Jatimurti, Anonim, 1930, #136 (Hlm. 41–86)

Judul
Sambungan
1. Jatimurti, Anonim, 1930, #136 (Hlm. 01–41). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
2. Jatimurti, Anonim, 1930, #136 (Hlm. 41–86). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
Citra
Terakhir diubah: 21-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ananing Alam-alam lan Makhluk Maneka Warna.

Sarupaning jirim, kang kasar lan kang alus, kabèh ciptaning Pangeran.

Ujar iku têgêse: yèn kaanan jati ora nyipta dadi marang bumi, langit, lintang, rêmbulan, jin, pêri sapanunggalane, măngsa anaa mau kabèh. Yèn isih kacipta, isih dadi. Mari kacipta: mari ana.

--- 42 ---

Rèh utawa nyawaning manungsa pirang-pirang jinis, kang mahanani rasa pangrasa warna-warna, kabèh iya ciptan, kang kumambang ing rasa kang sajati, kaya kumambanging warna ana ing raèning jisim, utawa kaya gambar ing pangangên-angên kumambang ing angên-angên.

Pangeran iku pribadine (anane = glêgêre = gêmblêngê = jêjêre = awake = akhadiyate) kaanan kang wujud ciptan, kang kumambang mau kabèh. Tumraping Pangeran, kabèh mau dudu wujud, manawa ciptan mau kasirêp ing Pangeran, kabèh sirna. Panyirêpe kêna kaupamakake: ngêdhèpake gambar ing pangangên-angên[1] utawa kaya bunglon ngilangi warna kuning kang ana ing jisime (badane), kasalinan ing warna ijo utawa warna abang.

Sarèhning adêge manungsa (dhiri) iku mêngku jisim latif pirang-pirang warna, kang padha duwe daya dhewe-dhewe sarta padha nglungguhi alam dhewe-dhewe, mulane manungsa bisa manjing ing alam rupa-rupa.[2] Kang êndi kang gêdhe dayane: iku kang ngorupi, têgêse: kuwasa ngajak roh-roh liyane marang alame (sajatine ngaling-alingi bae). Kang êndi [ê...]

--- 43 ---

[...ndi] kang sathithik dayane: korup, yaiku ora dianggêp ana (kaling-kalingan). Têrange mangkene: sawijining manungsa manawa kang gêdhe dayaning nafsu amarah, iku gampang bisane kalêbu ing alaming nafsu amarah, banjur daya-dinaya (wêruh--winêruhan) karo sarupaning makhluk kang padha korup ing nafsu amarah. Roh liya-liyane uga dirasakake dayane, nanging ora disêngguh ana jisime, mung jisiming nafsu amarah kang dianggêp ana. Manawa manungsa kang gêdhe dayaning pikirane, gampang bisane manjing ing alam pikiran, banjur daya-dinaya karo makhluk kang nganggo badan pikiran, roh liya-liyane isih karasakake dayane, nanging ora kaanggêp maujud, mung jisiming pikir kang dianggêp maujud, yèn kang gêdhe dayaning budine, enggal bisane mênyang alam budi. Sapiturute.

Sarèhning mangkono, wataking makhluk duwe panganggêp: mung alam siji kang ana, yaiku alaming badan kang gêdhe dhewe dayane. Badan liya-liyane kang kalah daya: kêlimput, lire yaiku: badan kang ora dinulu cêtha ing sabên dina ora disêngguh ana wujude lan ana alame, mung rasane bae, kang dirasakake, nanging ananing rasane ora dianggêp pratăndha yèn ana jirime. Tumrape manungsa kang urip ing alam donya: mung badan wadhag kang diangêp ana, [a...]

--- 44 ---

[...na,] mangkono uga bab alam, iya mung alam donya thok kang dianggêp ana. Akèh bae wong kang ora pracaya yèn ana badan alus lan alam alus, kajaba iku akèh wong kêliru surup: disêngguh rasa pangrasane warna-warna kang molah-malih sabên dina iku tuwuh saka badan kasar, dadi ora dirasa yèn adêging dhirine kadadeyan saka jisim latip kang warna-warna dayane.

Murih gampange nalar iki: upamakna rasaning kuwih mari, ora disêngguh asine saka uyah, lêgine saka gula, gurihe saka puhan, sabanjure, kabèh mung dianggêp saka: marine bae.[3]

Măngka sabênêre siji-sijining jisim latip mung saprakara daya rasane, lan panggah ora owah-owah, upama: jisim kang watak wêlas asih, salawas-lawase iya tansah ngajak wêlas asih. Jisim kang ngajak marang kadrêngkèn lan panastèn, iya panggah ênggone drêngki lan panastèn. Jisim kang nuwuhake ujubriya lan adigung, salawase tansah ngajak ujubriya lan adigung. Jisim kang ngajak padhang lan bênêr: salawase iya ngajak padhang lan bênêr. Jisim kang watak trêsna bêkti ing gusti, salawase

--- 45 ---

iya ngajak trêsna bêkti ing gusti. Jisim kang dayane pêtêng, bodho lan weya: salawase iya ngajak pêtêng, bodho lan weya. Jisim kang ngajak mangan turu, sahwat lan kêsèd, salawase ngajak mangkono.

Dadi molah-malihing rasa pangrasaning uwong ing sabên dina iku jalaran saka timbul kêlêming jisim kang warna-warna mau, katarik saka dayaning alam lan saka dayane dhewe. Molah-malihing watake manungsa iya saka suda wuwuhing dayane jisim kang warna-warna mau.

Sudaning dayane jisim kang asor andadèkake wuwuhing dayane jisim kang luhur dening tanpa rubeda, utawa wuwuhing dayane jisim kang luhur nyênyuda dayaning jisim kang asor dening kêndhih utawa kêsuk, banjur diarani: wonge mundhak bêcik watake.

Jisim kang kêrêp timbul, sarta kêrêp kaêmpakake dayane, lawas-lawas dadi kuwat utawa gêdhe dayane, sangsaya gêdhe dayane sangsaya kuwasa nglimputi liya-liyane. Kosok baline: kang arang timbule utawa arang diêmpakake dayane, saya lawas saya suda dayane. Yèn ora tau babar pisan kaêmpakake, lawas-lawas mati (sirna).

__________

Kang kasêbut ing dhuwur mau dadi katêrangan bab ananing makhluk kang

--- 46 ---

beda-beda badane, dhewe-dhewe alame sarta tundha-tundha martabate. Ana kang sinêbut: Hyang Latawal Ujwa, Hyang Nur Cahya, Hyang Nurrasa, Bathara Guru, Bathara Endra, jin, pêri, manungsa, kewan, gandarwo, brêngkasakan lan liya-liyane.

(Pamrayoga: ananing makluk rupa-rupa mau bêcik dilalèkake bae, aja dianggêp ana, awit adhakane kêliru surup, luput ing panyakrabawane. Kajaba iku, kabèh mau tumraping kajatèn dudu wujud, mung wujudan utawa kadadiyan. Pikiring manungsa bêcik kang ora pracaya marang kaanan kang ora sajati, murih aja kongsi dadi gagasan).

Saiki têtela: kang aran kaanan jati iku kaanane dhewe kang sabênêr-bênêre.

__________

Manungsa sadurunge anggayuh kasampurnan, wajibe anggayuh kawicaksanan lan kasukcèn, patrape: ngurip-urip dayaning budi sarta mêmati marang dayaning nafsu kang ala. (Elinga: urip iku saka kêrêping êmpan, lêmpêr utawa kêndho saka kuranging êmpan, mati: saka ora tau diêmpakake dayane). Sabên ana kêkarêpan kang tuwuh, kudu wêweka sarana karasakake: apa saka dayaning budi apa saka dayaning nafsu. Yèn saka dayaning nafsu: kabantaha dhewe. Yèn tuwuh saka ing budi, sanadyan badan liyane lumuh, kudu [ku...]

--- 47 ---

[...du] dipêksa. Yèn bisa mangkono, budi kang gêdhe dayane.

Angên-angên, kang mêngkoni karêm, manuta pituduhing budi ênggone ngêrèh nafsu. Aja kalah karo nafsu.

__________

Ancêr-ancêr 27 Warna. I t/m XXVII.

I. Ora ana apa-apa kajaba mung dhèwèk, kanthi rasa (rasa iku tanpa watês wilangan lan wêwijangane, dene dhèwèk: sawiji têtêp langgêng).

Ing dhuwur iku maksuding lapal: lailaha illolah, muhammad rasulullah.

II. Yèn Si Dhadhap didumuk, mung Si Dhadhap dhewe kang krasa, Si Waru lan Si Suta ora milu krasa. Yèn Si Waru didumuk, iya mung Si Waru dhewe kang krasa, Si Dhadhap lan Si Suta ora milu krasa, sapiturute. Ananging kang mangkono mau aja andadèkake panganggêp marang ananing pribadi loro têlu, upamakna: yèn sawijining wong didumuk darijine, iya mung darijine kang krasa, peranganing badan liya-liyane ora milu krasa. Yèn kang kadumuk mripat, iya mung mripat kang krasa, sapiturute. Wasana sarèhning Si Dhadhap mêngku rasa akèh sarta awijang-wijang, apa banjur kaaranan Si Dhadhap mau akèh. Rak ora. Kang mangkono iku dadia pêpindhan surasaning ancêr-ancêr I mau.

--- 48 ---

III. Si Suta dudu Si Naya, Si Naya dudu Si Krama. Rasane Si Suta dudu rasane Si Naya. Rasane Naya dudu rasane Krama. Ringkêse: dhewe-dhewe, amarga rasa siji lan sijine padha pisah-pisah. Ananging: sanajan rasa mau pisah-pisah, kabèh rasane dhèwèk (pribadi = aku). Dhasar pribadi iku apêngrasa Suta sarta apêngrasa Naya tuwin apêngrasa Krama. Sanepane: uwong siji apêngrasa sirah, apêngrasa tangan, apêngrasa ilat sapiturute (rasakna kang mêmêt).

IV. Manungsa iku padha nunggal kaanan jati kang jumênêng pribadi, mung rasa pangrasane kang padha pisah-pisah. Dadi: nunggal kang mêngku nanging kang kawêngku padha pisah-pisah. Sarèhning kang kawêngku mau sajatine ora ana, dadi yèn kang kaèsthi mung sing mêngku, dhirine sirna. Mung kang mêngku kang ana. Dene yèn kang kaèsthi dhirine, kelangan kang mêngku, nanging sajatine têtela, yaiku kang aran sulap.

V. Kang kasêbut nganggo têmbung ingsun, pribadi, dhèwèk, utawa aku, yaiku kang mêngku marang sakèhing rasa pangrasa, yaiku kang aran dat wajibul wujud, yaiku kang ora arah ora ênggon, sabên ênggon kaênggonan. Ya ingkang lêmbut ora kêna jinumput, nanging gêdhene ngêbêki jagad, yaiku kang ora kêna kinaya ngapa. Yaiku kang langgêng ora wiwitan ora wêkasan, yaiku kang kobète kaukur nganggo ukuran [ukura...]

--- 49 ---

[...n] kang kaping pat. Yaiku kang aran kaanan jati. Yaiku kang tanpa warna tanpa rupa nanging sakèhing warna rupa yaiku rupane. Yaiku kang ditrêsnani dhewe dening sarupaning makhluk, yaiku kang tanpa timbangan ora ana kang nyakuthoni. Yaiku kang binasakake kombang mangajap ing tawang sêpi. Yaiku kang among jiwa. Yaiku kaaran jatining rat, yaiku kang dumunung ing poking batin, mêngku marang batine makluk kabèh. Yaiku kang mangerani ing alam kabèh. Yaiku kang ora kêjaba ora kêjêro. Yaiku têngahing arah. Yaiku kang asipat rong puluh. Yaiku kang nguripi siji-sijining nyawa kang ana ing badan.

Awit saka iku, aja pêpeka lan gumampang marang kang koarani nganggo têmbung aku utawa dhèwèk, yèn kêliru, kang koarani pribadi iku dhiri.

VI. Yèn ana pitakon: pribadi iku wujud apa ora. Wangsulane mangkene: kabèh-kabèh ora wujud, mung pribadi kang wujud.

VII. Panyanane kang durung sumurup, kang sok disêbut nganggo têmbung aku iku awujud jirim (uwong) sarta sajagad mung ana siji, yaiku wong kang nyana mau.[4] Dene wong liya-liyane, sanajan yèn ngarani awake ngangge têmbung aku, sarta kabèh padha duwe rasa pangrasa, nanging kabèh ora dianggêp pribadi

--- 50 ---

(aku). Sanadyan Gusti Allah uga kaanggêp dudu pribadi (dadi Allah iku dianggêp ewoning tăngga).

Kang kinira kaanan jati dening kang durung sumurup, yaiku bumi, langit, srêngenge, rêmbulan, manungsa, têtuwuhan lan liya-liyane kang gumêlar kabèh. Prakara mati, lêbur utawa malih, mung dianggêp wis masthine mangkono, ora marakake tuwuh panggraitane yèn kang gumêlar iku dudu kaanan jati. Sanajan disumurupake yèn Pangeran iku têtêp langgêng sarta kang nitahake kaanan kabèh, ewadene panampaning atine mêksa kaanggêp bangsaning jirim kang manggon, sarta miji anane kayadene manungsa, mung kacèke ing donya kene ora ana kang mirib ing kaluhurane.

Panganggêp kang mangkono bêcik diowahi.

VIII. Sing sapa anggayuh kawaskithan utawa kaluwihan, măngka ing batin dhêmên marang pêpandhingan dhiri, dening ênggone waskitha utawa duwe kaluwihan, sanadyan tètèse, iya isih dadi têtimbanganing dhiri, marga kailangan pribadine, dening korup ing dhirine. Kang mangkono mau awit mung angèsthi marang adêging dhiri, ora ngèsthi kang jumênêng pribadi. Samăngsa ngèsthi jumênênging pribadi, măngsa gêlêma ngêngkoki marang sawijining dhiri, awit pribadi iku jatine sakèhing dhiri, ora nganggo pilih asih, marga tanpa timbangan, dadi: lupute ora [o...]

--- 51 ---

[...ra] ngêngkoki sapa-sapa, iya ngêngkoki sakèhing dhiri. Dene yèn ora ngêngkoki sapa-sapa, utawa ngêngkoki sakèhing dhiri, wis masthi banjur sirna watake ing bab pêpandhingan dhiri, kang kalawan ora sinêdya.

IX. Sarupaning makluk iku satêmêne padha angluhurake pribadi kang mêngku marang rasa pangrasane. Iya pribadi iku kang disênêngi dhewe dening sarupaning makhluk, ditrêsnani dhewe lan dilabuhi dhewe. Ananging sarèhning makluk iku ora awas marang pribadine, wêkasan kêliru ing panganggêp, yaiku: dhiri disêngguh pribadi (kang dianggêp pribadi mau dhirine) mulane kaya mangkono, awit ambedakake dhiri karo pribadi iku pancèn angèl.[5]

X. Aku ana sajêroning badanku, iku kêliru, bênêre: badanku ana ing aku.

Aku ana ing swarga utawa naraka: iku kêliru, bênêre: swarga utawa naraka ana ing aku.

Aku manggon ing jagat pêpitu, iku kêliru, bênêre: jagad pêpitu ana ing aku.

XI. Kang aran aku iku dudu badan, dudu rasa, dudu angên-angên, dudu budi, dudu nyawa. Badan, rasa, angên-angên,

--- 52 ---

budi, nyawa, iku kabèh jirim, kang kawêngku ing aku, dene aku iku wêngkune.

Sarèhning rasa-rasaning manungsa ora kêna kanggo nyatakake wêngku mau, mulane wajibing nyawa-nyawa mung sumungkêm, gumulung tumuju marang poking batin. Sakèhing rasa pangrasa kudu sakiyêg, gumêlêng nuju marang batin, mung mangkono wajibing nyawa.

Kalane nyawa lagi lumaku saka lair marang batin, ora kêna ora: rasa kang sumêbar sangsaya kukud, sangsaya santosa, sangsaya akèh kang kukud, lire: sangsaya ngêdohi keblat lair, nyêdhaki batin. Bisane santosa (kuwat) ora liya saka kêrêp kaêmpakake dayane ginawe lumaku saka lair marang batin (samadi = tafakur).

Lakuning nyawa saka lair marang batin mau manawa lêstari, saya suwe saya mayar, ora rêkasa, awit kapitulungan ing dayaning kajatèn (jinurung ing pribadi) wêkas-wêkasane: nyawa ora migunakake dayane babar pisan, mung maligi dayaning kajatèn, yaiku kang diarani: cêngêng.

XII. Nalikane rasa pangrasa durung nirmala, iya rasa pangrasa iku kang disêngguh pribadi dening sira pangrasa, têgêse: si rasa pangrasa ngaku-aku supaya dianggêpa: aku. Dadi rasa pangrasane manungsa iku têtela pancèn ora bisa wêruh marang [ma...]

--- 53 ---

[...rang] kang mêngku. Ênggone ngrasa tumibane malah ngaling-alingi. Rèhning kaya mangkono, bisane manungsa wêruh marang kang mêngku: ora ana manèh kajaba yèn ora ngrasa, yaiku: rasa pangrasa bayi marang kang mêngku (pribadi = rasa kang sajati). Yèn wis ora kaling-kalingan dayaning rasa pangrasa, mung pribadi kang ana, ing kono lagi wêruh marang dhèwèke, yaiku sing darbe rasa pangrasa, dudu rasa pangrasa kang kadarbe.

XIII. Si Suta nuju poking batine dhewe, iku satêmêne: Si Suta mau ngênêr marang poking batine manungsa sajagat, awit poking batine Si Suta iku iya poking batine makhluk kabèh. Ananging satêkane ing poking batin, Si Suta wis ora ana, kagêntenan ing pribadi, kang nalika iku lagi mêngku marang batine sakèhing makhluk (têmbung: lagi tumraping kajatèn ora wiwitan ora wêkasan).

XIV. Ora ana nyawa madêg dhewe, mêsthi gumantung ing kajatèn, kajatèn atinggal nyawa iya ora bisa, karo-karone têtêp-tinêtêpan.

Barang kang madêge katêtêpake ing liyane, ing basa mănca kaaranan: negatif (Negatif). Kaya ta: ijo iku negatife godhong. Godhong negatife ijo kuning utawa abang.

Mangkono uga: kajatèn iku: negatife nyawa,

--- 54 ---

nyawa: negatife kajatèn. Si Suta: negatife kajatèn, kajatèn: negatife Si Suta.

Si Suta butuh kajatèn, awit adêge Si Suta saka ing kajatèn. Dene kajatèn, sanadyan ora butuh Si Suta, nanging butuh nyawa saliyane Si Suta, awit sajak negatif. Wêngku masthi butuh kang winêngku, kaya godhong ênggone butuh marang salah siji saka: ijo, abang, kuning utawa putih.

Sarèhning kajatèn iku wêngkuning nyawa kabèh, manungsa ora susah ngeling-eling bisane mêngku marang alam, sumungkêma pribadine bae. Sok uga lakuning nyawa tumêka ing poking batine, wis masthi mêngkune marang sakèhing nyawa, awit negatif.

XV. Si Suta mulane ora bisa nyipati marang kajatène, awit kaling-kalingan dening pandulune Si Suta. Mulane ora bisa nyakrabawa, sabab kaling-kalingan ing angên-angêne Si Suta. Mulane ora bisa ngrasakake marang jatine, awit kaling-kalingan dening rasane Si Suta. Cêkake: mulane Si Suta ora bisa nyatakake jatine, sabab kaling-kalingan dening rasane Si Suta (păncadriyane) anggêre Si Suta isih ana, iya ora bisa wêruh (sing ora wêruh mau rasaning uwonge) wêruhe yèn rasa Suta wis ora ana:

--- 55 ---

tanpa tilas, dadi kang wêruh mau dudu Si Suta, yêktine: jatine.

Ewadene sanajan dudua Si Suta, iya dudu tanggane Si Suta, isih ajêg dhèwèke, mung kacèk maune nyuta banjur ora (mari nyuta). Mulane mangkono, awit kang jênêng Si Suta iku pancèn ora ana, kang ana mung: dhèwèk. Dhèwèk mêngkono kaanan tunggal jumênêng jêjêre sakèhing rasa, uga jumênêng awake sakèhe kadadiyan kang gumêlar iki kabèh. Rèhning mangkono, iya iku malihane Si Suta, dhasar iku kang maune dadi Si Suta.

XVI. Ing sawijining măngsa, manawa angên-angênmu panuju mênêb, dening nafsumu panuju lêrêm, sarta ora tuwuh osikmu kang mangro mrêtêlu, ngamungna osik sawiji mulya, yaiku osik kang lèrège mung nuju marang kajatèn, ing kono kowe wus andungkap tumêka ing budimu, angên-angênmu karasa padhang awêning.

XVII. Bedane donya karo akherat iku dudu: saiki karo besuk, mung lair karo batin. Laire ana ing alam donya, batine ana ing akherat, dadi: saiki uga aku ana ing akherat. Dene kang ana ing alam donya iku rasa-pangrasa kang kawêngku ing aku.

Rasa kang kawêngku iku wujude kaya ta: pikiran, bungah susahing [su...]

--- 56 ---

[...sahing] ati, padhang pêtênging mripat, wêruh ing mripat marang kaanan gumêlar, krunguning kuping marang swara, lêgi paiting rasa ilat, grênjêl kasaping tangan, lara kapenaking badan, lan liya-liyane. Iku kabèh dudu rasa kang sajati. Mung ayang-ayanganing rasa kang sajati.

XVIII. Anggayuh kasunyatan ora kêna ngêndêl-êndêlake guru, ngèlmu utawa layang. Kang prêlu: mulasara dhiri, êtraping panganggêp lan sucining ati. Nanging tanpa guru: ora dadi.

XIX. Tipising hawa nafsu kinanthenan kandêl-kumandêling kapracayan marang ora ananing apa-apa saliyane Pangeran, iku: ngêdohake coba rêncana, nyêpakake karahayon, sanadyan tumrap saiki utawa besuk.

XX. Swarga iku yasaning ati. Naraka iya yasaning ati. Awit saka iku, prêluning prêlu ora kaya wong ambênêrake lakuning atine.

XXI. 1. Ora ana kadadeyan kang dudu karsane Pangeran, sanadyan ora anaa kadadeyan kang tanpa sabab, pancèn sabab dalah kang disababi: karo-karone karsaning Pangeran.

2. Ora ana kadadeyan kang tanpa sabab, sanajan sabab mau sajatine ora nglabêti. Pancèn Pangeran ênggone

--- 57 ---

nganakake kadadeyan mau karsane dikanthèni sabab.[6]

XXII. Ora prêlu kabotan trêsna marang dadèn-dadèn, trêsnaa marang: sing dadi. Nanging aja gêthing marang dadèn-dadèn, sabab ing kono: ana: sing dadi.

XXIII. Allah bangêt cêdhake, malah sarupane kang padha cêdhak-cêdhak iku kabèh kalah cêdhak, sanadyan nyawa isih kalah cêdhak. Ewadene wong sok nyana adoh, iya bênêr, awit kang aran adoh iku dununge mung ana ing panyana. Têrange mangkene:

Adoh karo cêdhak, iku karo pisan dak upamakake barang. Barang iku masthi manggon, manggone ing panyana. Panyana iku iya manggon, yaiku ana ingkang mêngku panyana.

Ora ana manèh kang mêngku panyana kajaba Allah.[7]

XXIV. 1. Si Suta saiki ana, biyèn ora ana. Rèhning mangkono, Si Suta iku anane saka ora. Têmbung mangkono iya bênêr, nanging karêping têmbung anane saka ora: ora gampang. Nglêngkara manawa kaanan gumandhul marang suwung. Suwung iku bisane mung sêpi, tanpa rasa, ora bisa mêtu Sutane.

2. Si Suta saiki ana, biyèn iya wis ana, nanging durung

--- 58 ---

lair ing alam donya. Dadi Si Suta iku anane saka ana. Têmbung mangkono iku uga bênêr, nanging karêpe têmbung anane saka ana: ora gampang, awit têmbung durung ana wis ana: iku tanpa têgês (prakara kang akosok bali ora bisa kumpul) kajaba saka iku, kang katêtêpan jênêng Si Suta iku janjine rak mung sawise lair. Sadurunge lair Si Suta, ora ana kang katêtêpan jênêng Si Suta. Lan manèh Si Suta iku dadèn-dadèn kang molah-malih, jiblès embak[8] utawa mega. Sarèhning kaanane Si Suta ora ajêg, măngka sadurunge lair dijênêngake Si Suta, lah nalika durung lair mau kaya Suta nalika umur pirang taun, apa kaya Suta nalika bocah, apa kaya Suta nalika bayi, apa kaya Suta tuwa.

Iku mau mungguh patitise mangkene:

Sadurunge Si Suta ana, kang ana jatine utawa pribadine Si Suta. Sababe durung ana awit jati mau durung nyuta. Barèng jati mau nyuta, panyutane mujudake dadèn-dadèn kang diparabi: Si Suta. Lawase ênggone ana kasutan mau mung sajêroning waktu kalane jati isih nyuta. Yèn jati lèrèn ênggone nyuta, dadèn-dadèn kang diparabi Suta mari ana.[9]

--- 59 ---

Anadene kang aran jatine Si Suta iya uga jatine Si Naya, uga jatine Si Dhadhap, ringkêse: jatining dadèn-dadèn kabèh.

Sanadyan pribadi iku oraa dicêthak-cêthakake: sawiji, tunggal utawa wungkul, sok uga dirasakake kang mêmêt, masthi banjur têtela yèn: ora kêna ora amasthê[10] mung sawiji utawa tunggal, malah yèn dirasa: ora prêlu diarani siji. Têmbung siji iku têmbunge wong kang madoni pikire dhewe kang lagi bingung. Padha bae karo wong kang nyêthak-nyêthakake yèn bêngi iku ora barêng karo awan.

Rasaning têmbung pribadi uga wus ngêmu rasa sawiji. Mulane diarani pribadi, awit tanpa timbangan. Upama ana timbangane, ora diarani pribadi, awit ora pribadi.

XXV. Yèn rinasa-rasa kang têmênan, wijining sakèhe kaluputan, apadene lawang kang marang panasaran, sajatine ora liya saka manungsa ênggone ora bisa ngrasakake bedaning dhiri karo pribadi, kongsi dhiri dianggêp pribadi. Mangkono uga kosok baline, wijining kautaman utawa lawang kang mara pêpadhang iya saka bisane manungsa ngrasakake bedaning dhiri lan pribadi. Têrange mangkene:

Sakawit saka ugêring kodrat, sarupane kang urip trêsna

--- 60 ---

bangêt marang pribadine, gêdhening sih trêsna tanpa timbangan, ora ana katrêsnan kang gêdhene ngungkuli saka trêsna marang pribadine. Mungguh ugêring kodrat mangkono iku wis bênêre, jêr sajatine ora ana apa-apa, mung pribadi kang ana.

Ananging ____ sarèhning kang dianggêp pribadi mau: dhiri, yaiku jirim (kasar lan alus) wêkasan katrêsnan kang gêdhene tanpa watês mau tumibane mung marang dhiri. Dhiri kang kudu diluhur-luhurake.

Patrape ênggone trêsna utawa ngluhurake dhiri mau mangkene:

Kaya upamane wong lumuh ngalah ujar sakêcap, laku satindak, utawa kêpati-pati ngalingi kaluputane kang wus têtela, kongsi dilabuhi ngêtog budi lan ngingar-ingêr nalar murih awake ora katon ala utawa luput, iku yèn diurus mungguh suwadine, ing kono banjur kêtêmu, yèn uwite saka bangêting trêsna marang pribadi. Ênggone nêmahi kaya mangkono mung marga saka kêlirune bae, yaiku: dhirine dirasa pribadine, utawi jirim disêngguh kaanan jati.

Kang saupama bisa misah dhiri lan pribadine, amasthi dadi kosok baline, lire malah ngukum lan ambantah marang nafsune kang ajak kaya mangkono, awit mangkono iku agawe [aga...]

--- 61 ---

[...we] pêpêtêng, sangsaya bangêt anggone sulap marang pribadine.

Kang marakake manungsa kadunungan watak kêgêdhèn melik, jail, drêngki, dahwèn, gumêdhe, kumingsun, kumintêr, ewan sapanunggalane: kabèh tuwuh saka rasa ati kang ajak angluhurake dhiri. Dhirine katona luwih lan olèha kang luwih katimbang liyane. Ora mung pikire wong liya kang dipurih mangkono, dalah pikire dhewe uga diajak dening nafsune supaya nganggêpa bêcik, luhur lan bênêr marang dhirine mau. Pikire dhewe uga manut, kongsi ora pracaya yèn patrape mau luput utawa ala, uga ora pracaya yèn pêtêng marga saka patrape.

Wong nêmahi kaya mangkono sabab saka: trêsna marang dhiri. Sababe trêsna marang dhiri sakawit saka: trêsna marang pribadi. Mulane dadi trêsna marang dhiri mung saka: kêliru panganggêp. Sababe kêliru panganggêp, awit ambedakake dhiri karo pribadi iku luwih dening ewuh sarta ora kêna ditêrangake nganggo têmbung.

Wong ujubriya, kibir, bidngah, sombong sapanunggalane: kabèh tuwuh saka: angên-angên, kang ajak angluhurake dhiri. Pikir kang mangkono iku arane pracaya utawa nganggêp yèn dhirine iku kawasa, bêcik, luhur sarta bênêr.

--- 62 ---

Sarèhning saya trêsna marang dhiri saya kelangan pribadine (kaya ilanging jirim kari raèn) mulane saraking agama nglarangi bangêt marang wong ujubriya, kibir, bidngah, sombong sapanunggalane. Larangan mau sajatine saka pangeman lan rumêksane marang manungsa, aja kongsi kêliru panganggêp, ora wêruh marang pribadine, dadi ora jalaran saka guru kang ora dhêmên marang watak kang mangkono, lan ora jalaran saka disikokake ing Pangeran, têmbung kêsiku iku têgêse kang sajati: kêsrimpêd utawa kêsasar dening trape dhewe.

Têmbung: ujubriya sapanunggalane, têmbunge Jawa: kumingsun (duwe panganggêp kaya ingsun) sarèhning dudu ingsun, măngka diingsun-ingsunake, têmah nyirnakake ingsun, nganakake jirim, bênêre: nyirnakake jirim, nganakake ingsun.

Wêwatêkan kang tuwuh saka bangêting trêsna marang dhiri, kang nglalèkake marang pribadi, yèn kabèbèr akèh warnane. Kaya ta:

Sawênèh manungsa karêm marang kaurmatan, angkuh utawa sikon, iku uwite saka ngêngkoki dhiri siji.

Sawênèhing manungsa duwe watak èpèh, lumuh gawe kabêcikan, iku sakawit saka kêliru panganggêp, dhirine disêngguh pribadine.

Sawênèh manungsa duwe watak mèrèn, murinan, panastèn,

--- 63 ---

iku ora liya jalarane iya ênggone baukapine karo salah sawijining dhiri.

Ana wong kang dhêmên nutuh wong kaluputan sarta dhêmên ngalêm marang wong kang lagi kabênêran, iku iya saka rasa ati kang ngajak ngatonake dhirine.

Ana wong lumuh rumasa olèh pitulung utawa pitutur saka ing liyan, dhêmên ngaku awèh pitulung utawa pitutur marang liyan: iku jalarane iya saka nafsu kang ngluhurake dhirine.

Ana wong watake butarêpan ing bab prakara rupa-rupa: iku iya saka bangête olèhe ngiloni dhiri siji.

Ana wong watake lumuh mêdhar kabêcikan kang dumunung ing liyan, sarta dhêmên ngandhakake bêciking dhirine, iku sababe iya saka trêsna marang dhiri. Ora sumurup marang pribadi.

Lan liya-liyane. Sakèhing wêwatêkan kang ala: sababe ora liya saka ora sumurupe marang pribadine.

Manungsa sangsaya bisa nyilah-nyilah dhiri lan pribadine saya suda watake kang kumudu-kudu ngluhurake dhiri, marga kang diêngkoki jatine sakèhing dhiri. Dadi: lupute ora ngêngkoki sawiji-wiji, iya ngêngkoki sakèhing dhiri. Panganggêp kang mangkono gêdhe bangêt dayane, kawasa nyirnakake [nyir...]

--- 64 ---

[...nakake] wêwatêkan kang ala, kang kasêbut mau kabèh, banjur nganakake watak sabar, wêlasasih, sumèlèh, rila, lêga, lêgawa, ayêm, têntrêm, narima, wasana andadèkake wêninging budi.[11] Sadurunge sarira bathara wis ngicipi rahmat, ngênyami rasa kang mulya, nikmat lan munfangate ngungkuli wong sugih lan luhur.

Manungsa sajroning nyambut gawe utawa lèrèn saka nyambut gawe, ing wayah rina lan wêngi, aja pêgat eling yèn: ____ pribadi kang ana. Dhiri: sipate pribadi. ____

Iya iku maksuding lapal: laillaha illollah mukhamad rasullullah.

XXVI. Mratelakake mangsane wong nganggo lan ambuwang piranti. (Upama A t/m F).

Upama A. Wong kang pintêr nunggang egrang utawa kareta angin, iku ora dupèh wong kang rosa. Sanajan kuru lan ringkih, yèn wis prigêl, wasise ngungkuli kang lêmu lan rosa. Samono uga, kalane lagi sinau marang kaprigêlan, kudu nganggo karosan uga. Gunaning karosan kanggo mitulungi ing kidhunge.

--- 65 ---

Yèn wis mari kidhung, karosane ora diênggo. Kang diênggo mung: prigêle.

Lire ing dhuwur iku:

Karosan, iku piranti kang kudu diupaya lan dianggo ing wong sinau nunggang egrang kalane durung prigêl. Sawuse olèh kaprigêlan (olèh-olèhaning rasane kang tansah nênitèni) ing kono wis wiwit nyuda panganggoning karosan, dening wis salin piranti: kaprigêlan. Ing wusanane karosaning awak prasasat ora kanggo. Disalini: kaprigêlan.

Saka nalar kang mangkono iku, kita nêmu wêwaton: piranti iku kudu diupaya kalane durung ana, lan kudu dianggo kalane isih prêlu nganggo, nanging kudu ditinggal sgamangsane kita wis ora prêlu nganggo. Dadi luput manawa kita lumuh ngupaya nalika durung duwe utawa lumuh ngango kalane isih prêlu nganggo, nanging: iya kêliru manawa kêbanjur (kèrêm) ana ing piranti bae.

Upama B. Bocah kang durung sumurup lan ngrasa marang paedahe adus lan sinau, tartamtu ora gêlêm anglakoni adus lan sinau. Tumrap bocah kang mangkono prêlu dialêmbana utawa [uta...]

--- 66 ---

[...wa] diganjar manawa gêlêm adus lan sinau, têrkadhang iya prêlu diwènèhi paukuman utawa disrêngêni manawa ora gêlêm adus lan sinau. Dayane pangalêmbana lan ganjaran nuwuhake kapengine lan karêp marang adus lan sinau, dayaning ukuman lan pangerang-erang nuwuhake wêdi lan isin.

Mungguh kêpengin, wêdi apadene isin, kabèh iku dadi piranti kang nuwuhake karêp, lan nulak marang kêsèd utawa lumuhe. Awit dening karêp dadi nglakoni. Awit saka nglakoni rambah-rambah, tuwuh pangrêtène lan rasane marang paedahing adus lan sinau. Sawise cukup pangrêtène lan bisa ngrasakake dhewe, ing kono wis ora nganggo piranti kang arupa kêpengin marang pangalêmbana lan wêdi marang paukuman, amarga wis disalini ing pangrêtèn lan rasa.

Upama C. Wong bêcik iku ora dupèh kang dhêmên marang panggawe bêcik, sarta gêthing marang panggawe ala. Sanajan ora dhêmên marang panggawe bêcik sarta ora gêthing marang panggawe ala, yèn dhasaring watake wong mau bêcik, iya mêksa luwih bêcik katimbang kang dhêmên panggawe bêcik lan gêthing marang panggawe ala. Samono mau kalane lagi anggêgulang kalakuan kang bêcik (rèhning durung bêcik), iya kudu kang dhêmên marang panggawe bêcik,

--- 67 ---

sarta kudu gêthing marang panggawe ala. Mungguh gunane ati dhêmên karo gêthing mau supaya ngêdohana si ala, nyêdhakana marang si bêcik, yèn wis olèh dhasar bêcik, wis ora susah nganggo piranti dhêmên utawa gêthing marang sabarang prakara, awit kang munfangati: bêcike, dudu si dhêmên karo si gêthing, malah dhêmêne lan gêthinge: ngrubedani, awit kang aran gêthing karo dhêmên iku dayaning nafsu.

(Nganggo piranti nalikane isih prêlu nganggo, iku kêna kaupamakake: nunggang tunggangan nalika durung têkan ing panggonan kang tinuju. Mangkono uga kosok baline: ninggal piranti samangsane wis ora prêlu nganggo, iku kayadene wong kudu mudhun saka tunggangan samangsane wis têkan ing ênggon.

Upama D. Manungsa kang utama iku satêmêne ora dupèh kang isin marang panacad lan sênêng marang pangalêmbana. Sanajan manungsa iku ora dhêmên misuwur lan ora isin kacacad ing wong, manawa yêktine dhasar mangêrti lan eling (jalaran ngêngkoki jatine, ora nganggêp marang dhirine) iku mumfangate ngungkuli kang dhêmên misuwur lan isin dicacad. Samono mau, pamardining budi murih bisa tumêka ing

--- 68 ---

pêpadhang lan eling: sakawit kudu melik kaalêmbana isin kacacad (miturut ugêring rèh kaprawiran)[12] gunaning piranti iku kanggo ngajokake nafsu kang marang kautaman, sarta mênggak nafsu kang marang kanisthan. Dene manawa wis kalêksanan tumêka ing kautaman, lumuh marang kanisthan, dening wis awas budine ____ ing kono wis mangsane ora susah melik ing pangalêmbana lan aja isin dicacad sapa bae (iki kang aran ngungkurake dhiri, madhêp marang pribadi) awit nafsu kang marang kanisthan wis nirmala waluya, kagêntènan ananing rasa tunggal, woring budi eling. Sasirnaning nafsu kang marang kanisthan, kari nyirnakake nafsu kang melik ing pangalêmbana lan isin dicacad, awit iku rêrêgêd tumraping kajatèn.

(Lumuh nganggo piranti kalane isih prêlu nganggo: iku kêliru. Nanging iya uga luput manawa bênêre wis atinggal piranti têka kêbanjur nganggo piranti bae dening piranti mau rinasa utawa disêngguh sing duwe piranti).

Mulane melik ing pangalêmbana lan isin kacacad kudu kasirnakake, awit iku uga napsu kang nasarake angên-angên. Lire si nafsu ênggone nasarake yaiku: angên-angên diajak ngêngkoki dhiri siji.

--- 69 ---

Măngka yèn ngêngkoki dhiri, kelangan pribadine, lali yèn jati kang ana. Awit saka iku, kang wajib diturut, budi, awit iku kang tuduh marga: nyumurupake marang bênêr, kaya ta: nyumurupake marang ora anane apa-apa mung pribadi kang tunggal, dadi iya nuduhake yèn kang dialêmbana lan dicacad iku mung ayang-ayangan sajêroning pramana (pangilone pribadi) kang sawatara măngsa êngkas bakal sirna. Dene kang ngalêmbana utawa nacad iku rasa kang ora sajati (maya) kang kumambang ing pribadi kang tunggal. Ringkêse: kang ngalêmbana lan kang dialêmbana: karo pisan padha gorohe, sajatine tanpa tenja.

Awit saka iku têtela yèn rasaning ati kang sênêng marang pangalêmbana lan isin kacacad, iku mung dadi piranti kang dianggo ing sawatara măngsa bae. Manawa arêp mênyang jatèn, piranti iku kudu dibuwang (wong nênunggang, yèn wis têkan ing panggonan, kudu mudhun saka tunggangane).

Upama E. Antênging sêmadi, iku ora dupèh ana ing panggonan kang sêpi nyênyêt, sanadyan dumununga ing papan kang akèh swara, yèn wis prigêl angêmpakake pangèsthi, bisa têtêp ngungkuli kang dumunung ing pasêpèn. Samono uga pamardining kabisan, kudu dumunung ing papan kang sêpi. Gunaning sêpi kanggo nglumohi ing kagetan lan [la...]

--- 70 ---

[...n] nyut-nyutane. Yèn wis lantih, sêpining panggonan wis ora prêlu, kang prêlu: kaprigêlane.

Upama F. Manungsa kang sampurna iku ora dupèh wong kang milih panggawe bêcik, nampik marang panggawe maksiyat, sanadyan anglakonana panggawe maksiyat sarta ngumpulana wong kang dhêmên marang panggawe ala, yèn atine dhasar suci (kalis karo ala), sukcine ngungkuli wong kang padha sumuci suci. Samono mau, kalane lagi ngudi marang kasukcèn, iya kudu milih panggawe bêcik, aja awor wong ala, sarta kudu lumuh nglakoni panggawe kang bisa anggèndèng napsu kang ala. Gunane milih kang bêcik, ngêdohi panggawe ala mau kanggo nglumohi ing pêtênging budine lan ênggone durung sukci, durung kalis karo ala (gampang kêplèsède). Yèn wis padhang budine sarta kalis karo ala, ing kono wis ora prêlu nampik milih, kang prêlu: wêwekane lan kalise karo ala.

XXVII. Mratelakake: Kêlira-kêliruning panganggêp, yaiku: ana kang tumiba marang dhiri, ana kang tumiba marang pribadi.

--- 71 ---

Yèn tumiba marang dhiri, nunggal karo angên-angên, nganakake ambêk kumingsun.

Yèn tumiba marang pribadi, nunggal karo rasa tunggal, nganakake tekad.

__________

Manungsa anggayuh marang kajatène iku wajibe. Bisane widada: kudu kanthi pracaya marang pangawasa kang dumunung ing dhirine.

Ênggone anggayuh aja dipaido bisane kalêksanan, têgêse: aja ngapêsake marang dhirine. Samono mau iya kudu sumurup sababe dhirine ora kêna diapêsake. Mulane dhirine ora kêna diapêsake, awit mobèh[13] mosiking manungsa utawa krêntêg krêkate manungsa ênggone anggayuh kasampurnan, sajatine apngaling Pangeran. Dadi yèn manungsa ora pracaya marang dhirine, prasasat ora pracaya marang apngatling[14] Pangeran, utawa ora ngandêl marang kawasaning Pangeran. Yèn ora pracaya marang kawasaning Pangeran kang dumunung ing dhirine, dalaning widada kapêpêtan ing pamaidone dhewe, wêkasan dhirine bisa uga dadi apês têmênan marga saka anggêpe pribadi.

Ananging: aja banjur duwe panganggêp: dhirine bisa utawa kuwasa. Awit saka iku diawas marang kêlira-kêliruning panganggêp, sanajan kêliruning panganggêp iku dumunung sajêroning

--- 72 ---

batin, ewadene bisa katara lan karasa, awit katon ana ing patrap.

Wulanging agama: manawa ngaku Allah arane tekad kadariyah. Yèn ora ngaku arane tekad kajabariyah. Karo pisan ora bênêr. Yèn ngaku disêbut: kupur, yèn mukir diarani: kapir, nanging yèn ora ngaku ora mukir kaaranan: kopar.

Kapriye bênêre. Bisane sumurup bênêre manawa bisa ngrasakake bedaning dhiri lan pribadi, awit maksuding kiyas, ora liya mung murih ngêngkokana jatine sarta ngungkurna dhirine.

Tamat surasaning layang Jatimurti.

__________

Ringkêsing kawruh I t/m VII.

I. Kang diarani nyawa iku uriping rasa.

Kang diarani rasa iku pratandhaning nyawa.

Têgêse:

Mulane bisa ngrasa, awit urip.

Tandhaning urip: bisa ngrasa.

Nyawa iku wujud jirim, yaiku sipating kajatèn.

--- 73 ---

II. Rasa-rasaning manungsa ana têlung golongan:

1. Rasaning badan wadhag.
2. Rasaning ati.
3. Rasaning èngêtan.

Dadi manungsa mêngku urip têtêlu:

1. Nyawaning badan, lumrahe mung diarani: rasa.
2. Nyawaning ati, lumrahe mung diarani: ati.
3. Nyawaning èngêtan, lumrahe mung diarani: budi.

Cêkake:

Adêging manungsa iku woring rasa têtêlu: budi, ati, rasa. Rasa kang dadi pangarêping urip ngalam donya.

III. Budi, ati, rasa: padha urip ing alame dhewe-dhewe.

Alaming budi diarani: guruloka (bental makmur).
Alaming ati diarani: endraloka (bental mukharam).
Alaming rasa diarani: janaloka (bental mukadas).[15]
Budi lambarane sirah, têlênge ing utêk.
Ati lambarane dhadha, têlênge ing jantung.
Rasa lambaran badan sakojur, têlênge konthol.

Katrangan:

Manungsa urip ing alam donya, iku sajatine kang dumunung ing alam donya mung badane wadhag, yaiku uriping rasa badan kang

--- 74 ---

wadhag, dene atine ora mèlu ana ing alam donya, tansah urip ana ing betal mukharam. Dene budine: urip ing betal makmur. Kauripan têtêlu dadi siji, nanging siji-sijine ora gêpok senggol.

IV. Kang diudi dening manungsa:

Dhisike: wêninging budi, disêbut: kawicaksanan.

Banjur: kajatèn, disêbut: kasampurnan.

V. Kapriye patrape anggayuh wêninging budi utawa kawicaksanan?

Satêmêne kang digêgulang dening para ulah ngèlmu iku lèrège ora liya mung:

1. Manut budine (awit budi iku masthi bênêr).
2. Mêpêr uriping ati.[16]
3. Mêpêr uriping rasa.[17]

Urip dening kêrêp kaêmpakake dayane.

Pêpêr: dening disudani êmpane.

Katrangan.

1. Uriping rasa lan ati, manawa pêpêr, dayaning urip ora ilang, mung ngalih banjur nguripi budi, ing kono budi dadi gêdhe dayane, diarani wicaksana, têgêse

--- 75 ---

padhang. Lêmpêring rasa lan ati diarani têntrêm, lêrêm utawa ayêm.

2. Kang êndi kang gêdhe urube: iku kang kuwat dayane, dadi pangarêping urip, têgêse: ngorupi.

Yên kang gêdhe uriping rasa, manungsa korup ing rasa, banjur rumăngsa ana ing janaloka.[18]

Yèn kang gêdhe uriping ati, manungsa korup ing ati, banjur rumăngsa ing endraloka.[19]

Yèn kang gêdhe uriping budi, manungsa korup ing budi, manjing ing alaming budi, rumăngsa ana ing guruloka, aran sarira bathara.[20]

Ngambah guruloka lagi jênêng wicaksana utawa pramana, ing kono dalan kang marang kasampurnan.

VI. Kang dirasa, rasane, kang ngrasa.

Kang diarani alam iku kang dirasa, dudu rasane lan dudu kang ngrasa.

Kang diarani nyawa iku kang diênggo ngrasa, têgêse: rasa, dudu: kang dirasa lan dudu kang ngrasa.

--- 76 ---

Kang diarani kajatèn iku dudu kang dirasa lan dudu kang dianggo ngrasa, bênêre: kang ngrasa.

Kang dirasa diarani: ngalam kabir.

Kang diênggo ngrasa diarani: ngalam sahir.

Kang ngrasa diarani: kajatèn.

Kang dirasa iku sajatine ora ana, awit anane gumantung marang anane rasa. Ananging rasa gumantung marang anane kang ngrasa. Dadi sajatine ora ana apa-apa mung kang ngrasa kang ana.

Têmbung lali têgêse: korup marang kang dirasa, ora ngelingi rasane, luwih-luwih marang kang ngrasa.

Eling têgêse: awas marang rasane, ora korup marang kang dirasa.

Sampurna têgêse: awas marang kang ngrasa, ora korup marang rasane, luwih-luwih marang kang dirasa.

VII. Katêrangane têmbung kang ngrasa.

Kang ngrasa saka: kang lan: ngrasa.

Kang: iku ênênge, ngrasa: iku panggawene.

Kang ngrasa ênggone ngrasa nganggo rasane, ora nganggo kang: nge. Dadi: kang iku mung mêngku, têtêp langgêng ora owah gingsir, sabab pagaweyan ngrasa wis diwakili ing nyawa piranti ngrasa.

--- 77 ---

(Sarupane kang wujud jirim, tumrape kajatèn mung obah-obahan (dadiyan), ora kêna kinaya ngapa bab patraping obah awit ana keblat lair lan batin).

__________

Pitakon lan Wangsulan Maksude Layang Jatimurti.

Apa maksude layang iki?

Yaiku: marsudi patraping tekad, apadene panganggêp kang bênêr mungguhing kaanan kang sajati, tuwuh saka nalar kang têrang lan kosus.

Patraping tekad, sarta panganggêp kang bênêr mau kudu tinata kanthi padhanging nalar. Dene padhanging nalar tinêmune saka têrang marang: apa lire kaanan jati, sarta apa têgêse wong ngudi kawruh. Têrange ora anjaba kudu kajèrèng kang gênah asilah.

Yèn manungsa ora luput ing pangêrti lan ora kêliru ing panganggêp (pangandêl) tartamtu ora kêliru ing tekad. Dene yèn ora kêliru ing tekad, iya ora kêliru ing patrap, iya patraping tekad (lênge), iya patraping ati (watak), iya patraping raga (solah bawa).

__________

Apa têgêse patraping tekad?

--- 78 ---

Patraping tekad, têgêse: anggone nata lakuning batin, kapriye lênge utawa clorote.

Ananging kapriye ta anggone ngarani utawa nêmbungake, rèhning mangkono mau awujud rasa. Apa ana ta: wong bisa nuduhake: rasa. Upamane: rasa kang sok diarani nganggo têmbung asin, iku kêpriye anggone mratelakake. Awit têmbung: asin rak mung dianggo ngarani bae, ora bisa anduduhake: rasa (wong bisa anduduhake rasa asin manawa ana wong bisa nyilihi ilat).

Jèrèngane têmbung kaanan jati apadene katêrangane kawruh ukuran kang kaping pat: iya mung wujud unèn-unèn kang mratelakake kawruh (pangrêtèn) kawruh iku dudu têkad. Samono uga, manawa dirasakake kang têmênan, kawruh mau dadi srananing panggraita kang banjur nuwuhake: rasa-rumasa, panganggêp, kongsi tumêka ing tekad.

Kita bakal ngaku yèn panganggêp lan tekad kang bênêr iku tinêmu sajêroning wong ngêmpakake pikir lan ngrasak-ngrasakake kawruh. Awit yèn wong durung ngêrti apa-apa, iya durung

--- 79 ---

duwe tekad apa-apa, jalaran durung duwe panganggêp kapriye-kapriye.

__________

Apa prêlune wong duwe tekad lan panganggêp kang bênêr?

Gêdhe bangêt dayaning tekad kang bênêr utawa panganggêp kang pratitis mungguhing kaanan jati. Awit tekad utawa panganggêp iku mahanani patrap (patraping rasa lan budi kalakuan) kaya ta: I t/m VI.

I. Nyirnakake anggêp kumingsun, gumêdhe, kumintêr sapanunggalane. Manungsa kang bênêr mungguhing panganggêpe marang kaanane kang sajati, iku lakune satindak lan ujare sakêcap tansah katitik ana ing pasêmon, yèn sêpi saka ing pamrih, têgêse sêpi saka ing anggêp mitongtonake dhiri. Apa ta sababe: iya saka rumasa yèn dhèwèke satêmêne dudu kang katon jirim iku, kabèh-kabèh dudu kaanan kang sajati sarta sawatara măngsa êngkas bakal sirna.

II. Nyirnakake watak melikan, penginan, sugih pakarêman sapanunggalane. Apa sababe: iya saka rasa lan rumasa yèn donya iku luwih dening sapele sarta mung sadhela, jêr dudu kaanan jati. Dhèwèke kang sajati: langgêng ana ing kasukcèn, ora butuh apa-apa.

III. Nyirnakake watak gêthingan, panastèn, murinan, sugih

--- 80 ---

duka sapanunggalane, awit rumasa yèn dhirine padha lan wong liya. Kabèh kang wujud jirim: sipate dhewe. Kabèh rasa: rasane dhewe, sarta kabèh-kabèh dudu kaanan kang sajati.

IV. Nyirnakake watak kagetan, gumunan, gimiran, ngrêsulan, uwas, sumêlang sapanunggalane, awit saka kandêl-piyadêle[21] yèn dhèwèke kang sajati ora ika-iki. Kabèh panggawe saka dhèwèke ênggone nindakake kukum ngadil marang sipate. Kajaba iku ora ana prakara kang langgêng (bungah susah sapanunggalane) kajaba mung dhèwèke kang sajati.

V. Nyirnakake watak dhêmên goroh, dening rumasa yèn goroh iku gawe gorohing atine dhewe, sarta tuwuhe mung saka pamrih kang bangêt ênggone sapele.

VI. Nganakake watak lêmbah manah, wêlasasih, ayêman, têntrêm, narima, sumèlèh, dhêmên têtulung, rilan, tuwajuh sapanunggalane, awit sumurup yèn wong liya padha lan badane, kabèh uwong: sipate dhewe, kabèh rasa: rasane dhewe, apamanèh dhirine iku dudu dhèwèke kang bênêr.

Ing ăngka I, II, III, IV, V lan VI mau dayane ambêningake budi. Bêninging budi andadèkake awas marang dalan kang marang kawicaksanan. Kawicaksanan dadi dalan marang kasampurnan.

Dadi:

--- 81 ---

1. Manungsa anggayuh marang padhanging budi: kudu ambuwang rêrêgêding ati. Patrape ambuwang rêrêgêding ati: kudu kanthi padhanging budi. Karone kudu tumindak barêng.

2. Marsudi padhang kanthi ambuwang rêrêgêding ati mau: kudu bênêr panganggêpe mungguhing kajatèn, dene bisane bênêr panganggêpe mungguhing kajatèn, sranane iya kudu ambuwang rêrêgêding ati kanthi madhangake budi. Karone têtêp-tinêtêpan, kudu tumindak barêng.

Ênggone tumindak barêng mau saka sathithik.

Ngudi kawruh sarana amadhangake budi sarta ambêciki watak, kêna kaupamakake: ngajokake kareta sarana kagèrèd êbume, dene ngudi kawruh sarana ambuwang rêrêgêding ati, kêna kaupamakake: ngajokake kareta sarana kaubêngake rodhane. Lire yaiku: ênggone tarik-tinarik ajuning kareta karo ubênging rodha kaya tarik-tinariking panggayuhe pêpadhang karo ilanging rêrêgêd, ajuning kareta: dayane ngubêngake rodha, ubênging rodha: dayane ngajokake kareta. Mangkono uga pêpadhang lan cipta utama: dayane nyirnakake rêrêgêd, têtimbangane: wong ambuwang rêrêgêd, nêmu pêpadhang.

Prayoga Kaanggit Sajêroning Ati:

Wong anggèrèd kareta wiwitane rêkasa, nanging suwe-suwe

--- 82 ---

suda rêkasane, awit kapitulungan ing daya laku (energie). Wêkasane sirna rêkasane, awit kareta banjur lumaku dhewe tanpa digèrèd lan diubêngake rodhane, malah-malah gêntèn: kang anggèrèd nunggang ing kareta kang wis lumaku dhewe mau. Iku dadia pêpindhan lakuning jiwa mênyang batin. Sabarang prakara wiwitane pancèn angèl, apamanèh prakara ngudi kawruh kasampurnan. Ananging angèla dikayangapa, lawas-lawas suda angèle, wêkasane: sirna angèle, awit dayaning nyawa kapitulungan ing dayaning kajatèn (Goddelijke energie), banjur gêntèn: nyawa ora milu namakake daya apa-apa, mligi dayaning kajatèn, ingsun ing têlênging batin, tansah narik nyawa kang lumaku mênyang kajatèn, sangsaya cêdhak lan pusêring batin, sangsaya olèh dayaning kajatèn (jinurung ing pribadine).

__________

Dzat iku apa, kapriye, kaya apa?

Apa ana wong bisa mratelakake?

Wong ngarani: mung olèh: aran, wong ngrasakake: mung olèh: rasa. Wong nyipati: mung olèh: sipat.

Aran, rasa, apadene sipat, iku dudu: dzat (kajatèn) dadi: dzat iku ora kêna diarani, ora kêna dirasakake, era[22] kêna disipati. Cêkake: cêptan [cê...]

--- 83 ---

[...ptan] kêna kinêcap, tan kêna cinakrabawa, tan kêna kinaya ngapa. Kênane mung dinyatakake nganggo kajatèn, têgêse: nganggo gaibing rasa.

__________

Rèhning ana gumantung ing pangèsthi, sirna gumantung ing lali, sarta manungsa kudu duwe panganggêp marang ora ananing apa-apa kajaba mung dzat, măngka dzat ora kêna cinakrabawa, utawa kinaya ngapa, lah kapriye patrape ngèsthi marang ananing kajatèn lan nyirnakake kang gumêlar?

Mangkene: dhisike kudu têrang marang têgêse wong ngudi kawruh, yaiku nalar-nalaring pangudi kawruh, apa kang aran kaanan jati, êndi kang dudu, kapriye katêrangane, lan liya-liyane.

Sawise uwong kadunungan ing pangrêti kang bênêr lan têrang mungguhing kaalusan, ing kono panganggêp mau banjur mapan dhewe, ora kalawan digawe, sarta tekad iya banjur thukul dhewe, ora kalawan digolèki. Dene yèn wis kadunungan ing panganggêp lan tekad, ing kono patrap iya dadi karêpe dhewe, iya patraping tekad, iya patraping ati, iya patraping solah bawa.

Iya tartamtu bae ta wiwitane durung patia têrang, durung têtêp ing pamanggone, lan durung patia bênêr ing pamapane, ananging saya lawas saya têrang, saya manggon lan saya mapan. Wasana [Wa...]

--- 84 ---

[...sana] tansah kasandhang salawase, sanadyan karo lumaku, karo nyambut gawe lan karo turu: panganggêp lan tekad mau tansah magon[23] lan mapan, samăngsa-măngsa sêmadi, panganggêp lan tekad cumawis sarta anjuru lakuning rasa.

Lire panganggêp utawa pangandêl, yaiku patrap ênggone nganakake. Nanging dudu pangira-iraning pikir, panggambar utawa pangentha-entha, dadi mung: adhêping ati marang pusêring batin. Apa ta lire adhêp? Upamakna: wong madhêp mangalor, iku dudu: andêlêng rêrupan kang dumunung ing êlor, awit adhêp mangkono mung: patrap. Uga mangkono bab wong madhêp marang batin, aja andulu apa-apa, têgêse: nglalèkna (ora mraduli) sarupane kang katon lan karasa sajêroning sêmadi.

Sirnaning jagad saka: lali. Liring lali: sirna rasa-pangrasaning kawula dening katut dayaning panganggêp kanthi iktekad.

Sanadyan panganggêp kanthi iktekad mau sakawit saka: panggawening kawula, nanging gêdhening dayane kawawa narik dayaning kawula, kongsi dayaning kawula sirna katut dayaning iktekad, kang awor lan dayaning kajatèn.

Sapisan êngkas: panganggêp kanthi iktekad thukul dhewe sarta mapan dhewe, dayane angebat-ebati, sarta ing wêkasan malih dadi dayaning kajatèn.

--- 85 ---

Katêrangan Ringkêsan (Pungkasan).

Sakawit kita ambudi marang pangêrti, diarani: ngèlmu, pirantine: pikir lan rasa. Saka ngèlmu tuwuh panganggêp kanthi iktekad.

Sawise kadunungan panganggêp kanthi iktekad, ngèlmu wiwit ora kanggo, pikiran karindhikake. Dadi kudu ambuwang pêpikiran kang akèh-akèh, sarta ngringkês karêp kang rupa-rupa (mênêng) kagêlêngake dadi siji, awor lan tekad.

Têkad iku: lêng, mênyang têlênging batin (pribadi).

Lêng: iku banjur malih dadi dayaning kajatèn, kang kawawa nyirnakake daya anyar liya-liyane kabèh.

Lakune rasa-pangrasa murih ora menggok-menggok, sarana rambatan talining urip, kang anggandhèng uriping dumadi lan urip kang langgêng (panas) iku kang minăngka pandom lan rambatane (sampurnane prakara iki kudu kagurokake). Manawa lêstari lan kukuh ênggone gandhulan (ora kêsêlanan gagasan lan ora kêturon) sirna ayang-ayangan sajêroning pangilon, kari pangilone. Wêkas-wêkasane: sirna pangilone, kari kang ngilo.

__________

Pribadi ing têlênging batin, iku sing êndi ta?

Têlêng batin iku ing êndi ta?

Ngadhêpake ati marang têlênging batin iku kapriye ta?

--- 86 ---

Iya pitakon mangkono iku sababe uwong nganggit layang Jatimurti, Tasawuf, Hidayat Jati sapêpadhane, supaya: kang takon angrasakna kawruh, banjur tuwuha panggraita lan panganggêpe, kang saya lawas saya mapan. Awit kapriye ta wong anduduhake rasa nganggo têmbung? Mau mula têmbung iku mung kanggo ngarani, ora bisa anduduhake rasa, kang diarani.

Mung têkan samene dayaning têmbung.

Tamat.

_________

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


§ Yèn wong kelingan marang rupaning barang, upama: kêmbang, ing pangangên-angêne kaya ana gambar kêmbang, iku ta tak arani: gambar ing pangangên-angên. (kembali)
§ Jisim kang nunggal daya: nunggal alam, dadi alam iku sajatine, daya tunggal. (kembali)
§ Kang aran rasaning mari (rasa anyar kadadeyan saka woring rasa warna-warna kang wis gulêt dadi siji) iku pêpindhan rasaning dhiri (uwong) yaiku rasaning păncadriya. Dadi: sara dhiri iku rasa anyar utawa rasa dadèn-dadèn, kang maune ora ana dadi ana, sarta bakal ora ana manèh. (kembali)
§ Kaya ta: kang maca layang iki. (kembali)
§ Têmbung pribadi ing layang iki têmbunge mănca Ikheid utawa Hoofdeigen dudu alleen. (kembali)
§ Pangeran iku têmbunging manungsa kanggo ngarani marang jatine. Pribadi, iku têmbunging kajatèn kang kaucapake nganggo lesaning manungsa. (kembali)
§ Allah iku pribadi dalah rasa. Kabèh Pangeran, pribadi: rasul: rasane. (kembali)
ombak. (kembali)
§ Panyutane (ênggone nyuta) jati iku nganggo jirime. Jati ora owah gingsir sabab mêngkena-mêngkene pasrah marang jirime (ancêr-ancêr VII C). (kembali)
10 amasthi. (kembali)
11 § Têmbung: panganggêp, tumraping kene têgêse: pangandêl. (kembali)
12 § Iki darajating satriya. (kembali)
13 mobah. (kembali)
14 apngaling. (kembali)
15 § Rasa: karêpe: rasaning badan lan lesan (katulis nganggo Sa dudu: Sa). (kembali)
16 § Ati: karêpe ing kene: nafsu. (kembali)
17 § Rasa: karêpe rasaning badan lan lesan. (kembali)
18 § Alam têtêlu iku sawiji-wijine ana perangane utawa tatarane: luhur madya lan asor. (kembali)
19 § Alam têtêlu iku sawiji-wijine ana perangane utawa tatarane: luhur madya lan asor. (kembali)
20 § Alam têtêlu iku sawiji-wijine ana perangane utawa tatarane: luhur madya lan asor. (kembali)
21 kandêl-piyandêle. (kembali)
22 ora. (kembali)
23 manggon. (kembali)