana kalihan wanita ingkang prasaning rahsa

--- 27 ---

botên tunggil bôngsa. Kados ta manawi lêlawanan kalihan wanita wrêdha, satêmah panggalih kapandukan ing raos êngah, gêla, cuwa, kêmba. Manawi lawanan kalihan wanita ingkang kuciwa ing warni, panggalih lajêng kataman ing raos ewa, mèrèng.merang Manawi lawanan kalihan èstri ingkang awon sangêt gandanipun, satêmah panggalih kadunungan raos nêg, gêg, gigu. Mila prayoginipun priya milih wanita kagêm garwa punika ingkang ngatos-atos, kêdah ingkang nunggil bôngsa prasaning rahsa wau.

3. Manawi priya botên kapadhan ing karsa ing salêbêting cumbana. Mila prayoginipun priya sampun grusa-grusu, cumbana sarana roda paksa, pangarih-arihipun dèn aririh, pamilutanipun dèn malat prana, rinungruma ing sabda rum, sampun ngantos purunipun sarêsmi wanita wau namung jalaran ajrih ing pamêksa sasaminipun, kêdah sarana sênêng parênging galih.

4. Manawi pasta purusa dèrèng kiyat santosa lajêng sinêru lumaksana, kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil. Mila prayoginipun, manawi pasta purusa wau dèrèng kiyat saèstu, sampun ngantos katindakakên sacumbana rumiyin, poma dèn sabar.

Mênggah rubeda ôngka 4 punika pancèn kêrêp sangêt dipun alami [a...]

--- 28 ---

[...lami] dening para mudha ingkang kirang sabaran. Manawi priya kataman ing rubeda wau, panulakipun makatên: pasta purusa kêdah dipun kèndêlakên panggosokipun rumiyin, kados ingkang kasêbut ing bab patraping cumbana manawi priya badhe kêlayu mudhar prasa. Ing salêbêtipun kèndêl wau priya kêdah amêmulya kridha, têgêsipun amêmulih gagas, osik, anggêlêngna prasa tuwin rahsa. Manawi katarimah, sapandurat kemawon, prasa tuwin rahsa wau sagêd gumêlêng, satêmah lajêng sagêd tumindak malih ingkang tanpa sangsaya. Nanging tinimbang makatên, inggih prayogi ingkang sabar punika wau.

***

V. Pangruktining Sarira.

Wontên sarjana ingkang kagungan pamanggih, para priya ingkang ngêmatakên aji asmaragama punika prêlu sangêt dhahar: dhêdhaharan utawi jampi ingkang anggadhahi daya bêntèr tumraping sarira, kados ta: ulam menda mawi bumbu marica pala, tigan ayam mawi madu tuwin marica, sasaminipun, utawi malih kathah para mudha ingkang sami rêmên ngunjuk jampi bangsanipun arak, supados kiyat. Punika wau sadaya mênggahing kula inggih kirang condhong awit dhêdhaharan utawi jampi-jampi ingkang kapratelakakên wau, dayanipun ingkang agêng namung prakawis kiyating sanggama sarta ngindhakakên raos kêpengin cumbana, tundonipun [tundoni...]

--- 29 ---

[...pun] lajêng dados kakung ingkang barancah karêm dhatêng cumbana, satêmah adamêl risaking sarira, prasasat anggege pêjah, jalaran kama punika kadadosan saking sari-sari saking otot ingkang alus-alus miwah sungsum. Milanipun priya ingkang sangêt karêm ulah langêning asmara punika adatipun sok kataman ing sêsakit ngêthok, ngêrês, linu, pêgêl, suda paningal, sasaminipun, sarta inggih kenging kawastanan ngècèr-ècèr satwa manimaya, wiji badhening manungsa, ingkang tamtu badhe angsal bêbêndu saking ingkang maha kawasa, kacariyos cumbana punika prayoginipun kêrêp-kêrêpipun ing salêbêtipun saminggu namung sapisan, langkung saking saminggu saya prayogi.

Dene ingkang prêlu kêdah dipun jagi punika bab kasarasaning sarira, sarananipun rêsikan, sampun tumandang ingkang sarwa nyêngka (langkung saking ukuran), tuwin adhahara dhêdhaharan ingkang prayogi tumrap sarira, kados ta: pêrêsan lêmbu, tigan ayam, sêkul saking uwos ingkang taksih wuluh, kacang ijêm, sayur-sayuran, sapanunggilanipun, bab punika para nupiksa tamtu botên kakilapan. Manawi karsa ajêjampi jawi, para sêpuh paring piwulang: ajêjampia lêmpuyang. Kenging mawi cabe sakêdhik kemawon. Kacariyos lêmpuyang punika sagêd nuntumakên urat-urat ingkang lumêmpit utawi katalip. Dene unjuk-unjukan ingkang prayogi [pra...]

--- 30 ---

[...yogi] punika bonggoling nampu. Kaabênan oyoding lêmpuyang, oyoding kunir, oyoding sêdhah, oyoding rumput têki tuwin oyoding nampu, punika kacarub dados satunggal, kagodhog ing toya ingkang ngantos tanêk, toyanipun kakantunakên sapalihipun.

Sadaya ingkang sagêd ngindhakakên raos kêpengin sarêsmi punika saking pamanggih kula malah prayogi sangêt dipun singkirana ing sawatawis, kados ta: kêkathahên wungu, kêkathahên êsês (udud), ngunjuk kopi kêkênthêlên, dhahar lombok, sasaminipun, ingkang adamêl bêntèr raosing sarira.

Pasta purusa ingkang waras wiris, punika saking pamanah kula botên prayogi dipun rekadaya: dipun unjuki jampi-jampi ingkang murugakên kiyêng kiyat, kuwawi sarêsmi dangu. Awit dede kiyênging pasta purusa tuwin danguning wanci cumbana punika ingkang sagêd damêl lêga rahsaning wanita, manawi priya dèrèng sagêd susilaning sanggama. Ingkang murba wisesa anggènipun maringi gadhuhan saranduning angga kita tamtu sampun mawi ukuran kêkiyatan ingkang timbang kalihan pigunanipun. Amurih kiyating pasta purusa tuwin danguning cumbana, botên wontên sarana malih ingkang prayogi, mikantuki, kajawi namung saking sabaring panggalih punika.

Dene ingkang prêlu tumrap para mudha punika namung sampun ngantos tumindak utawi dhahar dhêdhaharan ingkang sagêd ngêndhokakên [ngêndhoka...]

--- 31 ---

[...kên] pasta purusa, kados ta: kêlan terong, êsês mawi uwur kalêmbak, pucuk, sapanunggilanipun. Sampun lênggah ing papan asrêp, andhodhok kêdangon, malumpat wiyar, sadaya punika sagêd ngêndhokakên purus.

Nanging manawi priya pancèn kataman ing sakit kirang kiyat pasta purusanipun, inggih punika pêluh utawi mêlur, punika inggih prayogi dipun jampèni ing saprêlunipun, adatipun priya ingkang kataman sêsakit makatên punika, manawi botên kenging alangan sanèsipun, jalaranipun saking karêm ulah asmara ingkang ngantos langkung saking takêr. Jampinipun: kêdah cêgah sanggama rumiyin ngantos samantunipun, wungu sarta siram sabên enjing, ebahing sarira ingkang ajêg, dhahara dhêdhaharan ingkang sarwa êmpuk sarta adamêl kiyat tumraping sarira, wosipun sarira kalihan panggalih kêdah tansah dipun sêsêgêr. Ingkang langkung prayogi inggih punika nyuwun pitulunganipun dhoktêr tuwin mituhu ing sapitêdahipun.

***

VI. Tumuruning Wiji kang Winadi.

Kacariyos malêbêtipun wiji punika anyarêngi lêbêting napasipun bapa, nuntên uminêb wontên ing utêk, lajêng rêmbês dhatêng panon, inggih punika sarining utêk ingkang manggèn wontên salêbêting manik. Wiji ing sasampunipun wontên ing ngriku [ngri...]

--- 32 ---

[...ku] kawawa manuksma ing pramana, sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana andayani saeka karsa, nuntên anarik daya sêrênging sacumbana. Punika manawi cinêgah dados paedah, inggih punika sagêd mêwahi muncaring pangèksi, dene manawi linantur dados batur, liripun sagêd mahanani putra.

Mênggah badhe kadadosanipun putra wau ing têmbenipun, punika manut êmpaning cipta sarta urubing pramana wau. Awit duk kala wau wiji sumusup ing pramana lajêng nunggil urubing pramana, punika upami têtêdhan: sagrênêking ciptanipun wau minôngka bumbu, urubing pramananipun minôngka bau. Bumbu manawi sampun kaulêt ing bau, raosipun lajêng kêmpal, dene matêngipun kaolah wontên ing pabrik ingkang sakalangkung prêmati, dumunung ing guwa garbaning rena, kawastanan yitna maya.

Tôndha yêktinipun manawi kadadosaning putra wau miturut êmpan tancêbing cipta nalika sami sacumbana, pêpukiran utawi wêwatêkaning putra punika ingkang kathah mèmpêr kalihan yayah renanipun, jalaran ing nalika pêpasihan wau tancêbing cipta ing sakalih-kalihipun sami kadunungan wêlas tuwin trêsna. Nanging tarkadhang pêpukiran utawi wêwatêkaning putra wau mèmpêr kalihan kaki nini, sanak sadhèrèk, tiyang ingkang sangêt dipun trêsnani utawi sangêt dipun gêthingi ing yayah renanipun, punika [pu...]

--- 33 ---

[...nika] sababipun inggih saking tancêbing ciptanipun yayah rena duk kala sarêsmi wau sawêg tumuju dhatêng kaki nini, sanak sadhèrèk, tiyang ingkang dipun trêsnani utawi dipun gêthingi wau. Milanipun manawi sami cumbana kalihan garwanipun ngatos-atos, sampun ngantos kasêlanan cipta ingkang badhe mahanani kirang prayogi kadadosanipun. Lêrês sangêt para sêpuh sami paring wasita wanti-wanti dhatêng putra wayah: manawi mêntas saking kakesahan, ngabotohan, kagèt, gumun, sasaminipun, sampun ngantos cumbana kalihan garwa, ingkang dipun kawekani: bokmanawi ing salêbêtipun sacumbana lajêng kagagas punapa ingkang mêntas dipun sipati kala wau.

Bab wahananing wiji miturut daya tancêbing cipta punika, mila botên anèh manawi putranipun sujanma ingkang ambêk pinandhita wontên ingkang botên dados abahan, anakipun tiyang ingkang karêm lampah maksiyat dados tiyang ingkang utami. Awit sang ambêk pinandhita wau duk kala sarêsmi kalihan garwanipun bokmanawi sawêg kasêlanan cipta ingkang kirang prayogi, pun tiyang ingkang karêm lampah maksiyat pinuju kasêlanan cipta ingkang adi. Inggih punika lênggahipun bêbasan: bôngsa punika madosi bangsanipun (soort zoekt soort). Nanging mênggah lêlampahanipun sang ambêk pinandhita kalihan tiyang ingkang karêm lampah maksiyat wau punika kenging kawastanan sawêg kapinujon [kapinu...]

--- 34 ---

[...jon] utawi dumadakan (nyêbal), manawi adatipun: tiyang ingkang kulina ulah puja brata punika yêkti kathah kaèngêtanipun, tancêbing ciptanipun inggih kêrêp cipta ingkang utami. Tiyang ingkang rêmên lampah maksiyatan, punika tancêbing ciptanipun inggih kêrêp cipta ingkang kirang prayogi, wusana dadosipun putra inggih sami mirib kalihan tiyang sêpuhipun, bêbasanipun: kacang botên nilar lanjaranipun.

Wontên malih katrangan bab dayaning cipta ing salêbêtipun sacumbana, kacariyosakên makatên: manawi nalika sacumbana punika sêrênging driya dumunung wontên ing priya, punika manawi nglêrêsi wahyaning môngsakala sagêd dados putra, badhe mahanani putra èstri, amargi sêrênging driya wau prasasat anyipta putri ingkang endah ing warni. Kosokwangsulipun manawi arda sêrênging driya dumunung wontên ing wanita, punika manawi dados putra mahanani putra kakung. Ingkang kathah-kathah, bapa punika trêsna dhatêng anak èstri, biyung kathah trêsnanipun dhatêng anak jalêr, punika bokmanawi jalaran bapa ingkang prasasat nyipta anak èstri, biyung ingkang nyipta anak jalêr punika wau. Ing Sêrat Widyakirana§ Kawêdalakên dening toko buku: Tan Gun Swi, ing Kadhiri amratelakakên miturut suraosipun Sêrat Jitabsara, karanganipun Bagawan Palasara [Pala...]

--- 35 ---

[...sara] ing wukir Martawu, bab wijanganing wiji punika kados ing ngandhap punika:

Manawi wiji wujudipun kandêl, ing têmbe badhe mahanani putra kandêl manahipun, manawi tipis, inggih tipis manahipun, yèn wiji wau agêng, mahanani budi jêmbar, yèn alit, yêkti rupak budinipun, bilih wiji wau mancorong, badhe mahanani budi ayêman, bilih bêsêm, inggih badhe mahanani watak sungkawan.

Manawi cumbana ing wanci siyang, ingkang tamtu wiji wau tipis, amargi pramana nêdhêngipun amèr, yèn wanci dalu kandêl, amargi pramana nêdhêngipun pupul. Mila utaminipun cumbana punika ing wanci akiring dalu dumugi bangun enjing.

Bab wahananing wiji miturut dhatêng ingkang andarbeni daya panggèndèng, kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Manungsa ingkang sawêg tuwuh tancêbing cipta wêlas asih, ingkang tamtu urubing pramana warni pêthak sumirat biru amaya-maya, môngka lajêng kataman ênêng, punika lajêng kawawa narik wiji, ingkang sumusup inggih sami kalihan urubing pramana wau, ing têmbe manawi mahanani putra: sarwa jatmika, alus kabudayanipun, asih wêlasan, ananging kirang panggraitanipun.

Manawi manungsa sawêg katuwuhan tancêbing cipta: rila, lêgawa, urubing pramana tuwin wiji warni jêne sumirat ijêm, ing têmbe

--- 36 ---

badhe mahanani putra bèrbudi, lantip panggraitanipun, kajèn sasamining tumitah.

Manawi tancêbing cipta pinuju mardi kabudayan, urubing pramananipun tuwin wiji: abrit ambaranang, ing têmbe manawi mahanani putra: limpad pasanging panggraita, wasis ing pamicara sarta emutan, ananging cugêtan manah.

Manawi manungsa sawêg tuwuh tancêbing cipta runtik sapanunggilanipun, ingkang tamtu urubing pramana tuwin wiji warni cêmêng mêlês, ing têmbe manawi mahanani putra, santosa dhatêng kaawonan, panasbaranan tur bodho dhatêng kabudayan.

Manawi sawêg tuwuh tancêbing cipta mêthuthuk, gumunggung, rumaos kalêrêsan sasolah bawanipun, urubing pramana tuwin wiji: biru muyêg sumirat amarakata, badhe mahanani putra sae manahipun, sarta andarbèni karilan, ananging sangêt bodho.

Manawi sawêg katuwuhan tancêbing cipta drêngki, urubing pramana tuwin wiji warni wungu sumirat, ing têmbe badhe mahanani putra andaluya, dora ing pamicara, rêmên pandamêl ngiwa, asring kenging sêsakit gêndhêng tuwin wuta.

Manawi sawêg tuwuh tancêbing cipta tarima, urubing pramana tuwin wiji: ijêm angênguwung, ing têmbe manawi mahanani putra ambêk apura paramarta, rila, tarima, lêgawa.

--- 37 ---

Manawi sujanma kulina nungku puja brata, asih sasamining dudi,budi ambêk paramarta, têmên, narima, ingkang tamtu urubing pramana tuwin wiji warni ijêm nèm muncar maya-maya, ing têmbe manawi mahanani putra: wicaksana, lêpasing pambudi langkung saking sasaminipun manusa, sagêd mêngku darajad agêng.

Sarèhning wiji punika bangsanipun alus, dados sagêdipun priksa inggih kêdah sarana alusing pandulu, inggih punika saking êninging panggalih, sirnaning karsa, sarèhing panggônda, lêrêming pôncadriya, jatmikaning solah bawa.

Ing ngajêng ugi sampun kapratelakakên, ing salêbêting sacumbana punika panggalih kêdah ênêng, êning, awas, eling. Pikantukipun ênêng: adamêl dangu wêdaling rahsa tuwin ngandêlakên wiji. Êning: sagêd karaos nikmat manpangat tuwin ambêningakên wiji. Awas: sagêd pariksa awon saenipun wiji ingkang sumusup, sarana nyatitèkakên sagrênêking cipta ing wêkdal punika. Eling: inggih punika èngêt amrênahakên wiji ingkang sae utawi nglêbur wiji ingkang awon. Manawi wiji ingkang sumusup wau sae, kaprênahna punapa samêsthinipun, sagêdipun katampèn ing lènging pranakan, manawi wiji ingkang sumusup wau awon, kêdah kalêbur sarana santosa, sampun ngantos korup nuruti sêngsêming karsa, inggih punika kêdah kasilipakên mangandhap utawi manginggil, utawi

--- 38 ---

kawutahakên wontên ing jawi kemawon, wosipun sampun ngantos kamaning priya wau katampèn lènging pranakan.§ Wontên ingkang gadhah pamanggih, bilih patrap makatên punika sagêd anyuda kasarasaning raga, amargi cumbananipun lajêng kirang lêga, ardaning karsa kapengin cumbana lajêng dados ngômbra-ômbra. Katrangan punika pancèn kêpanggih ing nalar. Botên langkung kasumanggakakên para maos, pundi ingkang kagalih langkung prêlu, kadadosaning putra, punapa sudane kasarasaning raga. Ingkang ngarang

***

VII. Panunggilanipun Aji Asmaragama.

Aji asmaragama punika wontên panunggilanipun pintên-pintên asmara, para nawung kridha sami yasa nama piyambak-piyambak. Ing ngandhap punika katêrangakên namung ingkang kamanah prêlu-prêlu kemawon:

Asmara Sabda

Asmara têgêsipun: sêngsêm, sabda: pangandika. Pikajêngipun sêngsêma sapocapan, utawi sêngsêma dening dayaning pangandika.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, priya dhatêng wanita ingkang pinurih trêsnanipun, punika kêdah angêmpakna têmbung manis manuhara, pamilutanipun ingkang sagêd anuju prana, pangalêmbananipun ingkang sagêd anuju karsa. Ing sadèrèngipun wiwit nandukakên sabda arum manis wau, priya mawi amaosa mantranipun aji asmara sabda ing salêbêting batos makatên:

--- 39 ---

Hong Hyang Hyang Kamajaya dumarèng karasikan, surapsarèng asmara, acanèng ulun lumarapa, makêcêp ring wanita ika, sing dayèng aji asmara sabda, myang wisesèng paduka. Aji asmara sabda wau manawi katarimah sagêd ambuka sêngsêming wanudya satêmah kadunungan manah asih trêsna, pikantukipun anggampilakên tumindakipun asmaragama.

Ing sêrat piwulang Panitisastra, gêgubahanipun Bagawan Palasara, ingkang sampun kajarwakakên dening Sang Prabu Jayabaya, ing bab 3, nyêbutakên makatên: yèn wontên ngarsanipun mêngsah umuka ing sabarang damêl, yèn wontên ngarsanipun pandhita angraosana rahsaning ngèlmi tuwin kawruh, yèn dhatêng pawèstri angungruma pangandika ingkang akarya kasmaraning galih.

Asmara Cipta.

Asmara têgêsipun: sêngsêm, cipta inggih cipta utawi osiking manah. Pikajêngipun: sêngsêma ciptanira utawi sêngsêma dening dayaning cipta.

Ing bab patraping cumbana sampun kapratelakakên sakêdhik bab aji asmara cipta, inggih punika nalikanipun cumbana, priya anggêlêngna cipta: angalapa manah tuwin nyawanipun èstri. Aji asmara cipta ingkang makatên wau, manawi katarimah,

--- 40 ---

wanita sagêd karaos marêm carêm têrusing manah, awit botên namung kalêgan dening patrap pangulahing sanggama kemawon, sayêktosipun kalêgan rahsanipun sajati. Asmara cipta ingkang kasêbut ing nginggil punika botên ngangge waosan môntra, awit sampun kawêngku ing môntra asmaragama.

Aji asmara cipta punika ugi sagêd kangge sarana ngangkah pawèstri (pangasihan) lampahipun makatên:

Priya kêdah anyirika sanggama tuwin asêsirih ing sakêparêngipun (ngêngirangi dhahar nendra) minôngka lampah. Dangunipun pitung dintên pitung dalu, saya dangu malih saya utami, upaminipun 40 dintên 40 dalu.

Manawi ing dalunipun badhe matrapakên asmara cipta wau, priya sêsucia rumiyin, wiwit sontên sampun ngantos sare. Ing wanci têngah dalu lajêng lênggaha, sarira kasèndhèkna, patrapipun kados lênggah sêmèdi. Ing ngriku tumuntên angêningna paningal, amêpêta pôncadriya, pamirsa, panggônda, pamiyarsa, pangraos tuwin pamiraos, lajêng anyiptaa: mujudakên warnining wanodya ingkang kaangkah wau, yèn sampun wujud saluguning warni, lajêng sinanggamaa saking êmpaning cipta kemawon, sinartan maos môntra makatên: hong Hyang Hyang Kamajaya dumarèng karasikan, surapsarèng asmara, sotèng ulun lumarapa,

--- 41 ---

makêcêp ring wanita ika, sing dayèng aji asmara cipta, myang wisesèng paduka. Manawi sampun widagda sayêktos anggènipun matrapakên, adat ingkang sampun kalampahan, wanita ingkang kaangkah wau lajêng supêna kados sinanggama ing kakung ingkang nyipta wau, satêmah lajêng nandhang wiyoga (gandrung) saking sangêting wiyoga ngantos mêntala mahyakakên saraosing driya (marahi), tarkadhang tan sarônta lajêng dhatêng nginggah-inggahi.

Nanging, para mudha kêdah èngêt: manawi wanita wau manahipun rêsik, suci, ahli puja brata, punika asmara ciptaning priya wau botên sagêd tumama, awit kawon prabawa kalihan kasucianipun wau, satêmah tuwuk tanpa dadya, malah wangsulipun cipta ingkang lumêpas wau sagêd andadosakên kirang prayogi tumrap ingkang gadhahi cipta, milanipun sampun agahan nindakakên asmara cipta.

Asmara Wanita.

Asmara têgêsipun: sêngsêm, wanita: pawèstri. Pikajêngipun: sêngsêmipun dening wêwadining pawèstri sampun kasumêrêpan.

Mênggah asmara wanita punika pigunanipun inggih kalih warni, inggih punika kangge ambuka rahsaning wanita kalihan kangge pangasihan.

--- 42 ---

Kacariyos rahsaning wanita punika botên ngêmungakên dumunung ing baga kemawon, sayêktosipun wontên ing saranduning badan sadaya, sabên sadintên sadalu alihan. Patrapipun priya nindakakên asmara wanita punika kados nindakakên asmara cipta, nanging pawèstri kêdah katingal kasat mata. Sanajan pawèstri pinuju sareyan, lênggah, lumampah, ugi kenging katindakakên, patrapipun makatên: priya angêningna cipta, amêpêta pôncadriya, amêgênga rahsaning sanggama, nuntên rahsaning sanggama wau katarika lajêng katancêbna wontên ing cipta, manawi sampun botên ewah, lajêng katarika malih katancêbna wontên ing panon, manawi sampun botên ewah malih, lajêng kalêpasna dhatêng pundi saranduning badanipun wanita ingkang pinuju kadunungan rahsa, sinarêngana maos môntra makatên: hong Hyang Hyang Kamajaya dumarèng karasikan, surap sarèng asmara, kang wanita rumarasa, kataman kanang rahsa mulya, sing dayèng aji asmara wanita, myang wisesèng paduka. Manawi sampun widagda anggènipun nindakakên, wanita ingkang kalêpasan wau lajêng kagèt, anjingkat, sanajan pinuju tilêm kêpati inggih mêksa sagêd ngalilir, sarta gadhah raos kados sinanggama. Èstri ingkang kataman makatên wau sêngsêmipun kadosdene kataman asmara cipta.

--- 43 ---

Dene asmara wanita ingkang kangge pambukaning rahsa, paedah anggampilakên tumindaking asmaragama, patrapipun nindakakên makatên: duk kala rahsaning sanggama wau sampun tumancêb ing cipta, manawi sampun botên ewah, lajêng katarika malih, nanging botên katancêbakên ing panon, inggih punika kadèkèka wontên ing pucuking dariji, dariji wau lajêng kagrayangna ing pundi saranduning badanipun wanita ingkang pinuju kasèrènan rahsa, sinartan matêk môntra kados ingkang kajarwa ing nginggil. Adat ingkang sampun kalampahan, wanita ingkang kagrayang wau raosipun kados sampun sinanggama, sarira gumriming marinding anandhang minta tandhing, korining Sang Hyang Kamajaya sampun kabuka, satêmah anggampilakên tumindaking asmaragama.

Mênggah dununging rahsaning wanita ingkang sabên sadintên sadalu alihan punika pratelanipun makatên, tanggal 1 manggèn wontên ing pucuking jêmpol suku ingkang têngên, minggah-minggah dumugi tanggal 15 manggèn wontên ing têngahing alis ugi ingkang têngên, nuntên tanggal 16 pindhah wontên têngahing alis ingkang kiwa, mêdhak-bêdhakmêdhak-mêdhak dumugi tanggal 30 wontên ing pucuking jêmpol suku ingkang kiwa. Tanggal punika tanggal Jawi. Supados gampil anggènipun ngapalakên, kula sêkarakên dhandhanggêndhis dados tigang pada, nanging dhong-dhingipun inggih namung sadhawah-dhawahipun kemawon, kados ing ngandhap punika:

--- 44 ---

[Grafik]

--- 45 ---

Rahsaning dyah dununging mêmanis | tanggal pisan lawan tigang dasa | pucuk jêmpol suku manggèn | kalih lan sanga likur | nèng têngahing tlapakan nênggih | tiga wolu likurnya | têngah tungkak suku | catur pitu likur têngah ing kêmiri | gangsal nêm likur manggyan ing | têngah kempol punika ||

Tanggal nênêm lan salawe mungging | pucuk jêngku pitu patlikurnya | têngahing pupu sumèrèn | wolu lan tiga likur | têngah bocong dunungirèki | sanga kalih likurnya | têngah baganipun | sadasa salikur manggyan | têngah pusêr sawêlas lan kalih dèsi | ing têngah payudara ||

Kalih wêlas lan sangalas mungging | têngah janggut tiga wlas wolulas | manggèn ing têngahing lambe | patblas pitulasipun | pucuk grana gyanning rahsa di | gangsal wêlas nêmbêlas | têngah imba iku | tanggal kang dhihin sinêbat | apan kanan de kang wuri sisih kering | yèku nut tanggal Jawa ||

--- 46 ---

Asmara Tôntra.

Asmara têgêsipun: sêngsêm, tôntra: bala, utawi tiyang kathah, pikajêngipun: sêngsêma tiyang kathah punika.

Asmara tôntra punika pigunanipun: nyanggama wanita satunggal nanging wanita pintên-pintên ingkang sampun nate sinanggama: sagêd karaos sadaya. Patrapipun makatên:

Ing salêbêtipun nyanggama, sasampunipun maos mantranipun aji asmaragama, utawi botên, amargi mangke badhe kawêngku ing asmara tôntra, priya wiwita angêningakên cipta anglêrêmna pôncadriya, nuntên anarika rahsaning sanggama (rahsanipun piyambak) rahsa wau katancêbna wontên ing cipta, nuntên anyiptaa: mujudakên warnining wanita sapintên kathahipun ingkang badhe sinung rahsaning sanggama wau. Manawi sampun wujud lugu sajatining warni, kadosdene lampahing asmara cipta, lajêng sinanggamaa saking êmpaning cipta kemawon, dene mantranipun makatên: hong Hyang Hyang Kamajaya Ratih, surapsara surapsarièng asmara, ulun mawisik wanita, matêmah yumana kang rahsa, prahasana ring wanita samoa, kanang ulun cipta, sing dayèng aji asmara tôntra, myang wisesèng paduka. Lajêng angêdalna rahsa, inggih rahsanipun pribadi. Katarimahipun aji asmara tôntra wau, wanita-wanita ciptan wau sagêd karaos [ka...]

--- 47 ---

[...raos] sinanggama ing alam supêna sarta marêm carêmipun ugi tan prabeda kados sinanggama ing sawantahipun. Kacariyos Radèn Dananjaya ingkang dados lananging jagad, Prabu Arjunasasra ingkang garwanipun dhomas (800), sarta Prabu Suryamisesa ing Jênggalamanik (Panji Inu Kartapati), punika anggènipun nyarambahi asung rahsa sarta nguja karsaning wanita ugi ngagêm aji asmara tôntra wau. Walahualam.

***

Pungkasaning Atur.

Dumugi samantên, pangraos kula sampun cêkap pangimpun kula kawruh sanggama punika. Manawi kula talusur malih maksudipun aji asmaragama punika, kajawi minôngka sarana adamêl lêga tumraping wanita ing salêbêtipun cumbana, tuwin pambudidaya sagêda kasinungan putra ingkang utama, inggih ugi minôngka panggarenda dhatêng para mudha, supados sami ngulinakakên agêningakên cipta, amêpêt pôncadriya, analiti sajatining wiji, ingkang dahat sinandi, tuwin wadining dumadi. Manawi dipun lampahi kanthi têmên-têmên, ingkang tamtu inggih tinêmu têmênan. Nanging manawi panggilutipun sêmbarangan, panindakipun namung kangge mainan, namung kèrêm dhatêng ulah kridhaning sarêsmi sayêkti inggih malati, angrisakakên jiwa ragi. Mila sadhèrèk [sadhè...]

--- 48 ---

[...rèk] kula para mudha ingkang kasdu maos sêrat punika, poma dipun waspada uwosing wasita. Pemut kula:

Rasakêna yayah madu brangti | dèn ta mamèt uwosing wasita | bralanana mrih pratamèng | tata susilèng lulut | ketang ngèsthi kotamèng siwi | salamêt mêngku garwa | wajibing priya nung | kalamun sisip ciptanta | dhinêsêking tyas kèrêm langêning rêsmi | risak jiwangganira§ Utaminipun para priya amaosa Sêrat Ugêring Palakrama. ||

Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]