Wirit Wêdharaning Cipta Sasmitaning Ngilmi, Kusumadiningrat, c. 1890, #1708 (Hlm. 001–092)

Judul
Sambungan
1. Wirit Wêdharaning Cipta Sasmitaning Ngilmi, Kusumadiningrat, c. 1890, #1708 (Hlm. 001–092). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
2. Wirit Wêdharaning Cipta Sasmitaning Ngilmi, Kusumadiningrat, c. 1890, #1708 (Hlm. 092–187). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
Citra
Terakhir diubah: 17-09-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Wirit Wêdharaning Cipta Sasmitaning Ngilmi

--- 1 ---

Punika warahing wirid wêdharaning cipta sasmita, inggih punika pambukaning rahsa gaib. Têgêsipun amêdharakên wijining wawêjangan ingkang pancèn taksih kinêkêr dening para wali miwah para winasis ahli marsudi rahsaning ngilmi makripat.

Ing mangke parêngipun ing karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma Mataram, andhawuhakên dhatêng para panêmbahan sapanunggilanipun, utawi Kyai Pangulu Ahmad Kategan, sadaya wau sami kinèn angrêmbag sakecanipun. Supados botên wontên sulayaning pamanggih. Kados ta: cipta sasmitaning ngilmi makripat, wontên ungêl-ungêlan, sajatining lanang sajatining wadon, utawi: kusumanjrah ing tawang: gigiring punglu, ngangsu pikulan warih, amèt gêni adêdamar, atining wuluh wuwang:[1] sapanunggilanipun kathah pandangu dalêm. Sarujuk aturipun para panêmbahan sakancanipun makatên.

--- 2 ---

1. Mênggah sajatining lanang punika wontên wadon, sajatining wadon dumunung wontên ing lanang, wêdharanipun kados ing ngandhap punika.

Winasta[2] roh kang ngamurba-amisesa ing jisim. Punika roh ilapi, inggih rohing wanudya, mapan wontên ing lanang: kasêbut nama madi, têgêsipun rasa silihan.

Winastan roh kudul mulya: têgêsipun maha sucèkakên ing jisim. Inggih punika rohing lanang: mapan salêbêting èstri, mila lajêng anuwuhakên karkating kakung dhatêng wanodya, karkating wadon dhatêng kakung: têmah kasamadan ing datipun piyambak-piyambak. Kawasa amêdharakên sèsining jagad.

Rêringkêsaning têmbung makatên.

Madi: rohing wadon dumunung wontên lanang.

Wadi: rohing lanang: mapan wontên ing wanodya, mila sami kadunungan kênyut utawi [uta ...]

--- 3 ---

[... wi] kasêngsêm. Saking katarik saking karkating rohipun piyambak-piyambak badhe gathuk angumpulakên cipta: dene wêdharaning rahsa rumasa makatên.

Saupami kakung anggadhahi cipta rumiyin, kalampahanipun ing têmbe badhe dados wiji èstri, awit jalêr ingkang karkat rumiyin.

Manawi nalika sawêg uninga: pawèstri dhatêng kakung lajêng anggadhahi karkat rumiyin. Yakti ing têmbe badhe nuwuhakên wiji jalêr, ing ngriku dumugi salamenipun manawi waskitha isthaning pangèsthi yakti sagêd cêtha cumithakipun èstri jalêring wiji wau, sanadyan badhe wêwatêkan miwah lêlampahan susah bungah ing têmbe babaraning jabang bayi punika yakti uninga, panitikipun nalika sawêg nitisakên, pêparênganing rama ibu nuju manggalih punapa, inggih punika ingkang kasêbut lohkil mahpul.

--- 4 ---

Kanyataan botên malèsèt badhe babaranipun. Bêbasan cêndhak dawa, sugih miskin, bungah susah sampu[3] pinacang pêpasthèning titah, sarta wontên tandhaning kaelokan.

Sadèrèngipun jabang bayi dèrèng babar, taksih wontên guwa-garba, punika kasêbut nama: nun. Têgêsipun cahya gaib. Saupami nalika sawêg kinandhut. Măngka bapa biyung salah damêl, kêdah nyambat ing jabang bayi kang dipun kandhut. Manawi botên nyambat asring wêwêlèh[4] sanalika, kados ta sikara dhatêng sarwa dumadi yakti badhe katăndha dhatêng wujuding jabang bayi, inggih punika nyataning roh taksih kasamadan napining Pangeran. Mila ingkang kapratelakakên ing nginggil wau sadaya sampun ngantos kirang sasêrêpan miwah panampining panggalih ingkang sagêd kapanggih.

--- 5 ---

2. Ingkang kaping kalih, wontên ungêl-ungêlan, kusumanjrah ing tawang: têgêsipun sêkar mêkar anjrah ing awang-awang punika ngibarating cipta, nêdahakên wujuding cipta wau mokal. Awit sagêd andadosakên sakala, kados makatên pêpindhanipun.

Manawi sawêg tuwuh wahyaning cipta punika bêbasan sakêclapan kawasa salad dhatêng Mêkah, sarta kumênyut anggadhahi pêpenginan. Sagêd rumasa sampun angraosakên. Mila duk ing kina-kina kathah para têtiyang asring supêna kapanggih kalihan ingkang dados sênênging panggalih wau, trêkadhang sampun sagêd asring pêpanggihan. Mila kathah kemawon para ahli anyipta asmaragama, ingkang kasêbut sadaya punika kapurba kawisesa ing dat kita,

--- 6 ---

tandhanipun dat kawasa anglimputi cipta, nyataning cipta dados sêsandhaning dat wau, katata wontên ênênging pranawa, lajêng amrabawani sakarkating pangangên-angên. Ing ngriku kawawa andhatêngakên karsa, dados sagêd anggêlar kaelokan. Mila kasêbut nama aji asmaragama, awit kawasa andadosakên cipta: kala ing kina kathah kemawon para satriya sapanunggilanipun wau manawi kasêbut ing lampah, lajêng masang aji asmaragama mahanani dhatêng pawèstri ingkang marêk ngriku. Têmah supêna kapanggih kalihan ingkang masang aji asmaragama wau, inggih punika kawasaning cipta manawi pinusthi kaupamèkakên sêkar sumêbar ing ngantariksa. Mila botên kenging kinaya ngapa kawasaning dat asêsandhan kalihan cipta, yakti katêmbungakên dados baboning rasa kang sajati, ugi kanyataan sareka dayaning cipta.

--- 7 ---

3. Ingkang kaping tiga, wontên ungêl-ungêlan. Gigiring punglu, têgêsipun pojoking mimis. Inggih punika ngibarating angên-angên. Pikajêngipun anêdahakên pangandikaning dat kaping kalih, 1. cipta, 2. angên-angên. Mila taksih elok pangawasipun.

4. Ingkang kaping sakawan. Wontên sasêbutan malih: angangsu pêpikulan warih, punika nêdahakên asaling kayu, têgêsipun gêsang: dadosipun manungsa sapanunggilanipun sagung dumadi wau saking nganasir kawan prakawis. Têgêsipun saking banyu sarining bumi, saking banyu sarining agni, saking banyu sarining angin. Saking banyu sarining toya, kasamadan sajatining toya gêsang: inggih punika tirta pawitra utawi tirta marta kamandhanu, dados ingkang kabasakakên ngangsu pikulan warih punika sajatining gêsang sadadaya[5] wau asal saking banyu, kang nyamadi inggih banyu,

--- 8 ---

manawi wantahipun makatên. Tiyang ngupados lêga punika inggih ingkang sagêd adamêl lêgawaning liyan. Dados uninga sajatining kayu: kayun, kayat. Têgêsipun gêsang wau sumêrêpa panggêsanganipun, dados uninga dhatêng ingkang anggêsangi: sadaya wau ngibarating toya gêsang.

5. Ingkang kaping gangsal. Wontên ungêl-ungêlan, amèt gêni adêdamar: punika nêpsu budi, pikajêngipun makatên. Amèt sirêping kanêpson wau ingkang sagêd padhang budinipun. Têgêsipun, sagêda anandukakên patrap ingkang sampeka dhatêng sirêping nêpsu wau, manawi sajatosipun amung nêdahakên dununging asal. Sawarnining umat punika asal saking gêni, kêdah kadunungana padhanging budi, dados sanadyan asaling gêni nanging botên angamungakên panas kemawon. Kêdah gêsanga budinipun.

--- 9 ---

6. Wontên ungêl-ungêlan malih, atining wuluh wungwang: punika sajatining napi, têgêsipun elok. Utawi mokal wuluh tanpa êros gadhah ati, pikajêngipun ingkang damêl sasmita wau makatên: napi punika dating Pangeran Kang Amaha Suci, mila dipun ngibarati atining wuluh wungwang punika dununging elok wontên mokal. Nyataning mokal gaib. Wujudi[6] gaib nyata kang tanpa kira, inggih punika kang asipat Êsa, têgêsipun wujud sawiji, wêdharing cipta sasmita dumunung ing rahsa sajatining rasa, têtêpipun nugrahaning Pangeran punika botên kenging kinaya ngapa, botên kenging kinira-kira, mila para winasis amung dipun angge ngibarat kemawon. Supados botên mêlok lajêring rahsa, wontên malih para ahli ngilmi makripat. Mênggah sajatining ngilmi kasampurnan punika kaupamèkakên karaton.

--- 10 ---

Kados makatên ngibarating lair batosipun.

1. Dat punika witing gêsang, mila isbatipun ing tata lairing alam, inggih ingkang jumênêng nata.

2. Nur: têgêsipun cahya, inggih punika ngibarating pêpatih, dene kawasa amadhangi sabuwana.

3. Sir: têgêsipun rasa, punika ngibarating bupati sinêlir, kiwa.

4. Roh: punika ngibarating bupati gêdhong, kiwa.

5. Nêpsu: punika timbanganing bupati sinêlir têngên.

6. Budi: timbanganing bupati gêdhong têngên.

Dene ngibarating bupati jawi punika wahananing sang nayaka waktra, makatên pêpindhanipun.

1. Suksma langgêng: têgêsipun pangrunguning talingan, punika dados ngibarating bupati sèwu,

2. suksma luhur, dados ngibarating bupati panumping: mata,

3. suksma purba ngibarating bupati bumi, grana,

4. suksma wisesa, punika ngibarating bupati bumija: inggih punika lesan. Sadaya wau tata saliring kalipah, têgêsipun wêwakiling Pangeran [Pa ...]

--- 11 ---

[... ngeran] punika dumunung ing ratu kang binathara.

Patih punika wahananing nata.

Para bupati lêbêt sakawan punika kalipahing nata binathara wau.

Para bupati jawi sakawan punika wahananing pêpatih.

Amung para bupati anon-anon sajawi lêbêting praja punika kalipahing pêpatih, dene purba wisesa wontên pangawasaning pêpatih, mila kasêbut nama mantri wisesa.

Wiyosipun. Ing mangke amratelakakên panunggilanipun ing wawêdharaning cipta sasmitaning ngilmi makripat. Ingkang nunggil rahsa gaib. Kados ing ngandhap punika,

1. Wontên ungêl-ungêlan, makatên.

Ana kayu kapurwa[7] sawiji, wit buwana, êpang keblat papat. Agodhong mega angine,[8] apradapa kêkuwung: kêmbang lintang salaga [sa ...]

--- 12 ---

[... laga] langit. Surya andaru kilat. Woh surya lan tèngsu, asirat bun lawan udan. Sasamine akasa brungkah pratiwi, aoyot bayu bajra. Kyai Pangulu Ahmad Kategan anggènipun nêgêsi makatên.

1. Ana kayu kapurwa sawiji, punika kanyataaning gêsang kapurba dening dat.

Wit buwana, têgêsipun wujuding sipat punika.

2. Êpang keblat papat punika dat, sipat, asma apngal. Têtêping manungsa saking kawan prakawis.

3. Agodhong mega angine, têgêsipun ingkang dados kitiring gêsang punika napas, anpas.

4. Apradapa kêkuwung: têgêsipun warnaning sipat punika sangking cahya.

5. Kêmbang lintang salaga langit. Têgêsipun cipta punika sumăndha wontên lali. Dados panyipta wau manawi kirang èngêt badhe nuwuhakên gagasa[9] ingkang kirang lêrês.

--- 13 ---

6. Surya andaru kilat. Têgêsipun lalining cipta wau, rumasa kawasa mrabani bawana piyambak.

7. Woh surya lan tèngsu, wêkasa[10] nuwuhakên nêpsu cipta jumênêng pribadi.

8. Asirat bun lawan udan. Têgêsipun sumuking nêpsu wau têmah kumaringêt, trêkadhang luh tumètès akumyus nêlêsi jasad sadaya.

9. Sakaliring[11] akasa brungkah pratiwi, ngantos angebahakên jagad têmah loroding rêrêgêd badhe mimbuhi uruh-uruhing siti.

10. Aoyot bayu bajra: pikajêngipun sakaliring urat-urat bayu-bayu larat kasabêt wêdaling angin agêng.

Pikajêngipun adêging gêsang punika saking dat sipat asma apngal. Sagêda têtêp wujuding gêsang, ngèngêtana jênênging manungsa, sumêrêpa pandamêlanipun wajibing gêsang: manawi kêkathahên cipta badhe ngrungkadakên pirantining jasat. Têmah lorot sawarnining [sa ...]

--- 14 ---

[... warnining] brungkah rêrêgêding badan. Ingkang bêkta, angin tanapas nupus. Mila bayu bajra wau saking bantaring swara mijil saking marga raksa, kasêbut ngêntut. Têgêsipun anut karkating tanapas nupus.

7. Bab kaping pitu, wontên ungêl-ungêlan malih, kados ing ngandhap punika:

1. Lempoh ngidêri jagat. Têgêsipun angên-angên.

2. Bisu mangkasi padu: inggih angên-angên. Pikajêngipun wahyaning osik ingkang sagêd cumithak dhatêng budi, dados sanyata pangandikaning Pangeran punika angên-angên. Măngka sampun dadosa osiking budi, yakti mratandhani dhatêng rêrubêt kawasa damêl karampungan. Manawi cumithak dhatêng cipta, têmah anggadhahi osik ingkang sagêd angidêri jagad.

3. Jong sumêngkèng wukir, têgêsipun baita ngrangsang gunung: inggih punika wahyaning cipta.

--- 15 ---

4. Cebol anggayuh langit, punika wahyaning nêpsu hawa, pikajêngipun nêpsu sawêg ngrêbda punika sasat urubing dahana ngalad-alad sundhul langit.

5. Katepan ngrangsang gunung: punika ngibarating tiyang alit mêmêngsahan para luhur, nanging ingkang alit sawêg mêdal kanêpsonipun. Dados supe talitining asudra, muhung arda andadra ngadêg suraning driya.

6. Gêni sapêlik malêtik nibani bêbayi, têmah dèn damoni, sawênèh, gêni murub, kang ngurubake bocah bajang. Inggih punika nunggil misah ungêl-ungêlan kemawon. Têgêsipun sami ngrêbdaning nêpsu: pikajêngipun wêdaling kanêpson punika amung kataman têmbung kasaliring sakêdhik. Botên marwat[12] yèn sagêd lajêng sagêd ngămbra-ămbra. Yèn tinêmaha trêkadhang botên murub.

7. Jênang katul sadangan. Dèn wungkus godhong asêm. Dèn bitingi alu bengkong, punika ngibarating dat kang agung. Kawasa ngèbêki jagat.

--- 16 ---

Kawungkus ing godhong asêm. Inggih punika jinêm. Alu bengkong punika pusuh jantung:1

Dados ingkang dipun basakakên dat punika napi, dumunung wontên ing jinêm. Sagêdipun barukut margi saking ancêr-ancêring pêpusuh, wêdharing sasmita amung dados pitêdahan gaibing napi wau dene yèn alit langkung lêmbatipun. Bibasan[13] samrica binubut. Yèn ambabar ngèbêki bawana, sajabaning jagad inggih kèbêkan. Dadya salêbêting ngabuntu sami kalimputan napi sadaya, parandosipun sumimpên wontên ing jinêm botên kawistara, lêlantaraning jinêm ing pêpusuh jantung: mila dipun ngibarati punjul ing ngapapak, mrojol ing ngakêrêp. Ngantos nyamadi ingkang botên kapiarsa, saking lêmbatipun, tăndha kawat[14] kaliwat.

--- 17 ---

Mênggah ingkang kapratelakakên sasmitaning ngilmi sadaya wau, amung kangge rêraosan kemawon. Manawi kadamêl parlu dene angindhakakên pamanggih minăngka pangasah, dene manawi botên kaangge ing parlu dèn anggêp cêcangkriman inggih pantês. Mila kapêndhêt sawatawis kemawon. Saking aturipun para panêmbahan, miwah para pangeran pradikan. Utawi Kyai Pangulu Ahmad Kategan. Amung kèndêl samantên. Awit mindhak angaling-alingi ingkang parlu, jalaran rahsaning ngilmi punika manawi ginêlar langkung kathah, bêbasan mèh botên wontên pêdhotipun. Luhung andugèkakên pangimpuning ngilmi satêlasing sarahsanipun pisan. Kyai Pangulu Ahmad Kategan sagah andhatêngakên sawarnining kitab-kitab.

--- 18 ---

Dhawuhing pangandika dalêm makatên.

Sajatine Pangeran Kang Agung kang ngamurba-amisesa ing bawana anging ingsun.

Sajatine gusti iku kawula, sajatine kawula iku gusti: lan sajatine batin iku lair, lair iku batin. Bêcik iku saka ala, ala iku witing bêcik. Ing kono anane awal akir, dunya ngakerat. Yakti ora kêna yèn kaanggêpa lora,[15] yèn ngaranana sawiji sirik.

Têlasipun pangandika dalêm ingkang makatên wau para panêmbahan sakancanipun sadaya botên sagêd amangsuli sabda pangandika dalêm wau, amung sungku sumungkêm ing sapandulu tumungkul. Tăndha botên gayuh wahyaning sabda dalêm. Kawimbuhan saking kataman prabawaning kalipah, awit sampun kanyataan ratu

--- 19 ---

binathara punika wêwakiling Pangeran Kang Amaha Suci sajati, makatên malih sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Mataram punika ratu parampara, têgêsipun nata pandhita, yakti botên wontên ingkang purun amangsuli atur, ajrih sêsikuning kang adamêl gêsang: sarta ajrih sêsikuning ratu: yakti dados saciptanipun. Măngka Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung punika kasusra yèn winênang amêngku wahyaning wahyu tigang prakawis.

1. Amêngku wahyu nubuwah, têgêsipun wahyu karaton binathara.

2. Amêngku wahyaning wahyu kukumah, têgêsipun rinilan jumênêng ratu adil.

3. Amêngku wahyaning wahyu wilayah, têgêsipun rinilan jumênêng waliyulah mila para winasis angisis sadaya.

--- 20 ---

Mênggah wiyosing sabda pangandika dalêm ing nginggil wau sadaya, têgêsipun karsa dalêm botên kaparêng yèn angèndêlêna ingkang sampun kagêlarakên. Malah kadhawuhan anglajêngakên kados ingkang sampun kawiyos. Dene ingkang sagêd anampèni dhawuhing cipta sasmita dalêm ingkang makatên wau, amung Panêmbahan Ratu Pêkik ing Surabaya, kasarasèhakên dhatêng Kyai Pangulu Ahmad Kategan. Dene para panêmbahan sakancanipun amung ngidini kemawon. Wêdharing pamanggihipun satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika.

1. Ingkang kadhawuhakên rumiyin. Sajatine gusti iku kawula, sajatine kawula iku gusti, têgêsipun gusti wau dat. Kawula punika sipat. Sajatining dat iku dumunung ing sipat. Sawarnining sipat punika [pu ...]

--- 21 ---

[... nika] katitipan rahsaning dat. Dadosing sipat kapurba ing dat. Mila kaupamèkakên sêsotya lawan êmbanan. Dene kang angandika sajatine Pangeran Kang Agung punika inggih ingkang sinuhun piyambak. Dados ing nalika punika parênging karsa dalêm angagêm kalipahipun. Yakti botên kenging yèn kabatalêna.

2. Sajatining batin iku lair, sajatine lair iku batin.

Ingkang makatên punika amung nêdahakên dununging karsa dalêm wau inggih wajibing kawula, karkating kawula punika inggih batining ratu, dados anêdahakên yèn sampun anglairakên dhatêng kawula, yakti botên kenging yèn ambatalna ingkang sampun kawiyos. Kawula amung sadarmi pinitaya kantun anglampahi.

--- 22 ---

3. Sajatine bêcik iku saka ala, sajatining ala iku witing bêcik. Têgêsipun, sêsotya punika saking watu, witing watu saking sêsotya, makatên wêdharing sasmita, panjênênganing nata anggènipun kasêbut ratu saking loking kawula, witing aran kawula kapurba saking kawasaning ratu, dados kengising kancana punika saking kasiram rêgêdipun. Yakti botên kenging yèn kabirata.

4. Sajatine dunya ngakerat iku ora kêna yèn diaranana roro, karana ananing kawula saking angênggèni ngalam dunya, nyataning donya iya awal. Sirik sarta kaaranan batin. Mila pasêbutan ingkang mungêl makatên wau kêdah angèngêti yèn kawula punika angawula.

--- 23 ---

Pangandika dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, dhatêng Kangjêng Panêmbahan Ratu Pêkik ing Surabaya makatên.

Rama: Mênggah beda-bedaning dat anggènipun anggadhahi pangawasa sagêd amratandhani dhatêng bedaning gêlar kukudan. Rama amratelakna nyataning pêpangkatanipun. Kalih si Pangulu Ahmad Kategan. Supados sami karaosakên para panêmbahan sakancanipun. Kangge wimbuhing pangimpuning ngilmi makripat. Aturipun Panêmbahan Ratu Pêkik ing Surabaya, sarujuk kalihan atur pamanggihipun Kyai Pangulu Ahmad Kategan kados ing ngandhap punika:

Sajatosipun dat kang amaha suci punika langgêng botên kenging ewah gingsir, mila kasêbut sipat satunggal. Dene anggènipun lajêng anggadhahi kawasa sagêd angebahakên saniskara, sèsining bawana punika

--- 24 ---

saking purbaning napi latip. Inggih punika gaibing Pangeran anggènipun badhe ngambu, ngrungu dulu micara: nandhakakên manawi dat punika wujud, napi mêsthi anane: ing nalika dat dèrèng mêdharakên pangawasa, taksih kasêbut nama kun. Têgêsipun pupul. Inggih kumpul kêmpêling roh kalihan cahya, gêsangipun amung sawêg cipta kemawon. Sarêng sampun umijil saking guwa-garba, lajêng kasêbut nama payakun. Têgêsipun roh ingkang sampun cumêngèr, inggih punika wiwit pangandikaning dat sapisan. Nanging dèrèng gêlar pamiarsa, panggănda, pandulu, mila etanging wilujêngan amung salêbêtipun sapêkên, awit mêdal dumugi pupak pusêr: punika taksih sinêngkêr dening Pangeran Kang Amaha Suci, dene kêkuwatanipun saking kalimputan pupuling napi latip. Sabibaring sapêkên lajêng

--- 25 ---

pangawasaning nami jinis. Mratandhani pamiarsa nanging dèrèng rumasa, mila pandulunipun botên sagêd cêtha, pangambunipun sawêg ngangge purbaning napi jinis wau, sasampuning makatên napi latip kalihan napi jinis têmpur, têgêsipun tarik-tinariking daya sami kuwatipun. Panjing-pinanjingan. Susup-sinusupan. Mila wilujênganipun winastan sêlapan. Têgêsipun sumusuping napi latip kalihan napi jinis. Mênggahing dalêm wawêjangan dumadining sipat punika dipun basakakên mudah, dene mudah wau nandhakakên katingal warnanipun. Nandhakakên cahyaning napi katingal. Lajêng sarosa tangisanipun. Punika nandhakakên gêsanging cipta: mila sagêd angênyut awit tandhaning rahsa kang rumasa, lajêng anggadhah toya bantêring uyuh tinja, punika nêdahakên sampun karaos pait lêgi, lajêng kataman [ka ...]

--- 26 ---

[... taman] dayaning dat amêdhar purba wisesa, mila kadunungan beka, inggih nandhakakên agêlar nêpsu hawa: sarêng sampun dumugi sêlapan dintên mawi dipun wilujêngi malih, punika nandhakakên têtêping mudah gangsal prakawis. Nanging dèrèng kengis urubing nêpsu wau, têgêsipun urubing nêpsu punika budinipun sawêg krêkêt kemawon.

Dene anjinging mudah gangsal prakawis wau tajalining dat lajêng dipun wastani dadining păncadriya, têgêsipun ati gangsal. Pêpangkating sabên salapan, kasêbut gangsal prakawis.

1. Etang sawêg sêlapan. Păncadriyaning mudah sawêg anggar: têgêsipun lare umur salapan wau dèrèng kanggenan sambegana, têgêsipun èngêt. Kaelinganipun taksih cat-catan. [cat-ca ...]

--- 27 ---

[... tan.] Awit urubing nêpsu dèrèng sumusup ing budi.

2. Winastan amêgar: têgêsipun lare umur kalih lapan wau sampun wiwit mêgar budinipun. Nanging dèrèng sagêd nata budi, margi taksih kaprabawa urubing nêpsu wau, mila ing dalêm păncadriyanipun sawêg amêgar.

3. Tigang lapan punika kasêbut ambabar, păncadriyanipun wiwit sagêd andarbèni bingah.

4. Sakawan lapan punika winastan agêlar: têgêsipun păncadriyanipun sampun wiwit anggadhahi mengo, ngêmohi panêsêping toya susu.

5. Gangsal lapan. Winastan andadar, têgêsipun sabarang tinêdha kêdah dhatêng sanalika.

--- 28 ---

6. Nêm lapan punika kasêbut amalar, têgêsipun mindhak-mindhak.

7. Pitung lapan nama kahar: têgêsipun wisesa, ing dalêm pandulu pangrungunipun rumaos dipun ugung dipun umbar, mila wilujênganipun mawi dipun saranani raja dunya sakadaripun. Winastan têdhak siti, lajêng angetang taun.

1. Sataun kasêbut mangambar, têgêsipun sakathahing kang kadulu kang karungu, amung sênêng kemawon.

3. Tigang taun. Kasêbut tumangkar, têgêsipun sabarang ing sêdyanipun botên kenging dipun pênggak. Mila kabasakakên kumratu, pikajêngipun kados ratu, botên purun takluk sasamining tiyang: tur dèrèng sumêrêp ing tata.

5. Gangsal taun punika kasêbut angêlar

--- 29 ---

têgêsipun rumaos anggagahi sarekadayaning tiyang sêpuh, sampun wiwita ajêg. Mila ingkang makatên punika amung winulang sarana pangalêmbana, supados ngawuningani kaananipun ingkang gumêlar ing ngalam dunya.

6. Dumugi nêm taun lajêng kasêbut anggagar: pikajêngipun anut dhatêng tiyang sêpuh, mila nama lare, têgêsipun sakuwate: sampun gagar tilasing bêbayi, dene wilujênganipun lajêng santun nama bocah.

9. Inggih punika ngangkat tumbuk taun. Salajêngipun angetang taun ingkang tumbuk wau, awit kaangge panêngêran antaraning Islam. Kasuda tigang taun.

Kados ta: lare jalêr umur 15 taun. Lare èstri umur 12 taun, punika kasêbut nama akir baleg, mila wajibipun kaislamakên.

--- 30 ---

Sadaya ingkang kasêbut panjinging mudah gangsal prakawis wau, sarêng katumbukakên saking sangkan-paraning tanajul-tarkinipun inggih sami gangsal wilujênganipun.

Tumbuking wilujêngan.

Salapan.

Tigang lapan.

Gangsal lapan.

Pitung lapan.

Lajêng ngetang sataun.

Tigang taun.

Gangsal taun.

Pitung taun.

9: Sangang taun.

Mênggah pêparincèn ingkang makatên wau amung nêdahakên tancêbing mudah gangsal prakawis anggènipun gadhah sasêbutan păncadriya, dene cumithakipun mudah, ugi sumusup dhatêng purba wisesaning suksma gangsal prakawis. Pratelanipun [Prate ...]

--- 31 ---

[... lanipun] kados ing ngandhap punika.

1. Mudah manjing saking netra: sumusup dhatêng pusuh jantung: dados anggêsangakên budi.

2. Mudah manjing ing karna, sumusup dhatêng manah, dados anuwuhakên kanêpson.

3. Mudah manjing dhatêng grana, sumusup ing rahsa, dados anuwuhakên sênêng parêng.

4. Mudah manjing dhatêng lesan, sumusup dhatêng roh dados anuwuhakên gêsanging têdha.

5. Mudah manjing dhatêng utêg. Sumusup ing jinêm. Mila kawasa anggadhahi lêgawa panarima, mudah dumugining guwa-garbaning manungsa, lajêng sumarambah dhatêng: lêlimpa: mila kandêl ing antêping budi, sumarambah dhatêng ginjêl. Lajêng nuwuhakên pangunêg-unêg. Sumarambah dhatêng ampêru, lajêng anuwuhakên kadunungan sêsakit. Utawi kapêtêngan manah, sumusup dhatêng kêbuk lajêng nuwuhakên maras, sumêlang: ajrihan.

--- 32 ---

Manawi maras punika katumusana hawaning ampêru têmah ambabar sungkawa ngrêbda, mila kadunungan anangis.

Manawi ampêru lubèr toyanipun anganakakên sêsakit. Awit cumêpak angalang-alang lampahing, napas, anpas, tanapas, nupus. Têmbah[16] adamêl sêndhêt, mila kasêbut mangsuk angin. Sumarambah dhatêng pirantining badan sadaya lajêng ngrêbda sêsakitipun.

Wiyosipun. Mênggah kawontênanipun sami kapratelakakên pakartining jasad, supados uninga pêpangkataning mudah gangsal prakawis. Anggènipun sumusuping rahsa, sagêdipun sêsilih aran păncadriya, kados ingkang sami kasêbut nginggil. Dat dumugining sipat. Ugi panjing-pinanjingan. Susup-sinusupan êmpanipun.

--- 33 ---

Têlas atur pratelanipun Panêmbahan Ratu Pêkik ing Surabaya, kalihan atur pratelanipun Kyai Pangulu Ahmad Kategan.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung lajêng mupakatakên dhatêng panêmbahan Juru Kithing: Panêmbahan Juminah, ugi sampun sami anayogyani ingkang dados aturipun Panêmbahan Ratu Pêkik ing Surabaya wau, namung usulipun Kangjêng Panêmbahan Purobaya dhatêng kangjêng sultan makatên:

Mênggah ingkang nama kudrat punika pundi, ingkang nama kudrat lair,[17] kalihan kudrat lair bedanipun punapa.

Dhawuh pangandika dalêm makatên:

Mungguh kang padha dèn arani kudrat batin punika, inggih dat kang amurba-amisesa ing bawana punika, dene kudrat lair punika saking ingkang sami dipun angge punika,

--- 34 ---

1. Dat. Têgêsipun wujud.

2. Sipat. Têgêsipun warna.

3. Asma nama: inggih namanipun sadaya sipat.

4. Apngal. Têgêsipun pandamêl. Inggih sakaliripun ingkang sami ebah punika sadaya.

Dene kudrat lair, ingkang kasêbut ing Jitabsara, ugi kawan prakawis.

1. Surya: têgêsipun srêngenge, dene anggadhahi pangawasa amadhangi bawana, sarta sagêd ambirat sagung sarwa ganda, têgêsipun nyirnakakên ing ngatêlês. Ambirat gănda amis bacin badhêg bangêr, sadaya sirna saking bagaskara. Mila wênang sêsilih Pangeran.

2. Candra, têgêsipun rêmbulan. Pangawasanipun sagêd amartani sèsining bawana, sami ayêm saking dayaning wulan. Mila sami sêsilih Pangeran.

3. Kartika, têgêsipun lintang kawasanipun sagêd asung siliring samirana ing bawana, ugi wênang sêsilih Pangeran.

--- 35 ---

4. Swasana, inggih punika kêkandhanganing sarwa dumadi ing jagad-raya, kawasanipun sagêd anartani jawi lêbêting jagad-raya sadaya. Nadyan kayu wau ingkang jêmbar ingkang ciyut. Ingkang sêsaka ingkang logro, ingkang bolong ingkang buntu sami kalimputan ing swasana, mila sami samining kudrat anggadhahi gaib piyambak. Kawasa anunggil paworing kawula Gusti, winênang amurba-amisesa ing ngalam awal akir, nunggil kalihan napi jinis. Dados ing sajatosipun swasana punika wêwayanganing napi, napi punika wahananing dat. Mila kenging dipun basakakên cêdhak ora senggolan. Parêk tan kêna dinumuk. Ingkang makatên punika saking gaibipun. Utawi sipat mokal. Nyata wujud. Mila kabasakakên mokal orane mêsthi anane, nanging manawi botên waskitha: lăngka wruha.

--- 36 ---

Pangeran ing Ngadilangu sumêla ing atur.

Mênggah bedanipun swasana kalihan napi, utawi rumiyinipun dumadi ingkang pundi. Dhawuhing pangandika dalêm makatên.

Sajatine ora ana kang tuwa anom. Ora dhingin ora ana kang dhingini. Urip ora ana kang nguripi, mulane winênangake dadi sêsulih jalaran saka elok sipate: ora arah ora ênggon. Ora jaman ora makam. Dudu lanang dudu wadon dudu wandu, nanging uga wandu nyata lanang wadon. Uga jaman makam, nyata arah ênggon. Dumunung ana ing nutê gunêng: têgêse ana ing Adam.

Para panêmbahan. Utawi para pangeran, nalika nampèni dhawuhing pangandika dalêm ingkang makatên wau, taksih sami tarwilun ing pamanggih, sawêg satunggal kalih ingkang sagêd tampi.

--- 37 ---

1. Panêmbahan Purobaya, sagêd anampèni dhawuh dalêm wau, nanging dèrèng wani anggêlarakên.

2. Panêmbahan Juru Kithing, pamanggihipun sawêg sawatawis. Dèrèng sagêd amêdhar.

3. Panêmbahan Juminah sampun sagêd tampi sarta purun anggêlar, nanging taksih tumpang-suh patrapipun ing pamêdhar.

4. Panêmbahan Ratu Pêkik ing Surabaya, sampun sagêd anampèni sarta patitis pamêdharing rahsa jati, cacadipun radi kalojok ing têmbung: kirang luluh pakartining atatakrami, dados kenging kasêbut angiyas pangawikan.

5. Pangeran ing Kajoran taksih grago pamanggihipun.

6. Pangeran ing Têmbayat saya nyamut-nyamut. Margi pawitan ajrihan. Dados amung [a ...]

--- 38 ---

[... mung] ngelu kemawon.

7. Pangeran ing Kudus. Inggih sampun katawis sagêd anampèni, nanging kalojok ing gunêm. Dados kirang tarêtip pamêdharipun.

8. Pangeran ing Wăngga, inggih sagêd lantip ing pamanggihipun. Nanging manawi kapêngkok ing kathah balenjani, têgêsipun beda yèn anggêlar gunêm piyambakan. Sagêd rèntès tur patitis trusa nyata, supradosipun manawi sami musawaratan lajêng botên gadhah ginêm ingkang malênis. Amung tansah ngelu kemawon.

9. Kyai Pangulu Ahmad Kategan. Pamanggihipun kêplok kalihan pamanggih dalêm. Mila Kyai Pangulu Ahmad Kategan lajêng kajibahakên anggêlarakên sadaya.

--- 39 ---

Ing mangke parêngipun ing karsa dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung: Kyai Pangulu Ahmad Kategan ingkang rinilan anggêlar rahsaning Kitab Jitabsara, babon saking Najran. Utawi sorahing Kitab Miladunirèn, babon saking Rum. Kawimbuhan saking Sêrat Pêpakêm Jawi, dipun wastani Sêrat Darmasunya, sadaya wau ingkang kadhawuhan anggathukakên raosipun satunggal-tunggal amung Kyai Pangulu Ahmad Kategan piyambak. Mila pangarangipun ing ukara, botên mêsthi wontên ing ngarsa dalêm. Kaangge kalihan ênggèn. Amung supados sêpi, amargi manawi botên pinêsu maksa ing ngasêpi, yakti jaruh ing pamanggih. Kala samantên Kyai Pangulu Ahmad Kategan lajêng rinilan angrasuk busana sarwa suci dupa-dupa,

--- 40 ---

dadosa têtuladanipun ing wingking.

1. Angagêm sandhangan sarwa pêthak, dalah sarbanipun inggih pêthak.

2. Rinilan angangge rasukan sajawining jubah pêthak wau lajêng kotang cara Rum Sêtambul. Mila tulus sapariki para panganggening kaji pangulu, kados isthaning pandhita Islam.

3. Manawi badhe anggêlar pangawikan utawi sowan ing ngarsa dalêm inggih makatên panganggenipun. Sarta rinilan ngangge dhuwung kacothe ing ngajêng: dalah para panêmbahan utawi para pangeran pradikan inggih sami makatên panganggenipun. Dalah sampeyan dalêm ingkang sinuhun ugi mangagêm makatên amung sabên miyos Jumungah kemawon. Tulus dados wêwatoning para ngulami sadaya.

--- 41 ---

Kala samantên parêngipun ing karsa dalêm, malah dipun pundhut aluraning wali, kapêndhêt wit saking canggah, ingkang talitining wali kadadosakên pradikan, ing pundi panggenanipun kalêstantunakên. Sanadyan ingkang gêgriya ing rêdi, ing dhusun-dhusun, jurang pèrèng: sami katimbalan. Lajêng katêtêpakên pradikan. Manawi dèrèng wanci rinilan angêmbani ali akrapipun sarta kadhawuhan amarah muruk ing agami wajibing ngulami. Mila tulus sapiturutipun pangulu ing praja wau kêdah nglêluri talitining para wali ingkang patitis.

Dene pêpatih dalêm ugi kadhawuhan anglêluri talitining abdi dalêm. Utawi tilasing tiyang labuh nagari, sanadyan talitining asudra anggêr wontên tilasing lêlabêt ing ratu

--- 42 ---

lajêng kadhawuhan andadosakên abdi dalêm pamijèn. Sarta kaparingan têdha saking lênggah siti sapantêsipun, mawi têtimbangan saking kasagêdanipun, miwah wănda-wandaning têtiyang pêpantêsanipun.

Sasampuning makatên, parêngipun ing karsa dalêm para pangupayaning kawula wau ingkang kajibahakên para pangagêng.

Saupami ingkang ambawahakên piyambak-piyambak kasandhunging ngaral, măngka sampun dados abdi dalêm. Pangagêng ing ngriku kalilan anglapurakên sarta nyuwun paring dalêm.

Saupami wontên ingkang gadhah kajat nyuwun ngalap bêrkah dalêm. Kalilan angladosakên sri kawis satak sawe, ayam pêthak sagarda lima, mawi uwos sapitrah: dene lêbêtipun mawi kairid dening Kyai Pangulu Ahmad Kategan sakancanipun para kêtip.

--- 43 ---

Ing ngandhap punika amratelakakên gancaring Jitabsara, kêkaranganipun Kyai Pangulu Ahmad Kategan, têrang dhawuhing pangandika dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma Mataram. Kyai Pangulu Ahmad Kategan wau kadhawuhan angimpuni rahsaning kitab-kitab ingkang nunggil raos kalihan Kitab Idayatul Kakaik. Utawi Kitab Maklumatul Uluhiyah, badhe kaimpu sadaya, mila ing mangke sorahing Jitabsara kalihan gancaring Sêrat Darmasunya, nadyan wêwarahing para pandhita duk jaman purwa inggih kaparêng ngalêmpakakên. Minăngka dados lêlimbanganing ngilmi makripat kasampurnaning gêsang.

Wiyosipun. Ing nalika Kyai Pangulu Ahmad Kategan badhe ngarang gancaring Sêrat Jitabsara kalih Sêrat Darmasunya, kyai pangulu mawi salad kajat manungku pudya sêmadi, anêgês karsa marsudi kawasa nulat kadi duk kasenapatèn.

--- 44 ---

Dalah lampah-lampahipun sadaya dipun cithak. Salêbêtipun pati raga, Kyai Pangulu Ahmad Kategan sampun angsal ilhaming Pangeran rinilan anggêlar ingkang dados kajatipun. Sabakdaning pati raga lajêng sowan ing ngarsa dalêm, musawaratan ngilmi kalihan para panêmbahan sapanunggilanipun. Ngiras ngaturakên kancanipun para kêtip miwah para pamagangan ngulama, anakipun para tiyang labuh labêting ratu, ananging dèrèng kalilan ngadhêp musawaratan. Amung satunggal nama Ahmad Burham. Anakipun pangulu ing Pajang: putu buyutipun Kyai Cindhe Amoh, ing nguni dados dhalang wayang bèbèr duk Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, sarêng angsal tanggunganipun Kyai Pangulu Ahmad Kategan, Kyai Burham lajêng kalilan sumiwi ing ngabyantarendra, dinangu aluranipun rèntès titi patitis têrus. Botên mambêt lare ing dhusun.

--- 45 ---

Enggalipun Kyai Burham wau lajêng kaparingan pangkat abdi dalêm ajar saloka.

Kacariyos ingkang anggancarakên warahing Kitab Jitabsara utawi Darmasunya, ugi Kyai Ahmad Burham wau, kalihan Kyai Pangulu Ahmad Kategan. Ing ngriku witing ajar saloka kagolongakên ing kapangulon. Kala ing kina ajar saloka wau dados rèhing kapujanggan. Awit pakartinipun andonga Buddha, ing sabên Raja Weddha Maesa Lawung: Jatingarang wajib ajar saloka ingkang donga, dede golonganing agami.

Kala samantên Kyai Pangulu Ahmad Kategan ingkang ambukani wêdharing Sêrat Darmasunya, kalihan Sêrat Jitabsara, wêwatoning para jawata katètèsakên kalihan rasaning Kitab Idayatul Kakaik, miwah sarahsaning Kitab Maklumatul Uluhiyah.

--- 46 ---

Mênggah aturipun Kyai Burham dhatêng Kyai Pangulu Ahmad Kategan makatên.

Ing nalika kaki Cindhe Amoh dhalang ing Pajang: gadhah pêpakêm paringipun Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga: anyêbutakên panganggitipun Bagawan Parasara ing wukir Saptarêngga, ugi katètèsakên kalihan Êmpu Yogiswara ing Mamênang. Sami karsa ngarang rahsaning Sêrat Darmasunya, wêwaton saking Kitab Adam. Dipun wastani Jitabsara, inggih punika nunggil rahsanipun. Mila lajêng linuri-luri dening kaki Cindhe Amoh wau, dhawuhipun Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, dikakakên ngrawati ingkang kêsait. Têgêsipun sagêd dados panggêsanganing jasad. Sarêng kapiji ing ngarsa dalêm inggih lajêng ngaturakên ingkang dados masahiling kaki, kula nyumanggakakên sagadhah-gadhahan kula,

--- 47 ---

Kyai Pangulu Ahmad Kategan ingkang kadhawuhan maos gancaranipun. Manawi kirang luwês ukaranipun dikakakên ngêlus têmbungipun.

Enggaling cariyos sarêng sampun sagêd luwês ukaranipun, lajêng kangge musawaratan ing sabên wiyosan dalêm sami rinêmbag dening para ahli ngilmi, dene ingkang kalêrês maos Pangeran ing Ngadilangu kalihan Pangeran ing Têmbayat.

1. Eka mahkandhêh, têgêsipun bab kapisan. Amratelakakên kudrating Pangeran Kang Amaha Suci, duk maksih awang-uwung: dèrèng wontên sawiji-wiji, ingkang wontên rumiyin, punika kudrat sakawan. Lintang, surya, wulan, swasana, sakawan punika langgêng botên kenging ewah gingsir salamènipun. Ing nalika samantên taksih suwung gêmplung tanpa ujung dèrèng wontên siyang dalu.

--- 48 ---

1. Dene ingkang nama swasana punika dunungipun amung ngumandhang wontên ing ngalam antara, têgêsing ngalam antara punika têngah-têngahaning jagad sunya-ruri, kalihan ing ngandhap utawi manginggil sami kemawon.

2. Dene ingkang nama candrama punika rêmbulan. Warnanipun jêne amaya-maya asmu ijêm. Hawanipun asrêp. Kadi toya mênêp. Ingkang kasêbut nama wulan punika inggih jagani bawana, kaananipun kalihan ing ngantara wau kaot tigang ngatus pandulu, ing têmbe kawasa amartani sèsining jagad-raya.

3. Dene ingkang nama bagaskara, utawi surya punika, kalihan wulan inggilipun kaot tigang ngatus pandulu, warnaning srêngenge wau abrit mangangah, jagadipun abra markata, ing têmbe kawasa ambirat sarwa ganda ingkang botên eca, sarta sagêd anggaringakên ngatêlês. [ngatê ...]

--- 49 ---

[... lês.] Mila winênangakên dados wêwakiling Pangeran Kang Agung alamipun nama alam nêpsu.

4. Dene ingkang nama kartika punika saya inggil malih kalihan surya kaot tigang ngatus pandulu, warnaning lintang punika ijêm asmu jênar maya-maya ing têmbe kawasa adamêl silir-siliring jasad sarwa dumadi ing têmbe, sarta sagêd adamêl garing tanpa panas. Inggih punika ngibarating cipta.

Mênggah kudrating Pangeran sakawan bab wau nalika Pangeran Kang Agung dèrèng amijèkakên sèsining bawana, ingkang sami dados isining ngalam sunya-ruri inggih amung sakawan punika, ananging rèhning sami rumaos dados wêwakiling Pangeran sarta sami anggadhahi wawênang piyambak-piyambak. Lami-lami kudrat sakawan lajêng rêbat daya panguwasanipun. Sami sarosaning pangawasaning

--- 50 ---

kudrat sakawan wau ngantos angebahakên alaming gaib. Mawa swara rug gumaludhug tanpa mêndha, saking lamining para rêbat daya wau, têmah kumaringêt. Wantuning karingêt tanpa mêndha lajêng ngantos tètès wontên agraning wukir cakrawala, lajêng angebahakên antaraning swasana wau, makatên lampahing kudrat sakawan.

Ing nalika punika, toya kringêt ingkang sangking kudrat sakawan saya wimbuh-wimbuh rêmbêsing toya sangsaya agung ngantos sagêd mili, mila dipun wastani tirta pawitra, têgêsipun toya wiwitan.

Dene kawasaning lintang wau sarêng sampun anggadhahi tuntunan saking tirta pawitra, lajêng sangsaya agêng dayaning angin prahara kawimbuhan ombak umbuling tirta pawitra.

Dene daya pangawasaning surya, sarêng sampun [sampu ...]

--- 51 ---

[... n] gadhah lambaran agunging tirta pawitra, sangsaya arda daya pagèndènging panas wau, awit wontên ingkang ngebahakên. Sumuking bawana sangsaya arda andadra: mila malah angagungakên wahyaning tirta pawitra.

Dene daya pangawasaning rêmbulan, ugi sangsaya sarosa anggènipun amartani bawana, saya nambahi asrêping ngalam sadaya, tètèsing tirta pawitra sangsaya agung ngèbêki jagad-raya.

Dene swasana, sarêng kataman daya pangawasaning tigang kudrat wau, wah katetesan wijiling tirta pawitra, têmah amimbuhi daya malah langkung sarosa malih, ngantos sumundhul ing tri bawana, têgêsipun kawasa angrambang dayaning kudrat tigang jaman wau, ing ngriku tirta pawitra lajêng sagêd umili saking antaraning jagad lèr mubêng dumugi jagad kidul.

--- 52 ---

Ing ngriku tirta pawitra, lajêng kasêbut nama tirta marta kamandhanu, têgêsipun banyu kang malêngkung saking jagad iring lèr dumugi jagad kidul. Inggih punika witipun wontên toya sagara, nanging sadaya dèrèng wontên. Dene dêdalaning toya malêngkung wau, ing mangke sami amastani kluwung: mila mawa cahya abang ijo kuning tăndha taksih ajêg lampahing kudrat sakawan dènnya sami rêbat daya wau.

Saupami srêngenge lampahipun dumugi kidul. Ingkang kaungkulan anggung katetesan sumuking karingêt dènnya rêbat daya, dados winastan masa rêndhêngan.

Dene yèn srêngenge nglèrèg mangalèr, wulan gêntos mangidul. Kasêbut masa têrangan. Kawimbuhan dayaning lintang lawan swasana, mila kathah angin ingkang dhatêng.

--- 53 ---

2. Dwi mahkandhêh, têgesipun bab kaping kalih. Amratelakakên dayaning kudrat sakawan wau, botên mêndha malah dadra arda rêbatan daya sami sarosa salaminipun. Mila tinata dununging para daya makatên.

Mênggah tumusing tirta marta kamandhanu wau, alusipun anunggil gaibing swasana, lajêng kasêbut nama napi jinis. Inggih punika sajatining toya gêsang. Dados sêsandhaning Pangeran Kang Amaha Suci.

Dene kasaraning tirta marta kamandhanu wau lajêng saya ngêbaki jagad, mila kasêbut nama toya sagara, utawi jalanidhi.

Dene rêmbêsing toya ingkang kasar wau rèhning saya wimbuh-wimbuh, tambah-tumambahing toya kasar. Măngka kaprabawa panasing surya lawan prabawaning lintang rêmbulan. Dados lajêng pupul, têgêsipun kêmpêling toya kasar wau dados [dado ...]

--- 54 ---

[... s] êmbêg-êmbêg, manawi kenging panas saya atos, tambah-tumambah malih saya kandêl. Salamènipun tansah mêndha. Sarta tansah kêmpêl kêtaman asrêp, lajêng kataman panas sangsaya atosipun. Makatên salamènipun. Mila ing ngandhap piyambak saking atosipun ngantos sagêd dados watu. Sanginggiling watu sagêd dados padhas. Sanginggiling padhas nama siti. Sanginggiling siti nama wêdhi, sanginggiling wêdhi nama ladhu, sanginggiling ladhu nama lêmah. Têgêsipun êmbêg ingkang tansah lêmês. Saupami lumènging êmbak punika kabantêrên panas, kêmpêlipun dados siti lêmpung. Makatên ing salaminipun.

3. Tri amahkandhêh. Têgêsipun bab kaping tiga, amratelakakên kawontênaning gunung-gunung. Punika inggih botên beda kalihan [kali ...]

--- 55 ---

[... han] lampahing êmbak-êmbak wau, dene anggènipun sagêd inggil punika katêmpuh dayaning jalanidhi, kawimbuhan ombak sèsining sagara, dhatêng siti ingkang taksih radi êmpuk, mila sagêd malêmbung saya inggil. Tur botên beda isèn-isèning wêdhi watu karikil. Amung saking kawasaning Pangeran Kang Amaha Suci, dene gunung sagêd malêmbung wau kasamadan dayaning cahya swasana, têgêsipun sajawi lêbêting gunung inggih kalimputan pangawasaning napi jinis. Mila saengga gêsang piyambak. Saengga gesanging kayu watu mila kasêbut kayun belaraukin. Têgêsipun gêsang tanpa êroh. Ing sasampuning amratelakakên ajêging lampah makatên wau, kacariyos salêbêting Jitabsara, sirat-sirat soroting cahya kawan prakawis wau, lajêng kawasa dumadi tanêm tuwuh warni-warni,

--- 56 ---

ingkang makatên punika anandhakakên Pangeran luwih kawasa, dene sagêd andadosakên sèsining bawana warni-warni wujudipun. Miwah rasaning wowohan sami beda-beda raosipun. Ananging sadaya punika gêsangipun taksih kalêbêt kayun belaraukin. Gesang botên mawi roh. Dene ingkang anggêsangakên kawasaning swasana, patrap pangartining gêsang inggih sarana wawênang kawan prakawis.

1. Bangsaning kayu taun. Ingkang wujud alit sarta agêng. Manawi panjinging napi wontên sajawining dêlêg. Kados ta ing klisa, mawi talutuh, saupami katêgor taksih sagêd gêsang malih, upaminipun wit jêruk jambu, sasaminipun. Sidaguri, pulut lan sapanunggilanipun wit taun ingkang agêng alit ugi tinêgor sagêd trubus sêmi ngandhap.

2. Kayu taun ingkang tinêgor botên sagêd [sagê ...]

--- 57 ---

[... d] trubus. Tăndha panjinging swasana amung dumunung wontên salêbêting wit. Kados ta: glugu, jambe sasaminipun ingkang makatên. Sadaya botên sagêd sêmi malih.

3. Winastan kayu kêmpong, punika sagêd trubus sadaya, awit ing kulit mawi tlutuh, ing lêbêt mawi toya, dados sanadyan rubuh ugi sagêd sêmi malih, kados ta: lo, randhu, dhadhap, gêmpol, kayu luwing, sapanunggilanipun ingkang makatên wau taksih kenging sêmi. Sasat kinêmbong ing toya marta.

4. Wit banyu punika ugi sagêd sêmi yèn tinêgor, kados ta: wit pisang, bayêm, jamur sapanunggilanipun, inggih sami sagêd trubus. Sasamining tanêm tuwuh ingkang makatên wau gêsangipun botên mawi roh. Inggih punika nêdahakên pandum panduking dumadi satunggal-tunggalipun taksih pangawasaning Pangeran.

--- 58 ---

4. Catur mahkandhêh, têgêsipun bab kaping sakawan. Sasampuning bawana pêpak isi-isinipun, Pangeran Kang Amurba-Amisesa lajêng anitahakên sipat kayu: têgêsipun sawarnining kutu-kutu wong alangataga, sawarni-warnining titah ingkang mawi kanggenan roh, ingkang dipun angge mêndhêt sari-sarining bumi kasapta: agni kasabta: angin kapitu, banyu kapitu, sami kapanjingan roh, saking nganasiring tirta marta kamandhanu, kacamburan rahsaning susmaya, inggih punika wêwayanganing swasana, kinumpulakên dados satunggal. Lajêng kapanjingan mudah tigang prakawis.

Inggih ananing rohing cahya pramana:

1. gêsang,

2. roh,

3. nêpsu.

Têmah gumêlar ing bawana kaèbêkan bangsaning: gagrêmêtan, ibêr-ibêran. Bêbujêngan toya.

--- 59 ---

Wiyosipun, ing mangke amratelakakên dumadining sipat kang amurba-amisesa, kang kawasa dados kalipahing Pangeran Kang Amaha Suci punika, dipun wastani dat. Têgêsipun wujud, inggih wujud satunggal balaka, kaananipun saking anasir kawan prakawis.

1. Asal saking sari-sarining bumi, nanging dede bumi ingkang kaancikan punika.

2. Asal saking gêni, nanging dede gêni ingkang murub angalad-alad punika.

3. Asal saking angin, nanging dede angin ingkang midit mawa lesus punika.

4. Asal saking banyu, nanging dede banyu ingkang katon lumembak punika, ugi sami asal saking tirta marta kamandhanu, kanthi nugrahaning Pangeran Kang Agung Kang Amurba Kang Kawasa ing saniskara, rinakêpan boma kaskaya,

--- 60 ---

têgêsipun pikuwating gêsang, inggih punika kapanjingan mudah gangsal prakawis.

1. Sir: têgêsipun rahsa.

2. Roh: têgêsipun nyawa.

3. Nêpsu: têgêsipun angkara.

Sami pakartinipun:

4. Budi.

5. Ngakal.

Gangsal bab wau ingkang wajib kangpanjingan[18] amung manungsa, mila nama manungsa awit sami-samining titah dipun angge beda piyambak. Bêbasanipun êlasing dumadi sadaya, mila kenging dipun basakakên kalipah, têgêsipun wêwakil.

5. Panca mahkandhêh, têgêsipun bab kaping gangsal. Amratelakakên dayaning kudrat sakawan wau, tumraping kudrat batin ingkang nunggil lampah inggih gangsal prakawis.

1. Jantung punika kaananing budi, kaupamèkakên [kaupamè ...]

--- 61 ---

[... kakên] surya, awit pangarêping nêpsu wau budi, dados suryaning jasad punika budi. Mila awisanipun botên kenging dhahar ulam tuntut.

2. Ati punika ngibarating candra, mila tinêmbungakên wulan purnama, awit pêpanthênganipun ing rintên dalu botên ewah, nadyan prabawanipun amung asrêp kemawon. Mila botên kenging dhahar ulam ati.

3. Jinêm, punika kaupamèkakên cipta, mila ajêg prabanipun kadi sêsotya, dados ingkang ahli ngilmi botên kenging amastani angên-angên.

4. Kincanging budi punika kasêbut ampêru, inggih punika dununging susah bungah, mila ingkang sagêd sabar narima ing panggalih.

5. Kêbuk punika nunggil kalihan maras, mila kaupamèkakên jinjanging jagad.

--- 62 ---

Inggih punika panampining napas, tanapas, nupus, dipun basakakên abot ènthènging pêpanthêngan ing dalêm cipta, dados utawi botên dumunung ing maras. Têgêsipun sakajating manungsa wau wontênipun kasandhangan uwas sumêlang, wêdi, saking ngriku asalipun.

6. Sad mahkandhêh, têgêsipun bab kaping nênêm. Amangsuli dayaning kudrat sakawan wau.

Ing nalika dayaning panas, kalihan dayaning asrêp, lajêng kawimbuhan dayaning angin, katampèn dayaning swasana, lajêng sami amratandhani cahya tigang warna.

1. Cahya mancorong amadhangi jagad.

2. Cahya sumunu amartani sabuwana.

3. Cahya sumirat amratandhani sajagad, punika kasêbut trimurti, têgêsipun cahya têtiga wau nandhakakên daya pangawasanipun ngantos anuwuhakên wahyaning [wah ...]

--- 63 ---

[... yaning] pangawasa piyambak-piyambak, sarta mawi anggadhahi alus miwah kasaring cahya wau, kados makatên pêpangkatanipun.

1. Cahya ingka[19] mancur mancorong wau, alusanipun kasêbut nama andaru, kawasanipun sagêd dados tăndha dhawahing nugraha jati, wadhagipun kasêbut têluh braja, kawasanipun sagêd amratandhani ing sêsakit miwah prihatin.

2. Cahya ingkang sumunu, punika alusanipun winastan wahyu, kawasanipun sagêd ambabar kabêgyaning titah ing ngalam dunya sadaya, kasaranipun kasêbut nama cacak. Inggih punika nandhakakên kathahing sêsakit, mila kathah ingkang manoni kadi colok langkung.

3. Cahya ingkang sumunar maya-maya punika winastan pulung, kawasanipun sagêd amratandhani kanugrahaning badan. Dene [De ...]

--- 64 ---

[... ne] kasaranipun ugi mawa cahya biru surêm, kawasanipun sagêd mratandhani sasmitaning rubeda.

Mênggah wahyaning cahya tigang warna ingkang alus ingkang kasar ugi tigang warna, pikajêngipun inggih sumêdya adamêl sae kemawon. Awit nêdahakên sasmitaning jasad badhe tampi susah bungah, awon sae, mila ingkang makatên punika kêdah sagêd anampèni tăndha sipta[20] sasmitaning badan. Manawi amung milih saenipun kemawon susahipun badhe botên wontên wêkasanipun. Manawi miliha awonipun kemawon ingkang sae wontên ing pundi tibanipun. Mila wawêlingipun ingkang ahli rahsaning ngilmi kasunyatan, dèrèng purun angêngkoki, [a ...]

--- 65 ---

[... ngêngkoki,] awit siriking tiyang punika manawi anggadhahi sumêngah jubria osiking ciptanipun. Dene titah gêsang wau ing sasagêd-sagêd luhung angangge budi ingkang luluh. Awit manawi botên sumantên panyadhangipun.

Wiyosipun, sadaya ingkang kasêbut wahyaning cahya digang[21] prakawis wau. Nanging wajib angijabakên ing pamanggih. Ngijmak kakêndêlan.

7. Sabta[22] mahkandhêh, têgêsipun wujud pitung bab. Inggih punika purbaning titah sami amêndhar wandawa, têgêsipun bawaning kang pinarêngakên. Mila ing mangke, dupi pangarahing para sampurna kasêbut nama tri laksita, têgêsipun sipat wangsit, utawi kang asipat elok.

--- 66 ---

Ing dalêm tigang pasêbutan punika kêdah patitis traping pangarti. Kados ing ngandhap punika.

1. Ingkang winastan cahya mancur mancorong wau, măngka alusanipun sagêd pupul kalihan purbaning swasana, yakti kêmpêling cahya lajêng wujud kancana kudrat. Têgêsipun êmas wiwitan saking jagad.

2. Ingkang sumunu cahyanipun, măngka kalimputan dayaning swasana, têmah kêmpêl. Inggih puni[23] ingkang kasêbut mas ure, têgêsipun kancana mulya, kathah kaksiyatipun.

3. Ingkang sumunar cahyanipun wau. Manawi kaprabawa dayaning swasana, sagêd dados kancana adi, amargi dayaning swasana wau sakalangkung kawasa piyambak. Ingkang ngawonakên amung kancana. Karang kijang punika ananing wit.

--- 67 ---

8. Astha mahkandhêh, têgêsipun bab ping wolu, utawi kanyataan saking sasêrêpanipun para winasis wolung jaman. Cocog pangartining kudrat sakawan anggènipun mahanani kaananing bawana.

Ing jaman nagari Hindhustam, ing Sansêkrita, ing Arab, Erupah, Rum, Jawi, Inggris, Rus. Sadaya wau caplak pamanggihipun, sarta kanyataan para winasis sami anètèsakên pangawasaning kudrat sakawan wau, sagêdipun tumbuk ing lair batosipun. Pêpangkataning pangarti kados ing ngandhap punika.

1. Bagaskara, têgêsipun srêngenge, ing nalika kaprabawa dayaning wulan, hawaning panas sirêp, lajêng nganakakên pêpêtêng, ing dalêm kalih wêlas jam. 2. Candrama, têgêsipun rêmbulan. Ing nalika kaprabawa ing daya panasing surya, lajêng nganakakên padhang, inggih ing dalêm kalih wêlas jam. Ing ngriku witipun wontên antaraning padhang pêtêng. Mila mupakat amastani rina kalihan wêngi, dene gêntos anglimputi kemawon. [ke ...]

--- 68 ---

[... mawon.] Dados srênge[24] kasêbut nama sang hyang arina, rêmbulan sêsilih aran sang hyang awêngi, salamènipun tansah rêbat daya pangawasa sami sarosanipun.

3. Kartika, têgêsipun lintang. Pangawasanipun inggih nunggil lampahing surya căndra prabawanipun sagêd anganakakên angin. Salamènipun amung ngabêr-abêr panasing surya miwah asrêping wulan.

4. Susmaya, têgêsipun swasana, ing nalika rêbat daya pangawasa, salamènipun sami kemawon sarosanipun. Ananging swasana wau tansah dados têtandhoning têtiga punika, awit swasana kawasa anyamadi sapramudita, minăngka kêkandhanganing sagung kudrat miwah rinilan anggêsangi sèsining jagad-raya, mila kalêbêt gaibing napi, mila sasamining kudrat dayanipun langkung elok piyambak. Kawasa adamêl ajur ajèr, kêmpêl amèr saking purba wisesaning swasana wau.

Kados ta: surya punika dayanipun sakalangkung [sakalang ...]

--- 69 ---

[... kung] panas. Soroting surya cumithak ing swasana, inggih lajêng sagêd pupul.

Rêmbulan punika, daya pangawasanipun sakalangkung asrêp. Prabaning wulan wau cumithak ing swasana inggih lajêng pupul. Botên katawis sumusupipun.

Lintang punika kawasanipun sagêd adamêl atis. Sorotipun cumithak ing swasana ugi lajêng botên katawis sumusupipun.

Mênggah cumithaking sorot têtiga sumusup ing swasana wau, manawi ing wanci dalu, sami pupul. Manawi ing wanci siyang amèr. Sami sumusuping sapta bumi, têgêsipun ing siti sap pitu, awit saking daya panggèndènging swasana wau. Têmah sagêd mahanani gêsanging bumi pitung sap. Mila padhas watu wêdhi karikil sapanunggilanipun sami sagêd amêdalakên talutuh rêmbês anaiyèng. Dene salêbêtipun siti sap pitu punika

--- 70 ---

mila sagêd anggadhahi daya kêkuwatan, sarosa anyanggi bawana punika inggih saking purba wisesaning swasana, kaananing para soroting cahya têtiga wau makatên.

1. Pupuling cahya ingkang saking surya, anyamadi padhas curi-curi dados kalih pasêbutan.

Alusipun lajêng dados kancana amrêngangah.

Wadhagipun angiyèng, têmah pupul dados sangut kudrat. Têgêsipun wêsi ingkang botên kadamêl ing manusa. Kados ta wêsi mangangkang, wêsi pulasani sapanunggilanipun ingkang asmu abrit.

2. Pupuling cahya ingkang saking wulan, alusipun inggih dados êmas ure, sumusupipun dhatêng wêdhi karikil lêmpung lêmah sasaminipun wau, dene kasaripun lajêng kawasa dados wêsi walulin. Wêsi karang kijang sasaminipun ingkang botên kadamêl ing tiyang. Sadaya wau kasêbut wêsi kudrat.

--- 71 ---

3. Pupuling cahya kartika punika, sumusuping sêsela, warni-warni.

1. Dhatêng watu itêm. Alusipun dados sela intên. Wadhagipun nalêtuh dados wêsi brani.

2. Dhatêng watu kêlang. Alusipun dados kancana mulya, kasaripun dados wêsi murni.

3. Dhatêng watu gonggong. Alusipun sagêd dados sêsotya warni-warni, kados ta: jumêrut mirah, akik, hèr-bumi, hèr-thathit sapanunggilanipun. Kasaranipun ugi nalêtuh nama tinja iyèng. Inggih sagêd dados wêsi pêlikan sasaminipun. Mênggah ingkang sami kapratelakakên ing nginggil punika, kasêbut bangsaning kudrat sadaya, awit botên sarana kadamêl ing manungsa, mila sami kadunungan elok, sarta kanggenan purba wisesa pangawasa piyambak-piyambak. Tandhanipun maedahi,

--- 72 ---

dhatêng ingkang kagenan.[25] Dene wujuding paedah punika awon utawi sae, angangsari dhatêng bagya akalihan cilaka.

9. Nawa mahkandhêh, têgêsipun bab kaping sanga, amratelakakên sirat soroting cahya ingkang sami cumithak dhatêng sagung dumadi ing sabta bumi, sadaya wau tinêmbungakên lair batin.

1. Ingkang nama lair punika inggih ingkang sampun sami kapratelakakên ing ngajêng sadaya.

2. Ingkang nama gêlaraning batin makatên.

Kados ta: manungsa, punika kaupamèkakên jagad agung: jagad cilik ingkang gumêlar punika, dene ingkang nama kudrating badan punika wujuding dat, sipat asma apngal. Ingkang minăngka kanthaning kudrat punika nganasir kawan prakawis. Bumi, gêni, angin, banyu. Ingkang nama sirat soroting kang ngarêbut daya, inggih kawan prakawis: 1. nur,

--- 73 ---

2. sir; 3. roh, 4. nêpsu.

Dene ingkang sumusuping susmaya inggih sakawan bab.

1. Cipta: punika ngibarating lintang.

2. Rasa: punika ngibarating surya.

3. Angên-angên, punika ngibarati rêmbulan.

4. Budi punika ngibarating swasana. ingkang anyakawan prakawis wau kaupamèkakên adêging gêsang, dene ingkang dipun lampahakên inggih amung dayaning cahya tigang prakawis. Mila dipun wastani trimurti, têgêsipun tigang daya kêdah sami timbangipun. Upami cumithaking swasana, yakti dados wijining karaton. Utawi wahananing wiji sae punika cumithakipun inggih sagêd mahanani wiji prêmati, dene manawi kirang langkung botên timbang, yakti cumithaking wiji ing sanadyan dados, kathah malèsètipun.

--- 74 ---

Ugi botên beda kalihan panjing suruping pati, bêbasan luput pisan kêna pisan. Sanadyan dadining wiji inggih sami kemawon. Awit kumpuling rahsa punika manawi sampun rumasa sirna pangrasanipun, mila ing dalêm sipta sasmitaning Jitabsara, miwah Sêrat Darmasunya, mawi dipun ngibarati gêlar kukudaning kudrat sakawan. Supados uninga laladaning dadi lawan dudu, têgêsipun cumithaking sangkan-paran sagêd kalêrêsan miwah kalintu tancêbipun. Sayêkti winastan sasar, utawi swarga.

Wiyosipun. Mênggah pratelan ingkang makatên wau, paedahipun para winasis amung kaangge panitikan ing dalêm lohkil mahpulipun. Awit sampun kalimrah pamanggihipun para ahli ngilmi, kalihan ingkang dèrèng mangarti tancêpipun. Mila tinata dening para ahli budi, supados mangarti sarta [sar ...]

--- 75 ---

[... ta] kadunungan panarimah, ing ngandhap punika pêpangkatanipun ing pamanggih.

1. Ingkang dipun wastani trimurti dados wijining ngaluhur punika makatên têtimbanganing cipta tigang bab, upami dayaning panas cêkapan, dayaning asrêp sagêd timbang, kubuk lawan dayaning angin. Lajêng katampèn ing swasana, kasamadan ing napi jinis lawan napi latip. Yakti tibaning wiji prêmati, botên kalabêtan cipta awon. Dados nama êlasing wiji sanyata.

2. Saupami trimurti suda wêwah, kados ta: dayaning panas kaduk, dayaning asrêp kirang, dayaning angin cêkapan. Cumithaking wiji ing têmbe mahanani agêng kanêpsonipun, kêrêp kasupèn, tur sêpi pangapuranipun.

3. Saupami cumithaking wiji, dayaning tanpa panas, dayaning asrêp suda, ing têmbe mahanani wêwatêkaning lare bodho kêndho

--- 76 ---

sugih omong, margi kaduk angin hawa.

Mênggah wantahing têmbung trimurti punika makatên.

1. Surya dayanipun panas. Wahananipun dados nêpsu utawi lantip ing bêbudènipun.

2. Wulan, dayanipun asrêp. Wahananipun dados agung parimarmanipun. Sabar darana.

3. Lintang, dayanipun atising angin. Wahananipun dados sugih omong.

Ingkang makatên wau mila kêdah timbang boboting daya, dados sagêd sampekaning budi tur cêkap ing kaluhuranipun. Awit botên kuciwa jêjantoning wiji.

Dene manawi botên jangkêp pakartining trimurti wau, yakti badhe mahanani kiranging pangarti kados ingkang kasêbut ing nginggil. Wontênipun wêwatêkan awon sae punika ugi sampun cumithak ing sadèrèngipun.

--- 77 ---

Mila sasêrêpan sumantên wau, manawi dipun manah parluning sasêrêpan inggih pancèn parlu. Manawi kagalih kirang parlu inggih kenging. Margi angrakit ginêm sapele. Nanging parlu jalaran ing ngagêsang sadaya punika tandhanipun saking pangan miwah sênêng. Têgêsing sênêng punika kacocogan pikir, dene minăngka tăndha yêkti saking panitikan ing kuna-kuna.

Kados ta: duk jamanipun Sang Hyang Guru, sawêg satêngahing duka manggalih murkaning parangmuka, dèrèng rampung kasêlak jêngkar sewakanipun lajêng kasêngsêm aningali garwa, dupi kalampahan cumbana, kadadak cumithaking wiji tan sarănta. Dumadakan babaring bêbayi umijil Bathara Kala, ingkang makatên wau dèn èngêt. Mila lampahing napi punika salugu kemawon.

--- 78 ---

Mila ing sasagêd-sagêd i[26] sabarang karsa sae, ingkang sarèh, awit sarănta punika sagêd anata, têgêsipun anata matrapakên dyatmikaning karsa. Supados anyamadi dayaning budi widada, pikajênging widada wau tulus rahayu salamènipun. Bêbasanipun makatên.

Ing dalêm Kitab Jitabsara, wontên ungêl-ungêlan. Sing sapa turune bakal bisa luhur, iya sing bisa luhur karêpe. Mênggah karêp ingkang luhur punika ingkang sagêd angaramakên pandulu dudu, têgêsing pandulu dudu wau, kados ta dahwèn, opèn. Murka candhala melikan. Nuruti sêdya ingkang tan tumănja, sadaya wau kenging kaangge pralampita tataning ngagêsang. Saupami badhe mijèkakên inggih dipun èngêtana, sampun ngantos kalabêtan panggalih ingkang makatên wau, kêdah angêningakên cipta pangarsa ingkang botên prayogi.

--- 79 ---

Wantahing têmbung ngênirakên cipta punika sagêda ambirat panggagas ingkang botên sae, dadosing wiji kirang prayogi utawi wêwatêkan awon punika saking katumusan bapa biyung. Kados ta: dèrèng wancining asmara kasêngkakakên sanggama, yakti mahanani cumithaking tuwuh mimbuhi pakewuh. Mila ingkang sampun waskitha dhatêng kanthaning pangèsthi sasat wikan wahyaning ngapasthi, têgêsipun makatên: priya punika botên kenging sadaya-daya, sanadyan anggadhahi kumênyut dhatêng èstri kêdah kasidhêm rumiyin. Awit jalêr punika kanggenan rohing èstri, mila kêdah ngêntosi kangêning èstri dhatêng priya, manawi sampun kawistara rênyêping cipta kêkalih dados satunggal, lajêng sagêda mêlêng dados satunggal balaka, têgêsipun sampun ngantos anggagas punapa-punapa, malah angumpulêna karsa sampun ngantos kacamburan[27] cipta liya-liya, utaminipun mawi sêsuci

--- 80 ---

sarta nalăngsa salêbêting batos. Angrakita wijiling wacana ingkang manis arum manuhara, sampun ngantos kawadaka ing wêwadining trimurti, têgêsipun wêwadi tigang prakawis.

1. Angimbak-imbakakên têmbung,

2. angapês-apêsakên sarira,

3. angunusakên wicara mawa ngêrês.

Tigang prakawis sagêda anyinggahi, awit ujaring Jitabsara, manawi ngantos amêdhar wêwadining cipta jalu dhatêng èstri. Èstri dhatêng kakung punika tinêmbungakên pitung mêdahat palêtiking trimurti, nadyan sagêda cumithak malah anuwuhakên wêwatêkan awon.

Mênggah pêsating trimurti wau lajêng mahanani dhatêng kayu watu, ing têmbe apêsing wiji ingkang nyarêngi dadi wau asring karubuhan kayu watu, makatên sasamining manungsa yèn kataman bêbayaning badan inggih pancèn sampun takdiripun.

--- 81 ---

10. Dasa mahkandhêh, têgêsipun bab kaping sadasa.

Ing mangke amratelakakên sumêbaring trimurti, amangsuli ing nalika cahya têtiga kumpul dados satunggal. Măngka sanadyan sampun sami cumithak ing kayu padhas watu siti sasaminipun, ewadene taksih anggadhahi pangawasa malih, jalaran saking daya panggèndènging swasana. Kados ta: ingkang sampun sami sumusup dhatêng sawarnining sipat. Punika ing sabên masa rêndhêng, talutuhing tinja iyèng ingkang sami lumèng mili dhatêng êmbak ingkang lami-lami, măngka êmbak wau kaupamèkakên sampun dados têtandhoning iyèng. Ing ngriku lajêng anggadhahi hawa kumukus, anganakakên sêsakiting para dumadi, anggêsêngakên sipat gêsang. Sarta mawa swara kadi ayam wana kaluruk. Manawi dhatêng sipat nyawa adamêl tiwas, mila kasêbut encok. Manawi amung ngumêndhêng kados lamuk kemawon sae.

--- 82 ---

Nanging anggadhahi pangawasa anggêsangi sawarnining êmbak. Manawi kataman ingkang ngumêndhêng wau lajêng sagêd nuwuhakên sipat nyawa, kados ta: êndhêg-êndhêg ingkang mandhêg. Lajêng sagêt wontên wêrjitipun. Nadyan băngsa bathang, lajêng sagêd anuwuhakên êsèt sapanunggilanipun titah ingkang asal saking bosokan. Mila kumêndhêng ingkang makatên wau manawi nusup ing manungsa, utawi cumithak dhatêng tatêdhan, asring anjalari sêsakit parlu, băngsa Erupa amung kagrêba akathah panjakit kolerah, manawi băngsa Arab amastani basil. Băngsa Hindhustan amastani pagêblug. Mokallapah: têgêsipun sêsakit ingkang gaib. Margi saking elok sarta alus, manawi băngsa Jawi kawastanan mangsuk angin. Mênggah angin sagêd malêbêt dhatêng tiyang saiba kêbakipun. Mila pangartining

--- 83 ---

băngsa Jawi punika tăndha amung èlu-èlu, saking kirang pamanggih dados lajêng botên mawi wêwaton. Mila saupami katèmpèlakên dhatêng ngilminipun saya botên sagêd tumèmpèl dhatêng patitising pangarti ingkang yêkti, măngka ngèlmu bumi punika Kitab Injil, pangartinipun băngsa Erupah, ingkang anyariyosakên nalika Kangjêng Nabi Ngisa, ingkang kagêlarakên inggih botên liya băngsa ngilmi makripat. Nanging lajêng dipun parsudi nyatanipun miwah gumêlaring ngakathah kalayan mupakat. Wangsul băngsa Jawi ngilminipun amung kaangge pêpingidan. Mila arang ingkang sagêd patitis nyatanipun. Arang ingkang ambontos dhatêng iktikat. Ingkang mêsthi amung kadamêl umbag wêkasan padudon. Ingkang makatên punika mila kagêlarakên wiji-wijinipun ingkang supados anggadhahi rumaos. Suraosing ngilmi ingkang aos.

--- 84 ---

Awit ing salugunipun pangawikan lair utawi batin. Wêwatonipun saking băngsa Jawi, kalihan băngsa Arab. Ing sarèhning băngsa Jawi wau kathah lenanipun dados botên anglêgewa wijining pangawikan dipun pêndhêt saking sakêdhik.

Amangsuli gumêlaring jagad, ingkang kasêbut ing nginggil wau, sumuking êmbak ingkang angsal têtandhoning hawa punika, lami-lami katalip dening uruh-uruhing dumadi, lajêng kawasa mahanani kukus ngumêndhêng kados ingkang sampun kapratelakakên ngajêng. Dene êmbak ingkang sampun katalip ing siti atos. Ing ngandhap saya arda dayaning hawa, anarucuk saengga jamuring karang abang. Manawi kasumukan ing panas masa têrang asring sagêd murub. Inggih punika balêthoking walirang. Manawi sawatawis kirang kuwawi inggih lajêng kêmpêl. Ing masa rêndhêng lajêng sagêd jêbos saking bumi, winastan balêdhèg.

--- 85 ---

Manawi amung lumèng kemawon lajêng anjamur salêbêting bumi êmbak, kadadosan saki[28] hawa kemawon. Mila winastan sandawa, inggih punika ingkang kaangge obat.

Mênggah sakaliring tinja iyèng ingkang umili dados wêsi wau, rèhning asal saking cahya sampurnanipun inggih sami malêtik gumêbyaring cahya, mila wontên ingkang amastani, kilat, utawi thathit. Calèrèting lêlidhah, sadaya ingkang dados hawa ngumêndhêng awarna-warna kadadosanipun. Sanadyan sipating nagatapa, sasaminipun ingkang wontên salêbêting siti, tuwin raja donya ingkang pinêndhêm ing manungsa, ngantos lami, măngka kalimputan ing hawa ngumêndhêng wau, inggih lajêng sagêd sampurna, mawa swara kadi balêdhèg masa kasanga, sakalangkung kathah gumêlaring daya ingkang saking pangawasaning kudrat sakawan wau,

--- 86 ---

ewadene sadaya ingkang kagêlarakên makatên wau, amung kaangge pitêdahan nyataning kudrat anggènipun sagêd dados wiradat. Têgêsipun, mênggahing ngagêsang punika sumêrêpa asaling sawiji-wiji, supados angandêl pangawasaning Pangeran Kang Amurba-Amisesa ing ngalam sadaya punika asal saking kudrat pangawasa kita pribadi, manawi sampun ngandêl pangawasanipun sagêda mardi dadining pambudi, inggih punika ingkang winastan wiradat. Kalih pasêbutan wau ingkang sagêd rumaos yèn sami kawasanipun. Saupami muhung angangge kudrat bênêr kemawon ing bawana badhe sêpi tanpa swara, yèn amung kèndêl margêgêg kadi sela kemawon. Badhe tanpa budi daya sêpi ing ngaguna, sanadyan kudrat punika gumathok botên ewah gingsir, inggih [ing ...]

--- 87 ---

[... gih] taksih kenging kaebahakên saking wiradat. Dene manawi sampun sagêd andadosakên satunggal. Têgêsipun sumêrêp lair batining ngilmi, yakti botên samar-samar paworing kawula Gusti, icaling uwas sumêlang punika amung saking ngandêl kumandêl ing Pangeran.

Ing kina wontên satunggaling titah trahing Kangjêng Nabi Ngisa, sarêng sampun uninga gêlaring lair batinipun inggih lajêng nêtêpi pangèsthining panggalih mêlêng.

1. Ingkang rumiyin, ngandêl kumandêl ing Pangeran. Inggih ngandêl kumandêl ing jasad. Nanging dhasar kinanthenan awas eling sarta santosa, sayêkti kalampahan.

2. Angandêl ing Pangeran punika yakti botên dora dhawuhing Pangeran kang Agung. Manawi nyata tekadipun mangunah andhatêngi,

--- 88 ---

têgêsipun sadaya sêdyanipun margi gampil, saèstunipun botên pêparing piyambak. Ingkang dados warananing sih parimarma inggih saking kita piyambak lêlantaran sasamining ngagêsang. Mila ingkang makatên wau botên kenging kinira-kira, darah Ngisa ingkang dados pangandêlipun wau lajêng taksih mawi aling-aling sadasa prakawis.

1. Botên purun mêmêjahi sipating nyawa.

2. Botên purun nêdha sipating daging.

3. Botên purun angumbar nêpsu hawa.

4. Ajrih dhatêng sasami-sami purun angasor jiwa.

5. Sirik angêndhak kagunaning tiyang.

6. Sirik angakên sugih kasagêdan.

7. Gêmi, nastiti, ngati-ati trusing budi prêmati.

8. Botên purun sikara nganiaya.

9. Lêga lêgawa têmên, rila, utami mawi watara.

10. Sapatrap tatakramanipun kaangge cêkapan. Inggih punika mêpêti murkaning nêpsu supiyah.

Tiyosopi,

--- 89 ---

luamah, amarah, supiyah, mutmainah.

Mênggahing ngagêsang sagêd amêpêt nêpsu kawan prakawis wau, sasat sampun sagêd anunggil mamoring kawula Gusti. Mila ing têmbung Erupah, kasêbut ngilmi tiyosopi, manawi băngsa Hindhustan amastani angkêr, têgêsipun kawasa amingit hawa, manawi para winasis ing băngsa Sansêkrita kasêbut maham. Têgêsipun trima, têmbung ngaram amastani nubuwah, têgêsipun winahyu gaib. Têmbung Jawi amastani patiraga. Ing dalêm gaibul guyup.

Sadaya ingkang kapratelakakên ing nginggil wau, muhung dados pralampitaning ngilmi kasampurnan jati, liripun dados pralampita wau pangèngêt-èngêting budi sanubari, mila bêbasan sajatining ngilmu punika kanyataning kawruh, dene kawruh wau têgêsipun wêruha têtalêring pangawikan ingka[29] sampurna,

--- 90 ---

sampurnaning kawruh punika manawi sagêd angangge kados darahipun Kangjêng Nabi Ngisa wau, inggih kinaot sasamining gêsang, sarta anêbihakên papa sangsara, angenggalakên bagya, anangi[30] samantên punika walahualam sagêda nyaplaki, katêmbungakên ngirib-irib kemawon sampun sae, ewadene pangawikan makatên wau, manawi botên tancêp ciptanipun, têgêsing botên tancêp punika kirang sanyata tekadipun inggih malah anjalari dosa ing Pangeran. Mila prayogi ngirib-irib kemawon. Ewadene awoning ngilmi tiyosopi punika kêdah anyingkiri dhatêng kautamaning ngagêsang. Sagêda lêga lêgawa sampun anggadhahi lingsêman. Sampun ngantos anggadhahi sak-sêrik ing panggalih, kêdah ingkang manthêng pangèsthinipun.

--- 91 ---

Ing ngandhap punika amratelakaên bab 1 malih.

1. Eka mahkandhêh, têgêsipun bab sapisan. Ing dalêm Kadis pangandikaning Rasulullah, anggêlarakên ngilmi makripat kasampurnaning gêsang. Têgêsing ngilmi punika kawruh, liripun angawuninganana dhatêng gêsangipun. Makripat punika waskitha, pikajêngipun ingkang awas dhatêng sampurnaning gêsang. Supados sagêd gêsang ingkang awal akir, wontên ing dunya kita gêsang. Dumugining kaanan ngalam akir kita inggih gêsang. Dados lair batinipun lagêng,[31] dunya akir botên ewah gingsir.

Ing kina wontên wawêjangan panêtêg panata agama Islam. Kathahipun nêm prakawis, inggih punika para nabi ingkang rinilan amêngku agama Islam. Nênêm wau sadèrèngipun wontên wawêjanganing ngilmi makripat, ingkang kinèn ambaboni witing wawêjangan: 1. Kangjêng Nabi Adam, 2. Kangjêng Nabi Nuh,

--- 92 ---

Kangjêng Nabi Musa, Kangjêng Nabi Ibrahim, Kangjêng Nabi Ngisa, Kangjêng Nabi Muhamad Rasulullah. Nabi nênêm punika kalipahing Alah, rinilan amêngku agami Islam, sahadatipun dados wijining wawêjangan ngilmi makripat. Mila kawasa andarbèni umat piyambak-piyambak. Ing dalêm sajamanipun nabi satunggal-tunggal rinilan angislamakên. Manawi wontên para umat ingkang botên manut sahadatipun lajêng dipun kapirakên. Ing sanadyan sami mêngku agami Islam, nanging ingkang sampun kalindhih alam anyar, ingkang lami ugi lajêng dipun kapirakên. Mila kaangge wêwaton anggêr-anggêraning para nabi nênêm punika.

Mênggah sahadatipun ingkang dipun angge ngislamakên saha ngilmi wawêjanganipun kapratelakakên satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika wisikanipun agami Islam wau.

 


wungwang. (kembali)
winastan. (kembali)
sampun. (kembali)
kêwêlèh. (kembali)
sadaya. (kembali)
Wujuding. (kembali)
apurwa (dan di tempat lain). (kembali)
rumêmbe (dan di tempat lain). (kembali)
gagasan. (kembali)
10 wêkasan. (kembali)
11 Sasamine. (kembali)
12 murwat. (kembali)
13 Bêbasan. (kembali)
14 gawat. (kembali)
15 loro. (kembali)
16 Têmah. (kembali)
17 batin. (kembali)
18 kapanjingan. (kembali)
19 ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
20 cipta (dan di tempat lain). (kembali)
21 tigang. (kembali)
22 Sapta (dan di tempat lain). (kembali)
23 punika. (kembali)
24 srêngenge. (kembali)
25 kanggenan. (kembali)
26 ing. (kembali)
27 kacampuran. (kembali)
28 saking. (kembali)
29 ingkang. (kembali)
30 ananging. (kembali)
31 langgêng. (kembali)