Wirit Wêdharaning Cipta Sasmitaning Ngilmi, Kusumadiningrat, c. 1890, #1708 (Hlm. 092–187)

Judul
Sambungan
1. Wirit Wêdharaning Cipta Sasmitaning Ngilmi, Kusumadiningrat, c. 1890, #1708 (Hlm. 001–092). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
2. Wirit Wêdharaning Cipta Sasmitaning Ngilmi, Kusumadiningrat, c. 1890, #1708 (Hlm. 092–187). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
Citra
Terakhir diubah: 16-09-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1. Sahadatipun Kangjêng Nabi Adam makatên jarwanipun.

--- 93 ---

Ashaduanla Ilaha ilalah, wa ashadu anna Adama pitratullah, têgêsipun makatên.

Anêksèni ingsun, sajatine ora ana Pangeran anging Allah, lan anêksèni ingsun, satuhune Nabi Adam iku pantaraning Allah.

2. Sahadatipun Kangjêng Nabi Nuh, makatên jarwanipun.

Ashaduanla Ilaha ilalah, wa ashadu anna Nukha khalipatulah, têgêsipun makatên.

Anêksèni ingsun, sajatine ora ana Pangeran anging Allah, lan anêksèni ingsun, satuhune Nabi Nuh iku gêgêntining Allah.

3. Sahadatipun Kangjêng Nabi Musa, punika jarwanipun.

Ashaduanla Ilaha ilalah, wa ashadu anna Musa khalamulah. Têgêsipun makatên.

Anêksèni ingsun, sajatine ora ana Pangeran anging Allah, lan anêksèni ingsun satuhune Nabi Musa iku kêkasihing Allah.

--- 94 ---

4. Sahadatipun Kangjêng Nabi Ibrahim, makatên.

Ashaduanla Ilaha ilalah, wa ashadu anna Ibrahima khalilulah. Têgêsipun.

Anêksèni ingsun, sajatine ora ana Pangeran anging Allah, lan anêksèni ingsun satuhune Nabi Ibrahim iku sumitraning Allah, utawi prajuriting Allah.

5. Sahadatipun Kangjêng Nabi Ngisa, makatên.

Ashaduanla Ilaha ilalah, wa ashadu anna Ngisa rohkullah. Têgêsipun.

Anêksèni ingsun, sajatine ora ana Pangeran anging Allah, lan anêksèni ingsun satuhune Nabi Ngisa iku putraning Allah.

6. Sahadatipun Kangjêng Nabi Muhkamad Rasululah kados ing ngandhap punika jarwanipun.

Ashaduanla Ilaha ilalah, wa ashadu anna Mukhamadan Rasululah, têgêsipun makatên.

Ingsun anêksèni, sajatine ora ana Pangeran [Pa ...]

--- 95 ---

[... ngeran] anging ingsun, lan satuhune Nabi Muhkhamad iku utusaningsun, rasululah iku rahsaningsun.

Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatining dat kang anglimputi ing sipatingsun. Anartani ing asmaningsun, amratandhani ing apngalingsun. Iya ingsun dat kang amurba-amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, byar gumêlar dadi saciptaningsun. Ana sasêdyaningsun, têka sakarsaningsun, kalawan ing kudratingsun.

Wiyosipun. Mênggah sarengatipun para nabi satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika.

1. Kangjêng Nabi Adam wau, salatipun ing dalêm sadintên sadalu: kaping 12 waktu. Sarengatipun para umat Adam wau, manawi laki-rabi tanpa ningkah amung kasaksèn para pangagêng kemawon sah.

--- 96 ---

Dene ingkang dipun karamakên sato kewan ingkang kenging dipun pêndhêt damêlipun punika karam.

Ingkang dipun kalalakên sawarnining sato kewan ingkang botên kenging kapêndhêt damêlipun.

Manawi kasripahan jisimipun kasetra wontên pucaking ardi, inggih rinukti sapakartining pati.

2. Sarengatipun Kangjêng Nabi Nuh, manawi salad ing dalêm sadintên sadalu kaping 25.

Sarengatipun para umat Nuh wau manawi salaki-rabi ingkang minăngka paningkahipun liru busana.

Ingkang dipun karamakên dhahar sato kewan ingkang rêsah: têgêsipun sanadyan pitik iwèn manawi cumbana lawan biyung punika karam. Ewadene sanadyan kirik ingkang gumêlo, anggêr dèrèng nêdha sêsukêr punika kenging dhahar.

Dene manawi kasripahan jisimipun dèn kêlêm ing toya, ugi rinukti satataning pati.

3. Sarengatipun Kangjêng Nabi Musa, salatipun ing

--- 97 ---

dalêm sadintên sadalu kaping 25.

Ing salaki-rabi tanpa ningkah, amung kasaksèkakên pangagêngipun, sarta umatipun sadaya winênangakên rabi 100 iji, pangadilanipun ingkang utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati, ing ngriku wiwitipun wontên anggêr pangadilan lêrês.

Dene ingkang dipun karamakên sadaya sipat ingkang ngaral, kados ta: sato kewan ingkang nuju wawrat punika karam. Manawi botên nuju mêtêng sadaya kenging dhahar.

Yèn kasripahan jisimipun kadèkèkakên samadyaning wanagung, ugi rinukti satataning pati.

4. Salatipun Kangjêng Nabi Ibrahim ing dalêm sadintên sadalu kaping 24 waktu, sarengatipun salaki-rabi mawi kaningkahakên ing kaum.

Dene ingkang dipun karamakên sato kewan ingkang siyung, ibêr-ibêran ingkang nyangkêrêm. Gêgodhongan ingkang anggatêli, manawi ingkang botên makatên [ma ...]

--- 98 ---

[... katên] inggih kenging dhahar sadaya.

Sarengating pati jisimipun kapêtak ing siti suci, têgêsipun pasitèn ingkang botên katètès rahsaning tiyang jinah bêbandrekan, utawi siti ingkang botên kawutahan êrahing tiyang kinaniaya, sarta ing sabên wulan Ramlan siyam sawulan nutug.

5. Sarengatipun Kangjêng Nabi Ngisa, salatipun amung ing sabên dintên Akat, 60 rêkangat, sarta botên kenging dhahar ulam daging. Dene ingkang dipun karamakên sadaya tatêdhan ingkang mawi munêg-munêg sarta kogug punika karam, ingkang tanpa munêg-munêg ugi kalal sadaya.

Manawi laki-rabi ingkang minăngka paningkahipun kaidèn ing pangagêng, sarta liron pangangge, manawi pêgatan inggih namung mangsulakên panganggenipun kemawon.

Dene manawi kapêjahan jisimipun kapêndhêm ing siti, sarta kaistha masjid.

Sadaya wau dhudha răndha botên kenging imah-imah malih

--- 99 ---

kengingipun imah-imah manawi dhudha randhaning tinilar pêja.[1] Manawi pêgatan gêsang taksih wênang amancèni sandhang têdhaning èstri, ewadene nadyan răndhaning pêgat pêjah, taksih kenging anêdha pêpancèn tilas pamêdalipun ingkang jalêr wau, amung sapara tigan. Sarta kukumipun agamaning nabi gangsal wau jalêr kalihan èstri kaangge luhur pawèstri, jalêripun kêdah ajrih angajèni, nadyan ugêring ahhiakrap, inggih dipun angge ugêr saking èstri, kawontênanipun malik ugêring jalêr punika sarêng dumugi sarengatipun Kangjêng Nabi Muhkamad.

6. Ingkang kaping nênêm, amratelakakên sarengat panata agamanipun Kangjêng Nabi Muhkamad Rasululah, kados ing ngandhap punika.

Salatipun ing dalêm sadintên sadalu, kaping gangsal. Subuh, luhur, ngasar, mahrib, ngisa. Siyamipun ing sabên wulan Ramlan ing dalêm,

--- 100 ---

30, tigang dasa dintên.

Patrapipun salaki-rabi kêdah mawi dipun ningkahakên ing kaum, sarta saksining wali wadon, bapa, sadhèrèk jalêr, kaki saking jalêr, kadang têturutan saking pancêr jalêr. Sêpinipun wali wajib inggih wali kakim. Têgêsipun wali ratu, sêpining ratu wali tekat, inggih punika minggah piyambak. Mawi tanggêlan pangagêngipun ingkang bawahakên.

Dhudha răndha, pêgatan pêjah utawi pêgat gêsang, agêr[2] sampun idah ing dalêm satus dintên kenging imah-imah malih.

Dene ingkang dipun karamakên, 10 bab.

1. Sato kewan ingkang mawi jatha siyung.

2. Paksi ingkang nyangkêrêm.

3. Ibêr-ibêran ingkang mungêl dalu.

4. Gêgrêmêtan ingkang mawa wisa, anggêgilani.

5. Sipat ingkang gêsang toya kalih, kados ta:

--- 101 ---

bulus, mênyawak, sawêr sasaminipun.

6. Wowohan ingkang mawa êri.

7. Godhongan ingkang anggatêli.

8. Olah-olahan ingkang mogol.

9. Kawujudan ingkang angênêg-ngênêgi.

10. Tatêdhan ingkang adamêl gigu, sadaya wau kalêbêt nama karam.

Dene patrap ingkang botên mupakat punika nama mêkruh.

Lêlampahan anyahak ingkang dede mukrimipun punika nama najis.

Ing sabên bakda Siyam, pitrah.

Ing sabên wêdalanipun jakat. Wujuding jakat punika saparatusaning pamêdalipun.

Tataning kapatèn, kêdah dipun pêndhêm siti waradin. Kablati[3] jisim anut sarengating iman sakawan.

Mabhap iman sapingi, manawi pêjah jisim mujur,

--- 102 ---

mangalèr asmu miring ngajêngakên kakbatulah.

Mabhap iman maliki, manawi kasripahan jisimipun kapêndhêm mujur mangilèn. Asmu miring ngajêngakên kakbatulah.

Mabhap iman kanapi, tataning kapatèn jisimipun kapêndhêm ing siti mujur mangidul. Asmu miring mangetan ngajêngakên kakbatulah.

Mabhap iman kambali, patraping kapêjaha[4] sami kapêndhêm ing siti mujur mangetan, Asmu miring mangalèr ngajêngakên kakbatulah.

Mila makatên awit iman sakawan wau kawajibanipun anata agami Islam mawi kadunungakên keblatipun para umatipun Kangjêng Nabi Muhkamad Rasululah, mila martabat sakawan anggadhahi wawênang piyambak-piyambak.

1. Umat kawêngku Iman Supingi mila mujur mangalèr awit ingkang dipun wajibi sawetan kakbatulah.

--- 103 ---

2. Iman Maliki mila para umatipun manawi pêjah sami mujur mangilèn. Awit ingkang dipun wajibi salèring kakbatulah.

3. Iman Kanapi, para umatipun manawi pêjah sami kapêndhêm ing siti mujur mangidul wau, awit ingkang dipun wajibi sakilèning kakbatulah.

4. Iman Kambali, para umatipun manawi pêjah dipun pêndhêm ing siti kaujurakên mangetan. Awit ingkang dipun wajibi sakiduling kakbatulah.

Sadaya punika lajêng kadadosakên pangidhêpaning keblat sakawan. Ugi kalulusakên dados wêwatoning panêtêg panata agami Islam. Tulus dados têturutaning para agami sadaya. Dene ingkang sampun kapêngkêr inggih kasêbut karaming kapir. Awit sampun kalingan sarengat enggal,

--- 104 ---

ewadene rèhning para nabi nênêm wau sampun rinilan dados kalipah, amakili purba wisesaning Pangeran Kang Amaha Suci, sayêktinipun inggih taksih amratandhani pangawasanipun, punapa malih babon witing Kitab Kuran, sarta wijining wawêjanganing ngilmi makripat. Ingkang minăngka êlasing pangawikan piyambak-piyambak wau inggih nunggil misah kemawon. Tandhanipun dumugi sapariki raosipun taksih kawistara. Malah sampun kathah kemawon ingkang taksih kalêbêtan agamining nabi nênêm. Kenging kasêbut sampun carub woring rasa rumasa pangrasa.

1. Kados ta: samangke wontên ingkang taksih botên nêdha ulam kêbo sapi kados saretipun[5] Kangjêng Nabi Adam.

2. Sawênèh băngsa Hindhustan, ingkang asring nêdha

--- 105 ---

ulam sagawon, saengga sarengat Nuh.

3. Trêkadhang taksih wontên ingkang ngangge sarengat Musa, kados ta adil kukum kalayan lêrês.

4. Wontên ingkang ngangge sarengat Ibrahim, kados ta: pêrangan rêbat kawasa, utawi ngangge sarat wilujêngan kekah, sarta brokohan.

5. Wontên ingkang taksih nglabêti sarengat Ngisa, băngsa Erupah salatipun sabên Akat, utawi tataning salaki-rabi sapanunggilanipun taksih mratandhani tabiyatipun.

6. Sarengatipun Kangjêng Nabi Muhkamad. Angaramakên sato galak, kewan siyung, paksi nyangkêrêm, godhong anggatêli, salat gangsal wêktu, ing dalêm sadintên sadalunipun.

Mênggah laladaning panêtêg panata agami nênêm wau, kados punapa kemawon yèn kaanggea kapir, mila manawi kagalih ing salêrêsipun taksih sami kanggenan sadaya,

--- 106 ---

ingkang makatên wau, tăndha botên pisah rahsaning dat mutlak kadim ajali abadi, mila kagêlarakên minăngka sipta sasmitaning batin. Awit rasa punika anggadhahi watak nênêm. Mila kaangge ngibarating nabi nênêm. Inggih amung nelakakên pisah kumpuling kawula Gusti.

Ing nalika Kangjêng Nabi Nuh, aparing sipta sasmita dhatêng para umatipun sadaya, malah sampun tinulad dening para ahli ngilmi, sawênèh anggêlar sêsulukan makatên.

Sajatining dat kang amaha suci iku luwih kotor, luwih lêlêthêging jagad. Bêbasan kang edan, kang buyan, kang wuta tuli sumpêt bisu iya ingsun. Kang bagus kang suci rêsik, kang mancur mancorong cahyane, kadi purnamaning wulan, utawa kaya srêngenge, iku iya uga ingsun sajati.

--- 107 ---

Bab 2.

Ing ngandhap punika pratelaning Sêrat Sidhawakya, panganggitipun Janggan Sitaragawa, ing wukir Jatisada, tanah Hindhustan. Pêpiridan saking rahsaning Sêrat Darmasunya, kawimbuhan wêdharaning Sêrat Trimurti, kala samantên para winasis sami karsa anggêlarakên pangawikan ingkang mawi anggêpok rahsaning ngilmi kasunyatan. Manawi băngsa Arab dipun wastani ngilmi maknawiyah, têgêsipun anggêlar kaananing pandulu tigang prakawis.

1. Panduluning pramana, 2. panduluning pranawa, 3. panduluning cipta. Kados makatên upamènipun: tiyang sagêd cêtha sabarang kanthaning sipat, punika taksih kalêbêt panduluning pramana, ukuranipun saking dêdêgipun piyambak, katikêl kaping satus.

Panduluning pranawa, kalihan panduluning pramana tikêl tiga. Panduluning pranawa kalihan panduluning cipta tikêl kalih. Mila băngsa Erupah [Eru ...]

--- 108 ---

[... pah] dipun watawis. Têgêsipun angèndêlakên lampah, nyarèhakên napas. Inggih punika antaraning napas wau winastan pos.

Kala samantên Janggan Sitaragawa angsal wawênganing budi mahanani kaananing panggalih. Kadi pinaringan ilhaming Pangeran Kang Agung. Katètèsakên kalihan rahsaning trimurti caplak kemawon. Makatên wahyaning budi sanubari.

1. Mênggah ingkang dipun basakakên panduluning pramana wau, asal saking cahya abra markata, inggih punika prabaning surya ingkang cumithak dhatêng wisesaning swasana dene anggadhahi pandulu taksih cêtha, sêsipataning sawujud janggêrênging tiyang. Mila makatên awit swasana punika sakalangkung elok. Sanadyan parêk botên sêsenggolan.

--- 109 ---

Sarta kawasa awaspada dhatêng kang andulu, lawan kang dinulu, nanging manawi botên kalawan nugrahaning Pangeran sayêkti mokal uningaa, ing nalika cahya abra markata katarik dayaning swasana anartani pramananing netra, dados taksih katawis gêgêlitaning sipat. Awit gaibing swasana timbang lawan prabaning surya. Têmah paningaling roroning ngatunggal.

2. Dene ingkang winastan panduluning pranawa punika, inggih paningaling suksma, katawisipun amung kantun antara, awit kasatmataning pramana sampun kalingan wisesaning swasana, mila ing sanadyan katingal amung kantun galibêt kemawon. Sasat panduluning netra mêrêm ramyang-ramyang. Ewadene badhe botên lêpat.

--- 110 ---

Têgêsipun sasolah-bawanipun pranawa wau botên kasamaran, taksih cêtha sakanthanipun.

3. Ingkang kaping tiga, kasêbut panduluning cipta, mênggahing sêsipatan sampun botên katingal cêtha, sanadyan galibêtipun ugi sampun sirna antaraning sipat. Awit ing dalêm pramana kalimputan wisesaning pranawa, wisesaning pranawa kalingan hawaning swasana, kaananing pandulu kantun kira-kira, si anu ana kana, makatên upaminipun. Ewadene manawi pinasang purba wisesaning swasana wau, yakti uninga cêtha kados arêp-arêpan. Inggih punika tandhaning dados saciptanipun. Dhatêng sasêdyanipun, têka sakarsanipun, bêbasan wêruh sadurunge winarah, waskitha andulu tanpa netra. Ingkang makatên punika tăndha sampun ambontos dhatêng iktikat. Katarima ing ngilminipun.

--- 111 ---

Kados ingkang kasêbut rahsaning Sêrat Darmasunya makatên ungêl-ungêlanipun.

Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin ingsun. Jumênêng ana sajroning nukat gaib. Ingkang luwih padhang têrawangan. Ora ana kang mawangi, wêruh satmata tanpa netra, ing kono tandhaning kawasaningsun kang amaha suci.

Wiyosipun. Mênggah ungêl-ungêlan makatên punika, ing kina dipun wastani aji panrawangan. Dumunung wontên rahsaning Sêrat Darmasunya, kalihan atining Jitabsara, inggih punika kitab ingkang wiwitan. Sarêng kalihan tumitahipun Kangjêng Nabi Adam. Malah kala jaman kanabean kasêbut Sêrat Kadamakna. Sarêng dumugi para wali winastan Sêrat Maknawiyah, jalaran sampun kaanggit dening manungsa, dados gaibing sastra cahya sirna.

--- 112 ---

Dene Sêrat Maknawiyah wau ingkang sampun kalampahan katarimah lampahipun. Kala Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldênta, kalih Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, punika sagêd angluluh jasad sami sanalika, kawasa andadosakên cipta, miwah sagêd anggêlar mujijat kados para nabi, amêdalakên karamat salêbêting gêsang, andhatêngakên mangunah kados para mukminkas. Araga suksma kados para pandhita.

Mênggah tapa-bratanipun manawi badhe anulat wasiyatipun wali kêkalih wau kapratelakakên kados ing ngandhap punika.

1. Amêkak nêpsu hawa ing dalêm sèwu dintên, dalah dalunipun sisan.

2. Angampêt sahwat, ing dalêm satus dintên, ugi sadalunipun sisan.

3. Amêpêt pangandika, inggih punika ambisu,

--- 113 ---

ing dalêm kawandasa dintên kawandasa dalu.

4. Siyam pêjah latu ing dalêm pitung dintên pitung dalu.

5. Wungu ing dalêm tigang dintên tigang dalu.

6. Pêjah raga ing dalêm sadintên sadalu.

Dene pamêkaking nêpsu hawa wau, manawi sampun angsal, sangangatus dintên, karangkêpan angampêt sahwat ing dalêm, satus dintên satus dalu.

Pangampêtipun sahwat wau, manawi sampun angsal sawidak dintên, lajêng karangkêpan ambisu tanpa siyam, ing dalêm kawandasa dintên kawandasa dalu.

Pambisunipun tanpa siyam wau, manawi sampun angsal tigang dasa tiga dintên lajêng karangkêpana siyam pêjah latu ing dalêm pitung dintên pitung dalu.

Siyamipun pejah latu wau manawi sampun [sa ...]

--- 114 ---

[... mpun] angsal sakawan dintên, lajêng karangkêpana wungu ing dalêm tigang dintên tigang dalu.

Wungunipun manawi sampun angsal kalih dintên, lajêng karangkêpan pêjah raga ing dalêm sadintên sadalu.

Mênggah patrapipun pêjah raga punika, sidhakêp suku tunggal nutupi babahan nawa sasanga, dhêkukul ngrangkul dhêngkul. Kados patrapipun amanêkung, manawi sampun mapan ingkang sêpi, amawas pucuking grana, botên ebah botên osik. Botên sêgu, ngampêt wêdaling sêsukêr, dene ingkang ebah amung kantun lêbêt wêdaling napas, anpas, tanapas, nupus kemawon. Ngêningakên păncadriya, ngampêt rasa rumasa pangrasa.

Sasampuning tata trapsilaning tapa-brata makatên wau, kantun anari karsanipun,

--- 115 ---

jumênêng pribadi.

1. Saupami badhe raga suksma, andadosakên cipta, ugi sagêd kalaksanan.

2. Saupami badhe karsa nyatakakên saebah osiking praja yakti kalêgan.

3. Saupami badhe anuruti karkating panggalih, sayêkti jinurungan.

4. Saupami badhe andadosakên mujijatipun sayêkti katêkan.

5. Saupami badhe sagêd kabul mangunahipun sayêkti kalampahan.

6. Saupami badhe rahmat sayêkti sami sanalika kemawon sagêd lajêng amratandhani pangawasanipun piyambak. Mila pakartining tiyang ingkang katarimah ngilminipun punika, botên angamungakên darahing ngaluhur kemawon. Sanadyan talitining ngalit anggêr têmên-têmên antêping [antê ...]

--- 116 ---

[... ping] tekat tokidipun satunggal. Manthêng botên angagungakên panggagas. Ingkang sampun kalampahan sagêd kadumugèn sasêdyanipun.

Kados ta: sintên ingkang tabêri mêkak nêpsu hawa, ing têmbe dumugining dintên wêkasan asring wontên gara-garanipun băngsa angin agêng. Utawi kathah latu agêng.

Sintên ingkang rêmên darma dana: sabar darana, ing têmbe dumugining dintên wêkasan, asri[6] mêdal kawasanipun gara-gara băngsa toya agêng, miwah kathah ingkang wêlas asih.

Sintên ingkang jêjêg panggalihipun, têgêsing jêjêg botên nate cidra ing pangandika, ing têmbe dumugining dintên wêkasan asring kathah kaelokanipun.

Sintên ingkang lumuh anyidra rêsmi, ing têmbe dumugining dintên wêkasan asring amratandhani [a ...]

--- 117 ---

[... mratandhani] kathah pawèstri ingkang asih wêlas purun anglabuhi lampahing sakawasanipun.

Sintên ingkang rêmên utami, nadyan dumugining jaman wêkasan kathah ingkang manjurung kautamaning pati.

Sintên ingkang rêmên dhatêng sasamining tumitah ing têmbe kuburipun mêdal karamatipun.

1. Kados ta: kathah ingkang nyaji-nyaji,

2. kathah ingkang nyuwun barkah idining warni-warni,

3. kathah ingkang andêdagan, utawi ngabulakên kabêgyaning pati.

Mênggah ingkang kapratelakakên ing nginggil sadaya wau, ing sasagêd-sagêd sampun ngantos angênas angina ing sasami-samining manungsa. Mila Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldênta paring pêpeling pangandika makatên.

Giri lusi jalma tan kêna dèn ina. Têgêsipun: [Tê ...]

--- 118 ---

[... gêsipun:] gêsang punika kawasaning Allah, pati punika kagunganing Pangeran.

Dados ing dalêm pati urip punika botên kenging angakên. Sakaliring lêlampahan ing ngalam dunya amung kenging anggadhuh botên wênang agêgadhah.

Mila ingkang makatên wau panggenaning kalêpatan ing dalêm gêsang wontên ngalam dunya.

Dene ingkang kadunungan uninga dhatêng pakarti sae, yakti panggenaning nugraha, têgêsing nugraha sipating Pangeran Kang Amurba-Amisesa ing bawana.

Kanugrahan punika sipating kawula, yakti panggenaning ngalêpat kemawon.

Sadaya wau manawi sagêd rumasa yèn kawula angawula inggih botên angambah kalêpatan ing ngagêsangipun. Katarimah ngilminipun sagêd anunggal pamoring kawula Gusti.

--- 119 ---

Bab 4.

Mratelakakên wawêjangan wahananing dat. Anggêlar purba wisesaning kudrat sakawan.

Sajatosipun ingkang dipun wastani Pangeran Kang Amaha Suci punika asipat Êsa: têgêsipun ingkang sawiji balaka, dumunung ana sajroning: nun. Têgêsipun nêptu sawiji, duk maksih sunya-ruri, kang jumênêng dhingin iku dat mutlak kadim ajali abadi, dumunung salêbêting nukat gaib, ingkang sakalangku[7] langgêng. Ing ngriku amêdharakên kudrat iradatipun dados kawan pasêbutan.

1. Kang asipat jalal. Têgêsipun agung. Ingkang agung punika wujudipun. Dene angèbêki bawana, kêkandhanganipun kasêbut swasana.

2. Kang asipat jamal. Têgêsipun elok. Ingkang elok punika sipatipun. Dene dede jalêr dede èstri, dede wandu, botên jaman botên makam. Tanpa gatra warna, botên [bo ...]

--- 120 ---

[... tên] arah botên ênggèn. Mokal ora, mêsthi anane, aparêk botên senggol. Inggih punika tandhaning cahya swasana kasusupan prabaning candrama.

3. Kang asipat kahar, têgêsipun wisesa, kang wisesa punika asmanipun. Dene botên angagêm nama sintên-sintên. Inggih punika tandhaning surya sumusuping cahya swasana.

4. Sipat kamal. Têgêsipun sampurna ingkang sampurna punika apngalipun. Dene kawasa anggêlar sèsining bawana sami sanalika, inggih sajatosing cahya swasana nunggil lawan prabaning cahya kartika.

Mênggah kudrat sakawan wau, ingkang kinarsakakên sagêd anunggil kalihan dat kang amaha suci amung swasana piyambak. [piya ...]

--- 121 ---

[... mbak.] Inggih ugi kawasa anarik daya swasananing cahya têtiga, lajêng anunggil lawan purba wisesaning dat kang agung. Mila swasana lajêng kasêbut napi jinis. Minăngka warananing napi latip. Ingkang makatên wau sampun kalêbêt ing purba wisesa, mênggah sagêdipun kawasa anggêsangi sèsining dumadi ing jagad-raya, jalaran ingkang nama napi punika sajatining tirta marta kamandhanu, têgêsipun toya gêsang, utawi toya malêngkung. Mila swasana kenging winastan kêkasihing dat. Dene dat anggènipun kalêbêt pasêbutaning Pangeran. Awit sami jumênêngana siring dat mutlak kadim ajali abadi wau, dene kudrat sakawan punika anggènipun nama Pangeran awit [awi ...]

--- 122 ---

[... t] sami kadunungan wawênang piyambak-piyambak, kados ta: kawasaning surya punika panas, sagêd sumusup ing jasad. Têmah mahanani ing budi, mila urub pangarêping budi punika kasêbut nêpsu hawa.

Candra: anggadhahi daya asrêp. Sumusup ing jasad dados lajêng mahanani ing manah, mila sawarnining kang sipat nyawa kadunungan panêdya, inggih punika dayaning wulan.

Lintang: anggènipun anggadhahi daya kêkês punika awit winênangakên umanjing ing dalêm cipta, dados sagêd mahanani tistising tyas, trênyuhing para sêdya. Nanging têtiga wau sagêdipun ambabar purba wisesa, saking kawasaning swasana sadaya, upami wong saha mrêngangah sagêdipun murub saking kawasaning swasana, têmah anggêsangi sèsining bawana.

--- 123 ---

Dene ingkang dipun wastani swasana punika, kawasanipun ing dalêm kothong, suwung. Wontênipun swara kumrusuk, kumrangsang jumêgur sapanunggilanipun, sami sangking swasana, sarêng swasana kataman purba wisesaning napi jinis, lajêng anggêlar wawênang ambabar pangawasa sasat dayaning napi jinis. Nanging ugi gadhah sasêbutan Pangeran. Inggih dhasar kenging dados gêgeyonganing kang asipat nyawa, awit sakawan punika sampun botên siwah kalihan purbaning dat kang agung. Dumununging sipat sagêd manjing dhatêng nêpsu kawan prakawis. Mila nêpsu kasêbut cahya sadaya.

1. Cahya cêmêng, winastan nêpsu luamah,

2. cahya abrit. Nama nêpsu amarah,

3. cahya jêne, dipun wastani nêpsu supiyah,

4. cahya pêthak, kasêbut nama nêpsu mutmainah.

--- 124 ---

Kawan prakawis punika ugi anggadhahi karaton. Sarta kadunungan swarga, ing ngriku manawi kirang awas pamawasipun yakti kawasa angirup rahsaning manungsa, utawi gêsanging sarwa dumadi, inggih punika bedanipun ingkang ngilmi kalihan ingkang botên ngilmi.

Saupami ing jaman sakaratil maot, nêpsu sakawan sami gara gadha mujudakên cahya kadi swarga kang tanpa kira-kira, angragadha[8] dhatêng ingkang katarimah ngilminipun. Yakti botên sagêd. Awit ingkang ginodha santosa, jalaran sampun uninga kaanan kang sajati, dados botên korub dhatêng alam swarga panasaran kawan prakawis wau, manawi ingkang botên ngilmi inggih punika ingkang [ing ...]

--- 125 ---

[... kang] pinangeran. Jalaran dèrèng uninga kasunyataning dat kang agung kang amaha suci, pramila sami dhatêng alam panasaran.

Dene lampahi[9] tapa-brata, sanadyan ngilmi utawi botên, tataning tapa-brata botên wontên awonipun. Nanging kêdah kanthi dêdugi prayogi, têgêsipun makatên, sumêrêpa.

Karêm lampah tapa-brata, punika manawi ngantos tilar watara malah adamêl beka, luhung botên mawi tarak-brata.

Dene ngilmi sanadyan tanpa[10] brata anggêr botên kinanthenan mahambêk bêlalo punika inggih botên prayogi, sasat sami kemawon kalihan ingkang bodho tanpa pamanggih, mila ngagêsang punika kêdah ingkang sagêd mawi dêdugi prayogi, [pra ...]

--- 126 ---

[... yogi,] dados kasêbut tiba sêdhêng.

Mênggah êmpaning budi dyatmika punika inggih madyaning pambudi, kadi dayaning swasana, mila swasana sagêd paworing kawula Gusti, jalaran ing nalika tumitah sapisan dumunung wontên ing ngalam antara, têgêsipun samadyaning bawana, dados sagêd anglimputi ing ngandhap nginggil sadaya kaèbêkan dayaning swasana, mila winênang dados kêkandhanganing dat kang agung kang amaha suci, cumithak ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Sampun botên kêkalih lawan sipat kang sajati, tanpa antara ing kaananipun.

Sewa sogata sakawan pisan sakalangkung nuhun. Rumaos angsal wasitotama, tumanêm ing salêbêting jinêm sidhêm.

Janggan Sitaragawa mêdhar wasitotama malih. Kados ing ngandhap punika pratelanipun.

--- 127 ---

5. Ing ngandhap punika anggêlarakên pralampitaning ngilmi makripat kasampurnaning awal akir, ingkang kasêbut salêbêting Sêrat Sidhawakya. Panganggitipun Janggan Sitaragawa ing wukir Jatisada tanah Hindhustan. Sutaning pandhita Islam, nama Sayid Burhami, trahing nata binathara ing Janggala.

Wiyosipun. Janggan Sitaragawa wau kenging dipun wastani tiyang ngalim ahli ngilmi. Mila kalêbêt dados têtuladan awit ingkang nama Janggan Sitaragawa punika lampahipun angangge sipta sasmita, kados duk jamanipun Prabu Padmanaba ing Dwarawati, makatên patrapipun.

1. Ing sabên bangun enjing, siram gêbyur toya sataman. Sarwi ambisu, sasampuning siram lajêng ngadêg samadyaning latar majêng mangetan, mangidul, mangilèn mangalèr manginggil mangandhap. Sarwi sidhakêp, amawas pucuking grana, mudya sêmadi amarsudi kawasa, dadosakên karsa,

--- 128 ---

manawi sampun rampung anggènipun madhêpakên keblat, lajêng midêr-midêr saubênging papan pakaranganipun piyambak. Mirêngakên swaraning têtiyang langkung dhatêng pasar ing ngapasar, utawi rêraosanipun para pangindhung magêrsari ingkang sami gêgraya[11] ngriku. Sadaya ginêm amung ginêgêt salêbêting panggalih. Saupami ing salêbêtipun midêr-midêr wau kathah pamirênging rêraosan ingkang botên eca, kados ta: ngrêsula grêsah saking kiranging têdha, utawi tunaning pangupajiwa, punapadene ginêm ingkang badhe anjalari tukar padu. Katimbang kalihan para ginêm rêraosan sae sarta kauntungan, miwah manggih bêgya, punapadene wontên ingkang gadhah lare, sarta wontên ingkang kêpatèn. Sadaya ginêm awon sae katimbang, lajêng kaangge pralambanging jawa[12] raga.

--- 129 ---

2. Ingkang kaping kalih, ing sabên bangun enjing wau mawi dèkèki dana sakadaripun, wontên ing prapatan, pandèkèkipun botên kasumêrêpan ing têtiyang. Dalah ingkang ngiring kemawon kalimpe botên uninga.

3. Rencangipun sakawan. Sami asli tiyang Hindhustan. Sutaning Kyai Wasthaka, rare sakawan wau ing siyang ratri botên pisah, ngantos sawatawis lami, malah sinung nama.

Sadhèrèk tunggil bapa biyung.

1. Nama Kyai Kisthaka

2. Nama Kyai Dahana

3. Nama Kyai Maruta

4. Nama Kyai Sutirta

Mênggah tiyang sakawan wau, wantuning asal tanah Hindhu punika sami kumrisik manahipun lantip. Lami-lami sangya[13] ginêgêt ingkang dados laku bratanipun Janggan Sitaragawa wau, watawis wontên ing ngasêpi tiyang sakawan punika [pu ...]

--- 130 ---

[... nika] sami matur bisik-bisik makatên.

Dhuh Janggan Sitaragawa, mugi tinêbihêna ing saru-siku, kawêngkua ing sagantên pangapuntên. Rèhning sakadang kula sampun sami dados sewa sogata, têgêsipun angladosi ing sarintên sadalunipun. Kaparênga kula sami kumapurun nyuwun pitêdah, ingkang dados têbiyat paduka ing sadangunipun kula uninga punika dèrèng mangarti, mila kaparênga kula tadhah dêduka supados antuk wasitotama. Margi kalihan wasitaning bapa kula botên mèmpêr.

Ing nalika pun bapa badhe tilar dunya, gadhah wawêling: sintên ingkang sagêd amêdhar sajatining sa utawi nun, punika sasat uninga sipating Pangeran papat.

1. Surya: mila kenging dipun idhêp. Awit andarbèni kawasa sagêd ambirat saliri[14] [sa ...]

--- 131 ---

[... liri] sawa ganda, têgêsipun ingkang amis bacin badhêg bangêr têlês sasaminipun. Mila têtêp sipating Pangeran Ingkang Maha Kawasa.

2. Kartika: inggih punika lintang, wawêlingipun bapa kula ugi punika dating Pangeran kang langgêng. Winênang umurba-amisesa[15] sèsining bawana, sarta kawasa ambirat sakaliring atêlês sagêd garing tanpa latu, amung saking siliring samirana kemawon.

3. Candrama, punika rêmbulan. Mila dipun sêbut Pangeran. Awit nyata sagêd amartani sèsining jagad-raya.

4. Swasana, mila kenging dipun wastani Pangeran. Awit sanyata sagêd anggêsangi sagung dumadi sèsining bawana, sarta kawasa anglimputi sajawi lêbêting jagad-raya, sanadyan ingkang suwung ingkang buntu ingkang bolong sami kalimputan ing swasana,

--- 132 ---

wasana têbiyat paduka makatên. Kula nyuwun pitêdah ingkang dados pamanggih paduka, supados amimbuhi pangawikan sakadang kula. Janggan Sitaragawa amangsuli.

Kismaka, dahana, maruta, sutirta, mênggah wasitaning sudarma andika ing nguni, ingkang sampun kagêlarakên sadaya inggih lêrês, botên lêpat. Dene tabiyat kula ingkang makatên wau inggih ugi wêdharanipun bapa kula Sayid Burhami.

1. Anggèn kula adus gêbyur sabên bangun punika supados rêsik rêrêgêding jagad.

2. Ngadêg latar ngadhêpakên keblat punika nêtêpi asaling jasad saking anasir sakawan, bumi, gêni, angin, banyu.

3. Tumênga ngakasa punika sambat dhatêng bapa.

4. Tumungkuling pratiwi sambat dhatêng biyung.

5. Anggèn kula ambisu punika saking ajrih [a ...]

--- 133 ---

[... jrih] kula lumancang pangucap, ngrumiyini krêntêg pangandikaning Pangeran. Dene ing sajatining Pangeran Kang Amaha Suci punika kang asipat satunggal. Kasêbut dat mutlak kadim ajali abadi, têgêsipun, ingkang rumuhun piyambak kala taksih awang-uwung salamènipun muhung ingsun. Jumênêng wontên salêbêting nukat gaib ingkang sakalangkung langgêng.

6. Ing nalika dat amurba kayu, kawasa amêngku gêsanging nur, roh, nêpsu, akal, lajêng amujudakên jasad punika. Dene ingkang nama dat punika botên arah ênggon. Mokal ora, mêsthi anane. Mila kasêbut napi, dene napi punika wadhagipun winastan swasana, mila swasana rinilan dados kêkandhanganing cahya tigang prakawis.

1. Cahya abrit, inggih punika kaananing

--- 134 ---

nêpsu amarah, ing têmbe awarni suwarga, inggih punika alaming sato kewan băngsa gêgrêmêtan sapanunggilanipun.

2. Nêpsu luamah, warni cahya cêmêng punika alaming lêlêmbut brakasakan sasaminipun.

3. Cahya jêne, inggih punika kaananing nêpsu supiyah, punika alami[16] băngsa pitik iwèn miwah ibêr-ibêran sapanunggilanipun. Cahya têtiga wau hawaning surya wulan lintang. Nalika kenging daya pagèndènging[17] swasana, lajêng mahanani hawa tigang prakawis wau, mila hawa kasêbut nêpsu saking badhe dumunung alam panasaran, sanadyan swasana inggih kawasa anartani hawa, warni cahya pêthak. Kasêbut nêpsu mutmainah, nanging manawi kirang awan[18] èngêt inggih mêksa sasar malih, jalaran cahya pêthak alaming bêbujêngan toya.

--- 135 ---

Bab 6.

Mênggah ingkang ngidhêp dhatêng kudrat sakawan wau, yakti taksih badhe ngaping kalih damêl. Awit mangeran nêpsu kawan prakawis. Ing têmbe dumugining jaman karamatulah angidhêp alaming jaman panasaran sakawan wau, awit sampun cumithak ingkang dipun anggêp pangeran. Mila para winasis sami binudi kajatèning pati, supados botên korub dhatêng alaming panasaran kawan prakawis. Nanging ingkang nganggêp Pangeran inggih lêrês botên lêpat. Awit punika sampun kalêbêt kudrat iradat. Kawasa amujudakên swarga ingkang tanpa upami. Mila para kawasaning tigang cahya punika ugi sami anggadhahi daya piyambak-piyambak. Supados umating Pangeran sagêd ambedakakên. [ambeda ...]

--- 136 ---

[... kakên.] Kados ta: ingkang sampun ambontos ngilminipun. Yakti botên beda ing ngagêsangipun. Dipun basakakên ing ngalam dunya kalihan ing ngalam akir sami kemawon. Jumênêng lawan pribadinipun. Gêsang salamènipun botên wontên ingkang anggêsangi, dumadi dhingin piyambak botên wontên ingkang adhingini,[19] mulya sampurna tanpa sangsaya, wênang gawe botên wênang ginawe, kawasa murba-amisesa botên winisesa, waskitha botên kalawan aningali, ngrungu tanpa karna, ngingsêp tanpa grana, angandika botên mawi lesan. Saciptanipun sami sanalika sagêd dados. Sasêdyanipun dhatêng, ingkang kinarsakakên wontên. Mila pati-pati dipun gurokakên supados uninga kaananipun ingkang sajati,

--- 137 ---

sagêd nunggil kalihan dating Pangeran Kang Amaha Suci, kawasa anggêsangi sèsining bawana.

Dene bedanipun kalihan ingkang mangeran cahya kawan prakawis wau, ing têmbe sagêd minggah sawarga ingkang tanpa kira-kira, karana kudrat sakawan punika kawasa amujudakên kadhaton nawa rêtna ingkang sakalangkung elok. Awit tancêping pati nalika ngancik ing dalêm sakaratil maot ingkang dipun gagas amung kamulyaning jasad. Mila inggih sanalika kawistara tandhaning pangantam-antam wau, awit cahya irêng abang kuning putih punika saking wahyaning nêpsu kawan prakawis, amarah, luamah, supiyah, mutmainah, dados wahananipun inggih amratandhani kamulyaning nêpsu hawa sadaya, ingkang makatên punika nelakakên wawênanging angkara murka: kanyatahanipun [kanyatah ...]

--- 138 ---

[... anipun] ing dalêm alam panasaran kemawon.

Kyai Kismaka... Sami matur nuwun.

Kyai Dahana... Sami matur nuwun.

Kyai Maruta... Sami matur nuwun.

Kyai Sutirta... Sami matur nuwun.

Dahat suka sukuring manah kaparingan pitêdah sajatining dunungan. Rumaos kasaluru ingkang sampun kaanggêp lami, mila sarêng antuk wasitanipun Janggan Sitaragawa lajêng rumaos antuk parimarmaning Pangeran. Ing nalika samantên sewa sogata sakawan dahat sungku sumungkêm anoraga pasrah jiwa, wimbuh têtanya parluning lampah ingkang dipun laksanani.

Janggan Sitaragawa: wantuning dipun pasrahi pêjah gêsang dados sangsaya wêlas asihipun. Mila sapakèning sewa sogata [soga ...]

--- 139 ---

[... ta] catur têmah tinuturakên sadaya. Kados makatên pangandikanipun.

Hèh Kyai Kismaka... Sami ngawikanana

Hèh Dahana... Sami ngawikanana

Hèh Maruta... Sami ngawikanana

Hèh Sutirta... Sami ngawikanana

Mênggah sajatosipun dadining ngilmu kalawan laku, lêrêsipun makatên kacathêta. Sajatosipun ngilmu punika mupakate lan panêmu, têgêsipun, botên saking lampah tarak-brata angêngirangi têdha, sanadyan ingkang tapa-brata nanging sêpa-sêpi, tanpa ngilmi, ingkang ngilmi tanpa brata, yakti walahuaklam katarimahipun. Awit sampun kawêca ing dalêm rahsa, sintên ingkang asring tapa-brata angêngirangi têdha, yakti sami kadunungan manah sumêngah jubria kibir. Inggih punika kaananing dosa,

--- 140 ---

têtela tiyang ahli lampah punika, manawi kirang ngandêl kumandêl malah kandêl dosanipun. Mila kêdah ingkang sagêd tarêtip saniskaraning laku brata, têgêsipun ing sanadyan anglampahana sêsirih bangsaning têdha, utawi anyakiti jasad. Anggêr tartip botên katawis inggih bokmanawi katarimah pangèsthining cipta ing dalêm awal akiripun.

Bab 7.

Dene pralampitaning para nabi, miwah para ahli budi, kadadosanipun ing dêlahan yakti wontên tandhanipun. Makatên kaèngêtana.

1. Sintên ingkang karêm lampah tansah jibar jibur ambaruwah lumuh pandamêl sae, weya dhatêng kasutapan, sangking adat luwangipun, dumugining dintên wêkasan. Ing têmbe jisimipun bosok. [boso ...]

--- 141 ---

[... k.] Luluh dados lêmpung. Asaripun panas ingkang ngênggèni botên sagêd têntrêm. Suksmanipun angalambrang, kados kinjêng tanpa soca, têgêsipun kinjêng tanpa netra, yakti numbuk-numbuk. Botên mecok[20] ingkang prênah, ewadene nalika gêsangipun asring nadhah lampah tabêri sêsuci, ing lair batinipun. Inggih trêkadhang botên makatên kadadosanipun ing dêlahan.

2. Sintên ingkang tabêri anggêntur siyam tanpa dugi-dugi, sangking adat luwangipun dumugining dintên wêkasan, ing têmbe jisimipun margêgên dados sela, tur anyangari papan pemahan. Ingkang ngênggèni arang kuwawi, suksmanipun dados dhayang prênyangnyangan ingkang sêmara bumi, ewadene duk gêsangipun manawi kinanthenan [kina ...]

--- 142 ---

[... nthenan] lampah trima lêgawa ing manah, kados ta, dhahar sakawontênanipun botên garantês. Inggih trêkadhang botên makatên kadadosanipun ing dêlahan.

3. Sintên ingkang tabêri lampah ambantêr wungu tanpa dêdugi, saking adat luwangipun ing têmbe, dumugining dintên wêkasan. Ingkang sampun kanyataan jisimipun sagêd mêdal saking kuburan. Awit panjingan brakasakan ingkang asring mêmêdèni, suksmanipun anitis dhatêng băngsa sato kewan miwah băngsa gêgrêmêtan sapanunggilanipun. Ewadene duk gêsangipun mawi kinanthenan tabêri lampah trima, rila lêgawa, têgêsipun botên supe samukawis, nadyan wungu anggêr mawi dugi-dugi, inggih trêkadhang botên makatên dumugining dêlahan.

--- 143 ---

4. Sintên ingkang karêm anglantur cêgah sahuwat, tanpa watawis. Saking adat luwangipun, dumugining dintên wêkasan, ing têmbe jisimipun ical. Amrayang dados lêlêmbat brakasakan sasaminipun. Trêkadhang anjalma, ngumladheyan, têgêsipun dumunung ing wit-witan ingkang dipun sênêngi, utawi asring gara gadha dhatêng pawèstri, angèn tangguh nuju tilêm miwah sêpining jalêr, mila dipun wastani băngsa gandarwo, ewadene duk gêsangipun tabêri lampah tama têmên. Botên purun nyidra rêsmi, miwah botên nate anglampahi jinah abêbandrèk dhatêng liyan wajibipun. Inggih trêkadhang botên makatên kadadosanipun ing dêlahan.

5. Ingkang kaping gangsal. Sintên ingkang

--- 144 ---

sumêdya sabar darana, sagêd amêkak nêpsu hawa, utawi purun anglampahi pêjah salêbêting gêsang, têgêsipun wani anor-raga, ngasor patrapipun. Sampun kalabêtan manah ingkang rèpèh, utawi tarimah rèmèh, punika andadosakên cèmèhing panggayuhipun. Mila ing sasagêd-sagêd amarsudia tatakrama prayogining ngagêsangipun. Anggadhahana ulat sumèh, pangandika ingkang sarèh, solah ingkang ngrêpèpèh, sarta ingkang mawi dêdugi prayogi, kanthi watawis ingkang botên katawis. Ingkang makatên punika, sangking adat luwangipun dumugining dintên wêkasan. Ing têmbe jisimipun mulya sampurna [sampur ...]

--- 145 ---

[... na] jati tanpa sangsara, gêsang salamènipun. Langgêng botên ewah gingsir ing awal akiripun. Wontên ing ngalam dunya gêsang, sanadyan dumugining kaanan akirat inggih gêsang, ingkang makatên punika tăndha katarimahing ngèlminipun. Nadyan suksmanipun badhe sagêd nunggil kalihan dating Pangeran Kang Amaha Suci sajati, witning duk gêsangipun mawi kinanthenan lampah lêgawa, rila, têmên, utami. Kados sangsaya lêstantun pamoring kawula Gusti. Mila sadaya patraping ngagêsang kita sadaya wau, dèn awas èngêt. Ingkang tata titi trusing pangarti ingkang yukti. Saupami wontên ingkang katingalan ingkang pamiyarsa panggănda pamiraos dipun waskitha,

--- 146 ---

Bab 8.

Mênggah wêwalêring guru ingkang prayogi,

1. sampun ngantos kagetan manah,

2. botên kenging kagetan nêpsu

3. botên kenging gumunan eraman,

4. ing sasagêd-sagêd angèsthia budi dyatmika, supados sagêd mênêp, têgêsipun wêning. Ingkang makatên wau suminggah awatak gugon-tuhon. Sumingkira budi darêngki, panastèn panasbaranan. Jail muthakil bakiwit punika dèn sumingkir. Utamining ngagêsang sagêda momot sakalir. Dados kasêbut ambêk sagara, angèngêtana yèn kawula angawula.

Kismaka, dahana, maruta, sutirta, tanggap anampèni wasitaning guru. Rumaos manawi binuka ing Pangeran, tăndha kaparêng.

--- 147 ---

Mênggah wêwatoning manah kaparêng punika, nêm bab.

1. Kalêgan ingkang dados panuwunipun.

2. Katuju ingkang dados pangèsthi.

3. Kawêdhar ingkang dados wadining panêdya.

4. Kacondhongan ingkang dados manahipun.

5. Karaos ingkang dados lêpating pamanggih.

6. Kapêthèk ingkang dados pêpingitanipun.

Mila sewa-sewa sogata sakawan wau sarêng antuk wawêdharan ingkang sanyata, karaos ing manah anuwun pangaksama dene têka kumapurun sumêngka atur têtakèn.

Wangsulanipun Janggan Sitaragawa makatên.

Eca tur sagotra, boya katênta, robaya karya wasitotama ring pantèn. Ingkêng mêkotên puniki anging drêmi bêsaos.

Têgêsipun, E golongan sakawan, botên katênta kula damêl wêwara sae dhatêng andika, ingkang makatên punika inggih darmi kemawon.

--- 148 ---

Awit sajatosipun sakaliring solah-bawa kêdah kapadhan karsa. Sadaya ingkang dados karsa kêdah lawan binuka. Dados salugunipun ing solah muna muni punika, manawi tanpa dêdugi prayogi yakti weya pinanggihipun. Têgêsing weya tilar wiweka, botên mawi mrayitnani ingkang dipun ajak imbal wacana, wasana badhe tan miguna, karana tiyang punika manawi dede pikajêngipun yakti badhe nuwuhakên sulaya, trêkadhang botên mirêng ramening rêraosaning liyan. Ingkang makatên punika bêbasan catur katut ing angin. Inggih saking lenanipun ingkang anggêlar wicara tan rinasa, beda lawan anuju kayun. Kapadhan karsa, yakti badhe cumithak salêbêting budi sanubari, nadyan sapala ngalela, amung sapele tanpa lali, dahat kalingling.

--- 149 ---

Mila wawêling kula dhatêng andika sagêda sumawita, têgêsing suwita, waskitha ing saniskara, tru[21] titi patitis ing kawajibanipun. Nyumêrêpi sawêwadining bêndara, rumasa aluput ing sasolah-bawa, kanthi tama têmên mantêp sarta murina.

Têlas wulangipun Janggan Sitaragawa.

Sapraptaning pacrabakan ing Jatisada.

kismaka... Amung nendra sadintên sadalu

dahana... Amung nendra sadintên sadalu

maruta... Amung nendra sadintên sadalu

sutirta... Amung nendra sadintên sadalu

Endhangipun badhe anggugah sinungan têdha, Janggan Sitaragawa botên suka, pangandikanipun makatên, aywana kang wani anggugah wong kang lagi nendra, karana turu iku têtiru ing dalêm pati, yèn wus miranti pakartining jasad yakti kawasa tangi dhewe, manawa durung pêpak manone [mano ...]

--- 150 ---

[... ne] yakti gumyur cipta rasane, ura panêmune, karana lakuning wong ahli ngilmu makripat iku, turune amung ngrêrêmake budi, amarga lakuning rahsa lagi bantêr-bantêre, dadi ênggone nyarèhake iku bêbasan anyarèhake napas, amêpêk akara[22] murka. Lakuning roh kurang turut. Saupama ana kang wani-wani mêksa amrih tangine, ing sanadyan bisa tangi, nanging sasat ambubrahake wong lagi anênun wastra, trêkadhang ana malèsèting piranti bakal angowahake piranti ingkang parlu, marma kasêbu[23] edan.

Marma dèn padha ngestokake wawêkas, mungguh sapu-dêndhaning Pangeran dumunung dadi dosaning wong kang anggugah nendra mau, ujaring Kitab Gaibul Guyup, dibasakake pitung mêdahat dosane.

--- 151 ---

Bab 9.

Punika pratelaning Sêrat Catur Pramana, wêwiridanipun Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, ingkang sumare ing Pantaran. Nalika paring wasitotama dhatêng Bagus Krèbèt, inggih punika Kangjêng Sultan Pajang. Kala mêntas tinilar ing ibu rama, lajêng kapêndhêt putra dening Nyai Agêng Tingkir. Wontên ing ngriku karêmênanipun siram dhatêng Pantaran. Trêkadhang ngantos nyipêng. Wantuning trah Kartiyasa, dados agêng tekadipun. Parmaning Pangeran lajêng angsal wangsitipun Sèh Molana Ibrahim Jatiswara wau.

Wontên satêngah kaol malih, ingkang paring wasita punika Kyagêng Kêbo Kanigara, sadhèrèkipun ingkang rama piyambak. Mênggah wêdharing wasita kados ing ngandhap punika.

Sajatine ora ana apa-apa, mungguh paugêraning urip iku aja tinggal patang prakara: dat, sipat, asma, apngal. Ing kono dununging kawula Gusti. Dèn ngandêl kumadêl.

--- 152 ---

Rèhning lare dèrèng tancêp pamanggihipun, nanging tansah kagagas kemawon. Ingkang uwa Nyai Agêng Tingkir asmu sandeyaning galih, sabên aningali ingkang putra, anggènipun linglung kakintên angèngêti rama ibu, mila Jaka Krèbèt kaêlih nama Jaka Tingkir, kinudang-kudang sagêda dados pandam pangaubanipun para kulawarga, ginagulang ing aguna ingkang dados pirêna, nanging Jaka Tingkir tansah kadi lare gêndhêng kemawon. Wasana tinarima ngenggar-enggar dhatêng wismanipun ingkang uwa Nyai Agêng ing Butuh Puyang. Wontên ing ngriku pinardi macul garu maluku gadhangan gaga. Sawêg tigang paculan dipun kèndêli pamaculipun. Margi kadhatêngan tiyang agêng inggil. Paring sabda pangandika makatên.

Ala macul bêcik mulih.

Ala mulih bêcik mancêlat.

Ala mancêlat bêcik macak.

--- 153 ---

Ala macak bêcik anyacak. Ing kono dununging dat, sipat, asma, apngal. Ambèbèra babad dimèn bisa dadi.

Sapêngkêripun ingkang paring pangandika wau, Bagus Tingkir malajêng mantuk. Ingkang uwa wacana aris, sababipun wisan damêl dèrèng wanci, ngintên lumuh ing pandamêlan. Ingkang putra wêwarta sawêwadinipun anggèning wisan dèrèng wanci wau wontên ingkang akèn. Nyai Agêng Butuh asmu maibên. Sarêng walèh salêlewaning busananipun ingkang nabda. Kang uwa lajêng ngrungkêbi sarwi tinangisan. Panampènipun kinèn kesah sangking Butuh winarah tumut dados panjaking dhalang bèbèr. Nyai Agêng Butuh wau badhe mênggak ajrih ingkang paring wasita, wasananipun rinilan kesah saèstu tumut dados pangêcèripun dhalang bèbèr. Jaka Tingkir karan Jaka Krèbèt malih, awit salêbêtipun wontên ing ngriku kêrêp amucuki, watawis lami

--- 154 ---

malah lajêng dados pitayaning kaki dhalang wau, awit Jaka Krèbèt punika kalêbêt manahipun. Ing sabên wontên tiyang nanggap wayang bèbèr sampun cêkap ingkang putra kemawon. Ngantos kaloka pamayangipun Jaka Krèbèt wau, angagungakên kabêgyanipun ingkang sêpuh, mila kathah wêwulangipun dhatêng kawruh lair batin. Nanging kaki dhalang botên lami lajêng pêjah, Jaka Krèbèt gumantyèng awicarita. Dupi sangsaya kabul pandhalangipun, satunggal dintên Nyai Agêng Butuh kalih Nyai Agêng Tingkir kangên. Tuwi dhatêng wanawasa wismaning dhalang bèbèr, dupi wruh pakartinipun ingkang putra, têmah ingajak mantuk dhatêng ing Butuh Puyang. Pambukaning sêdya anyarêngi parênging Pangeran, lajêng sami mantuk mantun dados dhalang bèbèr.

10. Ing sabên dalu tinanggap ingkang uwa sakalihan. Salêbêtipun tumut kaki dhalang, wêwulangipun [wêwulangi ...]

--- 155 ---

[... pun] punapa, Jaka Krèbèt anyariyosakên sadaya, saking wiwitan dumugi ing wêkasan. Kados ing ngandhap punika wêdharing wasitarja.

1. Mungguh sajatine dhalang mayang iku anuduhake cipta sasmitaning kawruh kang sajati, duk sakawite ingkang anganggit lêlagoning kuna-kuna iku Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, minăngka dadi ngibarating ngilmu kasampurnan. Marmane nganggo sêsuluk, nandhakake ada-ada, bakal dadining adêgan.

2. Kapindhone ănta-wacananing kaki dhalang. Têgêse lêbda catur caritane, iya iku anelakake lakuning urip iki kabèh kapurba dening dhalang kang amolahake. Wayang iku wahananing dat, sipat, asma, apngal. Têgêse anuduhake sajatining urip iku kudu têtêp adêge. Ngawruhi sipate, ngandêla jênênge, rumasaa pakartine, kadi lêlakon kang dèn lakokake kaki dhalang.

--- 156 ---

Marmane aja dumèh dadi dhalang wayang. Yakti ana wahanane, manawa ora kalawan nugraha pinarêngake agêlar lêlakoning wêwayangan. Pasthi kidhung widhung wêdharing wacana.

3. Kêlir, iku upamane papan. Têgêse sèsining bawana iku wus padha pinanggung ana ing kêlir papaning sajagad-raya, mungguh ngibarate ngaurip iki ginêlar anèng papan, pasthi wajib amarsudia dayaning udaya, supaya wruh wahyaning toya, têgêse sumurupa ing bawana iki êmpan papaning panguripan. Aja pêpeka pangartining kauripanira, kudu wiweka aywa weya.

4. Diarani balencong, têgêse mancur mancorong amrabani bawana, iya iku ngibarate padhang sajati, mahanani kaanan iki kabèh, padha kapadhangan dening balencong, iya iku nuduhake [nuduha ...]

--- 157 ---

[... ke] pangarêp urubing budi, marmane dèn bisa martani kaananing urip iki kabèh, manawa bisa ambabar bakal ambawani bawana. Kaananing dhalang wayang kêlir balencong sapungkuringsun ing têmbe bêcik anggonên pawitan, takokêna kang tuwa dhewe patang prakara iku êndi, manawa wus kawêdharake dening para tuwa-tuwa, ing kono dèn awas eling, aja kurang santosa, sadarma bae kaananing padhalanganingsun iki ing têmbe kita kang andarbèni, aja sumêlang.

Amung makatên caritaning Jaka Krèbèt, Nyai Agêng Butuh miwah Nyai Agêng Tingkir, duk winarah karaos manahipun. Amung lajêng ngondhok-ondhok botên sagêd micara, wêkasan wêdaling luh marawayan anêlêsi sariranipun nyai agêng kalih

--- 158 ---

dupi wus ing antara lilih, lajêng sami rinêmbag sakalihan. Makatên imbaling wacana.

1. Nyai Agêng Tingkir, rêmbagipun kabêkta dhatêng wukir Majasta ing Toyabiru. Supados amêdharakên wasitaning kaki dhalang Wanawasa.

2. Nyai Agêng ing Butuh Puyang, rêmbagipun badhe katumutakên sadhèrèkipun jalêr dados juru suranata wontên nagari, nama Kyai Ganjur. Paedahipun supados sumêrêp sacara-caraning nagari, dados botên kabêsturon wontên ing dhusun.

Nyai Agêng sakalihan wau amung salêrês, rèhning rare sampun radi agêng, sêdhêng diwasa sagêd kulina ing solah-bawa.

Wontên pinisêpuh ing Butuh ngriku nama Kasanmursit. Sumêla atur prayogi dipun wêlingakên dhatêngipun ing ngriki, kalih pisan. Kasanmursit kadugi lumampah nimbali.

--- 159 ---

Enggalipun ingkang rayi kalih pisan sami dhatêng. Antawis dalu, lajêng kawêdhar wasitaning kaki dhalang bèbèr, miwah wangsiting para auliya, wangsulanipun Kyai Ganjur amung sagêd anampèni lare. Gancarakên wasita kasrah dhatêng Kyai Toyabiru. Kados makatên wêwangsulanipun.

Mênggah sagung wasitotama, muhung dados lêlantaraning karahayon. Yèn wasitaning dhalang bèbèr, muhung mamrih kabatanga babaranipun.

1. Dhalang: inggih lêrês kawasa anggêlar lêlampahan. Nanging botên kenging dipun anggêp sêpuh, awit dhalang punika ngibarating dat, yakti wujud punika taksih kenging ewah gingsir. Dèrèng langgêng kawujudanipun.

2. Balencong, punika ngibarating sipat. Têgêsipun witing wikan sakathahing warna

--- 160 ---

kataman prabaning cahya nubuwah, inggih balencong wau, ewadene botên kenging kaanggêp sêpuh. Tandhaning sipat punika kenging ewah gingsir, botên langgêng kaananing sipat wau.

3. Kêlir: têgêsipun papan, utawi aling-aling. Inggih punika ngibarating jagad. Dados papaning sagung dumadi sadaya, ewadene dèrèng kenging kaanggêp sêpuh, jalaran punika isbating apngal. Anelakakên panggawening gêsang wau sarêng sampun gumêlar ing papan. Mila kêlir anggadhahi sasêbutan aling-aling. Anêdahakên dununging warananing pagêsangan punika wiradat. Yakti kêdah dèn aling-alingi wantahipun. Mila taksih kenging ewah gingsir. Botên langgêng.

4. Wayang: têgêsipun wahana, inggih punika [puni ...]

--- 161 ---

[... ka] ngibarating asma, sadaya namaning wayang wau anartani kalanggênganipun. Botên kenging ewah gingsir. Sasêbutan kawan prakawis punika saksi sagêdipun mantuk têmbungipun makatên.

Tandhanipun kaurut sakawit anggadhahi karkat. Yakti botên wontên ingkang ngucapakên nanggap dhalang, utawi nanggap kêlir, nanggap balencong, ingkang sampun limrah, aku nanggap wayang. Dados kanyataan ingkang sêpuh piyambak punika asma, purbaning sipat amung sami wujud rupa, panggawe, wangsul asma, arane Babang Arya Prabu Radèn Anu.

Minăngka tăndha yêkti, dat punika ewah gingsir, dene wujudipun Kangjêng Nabi Adam botên wontên. Warnanipun kadospunapa, pandamêlanipun sampun botên, amung namanipun Kangjêng Nabi Adam taksih kemawon.

--- 162 ---

Mila ing mangke kula kêdah mêdharakên kêkêraning kaki dhalang, makatên jarwanipun.

1. Dhalang: liripun Pangeran Kang Mahasuci, amaringi wiji prêmati.

2. Kêlir: wus tumitah ana ing bawana.

3. Balencong, kang bakal anggadhuh wahyaning wahyu nubuwah wus mancorong.

4. Wayang: têgêse wahana, anuduhake babarane kanyataan aran Jaka ing Tingkir.

Kala samantên Nyai Agêng Butuh, Nyai Agêng Tingkir miwah Kyai Ganjur, jêtung sapandurat sami tan angucap. Amung lajêng tuwuh panangisipun malih, kèngêtan ingkang darbe putra, dupi lipur sawatawis, Kyai Banyubiru arêraosan malih.

Mênggah ingkang sampun kagêlarakên sadaya, ing sanadyan sasmitaning para auliya sampun kabatang, sirik yèn sumêngah [su ...]

--- 163 ---

[... mêngah] jubriya kibir, punika badhe ngambah dhatêng sêsandhaning andhandhang sapudhêndha, mila sae sami kasidhêm supados pramanêm.

Awit wigaring bêbatangan wau saking jubria, makatên malih samangke kula dèrèng purun tampi, prayogi Kyai Ganjur ingkang wajib ambêkta dhatêng nagari, minăngka dados panglèlèring lêlampahan. Supados angraosakên panas pêrih. Kados makatên anggèn kula damêl pasal.

Upaminipun kêmasan adamêl suwasa, pambêsoting dêmbaga kirang rêsik. Êmasipun kirang sêpuh, lajêng kacampur dados satunggal. Binêsot wontên pêparon cithakan, lajêng sagêd dados suwasa nanging kasêbut suwasa bubul. Ingkang makatên punika nandhakakên pikir sadaya daya tilar wiweka têmah lena,

--- 164 ---

beda lawan pangupayaning dêmbaga sari, dhasar rêsik pambêsotipun, kaluluh dados satunggal lawan kancana kang sêpuh, sarêng kababar prabaning kancana asmu jingga, inggih punika kenging sinêbut suwasa mulya.

Mila sagunging lêlampahaning ngagêsang punika kêdah kadunungan budi dyatmika, watêkipun mênêp, wimbuh wêning.

Têtimbanganipun makatên, sanadya[24] kancana mulya, măngka kapêndhêm ing siti, yèn talatèn pakartinipun sayêkti dangu-dangu kawistara kancana kenging lamuking siti, manawi titi pangruktining siti ingkang mawa lamuk wau sagêd rêsik sikatanipun, tan wande badhe mancèrèt piyambak. Wangsul warnaning kancana mulya, mila ing mangke putra andika dipun lêstantuna kulina ing praja.

--- 165 ---

Jinantu ing pudya-mantranipun para pituwa, wimbuh wêwulangipun Kyai Ganjur, manawi pancèn badhe jujur yakti mujur. Manawi badhe wigar yakti gagar. Mila sami dèn lila lêgawa, sampun ngantos kalabêtan manah sak-sêrik. Dene antaranipun badhe ambabar yakti botên wigar, malah sangsaya mêkar ananging badhe ngrêmbaka punika nadyan kataman ama botên dados punapa. Benjang kewala manawi sampun wontên tandhaning badhe ngêndhanu, kula priyăngga ingkang andhadhani kêkandhanganipun. Nyai Agêng Tingkir suka lêgawa wasana anyarêngi antukipun Kyai Ganjur, Nyai Agêng ing Butuh tinilar kari anggana, nanging botên kêndhat panêdhaning batos. Sinambi andêdagan ing kuburanipun ingkang raka

--- 166 ---

Kyai Agêng ing Butuh ing dalêm 1000 dintên lajêng kawistara tăndha kanyataan, tandhaning katarimah.

1. Nyai Agêng ing Butuh wau, ing sabên malêm Jumungah ngêblêng sadalu pisan, amung tansah nênuwun sagêdipun kabul ingkang putra wau,

2. Nyai Agêng ing Butuh, panuwunipun sagêda tulus dados pêpundhèning putra wayah,

3. Nyai Agêng ing Butuh wau ing sabên malêm Anggara Kasih amung dêdupa kemawon. Wiwit têngah dalu mawi ngrasulakên sêkul wuduk. Wasana nuju satunggal dintên malêm Anggara Kasih wau mirêng swara makatên.

Pangarah marang wahyu iku slamêtane sêga kabuli. Kudu sabên wêtone kang dèn arahake, gênti-gênti lawan sêga mêgana. Mila lulus dados têtuladaning kathah ngarah wahyu punika wilujêngan makatên.

--- 167 ---

Bab Kaping 11.

Turunan Sêngkêran ing Karaton.

Ing sabên wêdalipun piyambak, manawi wanita pamêndhêm pati gêni, sadintên sadalu, enjingipun lajêng dipun wilujêngi, têbu mangli 4 lonjor, kinêpung tiyang sakawan kaum. Sami angsal slawan[25] 4 kèthèng. Donganipun burung kêpala. Nanging kapingita dalu botên wontên tiyang uninga, enjing mêdal sarêngi sêk[26] kabuli mêgana, donganipun kabul slamêt. Slawatipun anut nêptuning dintên pêkênan.

--- 168 ---

[...]

--- 169 ---

Ewadene wontên ungêl-ungêlaning Sêrat Darmasunya kados ing ngandhap punika.

1. Nadyan ana bêbatangan kang wus gêlêng-gêlêng, manawa sumêngah jubria kibir akèh batale.

2. Nadyan wus ana tandhane, nanging kurang labu tanpa prihatin cêpak wigare.

3. Sanadyan ana brataning awrêda, nanging kang duwe badan weya, cêpak gagare.

4. Nadyan kang tuwa anggêntur tapa, kang digayuhake ora nimbangi laku brata trêkadhang batal panggayuhe sabarang udhar.

Wiyosing pambatanganing para waskitha, awit ingkang nama Jaka Tingkir wau pancèn piningit dening Pangeran. Tandhanipun pinunjul sasamaning titah, bêtah brata wani tapa, tabêri angirang-ngirangi, mila kalis sakaliring pangarah awon. Dados lusi para cidra wisayaning liyan. Têbih ing kasêngitan.

--- 170 ---

Mênggah ingkang kacariyosakên sadaya wau, amung minăngka pralampitaning ngilmi makripat. Ingkang sampun kasêbut ing dalêm idayat jati, anggènipun ngantukakên têmbung, sangkan paraning tanajul tarki, nyataning nyakra panggilingan. Inggih sawêg Jaka Tingkir piyambak ingkang nyaplaki lêlampahanipun ingkang eyang Prabu Andayaningrat Pêngging. Ingkang kasêbut nama Prabu Kalana Tunjung Seta Jaka Bodho punika, duk jaka dahat papa sangsara, sarêng jumênêng nata, sadaya ingkang dipun dhahar mawi dipun carubi racun. Upas bruwang, upas lèngèk sasaminipun. Parandosipun inggih lusi ing wisaya, mila Jaka Tingkir gadhah kawasa makatên, inggih amung kanyataaning sangkan-paran tanajul tarki, tăndha Jaka Tingkir punika panuksmaning eyang buyut ing Pêngging wau.

--- 171 ---

Bab 12.

Punika wirid wawêjangan panêtêg santosaning iman. Pusakanipun Kangjêng Susuhunan Kudus, nalika mêjang Kangjêng Sultan Hadiawijaya ing Pajang, kala taksih nama Jaka Tingkir. Mila winiluta dening guru, amargi Kangjêng Susuhunan ing Kudus wau rumaos kapotang lêpat, duk marjaya sedaning Adipati Pêngging. Dene anggènipun miluta Jaka Tingkir wau amung kangge panitikan. Manawi kirang mantêpipun dhatêng guru, tăndha nglabêti sak-sêrik sedaning rama, manawi botên kalabêtan manah ngigit-igit, têtêp mantêp ing guru, tăndha Jaka Tingkir kanyataan badhe kabul bêbatanganing kathah. Wasana botên wontên labêtipun, malah dahat sungku sumungkêmipun Jaka Tingkir dhatêng Sunan Kudus, amung wêdi asihing siyang dalu anggung sumiwèng guru kemawon. Mila Kangjêng Susuhunan animbangi wêlas asih.

--- 172 ---

Sasat putranipun piyambak, ewadene rèhning Jaka Tingkir punika anggènipun suwita dhatêng Sunan Kudus bêbasan sampun tanpa èwêt pakèwêd, dados antuk wasitaning guru kawêdharan rahsaning ngilmi panêtêg santosaning iman. Minăngka dados wêwarahing kajatènaning gêsang. Makatên pangandikanipun.

Jêbèng, wruhanamu, mungguh sajatine ing urip kita iku, ora ana apa-apa, mung waluya urip salawase, mulya sampurna jati tanpa sangsaya, têgêse ora ana kang dadi rêrubêting dunya, rawuhing akirat. Marma dèn ngandêl kumandêl marang dat kita pribadi, andadèkêna kudrat iradatira salawase, supaya santosa ing kauripanira, bisaa nyamadi marang umad iki kabèh aja samar.

--- 173 ---

Mênggah wêdharing sabda pangandikanipun Kangjêng Susuhunan Kudus, dhatêng Jaka Tingkir makatên wau muhung dados panêtêg santosaning iman. Dene wêwarah rahayu winoring rahsa jati, têgêsipun sadaya wau makatên.

1. Dat, pikajêngipun kăntha, utawi wujud.

2. Iman, liripun, eling utawi ngandêl.

3. Kudrat, têgêsipun kawasa.

4. Iradat, pikajêngipun karsa.

5. Tokit, têgêsipun muhung sawiji, utawi santosaning tekat satunggal.

6. Makripat, têgêsipun waskitha.

7. Ngilmu, têgêsipun kawruh.

8. Islam, liripun wilujêng.

9. Kayu, têgêsipun urip.

10. Kayun, kang urip.

11. Kayat, kang anguripi.

Sadaya wau pikajêngipun beda-beda.

--- 174 ---

Manawi ingkang kawêjangakên Jaka Tingkir, anggènipun mawi kacampur lawan wêwarah, awit ngiras paring wêwulang cipta sasmita badhe kadadosanipun. Amung sirik yèn ambuka sadèrèngipun winarah, rèhning Jaka Tingkir wau sampun katawis badhe kababar, ewadene taksih winarah tarak-brata, miwah kinèn anggêguru malih dhatêng ing Kalinyamat. Rèhning wali ngiras pujăngga ing Dêmak, supados wimbuh-wimbuh kasudibyaning aguna ing lair batin. Parandosipun Jaka Tingkir amung manut kemawon sawêwarahing guru, mila Sunan Kudus ing batos sakalangkung asih mawi ering. Ananging sinamur ing parikrama sami kemawon pangêmongipun kalihan para putra santana dalêm Kangjêng Sultan Dêmak.

--- 175 ---

Wiyosipun, manawi wawêjanganipun Kangjêng Susuhunan ing Kudus wau, bedanipun kalihan amêjang sanès, inggih amung sawatawis. Makatên pamêjangipun:

Sajatine ingsun dat kang amurba amisesa miwah kang kawasa andadèkake ciptaningsun, anganakake sêdyaningsun, anêkakake ing karsaningsun. Jumênêng ana sajroning nukat gaib. Ingkang sakalangkung elok, parêk tan kêna jinumput, cêdhak ora senggolan. Ing kono ingsun, karsa amêdhar kudrat iradatingsun, andadèkake ciptaningsun, anganakake sakarsaningsun, mulya sampurna byar padhang têrawangan ora ana apa-apa anging ingsun.

--- 176 ---

Mênggah wawêjanganipun Kangjêng Susuhunan ing Kudus makatên punika amung salugu gêgêlênganing dat kimawon. Minăngka pakartining gêsang anyantosakakên ing tekat lair batinipun. Supados ing têmbe dumugining dintên wêkasan, sampun ngantos anggadhahi uwas sumêlang. Dene ingkang dados gêgêbênganipun inggih nunggil amisah kemawon kalihan wawêjangan ananing dat, utawi wawêjangan wahananing dat.

1. Kados ta: ingkang gêgeyongan ananing dat punika anêtêpi panjênênganing dat punika inggih ngukuhi wujuding gêsang.

2. Wahananing dat punika angawontênakên purba wisesaning dat. Inggih ugi gêgeyongan wawênanging wujuting agêsang.

3. Panêtêg santosaning iman punika ingkang dipun angge gêgeyongan saking [sa ...]

--- 177 ---

[... king] tekat satunggal. Têgêsipun gondhelan saking awas eling. Makatên jarwanipun.

4. Iman, têgêsipun angandêl. Dene ingkang dipun andêl punika kudratipun.

5. Kudrat, têgêsipun kawasa, dados angêngkoki yèn sajatine kita kawasa.

6. Tokit, pikajêngipun muhung satunggal balaka, inggih punika tăndha trima, pasrah.

7. Iradat punika karsa dados pikajêngipun sadaya karsanipun kêdah pasrah ing Pangeran, kadunungana budi trima, rumasa yèn kawula, supados angilangakên sumêngah jubriya kibir.

8. Makripat, anggènipun gadhah têgês waskitha punika supados ngawuningani ngilminipun.

9. Ngilmi, têgêsipun kawruh, inggih gadhahi pangawruh ingkang ngantos wêruh, dados wêruh punika tăndha awas èngêt lair batin, awal akiripun.

--- 178 ---

10. Islam, anggènipun anggadhahi têgês wilujêng punika amung nêdahakên slamêt. Dene ingkang wilujêng wau kayatipun. Mila kayat anggadhahi sasêbutan kawan prakawis.

1. Jalal, têgêsipun agung. Ingkang agung punika datipun. Dene kawasa anglimputi ing alam sadaya.

2. Jamal, pikajêngipun olok.[27] Dene botên jaman makam, botên gatra warna.

3. Kahar, têgêsipun wisesa, awit botên angangge namanipun sintên-sintên.

4. Kamal punika sampurna, ingkang sampurna wau apngalipun. Dene kawasa anggêlar sakaliring dumadi sèsining bawana sami sanalika, sadaya wau sangkêpipun sadaya dumunung wontên insan kamil. Mila ing dalêm sasêbutan sakathahing alam punika insan kamil kêkasihing dat.

--- 179 ---

Bab 13.

Ing mangke amratelakên pangartining Jaka ing Tingkir, duk winarah dening Sunan Kudus, kinèn anggêguru dhatêng Kalinyamat. Ugi lajêng dipun lampahi, ananging kesahipun saking Kudus amung pamit mantuk dhatêng Tingkir, mila makatên amung paedah botên kenging rêraosan. Têgêsipun mawas wahyaning pasêmonipun Sunan Kudus kalihan Sunan Kalinyamat botên rujuk. Mila sapêngkêripun Jaka Tingkir, Sunan Kudus amiluta Arya Panangsang, supados anyidra Sunan Kalinyamad.[28]

Kala Jaka Tingkir mantuk, wontên ing Tingkir sawêg sapêkên, lajêng pamit badhe sowan dhatêng Kalinyamat, ingkang uwa marêngakên.

Jaka Tingkir dumugining Kalinyamat lajêng rinangkul sarwi tinangisan dening Ratu Kalinyamat. [Kali ...]

--- 180 ---

[... nyamat.] Wêwarta yèn ingkang raka kacidra dening pêpulunan, nama Arya Panangsang. Marma kalêrêsan Ratu Kalinyamat aminta tulung sagêdipun malês pêjahing Arya Panangsang.

Wêwangsulanipun Jaka Tingkir makatên.

Mênggah lêlampahan punika, botên susah mawi mundhut pitulung ing kawula, Pangeran Kang Kuwasa angudanèni kaananing para panêdha, anggêr têmên-têmên mantêp sayêkti têtêp. Têgêsipun inggih badhe wontên ingkang malêsakên. Ratu Kalinyamat anarimah, mawi wêwangson makatên.

Jêbèng duk uripe ramakamu Sunan Kalinyamat tinggal wêkas. Ing sawanci-wanci Jêbèng Tingkir têka, aja suwe-suwe banjur katundhunga, karana akèh ngêrêse. Têgêse padha ngrasani ora rujuk manawa kulina marang aku,

--- 181 ---

lan ana wawêkase manèh, mangkene, satuhune Jaka Tingkir iku, sabên bisa tumêka ing kene karsaning Pangeran Kang Maha Kawasa, wahyune Jaka Tingkir wus diparingake, sarta ana tandhane saluhuring pok grana kawistara cahya mêmêlik sakonang gêdhene. Iya iku wahananing wahyu karaton wus cumithak, dene wawêkase kang kaping têlu, jêbèng kinèn anglakonana Islam lawan ngibadah. Aturipun kang liningan nuhun.

Ratu Kalinyamat angandika malih, mungguh prakara iki, Jêbèng, sapa kang kawawa nahêni, nadyan sabara pisan sayêkti obah, marmane ingsun anênuwun adiling Pangeran ana pucak wukir wuda, wus dadi prasêtyaku, ora tapih yèn durung mati Si Jipang, Jaka Tingkir matur inggih kawula kang nanggung.

--- 182 ---

Ratu Kalinyamad lêga ing galih, lajêng uluk salam ungkur-ungkuran sêdya, dèrèng têbih, Jaka Tingkir wontên ing margi, kapêthuk Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, andhawuhakên pangandika makatên.

Jêbèng sira banjur katêmua wong aran Kaki Cindhe Amoh, lawan Kyai Cucuk Dhepok, têlu aran Nyai Grêntêng, padha dhêdhukuh ing wukir Krawang. Katêlu iku wilutanên tuture, poma.

Jaka Tingkir nêmbah lajêng têrus dhatêng wukir Krawang. Wontên ing ngriku winulang sakaliring aguna, miwah sakaliring aji jaya-kawijayan. Manawi sampun sagêd sadaya, lajêng tinundhung wangsul dhatêng wismanipun Kyai Ganjur malih, jalaran sampun parêk kanugrahanipun. Tiyang têtiga wau amung atur wawêling makatên.

--- 183 ---

Radèn, kula kanggenan sêrat-sêrat wêwaton ugêring praja, utawi sêrat ingkang dados pingiling kasagêdan, botên kuciwa, gadhahanipun wali pujăngga, anama Sunan Kalinyamat. Dhawuhipun manawi jêngandika sampun kawuryan wahyaning wahyu karaton. Sadaya sêrat titipan wau dikakakên nampèkakên jêngandika.

Jaka Tingkir wangsulanipun nêdha narima, prakawis paugêraning praja, dèrèng kula tampi, têmbe kewala ênggèh kula têdha sadaya, têtiga pisan anjurungakên.

Sarêng Jaka Tingkir sampun wangsul dhatêng Suranatan, Kyai Ganjur api-api duka, dene sawatawis dangu kesahipun. Măngka Kangjêng Sultan Dêmak utusan mundhut punakawan Jaka Tingkir kadadosakên punakawan. Mila enjingipun [enjingipu ...]

--- 184 ---

[... n] lajêng katur ing ngarsa nata, nanging botên kacarita rêrocèning[29] suwitèng nata.

Bab 14.

Wiyosipun, ing mangke amêdharakên wasitanipun Sunan Kalinyamat, ingkang kawêlingakên ingkang garwa, dhatêng Jaka Tingkir. Ing nalika Jaka Tingkir sampun jumênêng adipati Pajang. Anuju satunggal dintên sami sarasehan pangandika dhatêng ingkang paman Kyai Ganjur. Rèhning wontên wawêlinganipun Sunan Kalinyamat, kinèn anglampahi ngibadah, utawi rukuning Islam. Sadaya wau badhe dipun lampahi, Kyai Ganjur amrayogèkakên, sarêng katungka sowanipun Kyai Cindhe Amoh sakadangipun rêreyongan sami andhong[30] sêrat kathah badhe lajêng katurakên sadaya,

--- 185 ---

dupi wusing tinampèn, Kyai Cindhe Amoh, Kyai Cucuk Dhepok, Nyai Grêntêng, lajêng dipun taring rêmbak anggènipun badhe nglampahi ngibadah, tuwin rukuning Islam. Kyai Cucuk Dhepok sakadangipun mambêng, aturipun makatên.

Mênggah ingkang kawêlingakên Ratu Kalinyamat, punika dede Islaming agama, têgêsipun kadhawuhan Islam punika pangartining ngibadah, punika ingkang sagêt waskitha, mamrih wilujênging praja. Sumêrêpa lantaraning nugraha saking nglampahi Islam, dene ngibadah wau sagêda nguningani kaananing praja.

1. Ingkang sagêd anjalari rahayu miwah murkaning cipta dipun awas eling. Têgêsipun anggadhahana cahya tigang [tig ...]

--- 186 ---

[... ang] prakawis. Makatên pangartinipun.

1. Winastan cahya nubuwah, têgêsipun wahyuning karaton binathara, pikajêngipun anglimputi dhatêng saisining bawana, pinijia sakaliring karsa.

2. Winastan wahyu kukumah, têgêsipun wahyaning kukum adil. Sagêda anartani kaanan punika sadaya, sampun mawi pilih kasih, sampun mawi anggêlar wisesa, nadyan ala kalihan bêcik kaanggea sami kemawon. Dados sagêd momong momot amêngku.

3. Kasêbut wahyu wilayah, têgêsipun jumênêng waliyulah, pikajêngipun ingkang sagêd asung pangawikaning para kawula jalu èstri, agêng alit sêpuh anèm, kaanggêpa anak. Anak anganggêp bapa, dados kasêbut man [ma ...]

--- 187 ---

[... n] Dipaningrat. Gusul ngalami, têgêsipun amrabani bawana, nartani sèsining alam sadaya, gusul ngalami, sujuda dhatêng ingkang jumênêng waliyulah.

Kapadhan karsanipun adipati ing Pajang, tiyang têtiga lajêng ginanjar sih kamirahan anglangkungi sacêkaping alit, sarta ginadhang dados pituwaning praja.

1. Kyai Cindhe Amoh ginadhang dados pangulu, pinaringan nama Pangulu Dipaningrat.

2. Kyai Cucuk Dhepok ginanjar dados pujangganing praja, pinaringan nama Kyagêng Karanggayam.

3. Nyai Grêntêng ginanjar dados tumênggung èstri, nama Nyai Tumênggung Udakara, anglurahi sakathahing gumus, têgêsipun sagunging pasindhèn badhaya utawi para kaniyagan kasrah sadaya.

 


pêjah. (kembali)
anggêr. (kembali)
Keblating. (kembali)
ingkang pêjah. (kembali)
sarengatipun. (kembali)
asring. (kembali)
sakalangkung. (kembali)
anggaragadha. (kembali)
lampahing. (kembali)
10 tapa. (kembali)
11 gêgriya. (kembali)
12 jiwa. (kembali)
13 sangsaya. (kembali)
14 saliring. (kembali)
15 amurba-amisesa. (kembali)
16 alaming. (kembali)
17 panggèndènging. (kembali)
18 awas. (kembali)
19 andhingini. (kembali)
20 mencok. (kembali)
21 trus. (kembali)
22 angkara. (kembali)
23 kasêbut. (kembali)
24 sanadyan. (kembali)
25 slawat. (kembali)
26 sêkul. (kembali)
27 elok. (kembali)
28 Kalinyamat. (kembali)
29 rêroncèning. (kembali)
30 anggendhong. (kembali)