Parimbon Ngèlmu Khak Sajati, Tanaya, 1932, #135

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie N. No. ... Ngelmoe chak sedjati: Harga f 0.35.

Parimbon Ngèlmu Khak Sajati.

Barkah saking: Pangeran Sêcawijaya.

Mawi gambar mêloking ngèlmi kasampurnan saking: M. Tanaya ing Surakarta.

6e DRUK

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi ing Kêdhiri 1932.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Harga f 0.35

Parimbon Ngèlmu Khak Sajati.

Barkah saking: Pangeran Sêcawijaya.

Mawi gambar mêloking ngèlmi kasampurnan saking: M. Tanaya ing Surakarta.

6e DRUK

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi ing Kêdhiri 1932.

--- [2] ---

Gambarnya Tuan TAN KHOEN SWIE, Kediri.

Parimbon Ngèlmu Khak Sajati, Tanaya, 1932, #135: Citra 1 dari 3

Ini kitab diperlindungi hak karang-karangan, termaktub Stb. No. 600, tahun 1912 fatsal 11.
Kitab yang sah ada tanda tangannya si penerbit sebagimana berikut ini.
[Tanda tangan]

--- 3 ---

Cithakan ingkang kaping nêm

.

Nuwun, ngaturi uninga dhatêng panjênênganipun para maos, bilih babonipun Sêrat Parimbon Ngèlmu Khak Sajati, cithakan ingkang kapisan utawi kaping kalih, punika kathah ingkang kalintu panyêratipun. Mila sapunika sêrat wau kawêdalakên malih ingkang kaping nêm, nanging miturut babon sanès ingkang nêmbe pinanggih saha kinintên langkung sampurna tinimbang kalihan babonipun ingkang kacithak rumiyin. Wondene pamacakipun amung kalugokakên manut babonipun kemawon, botên pisan-pisan kaewahan, supados kasumêrêpan para marsudi, awit wêwadosing sastra saèstu botên kenging dipun gêgampil, sakalangkung gawat. Dene panyêratipun ugi mawi katiti kanthi pangatos-atos, wusana mugi andadosakên kauninganipun para maos.

Ing Surakarta, tinêngêran: katon marganing sarira tunggal.[1]

--- 4 ---

Pamêdhar.

Wiyosipun sêrat punika prasasat sampun nama wêjangan, ingkang landhêp panggalihipun lajêng sagêd ambuka warana tanpa pitêdahing guru, mila bilih maos sêrat punika, prayogi kanthi wêninging panggalih tuwin talatèn, supados sagêd nguningani wosipun, jêr suraosipun lêbêt sangêt.

Lare-lare ingkang dèrèng cêkap ing umur, botên kenging maos sêrat punika, awit sagêd ugi ngrisakakên èngêtanipun.

Ing Surakarta 1-6-1851.

Juru panitisastra: M. Tanaya

--- 5 ---

Punika parimbon barkah saking Pangeran Sêcawijaya, kaparingakên dhumatêng ibu suwargi Bandara Radèn Ayu Nêrangkusuma, lajêng kawasiyatakên dhumatêng ingkang putra Bandara Radèn Ayu Pangeran Jayakusuma, ingkang kaping kalih, ing nagari Surakarta.

__________

--- 6 ---

Paduka Tuan Mas M. TANOJO – SOLO.

Parimbon Ngèlmu Khak Sajati, Tanaya, 1932, #135: Citra 2 dari 3
Diatas ini saya lukisken gambarnya Tuan Mas M. TANOJO, seorang merdika yang gemar menghimpun kitab-kitab kuno, banyak yang suda saya terbitkan, juga ini kitab ada dari beliau, hingga namanya tersohor karena jasanya

PENERBIT.

--- 7 ---

I. Utawi khakekating ngèlmu, kang ingaranan: sih wahyu nugraha, awit saka karsa lan rasa, patêmone rasa iku ing karsane, dadi rasa sarasa, patêmone karsa ing rasane, dadi rasa sakarsa, sampurnane karone, dadi sir sakarsa, liyêpe ing sampurna, têkèng sangkan paran, iku ananing sih ingsun ing sira, awite ana raina wêngi, mulane ana ambêkan.

Utawi khakekate wahyu iku awit saka eling lan lali, patêmone dadi sangkan paraning badan, nyawa suksma badan sampurna, nyawa mulya suksma sakarsa, lêsning têkèng sangkan paran, iku sangkaning wahyuningsun, têtêpe ing ngisor, ing dhuwur, ing têngah, ananing lintang, wulan, srêngenge, iya iku ênênge ing ambêkan, kang tartamtu ing elingira.

Utawi khakekating nugraha iku, awit ing pati lan uripe, patêmoning pati, ing uripe, [uri...]

--- 8 ---

[...pe,] dadi purba wisesa, amisesani, kaanan patang prakara.

Sêpi.

Samar.

Samun.

Suwung.

Sêpi-sêpining pangucap, kang dadi têtêp jêmbar ciyuting bumi.

Samar-samaring paningal, kang dadi ananing banyu agung asat.

Samun-samuning panggănda, kang dadi ênêng osiking angin.

Suwung-suwunging pamilarsa, kang dadi ana orane gêni.

Sirnaning patang prakara iku, kang dadi kaanan tunggal, iya iku ingsun, kang aran dat wajibul wujud, kang sipat kahar. Jamal, jalal, kamal, lêpase

--- 9 ---

dat pêt, dat plêng, dat lês, dat lap, têkèng gone sangkan paran, iya ingsun, jlêg nyataning kanugrahan, dadi pêpêke jagad lor, wetan, kidul, kulon, abang irêng putih kuning, iya iku êninge ambêkanira, kang wus nyata ing uripira, iku anane sabda sapisan, mulane ana ambêk sadu dibya, ana, witing sih, êning, witing wahyu, iya iku ngèlmu ghaib, ghababul khakmal, ngèlmu kang dadi ugêring ratu, kang angratoni ing karatone.

__________

II. Punika ngèlmu khakekating martabat sanga, iya iku martabating rasulullah, iki kêcape.

Salalahu ngalaihi wasalam, duk lagi awang-awang uwung-uwung, bumi langit durung ana, apa ingkang ana, junun mukawiyah arane, junun makna nyata, mukara rai, wiyah jagad jêmbar, sapa kang jumênêng ing arahe

--- 10 ---

jagad jêmbar, iya kang maha suci, sadurunge ana bumi langit têrus samêngkone, urip iku amimbuhi purba amisesani, lungguhe ing êmbun-êmbunan, sampurnane ing êmbun-êmbunan, utawa ing rambut, urip iku kang khakiki, iya kamulyaning rasulullah.

Kaping kalih, martabat maklumat, suksma kang ngênggoni, maklum iku kang kinawruhan, suksma iku karsane, durung karsa lagi maklum bae, sapa kang jumênêng ing maklum suksma, iya ingkang maha suci, iku urip kita sadurunge ana bumi langit têrus samêngkone, urip iku anyukupi kang amurba ing dhiri, lungguhe ing kêkêtêg, sampurnane ing kukunira, urip iku amèngêti sampurnane rasulullah.

Kaping tiga, martabat lumat arane, durung karsa lagi angawruhi kinawruhan, pêpêke adam, sapa kang jumênêng ing alam maklumat, iya urip kita kang

--- 11 ---

amaha suci, sadurunge ana bumi langit têrus samêngkone, urip iku ana madi, amisesani ing dhiri, lungguhe ing pusêr, sampurnane kulitira, urip iku amangsiti, iya iku têtêpe rasulullah.

Kaping pat, martabat ngadam, ilapi, wujud ilapi, ngadam ilapi, ing orane dhewe, wujud ilapi, ing wujude dhewe, durung karsa lagi ngadam, ing dhèwèke, mulane ana wiwit ora ana, măngka ana anane dhewe, ora ana kang agawe, sapa kang jumênêng ing ngadam ilapi, wujud ilapi, iya kang maha suci, iku urip kita sadurunge ana bumi langit têrus samêngkone, urip iku tan wiwitan tan wêkasan, lungguhe ing netra, sampurnane gêtih kita, iku kanyataan kawula gusti, kang aran napi isbat, iya iku sampurnaning pati ing uripe, iku ananing rasulullah.

--- 12 ---

Kaping gangsal, martabat alip muntili arane, muntili iku witing karsa, alip iku angadêg, muntili ing dhèwèke, adêg-adêge dhewe, ora ana kang ngadêgake, sapa kang jumênêng ing alip muntili, iya kang maha suci, iku urip kita sadurunge ana bumi langit têrus samengkăne, urip iku tan kêna ing pati, dene panunggalane karsa, lungguhe pamiyarsa, sampurnane daging kita, alip iku wujud suci, iya alip ingkang nama rasulullah.

Kaping nêm, karsa sapisan, martabat johar awal arane, johar iku sêsotya, awal dhingin, măngka gumilang-gilang arane sêsotya iku, marana-marene, kala sêmana kala sêmene, padhang têka padhang, jlêg anane, raina wêngi, lintang, srêngenge, wulan. Sapa kang jumênêng ing johar awal, ya kang Maha Suci, urip kita, sadurunge

--- 13 ---

ana bumi langit têrus samêngkone, johar iku pucuking grana lungguhe, sampurnane balung kita, urip kita, urip iku amisesa, amêlingi jagade ana madi ing sakalir, amuji raina wêngi, iya iku kang nugraha, uripe sangkaning sangkan, kang ingaran panrimaning rasulullah.

Kaping pitu akarsa malih, martabat alam uluwiyah, arane ngalam kang ngawruhi, uluwiyah ing kaluwihane, ing jagad jêmbar, jêmbar têka jêmbar, jlêg anane bumi langit, lor wetan kidul kulon, ngisor dhuwur lan têngah, sapa kang jumênêng ing alam uluwiyah, iya kang Maha Suci, iku urip kita sadurunge ana bumi langit têrus samêngkone, urip iku amêngkoni ing ênêng, osike lungguhe pucuking lesan, sampurnane ing sungsum, iya iku kaananing rasulullah.

Kaping wolu akarsa malih, martabat akyan sabitah [sabi...]

--- 14 ---

[...tah] arane, akyan iku nyataning urip, sabitah têtêpe pati, măngka têtêp tinêtêpan, pati ing uripe têtêp, jlêg anane sagara gunung, dharat jurang guwa kali, alas sumbêran, têtêp, wulu, kuku, kulil,[2] gêtih, balung, sungsum, otot, bayu, têka jêroan, sapa kang jumênêng akyat sabitah, iya kang Maha Suci, iku urip kita sadurunge ana bumi langit têrus samêngkone, uripe akyat sabitah iku, purbane rasa, wisesa karsa, sampurnane otot bayunira, lungguhe ing sulbi, iya iku ênggone rasulullah.

Kaping sanga, sampurnane karsa, martabat ngadam prampuhan arane, ngadam ing orane, prampuhan pêpêke arane dhewe-dhewe, abang, irêng, putih, kuning, dadu, wungu, ijo kapurănta utawa biru, anane ing têtêpe, ora lawan [la...]

--- 15 ---

[...wan] ginawe, pêpêk anane dhewe-dhewe, sapa kang jumênêng ing ngadam prampuhan, iya kang Maha Suci, iku urip kita sadurunge ana bumi langit têrus samêngkone, uripe ngadam prampuhan iku tan liyan kang maujud, amung iku urip kang wisesa, ing rasa kang amurba ing karsa, sampurnane utêk lan jêroan, iku khakekate rasulullah.

__________

III. Punika ngèlmu khakekate kamuksan, mungguhing rasulullah, iki lah kêcape:

Salallahu ngalaihi wasalam, pêksi nala mulihe muliha, ing pangulu srêngenge, sakaguru sumuruping mumbul ing awang-awang, awang dilêm tinut dening iman, sêg padhang lah padhang, adoh katon cêrak katon byar padhang têka padhang, pêksi nala êngakna lawang suwarga, inêpna lawang naraka, rêg gêr iya

--- 16 ---

iku pêksi nala, kang amisesa lêyêp sakarsa, muksa tan ana karasa, sampurnane badane sêlamêt saparane, têka sakajate.

__________

IV. Punika ngèlmu kang mungguhing rasulullah, iki lah kêcape:

Salallahu ngalaihi wasalam, datning tanpa warana kamulyaning pati, badan mulih ing bumi, rasa nyawa mulih ing langit karsa, rasulullah rasane si bapa, lan rasane si biyung, kumpule sampurna dadi aku, lungguhe dadi ngêpok, dalane sêrambut pinara pitu, iya iku ênggon witing rasa kabèh, sampurnane karsa, kamulyane rasa, iya iku sampurnaning rasulullah, sêg tan ana lungguhe, ana netraku kiwa, ning jati lungguhe netraku têngên, iya iku gon patêmoning rasa tunggal, ana ing jinêm, lungguhe ing jantung, iya iku ênggon [êng...]

--- 17 ---

[...gon] karsa sampurna, lah ning aja kari aja dhingin, yèn kari êndi ênggone, sapira gêdhene, sakudhup malathi, mancorong kadi daru, gumêbyar kadi lêlidhah, iya iku ênggon kalanggêngane rasa mulya, karsa sampurna, urip purba amisesa, mulih ilang maring sajatine ana.

__________

V. Punika khakekating saha dat ingkang sampurna, mungguhing rasulullah, iki lah kêcape.

Ashaduana kaanan ingsun, anta ilaha, yèn ora ana rupaningsun, ilalahu ya ing urip ingsun, ya urip ya rupa, ya kahana, kaanan tunggal, rupa mulya, urip sampurna, kang sêjati têtêp langgêng tan kêna pati.

Ashadu kaanane rasa ana, muhkhamad satuhu rupane rasa, rasulullahu patêmoning rasa ing

--- 18 ---

uripe, ya rasa ya rasulullah, muhkhamadan kang tunggal iman, sêjati têtêp langgêng dadi pancêring aurip.

__________

VI. Punika khakekating ngèlmu sajati, kang sajatine ngèlmu iku sampurnane kalimah roro, iki lah kêcape kang kinawruhan.

Laillahailullahu, muhkhamadan rasulullahi, ora ana panguripan, anging urip ingsun, pati iku patêmoning urip ingsun, laillahailullahu, muhkhamadan rasulullahi, ora ana pangeling-eling, anging eling ingsun, lali iku pamêlênge eling ingsun, laillahailullahu, muhkhamadan rasulullahi, ora ana kinarsanan, anging karsaningsun, rasa iku sihing karsaningsun.

__________

--- 19 ---

VII. Utawa sajatining lanang iku kumpule karsa ingkang sampurna, iya iku elingira, anadene sêjatining wadon iku, kumpule rasa mulya, iku lalinira, trape eling lan lali, iku amêngku winêngku, iku arane wahyu nugraha, pamoring sih arane, mulane ana lanang sajroning wadon, ana wadon sajroning lanang, mangkono ing khakikine, iya iku jênênge kawula gusti, Allah lan Muhkhamad.

__________

VIII. Punika paningkahipun ngèlmu ghaib kang mulya kang sampurna, paningkah kang mungguhing rasulullah, iki lah kêcape.

Allah kang angawinake, Muhkhamad kang dadi waline, sahide malaekat papat, akawin sajroning johar, apatêmon sajroning ana, apulang

--- 20 ---

sih sajroning ora, mas kawine ngèlmu ghaib kang sampurna, ya dad jênêng ingsun, ya ingsun ing sira, poma-poma aja sak aja sêrik, iki pamangsit ingsun ing sira.

Bumi pitu langit pitu saisine iku ora ana, Allah Muhkhamad Rasul ora ana, pati, urip, dunya, akerat, kubur, lan patakonan Malaekat Kirun Wanakirun, ora ana, suwarga naraka, ngaras kursi dhing-dhing jalal, ora ana, wot traju pakumpulan kira-kira ora ana, lair batin, wiwitan, wêkasan, kabèh-kabèh iku ora ana, kabèh iku karaton ingsun, ing sira, iya ingsun kang jumênêng ing dat kang langgêng ing sipat, kang ana iya ingsun, kang ora ana iya ingsun, anane iku kabèh tatamtu[3] ing sih ingsun, iya ingsun kang langgêng mulya sampurna, poma-poma iki lêpase.

--- 21 ---

Dat êning tanpa warana kamulyaning pati, patêmone sih ingsun, dat lês mulya saking sangkan paran, dat eling goning pasuciyan ingsun, sampurnaning urip, kauripanin pati, patitising kawruh, têtêpe wahyuningsun, dat lap langgêng tan sangkan paran, ananira iku sih ingsun, iya ingsun ing sira, poma-poma aja sak aja sêrik, kabèh iku ora liyan ingsun, pituduh kang sampurna iku, urip pitung prakara, kăntha, warna, ambu, rasa, urip, rupa, kaana kaanan tunggal, ing anane iku sampurnane ngurip kita kabèh, dene wêkas kang mulya iku pati patang prakara, patêmone sêpi, samar, samun, suwung.

Sêpi, sêpining pangucap.

Samar, samaring paningal.

Samun, samuning panggănda.

Suwung, suwunging pamiyarsa.

--- 22 ---

Mangkene lêpase.

Dat pêt, dat plêng, dat lês, dat lap, langgêng tan sangkan paran, iya ingsun gon mulya tanpa kira, poma dèn rumasa, aja rumasa, kabèh iku kagungane Kang Maha Suci, wulu kuku dèn lêbur, dèn lêbur dening napsu aluamah, kulit daging dèn lêbur dening napsu amarah, balung sungsum dèn lêbur dening napsu supiyah, utêk jêroan, dèn lêbur dening napsu mutmainah, otot bayu dèn lêbur ing uripe, urip têtêpe ing ambêkan, ambêke napas, tanapas, anpas, nupus, sampurna mulih maring sajatine ora, badan nyawa sampurna mulya, ilang maring sajatine ana.

__________

--- 23 ---

Gambar, mêloking ngèlmi kasampurnan (tambahan Sêrat Parimbon Ngèlmu Khak Sajati Kang Sampurna).

Parimbon Ngèlmu Khak Sajati, Tanaya, 1932, #135: Citra 3 dari 3

--- 24 ---

Isinipun sêrat punika:

Bêbuka:

I. Khakekate ngèlmu kang ingaranan: sih, wahyu, nugraha.
II. Martabat sanga.
III. Khakekate kamuksan.
IV. Ngèlmu kang mungguhing rasulullah.
V. Khakekate saha dat ingkang sampurna.
VI. Khakekate ngèlmu sajati.
VII. Sajatining lanang lan wadon.
VIII. Paningkahipun ngèlmu ghaib.

Mêloking ngèlmu kasampurnan.

__________

--- [0] ---

[2 halaman iklan]

 


Tanggal: katon marganing sarira tunggal (AJ 1853). Tahun AJ 1854 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Agustus 1922 sampai dengan 13 Agustus 1923. (kembali)
kulit. (kembali)
tartamtu. (kembali)