Wedha Sanyata, Martadarsana, 1914, #513 (Hlm. 001–073)

Judul
Sambungan
1. Wedha Sanyata, Martadarsana, 1914, #513 (Hlm. 001–073). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
2. Wedha Sanyata, Martadarsana, 1914, #513 (Hlm. 074–154). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

WEDOSANJOTO

Sêrat Wedhasanyata

kakalêmpakaning kawruh gêgêbênganipun băngsa Jawi ingkang sami agami Islam, winastan: ngèlmi kasampurnan, inggih ngèlmi sêpuh.

Kaimpu saking piwulangipun guru satunggal-tunggal, dipun karang sarta dipun tata dhatêng Radèn Martadarsana, up rêdhakturing sêrat kabar Sarotama, kawêdalakên dening pakêmpalan Sarekat Sidya Satmaka ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun, N.V. Mij. t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co. Soerakarta 1914.

--- [0] ---

WEDOSANJOTO

Sêrat Wedhasanyata, kakalêmpakaning kawruh gêgêbênganipun băngsa Jawi ingkang sami agami Islam, winastan: ngèlmi kasampurnan, inggih ngèlmi sêpuh.

Kaimpu saking piwulangipun guru satunggal-tunggal, dipun karang sarta dipun tata dhatêng Radèn Martadarsana, up rêdhakturing sêrat kabar Sarotama, kawêdalakên dening pakêmpalan Sarekat Sidya Satmaka ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun, N.V. Mij. t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co. Soerakarta 1914.

--- [0] ---

[Grafik]

--- [1] ---

Pratelan isining sêrat Wedhasanyata.

... Kaca

Bêbuka ... 1-10

Katrangan wijinipun wontên tiyang anggêguru ... 11-13

Prastawa anggêguru dhatêng Kyai Imandrawa ... 14-23

Rêmbag salêbêting rêrubukan ... 24-26

Prastawa maguru dhatêng Kyai Niti Sampurna ... 26-32

Prastawa maguru dhatêng Kyai Citra Waspada ... 33-38

Prastawa maguru dhatêng Kyai Rana Pramana ... 39-42

Prastawa maguru dhatêng Kyai Kasan Bêsari ... 43-48

Rêraosanipun Prastawa sakănca ... 49-53

Prastawa maguru dhatêng Kyai Dama Sanyata ... 54-60

Prastawa maguru dhatêng KyaiTaruna Supana ... 61-68

Prastawa nyatakakên ngèlmi ... 69-76

Prastawa maguru dhatêng Kyai Sabdaguna ... 77-78

Prastawa maguru dhatêng Kyai Waradarma ... 79-84

Prastawa maguru dhatêng Kyai Laliraga ... 85-90

Prastawa maguru dhatêng Kyai Patragati ... 91-98

Prastawa maguru dhatêng Kyai R.M. Dhadhap Tulis ... 99-101

Prastawa maguru dhatêng Kyai Jayaniman ... 102-104

Prastawa katamuan bapa pamanipun ... 105-109

--- [2] ---

... kaca

Prastawa maguru dhatêng Kyai Yatna Sampurna ... 110-122

Prastawa sowan Kyai Yatna Sampurna, salajêngipun kyai mêjang, Prastawa anêksèni ... 123-128

Ginêmipun Prastawa kalihan Kyai Yatna ... 129-132

Kyai Yatna Sampurna mêjang malih ... 132-134

Prastawa rêmbagan kalihan Kyai Yatna Sampurna ... 135-136

Kyai Yatna Sampurna mêjang băngsa ruhur ing Ngayugyakarta ... 137-138

Prastawa nyatakakên piwulang ... 139-141

Kyai Yatna Sampurna mêjang patinggi dhusun ... 142-142

Prastawa matur rêraosan dhatêng Kyai Yatna Sampurna ... 143-149

Kyai Yatna Sampurna dipun timbali băngsa ruhur ing Surakarta, Prastawa kapurih tumut, salajêngipun kyai lajêng mêjang băngsa ruhur wau ... 150-152

Kyai Yatna Sampurna mêjang para abdinipun gusti ... 152-153

Tamating sêrat punika ... 154-

--- 3 ---

Bêbuka.

Băngsa Jawi Islam punika, jalêr èstri, sugih miskin, bodho pintêr, asor ruhur, punapadene băngsa têngahan, limrahipun bilih sampun akir balèg, botên kenging botên tamtu lajêng gadhah cipta niyat ngupados sasêrêpan dhatêng para sêpuh ingatasing kawruh kasidan, inggih punika ingkang mupakating kathah winastan: ngèlmi kasampurnan utawi: ngèlmi sêpuh.

Ngèlmi sêpuh makatên anggèn-anggèning tiyang tinitah gêsang dumugi pêjah, amargi miturut kapitadosanipun băngsa kula têtiyang Islam, pêjah punika ingkang pêjah namung raganipun, gêsangipun botên risak, langgêng gêsang kemawon salaminipun, mila pêjah: kabasakakên mantuk dhatêng kalanggêngan, dening tiyang tumitah ing ngalam donya dipun upamèkakên kados angganing tiyang asêsanjan utawi kêkesahan dhatêng pêkên, namung sacaleretan, sarampunging tumbas kabêtahanipun: mantuk, mênggah ingkang kabasakakên mantuk punika: pêjah utawi ajal, mantuk dhatêng griyanipun lami ing alam ingkang kacariyos langgêng tan kênaning risak lan ewah gingsir.

Wondene ingkang winastan alam langgêng botên kenging ewah gingsir wau, satunggal-tunggaling sujana ingkang sami takhabul ngèlmi pamanggihipun beda-beda, bêbasanipun wontên, sapandhita

--- 4 ---

sapanêmu, liripun, satunggal-tunggaling guru pamanggihipun piyambak-piyambak, anjalari bingungipun para siswa ingkang puruhita, sarta botên narimah anggêguru sapisan kaping kalih, wontên ingkang ngantos kaping gangsal kaping nêm, tarkadhang kaplantrang dumugi kaping sadasa, sawêg kèndêl botên anggêguru malih.

Nanging kèndêlipun punika punapa saking anggènipun sampun amanggih kawruh yêkti, liripun: sarèhning ingkang ginayuh badhe sumêrêp alaming kapatèn, inggih sampun sumêrêp kawontênaning ngalam kapatèn sayêktos, inggih dèrèng kantênan, awit ingkang maguru kalihan ingkang dipun guroni sami tiyang gêsang, sakalih-kalihipun dèrèng nate nyoba pêjah, măngka ingkang karêmbag babagan kawontênan sarta raosing pêjah, sok makatêna kèndêlipun wau inggih namung gumantung wontên marêming manah, marêming manah mênawi sampun sagêd gathuk kalihan raosing pamikiripun piyambak.

Sarèhning tiyang anggêguru têtela botên marêm sapisan, apês-apêsipun kaping tiga pintên banggi kaping sakawan, waragadipun botên kirang gangsal rupiyah ing dalêm sarambahan, punika tumrap băngsa madya mangandhap sarta ingkang kacingkrangan, wangsul băngsa ruhur utawi băngsa kahartan, ngadat lingsêm angwêdalakên waragad gangsal rupiyah, ingkang mêsthi inggih salawe rupiyah jangkêp anggêguru kaping sakawan: 100 rupiya.[1]

--- 5 ---

Tuprap[2] para luhur saha kahartan, botên patos kula manah, dening arta satus wau sapele, kadospundi băngsa kula têtiyang alit imbêt kacingkrangan, angwêdalakên arta gangsal rupiyah kemawon punapa botên sampun ambadêdêng. Ambadêdêng. Yèn namunga sapisan, kaping sakawan, dados kalih dasa rupiyah, saya mindhak ambadêdêng, lah witekna punapa dipun cêgah utawi botên suka, băngsa kula têtiyang alit sampun ngantos tumut-tumut ngupados ngèlmi kasampurnaning pêjah, o: botên makatên kajêng kula, tinêbihna pitung bêdahab, kula piyambak wiwit ngumur wolulas taun, rekanipun sampun rêmên angraos-raosakên punapa ingkang badhe pinanggih ing ngakir (ing dalêm pati), dumugi sapunika kawêwahan pakèning sarekat Islam, sasagêd-sagêd kapurih rêmên angudi ngèlmi kasampurnan, saya mathêm pangungsêd kula dhatêng lênging kawruh wau, dados botên pisan-pisan badhe ambaèkakên, dêstun malah angajêngakên murih para sadhèrèk anggènipun anggilut ngèlmi raos dipun atêngna: nyata, awit atênging ngèlmi makatên ngadat sagêd anjênjêmakên tekad sarta wêning, dados kêdah dipun atêngakên, nanging kadospundi sagêdipun para sadhèrèk sami matêng ing kawruh botên sarana maguru rambah-rambah, punika ingkang tansah kula olak-alik ing dalêm manah, awit tiyang asring anggêguru punika [pu ...]

--- 6 ---

[... nika] sampun têtela damêl risaking arta, nanging botên asring anggêguru botên saèstu matêng, dening matênging ngèlmi kajawi kêdah landhêp êmpaning panggrahita inggih kêdah talatos asring anggêguru wau, ribêd manah kula, punapa cêkap sarana tabêri maos sêrat-sêrat suluk, kados ta Gatholoco, Sujinah, Lonthang Samsu Tabarit, Kancil Kridhamartana tuwin Suluk Mahadarma sapanunggilanipun, inggih dèrèng anyêkapi, amargi suluk makatên ubang-ubêng namung pralambang, sintên ingkang sagêd angêcupi kajênging pralambang, mênawi dèrèng jajah sangêt dhatêng kawruh, sisip-sêmbiripun sagêd ugi saya wêwah kobêng.

Ingkang punika pinanggihing gagasan kula, sagêdipun para sadhèrèk têtiyang Islam sami ahli raos botên susah anggêguru rambah-rambah, namung mênawi wontên sêrat ingkang anggancarakên wêwisikan gêgêbênganipun para guru satunggal-tunggal, nanging punapa wontên, sasumêrêp kula botên wontên, wontên: Hidayat Jati, dèrèng pêpak, sarta sumêbaripun sawêg sapunika kemawon.

Kala jaman karareyan kula, Sêrat Hidayat Jati wau awis-awis tiyang gadhah, wontêna ingkang kagungan: priyantun satunggal kalih, awis dipun waos, bilih badhe maos kêdah sêsuci adus kramas sarta mawi wilujêngan rumiyin, kados satatanipun [sa ...]

--- 7 ---

[... tatanipun] tiyang badhe winêjang ing ngèlmi kasampurnan, mila rêginipun inggih awis, satunggal buk ngantos sèkêt rupiyah, yèn wontêna ingkang purun sade, botên, amargi saking sangêting piningit. Mila kala jaman samantên, sok wontêna tiyang purun sade sêrat Hidayat Jati, lêpat cinakrabawa tiyang ingkang sampun kinêbat panggêsanganipun munggèng Pangeran, inggih kinintên tiyang ewah èngêtanipun, tandhanipun purun nyade sêrat ingkang isi kawruh pêpingitaning nabi wali.

Dumugi jaman diwasa kula Sêrat Hidayat Jati saya mirah, saya malih dumugi sapunika, sarêng băngsa kula têtiyang Islam sampun kathah ingkang mangrêtos, ngèlmi prayogi dipun angge tiyang kathah tinimbang kaangge ijèn, lajêng wontên sawênèhing sarjana ingkang gadhah pamanggih, Hidayat Jati kêdah kaêcapakên murih sumêbar, inggih kalampahan, sasampuning dados cap-capan namung rêgi nêmbêlas kêthip prangko ing pos, anjalari sumêbar sayêktos anêtêpi pangajêng-ajêngipun ingkang gadhah pamanggih prayogi kaêcapakên wau.

Sarjana wau upami tumuwuha ing jaman kina, sampun tamtu dipun wastani botên jêjêg imanipun, pinuju tumitah ing jaman kamajêngan, malah angsal tarimah kasih saking sakathahing para sadhèrèk ingkang sami sagêd anyumêrêpi ngèlmi kasampurnan wêwisikanipun ingkang minulya Radèn Angabèi Rănggawarsita

--- 8 ---

pujăngga agêng nagari Surakarta namung sarana sasarat arta nêmbêlas kêthip, saiba ta bilih wontêna salah satunggaling sarjana kadugi anggêlarakên wêwêjangan saha gêgêbênganing guru satunggal-tunggal kados gagasan kula ing ngajêng, kados sangsaya adamêl lêga bingahing para sadhèrèk, awit sok wontêna sêrat kados makatên, sampun mêsthi badhe kathah sadhèrèk têtiyang Islam sami sampurna ing ngèlmi tanpa anggêguru, anggêripun tabêri maos sarta purun angraos-ngraosakên kemawon, kuciwa sarjana ingkang kaparêng damêl sêrat anggêlarakên angsal-angsalanipun anggènipun maguru satunggal-tunggal: dèrèng wontên, dening ngèlmi sêpuh dipun pingit sarta dipun êmi-êmi, sanadyan dhatênga anak piyambak mêksa mawi ngêntosi kalamăngsa, ajrih ngangge rêraosan, wontên sabab saking sangêting angèstokakên dhatêng wêwêlinging guru, sawênèh wontên ingkang gadhah pamanggih, sarèhning pangupadosipun angèl waragadipun kathah, wajib dipun rimati kalihan ambathithil saha dipun aji-aji, tarkadhang wontên ingkang gadhah pangangkah, sampun ngantos kungkulan utawi kêpêthèk ing liyan gêgêbênganipun, sok makatêna pangajêng-ajêng kula wau tangèh sagêda kasambadan, sami ugi kalihan tiyang ingkang nêdya anadhahi tètèsing bun, ing wanci bêdhug siyang andhêrandhang.

Awit saking punika, sarèhning pamanah kula ing jaman sapunika [sapuni ...]

--- 9 ---

[... ka] sêrat kados makatên wau pancèn kêdah sampun wontên, parlu kangge amitulungi sadhèrèk kathah supados botên tansah ambucal arta kangge anggêguru, mila sadèrèngipun wontên sarjana linuhung ingkang srêdha anggêlarakên warni-warnining wêwêjanganipun para guru, kula namung badhe angwontênakên sêrat punika kemawon rumiyin minăngka tataraning tiyang ngupados ngèlmi kasampurnan, botên ketang ingèsêman para sujana saha sarjana ingkang amumpuni dhatêng kawêridaning ngèlmi, winastan gênye wicara botên sagêd nyimpên wêwados: kula têmah, anggêripun kalampahan sagêd nyuda kaborosaning sadhèrèk kathah, sukur para sadhèrèk lantaran maos sêrat punika kemawon marêm lajêng botên anggêguru malih, botênipun inggih namung kaanggêpa lowung kenging dipun angge pêpiritan utawi lêlimbangan.

Sêrat punika mupakatipun para sadhèrèk warganing pakêmpalan Sarekat Sidya Satmaka, dipun namakakên: Wedhasanyata, dening kangge amadhahi kawruh ingkang katampèn saking warsitaning para sêpuh satunggal-tunggal, mila satunggal-tunggaling warsita: dalah patraping amarsitakakên, punapadene abon-abon sasaratipun kala amarsitakakên wau badhe kacariyosakên kalihan lugu botên dipun wêwahi botên dipun kirangi, dados kajêngipun pakêmpalan Sarekat [Sareka ...]

--- 10 ---

[... t] Sidya Satmaka, botên badhe amastani lêrês lêpat awon sae, purbawisesa gumantung wontên panggalihanipun para sadhèrèk ingkang sami maos piyambak-piyambak.

Botên langkung kula nyuwun pangapuntên kaping sèwu ing panjênênganipun para nupiksa sêrat punika, dene kula kamipurun badhe amêdhar sarta anêrangakên kawruh kasampurnan ingkang kalimrahanipun winastan wados utawi kêkêran, punika botên saking anggèn kula nêdya angrèmèhakên utawi gadhah cipta badhe angoglèngakên kasagêdan, mlampah-mlampaha dipun alêm tiyang putus ing ngèlmi kasampurnan, botên pisan-pisan, tancêping manah kajawi namung niyat angowêl sadhèrèk kathah, sampun ngantos pijêr ambucal arta kangge waragad anggêguru kados ingkang sampun kula pratelakakên ing ngajêng, amargi băngsa kula têtiyang siti punika: sanadyan mêdala saking pamulangan nagari ngatas angin ingkang inggil piyambak pisan, botên wande inggih kapengin anyumêrêpi ngèlmi kasampurnan wau, botên ketang anggènipun kapengin sumêrêp punika namung badhe sumêrêp balaka, botên niyat kaangge. Mila saupami anggèn kula angwêdalakên sêrat punika kagalih lêpat, sapintêna gênging kalêpatan kula, mugi-mugi kinêlêma baludaging samodra pangaksama, namung samantên gaduking atur kula.

Punika, S.S.S.

Parakarma, S.S.S.

[Gtafik: Tandatangan]

--- 11 ---

Katrangan wijinipun wontên tiyang anggêguru.

Wiyosipun, miturut piandêlipun băngsa kula têtiyang Jawi ingkang sami agami Islam, namung satumitah wontên ing donya punika: wontên ingkang anitahakên, solah-tingkah muna lan muni, wontên ingkang molah sarta ningkahakên,[3] dene ingkang nitahakên: Gusti Allah.

Gusti Allah makatên Pangeraning jagad sadaya, ingkang asipat Satunggal, ingkang Maha Agung, ingkang Maha Luhur, ingkang Maha Suci, ingkang Maha Kawasa, ingkang Elok Datipun, sarta ingkang Miyambak, ingkang angwontênakên bumi langit tuwin jagad saisèn-isènipun, punapa malih ingkang misesani suwarga tuwin naraka utawi jaman kalanggêngan.

Sarèhning piandêling manah benjing wontên kalanggêngan tamtu kapanggih Gusti Allah Pangeraning ngalam punika, dados wiwit èngêt sarta akil balèg, măngsakala asring anggagas kados punapa warnining Pangeran, punapa malih kawontênaning ngalam kalanggêngan, inggih awit saking wontênipun gagasan wau punika, lajêng wontên tiyang dados guru tuwin tiyang anggêguru, anggurokakên anggènipun badhe sumêrêp Pangeran sarta kawontênanipun ing ngalam kapatèn, nanging sarampunging anggêguru punapa sampun lajêng truwaca, botên, kathah-kathahipun [kathah-kathahipu ...]

--- 12 ---

[... n] malah lajêng bingung, dening sawênèhing guru wontên ingkang amisik makatên: sajatine Gusti Allah iku ora ana, awit Gusti Allah iku wus ana ing kowe dhewe, iya anamu ananing Allah. Ingkang anampèni warsita: kagèt, dening sulaya kalihan pangajêng-ajêngipun wiwit alit, măngka gagasanipun, Gusti Allah makatên inggih wontên sipat wujudipun, upami kakunga inggih ingkang sakalangkung bagus anêlasakên wêwangunan.

Miturut pangandikanipun para sujana saha para ngalim, ulah ngèlmi kasampurnan punika kêdah awêwaton kawan prakawis: dalil, kadis, ijêmak tuwin kiyas, margining pinanggih saking sarana kawan prakawis malih: sarengat, tarekat, kakekat tuwin makripat, ewadene ingkang sami kasumêrêpan, limrahipun para guru ngèlmi kasampurnan kathah (botên sadaya) ingkang sami mêngkêrakên sarengat, namung ngangge kakekatipun kemawon, wontên ugi ingkang mawi amulangakên sarengat, guru santri utawi băngsa ngulama, makatên wau dipun ceda kèrêm dhatêng pandamêl lair: tumrap dhatêng băngsa kula Islam abangan, botên dipun ajêngi kapara dipun gêgujêng, pamanggihipun ingkang ngimpu sêrat punika, sarengat inggih parlu dipun lampahi, dados ajrih tumut anggêgujêng, dening sarengat minăngka praboting ngagêsang, saminipun tiyang [ti ...]

--- 13 ---

[... yang] mawi pangangge, mênawi manungsa sampun kadugi lagnyana ambalujud, punika sawêg wontên pantêsipun botên susah mawi sarengat, nanging sarèhning lênging sêdyanipun ingkang angwontênakên sêrat punika botên pisan-pisan yèn badhea amastani lêpat agêng amêmabêni ingkang anggêgujêng dhatêng lampahing sarengat, mila prakawis sarengat dumugia samantên kemawon, wusana lajênging sêrat punika, punapa ingkang badhe kagêlar, sadaya karakit kados satatanipun tiyang pawicantênan, punapa malih kaistha wontên ingkang dados lêlampahan, parlunipun supados saya amêwahana padhanging galihipun para srêdha anupiksa: sampun ngantos madalsumbi.

Kacariyos, ing nalika salêbêting warsa Jawi sinangkalan: urubing cipta angèsthi sawiji (1813), ing nagari Surakarta wontên tiyang neneman anama: Prastawa, rêmên sangêt apuruhita, ing măngka wêkdal punika Prastawa sawêg ngumur pitulas taun, mênggah sababipun Prastawa sawêg ngumur samantên sampun rêmên anggêguru, dening asring-asring mirêng rêrêmbaganing pawong-mitra sêsrawunganipun ingkang tindak-tandukipun sêmu winados, makatên punika nênarik ebahing manahipun kapengin sagêda tumut rêrêmbagan, nanging kapenginipun wau kèndêl kapengin kemawon, dèrèng sagêd anglaksanani urun-urun rêmbag, awit saking punika Prastawa gadhah osik [o ...]

--- 14 ---

[... sik] niyat badhe anggêguru, mila tumuntên amanggihi pawong-mitranipun nama: Bumakit, gadhah panêmbung kapurih anglarapakên anggènipun badhe puruhita dhumatêng satunggaling tiyang sêpuh gêgriya sakilèning praja Surakarta, anama Kiyai Iman Mandrawa, sarèhning pamitranipun Prastawa kalihan Bumakit punika sakalangkung rakêt, panêdhanipun pitulung inggih dipun pinangkani, Prastawa kalampahan dipun larapakên.

Kyai Iman Mandrawa: punika saking sakiwa têngêning dhusun griyanipun sampun kêwical tiyang moncol, wartosipun sidiking paningal, kandhas ngèlminipun, malah kawêntaring nama ngantos dumugi sanèsing nagari, punika jalaranipun: Prastawa kumacèlu puruhita dhumatêng Kiyai Iman Mandrawa.

Dene tiyang anggêguru dhumatêng Kiyai Iman Mandrawa punika waragadipun mawi dipun wastani, tiyang satunggal sakêdhik-kêdhikipun: 10 rupiyah, mênggah tanjanipun ingkang 5 minăngka mas kawin, ingkang 5 rupiyah malih kangge angwontênakên abon-aboning pamêjang, kados ta: waragad wilujêngan, angsung dhahar salalahu alaihi wasalam: Gusti kita Kangjêng Nabi Mukhamad Rasullulah, tumbasan mori tuwin sanès-sanèsipun.

Kirang kalih dintên kalihan anggènipun badhe kawêjang, arta waragad kêdah sampun katampèkakên dhatêng kyai, wusana dumugining [du ...]

--- 15 ---

[... mugining] dintên malêm Jumungah, Prastawa ing wanci bakda ngisa sampun dhatêng ing griyanipun kiyai kanthi Bumakit ingkang nglantarakên wau, dening Bumakit punika kalihan Kyai Iman Mandrawa kêlêbêt siswa lami, dados sampun ulig-uligan, têgêsipun: punapa piwulangipun Kyai Iman Mandrawa sampun sagêd anyakup sadaya.

Sadhatêngipun Prastawa dipun ancarani malêbêt ing griya, sasampuning tata lênggah, Kyai Iman Mandrawa ambagèkakên: anggèr sami wilujêng. Wangsulanipun Prastawa: Pangèstunipun kiyai, sami wilujêng.

Kyai Iman Mandrawa pitakèn: Kalawau anggèr numpak punapa.

Wangsulanipun Prastawa: Dharat kemawon.

Kyai Iman Mandrawa mandêng dhatêng Bumakit kalihan mèsêm, sarta lajêng pitakèn dhatêng Prastawa, wicantênipun: Kalawau anggèr mêdal pundi.

Wangsulanipun Prastawa: Mêdal turut margi agêng kemawon, awit badhe nyidhat mêdal margi alit, kula sumêlang mênawi jêblog.

Mirêng wangsulan punika Kyai Iman Mandrawa èsêmipun saya kasêmutan, awit saking punika Prastawa rumaos, mênawi ingkang dipun èsêmi kiyai: awakipun, anjalari tuwuhing [tu ...]

--- 16 ---

[... wuhing] gagasan, patrap sarta têmbungipun pundi ingkang botên kalêrêsan, amila sanalika Prastawa katingal angglong ing pasêmon, nelakakên bilih manahipun kirang sakeca.

Bumakit ingkang kalêbêt lantip êmpaning panggrahita, sumêrêp santuning pasêmonipun Prastawa anawung pakèwêd, lajêng matur dhatêng Kyai Iman, têmbungipun: Prastawa punika dèrèng nate puruhita, mila sampeyan dangu numpak punapa tuwin mêdal ing pundi: botên sagêd anjawab.

Wangsulanipun kiyai: Inggih kula êmpun wêruh.

Sapunika Prastawa anggrahita, mênawi pitakènipun kiyai wau sual minăngka panglèlèr mila wêwangsonipun: We la katiwasan, durung ana barang-barange digrayangi, wis mêsthi yèn suwung bae. Manahipun Prastawa saya kumrangsang, daya-daya dumugia ing wanci winêjang, supados tumuntên sagêda anjawab mênawi nampèni rêmbag minăngka pralambang makatên.

Botên kacariyos rêroncènipun, kala samantên sampun dumugi ing wanci bêdhug dalu, kiyai parentah dhatêng nyai, kapurih angwêdal-wêdalakên ubarampening wêwêjangan, inggih lajêng kawêdalakên, awarni ambêngan sêkul wuduk kalih tampah, pisang agung suruh ayu tuwin sêkar: dados sabaki, anglo padupan sadupanipun, gêlaran băngka (baka) tuwin mori wiyar sasinjang, sasampuning sangkêp samapta, kyai dhawah[4] [dha ...]

--- 17 ---

[... wah] dhatêng siswa, êngga nak, padha mang gawa pranti-prantine iku. Para siswa matur inggih.

Kyai ngajak pangkat, kadhèrèkakên Prastawa tuwin Bumakit, sarta siswa sanèsipun malih tiga, dados tiyang nêm kalêbêt kiyai. Dumugi gisiking lèpèn ingkang katingal gasik, gêlaran baka dipun gêlar, katumpangan mori, panggêlaripun mujur mangetan, sajèn-sajèn katata sasisihing mori ingkang gumêlar, jèjèr kalihan anglo padupan, namung ambêngan ingkang botên katut kabêkta dhatêng lèpèn.

Kyai pitakèn: Kalawau siyang sampeyan punapa sampun siram jamas.

Prastawa mangsuli: Sampun.

Kyai cariyos: Mênawi makatên namung kantun wulu.

Prastawa pitakèn: Wulu punika kadospundi.

Kyai: Măngga dhatêng têngah lèpèn ngrika, kula wuruki.

Prastawa namung miturut, dumugi têngah lèpèn dipun wulang lapalipun mêndhêt toya wulu makatên: Nawètu rapngal kadasi, suharata wal kabirata, parlan lilahi, Allahuakbar. Rampung lajêng wangsul dhatêng gêgisik, Prastawa kapurih nglinggihi mori majêng mangilèn, kyai majêng mangetan, ajêng-ajêngan kalihan Prastawa sarta sami anglinggihi mori, siswa lami sakawan kalêbêt Mas Bumakit, linggih wontên kidul kalih, wontên lèr kalih, kyai [kya ...]

--- 18 ---

[... i] tumuntên pitakèn dhatêng Prastawa ingkang badhe kawêjang, têmbungipun: Gèr, sampeyan niyat nêsêp sasêrêpan dhatêng kula, punika punapa sampun mantêp sayêktos.

Prastawa amangsuli: Sampun.

Kyai: Yèn makatên sampeyan badhe angèstokakên cariyos kula, sarta botên badhe maibên.

Prastawa: Inggih.

Kyai: Lah sumăngga lajêng sadata kula tuntun.

Sadu allah, ilaha ilolah, asadu ana, mukhamadun rasullulah, angawruhi: satuhune ora ana Pangeran amung Allah, lan anêksèni: satuhune Kangjêng Nabi Mukhamad iku utusaning Allah.

Kyai wiwit amêjang, têmbungipun: sampeyan sumêrêpa, satêmên-têmênipun ingkang nama Pangeran punika: botên wontên, kajawi ingsun. Ingsun punika inggih ingsunipun piyambak-piyambak, inggih punika Gusti Allah, ingkang murba amisesa sarta ingkang anglimputi kaanan punika sadaya, sampun mangrêtos ênggèr.

Prastawa mangsuli dèrèng mangrêtos.

Kyai pitakèn, mangke ta, punapa anggèr dèrèng nate anggêguru kajawi dhatêng kula punika.

Prastawa: Lakar makatên, sawêg sapisan punika.

--- 19 ---

Kyai wicantên, we la layak, inggih ta coba kula damêlakên babahan sakêdhik. Bokmanawi sagêd anggampilakên, yèn sampun gadhah sadhèrèk, lami botên kapanggih, punika namanipun punapa.

Prastawa dangu botên mangsuli, sarêng mangsuli: Èngêt kula inggih namung lami botên kapanggih kemawon.

Kyai: Raosing panggalih sampeyan kadospundi, punika ingkang kula pitakèkakên.

Prastawa matur: Saèstunipun bilih kadangon sangêt tiyang sadhèrèk inggih kangên.

Kyai Iman Mandrawa: Salalahu ngalaihi wasalam, la inggih namung punika, punika ingsun, Gusti Allah ingkang murba misesa sampeyan, benjing mênawi sampun dumugi ing janji, ingsun karsa angukut roh saking jêmpolaning suku minggah-minggah dumugi bangsal manguntur takil[5] (jantung) ingsun jumênêng, nanging ingkang waspada, wontêna punapa-punapa sampun kèlu, yèn dèrèng wontên wujud plêg kados sampeyan piyambak. Sapunika anggèr punapa sampun tampi.

Atur wangsulipun Prastawa: Inggih sampun ragi tampi, namung wujud ingkang kados wujud kula piyambak punika: sintên.

Cariyosipun Kiyai Iman: Êlo: inggih punika ingsun.

--- 20 ---

Prastawa matur: Dados punika Gusti Allah.

Kiyai Iman: Inggih makatên, mila wiwit sapunika anggèr kêdah èngêt, sampun pisan-pisan angucapakên satunggal wau, punika sirikan.

Prastawa pitakèn: Ingkang pundi kyai.

Kyai Iman cariyos: Wau punika: Ka, ênggèr, ingkang mawi aksara: nga, dipun pêpêt mêjahi: na.

Prastawa mangsuli: O: kangên wau kyai.

Kyai uluk salam, salalahu ngalaihi wasalam, lajêng cariyos: Inggih, inggih punika, nanging aksaranipun, ing ngajêng punika botên tumut-tumut, ingkang dados awisaning ngèlmi namung aksara ingkang karakêtan pêpêt mêjahi: na, wau kemawon, gandhènga kalayan aksara punapa-punapa mênawi wontên satunggal punika, botên kenging.

Prastawa nyuwun pitêdah: Upami kula kêsupèn kadospundi.

Kyai cariyos: Kêdah uluk salam kaping pitu kados kula wau punika.

Prastawa: Mênawi botên uluk salam, punapa wontên warilipun.

Kyai amaringi katrangan: Angsal bêbênduning Allah, awit punika asmaning Pangeran, dados kêdah ingaosan.

--- 21 ---

Prastawa: Mênawi kula mirêng tiyang ngucapakên têmbung punika, punapa kula inggih kêdah uluk salam.

Kyai: Kêdah, dados tăndha bilih sampeyan sangêt angaosi, agêng ganjaranipun.

Prastawa matur pitakèn: Sanèsipun punapa wontên malih ingkang dados sêsirikan.

Kyai: Sampun, namung punika.

Prastawa: Inggih.

Kyai: Punapa anggèr sampun kasil dhatêng ingkang kula gêlarakên wau.

Prastawa: Ingkang parlu-parlu kados inggih sampun.

Kyai: Sukur alkamdulilah, sumăngga wangsul dhatêng griya, rêrencekan utawi prabot-prabot, kenging dipun rêmbag sasêkecanipun wontên ing griya.

Prastawa matur sumăngga: Lajêng sami mantuk, dumugi ing griya ambêngan dipun kêpang, ingkang andongani Kyai Iman Mandrawa piyambak, dipun amini para siswa, rampung lajêng sami kêmbul nêdha, bibar nêdha sami lèyèh-lèyèh sinambi wawan ginêm cinampur ing gêgujêngan, dumadakan wêkdal punika Prastawa kèngêtan kala dipun pitakèni numpak punapa sarta mêdal pundi wau sontên, mila lajêng pitakèn dhatêng mitranipun ingkang nama Bumakit, têmbungipun: Mênawi kula dipun pitakèni ing sadhèrèk, numpak [nu ...]

--- 22 ---

[... mpak] punapa sarta mêdal pundi, kados pandangonipun kiyai kalawau, wangsulanipun kadospundi.

Wangsulanipun Mas Bumakit: Mênawi sampeyan dipun pitakèni numpak punapa, jawabipun kêdah numpak kapal napas, amargi napas makatên têtangsuling gêsang, tanpa napas manungsa botên sagêd malampah, dene yèn tampi sual mêdal pundi, jawabipun mêdal nagari Mêsir utawi turut pasisir, sabab sadèrèngipun wontên êsir, amêsthi botên wontên tiyang kakesahan, punapa botên makatên.

Prastawa pitakèn malih: Kula angsring-angsring mirêng sadhèrèk cêcangkriman, tigan sagêd kaluruk, lempoh ngidêri jagad, cebol anggayuh langit (lintang) punika punapa.

Bumakit amangsuli: Tiga pisan punika sami jêjulukipun ingkang sinêngkêr wau, mila kabasakakên tigan sagêd kaluruk, dayaning aksara ingkang kapêpêt mêjahi: na, sanadyan sampeyan mèndêla botên wicantênan, saèstu sagêd umyung anggagas-gagas punapa kemawon ingkang dipun kajêngakên, lempoh angidêri jagad, sampeyan wontên ngriki botên kesah-kesah, nanging Pêkên Agêng Ngayogya, Batawi tuwin Surabaya kenging sampeyan găntha wujudipun sami sanalika. Cebol anggayuh lintang, sampeyan sarean, ing raos sagêd kêthap-kêthap sanginggiling langit sap pitu, inggih punapa [pu ...]

--- 23 ---

[... napa] botên.

Prastawa amangsuli sêmu ngungun: O, inggih.

Makatên wau sadaya sami botên tilêm, dumugi enjing jam 9, Prastawa kalihan Bumakit pamitan mantuk, Kyai Iman Mandrawa namung sumăngga ing karsa, wêlingipun bilih pinuju nganggur Prastawa dipun purih tumuntên wangsul, parlunipun supados tumuntêna ilham panganggenipun ngèlmi, wangsulanipun Prastawa: prayogi tumuntên bidhal.

Wiwit kala samantên, Prastawa rumaos sampun kasinungan ngèlmi, sabên-sabên sok angunandika: E, dadi Gusti Allah mono aku dhewe.

Watawis wulan kalihan anggènipun anggêguru sakawit, Prastawa pinuju rêrubukan kalihan sadhèrèk kathah, wontên ngriku sadhèrèk-sadhèrèk wau sami rêraosan bab patitising ngèlmi, dangu-dangu satunggaling sadhèrèk anama Mas Gambira cariyos, têmbungipun: Kathah guru ingkang sampun kula sumêrêpi, misuwuring namanipun inggih anglangkungi, nanging dumugining ngêndon tibanipun sawêg sumêrêp asma kemawon sampun kaanggêp pantog, kados upaminipun tiyang dhusun badhe malêbêt karaton sumiwi panjênêngan ratu, dumugi lawang gapit sampun rumaos dumugi praba suyasa, kapêthuk kêmit bumi dipun kintên ingkang sinuhun, punika nama cupêt ing panêdya, măngka yèn kamanah [ka ...]

--- 24 ---

[... manah] sayêktosipun, tiyang ingkang sami binudi punika makripat, inggih ingkang ngantos dumugi makna, botên ubang-ubêng namung wara, mila tumrapipun kula, ngakêna guru saking suwarga punapa nginggil langit, bilih botên sagêd nêdahakên dating Pangeran sami sanalika, inggih botên ajêng, saya malih guru ingkang kasagêdanipun namung suka ancêr-ancêr punika, besuk ing pati iku ana wujud mangkene, kowe banjur mêngkenea, o, sampun andum wilujêng, inggih makatên punapa botên kangmas.

Ingkang tinuju ing pitakèn punika nama Mas Waluya, amangsuli: Inggih pancèn makatên, awit paguron makatên mênawi botên sagêd angêplêki kados ingkang kasêbut Sêrat Sèh Mlaya, utawi Dewaruci, yèn kula botên ajêng.

Prastawa mirêng rêmbag punika gêlaripun botên patos angromèsi, nanging sayêktosipun andêlingakên sangêt, amargi dipun kênyam-kênyamakên têka botên wontên ingkang gathuk kalihan kandhutanipun, mila sabibaring rêrubukan, Prastawa angêndhu-êndhu manggihi Bumakit, parlu nyariyosakên ingkang dipun mirêng sadaya, Prastawa prasaja, bilih rêraosan wau damêl kodhêng saha giyuhing manah, mila mênawi Bumakit anyondhongi, Prastawa badhe puruhita dhatêng gurunipun Mas Gambira ingkang rêraosan wau punika.

--- 25 ---

Wangsulanipun Bumakit: Botên wontên awonipun tiyang angsring anggêguru, ananging punapa wêwulangipun guru punika badhe angungkuli wêwulangipun Kiyai Iman Mandrawa, kados botên, amargi ing sadat kurès rak sampun anêrangakên, Gusti Allah punika botên warna, botên rupa, botên arah, botên ênggèn, wajib wontênipun, mokal botênipun, dados têgêsipun têtela wontên, wontên sayêktos, nanging mokal yèn wujuda, mila oncèk-oncekanipun inggih sampun namung kados wêjanganipun kiyai kala samantên punika, ewadene bilih sampeyan mêksa taksih mêmpêng kêdah puruhita, wau kula sampun matur, botên wontên awonipun, kula langkung jumurung.

Prastawa mangsuli: Sumitra, sarêng samseyan[6] mêntas anyariosakên sadat kurès, manah kula têka saya bingung, dening botên gathuk kalihan wêjanganipun kiyai, sadat mungêl botên warna botên rupa, ing wisikan badhe kapanggih wujud ingkang kados wujutipun piyambak, sumăngga, punapa punika nama gathuk.

Bumakit wicantên: Botên makatên, wujud kados awakipun piyambak punika, rak benjing, minăngka ancêr-ancêring kasampurnan, dados namung kadosdene utusan.

Prastawa judhêg manahipun, dene sapunika wujud wau cariyosipun [cari ...]

--- 26 ---

[... yosipun] Bumakit namung ancêr-ancêr utawi utusan, măngka nalika dipun wêjang Kiyai Iman Mandrawa, èngêtipun wujud punika dat, têgêsipun Gusti Allah, awit saking punika dêrênging manah badhe anggêguru malih saya kêncêng, namung sarèhning Bumakit sajak kirang condhong, dados Prastawa botên niyat ajak-ajak.

Botên kacariyos rêroncènipun, Prastawa mêntas pêpanggihan kalihan Bumakit wau inggih lajêng anggêguru sayêktos dhatêng Kiyai Niti Sampurna, saking pitulunganipun Mas Gambira.

Kiyai Niti Sampurna punika griyanipun ing dhusun bawah Klathèn, namanipun inggih misuwur, malah botên namung paguron, padhukunan inggih nindakakên, dados pangungsènipun tiyang kapêtêngan manah sarta nandhang ribêd, kados ta: anjampèkakên tiyang sukêr sakit, nêdha gangsara anggènipun ngupados sandhang têdha, nêdha enggala gadhah semah, gadhah anak, dados priyantun, tuwin sanès-sanèsipun malih.

Anggêguru dhatêng Kiyai Niti Sampurna punika katamtokakên kêdah angsung dhahar, nanging kathahing waragad namung sumarah ingkang puruhita, Prastawa namung nyukani waragad 5 rupiyah.

Upakartining wêjangan, mèh botên wontên bedanipun kalihan Kiyai Iman Mandrawa, namung kaot Kiyai Niti Sampurna bilih mêjang cêkap wontên ing kêbon kemawon.

--- 27 ---

Ing kêbon ngriku wontên pasitèn munggul, siti kaunthuk-unthuk waradin, kintên-kintên wolung elo pasagi, inggilipun tigang kaki, bokmênawi sampun kaangkah pancèn kangge papan pamêjangan, papan punika dipun gêlari mori, kyai linggih majêng mangetan, Prastawa majêng mangilèn, sadhèrèk ingkang nglarapakên linggih ing kiwa, wontên malih sadhèrèk kêkalih, manggèn ing têngênipun, sasampunipun Prastawa dipun wuruki sahadat (tanpa wulu) kyai lajêng wiwit amêjang, makatên bêbukaning wêjanganipun. Ênggèr, kula badhe nêdahakên sajatining ngèlmi, têgêsipun, ngèlmi punika kawruh, kawruh punika inggih wêruh, wêruh sampeyan piyambak, Gusti Allah punika botên dumunung ing pundi-pundi, kajawi dumunung ing badanipun piyambak-piyambak, mênggah datipun langkung elok lan langkung sampurna, sumăngga ingkang waspada, kula têdahakên.

Cariyos makatên wau sarwi anutup mripatipun Prastawa, sêmu pinêtêlakên, Prastawa botên dangu lajêng sumêrêp pating kalêpyur, wontên abrit, wontên jêne, wontên wungu, taksih salêbêtipun anutupi punika kyai pitakèn, sumêrêp punapa, wangsulanipun Prastawa inggih sumêrêp pating kalêpyur wau. Mripat taksih têrus tinutup kemawon, sawatawis dipun pitakèni malih, sumêrêp punapa, wangsulanipun Prastawa, [Pra ...]

--- 28 ---

[... stawa,] sumêrêp buwêng-buwêng jêne. Kyai cariyos: Dèrèng, dangu-dangu wujud-wujud wau ical sadaya, têmahan namung suwung blung botên katingal barang-barang, sarêng Prastawa cariyos makatên, mripatipun dipun culakên. Kyai cariyos: Lah inggih namung punika, ing pati rêsik botên wontên punapa-punapa, lês sampurna, sampun nyandhak punapa dèrèng.

Manahipun Prastawa sanalika wau kados langit kalimputan mêndhung angêndhanu, dene wêjanganipun Kyai Iman Mandrawa, kalihan wêjanganipun Kyai Niti Sampurna sulaya sangêt, wêwangsoning manah kandhane ki sanak iki bisa mujudake padha sanalika, la iki kok jêbul malah ora ana apa ape, êm, iya ala apa tak pitakon. Prastawa lajêng matur: Kyai, mênawi pangandika panjênêngan kula inggih sampun nyandhak, namung ingkang sinêbut Pangeran kula dèrèng andungkap, mugi kaparingana pitêdah ingkang pundi.

Kyai mangsuli: Êlo inggih sampeyan piyambak punika Gusti Allah, nanging dede badan sampeyanan[7] wadhak punika, alus sampeyan, măngga ta sampeyan padosi, sampeyan sagêd ngucap, punika ingkang ngucap sintên, lah inggih punika Pangeran ingkang asipat Êsa, têgêsipun sawiji.

Dhêg manahipun Prastawa pindha tinotog, batosipun, [batosi ...]

--- 29 ---

[... pun,] yèn mêngkono apa nunggal, padha, nga pêpêt matèni n, nanging yèn nunggala, sabab apa Kyai Niti Sampurna ora ana barang-barang, Kyai Iman Mandrawa mawa ancêr-ancêr wujude dhewe, lah iya coba tak pitakon manèh. Aturipun Prastawa: Punapa ingkang panjênêngan ngêndikakakên punika awisan: kyai.

Wangsulanipun Kyai Niti Sampurna: Lho, awisan punapa, ngèlmi botên angwontênakên awisan, kados sampeyan punika badhe amastani angên-angên, rak inggih ta: punika sanès, inggih punika, nanging dede punika.

Prastawa saya judhêg, kadospundi dene wontên têmbung inggih punika nanging dede punika: punika, mila piyambakipun lajêng nekad matur angrêrêpa, têmbungipun: sarèhning kula punika taksih balilu sangêt, mila kyai kaparênga lajêng ambabar-pisanakên kemawon, sampun mawi dipun ubang-ubêng, mindhak sangsaya damêl bingung.

Wangsulanipun Kyai Niti Sampurna, o la, sampeyan sampun kalèntu tampi, kula botên niyat ngubang-ubêng, makatên wau pangangkah kula supados sampeyan sagêda tampi kalihan srêg, ewadene inggih coba kula têrangne, wau kula cariyos, inggih punika nanging dede punika, punika têgêsipun makatên, tiyang gêsang, punika kasinungan budi, [bu ...]

--- 30 ---

[... di,] budi angwêdalakên pikiran, pikiran makatên kaperang dados kêkalih wontên awon, wontên sae, ingkang awon mêdal saking godha rêncananing ijajil, ingkang sae dhawuhing Allah, dhawuh, sampun kalintu tampi, sanès Pangeran, dene sajatining Pangeran punika nyut wêning. Kadospundi sampun mangrêtos?

Dangu pun Prastawa minggu botên sagêd mangsuli, amargi mêksa dèrèng plong, mila Prastawa ngantos dipun pitakèni dhatêng Mas Gambira ingkang nglarapakên awakipun, têmbungipun: kadospundi adhi, punapa mêksa dèrèng sagêd tampi, wangsulanipun Prastawa: inggih, panampi kula mêksa taksih ruwêd, amargi kadospundi anggèn kula badhe anyilahakên, nyut kalihan pikir, punapa nyut sanès budi utawi pikir.

Lo, sanès. Makatên wangsulanipun Gambira, sumăngga ta sampeyan galih ingkang panjang, sarêng pikir utawi angên-angên, punika rak sampeyan angge sabên dintên, kados ta: botên gadhah uwos upaminipun, angên-angên lajêng mêmikir, kadospundi sagêdipun angsal uwos, punapa nyambut-nyambut, punapa anggadhèkakên, punika wujuding angên-angên, wangsul nyut, nyut wau rawuhipun bilih sampeyan anujoni kèndêl êning, clêng arêp mangkene, upaminipun, [u ...]

--- 31 ---

[... paminipun,] lah: inggih punika ingkang satuhu Pangeran, Gusti Allah, nanging inggih wau punika, nyut dhêdhawuhan ingkang sae, yèn nyut badhe mêjahi tiyang, nyut badhe jina, nyut badhe maling, punika wujuding rêncana, ijajil amindha-mindha Gusti, dados sampeyan kêdah ingkang mulat, sampun ngantos kenging dipun balithuk.

Kyai anyambêti: La, inggih makatên, sapunika sampun tampi punapa dèrèng.

Prastawa mangsuli: Inggih, sampun ragi tampi, dados cêkakipun: nyut salêbêting kèndêl punika Pangeran.

Kyai: Inggih, nanging nyut sae.

Prastawa: Punapa mungêl: nyut, botên susah mawi uluk salam utawi kenging kemawon.

Kyai: Kenging, botên dipun awisi, Gusti Allah sipat Mirah lan sipat Asih, ingkang dipun awisi punika bilih sampeyan amêdhar: nyut iku Gusti Allah, punika botên kenging, jêr nama kêkêraning nabi wali.

Prastawa amangsuli inggih, sarta lajêng pitakèn dhatêng sadhèrèk ingkang ngirid awakipun, têmbungipun: Kala rêrubukan samantên, gajêgipun sampeyan ngêndika, mênggah ingkang nama guru sayêktos punika ingkang sagêd nêdahakên dating Pangeran sami sanalika, mila mênawi kaparêng kula nyuwun supados [supado ...]

--- 32 ---

[... s] kaparingan sumêrêp sapunika pisan.

Mas Gambira amangsuli sêmu kagèt, têmbungipun: Êlo, sampeyan punika kadospundi ta, kalawau sadèrèngipun barang-barang adhi rak sampun dipun têdahakên rumiyin, nalika paningal sampeyan dipun tutup, èngêtipun adhi mirsa punapa.

Prastawa mangsuli: O, kalawau sakawit pating klêpyur, lajêng jêne-jêne, wungu-wungu, lajêng pating glêbyar, lajêng buwêng, dangu-dangu blas ical botên wontên ingkang katingalan satunggal punapa, suwung.

Mas Gambira: La, inggih punika, sajatining dat, amargi sadaya-sadaya punika wontênipun saking: ingsun, ingsun makatên nyut kula nyut sampeyan wau.

Dumugi samantên cariyosipun Mas Gambira, Prastawa sampun lajêng narimah, botên pitakèn malih, dening Prastawa sampun mangrêtos têrang, mênawi ingkang winastan anêdahakên dating Allah sami sanalika punika, inggih anggènipun nukup mripat wau, dene dat punika: sêpên, bokmênawi punika sababipun wontên sêsêbutan Maha Suci, nanging sulayaning gêgêbêngan ingkang katampèn saking Kiyai Iman Mandrawa tuwin Kiyai Niti Sampurna, Kyai Iman Mandrawa wujud kêmbar, Kyai Niti Sampurna sêpên, punika anjalari kêncênging niyatipun Prastawa nêdya [nê ...]

--- 33 ---

[... dya] anggêguru malih, parlunipun badhe kaangge anglêlimbang sarta anêksèni, kathah ingkang wujud punapa kathah ingkang botên wujud, utawi sintên ingkang sumêrêp, mênawi wontên sanèsing gêgêbêngan malih, punika Prastawa kapengin kêdah sumêrêp.

Watawis wulan, Prastawa saèstu anggêguru malih dhatêng guru nama Kyai Citra Waspada, Kiyai Citra Waspada punika inggih misuwur guru ingkang sampun linangkung ing sasami, griyanipun ing dhusun bawah kabupatèn Gunung Kidul nagari Ngayugyakarta.

Dhatêngipun Prastawa ing griyanipun Kiyai Citra Waspada kairing rencang satunggal, botên sarana kalarapakên ing sadhèrèk, namung saking kacaryan karoban suwuring pawartos, sadhatêngipun Prastawa dipun pitakèni, gadhah parlu punapa, wangsulanipun prasaja, mênawi kêparêng badhe puruhita.

Kyai Citra Waspada pitakèn, sintên ingkang suka pitêdah dhatêng Prastawa dene awakipun karaya-raya ngantos dumugi ing ngriki, wangsulanipun Prastawa: Saking pitêdahing sadhèrèk satunggal kalih nama: anu tuwin anu.

Kyai Citra Waspada manthuk-manthuk kalihan cariyos, anu-anu wau sami siswanipun, wusana kyai pikèn:[8]

punapa sampeyan sampun sadhiya waragad. Aturipun Prastawa: Sampun, lajêng ngaturakên arta kawan ringgit, dipun tampèni. [ta ...]

--- 34 ---

[... mpèni.] Bakda nampèni arta punika, Kyai Citra Waspada ngandika, têmbungipun makatên: Anu dèn bèi, ngèlmu niku lêmbut, mula jênênge ngèlmu gaib, gaib niku samar, sing bisa nampani gih kudu alus padha alus, dadi botên kêna ditămpa kasar, sampeyan rak ênggih êmpun tau gêguru ta.

Wangsulanipun Prastawa: Sapisan-sapisan inggih sampun.

Kala samantên wancinipun jam sakawan sontên, wiwit dhatêng Prastawa dipun panggihi wontên ing griya ngajêng (pandhapa) sarêng wanci jam: 1/2 7, Prastawa kaajak ngalih dhatêng gandhok, rencangipun dipun parentahi tilêm-tilêman, kaadhêpan dilah sênthir katumpangakên ing jodhog.

Ing gandhok kagêlaran gêlaran pasir, Prastawa dipun acarani linggih, lajêng linggih, kyai cariyos: Anu dèn, tiyang badhe sumêrêp dhatêng gaib punika kêdah ênêng êning, mila sampeyan kêdah wontên ngriki piyambak supados êning ingkang mêdal saking kaênêngan sampeyan.

Wangsulanipun Prastawa: Inggih. Kyai lajêng malêbêt ing griya botên wangsul-wangsul.

Salêbêtipun katilar, manahipun Prastawa tansah molak-malik, batosipun. La kok ora bali-bali, dadiya ora bali bok iya yèn wis didokok-dokoki [didokok-do ...]

--- 35 ---

[... koki] diyan, diyan bae têka iya ora didokoki, iki karêpe kapriye.

Saking sumpêking manah Prastawa mêdal saking gandhok badhe dhatêng pandhapa, ciptaning manah sanadyan amora kalihan punakawanipun piyambak dipun têmah, waton padhang, nanging sarêng sawêg badhe ngancik pandhapa, clêng, manahipun Prastawa têka katuwuhan osik. Baturku bae sing gênah batur, sênthir-sênthir diadhêpi diyan, sing aku kok ora, mêngko gèk ana karêpe, ah nèk ngene bêcik ora sida bae. Coba kapriye mêngko kang dadi wusanane. Sasampuning wêwangson, Prastawa rewa-rewa têtoyan, botên saèstu dhatêng pandhapa, watawis gangsal mênit anggènipun wontên ing jawi, lajêng wangsul dhatêng gandhok, manahipun dipun arêm-arêmi piyambak, ciptanipun: mirit wingit-wingite, kira-kira kyai kiye kang bisa ambabarpisanake wêruhku marang ngèlmu kasampurnan, cêkake aku kudu sabar.

Sasampuning wêwangson Prastawa malah lajêng lèyèh-lèyèh, tur tanpa kajang sirah.

Salêbêting griya wingking dipun tiling-tilingakên inggih botên wontên sabawaning tiyang grêmêng-grêmêng, ing pawon inggih asrêp kemawon, mila batosipun Prastawa inggih tansah anggagas: mêngko carane gèk kêpriye, apa iya lêstari

--- 36 ---

anyêp-anyêpan bae, ora nganggo slamêtan lan ora nganggo dirubung murid liya-liyane.

Saking sangêting panggagas sarta pangajêng-ajêng, dalu wau pangraosipun panjang sangêt, samênut dados saêjam, saya dalu saya nyênyêd, dupi panggagas sarta pangajêng-ajêngipun sampun kêmba, wontên tiyang sakawan dhatêng anjujug pandhapa, ingkang satunggal ambêkta ting: mêlip-mêlip, ingkang tiga inggih ambêbêkta, nanging bêkta punapa: Prastawa botên cêtha.

Kula nuwun. Makatên sabawaning tiyang ingkang sawêg dhatêng wau kamirêngan saking gandhok, wangsulanipun ingkang wontên griya, bacuta bae. Grobyag. Wangunipun lawang dipun dêdêl saking jawi. Prastawa lajêng linggih kapengin badhe mirêngakên, ingkang wontên ing griya inggih pating garunêng, nanging punapa ingkang dipun rêmbag, Prastawa botên sagêd mirêng cêtha, manahipun sangsaya sumpêk, ciptanipun badhe nglekar malih, namung sadèrèngipun kêlajêng mapan, Prastawa kagèt sumêblaking lawang butulan saking griya ingkang anjog ing gandhok: dipun bikak Kyai Citra Waspada katingal mêdal kalihan nyêpêng dilah sêtroli dhudhuk dipun iringakên tiyang sakawan, amurugi Prastawa. Prastawa grawalan sila. Kyai dhatêng lênggah angajêngakên Prastawa, sêtrolinipun kaadhêp, tiyang sakawan mapan linggih urut kacang sawingkingipun kiyai kados buntut, Prastawa gumun dene

--- 37 ---

botên angrompol mapan ing kiwa têngênipun utawi wontên kiwa têngênipun kiyai.

Kiyai wicantên: Dèn bèi (punika cara Ngayugya, sabên tiyang dipun sêbut bèi), sampeyan ajêng wêruh ngèlmu kasampurnan, ênggih niki wujude, mang ulatake lan mang raosake.

Cariyos makatên wau kalihan nyêpêng uliraning sêtroli: dipun blêrêtakên saking sakêdhik, saya blêrêt, saya blêrêt, dangu-dangu pêt, sêtroli pêjah.

Kyai pitakèn: Napa sing katon, dèn bèi.

Prastawa mangsuli: Pêtêng kyai.

Kyai. Lho, kok pêtêng, mêsthi mawon, diyane mati nèk botên pêtêng, kula êmpun wêruh, sing kula takokake niku rak sing ketok.

Prastawa mangsuli malih: Botên wontên ingkang katingal satunggal-tunggala: kyai.

Kyai: La, gih mung niku, têgêse besuk niku botên bakal nêmu napa-napa, kajaba pangrasa sampeyan dhewe, niku sing ontên, nyandhak dèrèng.

Ragi dangu Prastawa botên mangsuli, margi sawêg anggathuk-gathukakên pamanggih, sarêng sampun sawatawis mangrêtos, Prastawa lajêng cariyos: Sampun, namung kula nyuwun jablasipun [jablasipu ...]

--- 38 ---

[... n] sakêdhik êngkas, mênggah Pangeran punika ingkang pundi.

Kyai: Lho: mindho gawe, niki sampeyan botêna katêmu sawiji napa nika rak duwe rasa: ta, gih rasa samang dhewe niku Pangeran, mula nika disêbutake: ya Allah, ya Mukamad, ya Rasullulah, têgêse têlu niku siji dumunung ontên awake dhewe-dhewe niki kabèh, pun nyandhak dèrèng.

Prastawa: Inggih sampun.

Kyai: La nèk êmpun, dawêg padha têng ngomah ngrika nyaosi dhahar Kangjêng Rasul.

Enggalipun Prastawa lajêng tumut dhatêng griya, ing ngriku sampun wontên sêkul wuduk satampah, (saambêng), kalihan pisang satangkêp, ambêngan dipun kêpung tiyang nêm kalêbêt kyai, tanpa dipun dongani, namung dipun ujubakên kemawon, ingkang ngujubakên kiyai, makatên: niki sêga wuduk nyaosi dhahar Rasullulah, rasane dhewe-dhewe sing disaosi dhahar, mulane êngga ampun ngangge èwêd.

Prastawa matur: Inggih, lajêng sami sêsarêngan nêdha, sasampuning sami dumugi, rencangipun Prastawa dipun gugah kapurih nêdha ugi, ing ngriku Prastawa sawêg rumaos sumêrêp padhang hawa, dupi ningali èrloji, Prastawa kagèt sangêt dene sawêg jam 1, măngka kintênipun sampun anggagap bangun, sanadyan [sa ...]

--- 39 ---

[... nadyan] makatêna bawaning sayah, sarêng mêntas nêdha mripatipun têka lêr-lêran kemawon, mila inggih lajêng tilêm, dados botên rêrêmbagan punapa-punapa, jam satêngah pitu enjing Prastawa sawêg tangi, sasampuning adus lajêng pamit mantuk.

Salêbêting malampah ngantos dumugining griya pisan, panggagasipun Prastawa botên kêndhat-kêndhat, pundi ingkang lêrês, mênggah ing gêgêbêngan, Kyai Citra Waspada, punika cocog kalihan Kyai Niti Sampurna, Kyai Iman Mandrawa nyêbal piyambak, namung ingkang kaanggêp Pangeran, tiga-tiganipun sulaya sadaya, Kyai Iman Mandrawa. Nga, pêpêt mêjahi: na, Kyai Niti Sampurna, nyut. Kyai Citra Waspada: raos, èwêd anggènipun badhe angêcupi, mila sanès wulan Prastawa anggêguru malih, dhumatêng guru salèring nagari Surakarta, anama Kyai Rana Pramana.

Kyai Rana Pramana, punika sayêktosipun ingkang kondhang padhukunanipun, paguronipun botên patos kawêntar, ewadene mêksa dipun puruhitani dhatêng Prastawa, amargi satunggal kalih têpanganipun Prastawa inggih sampun wontên ingkang ngalap wasitanipun kiyai punika.

Waragadipun puruhita dhatêng Kyai Rana Pramana punika: 5 rupiyah rampung, namung kangge wilujêngan kemawon, tur mênawi misik botên susah mawi saksi, cêkap ijèn. Wilujêngan [Wilujênga ...]

--- 40 ---

[... n] botên sarêng sami sadalu kalanipun mêjang, kêdah enjingipun, sarta ingkang ngêpang botên tiyang sêpuh, rare-rare angèn, makatên punika criyosipun anglêluri caranipun Waliyolah Kangjêng Susuhunan Lèpèn, nanging pamisikipun botên wontên ing lèpèn, wontên ngara-ara.

Patraping pamêjang beda kalihan sanès-sanèsipun, botên mawi linggih mori utawi gêlaran, dene wancinipun kêdah sasampuning têngah dalu, makatên gotèkipun Prastawa.

Enggalipun Prastawa kaajak dhatêng ngara-ara, dumugi ngara-ara, Prastawa kapurih andhodhok majêng mangilèn, (linggih botên kenging), sirah mènglèng manêngên, kyai wau ngadêg anjêjêr sarwi sidhakêp majêng mangetan, kados satatanipun tiyang angêningakên cipta, watawis gangsal mênit lajêng jèngkèng tutukipun katèmpèlakên kupingipun Prastawa ingkang kiwa, tumuntên ambisiki, makatên bisikanipun: kontul, gagak, êngkak. Sampeyan tumut mungêl. Prastawa inggih lajêng nirokakên: kontul, gagak, êngkak.

Kyai mungêl malih: Kontul putihing mata, gagak irênging mata, êngkak thêlênging mata, iya iku Mukamad Rasullulah jumênêng ana paningal.

Prastawa ugi mungêl kados makatên, sarêng ungêlipun sampun [sampu ...]

--- 41 ---

[... n] dumugi, Kyai Rana Pramana pitakèn: Sampeyan sampun tampi, gèr.

Prastawa cariyos: Dèrèng.

Kyai: Êlo, kadospundi, sampeyan rak sampun apal ta, wisikan wau punika.

Prastawa: E: dados punika: kaapalakên.

Kyai: Inggih.

Prastawa pitakèn: Mênawi sampun apal kangge punapa.

Kyai: E la: kadospundi sampeyan punika, tiyang punika sanguning pati, samăngsa sampeyan badhe dumugi ing janji, punika wau sampeyan apalakên, ingkang jumênêng ing paningal têmtu lajêng miyos, ing ngriku sampeyan sampun kadangon, lajêng andhèrèka kemawon, inggih punika kasampurnaning pêjah.

Prastawa: Ingkang jumênêng wontên paningal punika sintên.

Kyai: Pangeran, Gusti Allah, Gusti Allah.

Prastawa: Dados Pangeran makatên maujud, kyai.

Maujud sangêt.

Prastawa pitakèn malih: Kados punapa.

Kyai: Benjing-enjing sampeyan ngilo, lajêng sampeyan pramanakakên, punapa ingkang katingal salêbêting paningal sampeyan piyambak, inggih punika Pangeran.

--- 42 ---

Prastawa: Êm, inggih punapa sampun namung punika: kyai.

Kyai: Sampun, nanging sorogipun wau sampeyan kêdah apal, awit mênawi botên sampeyan jawab, benjing mêsthi botên badhe katingal.

Prastawa: Inggih pangèstu sampeyan sampun apal.

Kyai lajêng ngajak mantuk, nanging dumugi griya namung wedangan kemawon, tur tanpa êmik-êmik, wah botên ngêpang ambêngan kados ingkang sampun sami kalampahan, Prastawa lajêng tilêm, enjing tangi tilêm, sasampunipun raup, Prastawa enggal-enggal lajêng ngilo, botên wontên ingkang katingal salêbêting mripat, kajawi wêwayanganing warninipun piyambak, punika sampun mêsthi, mila Prastawa lajêng cariyos dhatêng kyai, salêbêting ngilo, mripatipun botên wontên katingalan punapa-punapa, kajawi wujudipun piyambak.

Kyai: La: inggih punika Gusti Allah, benjing yèn sampun sampeyan jawab, tamtu rawuh lajêng ngajak sampeyan.

Namung samantên warsitanipun Kiyai Rana Pramana, panunggilanipun botên wontên malih.

Sanès wulan, botên kalihan dipun sêdya, Prastawa pinuju kêkesahan dhatêng tanah kilèn: tirakat, katarik saking [sa ...]

--- 43 ---

[... king] kajêngipun pawong-mitra, kancanipun sakawan, dumadakan, sadumugining purug, sukuning rêdi Marapi, angsal kawan dintên kawan dalu, Prastawa mirêng pawartos, mênawi ing ngriku wontên tiyang sêpuh sidik paningalipun, bêbasanipun prasasat dewa ngejawantah, Prastawa rêrêmbagan kalihan kănca-kancanipun, mênawi sami condhong kaajak puruhita, sakawan pisan sami rujuk, namung ingkang kalih walèh botên gadhah arta kangge sêsarat, wangsulanipun Prastawa: Punika prakawis gampil, bilih mawi sarat masrut awarni arta, anggêripun namung sawatawis kemawon, kula ingkang kadugi anguwawèni, rêmbag dados, enggalipun tiyang gangsal lajêng sami pangkat dhatêng dhusun griyanipun kiyai guru, anama Kyai Kasan Bêsari.

Dumugi ing griyanipun Kiyai Kasan Bêsari, kala samantên amarêngi ing dintên Rêbo siyang wanci jam 3, kajawi kancanipun, kathah sêsarênganipun tiyang jalêr èstri, sami amadhukun, ing ngriku Prastawa lajêng mangrêtos, wosipun kyai punika bab padhukunan ingkang katindakakên.

Sasampunipun tamu-tamu ragi lungse, Prastawa sakancanipun dipun pitakèni, gadhah sêdya punapa, Prastawa cariyos prasaja badhe anggêguru ngèlmi sêpuh, kyai mangsuli botên wontên pakèwêdipun, namu[9] sarèhning dintên wau dintên Rêbo, Prastawa sakancanipun kapurih lêrêm sadalu ngêntosi dumugi

--- 44 ---

benjing-enjing sontên malêm Jumungah, wangsulanipun Prastawa sakancanipun: sarèhning sampun sami dipun kajatakên, inggih namung andhêdhèrèk.

Kyai Kasan Bêsari pitakèn: Ingkang slira sampun sami sadhiya sêsarat.

Prastawa matur: Mênggah sêsaratipun punapa.

Kyai cariyos: Sêsaratipun inggih ingkang badhe kangge angwontênakên wilujêngan.

Aturipun Prastawa: Mênawi sêsarat wau kenging kula wujudakên arta kemawon, sakêdhik-kêdhik kula inggi[10] sampun sami ambêkta.

Kyai cariyos: Makatên inggih kenging.

Prastawa matur: Mênggah waragadipun tiyang satunggal pintên.

Kyai wicantên kalihan mèsêm: Iyak, pintên, nyaringgit mawon inggih sampun.

Prastawa lajêng ngaturakên arta gangsal ringgit, ingkang tigang ringgit saking Prastawa piyambak, ingkang kalih ringgit saking mitranipun kêkalih.

Malêm Kêmis Prastawa sakancanipun sami tilêm wontên ngriku, enjingipun, dados Kêmis siyang, Prastawa sakancanipun sami adus kramas. Kyai Kasan Bêsari parentah dhatêng nyai kapurih angrukti wilujêngan kangge mangke dalu.

--- 45 ---

Ing pawon para èstri tingalipun upyêk sangêt, botên cêkap dipun tandangi piyambak, mawi nyambat dhatêng tăngga-tangganipun.

Gêntos kacariyos sarêng dumugi dalu, ing wanci jam kalih wêlas langkung, kyai lajêng angajak mêdal Prastawa sakancanipun, dhatêng ara-ara têbih saking griya, botên mawi ambêkta punapa-punapa, wêwangsoning manahipun Prastawa: Yèn mangkene larape kira-kira bakal padha karo Kiyai Rana Pramana wêwêjangane, mara coba kapriye mêngko.

Sadumugining ara-ara, asrêpipun rumasuk balung sungsum, anginipun kêncêng gêgêrotan, amargi ing ngriku punika pancèn kagolong siti parêdèn, untunipun Prastawa ngantos gathik anarêthêk, makatên ugi kănca-kancanipun. Ewadene Kyai Kasan Bêsari malah lajêng lagnyana, (nglugas raga botên awêr-awêran), rampung anggèning cucul pangangge, ngadêg ngajêngipun Prastawa kalihan kêplok, plog, plog, plog, rambah kaping tiga, lajêng kêplok malih ambal-ambalan, bibar kêplok pitakèn: Sampun sami nyandhak? Prastawa sakancanipun dangu tanpa nyabawa, dening dèrèng sami mangrêtos. Kyai pitakèn malih: Kadospundi, mêksa dèrèng mudhêng.

Prastawa matur: Inggih walèh-walèh punapa, têmênipun kula

--- 46 ---

sakănca sami dèrèng sagêd manggihakên, mila kyai mugi andhangana andumukakên, têgêsipun kadospundi.

Kyaa[11] kêplok malih lajêng cariyos, inggih punika Gusti Allah.

Prastawa pitakèn: Punapa kêplok punika kyai.

Kyai: Lo: sanès, ingkang Gusti Allah punika suwantênipun.

Kancanipun Prastawa nyêlani: Dados Gusti Allah punika suwantên, plog, plog, plog: kyai?

Kyai: Êlo: kêplok wau têgêsipun rak namung kangge pralambang, botên angêmungakên plog, plog, plog wau punika kemawon, cêkakipun swara punika Gusti Allah.

Prastawa pitakèn: Dados pathokanipun suwantên, inggih suwantênipun punapaa kemawon: punika Gusti Allah: kyai.

Kyai: Hla, inggih makatên.

Mitranipun Prastawa sumêla atur: Kukuk-luruk suwantêning sawung kaluruk, piyog-piyog suwantêning kuthuk ngupadosi babonipun, ngêngêng-ngêngêng brêngêngênging tawon angingsêp maduning sêkar, gêrot-gêrot suwantêning senggot timba, andhêrandhang suwantêning bêdhug, thar-thèr thar-thèr suwantêning sambuk garobag utawi [uta ...]

--- 47 ---

[... wi] kareta, grubug-grubug sabawaning lesus nêmpuh kêkajêngan, punika inggih Gusti Allah kyai?

Kyai mangsuli: Inggih makatên, sampun malih punika, piring dhawah pêcah krompyang, punika inggih Gusti Allah, sabab anyuwara, mila ingkang gumrêmêt ingkang kumêlip ing ngalam donya, punika sami rinêksa ing Gusti Allah sadaya.

Prastawa pitakèn: Mênggah ing manungsa Gusti Allah punika suwantên ingkang mungêl kadospundi.

Kyai: Êlo, kok mêrangi tatal sampeyan punika, la inggih sadaya suwara sampeyan wau saungêl-ungêlipun sami Gusti Allah sadaya, kados ta: inggih, botên, sampun, dèrèng, punika Gusti Allah, sampun malih ingkang mawa têgês, yèn dedea Allah, krompyang, thing, thèr, grubug-grubug, ngowèk, hug-hug, sami Gusti Allah, mangrêtos.

Prastawa: Inggih sampun.

Kyai pitakèn: La: sampeyan sampun nyandhak têgêsipun kula wuda punika.

Prastawa cariyos: Dèrèng.

Kyai: Punika wujud Mukhamad, têgêsipun, Mukhamad, jênggêrêng, mila Mukhamad Rasullulah, maknanipun utusaning Allah, Gusti Allah suwara ingkang dèrèng mawa arti, sawêg wontên [wontê ...]

--- 48 ---

[... n] artinipun bilih dumugi ing Mukhamad, inggih punika kula sampeyan. La: benjing dumugining dêlahan, wontêna punapa-punapa sampeyan sampun kèlu, yèn dèrèng wontên suwara cumlêring kados cumêngèring bayi lair, namung mênawi sampun wontên kados makatên, sampun sami was sumêlang inggih punika, sampun tampi?

Prastawa saha kancanipun matur sampun, kyai lajêng ngangge sinjang tuwin rasukanipun, sarêng sampun ngajak mantuk.

Dumugi ing griya, ing pandhapa sampun andhèr tiyang angêpang ambêngan, kadugi wontên tiyang sadasa, sarêng dhatêng, kyai inggih anjujug ing ngriku, Prastawa sakancanipun ugi kaajak ngêpang, batosipun Prastawa: kyai iki apa ngiras duwe kajat seje, têka ambêngane nganti limang tampah.

Sasampunipun satata kupêng, kyai lajêng angujubakên, têmbungipun makatên: anak putu kabèh, mulane kowe padha tak undang mrene, padha sêksènana, iki kajate anak-anakku Kyai Sala iki, supaya katutugana sakarsane bisa ilham ing ngèlmune, sêga wuduk lêmbaran saadune, iki nyaosi dhahar Kangjêng Nabi Mukhamad Rasullulah, mula dicaosi dhahar disuwun sawabe bisa ambarkahi mênyang kang nyaosi dhahar. Sêga wuduk kang saambêng lawuh êndhog salalabane, iku nyaosi dhahar sakabat nabi, Abubakar, [A ...]

--- 49 ---

[... bubakar,] Ngumar, Ngusman lan Bagendha Ngali, mula dicaosi dhahar iya disuwun sawab bêrkahe. Sêga golong pêcêl pitik iku nyaosi dhahar para wali. Sêga ura iwak gorengan warna-warna, iku nyaosi dhahar para pandhita lan para guru kang padha mêjangake ngèlmu tuwa makripat, dene jênang baro-baro jênang abang, jajan pasar kuwi awèh sahit marang kang ora katon lan kang patut dikawruhi, wis nak modin banjur donganana.

Kaum tumuntên andonga dipun amini ingkang sami ngêpang, rampung ambêng dipun têdha kêmbul ngêcapah, Prastawa sakancanipun botên kantun, sisanipun ingkang dipun kêpang dipun êdum-êdum kangge brêkat. Ningali dhacah-dhacahipun, arta gangsal ringgit saking Prastawa sakancanipun punika wontêna tirahipun botên sapintêna, mila sarêng enjing Prastawa pamitan mantuk, manahipun botên mêntala, dadak nyukani tilaran gangsal rupiyah.

Saantuking Prastawa saking ngriku, turut margi piyambakipun tansah anggagas bab beda-bedaning pamêjangan, dene warni-warni têmên, gèk pundi ingkang lêrês, dumadakan prikancanipun Prastawa wau kalihan malampah wontên ingkang pitakèn makatên: sadhèrèk-sadhèrèk, panjênêngan sadaya bokmênawi taksih kèngêtan kalawau dalu, pêpungkasaning wêjangan, gajêgipun kyai dhawuh, yèn sampun mirêng suwantên cumlêring kados cumêngèring [cumê ...]

--- 50 ---

[... ngèring] bayi lair, punika sampun was sumêlang malih, lo punika mênggah kêplasipun kadospundi, punapa inggih sampun mêsthi, badhe wontên suwantên cumêngèr, yèn botên wontên, la: gèk kadospundi, sarta sanadyan wontêna sayêktos, sasampuning mirêng: kula lajêng badhe punapa. Makatên punika mênggaha dipun pitakèkakên punapa botên kenging.

Mirêng makatên punika manahipun Prastawa têka kados dipun osikakên, batosipun. E eh, kok kaya bênêr têmên rêmbuge sadulur iki, nanging sabab apa mau bêngi têka ora takon.

Sadhèrèk sanèsipun amangsuli makatên: Mênawi dèrèng mudhêng, pitakèn dhatêng guru punika lêrêsipun kenging kemawon, nanging sababipun punapa kalawau sampeyan inggih namung matur sampun kemawon, botên nêrangakên.

Wangsulanipun ingkang ambukani cariyos, tiyang gadhah-gadhah pamanggih sawêg salêbêting malampah punika kemawon, tuwuha kalawau dalu botên susah kula rêmbag, tur kula punika sapisan-sapisan inggih sampun nate anggêguru, wah pangraos kula ngèlmunipun inggih sampun botên anguciwani, dhatêng sangkan paran pratitis, dumukanipun mathis, andèkpuna nampèni kawruh pating grobyag makatên kemawon lajêng kados dipun bungkêm, botên sagêd mangsuli sanalika, punapa guru punika [pu ...]

--- 51 ---

[... nika] sami gadhah pangaribawa.

Sanèsing sadhèrèk mangsuli sarwi gumujêng makatên, pangintên kula anggènipun gadhah prabawa punika saking anggènipun wuda, botên gêgujêngan, upami rencang kula namung satunggal kemawon, bok cêkèk kula rak lumajêng sayêktos, tiyang sawawratipun tiyang gangsal makatên kula mêksa botên wani wontên ngajêng.

Sadhèrèk ingkang ambukani rêmbag mangsuli, rekanipun wuda punika rak ngasalakên, asaling manungsa punika saking tanpa samubarang, nanging makatên punika sayêktosipun cêkap dipun cariyosakên kemawon, botên susah dipun lampahi gondhal-gandhul, ah tiyang inggih emut-emut guru dhusun makatên, sagêda anjara langit, yèn guru dhusun, inggih mêksa kawon sampurna kalihan guru praja, andèkpuna kok inggih botên, sadhèrèk-sadhèrèk neneman punika mênawi mêguru rêmênanipun dhatêng dhusun, ingkang têbih-têbih, punapa yèn têbih punika pêng-pêngan, tibanipun jêbul kawon kalihan ingkang cêlak-cêlakan kemawon, witikna wontên, sadhèrèk kula nak-sanak, punika karaya-raya kêlayu pawong-mitranipun, kesah dhatêng Malang, criyosipun inggih anggêguru, măngka kala samantên dèrèng wontên sêpur, mlampah mantuk dipun bandhani malampah dharat, jêbul sarêng dumugi griya, glèthèk pêthèlipun namung angsal ngèlmu kêdut, kêdutên lambenipun badhe [ba ...]

--- 52 ---

[... dhe] pabên utawi badhe nêdha eca, kêdutên pucuking mêrji: arêp mati, harak mêmêlas.

Prastawa pitakèn: La, sampeyan, guru sampeyan pundi.

Wangsulaning mitranipun: O: mênawi kula cêlak-cêlakan kemawon, sami salêbêting nagari.

Prastawa pitakèn: Mênggah pangraos sampeyan, piwulangipun Kyai Kasan Bêsari punika kalihan piwulangipun kyai jêngandika punapa wontên èmpêripun.

Wangsulanipun: Sirik mênawi kula nênacada, tiyang Kyai Kasan Bêsari inggih sampun kula alap ngèlminipun, nanging mênawi katimbang kalihan kyai kula ingkang rumiyin, dede têtimbangan, upami bumi kalihan langit, rêmbulan kalihan konang, saèstu yèn dede amput-amputipun, lo: mangke kula sampeyan wastani ngalêm dhatêng guru, wong gurune nèk ora diuyah asêmi, punika botên, namung matur lugu, kirang pitados sampeyan kenging puruhita, benjing punapa kula larapakên.

Prastawa mangsuli: Sangêt panuwun kula sampeyan gadhah kasagahan kados makatên, dumugi griya mêsthi lajêng kula manah.

Kala samantên lampahipun Prastawa kalih dintên sawêg dumugi ing griya, sarta taksih lam-lamên dhatêng kojahing pawong-mitranipun [pawong-mitra ...]

--- 53 ---

[... nipun] wau, pangajêng-ajêngipun ingkang dipun cariyosakên punika sagêda tètès, sampun kados nalika piyambakipun badhe puruhita dhatêng Kyai Niti Sampurna rumiyin, sanadyan pangalêming siswanipun inggih anggêgirisi, ewadene sayêktosipun manahipun Prastawa dèrèng marêm, pamujinipun sapisan punika sagêda dados panarimahipun Prastawa.

Namung lêt sajumungah kalihan saking anggènipun Prastawa puruhita dhatêng Kiyai Kasan Bêsari, lajêng puruhita dhatêng gurunipun sadhèrèk wau anama Kyai Damasanyata, sapisan punika botên susah karêmpyagan, margi griyanipun sami salêbêting nagari, sadhèrèk rencangipun kêkesahan wau ingkang satunggal tumut puruhita, bayar waragad piyambak, tiyang kalih kalihan Prastawa: 15 rupiyah, dados nigang ringgit edhang.

Botên parlu dipun cariyosakên upakartining wêjangan, cêkakipun jangkêp, limrah kados satataning guru sanès-sanèsipun.

Wêjanganipun, sasampunipun anuntun sahadat, samuradipun pisan, lajêng nêdahakên, Allah, Mukhamad, Rasul. Allah punika: urip, inggih urip kita piyambak punika, Mukhamad punika: wujud, inggih wujud kita piyambak, dene: Rasul, inggih rahsa kita piyambak, mila Allah

--- 54 ---

Mukhamad Rasul punika botên pisah, dene jumênênging urip, lêmbut ora kêna jinumput, agung angebêki jagad, botên kêjaba botên kêjêro, sumăngga sampeyan êcupi, ingkang pundi.

Prastawa botên sagêd andumuk, kyai tumuntên anêdahakên ingkang sinêbut lêmbut ora kêna jinumput wau sarana ebahing tangan kaawèk-awèkakên ing ngajêngipun Prastawa sarwi wicantên: Lo, punika sajatinipun Ingkang Murba Amisesa, Ingkang Maha Ruhur, Ingkang Maha Suci, Ingkang Maha Agung, ingkang cêlak botên senggolan, têbih tanpa wêwangênan, ingkang botên kajaba, sarta botên kajêro, ingkang elok datipun, ingkang botên warni, botên rupi, botên arah, botên ênggèn, wajib wontênipun, mokal botênipun, dumunung anglimputi kaananing gêsang kita tuwin jagad punika saisèn-isènipun sadaya, yèn punika botên wontên, jagad saisinipun sampun tamtu botên dumados, kadospundi, punapa anggèr sampun dumunung?

Prastawa matur: Sok makatêna: punapa Gusti Allah punika: hawa, kyai.

Kyai Damasanyata angandika: Êlo, sanès. Hawa: hawa, punika Pangeran, măngga ta sameyan[12] galih rumiyin ingkang panjang.

--- 55 ---

Wangsulanipun Prastawa: Nun inggih, mênawi punika (Prastawa kalihan angebah-ebahakên tangan kados kiyai) sanès hawa, punapa kenging kula wastani tawang-towang, utawi: suwung, dados Gusti Allah makatên datipun suwung.

Kyai ngandika malih: Mêksa taksih dèrèng nyandhak mênawi makatên, sampun sameyan galih punika suwung, sajatosipun isi, nanging sarèhning langkung suci, mila mripat kita botên sagêd anyipati.

Prastawa matur malih: Nun inggih, mênawi makatên, kadospundi anggèn kula badhe anyipati dating Pangeran.

Kyai angandika: E la, kok mêksa dèrèng nyandhak, parlu punapa sampeyan anyipati dating Pangeran, tiyang Pangeran punika gêsang sampeyan piyambak, măngga sampeyan galih ingkang panjang, upami sampeyan angupadosi sarira sampeyan, kadospundi sagêdipun pinanggih wontên ing ngrika-ngrika, tiyang sampun kasarira, kalanipun Pangeran jumênêng ing betal makmur, asêsênêtan wontên salêbêting mêstaka sampeyan, kalanipun jumênêng ing betal mukaram, asêsênêtan salêbêting jêjantung sampeyan, dene kalanipun jumênêng wontên betal mukadas, asêsênêtan salêbêting nutpah, inggih awit saking Pangeran asêsênêtan ing mêstaka, ing jantung tuwin ing nutpah sampeyan punika, sampeyan [sampe ...]

--- 56 ---

[... yan] lajêng kasinungan raos-pangraos, dados sok makatêna, dede kula utawi sampeyan ingkang gadhah raos-pangraos, ananging ingkang sêsênêtan wau punika, lah sapunika konduripun, sarèhning asalipun saking ngriki (kyai kalihan ngebah-ebahakên astanipun malih) konduripun inggih wangsul amor mriki malih, sampurna waluya jati botên wontên punapa-punapa, wangsul kados nalika sampeyan dèrèng dumados, kala dèrèng dumados sumêrêp punapa, kêraos punapa, inggih kados makatên punika badhe kaananing pati, mila wontên bêbasanipun, tilêm punika sadhèking[13] pati, pancèn lêrês, punapa wontên raos nikmat mupangat, angungkuli nikmat mupangatipun tiyang tilêm ingkang botên nyumpêna, kados botên.

Têlas pangandikanipun kiyai, sapandurat Prastawa minggu tanpa wicantên, amargi saking bingunging panampinipun, bingung: dening salugunipun botên wontên, dipun wastani suwung botên kenging, ajêng botên kapurih nganggêp wontên, mila dadakaning pamanggihipun Prastawa, cêkakipun Gusti Allah makatên inggih suwung, namung mênawi dipun dumuk winastan suwung botên kenging, kengingipun bilih winastan urip, makatên punika kilap saking anggènipun badhe ngêngèl-êngèl, angèdèk-èdèkakên rêmbag, utawi angunggul-unggulakên, kilap saking

--- 57 ---

sangêting balilunipun piyambak ngaston[14] botên andungkap dhatêng kawruh ingkang wêrit sarta alus, Prastawa judhêg botên sagêd amastani, kenging ugi saking wêrit saha alusipun wau, dados piyambakipun, dèrèng: utawi botên sagêd tampi, nanging mênawi dipun othak-athik sarta kagothak-gathukakên kalihan raos-pangraos sadèrèngipun dumados, sayêktosipun pancèn inggih tanpa tabêt, liripun botên kèngêtan punapa-punapa babar-pisan, ing têmbe dipun cariyosakên badhe botên wontên punapa-punapa wangsul kados kala sami dèrèng tumitah, punika kok inggih ragi wontên èmpêripun, awit saupami manggiha kaanan, harak lajêng nama botên mantuk, tiyang asalipun saking botên wontên, têka mantukipun dhatêng wontên, punapa botên winastan salundap-salundup utawi sulaya, lo: têka inggih sampun anglêr timên, dhasar pasaksènipun sampun mêlêng-mêlêng kados êncèh, inggih raos sadèrèngipun dumados wau, namung sarêng angèngêti cariyosing sêrat-sêrat, utawi pangandikanipun para sêpuh, kacariyos ing alam kapatèn badhe wontên suwarga tuwin naraka, punika kêkêncêngan anganggêp ing benjing badhe botên manggih punapa-punapa: ragi kêndho, awit yèn botêna wontên, sabab punapa dipun cariyosakên, kalih dene yèn namung badhe manggih

--- 58 ---

sêpi mamring kemawon, karaya-raya sami dipun padosi, lan tiyang-tiyang ingkang rucah, ingkang sêdhêngan, ingkang agêng-agêng sapêluk sami anggêguru, punika parlu punapa, dumugi samantên gagasanipun Prastawa, piyambakipun lajêng nyoba nyuwun sasêrêpan.

Aturipun Prastawa: Nun, punapa kula kaparêng nyuwun sasêrêpan, kyai.

Kyai: Lho măngga: gèr, botên wontên pakèwêdipun.

Prastawa: Ing sêrat-sêrat sarta para sêpuh sami rêraosan, ngêndikakakên mênawi ing pati punika badhe kapanggih suwarga utawi naraka, punika kadospundi, punapa dora?

Kyai: O: punika cariyosing Kadis, parlunipun kangge angajrih-ajrihi tiyang ingkang sami tinitah wontên donya. Supados anyingkirana lampah awon sarta karêma anglampahi pandamêl sae, sawawratipun cariyos ingkang anggêgirisi kasêbut ing Kadis wau sampun botên kêkirangan, ewadene tiyang alampah awon mêksa taksih saêmbrah, iba ta sabên tiyang dipun sukanana sumêrêp sajatining kawruh, yèn ing pati sayêktosipun namung badhe nikmat mupangat, tiyang ingkang dhasaripun awon botêna saya kados anglêbur-nglêburna jagad pandaluyanipun, mila ngèlmi makripat wau sangêt piningit [pini ...]

--- 59 ---

[... ngit] dhatêng para sujana tuwin sarjana, jaman kina mênawi tiyang dèrèng ngumur satêngah tuwuh, botên kenging dipun wêdhari ngèlmi kasampurnan, sanadyan sampuna mèmpêr ngumuripun, ananging wangunipun botên mênêb, inggih botên ujug-ujug lajêng dipun jatèni, sabab ingkang dipun kuwatosi inggih bokmênawi lajêng muncla-muncla, kala kula taksih rare, asring kemawon mirêng pangandikanipun para sêpuh, he thole, yèn kowe durung bisa sabar utawa rêsik, aja pisan anggêguru ngèlmu tuwa, mundhak edan. Mênggah pangandikanipun para sêpuh makatên wau, bilih kula gathukakên kalihan nalaripun pancèn inggih botên lêpat, kadospundi anggènipun botên lajêng nama edan, awit sasampuning sumêrêp kasunyatan lajêng ngumbar angkara sakajêng-kajêng, kados kapal dipun bikak kêndhalinipun, praduli apa, wong ing pati mung bakal nêmu enak kapenak, ora nana suwarga naraka, nglakonana apa-apa iya mung bali kaya dhèk durung ana bae, lêlajêng kalampahan botên gênah sayêktos, nanging inggih wau punika, tiyang ingkang dhasaripun pancèn awon, bilih ingkang sae malah saya mêmpêng ulah kasaenan, angèngêti manungsanipun, manungsa mêkatên mênawi pêjah tilar anak putu sarta asma, anak putu sarta asma punika wajib dipun pusakani ngamal, ngamalipun inggih punika lampah sae, dene lampah sae

--- 60 ---

ing dalêm donya punika inggih pinanggih wontên ing dalêm donya, botên pinanggih ing ngakerat. Jaman sapunika, prayantun neneman barakanipun anggèr makatên sampun kathah ingkang marsudi ngèlmi sêpuh, sarta tiyang sêpuh kados kula sampun purun angêculakên wêwados, punika kabêkta ebahing jaman, jamanipun sampun sêpuh, pêpikiraning tiyang, sanadyan taksiha ênèm inggih sampun nyêpuh, sampun jêmbar, sampun padhang, mila kula botên was sumêlang malih misik dhatêng anggèr, kintên-kintên tamtu sampun sagêd ngagêm sarta kamot. Amangsuli bab suwarga tuwin naraka malih, bilih kêdah kaanggêp wontên, wontênipun inggih namung ing donya ngriki, wujudipun suwarga, tiyang ingkang sami mulya, wujuding naraka, tiyang ingkang sami nandhang papa. Saking pundi margining mulya, saking lampah lêrês sae, margining papa, lampah sasar sarta awon, dados mumbula dhatêng sajawining jagad, tiyang gêsang punika pathokanipun inggih kêdah lampah lêrês sae, awit samăngsa tilar sae wau, sitingangkahipun sampun botên bilih sagêda manggih mulya, aluwung bilih kajlungup dhatêng naraka, punika kenging dipun jibakên, lah: punapa tiyang gêsang rêmên kêlêbêt naraka, harak botên, makatên anggèr sajatosipun bab suwarga tuwin naraka.

Dumugi samantên, Prastawa botên matur pitakèn malih, cêkakipun [cêka ...]

--- 61 ---

[... kipun] lajêng bibaran, sarta wiwit punika, Prastawa lami botên anggêguru gêguru malih, dipun raos-raosakên sarta katimbang-timbang, wêjanganipun Kiyai Dama Sanyata wau têka maton piyambak, dumukanipun inggih mathis. Kiyai Niti Sampurna, Kiyai Citra Waspada gêgêbênganipun ugi sami botên wontên punapa-punapa, samantêna kirang wijang, mila salajêngipun ingkang dipun kulinani, inggih namung Kiyai Dama Sanyata, kajawi griyanipun cêlak, mênawi nêrangakên kawruh nyanik-nyanik anyênêngakên. Pancènipun ing batos Prastawa sampun marêm, botên niyat anggêguru malih, jêbul pawong-mitranipun tunggil guru ajak-ajak anggêguru, mawi ngumukakên pêng-pênganipun guru wau, wah mawi andumuki kêkiranganing guru ingkang sampun sami dipun puruhitani, dalah piwulangipun Kiyai Dama Sanyata, ingkang Pangraosipun Prastawa sampun notog, botên kirang salêsih, botên kirang mathis abên manisipun, inggih winastan taksih kêlintu, kaanggêp ngèlmi kiyas, dede ngèlmi kasunyatan.

Prastawa pitakèn: Ingkang nyata kados punapa.

Wangsulanipun: Ingkang nyata makatên ingkang sagêd sapatêmon kalihan dating Pangeran.

Prastawa amangsuli: Lho: mangke mawi nutupi mata: punika, yèn namung makatên kemawon, kula sampun nate angayoni. [anga ...]

--- 62 ---

[... yoni.] Wangsulanipun mitranipun: O: botên, punika wêwentehan, sarta botên mawi dipun tutap-tutup makatên.

Prastawa mangsuli malih: botên katutup, mangke dipun purih ngilo, kula inggih sampun nate malih.

Cariyosing mitranipun: Dipun purih ngilo inggih botên, tiyang punika mêdal saking awakipun piyambak.

Prastawa pitakèn: Botên Sumitra, mêmpênging galih sampeyan kados makatên, punika sampeyan punapa sampun sagêd nyulik yêktining kawruhipun pancèn linangkung.

Wangsulanipun: Nyulik dhatêng kiyai piyambak dèrèng, nanging kêkosodan kalihan murid-muridipun sampun, cêkakipun sadaya atos-atos, kula tansah kêlumah-lumah, awit ngrika watonipun: nyata, kula wêwaton: kiyas.

Prastawa pitakèn: Mangke ta Sumitra, kula kok botên dungkap dhatêng pangandika sampeyan, kawruh ingkang sampun sampeyan anggêp kiyas, punika kiyas kadospundi, punapa botên sampun nyata sangêt, tiyang nyatanipun inggih botên wontên, upami angwontêna, punapa botên saya lêpat, dene angwontênakên barang ingkang botên wontên.

Wangsulaning mitranipun: Inggih punika ingkang dipun wastani kiyas, [ki ...]

--- 63 ---

[... yas,] botên wontênipun wau amargi saking dèrèng sumêrêp kalihan nyata, mênawi sampun sumêrêp inggih botên mastani botên wontên.

Sapandurat Prastawa botên amangsuli, amargi upami dipun pabênana inggih botên wontên pêdhot-pêdhotipun, awon punapa tiyang amiarakên sasêrêpan, aluwung dipun piturutana, cocog kaangge, botên cocog, dipun bucal, tiyang botên kumrosak, sasampunipun dipun manah-manah, Prastawa sagah tumut, sarta pitakèn, waragadipun pintên.

Wangsulaning mitranipun. Bab waragad namung sumarah, sakêdhik cêkap, kathah utami, sesa-sesa wontên kajêngipun ingkang badhe puruhita, mênawi nêdha rêringkêsan, têgêsipun botên susah nyuwun kalêmpaking para sadhèrèk, gangsal agêngipun sadasa rupiyah kemawon cêkap, mênawi nêdha rowa, ngaturi sadhèrèk-sadhèrèk sadaya, inggih botên cêkap salawe rupiyah, nanging mênggahing kula kados sae ringkêsan kemawon.

Prastawa mangsuli: Prayogi bilih makatên, karsa sampeyan, nyaosi waragad pintên.

Wangsulaning mitranipun: Sadasa rupiyah sampun cêkap, dados gangsal edhang.

--- 64 ---

Wangsulanipun Prastawa: Kula namung andhèrèk, sumăngga kula caosi sapunika kemawon, benjing punapa kalampahanipun, kantênanipun anggèn kula ngangkah-angkah.

Wangsulaning mitranipun: Dangu-dangu ngêntosi punapa, prayogi benjing Jumungah êmbèn punika, kalêrêsan amarêngi wulan ênèm, padhang.

Wangsulanipun Prastawa: Prayogi, nanging benjing êmbèn punika sampeyan kula aturi ngampiri kula. Dados angkatipun dhatêng griyanipun kiyai saking griya kula kemawon.

Mitranipun mangsuli: Prayogi, sarta lajêng bibaran.

Botên kacariyos rêroncènipun, dintên malêm Jumungah sampun sami dumugi griyaning kiyai guru, anama Kyai Taruna Supana.

Kyai Taruna Supana punika sêmunipun wingit, tandang-tandukipun alus, murid-muridipun ingkang ngadhêpi wontên wolu, solah-bawanipun inggih mirib gurunipun, sajak gêkêng-gêkêng, dyatmika-dyatmika. Pangunandikaning manahipun Prastawa: Pantês Kyai Taruna Supana kondhanga linuwih, amarga tandang-tanduke alus.

Wiwit Prastawa dhatêng, para siswa sampun sami anggênu raos, wosipun anyariyosakên, tiyang angudi kasampurnaning [kasa ...]

--- 65 ---

[... mpurnaning] ngèlmi punika kêdah ingkang tabêri ngêningakên cipta, awit samăngsa botên kanthi êning, sampun mêsthi botên kêpanggih, măngka ingkang kathah-kathah, gajêgipun sok namung kalihan bêdhagalan, tarkadhang dipun êbyuki nalar kasar, utawi kêkiyasan, sampun tamtu ngalèr ngidul, tiyang madosi barang gaib, dipun padosi kalihan netra kapala, măngsa kapanggiha. Makatên rêrêmbaganipun, ing batos Prastawa sakalangkung angolod-olod, daya-daya tumuntên sumêrêpa babaripun.

Jam satêngah satunggal dalu, Kyai Taruna Supana wiwit ambukani wêwêjanganipun. Pamêjangipun botên susah mêdal dhatêng jawi, wontên ing griya kemawon, upakartining wêjangan botên beda kalihan sanèsing guru ingkang kathah-kathah, Kiyai Taruna Supana lajêng ambukani pitêdahan kados ing ngandhap punika.

Anggèr, sampeyan sumêrêpa, parluning anggêguru: punika angupaya ingkang amurba misesa awakipun piyambak-piyambak, punika sintên, mênggah gampilipun sampun tamtu Gusti Allah, nanging Gusti Allah punika kados punapa, la: punika lajêng warni-warni, wontên ingkang mastani: kados wujudipun piyambak, sawênèh ngintên sêpên, wontên ugi ingkang angintên cahya, nanging sadaya wau sawêg dugi-dugi utawi pamiyagah, utawi [u ...]

--- 66 ---

[... tawi] malih pangandêling murid dhatêng guru kemawon, punika tumrapipun dhatêng para tiyang ingkang ulah kasidan sayêktos, botên ajêng, amargi lêrêsipun kêdah dipun nyatakakên ngantos sumêrêp piyambak, dene sarananipun badhe anyumêrêpi Gusti Allah saha kaananipun alam kalanggêngan, punika namung saking sêmèdi, sêmèdi makatên anêntrêmakên roh tuwin ngêningakên cipta, mênggah patrapipun: ing wanci sasampuning têngah dalu, sampeyan manggèna ing papan ingkang sêpi, ingkang rêsik, sukur sinêbaran sêkar-sêkar ingkang gandanipun kongas amrik angambar, botênipun makatên, sok ugi botên mambêt gănda ingkang kirang ngrêsêpakên, sampun cêkap, wontên panggenan ngriku, lajêng mapana sêsarean, utaminipun mujur mangalèr, suku kalih salonjor sumèlèh ingkang sakeca, asta sidhakêp, ingkang kiwa tumumpang ing jaja kalêrês ing kêkêtêk, lajêng katumpangan èpèk-èpèk têngên. Paningal amawasa pucuk grana têrus mangandhap sipat pusêr angsal jêjêmpol suku kalih, sasampuning lêrês sipatipun, netra dipun êrêmna, tumuntên anarika napas ingkang alon saking kiwa manêngên ngantos kandhas, wêdalipun saking têngên mangiwa, inggih ingkang alon sarta ingkang ngantos kandhas, makatên salajêngipun ngantos pintên-pintên rambahan, ananging salêbêtipun matrapakên makatên punika, poma sampun ngantos anggagas punapa-punapa, [puna ...]

--- 67 ---

[... pa-punapa,] wontêna sabawa sampun piniarsa, jêr ing wêkdal punika ingkang winastan sawêg mintaraga, utawi pêjah salêbêting gêsang, amêjahi cipta riptanipun, lah ing ngriku mênawi sampun tinarimah, sampeyan tamtu lajêng sagêd pinanggih kalihan ingkang sampeyan upadosi. Sampun kêcakup?

Wangsulanipun Prastatawa:[15] Kunun, mênawi ingkang panjênêngan pangandikakakên punika kemawon, pangraos kula inggih sampun.

Kyai Taruna Supana: Mênawi sampun inggih sampun, sumăngga lajêng lênggah dhahar sawontênipun, benjing-enjing dalu sampeyan wiwiti, pamuji kula mugi sampeyan winantua ing kabêgjan tumuntên sagêd kapanggih.

Prastawa pitakèn: Sanadyan kiyai sampun dhawuh, bilih kêdah kula nyatakakên piyambak, mênggah patrapipun kados ingkang sampun panjênêngan pangandikakakên wau, ananging, ancêr-ancêr kemawon punapa inggih mêksa tanpa.

Kyai: Ancêr-ancêr kadospundi.

Prastawa: E: têgêsipun, Gusti Allah punika wujud punapa botên.

Kyai: O: yèn sampeyan mundhut ancêr-ancêr, kathah sangêt ancêr-ancêripun, kados ta, ungêling sahadan,[16]

Ashadu ala Ilaha ilêlah, Ashadu ana Mukhamadan [Mukhamada ...]

--- 68 ---

[... n] Rasullolah, angawruhana satuhune ora ana Pangeran, amung Allah, lan anêksèni satuhune Kangjêng Nabi Mukhamad iku utusaning Allah, punika inggih ancêr-ancêr, ora warna, ora rupa, ora arah, ora ênggon, wajib anane, mokal orane, inggih ancêr-ancêr malih, nanging yèn ngamungna makatên, botên sampeyan nyatakakên, harak lajêng botên nama ngèlmu kak, utawi ngèlmu nyata, mila pamrayogi kula, cariyos kula wau sampeyan lampahi, mangke sampeyan rak lajêng sumêrêp.

Prastawa: Punapa dalah raosing pêjah kula inggih lajêng sagêd sumêrêp.

Kyai: Inggih sok sumêrêpa dating Pangeran, amêsthi ugi sumêrêp raosing pati, margi punika gandhèng kemawon.

Prastawa matur: Sandika, mugi angsala pangèstu sampeyan.

Dumugi samantên lajêng bibar saking wêwêjangan, tumuntên dipun ladosi dhêdhaharan, jêbul botên sêkul wuduk lêmbaran kados adat ingkang sampun punika, dipun ladosi dhahar larihan majêng kaping gangsal, batosipun Prastawa, êm, ora rugi, buwang dhuwit limang rupiyah disuguh pista, bibar nêdha [nê ...]

--- 69 ---

[... dha] sarèhning sampun jam sakawan, Prastawa pamit mantuk, kyai mantos-mantos, samăngsa sampun kapanggih ingkang dipun padosi Prastawa kapurih sowan ngaturi wuninga, aturipun Prastawa sandika.

Wontên margi prastawa rêrêmbagan kalihan mitranipun, makatên, kadospundi dene wêwêjanganipun wau pangraos kula têka namung mitêdahakên patraping sêmadi balêjêd, dipun suwuni ancêr-ancêr kawontênaning Pangeran botên kengis sakêdhik-kêdhika, punapa malih ingkang kados makatên punika ingkang khak sayêktos?

Mitranipun amangsuli: Inggih botên mênawi dene nyatanipun para siswanipun lami punika têka gêkêng-gêkêng têmên, mila mênawi pamanggih kula, sadèrèngipun dipun lampahi, prayogi botên dipun paibên rumiyin, yèn nyata kadospundi, harak badhe kêcelik, ungêl-ungêlanipun sampun wontên, ngèlmi punika kalampahanipun kêdah mawi lampah, makripat makatên marginipun saking khakekat, khakekat saking tarekat, kados kemawon sapisan punika ingkang nama kak sayêktos, tandhanipun dene namung kapurih nglampahi piyambak, kyai namung pitêdah patrapipun.

Wangsulanipun Prastawa: Sarêng sampun kula manah-manah panjang kok inggih lêrês pamanggih sampeyan, kêdah dipun ayoni [a ...]

--- 70 ---

[... yoni] rumiyin, upami tiyang niyat kêkesahan, kadospundi anggènipun sagêd dumugi ing purug, bilih sukunipun botên tumindak, kalihan dene malih, awon punapa nyatakakên kawruhipun piyambak, mila benjing-enjing dalu coba badhe kula wiwiti.

Wangsulaning mitranipun: La: punika kula condhong, kula inggih gadhah cipta makatên, benjing-enjing dalu badhe kula lêkasi, ngantos dumugi benjing malêm Jumungah.

Prastawa: Manawi makatên benjing Jumungah ngajêng kemawon wanci siyang sami apêpanggihan sarasehan kadospundi punapa ingkang pinanggih ing salêbêting sami sêmèdi.

Mitranipun Prastawa wicantên: punika kula condhong malih, benjing Jumungah ngajêng kemawon kula sowan dhatêng dalêm sampeyan.

Prastawa manthuk kalihan wicantên: Prayogi.

Ing ngriku lajêng asewang-sewangan mantuk, Prastawa dumugi griya jam 1/2 6 enjing, botên sagêd tilêm, tansah anggagas piwulang ingkang sawêg dipun tampèni.

Botên kacariyos siyangipun, dalu Prastawa saèstu angayati nyoba sêmèdi, wiwit wanci jam satunggal, sawêg pintên ubêngan Prastawa botên kemutan, jêbul lês - kêlajêng tilêm, botên kapanggih punapa-punapa. Dalunipun dipun angkati

--- 71 ---

malih, inggih makatên malih, ngantos dumugi malêm Jumungah, tanpa wusana, têgêsipun botên amanggih alam punapa-punapa, luwung kala sawêg tigang dalu, salêbêtipun matrapakên punika Prastawa, layap-layap, lêr - lajêng supêna kados aningali wujud buwêng pindha rêmbulan kasasaban mêndhung aramyang-ramyang, salêbêting buwêng wontên maujud jênggêrênging manungsa, ananging Prastawa botên sagêd anyipati têrang, punapa inggih punika Pangeran, Prastawa piyambak botên pitados, jalaran ing wêkdal wau pangraosipun Prastawa kados supêna.

Dintên Jumungah siyang sarêng mitranipun dhatêng, lajêng dipun cariyosi kalihan prasaja, mitranipun gumujêng sarwi cariyos, sampeyan punika: ramyang-ramyang, sagêd nyipati maujud, supêna-supêna ngangge supêna, witikna kula, pitung dalu kêcêput punika wongsal-wangsul namung tansah lês kalajêng tilêm kemawon. Harak bilaès, punapa saking dèrèng katarimah kemawon.

Prastawa: La mênawi kawontênanipun pancèn inggih namung punika kadospundi.

Mitranipun: bilih sampeyan condhong, bok inggih măngga coba sowan kyai, ngaturakên ingkang mêntas sami dipun lampahi, kalihan nyuwun sêsêrêpan babar-pisanipun kêdah kadospundi.

--- 72 ---

Prastawa ngrujuki, tiyang kêkalih saèstu sowan kyai, ngaturakên ingkang mêntas sami dipun lampahi, dhawuhipun kyai, Prastawa kapurih nalatosi kemawon, dangu-dangu sampun tamtu kapanggih, amargi marginipun botên liya namung saking ngriku, dene mitranipun Prastawa dipun dhawuhi makatên, mênawi sampeyan badhe sêmèdi, sontên anggèn sampeyan dhahar ragi sampeyan kirangi sawatawis, wontênipun sabên-sabên sampeyan lajêng kalajêng tilêm, pangintên kula sampeyan ragi kêtuwukên.

Aturing siswa: Pangandikanipun kyai punika pancèn kasinggihan, jalaran panêdha kula botên mawi kula ewahi kalihan padatan, coba mangke dalu kula cobanipun.

Dumugi samantên Prastawa kalihan mitranipun sami pamitan mantuk, wontên margi sami sêsewangan, botên kacariyos lampahipun, dumugining griya tiyang kêkalih wau sabên dalu tanpa kêndhat anggèning sami matrapakên sêmèdi, ewadene ngantos pintên-pintên dalu mêksa botên sagêd pinanggih punapa-punapa, ingkang angsring malah sok sêg namung kalajêng tilêm, andadosakên anyêling manah, saha saya ngêkahakên antêping piyandêlipun Prastawa amastani bilih ing pati pancèn botên wontên punapa-punapa, nanging sabên Prastawa raosan kalihan para sadhèrèk-sadhèrèk para siswanipun Kiyai Taruna Supana, Prastawa namung dipun gêgujêng dipun [di ...]

--- 73 ---

[... pun] wastani dèrèng kabuka, ingkang sayogi Prastawa sampun kêmba-kêmba, murih botên jugar, Prastawa sangsaya judhêg sêmu isin.

Antawis sawulan, Prastawa kapanggih mitranipun, dipun sukani pawartos mênawi malêming dintên wau piyambakipun sampun sagêd kalêksanan kapanggih.

Prastawa pitakèn: Mênggah ancêr-ancêr wujudipun kados punapa.

Mitranipun mangsuli: O: punika botên kenging, amargi mangke mindhak lajêng dados ngèlmi têtularan, sanès khak, botên apsah, sapunika kula namung ngaturi pratikêl kemawon, murih sagêdipun katarimah. Upami dalu badhe sêmèdi, punika wiwit enjing sampun dhahar, saha salêbêtipun sêmèdi sampeyan anyipta angêngkoki Alah,[17] manawi makatên kula tanggêl, sampun mêsthi lajêng enggal kemawon.

Wantuning Prastawa sangêt kacaryan sagêda tumuntên kapanggih kalihan ingkang dipun èsthi, kasêmbuh pancèn ragi bêtah ngluwe, punapa cariyosing mitranipun inggih dipun lampahi, malah botên namung wiwit enjing, dipun ancang-ancangi kirang kalih dintên sampun botên nêdha punapa-punapa. Saking kêdah-kêdahipun badhe sagêda kadumugèn ing sêdya.

--- 74 ---

 


rupiyah. (kembali)
Tumrap. (kembali)
nitahakên. (kembali)
dhawuh. (kembali)
tangkil. (kembali)
sampeyan. (kembali)
sampeyan. (kembali)
pitakèn. (kembali)
namung. (kembali)
10 inggih. (kembali)
11 Kyai. (kembali)
12 sampeyan (dan di tempat lain). (kembali)
13 sadhèrèking. (kembali)
14 ngantos. (kembali)
15 Prastawa. (kembali)
16 sahadat. (kembali)
17 Allah. (kembali)