Jatimurti, Anonim, 1930, #136 (Hlm. 01-41)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Jatimurti, Anonim, 1930, #136 (Hlm. 01-41). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik
  2. Jatimurti, Anonim, 1930, #136 (Hlm. 41-86). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik
Image

Serie D. No. ... SERAT DJATIMOERTI ... Harga f 1.10

Sêrat Jatimurti

Nêrangakên bab kaanan jati tuwin ukuran ingkang kaping sakawan.

2e Druk 1930

(Diperlindungkan hak pengarang Stb. tahun 1912 No. 600 fatsal 11)

Diterbitkan dan dijual oleh: TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Harga f 1.10

Sêrat Jatimurti

Nêrangakên bab kaanan jati tuwin ukuran ingkang kaping sakawan.

2e Druk 1930

(Diperlindungkan hak pengarang Stb. tahun 1912 No. 600 fatsal 11)

Diterbitkan dan dijual oleh: TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

--- [2] ---

Penerbit: TAN KHOEN SWIE

KEDIRI.

[Grafik]

Diperlindungi hak karang-karangan, termaktub dalam Staatsblad tahun 1912 No. 600 fatsal 11.

Kitab yang sah ada tanda tangannya si penerbit sebagimana tersebut di bawah ini.

[Tanda Tangan Tan Khoen Swie]

--- 3 ---

Apa Têgêse Têmbung Kaanan Jati.

Rèhning Ana Kaanan Jati, Iya Ana Kaanan kang Ora Sajati.

Barang kang ana, iku yêktine mung kang maune dhasar ana. Barang kang maune ora ana: sajatine iya ora ana.

Kang maune ora ana iku kaya ta: bocah kang aran si anu, sawijining wêdhus, jambu, kukus, gêni lan liya-liyane, kang anane amung ing sawatara môngsa banjur bali ora ana manèh, kapriye êngone kêna diarani ana, wong anane kaya pandhukuling ombak, mandhukul nuli ilang, tumuli ana pandhukul liyane, iya ilang manèh, sabanjure. Si pêndhukul sajatine ora ana. Sing têtêp jênêng ana yaiku banyu kang mêndhukal-mêndhukul, dudu si pêndhukul (pêndhukule).

Tingkahing banyu mujudake pandhukul kang diarani ombak. Rèhning mangkono, ombak iku dudu sing ana, mung: kadadiyan, dene kadadiyan iku dudu: sing dadi. Awit saka iku mulane dak arani ora ana, jêr sing ana: banyu.

Mangkono uga: gunung, bumi, srêngenge, lintang, rêmbulan, manungsa, kewan ... cêkake isining alam kabèh: rèhning tinêmuning nalar maune ora ana, dadi kabèh [ka...]

--- 4 ---

[...bèh] mau satêmêne ora ana, mung: kadadiyan, sarta têtela ênggone ora têmên anane, ora beda karo ombak, kabèh mau wênang sinêbut kaanan gorohan.

Ora ana apa-apa, mung Allah kang ana, yaiku kang ana sabênêr-bênêre. Kasêbut kaanan jati, têgêse: kang têmên anane.

Trêsna marang kaanan donya iku padhane nubruk ayang-ayangan, môngsa kênaa dicêkêl, jêr anane ora têmênan.

Kêpencut marang kabungahan donya, iku upamane ambungahi urubing rèk api abang ijo, tuwas dibungahi kêpati-pati, jêbul ilang tanpa lari.

Donya iku dalan, iya kudu diambah apa mêsthine, ananging dudu bênêre yèn dirungkêbana.

Sing sapa ngambah dalan, kudu sumurup yèn kang ana ing ngarêpe, sanajan diparanana, mung bakal diliwati bae.

__________

Bedane Kaanan Donya lan Kaanan Jati.

Kaanan donya yèn katimbang lan ananing Pangeran, kêna kaupamakake gambar sorot kang ana ing gêbêr katandhing lan kaananing: wong, omah, wit lan liya-liyane, kang digambar mau. Bedane mangkene: kang digambar iku wujud jisim, dumunung [du...]

--- 5 ---

[...munung] ing jirim, bisa manggon sajabaning gêbêr. Balik gambar mau mung wujud ayang-ayangan, tanpa kandêl, mung dumunung ing raèning gêbêr, sarta anane gumantung marang ananing gêbêr. Dadi dudu-dudu kacèke.

Yèn arêp sumurup: kapriye bedane kaanan donya karo kaanan jati, cukup anggêre sumurup: kapriye bedane garis karo lumah (raèn).

Bedane garis katandhing lan raèn mau, padha uga lan bedane raèn manawa katandhing lan kibik (barang utawa jisim).§ Elinga: sadhengah barang mêsthi ana raène. Lan sabên ana raèn mêsthi ana garise. Kaya ta: dhadhon, iku ana raène nênêm, yaiku: ngisor, dhuwur, ngarêp, buri, kiwa lan têngên. Watêsing raèn (lingir) yaiku garis, kèhe rolas, ananging satêmêne sajêroning dhadhon akèh bangêt raène, kang ora pinikir. Mangkono uga ing sabên raèn akèh garise kang ora katon (luwih cêtha manèh yèn wis maca ing buri).

Dene bedane raèn karo jirim, nyamlêng padha lan bedaning alam yèn katandhing karo kaanan jati.

Kapriye ta bedane.

Bedane luwih dening gêdhe, ora mung basa beda, malah dudu timbangane, têgêse: dudu mêsthine katandhingake. Têrange kudu kapratelakake mangkene:

Gêdhening têngu lan gêdhening bumi, sanajan bangêt ênggone ora timbang, ewadene mêksa kêna ditimbang, marga karo-karone [karo...]

--- 6 ---

[...karone] padha bangsaning jirim, nanging yèn kaanan jati karo kaanan donya: dudu bangsane, dadi ora kêna ditandhing babar pisan. Ênggone ora kêna iku kayadene ukuran têlung pal katandhing karo ukuran têlung bau, kaya ijo katandhing lan godhong, utawa kaya tulisan katandhing karo mangsine, kapriye olèhe nandhing.

__________

Mungguh têtelane prakara iku manawa katêrangake dhisik ing bab beda-bedaning garis, raèn sarta jirim.

Yèn wong sumêja mangrêti kalawan pratitis ing bab êtrape alam mungguhing kaanan jati, kang sayoga mangrêtia dhisik: kapriye êtrape garis wungguhingmungguhing raèn, apadene: kapriye êtrape raèn mungguhing jirim. Dene nalare: êtraping jirim mungguhing kaanan jati iku iya kayadene êtraping raèn mungguhing jirim, lan uga kaya êtraping garis mungguhing raèn.

Pangangoning nalar iku mangkene: garis iku apa lan kapriye tumraping raèn, raèn iku apa lan kapriye tumraping jirim (alam) ... rong prakara iku nuli kanggoa [kang...]

--- 7 ---

[...goa] pêpindhan: jirim (alam) iku apa lan kapriye tumraping kaanan jati.§ Ana pêpindhan mangkene: uyah kacêmplungake ing sagara, sirnaning uyah awor dadi siji lan sagara, iku dadi pêpindhan woring kawula ing Gusti, iya bênêr. Nanging têtandhinganing kaanane (kaanan kang ora sajati karo kaanan jati), ora kêna diupamakake, uyah karo sagara. Apa sababe: uyah lan sagara karo-karone padha bangsaning jirim, sarta isih bisa pisah. Layang iki nyurupake yèn êtrape jirim marang kaanan jati iku kaya raèning jirim marang jirim kang mawa raèn iku. Anadene jisim kang ngênggèni[ngênggoni] jirim, iku tumraping kaanan jati mung kayadene wawêrnan, kang nganggoni raèn.

Ing saiki kang kapratelakake dhisik bab garis raèn sarta jirim: kapriye kaanane lan kapriye êtrape siji lan sijine awit bakal kanggo pêpindhan kang pratitis ing bab êtrape jirim (alam) marang kaanan jati.

Dene prayogane kudu kapratelakake sarana patrap mangkene:

a. Garis iku apa lan kapriye mungguhing raèn.

Garis iku sanajan sapira-pira kèhe, kajèjèr-jèjèr pipit, mêksa ora bisa mujudake lumah (raèn) awit sarupaning garis pancèn padha tanpa raèn. Sarèhning siji-sijine tanpa raèn babar pisan, kalumpuke kabèh iya ora bisa mujudake lumah utawa raèn,

--- 8 ---

dadi: lumah mêngkono dudu garis, nanging duwe watak: mêngku garis kang tanpa watês cacahe,§ Sajêroning raèn kêna diisèni garis maèwu-èwu, ora bakal sêsak. kongsi kang ora sumurup banjur ngira yèn raèn iku kadadeyan saka pakumpulaning garis akèh. Kang mangkono iku luput. Mangkono uga kosok baline: yèn garis dianggêp perangan cilik saka raos, iya ora bênêr.

b. Raèn iku apa lan kapriye mungguhing jirim.

Raèn iku sanajan sapira-pira kèhe, katumpuk-tumpuk, mêksa ora bisa mujudake kubuk (jirim) awit sarupaning raèn padha tanpa kandêl, yèn siji-sijine tanpa kandêl babar pisan, kalumpuke kabèh iya ora dadi jisim, dadi: jisim mêngkono dudu raèn, nanging duwe watak: mêngku raèn kang tanpa watês cacahe,§ Sajêroning jisim kêna diisèni raèn maèwu-èwu, ora bakal sêsak. kongsi kang ora sumurup banjur ngira, yèn jirim iku kadadeyan saka pakupulaningPakumpulaning raèn akèh. Kang mangkono iku luput. Mangkono uga kosok baline: yèn raèn dianggêp perangan cilik saka jirim, iya ora bênêr.

c. Jisim iku apa lan kapriye mungguhing kaanan jati.

--- 9 ---

Jisim iku sanajan dikaya ngapa gêdhene, utawa sanajan sapira-pira kèhe, panjing-pinanjing, mêksa ora dadi kajatèn, awit sarupaning jisim pancèn dudu jatine, sabab mung arupa jirim. Sarèhning siji-sijine dudu jatine, sanadyan panjing-pinanjinga, kalumpuke kabèh iya dudu kajatèn, dadi: kajatèn mêngkono dudu jisim utawa jirim, ananging kagungan watêk: mêngku marang jirim, kang tanpa watês gêdhene, lan jisim kang tanpa wilangan cacahe lan warnane,§ Ing kajatèn kêna diisèni jisim pira-pira kang tanpa wilangan cacahe utawa tanpa watês gêdhene, ora bakal sêsak (alam pira-pira kang siji-sijine awujud awang-uwung kang tanpa watês gêdhene: padha panjing-pinanjing, siji-sijine dumunung ing kajatèn, êtrape kaya kaca-kacaning buku dumunung buku. Isining alam upama tulisan kang ana ing kaca-kaca mau. kongsi kang ora sumurup banjur ngira, yèn kaanan jati iku kadadeyan saka pakumpulaning jirim utawa alam saisine, kang tanpa watês gêdhene lan tanpa wilangan cacahe. Kang mangkono iku luput. Mangkono uga kosok baline: yèn jirim dianggêp perangan cilik saka kaanan jati§ Lire yaiku: jisim kasar lan jisim latip (roh) dianggêp perangan cilik saka: dat. iya ora bênêr.

Kang kapratelakake ing dhuwur iku nalar kang prayoga kaanggo wêwatoning pamikir lan panganggêping manungsa ing bab kaanan [kaa...]

--- 10 ---

[...nan] kang sajati, aja kongsi kêliru: dat sajati kaanggêp kaya bangsaning jirim kang manggon, utawa disêngguh atoom utawa molekule kang mujudake alam saisine kabèh, iku sakêthi luput, nadyan katumrapna alam kaalusan, iya ora bênêr. Uga durung bênêr manawa kaanggêp bangsaning roh, jêr roh utawa nyawa iku iya jirim kang manggon, iku sipat kang kanggonan watak owah gingsir.

__________

Sarana dhêdhasar pangrêti kang kapratelakake ing dhuwur mau, pikiring manungsa ora bakal bingung utawa kewran panyêkêle, sarta banjur bisa mangrêti têrang marang karêping pêpindhan, ancêr-ancêr utawa dalil, kang nuntun budining manungsa marang kaanan kang sajati. Kaya upamane:

I. Kapriye sababe kaanan jati ora kêna kinaya ngapa, utawa sababe sawarnaning kaanan ing alam kabèh ora kêna dianggo ngupamakake kaanan jati.

II. Kapriye nalar-nalare dene kaanan jati ora kêna kinira-kira utawa cinakrabawa ing manungsa.

III. Kapriye mangrêtine: kaanan jati dumunung ing batine sakèhing kaanan, tur ora kêjaba ora kêjêro, sarta: sakèhing kaanan wis karo jatine apadene: sajatine ora ana apa-apa mung dat kang ana.

--- 11 ---

IV. Kapriye katêrangane: dat iku kaanan tunggal (murni) kang tanpa perangan. Sakèhing alam (donya lan sakèhing alam kaalusan), dudu perangan saka dzat, dadi: dat dudu kadadeyan saka kalumpuking sakèhe alam, lan liya-liyane: prakara kang kamot ing kawruh usul.

Iku kabèh bisane têrang, têtela saka anggunêm dhisik êtraping garis mungguhing raèn, sarta: raèn mungguhing jirim, awit iku bakal kanggo pêpindhan: êtraping jirim marang kaanan jati.

Sawarnaning jisim, ênggone dumunung ing jirim, kaya warna (abang ijo) ênggone dumunung ing raèn.

Sakèhing jirim (awang-uwung utawa ênggoning jisim) olèhe gumantung marang kaanan jati: kaya raèn olèhe gumantung marang ananing jirim kang duwe raèn iku.

Dadi: kaanan jati ênggone dumunung ing batine sakèhing kaanan, kaya jisim anggone kaprênah sajêroning raèn.

Mangkono uga ênggone ora kêjaba ora kêjêro, iku kaya buku anggone kaprênah ing têmbing êndine kaca-kacane.

--- 12 ---

Mangkono manèh ênggone katêmbungake ora ana apa-apa mung dat kang ana, iya kayadene si buku ênggone ora katandhing anane karo ananing kaca-kacane utawa tulisane utawa gambar-gambare buku iku, awit: raèn, tulisan utawa gambar-gambar mau sanajan anaa, ora kaangêp wujud tumraping jirim (dêluwang). (warna iku dudu wujud tumrape jirim kang duwe warna).

__________

Ing saiki kari amratelakake têtandhinganing jêmbare (kobète utawa têbane) kaananing martabat garis karo martabating raèn, nuli kaananing martabat raèn karo martabating jirim, banjur: kaananing martabat jirim karo martabat kajatèn.

Ênggone mratelakake prakara iku sarana patrap mangkene (I t/m IV).

I. Bab Alam Garis§ Garis, lumah, jirim, kajatèn, iku kabèh alam, alam iku têgêse: martabat kang linungguhan.

Alam garis iku bangêt ênggone rupêk, kang lungguh ing alam garis yaiku cêcêk. Si cêcêk kang ana ing alame mau mung nurut ênggon sauruting garis, lire mung maju karo [ka...]

--- 13 ---

[...ro] mundur, ora ana keblat kiwa lan têngên, mung ngarêp karo buri. Dadi cêcakCêcêk mau ora duwe cara nyimpang. Mulane upama si cêcêk dicêgat ngarêp lan ing buri, ora olèh panggonan manèh, kajaba yèn banjur manjing ing alam lumah. Dene bisane manjing ing alam lumah manawa salin wujud kang manut caraning lumah, têgêse: arupa lumah ciyut utawa bundêran lêmbut. Dadi wis ora wujud cêcêking garis (ora kaanggêp manggon ing garis, kaanggêp manggon ing lumah).§ Kang nganggêp kudu kang maca dudu si cêcêg. Mundur: karêpe ing kene: mênyang burine kang maca layang iki. Maju: mênyang ngarêpe kang maca layang iki, mangiwa mênyang kiwane kang maca. Cêkake kang dikarêpake ing layang iki: ora liya rasa lan panganggêpe kang maca layang iki, kang ngudi kawruh kasampurgan[kasampurnan].

II. Bab Alam Lumah§ Lumah iku raèn kang rata kaya jrambah utawa banyu kang mênêng.

Alam lumah luwih jêmbar tinimbang lan alam garis, sabab ing alam lumah ora mung ana ngarêp karo buri bae, uga ana keblat kiwa sarta têngên, ananing kiwa lan têngên andadèkake luwih dening kobèt, sabab saantarane ngarêp lan kiwa, kiwa lan buri, buri lan têngên, apadene têngên lan ngarêp: apa ênêr kang tanpa watês cacahe, mulane upama bundêran cilik dicêgat ngarêp buri utawa kiwa lan têngên, isih olèh panggonan kang kobèt.

__________

--- 14 ---

Ananging, upama bundêran mau kinubêng ing garis atêmu gêlang, ora olèh panggonan liyane, marga ing alam lumah ora ana keblat ngisor lan dhuwur. Bundêran mau ora duwe cara mêtu sajabaning raèn, bola-bali mung nurut raèn, kaya gambar sorot kang ana ing gêbêr tansah dumunung ing raèning gêbêr, ora bisa mêtu marang sajabaning gêbêr banjur manggon ing jirim. Dene kang lungguh ing alam jirim iya iku jisim, kaya ta: watu, kayu, banyu, manusa, kewan sapanunggalane. Mulane bisane manjing ing alam jirim, manawa salin wujud kang manut caraning alam jirim, têgêse: awujud jirim, dadi wis ora wujud bundêran, ora kaanggêp manggon ing raèn, kaanggêp manggon ing jirim.§ Jisim, iku têmbung Arab. Kang diarani jisim iya iku: watu, kayu, manusa, angin, banyu, daluwang, srêngenge, bumi sapanunggalane. Wong jawa ênggone ngarani: wujud, dene gêni, sorot, ayang-ayangan, kêluwung, swara, iku kabèh dudu jisim.
Jirim, iya têmbung Arab: têgêse: klowongan kang diênggoni ing jisim, kaya upamane dhadhon, iku tansah ngênggoni jirim kang wangune dhadhon sarta gêdhene sadhadhone. Ananging yèn jirime mung ditêgêsi klowongane bae: kurang patitis, bênêre: jisime kudu katut marang têmbung jisim. Gampange mangkene: sabên jisim wis masthi jirim, nanging ora anggêr jirim masthi jisim, awit awang-uwung iku jirim, nanging dudu jisim. Dene watu, iku jirim kang atos, jirim kang atos mau banjur kaaranan jisim.

III. Bab Alam Jirim

--- 15 ---

Alam jirim luwih jêmbar têbane katimbang lan alam lumah, awit ora mung duwe keblat ngarêp buri lan kiwa têngên bae, uga duwe keblat ngisor dhuwur, mulane yèn jisim kinubêng ing garis têmu gêlang, isih olèh panggonan kang jêmbar, awit bisa: munggah mudhun, mangiwa manêngên, maju mundur, ngewas mangiwa lan manêngên, ngewas mandhuwur lan mangisor: sakarêp-karêp kayadene aburing lalêr utawa nglangining iwak.

Ananging, yèn jisim iku kabungkus ing barang kang ambalêndhuk kaya bêruk, utawa kaya pêthi, ora olèh panggonan manèh, sabab ing alam jirim iku, sarupane kang lungguh mêsthi jisim, dadi kabèh butuh jirim diênggo manggon, ora ana carane kaanan kang ora manggon utawa ora butuh jirim, kajaba yèn bisa manjing ing kajatèn. Dene bisane manjing ing kajatèn, manawa salin kaanan manut caraning kajatèn, têgêse: ora ngaku awujud jisim, rumasa ngaku kajatèn, dadi ora rumasa manggèn ing jirim, malah mêngku marang jirime.§ Dadi kang ngangêp mangkono iku: kajatèn: dudu uwong.
Tajatèn[kajatèn], iya rasa jatine kang maca layang iki, dudu: panganggêp kang katindakake ing angên-angên.

IV. Alam Kajatèn.

--- 16 ---

Kajatèn iku bangêt ênggone kobèt, ora kêna kinira jêmbaring têbane, kongsi ora kêna ginayuh ing budi, ora têmu-tinêmu yèn katimbang ing jirim, marga ing kajatèn ana keblat manèh sinêbut lair lan batin. Sakèhing jirim dumunung ing sisih lairing kajatèn, dene antaraning lair lan batin, iku keblat kang ora kêna kinaya ngapa dening manungsa.

Sarèhning kajatèn iku jumênêng batining jirim, utawa awak kang mêngku marang jirim, mulane kajatèn ora butuh jirim kanggo manggon, malah mêngku marang sakèhing ênggon, kaya pamêngkuning jisim marang raène, utawa kaya pamêngkuning raèn marang garise. Dadi upama kaanan jati digêdhong wêsi kang rapêt kaya cangkok kêmiri, isih kobèt bangêt sarta ora dadi sabab apa-apa. Ora dadine sabab mau kayadene jaran kinubêngan ing tapaking potêlot atêmu gêlang, sarta tapaking potêlot mau ana ing kulite si jaran.

Kajatèn ora nandhang (katanggapan) apa-apa, sabab dudu jisim, sarta tanpa prênah, malah andhokin sakèhe prênah.

Kang lungguh ing kajatèn iyaiku: ingsun, têgêse: pribadi: dhèwèk: aku, jumênêng jêjêring sakèhe kadadiyan, yaiku kang diakoni dening makhluk saisining [sai...]

--- 17 ---

[...sining] alam kabèh utawa kang andhaku marang saisining alam kabèh. Têrange yèn kasêbut ing basa walônda nganggo têmbung: Ikheid = Hoofdeigen = Hooger Zelf.

Mungguh kaanan kang dudu jirim iku ora pisan-pisan kêna kinira-kira dening kaanan kang arupa jirim, awit dudu timbangane, yèn mêksa kacakrabawa, kadadeyane banjur kaya watu katandhing karo warna ing raèning watu mau, utawa kaya samètêr pasagi katandhing karo samètêr. Anjaba saka mangkono, kabisaning manungsa iku mung nganggit ngira nuju marang kaanan kang wujud jirim, sabab rasa pangrasaning manungsa (piranti kang dianggo nyakrabawa) dudu rasa kang sajati. Yèn rahsaning manungsa katandhing lan rasa jati, kadadeyane iya kaya warna ing raèn katandhing lan barang gêmblêng, kang mangku raèn mau. Utawa kêna kasanepakake ciptaning wayang kang lagi dilakokake ing dhalang: katandhing lan ciptaning dhalang kang lagi nglakokake wayang iku. Tumraping dhalang: cipta wayang iku ora ana, mung ciptaning dhalang kang ana: tanpa timbangan, cêkake bageyaning manungsa: mênêng. Ênênge kêna kaupamakake: salah sawijining cipta wayang lèrèn ora kacipta manèh dening dhalang, mulih-mulih marang ciptane dhalang. Dadi iya mung mênêng iku thok patrape manungsa manjing ing kajatèn, sabab anjinge marang kajatèn sarana nirmala, têgêse sirna kamanungsane [kama...]

--- 18 ---

[...nungsane] dening kêkuwataning panganggêp kanthi iktekad, yèn wujude kang satêmêne dudu jirim, sasirnaning kamanungsane banjur kagêntenan ing ananing kajatèn, ora beda garis manjing ing raèn utawa warna manjing ing jirim, mulane patitising têmbung: ora aran manjing, cêthane: salin panganggêp salin rasa: saka obah mênyang mênêng, saka ciptan marang kang nyipta, saka kadadiyan marang kang dadi, saka sulapan marang kasunyatan, utawa saka gorohan marang kajatèn.

Mulane ora kêna kaanggêp manjing, sabab kaanan jati ora kapanjingan (kawoworan) ananging sukci murni têtêp langgêng, kaya raèn ênggonaênggone ora kawoworan garis, utawa kaya jisiming bunglon ênggone ora kalong ora wuwuh dening molah-malihing ulêse.

Sarèhing kaanan jati iku dudu jirim, mulane tanpa wêwêjangan lan wêwijangan. Wêwêjangan iku têgêse gêdhe cilike, ômba ciyute, sadhela lawase, akèh sathithike, sapêpadhane. Dene wêwijangan iku panyilah-nyilah, kaya ta: iki awak, iki pandulu, iki panggônda, iki pangrungu, iki urip, kabèh wis jumbuh: iya awak iya pandulu, iya panggônda, iya pangrungu, iya urip, sabanjure. [saba...]

--- 19 ---

[...njure.]§ Kaanan kang jumbuh iku ing basa Arab kasêbut nganggo têmbung: hu. Karêpe iya: hu, kaanan jati iya: hu, rasa sajati, iya: hu, urip sajati, iya: hu, pandulu kang sajati, sapiturute. Kang mangkono mau maksude: ngèsthi sawiji ora nganggo nyilah-nyilah. Lan uga ora ana panyilah-nyilah mangkene: iki, iku, ika. Biyèn, saiki, besuk, kene, kono, kana. Kowe, aku, dhèwèke. Dhuwur, têngah, ngisor.§ Kang tumrap ing kajatèn mung: iki, saiki, kene, aku, têngah, nanging rasane ora padha karo kang tumrap ing alam jirim.

Sarèhne dudu jirim, mulane tanpa lor kidul, ngisor dhuwur, wetan kulon, ngarêp buri apadene kiwa têngên, keblating kajatèn mung lair lan batin, pibadi kang nglungguhi kajatèn jumênêng poking batin, têgêse: ing pungkas-pungkasaning keblat kang ênêre saka lair marang batin (puling batin). Saka ing pribadi kabèh keblat ênêre marang lair (prakara iki kêna kaupamakake: saka ing pul lor kabèh keblat ênêre mangidul, tanpa wetan kulon).§ Kabèh kang kasêbut iku panjupuking pathokan mung saka rasa, ora kêna ditêrangake. Sêksine mung kang tunggal rasa.

Keblating jirim (lor kidul, wetan kulon, ngisor dhuwur, kiwa têngên, ngarêp buri), kabèh dumunung ing sisih lairing [lair...]

--- 20 ---

[...ing] pribadi, kaya wetan kulon ênggone dumunung ing sisih kiduling pul lor,§ pul êlor: khutub utara (takokna marang kang sumurup kawruh falak) awit kang aran jirim iku sajatine mung raèning kajatèn.

Sarèhning dudu jisim, luput ing rusak, sarèhning tanpa prabot, mulane luput ing sayah, lali, bingung, sapêpadhane. Sarèhning tanpa nafsu, mulane luput ing bungah susah, dhêmên, gêthing, botên sapanunggalane. Sarèhning tanpa wêwijangan, dadi tanpa perangan lan tanpa wilangan. Têmbung tanpa wilangan iku têgêse: ora ana cacahe. Lire mangkene: sanajan luput bangêt upama diarani akèh, ewadene ora prêlu diarani nganggo têmbung: siji, awit siji iku uga wilangan. Siji lan akèh, karo pisan dadi anèh tumraping kaanan jati, awit rasaning têmbung siji iku anjaluk têtandhingan, yaiku loro, têlu sabanjure (anane siji marga ana loro têlu). Iya bênêr sok disêbut siji, nanging têmbung siji kang tumraping kaanan jati ora nunggal surasa karo kang tumrap ing têtêmbungan: jaran siji, jêruk siji. Murih têrange, ênggone nêmbungake mangkene: ora ana apa-apa kajaba mung:

--- 21 ---

pribadi. Bobote wus kasêbut mangkono, surasaning têtêmbungan: ora ana apa-apa kajaba mung: sanajan tumraping alam jirim ora anèh, ewadene tumrape ing kaanan jati: iya anèh, anèhe dene andadak dibicara nganggo ora ana apa kajaba mung ... sababe apa. Iku larase kaya wong calathu: banyu iku ora ana kang dudu bayu, utawa: jagad-sajagad kabèh iya jagad.§ kajatèn iku sok uga digunêm, mêsthi lupute, awit gunêm iku sajatine nuduhake katliwênging èngêtan utawa kalimputing rasane kang agunêm, kang banjur dipadoni dhewe nganggo gunême iku. (ananging kang ora anggunêm, durung mêsthi yèn ora kêlimput, malah kang akèh luwih kêlimput katimbang kang anggunêm).

Sarèhning ora ana wêwijangan lan wilangan, surasaning têmbung gusti lan kawula tumiba ing kaanan jati uga dadi anèh, anèhe dene ana têtimbangan, yaiku kawula ditimbang karo gusti, têmahan kaya jaran ditimbang karo pancal, utawa gêlang katandhing karo êmas kang dadi gêlang iku. Pancal iku ulêsing jaran, dudu mêsthine katandhingake karo kang duwe ulês, sabab ulês iku ingatasing jirim: dudu wujud. Gêlang iku kadadiyaning êmas, kadadiyan iku ingatase sing dadi: dudu wujud.§ Wujud, iku têmbung Arab, têgêse: ana. Dudu wujud, têgêse ora ana jisime.

--- 22 ---

Rasa-rasaning manungsa ing alam jirim (kaanan kang ora têmên), bisane luluh ing rasa kang sajati (rasaning kaanan kang têmên) manawa nglalèkake (ora nganggêp wujud) marang jirim, jisim, lan sarupane kang anèh tumraping kajatèn: ing sajêroning ênêng, arane: cêngêng.

Luluhing rasa kamanungsan marang rasa kang sajati kaya sirnaning raèn kaling-kalingan jisim kang mêngku raèn iku, kaya sirnaning gêlang kaling-kalingan êmas kang dadi gêlang iku, kaya sirnaning tulisan kaling-kalingan mangsi kang mujudake tulisan iku, utawa kaya sirnaning ciptane wayang kang lagi linakokake ing dhalang: kaling-kalingan ciptaning dhalang kang lagi nglakokake wayang iku, utawa manèh kaya dhapuring gambar kang lagi diwangun, sirna marang ciptaning wong kang lagi mangun dhapuring gambar iku.

__________

Têtandhinganing garis karo raèn, raèn karo jisim, apadene jisim karo kajatèn, murih têrange, kapratelakake nganggo patrap kaya ing ôngka ngisor iki:

a = b = c§ Larasing ukara a padha lan ing ukara b tuwin c. Yèn mangêrti marang surasaning ukara a lan b sarta eling marang êtraping têtêmbungane, tartamtu bisa anggagapi surasaning ukara c. I t/m VIII

I. a. Ora ana garis madêg dhewe, mêsthi gumantung marang ananing raèn.

--- 23 ---

b. Ora ana raèn madèg dhewe, mêsthi gumantung marang ananing jirim.

c. Ora ana jirim madêg dhewe, mêsthi gumantung marang ananing kajatèn.

II.a. Ora ana garis kang ora dumunung ing raèn, lan ora ana raèn atinggal garis, karone têtêp-tinêtêpan.

b. Ora ana raèn kang ora dumunung ing jisim, lan ora ana jirim atinggal raèn, karone têtêp-tinêtêpan.

a.c. Ora ana jirim kang ora dumunung ing kajatèn, lan ora ana kajatèn atinggal jirim, karone têtêp-tinêtêpan.

III.a. Garis iku dudu raèn, nanging garis mujudake sêsipataning raèn, kaya ta: pêsagi, bundêr, lonjong.

b. Raèn iku dudu jirim, nanging jirim mujudake sêsipataning jirim, kaya ta: abang, putih, bundêr mêmêt, gilig.

c. Jirim iku dudu kajatèn, nanging jirim mujudake sêsipataning kajatèn, kaya ta: srêngenge, manungsa, wit, sir, pikir, nur.

IV.a. Ora prêlu nakokake sêsipataning raèn sok uga kawruhan garise, awit sipataning raèn wis ana ing garise.

b. Ora prêlu nakokake sêsipataning jirim, sok uga [u...]

--- 24 ---

[...ga] kawruhan raène, awit sipating jirim wis ana ing raène.

c. Ora prêlu nakokake sêsipataning kajatèn, sok uga kawruhan jirime, awit sipataning kajatèn ana ing jirime.

V.a. Garis iku marakake raèn duwe sipat pêsagi, maju têlu utawa bundêr. Samono uga raèn iku dudu garise, dudu pêsagine, dudu maju têlune lan dudu bundêre. Lah kang êndi ta kang jênêng raèn: patrape mratelakake ora kêna mung ditudingi nganggo pucuking pèn, kudu digrayangi nganggo èpèk-èpèk, awit pucuking pèn mung bisa nuduhake garis.

b. Raèn iku marakake jirim duwe sipat bundêr mêmêt, gilig, abang, ijo utawa putih. Samono uga jirim iku dudu raène, dudu bundêr mêmête, dudu gilige, lan dudu abang ijone, lah kang êndi ta kang jênêng jirim: patrape mratelakake ora kêna mung digrayangi nganggo èpèk-èpèk, kudu dirasa nganggo pikiran, awit èpèk-èpèk iku mung bisa nuduhake raèn.

c. Jirim iku marakake kajatèn kagungan sipat urip, mobah mosik, ngayu, matu, anjanma, nyrêngenge. Samono uga kajatèn iku dudu jirime, dudu uripe,

--- 25 ---

dudu mobah mosike, dudu kayune, watune, jalmane utawa srêngengene. Lah kang êndi ta kang jênêng kajatèn: patrape nyatakake ora kêna mung nganggo pikiran, kudu nganggo rasa kang sajati, awit pikiran iku mung bisa nyatakake jirim.

VI. a. Dununge bundêran iku ing raèn, ora ing garis, malah si garis kang dumunung ing bundêran.

b. Dununge jisim iku ing jirim, ora ing raèn, malah si raèn kang dumunung ing jisim.

c. Dununge pribadi iku ing kajatèn, ora ing jirim, malah jirim kang dumunung ing pribadi.

VII. a. Sipating raèn, yaiku: pêsagi, bundêr, maju têlu sapanunggalane, kapasrahake ing garise. Arane sipat mau: wangun.

b. Sipating jirim, yaiku: abang, irêng, ijo sapanunggalane, kapasrahake ing raène. Arane sipat mau: warna.

c. Sipating kajatèn, yaiku: kayu, watu, manungsa, jim, angin, srêngenga,srêngenge cipta sapanunggalane, kapasrahake ing jirime. Arane sipat mau: jisim.

VIII. a. Wangun: iku dudu wujud tumraping raèn, mung sipating raèn bae.

b. Warna: iku dudu wujud tumraping jirim, mung sipating jirim.

--- 26 ---

c. Jirim, iku dudu wujud tumraping kajatèn, mung sipating kajatèn.

IX. a. Kaananing garis (bundêr, maju têlu) andadèkake sipating raèn, têgêse: sing bundêr utawa sing maju têlu iku raène.

b. Kaananing raèn (abang, ijo) andadèkake sipating jirim, têgêse: sing abang sing ijo iku jirime.

c. Kaananing jirim (kayu, watu, janma, rêmbulan) andadèkake sipating kajatèn, têgêse: sing ngayu, sing matu, sing anjanma lan ngrêmbulan iku jatine.§ Kayune, watune, janmane, rêmbulane sapanunggalane ing basa Arab diarani sipat wujudiyah. Dene pangayune pamatune, panjanmane, pangrêmbulane sapanunggalane kaaranan sipat maknawiyah. Sipat maknawiyah mujudake sipat wujudiyah kaya ta: kaunu umuridan (ananing Allah karsa) nganakake sipat kang aran irasat (karsane). Kaaran, irad iya iku mobah mosiking makhluk, kang aran makhluk iya kaananing jirim, yaiku jisim, utawa sipating kajatèn (sifat anyar).

X. a. Bundêr, maju têlu, iku sipating raèn, katon ana ing garise.

b. Abang, ijo, iku sipating jirim, katon ana ing raène.

--- 27 ---

XI. c. Manungsa, rêmbulan, pôncadriya, nur, budi, iku sipating kajatèn, katon ana ing jirime.§ Jirim tanpa watês gêdhene, kang ngamot sakèhing jisim dalah kang kothong, sok kasêbut gunung: cakrawala. Iku minôngka raèning kajatèn, gumantung ing kajatèn, têtêp-tinêtêpan. Sawarnaning jirim kang ana ing jirim mau minôngka wêwarnan kang ana ing raèn.

a. Sêsipataning raèn, iya iku: kaananing garis (ênggone menggok, mubêng utawa nêkuk), ananging wujuding raèn dudu: enggoke, dudu ubênge, utawa nêkuke, awit kang jênêng raèn mangkono: glêgêre utawa jênggêrênge kaananing garis, têgêse yaiku, kang: menggok, mubêng utawa nêkuk, dadi, kang: nge bae.

b. Sipataning jirim, iya iku: kaananing raèn (ênggone abang, irêng utawa putih) ananging wujuding jisim dudu: abange, irênge, utawa putihe, awit kang jênêng jisim mangkono: glêgêre utawa jênggêrênge kaananing raèn, têgêse yaiku, kang: abang, irêng, utawa putih. Dadi kang: nge bae.

c. Sêsipataning kajatèn, iya iku: kaananing jirim (ênggone matu, ngayu, anjanma, ambumi) nanging wujuding kajatèn dudu: watune, kayune, utawa bumine, awit kang jênêng kajatèn mangkono: glêgêre utawa jênggêrênge kaananing

--- 28 ---

jirim, têgêse iku, kang: matu, anjanma utawa ambumi. Dadi, kang: nge bae.

Dadi:

XII. a. Bundêran, pêsagèn, kawêngku ing awake, yaiku: si raèn.

b. Abang-abang, ijo-ijo, kawêngku ing awake, yaiku: si jirim.

c. Kawaton, kamanungsan, kawêngku ing awake, yaiku: si jati.

Têrange:

VIII. a. Bundêran, pêsagèn, ingatasing raèn: ora ana. Kang ana mung raèn (sisihing jisim) kang ana ing kiwa, têngên, ngarêp, buri, ngisor dhuwur apadene ing têngahe.

b. Abang-abang, ijo-ijo, ingatasing jisim: ora ana. Kang ana mung jisim (gêmblênge) kang ana ing jirim.

c. Kayu, manungsa, bumi, ingatasing kajatèn: ora ana. Kang ana mung jati (akhadiyate) kang ngayu, anjanma lan ambumi.

__________

Bab Pramana.

Rasa pangrasaning uwong utawa pôncadriya, yaiku: pikiran, nafsu, bungah, susah, lara, kêpenak, dhêmên, gêthing, wêdi, isin, gatêl ...

--- 29 ---

lan liya-liyane. Iku kabèh rasa kang dudu sajati, kang anyar anane, kang lunga têka sajêroning rasa kang sajati.

Rasaning pôncadriya kêna kaupamakake ayang-ayanganing rasa kang sajati.

Anadene ayang-ayangan mau katon ana ing sifat kang langgêng, kang luwih dening bêning lan truwaca, kang kêna kaanggêp pangiloning kajatèn, iya iku asale sakèhing rasa anyar utawa uwiting cipta lan rahsa.

Pangilon kajatèn mau kaaranan pramana.

Dadi pramana iku pangilon sajati, kang kaanggo nonton ayang-ayanganing rasa sajati.

Pramana kaanggo ing kaanan jati ginawe nyatakake rasa-rasaning makhluk (maya) utawa rasa anyar kang molah-malih.

Kaanan jati iku dat kang asipat pramana mau.

__________

Pangèsthi yaiku: gaweyan ing batin, manut panganggêp.

Lakuning manungsa nyatakake pramana utawa mulih marang jamaning pramana, ora liya nyirnakake (nglalèkake) rasa anyar saka sathithik kanthi surti. Ing sabên dina kaangkah sudaning tumangkare, kongsi ing wusanane bisa mulih pulih marang pramana.

Sarèhning wus têtela yèn sarupaning kaanan anyar iku wujud [wu...]

--- 30 ---

[...jud] gêtêr utawa obah-obahan, dadi sirnane ora ana manèh mung saka mênêng (mari obah).

Rasa pangrasaning manungsa kamot ing pramana, kaya rêrupan lan wawêrnan kamot ing kaca bênggala.

Pramana kumambang ing pribadi, kaya kumambanging cahya ana ing kawat kang mêncorong, utawa kaya kumambanging cahya lan rasaning kaca: ana ing kacane (gêdhahe).

Pribadi (jati) iku glêgêr utawa gêmblênge, ênggon kaananing pramana.

Maligining pramana, saka lênyêping cipta lan rasa.

Nyataning pribadi, saka lênyêping pramana.

Lênyêp, gumantung ing ênêng.

Rumasa, gumantung ing: kuwating panganggêp kanthi iktekad.

Ana, gumantung ing: pangèsthi.

Sirna, gumantung ing lali.

Ing ngisor iki upamane: A.B.C.

Upama A: raèn mêngku garis, yèn kang kaèsthi garise bae, lali marang raène, iku si raèn sirna sajêroning cipta, kari garise katon ngegla ana ing cipta. Kosok baline: yèn kang dieling-eling raène, ora mikir marang garise, kari raène anjanggêrêng ana ing cipta. Upama: raèn maju lima, yèn kang kaèsthi garise, iku sing katon ing cipta mung:

--- 31 ---

ana garis lêlima padha gathuk atêmu gêlang, êmbuh kapriye raène (sanajan ananing garis gumantung marang ananing raèn), kosok baline: yèn kang dieling-eling raène, ora mikir marang garise, iku si garis sirna sajêroni cipta, dene kang ana ing cipta: raèn kang wangun maju lima (sabanjure: awit saka ananing raèn maju lima mau, banjur kasurupan uga yèn mêngku garis lima, mung bae garis lima ora kaanggêp ana wujude, awit têtela yèn garis iku mung sisihing raèn bae).

Upama B: jisim mêngku raèn, yèn kang kacipta mung warna kang ana ing raèn, iku si jisim sirna ora rinasa, mung abang ijone kang maujud ana ing cipta. Dene yèn kang kacipta: jirime, ora mikir marang warnane, warna mau ora maujud ana ing cipta. Jisime kang maujud, upama: dhadhon kang bêlang-bêlang abang irêng putih,§ raène nênêm, upamakna: sabên raèn beda warnane. iku yên kang pinikir mung warnane bae, ora mikir marang kayune, tartamtu kang katon ing pikir mung: ana raèn abang wangune pasagi, gandhèng lan raèn irêng uga pasagi, nuli gathuk lan raèn putih uga pasagi, sapiturute, siji-sijine dumunung ing panggonane dhewe-dhewe, êmbuh kapriye wanguning kayune (sanajan ananing raèn gumantung marang ananing [ana...]

--- 32 ---

[...ning] kayu). Kosok baline: yèn kang rinasa kayune, ora ngèsthi marang raène, ing kono kang mungal ana ing cipta: ana kayu siji kang bêlang-bêlang abang irêng putih (sabanjure: uga kasumurupan yèn mawa raèn nênêm sarta garise rolas, mung bae raèn ora kaanggêp wujud, awit têtela yèn raèn iku mung sisihing wujud).

Upama C. Jati mêngku jisim, yèn kang kagatèkake jisime bae, ora nglêgewa marang kajatène (pribadi) iku kajatène ora kaanggêp ana (ora rumasa yèn kumambang utawa gumantung ing pribadi kang tunggal) mung jirime bae kang mungal ing rasa pangrasa. Dene yèn kang kaèstokake pribadine, ora nganggêp wujud marang jisim, têmahan si jisim lênyêp ora karasa ing dalêm cipta (lali), kari jatine (pribadine) kang nyata ing rasa tunggal. Upama: jati iku mêngku cakrawala sajisime kabèh, bisa ngayu, matu, nyrêngenge, nyuta, ngrama, ngewan sapanunggalane sarana jirime, ewasamono yèn kang kaèsthi jirime bae, amasthi kang rinasa amung: ana awang-uwung isi jisim warna-warna, arupa kayu, watu, srêngenge, suta, krama, kewan sapanunggalane, kang padha pisah-pisah, ora nyana yèn gumantung marang kaanan sawiji kang langgêng (sanajan ananing jirim gumantung marang ananing kajatèn [kaja...]

--- 33 ---

[...tèn]), sèwu ora nyana yèn iku mung kadadiyan (dadèn-dadèn) kang sawatara môngsa êngkas malih utawa ilang. Sayuta ora rumôngsa yèn kang katon gumêlar mau sajatine mung ayang-ayangan sajêroning pangilone pribadi, dadi dhapur korup marang ayang-ayangan sajêroning pangilon (pramana) lali marang pangilone, luwih manèh marang kang ngilo (sanadyan ananing ayang-ayangan gumantung marang ananing pangilon, sarta ananing pangilon gumantung marang anane pribadi kang ngilo). Kosok baline: yèn kang kaèsthi pribadine, yaiku jatine, ing kono salaline marang wujuding jisim, kari pramana, yakin marang pangilone, aran asarira pramana (uga banjur kasumurupan yèn mêngku ayang-ayangan katon gumêlar, mung bae ora kaanggêp wujud, awit têtela yèn kang katon gumêlar iku ciptaning pribadi).

__________

Nalar ing dhuwur iku, murih mundhak têrange manèh kapratelakake mangkene:

Rasa-rasaning kawula utawa maya, yaiku:

1. Wêruh ing mripat marang rêrupan.
2. Krunguning kuping marang sakèhing swara.
3. Krasaning grana marang sakèhing gêgandan.
4. Krasaning kulit marang sakèhing barang.

--- 34 ---

5. Krasaning ilat marang sakèhing pêpanganan.
6. Pangartining pikir marang sakèhing kadadiyan.
7. Rasa-rasaning ati marang bungah susah, lara kapenak, sapanunggalane.
8. Lan liya-liyane kabèh. Warna-warna, akèh.

Wore kabèh mau kaaranan rasaning uwong, yaiku gambar utawa ayang-ayanganing rasa kang sajati.

Mulane ana ayang-ayangan awit ana pangilon.

Ana manungsa kang rasane korup ing ayang-ayangan, ana kang yakin marang pangilon, dununging sakèhe ayang-ayangan.

Jalaran saka wêruhing mripat marang rêrupan gumêlar, kaworan krunguning kuping marang swara kaworan krasaning kulit marang barang-barang kaworan manèh kang kasêbut mau kabèh - ing kono manungsa banjur duwe panganggêp (pangandêl) yèn donya iku ana.

Anane donya sabab aku nganggêp ana.

Anane donya gumantung marang anane kita (kang maca layang iki) têrange: ananing alam gumantung marang rasa-rasane kang maca layang iki (muga dèn rasakna).

--- 35 ---

Dene ananing rasane kang maca layang iki gumantung marang ananing rasa jati iya pribadi kang tunggal.

Dadi sajatine: ananing alam donya iku ora kanggo pratôndha yèn donya iku ana. Mangkono manèh: ananing rasane kang maca layang iki iya ora kanggo tôndha yèn kang maca layang iki ana. Sabab:

Bênêr-bênêre: ananing rasa-rasane kang maca layang iki dalah ananing donya - iku kanggo tôndha yèn Pangeran ana iya ingsun pribadi kang ana.

Dadi kang dipratandhani anane utawa kang disêksèni ing anane, iku sajatine dudu kita (uwong kang maca iki) lan dudu donya, sabênêre: ananing Pangeran kang sampurna, dat kang langgêng anane iya iku: jatine kang maca iki. Dadi jagad iku mung sêksi bae.

Ananging - sanadyan bênêre mangkonoa - yèn kita mung tansah ngandêl utawa kêbanjur-banjur ngêngkoki marang ananing dhiri lan donya bae, amasthi dadi ora ana kaanan kang sajati, katarik anggêp kita dhewe, têmah mung rasa-rasaning dhiri kang ana, jiblès kaya ora ananing jirim sabab mung dielingi warnane bae.

Kosok baline: manawa kita ngêgungake panganggêp utawa pangandêl marang ingsun, kongsi kêkuwataning pangangêp lan iktekad [ikte...]

--- 36 ---

[...kad] ngalahake dayaning rahsaning kawula (maya) sarta rumasa marang asor lan gorohing uwonge, iku kita banjur rumasa yèn sajatine manungsa kang sarira bathara utawa pramana.

Wasana sang sarira pramana isih wênang anggayuh kasampurnan, manawa pangèsthine marang kajatèn nyirnakake pangilon, kari kajatèn kang ana, yaiku pribadi kang ngilo, kang mêngku marang sakèhing jirim, lan nganggêp marang pramana: sipat kang sajati. Ing kono ora samar marang pangilon dalah ayang-ayangane kabèh.

__________

Prakara ing dhuwur iku aja kêliru tômpa manèh: kaanggêp uwong bisa nyatakake kajatèn, iya panganggêp mangkono iku kang marakake kandhêg ana ing jirim, jêr nganakake kaanan kang ora sajati.

Ora ana manungsa bisa nyatakake kajatèn, yêktine kang nyatakake kajatèn iya kajatèn. Mung prabawane bae kang mahanani budidayaning manungsa.§ Kang aran ihtiyar (budidaya) iku sajatine uga takdir, sabab ananing ihtiyar gumantung ing takdir, dadi lakune marani takdire. Kang mangkono iku yèn kang kaèsthi ihtiyare, takdir iku ora ana, yèn kang kaèsthi takdire, ihtiyar iku ora ana. Manungsa kudu ihtiyar, nanging nganggêpa: takdir kang ana. Utawa nganggêpa ananing takdir, nanging aja banjur ora ihtiyar.
Wong nganggêp ananing takdir kang banjur ora ihtiyar, utawa ihtiyar kang banjur ora nganggêp ananing takdir, karo-karone padha kêliru.

--- 37 ---

Kang aran uwong iku sanyatane ora ana. Kang apêparab Si Suta Si Naya: iya mung pangaran-aran bae. Sarèhning ora ana, apa bisa mobah mosik. Wis mêsthi sing nganakake obah sarta osik mau: sing têmên anane, dudu: sing sajatine ora ana.

Sumuruping rasa jati saka sirna panganggêpe marang ananing dhirine, kongsi karêkating batin nunggal tanpa sinêja.

Nêrangake Ukuran kang Kaping Pat (Vierde dimensie)

Ing ngarêp kapratelakake, yèn kajatèn katandhing lan jirim pêpadhane: jirim katandhing lan raèn, utawa: raèn katandhing lan garis.

Uga kapratelakake, yèn kajatèn kêna diisèni jirim kang tanpa wilangan kèhe kang padha panjing-pinanjing dadi saênggon, sarta ora agawe sêsaking jatèn. Olèhe ora sêsak iku kayadene ora sêsake si jirim manawa kaisènan raèn tanpa wilangan (mara elinga: buku kang kandêl, iku jirim kang isi raèn tanpa wilangan, wujuding raèn yaiku kaca-kacane. Buku kang kandêle 2 cm, kacane ora kurang saka 200, môngka dêluwange isih duwe kandêl, upama wong bisa nyigar-nyigar dêluwange kongsi satipis-tipise, tartamtu kèhing raène ora kêna dietung.

--- 38 ---

Iku durung ngetung manèh ing raèn kang nurut kandêling buku, kang malang, kang mujur, kang ngadêg apadene kang mayat).

Iku mau dadi pêpindhan ing bab ora sêsake kaanan jati kaisènan jirim tanpa wilangan kang padha panjing-pinanjing dadi saênggon, kaya upamane: jiriming manungsa, kalane lagi dirasa nganggo pikiran, kaya-kaya mung wujud barang wadhag thok, sabab ing jêrone buntêt. Ananging sabênêre ana jisim latif, kang awor lan jisim wadhag iku, nanging ora gêpokan, kang kasar ora ngewuh-ewuhi kang alus, kang alus ora ngewuh-ewuhi kang kasar. Jisim latif mau ora mung siji, kèhe tanpa wilangan, awit ana kang rada alus, ana kang alus, ana kang alus bangêt, ana kang luwih saka alus bangêt, kajaba iku malah akèh kang padha aluse, ewadene mêksa ora gêpokan, dening seje-seje dayane.

Kang aran angên-angên, nafsu, budi, sir, rahsa sapanunggalane: kabèh dayaning jirim latif (manungsa mung ngrasakake dayane bae, yaiku ênggone bisa mikir, ngrasa bungah susah, nêpsu, wêlas, giris, lara, kapenak, duwe karêp, anggraita sapanunggalane, ananging ora wêruh marang wujude jisim latif, manawa dungrungdurung sarira bathara).

--- 39 ---

Mulane rasa pangrasaning manungsa tanpa wilangan cacahe, ora liya saka dayaning jisim-jisim latip kang warna-warna dayane.

Siji-sijining jisim padha duwe alam dhewe-dhewe, sarta siji-sijine alame ora gêpokan.§ Alam donya iki awujud jirim kang tanpa watês gêdhene, kaaranan awang-uwung utawa cakrawala. Kajaba alam donya, ana alam kaalusan pira-pira, siji-sijining alam awujud jirim kang tanpa watês gêdhene (awang-uwung saisine). Alam-alam mau siji lan sijine ora gêpokan, sabab siji-sijining alam padha kumambang ing kajatèn, kayadene kaca-kacaning buku manggon ing buku, dadi ora alam manggon ing alam. Anadene tulisan, kang ana ing kaca-kacaning buku, iku dadi pêpindhan isining alam.

Olèhe ora gêpokan jisim-jisim mau kayadene ora gêpokane raèn-raèn kang dumunung ing jirim. Têrange: jirim-jirim mau ora gêgandhengan, padha urip dhewe-dhewe ana ing kajatèn, awit padha kumambang dhewe-dhewe ana ing kajatèn, kayadene kaca-kacaning buku padha manggon dhewe-dhewe ana ing buku, dadi ora: kaca manggon ana ing kaca.

__________

Awit saka dhuwure nalar kang kapratelakake iku, ora kêna yèn mung rinasa nganggo pikiran. Dadi ora cukup yèn mung ginagas-gagas utawa kinira-kira, jêr dudu bênêre dirasa nganggo rasa kang ora sajati (maya) kaya kang wus kapratelakake ing ngarêp.

--- 40 ---

Sarèhning kaanan jati iku awak kang mêngku marang ananing jirim kang tanpa wilangan cacahe, kang panjing-pinanjing dadi saênggon, môngka siji-sijining jirim kêna kaukur nganggo ukuran M3, dadi ukuran kang kanggo ngukur kobèting kajatèn iku dudu M3. Kêna kaaranan: ukuran kang kaping pat.

Têtelane têmbung ukuran kang kaping pat, mangkene:

1. Mètêr (M), elo sabangsane, arane ukuran lajuran, gunane kanggo ngukur dawane garis, kasêbut ukuran kang sapisan.
2. Mètêr pasagi (M2), bau sabangsane, arane ukuran jêmbar, gunane kanggo ngukur jêmbaring raèn, kasêbut ukuran kang kapindho.
3. Mètêr kubuk (M3) litêr sabangsane, arane ukuran isi, gunane kanggo ngukur gêdhening jirim, kasêbut ukuran kang kaping têlu.

Dene kajatèn, ora kêna kaukur nganggo ukuran têlung warna iku, awit dudu jirim, malah kang didunungi ing jirim. Dadi kang diênggo ngukur yaiku ukuran kang kaping pat (Vierde dimentie). Yaiku ukuran kang diênggo ngukur kobète utawa têbane kajatèn.

Ukuran kang kaping pat iku, upama lumraha, panulise nganggo aksara M4. Katêrangan manèh:

--- 41 ---

1. Ukuran antaraning ngarêp lan burine kang maca layang iki arane: ukuran garis, kasêbut ukuran sapisan, yaiku M.
2. Ukuraning garis saka ngarêp mênyang buri mau katangkarake karo: ukuraning garis antaraning kiwa lan têngên, katêmu ukuran raèn, kasêbut ukuran kapindho, yaiku M2.
3. Ukuraning raèn mau katangkarake manèh karo ukuran antaraning ngisor lan dhuwur, banjur katêmu ukuran jirim, kasêbut ukuran kang kaping têlu, yaiku M3.
4. Ukuran jirim iku mau katangkarake manèh karo ukuran antaraning lair lan batine kang maca layang iki. Katêmu ukuran kobèting kajatène kang maca layang iki, kasêbut ukuran kang kaping pat, yaiku M4.

__________