Wedha Sanyata, Martadarsana, 1914, #513 (Hlm. 074–154)

Judul
Sambungan
1. Wedha Sanyata, Martadarsana, 1914, #513 (Hlm. 001–073). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
2. Wedha Sanyata, Martadarsana, 1914, #513 (Hlm. 074–154). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kebatinan dan Mistik.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Amarêngi dintên malêm Jumungah, Prastawa wiwit sontên sampun tata-tata, badhe sêmèdi kados adat, nanging sarèhing dèrèng wanci, dados Prastawa dèrèng mapan, taksih linggih anjênggruk ijèn asèndhèn gêbyog, kanthi anggagas anggènipun badhe sêmèdi mangke, wusana dumadakan, kalihan botên anyana pisan-pisan, sanalika wau Prastawa manggih raos ingkang anèh, inggih punika napasipun kados katarik malêbêt piyambak, dipun wangsul-wangsulakên mêdal angèl, Prastawa ngantos rumaos ajrih, githok makarag, badan sakojur anjêkut marinding, mèh kemawon ambêngok, nanging lajêng kèngêtan mênawi piyambakipun badhe sêmèdi, dados botên saèstu ambêngok, mêdal tekadipun dadakan, iya ayo sakarêpmu, mati iya uwis, makatên ciptanipun, sakandhasing napasipun ingkang malêbêt tanpa kasêdya wau, cariyosipun Prastawa, sanalika byar, piyambakipun sumêrêp padhang, dede padhange srêngenge măngka ing wêkdal punika manggèn ing sênthong barukut tanpa dilah. Prastawa taksih èngêt awêwentehan, mila Prastawa lajêng tumênga manginggil, ing pangangkah niyat badhe sumêrêp, padhang punika padhanging punapa, sarta wêdalipun saking pundi, sarêng awakipun tumênga, kalêrês sangajêngipun cakêt wontên wujud bundêr kêplêng satebok alit, ing jawi jêne sumunu, ing lêbêt abrit, [abri ...]

--- 75 ---

[... t,] ing lêbêtipun malih wungu, ing lêbêt pisan katingal cêtha, wontên tiyangipun ingkang warninipun cèplês kados wujudipun piyambak, patrapipun sidhakêp, ing ngriku Prastawa gadhah panggrahita: mêsthi iku Gusti Allah, mila lajêng dipun uluki salam, niyatipun uluk salam kaping pitu, ananging pangraosipun Prastawa sawêg uluk salam kaping tiga, sampun kasêlak dipun oyog-oyog ingkang èstri tur mawi dipun bêngoki, jalaran kayêktènipun Prastawa gêrêng-gêrêng kados tiyang kagum, sami sanalika wujud dalah cahya ingkang dipun sumêrêpi wau ical, dupi mêlèk byar, piyambakipun ngungun dene sampun tilêman, mantun linggih sèndhèn gêbyog kados kalawau, wah dipun sandhing ingkang èstri, bojonipun pitakèn: Wontên punapa dene gêrêng-gêrêng kados tindhihên.

Prastawa botên prasaja, malah lajêng pitakèn gêntos: Mêngko ta, apa aku iki mau turu?

Bojonipun amangsuli: Botên basa sare, tiyang nyatanipun ngantos tindhihên ngatên kok mawi dangu, măngka sontên botên wontên banèkipun, punika rak saking gêrusing padharan, kalih dintên botên dhahar, ta: sampeyan dhahar sêkulipun sampun kula tata wontên jawi.

Prastawa pitakèn, iki mau jam pira ta.

Bojonipun mangsuli: Sampeyan kula oyog-oyog [oyog-o ...]

--- 76 ---

[... yog] wau bêdhugipun sawêg mungêl kemawon.

Prastawa wicantên sêmu kagèt: E Eh, dadi ki mau wis bêdhug, mara jukukên èrlojiku.

Èrloji enggal dipun pêndhêt, sarêng dipun tingali lêrês sampun mèndêl saprapat: jam kalih wêlas, punika piyambakipun sawêg pitados bilih tilêm sayêktos, mila manahipun jègèg sangêt, măngka pangraosipun kalawau botên tilêm, tiyang niyatipun pancèn inggih botên tilêm, nanging sarèhning tilêm sayêktos, tur botên namung saliyêpan, pintên-pintên liyêpan, jam 9, ngantos jam 12, dados Prastawa botên pitados mênawi kaanan ingkang mêntas dipun sumêrêpi wau kaananing ngalam ingkang dipun padosi, taksih kaewokakên bangsaning supênan, manahipun sangsaya putêk, saking putêkipun botên saèstu sêmèdi, kapara lajêng nêdha, bibar nêdha tilêm, enjingipun sowan Kiyai Tauna Supana, ngaturakên punapa ingkang mêntas dipun sumêrêpi. Pangandikanipun kiyai: Lah: inggih sampun punika, namung sampeyan dèrèng gambuh, punika kêdah sampeyan gambuhakên.

Prastawa matur: Sagêdipun gambuh kadospundi.

Kyai: Inggih namung saking tabêri sêmèdi.

Prastawa matur sandika, sarta lajêng pamit mantuk, wiwit wau Prastawa [Pra ...]

--- 77 ---

[... stawa] lajêng mangrêtos, Kyai Taruna Supana punika guru mulang patraping sêmèdi, dede guru ingkang mulangakên ngèlmi kasampurnaning pati. Mila sayêktosipun, Prastawa mêksa taksih mathêm dhatêng piwulangipun Kiyai Damasanyata kemawon, ewadene antawis sataun kalihan anggènipun anggêguru madhatêng[1] Kiyai Taruna Supana, Prastawa mêksa taksih anggêguru malih dhatêng guru ing Dhusun rêdi Gajah Mungkur, guru wau nama Kiyai Sabdaguna.

Wêjanganipun Kiyai Sabdaguna, plêk kalihan Kiyai Iman Mandrawa, namung beda mas kawinipun kêdah petangan salawe, utaminipun salawe rupiyah, botên sagêd salawe rupiyah, salawe ukon, botên sagêd ukon, talèn, botên sagêd talèn, kêthip, alit-alitipun, uwang, anggêr botên salawe sèn utawi bribil kemawon, namung pamêjangipun prasaja Kiyai Sabdaguna, tinimbang Kiyai Iman Mandrawa.

Sasampuning sahadat, lajêng anêrangakên makatên: Gusti Allah punika kayun, kayun makatên jumênêng wontên satêlênging jantung, inggih kayun, inggih urip, inggih angên-angên, benjing bilih dumugi ing sakaratil maut, yèn sampun karawuhan wujud kados wujudipun piyambak, sampun tan botên lajêng andhèrèka, sabab punika utusaning Pangeran, sirikaning

--- 78 ---

ngèlmi boten kenging mungêl angên-angên, sabab punika asmaning Pangeran, mungêl jantung inggih kaawisan, punika karaton, nêdha ulam jêroan inggih botên kenging, sabab jêron bangsaning jantung. Utaminipun tiyang ngèlmu sampun ngantos pisah kalihan kaca, sakêdhap-kêdhap angiloa, parlunipun sampun ngantos pangling kalihan warninipun piyambak, awit samăngsa pangling ing têmbe tamtu badhe katilapan. Kajawi punika, kyai mawi nêdahakên karatoning Pangeran, patrapipun tangan kêkalih kakêmpalakên, èpèk-èpèk kiwa dipun tumpangi èpèk-èpèk têngên, lêngên kabênggang sawatawis, lajêng kaangkat, sêlaning lêngên punika kawawasa, yèn pandulu sampun kêplêng mandêng ing lêlongkang, ing ngriku sampun tamtu lajêng mak jlêg, katingalan kados tuntut, punika sampun mêsthi, sabab satunggal-tunggaling mripat angampat dhatêng wujuding lêngên kiwa têngên, têmahan kêplênging pandulu angwontênakên wujud gilig lancip, dhapuripun plêk kalihan tuntut pisang, punika anggènipun mastani karatoning Pangeran, tandhanipun yèn kawawas katingal wontên ing tawang-towang, mila inggih dipun awisi botên kenging mungêl jantung sarta tuntut, têlas pitêdahanipun Kiyai Sabdaguna, sapunika Prastawa gêntos anyariyosakên wêwêjanganipun Kiyai Waradarma.

Kiyai Waradarma, punika griyanipun salêbêting praja, upakartining [u ...]

--- 79 ---

[... pakartining] wêjangan limrah, punapadene patraping pamêjang, waragadipun gangsal rupiyah, namung wancining pamêjang kemawon beda, sasampuni[2] anggagat enjing, jam satêngah sakawan, dados wilujênganipun dipun kêpang rumiyin.

Wêjanganipun makatên, ênggèr, kula badhe nêdahakên sajatining dat, dat punika sampeyan piyambak, botên wontên Pangeran, inggih kajawi namung sampeyan piyambak, Mukhamad punika utusan, utusan sampeyan piyambak, mila sajatos-jatosipun , Allah punika: badan, Rasul punika rahsa, Mukhamad punika cahya, badan, rahsa tuwin cahyanipun pribadi, pribadi makatên: eling, eling punika ingkang botên kenging kasupèn, sarta ingkang murba misesa, ingkang kuwasa, ingkang botên kenging ewah gingsir, langgêng tan wêkasan tan wiwitan: kadospundi, sampun sagêd tampi.

Wangsulanipun Prastawa: Nun inggih sampun, kyai, namung ing sawatawis taksih ragi kodhêng, kodhêng kula wau makatên, dene Allah dunungipun wontên badan, punapa Allah punika sanès Pangeran?

Kyai: O, sanès, Pangeran punika: ingsun, sampeyan, utawi ingsun: kula, ingkang langgêng tan kênaning ewah gingsir, inggih punika ingkang abadan eling, wangsul Allah, kawêngku [ka ...]

--- 80 ---

[... wêngku] ing ingsun.

Prastawa: Mênawi makatên, punapa tiyang anyêbut Gusti Allah: lêpat, kyai.

Kyai: Lêrêsipun lêpat, namung sarèhning sampun muayan, kaprah, dados inggih lajêng nama lêrês, amargi lêrês punika kawon kalihan kaprah, kadospundi, punapa sampun nyandhak dhatêng gêgêlaran punika, mênawi taksih wontên ingkang dados pêtênging galih, sampun mawi pakèwêd, kula aturi pitakèn.

Prastawa: Pangraos kula inggih sampun tampi, wosipun: ingkang kuwasa saha ingkang winastan Pangeran, punika èngêt: Allah: badan, Rasul, rahsaning badan, Mukhamad, cahyaning badan, tiga pisan kawêngku wisesaning Pangeran, Gusti utawi èngêt.

Kyai: La: lêrês, pancèn makatên.

Prastawa: Namung sarèhning pangandika panjênêngan, lêrês punika kawon kalihan kaprah, măngka kaprahipun, Pangeran punika inggih Allah, punapa botên kenging bilih èngêt wau kula anggêpa Gusti Allah, utawi: sajatine Pangeran utawi Gusti Allah iku eling, makatên.

Kyai: Kengingipun makatên kenging, nanging mangke damêl kisruh, tumrap dhatêng tiyang ingkang dèrèng sumêrêp, botên dados punapa, [puna ...]

--- 81 ---

[... pa,] nanging mênawi dipun mirêngakên tiyang ingkang sampun anggêguru: tamtu dipun èsêmi, dipun anggêp taksih cèthèk ing kawruh, măngka tiyang dipun rèmèhakên punika: sêrik, tur ambêking sarjana tuwin sujana punika kabaripun: suka yèn dèn inaa, nanging makatên punika rak lambe, têgêsipun cariyos, batos punapa inggih botên sêrik sayêktos, dèrèng kinantên, mila upami kulaa, aluwung makatên: sajatine Pangeran utawa Gusti iku: eling, dados botên mawi: Allah, dening Allah sampun têtela mênawi badan.

Prastawa: Inggih, kula sampun andhèrèk karsanipun kiyai, sapunika kula nyuwun sêsêrêpan, tiyang mungêl: eling punapa kenging, têgêsipun botên dipun sirik.

Kyai: Botên. Wontên punapa têmbung dipun sirik, mawi sirikan punika rak guru-guru dhusun punika, ingkang kathah mungêl angên-angên ajrih, dupèh angên-angên sok wontên ingkang nganggêp Pangeran, malah wontên ingkang mastani: asmaning Pangeran kala taksih timur, mila kêdah dipun singkari, punika kêlèntu, dêstun ingkang botên kenging punika angudhal-udhal kawruh, upaminipun makatên: Pangeran iku eling, gèk anggènipun cariyos wontên saênggèn-ênggèn, lah

--- 82 ---

punika ingkang botên kenging.

Prastawa: Kasinggihan dhawahipun kiyai, awit upami makatêna lajêng nama tiyang tanpa iriban.

Kyai: Sapunika sampun rampung, namung kantun satunggal badhe dumugining dêlahan, sumăngga sami mlampah-mlampah.

Prastawa: Sumăngga.

Kala samantên Kyai lajêng mêdal, kadhèrèkakên siswa lami tiga, dados sakawan kaliyan Prastawa, dumugi margi ingkang sêpi, kyai kèndêl lajêng ambisiki dhatêng Prastawa, makatên: lo: anggèr, kados makatên punika wujuding alam kalanggêngan ingkang botên badhe ewah gingsir, mila dipun basakakên botên padhang bon[3] pêtêng, inggih padhang ingkang tanpa wêwayangan, utawi pajar sidik, mênawi sampeyan sampun kadhatêngan alam punika, pema[4] lajêng atata-tataa, botên dangu sampun mêsthi lajêng wontên cahya sumunu amaya-maya, inggih punika dating Pangeran ingkang asipat Êsa, ingriku sampun talompe sampeyan lajêng aciptaa tunggil, awit sajatosipun, eling punika soroting dat wau, mila dumugining wêkasan, pun sorot inggih mantuka dhatêng ingkang gadhah sorot, sapalasthaning panunggil, sawêg kenging sinêbut sampurna waluya jati, pamoring kawula lan gusti, botên wontên gusti botên wontên kawula, inggih kawula inggih [ing ...]

--- 83 ---

[... gih] gusti, inggih gusti inggih kawula. Sampun anggèr, sapunika sampun têlas. Anggèr rak inggih sampun tampi.

Prastawa: Kyai, kalawau panjênêngan ngêndika, Pangeran punika: eling, inggih ingkang kuwasa amisesa, wusana sarêng dumugi ing pati, kok lajêng angidhêp dhatêng cahya, cahya: panjênêngan pangandikakakên dating Pangeran ingkang asipat Êsa, mênawi makatên punapa wontên Pangeran kêkalih.

Kyai: Botên makatên mênawi Pangeran, têtêp namung satunggal, têrangipun makatên: eling, punika soroting dat, dados Pangèn[5] utawi Gustining kawula sajagad punika sadaya, sarèhning adêging badan kita punika kawêngku dening sorot, dados wajibipun, salêbêtipun kita taksih wontên ing donya, inggih kêdah namung mangeran dhatêng sorot kemawon, dene ingkang wajib mangeran dhatêng dat, punika rak pun sorot, amargi ingkang rumaos dipun soroti, utawi ingkang katitipan sorotipun, babar-pisanipun makatên, eling: Pangeraning badan, cahya: Pangeraning eling, sagêd tampi.

Prastawa: Êm, cêk, cêk, cêk, inggih kyai, inggih, sampun, sanika[6] kula sampun mangrêtos, sok makatêna dat wau kenging kula wastani: Gustining para Gusti, dene eling, kenging kula basakakên Gusti ăngka kalih utawi wêwakiling Gusti.

--- 84 ---

Kyai: Sumăngga sakarsa sampeyan, ananging mênggah ing kula, kok inggih botên cècèg bilih mastanana eling Gusti ăngka kalih makatên, jalaran yêktinipun tiyang pancèn namung satunggal, wujudipun gampil-gampilan utawi srêngenge kalihan sorotipun, kadospundi wujud kalihan sorotipun anggèn kula misahakên, harak inggih botên sagêd, mila ujaring padhalangan dipun sanepakakên wis wulan krêsna, madu lan manisipun, sêdhah lumah lan kurêbipun, sanadyan sanèsa ing warni, ginigit sami raosipun, makatên kawontênaning dat kalihan eling, inggih elingipun tiyang sajagad punika, inggih cahya wau, sintêna ingkang tinarimah sarta angsal iman, benjing bilih pêjah èngêtipun sayêkti yèn sami wangsul dhatêng cahya sadaya.

Prastawa: Inggih kyai, inggih, sapunika kula sampun plong.

Kyai: Mênawi sampun suwawi bibaran, wetan sampun kêtingal sirat-sirat abrit.

Kala samantên lajêng asêsowangan mantuk, Prastawa botên andhèrèkakên kyai, amargi sampun mèh byar.

Botên dangu dumugi griya, Prastawa botên lajêng tilêm, awit taksih anglêlimbang sadaya piwulangipun Kiyai Waradarma, ingkang nêmbe dipun tampèni, dados alam langgêng makatên, mirit [mi ...]

--- 85 ---

[... rit] piwulangipun Kiyai Waradarma kados pêtêngipun wanci saput siti, inggih punika saantawising jam satêngah gangsal kalihan jam gasal,[7] wontên ing ngriku benjing èngêt jumênêng abadan cahya anglimputi kaanan jati.

Wêwêjangan punika tinimbang kalihan wêjanganipun Kiyai Dama Sanyata singa piliha kemawon, kalih pisan Prastawa rumaos sampun rêmên, ewadene wantuning kala ênèm, Prastawa punika ingatasing arta ragi pinaringan mirah dèna[8] Pangeran, dados sabên mirêng kabar wontan[9] guru pêng-pêngan, inggih lajêng dipun puruhitani, botên praduli mawi tindhih kathah, sarta têbih panggenanipun, sawadosipun inggih ragi minggah onggrongan, utawi ambujêng alêman, punika cariyosipun Prastawa piyambak, tur: dipun onggrong dipun umpak wau punapa botên sumêrêp, inggih sumêrêp, nanging sarèhning dipun umpak punika sayêktosipun pancèn eca, mila sanadyan mangrêtosa inggih mêksa dipun ulu kemawon, kajawi saka punika, ing pangangkah sagêda langkung utawi ngungkulana ing sasami, punika prasajanipun.

Anglajêngakên bab anggêguru, watawis wulan Prastawa anggêguru dhatêng dhusun Jatinom, rencangipun sadhèrèk sakawan. Guru ingkang badhe dipun dhatêngi punika anama Kiyai Laliraga.

--- 86 ---

Kyai Laliraga punika tata ngadatipun nyêbal kalihan guru sanès-sanèsipun, dipun saosi arta: botên karsa, yèn mêjang siyang-siyangan kemawon, botên dalu, tur tanpa wilujêngan, namung pamêjangipun botên kajalèntrèhakên nyanik-nyanik, namung sasmita kemawon.

Ing nalika Prastawa sakancanipun sami dhatêng, dipun pitakèni, têmbungipun: dika padha ajêng napa: gus, têka ngriki.

Prastawa matur: Mênawi kaparêng kula badhe ngalap bêrkah puruhita.

Kyai Laliraga: Puruhita ngotên prahpun, napa maguru, wong kula dudu guru kok diguroni, guru niku rak tangane papat.

Prastawa matur malih: Inggih kyai, sanadyan makatêna, parêng botên parênga, cêkakipun kula nyuwun barkah salunturing sih panjênêngan kemawon.

Kyai Laliraga: E: dadine dika pun padha nekad, ênggih ta nèk ngotên, êngga mang tut buri kula.

Prastawa sakănca mangsuli sêsarêngan: Nun inggih măngga, kêkalihan punika kula ngaturakên arta kangge waragad.

Kyai Laliraga: Êlo, ragad napa gus, wong ora apa-apa kathik nganggo ragad, pintên niku dhuwite.

Prastawa: Tiyang satunggal nyaosi 5 rupiyah.

Kyai Laliraga: Êmpun, êmpun, gus, mang gembol [ge ...]

--- 87 ---

[... mbol] mawon, hla nèk ontên ringgite mawon, loro mang ijolke dhuwit abang, êngga mangkat.

Lampahipun mêdal pêkên, arta kalih ringgit dipun lintokakên arta dhuwitan salong gobangan, (kala samantên arta lami taksih kangge) lajêng kasaosakên, nanging kyai botên karsa, pangandikanipun: Hla: êmpun mang bage papat, mêngke sabên kapêthuk cah angon mang dumake nganti êntèk, êngga padha mlaku.

Lampahipun amblasak-blasak, wongsal-wangsul, wiwit jam sawêlas dumugi jam sakawan sontên, arta sawêg têlas, kyai lajêng ngajak dhatêng guwa, pangandikanipun: Êngga gus padha mlêbu. Prastawa sakănca mangsuli sumăngga.

Kyai Laliraga wicantên: Anu lo gus, ngati-ati, nèk ngidak ula.

Prastawa sakănca mangsuli: Nun inggih.

Dumugi nglêbêt pêtêngipun ngudubilahi. Kyai pitakèn: Dika wêruh napa gus, ontên ngriki.

Prastawa sakănca sêsarêngan mangsuli: Botên sumêrêp punapa-punapa kyai.

Kyai Laliraga: La, gene kok gih botên ontên napa-napa, andèkna digolèki, êngga êmpun, padha mêtu.

Prastawa sakănca sami mêdal, kyai ngajak mantuk, dumugi

--- 88 ---

griya kyai mêndhêt lampit alit, dipun gêlar, dipun gulung, dipun gêlar malih dipun gulung malih, ngantos rambah-rambah, lajêng pitakèn: Gèk ontên guwa wau botên ontên napa-napa gih gus.

Prastawa mangsuli: Inggih.

Kyai pitakèn: La lampit niki nèk kula gêlar kalih nèk kula gulung jênênge lampit salin napa botên, gus. Kancanipun Prastawa wontên ingkang mangsuli: Botên.

Kyai lajêng cariyos: La ênggih pun bênêr, digulung gih lampit, digêlar gih lampit, bola-bali gih puniki mawon, botên salin, niku sing mang golèki, nèk mulih nyangoni bêgja. Dumugi samantên Ki Laliraga kalepat malêbêt ing griya.

Sadhèrèkanipun Prastawa ingkang dèrèng nate anggêguru pitakèn dhatêng Prastawa, têmbungipun: Kadospundi kangmas Prastawa, têka namung makatên kemawon.

Wangsulanipun Prastawa: Inggih namung makatên wau adhi, ingkang nama ngèlmi kasampurnan, mênggah kapanggihipun kêdah dipun padosi piyambak, guru namung paring pralambang.

Sadhèrèk wau pitakèn malih, mênggah têgês saha kapanggih ing panggalih sampeyan kadospundi?

Sadhèrèk sanèsipun mangsuli: Yèn bab malêbêt ing guwa,

--- 89 ---

punika pamanggih kula bokmênawi pitêdahan benjing kawontênanipun ing dêlahan (pêtêng) botên badhe kapanggih punapa-punapa, namung lampit wau kula dèrèng sagêd amanggihakên, bilih adhi kadospundi?

Prastawa anjawab: Mirit wongsal-wangsuling panggêlar sarta wongsal-wangsuling panggulung, panampi kula, gêsanging manungsa punika wongsal-wangsul marambah-rambah botên santun-santun, inggih namung satunggal kemawon, upami tiyang anyidhuk toya ing jêmbangan, lajêng kaêsok dhatêng jêmbangan malih, pun toya inggih taksih nama toya, botên santun dados latu.

Sadhèrèk ingkang pitakèn rumiyin piyambak cariyos: Wa hla, yèn makatên caranipun, maguru punika botên gampil, ing pangangkah, nêdya ngupados piwulang ingkang gamblang-gamblangan, wêkasan jêbul namung angsal cangkriman mêmêt.

Prastawa amangsuli: Punika nama bêgja sampeyan, maguru sapisan angsal guru aoliya, upami botêna aoliya, sanadyan pralambanga, sakêdhik-sakêdhik tamtu mawi dipun têrangakên.

Sadhèrèk wau cariyos malih: Yèn makatên kula kêdah anggêguru malih, nanging dhatêng ingkang sanès aolia kemawon, dados ragi mawi katrangan.

Prastawa mangsuli: Punika prayogi. Sanès rêmbag, sarèhning [sa ...]

--- 90 ---

[... rèhning] punika sampun wanci sêrap, karsanipun para sarèk[10] kadospundi? Nyipêng punapa mantuk dharat sapunika.

Rêmbagipun para sadhèrèk ngajak mantuk dharat, Prastawa inggih mituruti, botên kacariyos lampahipun, enggalipun sampun sami dumugi ing griyanipun piyambak-piyambak kalihan wilujêng.

Watawis sawulan, sadhèrèk ingkang sawêg anglampahi puruhita sapisan thil wau manggihi Prastawa ngajak anggêguru, piyambakipun sagah anguwawèni waragadipun, sok ugi Prastawa purun dipun kanthi, parlunipun wontêna ingkang dipun jak kêkosodan utawi dipun takèn-takèni. Sarèhning bab anggêguru Prastawa piyambak pancèn inggih rêmên sarta mêmpêng, mila wangsulanipun namung prayogi.

Antawis dintên malih kalampahan anggêguru, guru wau anama Kyai Patragati, griyanipun salêbêting praja, sawetan alun-alun lèr.

Mênggah upacaraning pamêjang pêpak, sadhèrèk wau anggènipun nyaosi waragad 20 rupiyah, ingkang 10 ubarampe, ingkang 10 mas kawinipun tiyang kêkalih, Prastawa botên ngrogoh kanthong, upami sadhèrèk wau bambang, rekanipun Prastawa ingkang pinăngka puthutipun. Miturut cariyosipun Prastawa, Kyai Patragati punika

--- 91 ---

tataning pamêjang kalêbêt tartip, mawi kapurih wulu, anggènipun mêjang wontên kêbon, sasampuning jam kalih. Palinggihanipun ing ngandhap piyambak lampit, sanginggiling lampit mori, sanginggiling mori gêlaran baka, punika ragi gèsèh kalihan sanès-sanèsipun.

Kyai Patragati lênggah majêng mangetan, ingkang badhe kawêjang majêng mangilèn, siswa lami sakawan minăngka saksi, ngêpung kiwa têngên, kyaki[11] tumuntên angasta anglo padupan, kakutugakên ing jaja, lajêng katungkulan surya, bakda kyai, padupan kaparingakên Prastawa, kapurih ngutugakên dhadha tuwin kuping kiwa, sasampunipun Prastawa, lajêng sadhèrèk ingkang gadhah hajad wau gêntos, rampung, tiyang kalih kaatag angucap kalimah sahadad, kyai tumuntên amahyakakên wêwêjangan, kados ing ngandhap punika.

Anggèr, kula amung sadarmi apitêdah, nêdahakên kagungan sampeyan piyambak, sumêrêpa, Pangeran punika sajatinipun: roh, inggih rohing manungsa piyambak, jumênêng wontên ing êmbun-êmbunan, sipatipun elok, kados upaminipun sêsotya dipun êmbani sêsotya, sumunu amrabani sèsining jiwangga punika sadaya. Tumêmpuhipun dhatêng jantung, lajêng dados angên-angên, mila angên-angên punika taksih tansah ewah gingsir, amargi namung wêwayangan,

--- 92 ---

inggih wêwayanganing roh ingkang asêsana wontên bun-bunan (utêg) wau, ananging punika sawêg nama ancêr-ancêr: anggèr, mênggah sampurnanipun kêdah lajêng dipun nyatakakên piyambak, asarana dhikir: pan patrapipun lênggah timpuh, tungkak kaangsalakên dubur, tangan siduwa, tutuk mingkêm ingkang dhamis, lidhah katêkuk minggah kaangsalakên cêthak, paningal mandêng pucuking grana ingkang kêplêng, lajêng dhikir, hu, hu, hu, kasarêngana wêdaling uswa (napas), manawi katarimah, botên dangu tamtu lajêng amanggih gumêlaring alam ingkang sarwa mutyara, sarta ingkang sakalangkung nikmat mupangat, inggih punika kawontênanipun ing dêlahan benjing. Têgêsipun ing ngrika tuwin ing ngriki kawontênanipun botên beda, sami amanggih alam, namung kaot ing ngriki punika alaming pati, liripun alam badhe kapanggih pati, ing ngrika alaming gêsang, inggih alaming roh langgêng, liripun, badhe manggih gêsang kemawon salaminipun.

Prastawa matur nyuwun sêsêrêpan: Upami kula botên anglampahi dhikir: hu, hu: punika, ing têmbe punapa badhe botên sagêd pinanggih.

Pangandikanipun Kyai Patragati: Kapanggihipun makatên inggih kapanggih, janji sampun santosa, amargi sadaya-sadaya tiyang lakar sampun dados darbèkipun piyambak, mila pangandikanipun [pa ...]

--- 93 ---

[... ngandikanipun] para mukmin kas, ngalam kubur punika wênang dipun tuwèni sapunika, nanging mênawi botên dipun tuwèni inggih botên dados kalêpatan, amargi sampun gadhahanipun piyambak, beda kalihan anggèn kula anglampahi salat gangsal wêkdal punika, sanadyan ing batin botên wontên damêlipun, ewadene kêdah kula lampahi, karana wajib sarta parlu, parlu anêtêpakên pirukuning Islam. Katingala yèn kula punika têtiyang Islam, paedahipun sagêd tangi enjing, ngicalna raos aras-arasên, dados namung paedahing donya kemawon, awit yèn kapêndhêt khakipun, adêging gêsang punika sampun salat sêmbahyang, lêbêting napas minggah ing tanajultarki, punika sampun minăngka panêmbah katur datolah, ebahing kêkêtêk minăngka puji ingkang jumênêng piyambak, utawi dhikir ingkang tanpa pêdhot, mila cêkakipun, mênawi sampeyan sampun pitados dhatêng ancêr-ancêr wau, inggih botên parlu mawi anyatakakên. Nanging utaminipun, inggih kêdah kanyatakakên, murih sagêda kêkah pangandêlipun dhumatêng kawruh wau. Punapa sampun sagêd kacêkap sarta tampi: anggèr?

Prastawa matur sampun.

Kyai lajêng ngadêg saking palênggahan sarwi ngandika, mênawi sampun sumăngga bibaran malêbêt ing griya.

--- 94 ---

Aturing siswa, sumăngga.

Dumugi ing griya angêpang wilujêngan, wontên ing ngriku ngantos byar Prastawa sawêg mantuk. Sadhèrèk ingkang maragadi wau tumut dhatêng griyanipun Prastawa, parlu pitakèn kadospundi, pamanggihipun Prastawa, parlu dipun nyatakakên punapa botên, wangsulanipun Prastawa, utaminipun inggih prayogi dipun nyatakakên, kula piyambak ugi badhe ngayoni.

Cariyosipun sadhèrèk wau: Bilih panjênêngan badhe nyoba, kula inggih nyoba.

Sanès dintên Prastawa saèstu nyoba, ananging dèrèng ngantos dados lajêng botên saèstu kalajêngakên, awit sirahipun karaos goblêg, kajawi punika sayêktosipun kemawon manahipun sampun kalajêng mathêm dhatêng piwulangipun Kiyai Dama Sanyata, nganggêp bilih ing benjing botên badhe kapanggih punapa-punapa: wangsul kados duk sadèrèngipun dumados, dados botên raos-rumaos, inggih tanpa dunung.

Lêt sadasa dalu sadhèrèkanipun wau mara dhatêng griyanipun Prastawa, sêmunipun sakalangkung dhangan, pitakèn dhatêng Prastawa, punapa sampun saèstu nyoba? Wangsulanipun Prastawa: Sampun, sampeyan punapa inggih sampun, wangsulane sadhèrèkanipun Prastawa inggih: sampun.

--- 95 ---

Prastawa pitakèn: Kadospundi kawontênanipun.

Wangsulanipun sadhèrèk: Punapa ingkang dipun pangandikakakên kyai kala samantên, punika botên nalisir, cèplês, sapintên dangunipun anggèn kula dhikir, kula botên kèngêtan, sumêrêp-sumêrêp kula sampun wontên ing ngalam sanès, salêbêting ngalam punika wontên cahya sumunu, kintên-kintên agêngipun saklapa, nanging sarêng kula pandêng, dangu-dangu kok lajêng ical, botên kantênan purugipun, sarta kula lajêng tangi.

Prastawa pitakèn: Punapa nalika punika sampeyan tilêm.

Wangsulanipun sadhèrèk wau: Inggih, mèh saengga makatên, wangsul panjênêngan kadospundi.

Prastawa mangsuli kalihan badhe gumuyu, têmbungipun: Kula adhi, sayêktosipun kula kadrawasan, botên sagêd dados, awit sawêg kintên-kintên sadasa mênit, dumadakan sirah kula têka sampun karaos mak galiyêr, goblêg, dados kula unduri, cêkakipun kemawon kula sampun pitados dhatêng ancêr-ancêr.

Mirêng cariyosipun Prastawa makatên punika gotèkipun Prastawa piyambak, sadhèrèkanipun ing sêmu katingal angglong, kilap sabab punapa, lajêng pitakèn: botên kangmas, mênggahing panjênêngan, piwulangipun Kyai Patragati,

--- 96 ---

punika sampun lêrês punapa dèrèng, awit sayêktosipun panjênêngan punika kula angge pandoman.

Wangsulanipun Prastawa: O ladalah, sampun dados panggalih adhi, pandangu sampeyan punika kula botên sagêd angaturi katrangan, kadospundi anggèn kula sagêd mastani sampun lêrês utawi dèrèng, tiyang kula dèrèng nyatakakên, aluwung sampeyan sampun, mila mênawi pangandika sampeyan wau pancèn sayêktos, kados inggih sampun lêrês, dene punapa ingkang dipun ngandikakakên kyai sagêd cocog kalihan nalika sampeyan nyatakakên, punika kêbuka namanipun, sarèhning kêbuka, dados inggih kenging lajêng winastan sampun lêrês, lêrêse anggèn sampeyan nyatakakên piwulangipun Kyai Patragati, nanging lêrêsing ngèlmi kasampurnan, punika bobot timbang kantun wontên panganggêp sampeyan piyambak, jêr ngèlmi makatên pangraos kula namung piyandêling manah, hla sapunika sampeyan sampun ngandêl punapa dèrèng.

Wangsulaning sadhèrèk wau: We la, blaès, kathik angèl timên, amênggaha panjênêngan, ngandêl punapa dèrèng.

Prastawa cariyos: Yèn kula: sawêg kula timbang-timbang, punapa lêrês benjing badhe manggih alam gumêlar, sarta punapa inggih lêrês, Gusti Allah punika roh. Kyai Laliraga kala samantên [sa ...]

--- 97 ---

[... mantên] gajêgipun kok ngajak malêbêt guwa, punika yèn botên kêlèntu: pralambang benjing badhe botên wontên punapa-punapa, lah sapunika kêdah dipun raos-raos sarta dipun timbang-timbang, lêrês ingkang criyos badhe kêpanggih gumêlaring alam, punapa lêrês ingkang badhe botên kapanggih barang-barang.

Wicantêne sadhèrèkanipun Prastawa: We la, sagêd nimbang saking pundi bilih anggènipun anggêguru sawêg kaping kalih kados kula punika, kaping kalih kemawon ingkang sapisan botên ngêblak, mênawi makatên jawi puruhita malih.

Prastawa mangsuli: Pancèn kêdah makatên.

Sadhèrèkanipun Prastawa wicantên: La măngga ta, dhatêng pundi, kula ingkang ngragadi, anggêripun kangmas botên pisah.

Eh, enak, batosipun Prastawa, nanging wangsulanipun: kula botên gadhah padikan. Mila Prastawa amangsuli makatên, gagasanipun, yèn ta dipun êjaka maguru dhatêng para guru ingkang sampun sami dipun guroni, punika panganggêpipun Prastawa botên paedah, dening kawruhipun sampun sami dipun sumêrêpi, mila sadhèrèk wau dipun sarah, dhatêng pundi kemawon awakipun purun tut wingking.

Wangsulane sadhèrèkanipun: Manawi makatên, sumăngga benjing Jumungah ngajêng punika puruhita dhatêng Dara Dhadhaptulis ing Mangkunagaran, punika kabaripun ugi sogata linangkung,

--- 98 ---

piwulangipun ngêblak.

Wangsulanipun Prastawa: Kula namung andhèrèk, nanging inggih namung dhèrèk sayêktos kemawon.

Sadhèrèkanipun cariyos: Inggih, bab barang-barang sampun wontên kula.

Enggalipun, malêm Jumungah Prastawa dipun ampiri kaajak mangkat, Prastawa kagèt, dene kala wingi utawi wau siyang botên dipun prasabêni, pinuju botên kêkesahan, anua rak botên kantênan.

Tiyang kalih lajêng sami pangkat, botên dangu dumugi dalêmipun Bêndara Kyai Dhadhaptulis, kadangu kawilujênganipun: kowe padha bêcik, aturipun: pangèstu panjênêngan wilujêng.

Botên parlu kagêlar upakartining wêjangan, amargi limrah, mênggah wêjanganipun makatên: sumurupa, satuhune ora ana Pangeran, amung Allah, Allah iku ora kajaba ora kajêro, iya dudu roh, dudu napas, lan dudu angên-angên, ora jumênêng ing jantung, ora jumênêng ing utêk lan ora jumênêng ing tawang-towang, dudu kênyut, dudu eling, dudu budi, ananging Pangeran jumênêng pribadi, ora kalawan dijumênêngake, ora wiwitan ora wêkasan, dadi cêkake ora kêna disumurupi, pasaksèning Pangeran [Pangera ...]

--- 99 ---

[... n] mung ana kalimah tayibah, lailahailolah mukamadan rasullulah, angawruhi ora ana Pangeran, amung Allah, lan anêksèni Nabi Mukamad iku utusaning Allah, Mukamad iku maknane wujud, Rasul maknane kongkonan, maksude rasa, wong arêp nyumurupi Pangeran, cukup nyumurupi anyaring ngalam iki, mokal yèn ta ora anaa kang andadèkake, ananging dadi kita manungsa, jumênêng kalawan dhewe, ora ana kang andadèkake, bapa biyung mung dadi lêlantaran, ora anjarag niyat ayasa, kajaba mung arêp anutugi karêp lan sênênge dhewe, sarèhne wus têtela jumênêng kalawan dhewe, ing besuk iya kudu kêjunjung jumênênga kalawan dhewe, aja nganti dijumênêngake, wis padha nyandhak.

Sanalika wau Prastawa kèngêtan wêjanganipun Kiyai Dama Sanyata, dene pangandikanipun Kiyai Radèn Mas Dhadhaptulis mèh nunggil, mila Prastawa agahan matur kalihan angawèk-awèkakên tangan: punapa Pangeran makatên punika: dara, dados ing têmbe kêjunjung kula bilih jumênêng, lajêng nunggil wontên ngriki.

Pangandikanipun Kiyai Radèn Mas Dhadhaptulis: Lo: ora, yèn mrene harak jênêng kawisesa, utawa kajaba, lan uga bakal ora jumênêng, măngka têtêping jumênêng mau

--- 100 ---

kudu ora kêjaba ora kêjêro.

Prastawa: Mênggah sagêdipun têtêp jumênêng kêdah kadospundi.

Kyai Radèn Mas Dhadhaptulis: Ngêngkoki, mêngku kabèh-kabèh iku dirumasanana yèn dumadi saka kodrate.

Prastawa matur: Punapa kula kenging angêngkoki.

Kyai Dhadhaptulis ngandika: Êlo, klèru tămpa, yèn kowe iku uwong, ora kêna pisan-pisan angaku-akua, aja manèh ngaku Allah, ngaku kliwon bae dikono-kono, sing ngêngkoki mau rak sing ora kêjaba lan ora kajêron iku.

Prastawa: Kulunun, punapa cipta: dara.

Kyai Dhadhaptulis: O: kok cipta, dudu, cêkake sing mêngku cipta, iya sing mêngku uripmu.

Prastawa umatur malih: We la: komêt sayêktos, punika: sanès (Prastawa kalihan ngebah-ebahakên tangan malih) cipta, saya sanès, gèk ingkang pundi.

Kyai Dhadhaptulis mèsêm: Awit samăngsa kowe ngaku bisa andumuk lan andunungake Allah, iku bodho-bodhoning manungsa, mula gampangane mangkene bae, besuk têkane sakaratil maut, aja pisan was sumêlang, satuhune ora ana apa-apa, kajaba mung kowe, awit saka iku ing cipta kowe angêngkokana lan niyata jumênêng, nanging [na ...]

--- 101 ---

[... nging] aja salang-surup, besuk, ora saiki wis tămpa.

Prastawa tanggap matur: Nun inggih, sakêdhik-sakêdhik inggih sampun ragi tampi. Sampeyan kadospundi dhi.

Sadhèrèkipun Prastawa mangsuli: Kula makatên, janji panjênêngan sampun, kula mangke nyuwun sêsulang panjênêngan kemawon rak sampun.

Kyai Radèn Mas Dhadhaptulis ngandika: La: iya mêngkono, karodene, upama wong nosoh bêras, iku bisane putih rak ora saka alu, saka gosok padha bêras.

Prastawa: Nun inggih kasinggihan dhawuh panjênêngan.

Kyai Dhadhaptulis andangu: Ora le, kowe kuwi wangune kok kaya wis akèh têmên sêsumurupamu, tandhane bisa andumuk iki barang (asta kalawan dipun kêlawèk-kêlawèkakên).

Prastawa botêk[12] masuli[13]

kala samantên lajêng angêpang ambêngan, bibar nêdha Prastawa pamitan mantuk, dumugi margi sadhèrèkanipun garundêlan, rumaos ribêd ing panampi, mila inggih lajêng kasulang-sulangakên miturut panampining manahipun Prastawa piyambak, wosipun tiyang punika ing batos kêdah ngêngkoki Allah, ing têmbe jumênêng pribadi, têgêsipun dados Gusti Allah, makatên cariyosipun Prastawa, namung sêmu-sêmunipun ingkang dipun sulangakên mêksa botên marêm, bokmênawi sampun [sampu ...]

--- 102 ---

[... n] kêlajêng rêmên dhatêng piwulangipun Kiyai Patragati, hu, hu, hu, mak jêdhul manggih kaanan punika.

Sanès wulan, sadhèrèkanipun Prastawa wau ngajak puruhita malih, dhatêng dhusun Ngalastuwa, anama Kyai Jayaniman, tiyang kalih bonipun waragad 10 rupiyah, wêjanganipun, mawi nêrangakên Allah Mukamad Rasul tuwin Pangeran, Allah, punika urip, Mukamad: wujud, Rasul: rahsa, Pangeran: angên-angên, dados Allah kalihan Pangeran punika piyambak-piyambak. Dununging Allah wontên utêk, dununging Pangeran wontên jantung.

Salêbêtipun tiyang taksih mêngku donya, kita kêdah mituhu parentahing Pangeran, sarta botên kenging mungêl angên-angên tuwin jantung, saya malih mungêl urip saha utêk, wa: punika awisan agêng, benjing mênawi kita pêjah, Pangeran wau kêmpal dados satunggal kalihan Allah, lumêbêt dhatêng ngalam sampurna, inggih punika kadhaton cahya, ingkang rinakit maha mulya. Ing ngriku Kyai Jayaniman, lajêng nyêpêng tugi, kacêlupakên toya tawa ing pangaron ingkang sampun dipun sadhiyakakên wiwit sontên, tugi dipun angkat, katutan toya marênthêl alit ngalêmpak wontên pucuk, toya pucuk tugi wau katawangakên ing dilah colok, lajêng kapurih mandêng têtiyang kalih, botên suka kêdhèp,

--- 103 ---

dangu-dangu prênthêling toya katingal agêng mawa cahya, sarta ing lêbêt ngêlonthong, manahipun Prastawa sanalika wau kumêsar kagèt. Kyai pitakèn: katingal punapa.

Sadhèrèkipun Prastawa mangsuli: Katingal cumlorot agêng kyai.

Kyai: La inggih punika benjing kadhaton sampeyan, sampun was sumêlang malih.

Sanalika wau Prastawa botên gadhah gagasan, sabab punapa prênthêling toya sagêd katingal agêng.

Enjingipun tiyang kalih sami mantuk, sadhèrèkanipun Prastawa turut margi tansah pitakèn, wêjangan mêkatên wau sae punapa awon.

Wangsulanipun Prastawa: Botên wontên wêjangan awon, sadaya sae, ananging inggih punika, sampun kasupèn cariyos kula kala rumiyin, kêdah mawi dipun timbang-timbang dipun saring.

Dumugi ing griya, Prastawa taksih anggagas bab toya pucuk tugi, dene ragi elok, namung satutulan amarêntul, sarêng kapandêng sagêd mindhak agêng, apa dijapani, batosipun Prastawa, măngka: dhatêng japa piyambakipun punika sampun botên pitados babar-pisan, dangu-dangu clêng, kapanggih ing gagasan, bokmênawi saking pamandêng ingkang tanpa kêdhèp punika [puni ...]

--- 104 ---

[... ka] ingkang anjalari katingal agêng, mila dalu lajêng kacoba piyambak, tur botên kalihan tugi, kalihan biting kemawon, namung patrap êcakipun kemawon dipun êplêki kados nalika wontên ing Ngalastuwa, biting sasampunipun kacêlupakên toya, lajêng kaangkat katawangakên dilah sênthir lajêng dipun panêng[14] botên kêdhèp, dados tujuning mripat apêpandêngan kalihan colok, sarêng makatên jêbul inggih sagêd katingal agêng kados kala wontên ing Ngalastuwa, êm. Iki sababe, Prastawa lajêng botên gumun malih.

Wiwit ing dintên wau, tekadipun Prastawa sampun sumèlèh, botên badhe anggêguru malih, sanadyan botêna mawi waragad utawi ngrogoh kanthong, amargi ing batos sampun gadhah pangiyas, anggêgurua malih wêjanganipun măngsa têbiha kalihan ingkang sampun-sampun punika: botên, tiwas tuwas angêcèh-êcèh arta, sadaya-sadaya namung pitêdahan, ingkang pitêdah tiyang gêsang, ingkang dipun têdahi inggih tiyang gêsang, mênawi ing têmbe dumugining pati mlèsèd, têgêsipun botên pinanggih, punapa ngandak sagêd nagih: inggih botên, anggènipun nagih kadospundi, tiyang ingkang pitêdah kalihan ingkang dipun pitêdahi sampun sami pêjah, punapa wangsul gêsang malih, botên wontên alamipun tiyang pêjah tangi saking kubur, makatên pangudaraosipun Prastawa, bakuning kawruh namung

--- 105 ---

nyantosakakên tekad, sapunika tekadipun sampun santosa, mawi sangêt, cêkakipun, Gusti Allah jumênêng ing gêsangipun piyambak. Benjing mênawi pêjah, wangsul dhatêng botên wontên malih, kados kala piyambakipun dèrèng dumados, botên sawang-sinawang, botên raos-rumaos. Cahya, wujud kados wujudipun piyambak, punika kintên-kintên dora, tandhanipun saprika-sapriki piyambakipun dèrèng nate kapêthuk, salêbêting sêmèdi, salêbêting dhikir tarèk, satari, utawi nak sabandi, punika sagêd ugi sok manggih kaanan utawi cahya, ananging punika beda punapa kalihan ngimpi utawi kèpi, dening kaipi-ipi, mila mênggahing Prastawa botên ngandêl ... makatên gagasipun Prastawa kala samantên.

Salêbêtipun Prastawa linggih ijèn. Anggagas kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Mak jêdhul kasaru dhatênging bapa pamanipun anama Hascarya, ingkang sampun dangu botên nate kapanggih. Mila Prastawa garawalan amêthukakên asmu bingah sarwi pitakèn, têmbungipun: Paman lami botên tindak mariki, punika wau saking pundi.

Wangsulanipun Hascarya: saka ngomah bae, pancèn parlu arêp katêmu kowe.

Hascarya lajêng dipun acarani malêbêt ing griya, sasampunipun [sasampu ...]

--- 106 ---

[... nipun] bagya-binagya ing kawilujêngan, sarta sasampunipun sinêgah wedang saha nyênyamikan sawontênipun, Hascarya pitakèn dhatêng Prastawa, makatên pitakènipun: Thole, saelingmu, apa kowe wis tau krungu lan wêruh, ana guru bisa ngicipake pati.

Prastawa mangsuli kalihan gumuyu: Biyah, punika rêmbag punapa sinèh, sanadyan para nabi utawi para wali, pangintên kula inggih namung kantun cariyos, yêktosipun punapa nyata, kula maibên. Kilap mênawi ngangge trekah kadhoktêran, kabar mawi dipun sênggruk punapa kadospundi, punika kula nyumanggakakên.

Hascarya cariyos: Êlo ora: le, wong pangruku[15] bisa nyatakake pati têmênan.

Wangsulanipun Prastawa: Nanging panjênêngan rak dèrèng ngalami piyambak ta, sawêg wartos, upami dipun nyatakna kok sanès bangsaning sêmèdi, tuwin bangsaning tarèk, kula inggih purun dipun epahi, yèn sanès punika, lêpat-lêpat tarkadhang băngsa prekalan, mati sajroning urip, punika kapurih nutupi babahan nawa sanga, wontên suwantên sampun dipun mirêngakên, wontên wujud sampun dipun tingali punika sampun kalêbêt icip pati, măngka ingkang makatên wau nyatanipun namung nyirik balêjêd.

--- 107 ---

Hascarya cariyos: E: wong têmênan nganggo, iya bênêr aku durung ngalami, nanging sing kăndha mênyang aku ora mung siji loro, wis pirang-pirang: pancèn iya guru linuwih têmênan.

Prastawa pitakèn: Botên punika guru pundi.

Hascarya cariyos: Omahe desa Masaran.

Prastawa mangsuli: Êm, guru dhusun, sagêda mabur, tiyang dhusun tamtu kasor dening guru nagari. Sampun kaping pintên kemawon kula nyatakakên, suwur kalihan nyatanipun, botên timbang sangêt.

Wicantênipun Hascarya: Giri lusi, janma tan kêna ingina: thole, sêgara jêro kêna dijajagi, kawruhing manungsa sapa sing wêruh, măngka olèhku têka kene iki iya mung arêp ngajak caturan karo kowe, yèn kowe condhong arêp tak jak anacak guru kuwi.

Prastawa cariyos walèh: Panjênêngan rawuh wau sayêktosipun kula sawêg anggagas prakawis maguru, wiwit sapunika badhe mêdhot, botên niyat maguru malih, ewadene sarêng mirêng pangandika panjênêngan, manah kula têka mungkat malih, samantên wau bilih nyata.

Hascarya wicantên: E: nyata, nyata, sabab sing kăndha dudu uwong sauwonga.

--- 108 ---

Prastawa mangsuli: Inggih ta, gampil-gampilan kemawon, anggêr sagêd angicipakên pêjah kados pangandika panjênêngan, kula inggih anguwawèni waragadipun, pintên.

Hascarya cariyos: Ragade wong siji 25 rupiyah.

Prastawa mangsuli: Prayogi, dados kalihan panjênêngan 50 inggih kula ingkang marnèkakên, nanging bilih botên sagêd ngicipakên pati kadospundi, punapa arta dipun wangsulakên.

Hascarya amangsuli: Mêsthine iya mêngkono, mara mêngko tak rêmbuge, mung ana pakèwuhku sathithik, rêmbug iki lumantar mitraku kang uga durung dadi muride guru iku, dhèwèke gêlêm ngrêmbugake mênawa dhèwèke awèh nunut.

Prastawa nyagahi: Inggih ta, nunut inggih nunut, janji yêktos, kula ingkang nguwawèni pisan, dados: 25 x 3 = 75.

Wicantênipun Hascarya: Lah, yèn mêngkono kêlakon, aku sing urun morine têlung êmblog: wis le, aku tak mulih, prakara iki banjur tak cancutne.

Sapêngkêripun Hascarya, Prastawa linggih adhêlêg-dhêlêg, dhêlêgipun wau dene botên kadosa ngaraling pikir punika, bêbasanipun nginanga dèrèng abang, idua dèrèng asat, anggènipun gadhah cipta badhe kèndêl botên nêdya anggêguru, jêbul lajêng

--- 109 ---

mirêng rêmbag ingkang sajêgipun tumitah dèrèng nate kapranggul, sarta anarik dhatêng kapenginipun badhe anggêguru malih, hla, wurung kèndêl, nanging punapa wontên sayêktos, guru sagêd angicipakên pati, punika Prastawa badhe sumêrêp sarta ngalami, punapa dede sênggruk? Mangke gèk mawi piranton[16] gêgandan ingkang angêndêmi, punika mêsthi kêdah kaawasakên: kanthi prayitna. Makatên gagasanipun Prastawa salêbêtipun linggih ijèn.

Lêt sadintên Prastawa nampèni sêrat saking Hascarya, suraos suka sumêrêp mênawi rêmbag sampun dados, tur kalêrêsan Kiyai Yatna Sampurna wontên nagari, dados botên susah dhatêng dhusun. Mila benjing malêm Jumungah Prastawa kapurih dhatêng ing kampung anu kemawon, Kyai Yatna Sampurna pinuju wontên ing griyaning muridipun ing kampung anu wau, namung bab waragad 75 rupiyah Prastawa kêdah sêdhiya sampun ngantos kasupèn. Sêratipun Hascarya lajêng dipun wangsuli wontên suwalikipun, suraos makatên, sampun kuwatos, malêm Jumungah kula dhatêng, nanging kauningana, bab arta sadèrèngipun nyata, kula botên purun bayar.

Malêm Jumungah Prastawa ngampiri Hascarya, ing ngriku Hascarya kalihan mitranipun anama Dewaka, sampun angêntosi, mila Prastawa lajêng dipun jak bidhal kemawon, sadumuginipun ing

--- 110 ---

kampung anu, Kyai Yatna Sampurna sampun wontên kaadhêp ing para siswa andhèr, sarta nuju sawêg angiling-ilingi sêrat Bausastra Kawi, sakêdhap-kêdhap nyêrat, Prastawa gumun dene tiyang dhusun têka sagêd nyêrat, saya gumun malih dene sêratanipun rikat, tur baud ngarang mawi sêkar, ananging Prastawa sarêng sampun angsal katrangan bilah[17] Kyai Yatna Sampurna punika asli prayantun Ngayogya, sanès asli Masaran tulèn, lajêng mantun gumun.

Bibar nyêrat kyai alèyèh-lèyèh kalihan andongèng, makatên purwakaning dongèngipun, nalika kula taksih ênèm, kenging sinêbut têtiyang neneman ingkang karêm anggêguru, botên kenging mirêng calêmik tiyang sagêd tamtu lajêng kula puruhitani, nanging guru kina kalihan guru ing jaman sapunika punika beda gêlaripun. Guru kina mênawi mêjang pêjah gêsang namung pralambang, mila mênawi kirang-kirang landhêp panggrahitanipun awis ingkang kacakup, tarkadhang kêlèntu ing panampi, beda kalihan guru jaman sapunika, pralambang sampun mèh ical, ingkang kangge prasajan-prasajanan, punika kabêkta saking ebahing jaman, kajawi makatên ing kina guru punika dhêlak-dhêlik, sapunika pating galèthèk kemawon, rare-rare kêconggah sinêbut dados guru, dalah kula piyambak punika inggih guru, măngka sayêktosipun, tiyang băngsa langib sakula punika sawêg sagêd kăndha, dados mulya-mulyanipun [mulya-mu ...]

--- 111 ---

[... lyanipun] pancèn namung pantês sinêbut tiyang pitutur. Dene guru ingkang sajati makatên angên-angênipun piyambak, utawi pănca indriya, jaman Buda Bathara Guru, astanipun sakawan, cangkêm, irung, kuping tuwin mata, punika astanipun Bathara Guru wau, sagêdipun para wali, jumênênging pănca indriya lajêng sami kaanggit dipun wujudakên, dados ringgit wacucal Bathara Guru asta sakawan.

Guru (angên-angên) manawi nampèni pitutur dipun raosna ingkang sampurna, sampun age-age dipun gêga, kêdah dipun timbanga, punapa cocog kalihan tăndha-yêktinipun punapa botên, mênawi cocog inggih lajêng dipun anggea, sarta dipun rumata ingkang prêmati. Awit sanadyan ngèlmia gaib, sayêktosipun inggih kêdah mawi pasaksèn utawi tăndha, namung sarèhning ngèlmi gaib punika samar, pasaksènipun inggih samar ugi.

Kathah-kathahing tiyang ngupados pitutur (anggêguru) anggêr sampun dipun cariyosi, Gusti Allah punika angên-angên, utawi urip, benjing pêjah punika kapanggih cahya, utawi wujudipun piyambak, inggih lajêng ajêng kemawon tanpa dipun manah, dening sayêktosipun pancèn wêrit sarta dèrèng nate mirêng, anggènipun êmoh kadospundi, sanadyan sampun wontên ancêr-ancêripun, Pangeran makatên asipat [asi ...]

--- 112 ---

[... pat] langgêng, botên warna, botên rupa, botên arah, lan botên ênggèn, wajib wontênipun, mokal botênipun, nanging gèk sintên ingkang sagêd anggrayangi isining ungêl-ungêlan kados makatên, dhasar yèn cara kina mêjang makatên namung asarana sasmita, tarkadhang ngungêlakên sambuk: thor, wontên ingkang ngungkabi lopak-lopak kothong, dipun takèkakên isi punapa. Sawênèh dipun jak wira-wiri wontên gêgisik bênawi, dipun takèni kapêthuk punapa. Lah para siswa anggènipun manggihakên sampun mêsthi kemawon yèn warni-warni, wontên angkang[18] cêpak pamanggihipun, tlêthik, angan-angên, harak siya-siya, măngka angên-angên punika ngantuk kemawon ical, kok lajêng dipun sêksa dipun junjung Gusti Allah, dêstun urip, la punika ragi mèmpêr para jamhur lakar kêtoganipun inggih urip punika ingkang kaanggêp Pangeran, nanging urip makatên gèk ingkang pundi, punapa inggih namung kèndêl urap-urip kemawon? Yèn namung makatên beda punapa kalihan kula ngugêmi nyêbut asma thok, Pangeran punika inggih Gusti Allah, Gusti Allah punika ingkang kuwasa, lo, harak inggih gêjag, sarêng anu ngawe: tawang-towang, hut kowe, saya kisruh. Yèn urip punika, punika O, baya manungsa botên pêjah-pêjah, sabab manungsa botên nate koncatan punika O sajêgipun gêsang,

--- 113 ---

kok inggih pêjah, nelakakên gêsang makatên sanès punika, hla gèk ingkang pundi, kula piyambak inggih dèrèng sumêrêp ingkang sanyata, namung sawêg gagap-gagap, urip makatên pamanggih kula bêkakasing jisim balaka, inggih punika bêkakas ingkang ngajak mati tuwin ngajak tilêm, punika urip, nanging urip wau kawêngku dhatêng ingkang nguripi, ingkang nguripi kawêngku dhatêng ingkang damêl urip, wusana, urip, ingkang nguripi, ingkang damêl urip, punika adhêdhencengan dados satunggal, hara ta, saya ruwêd. Langkung ruwêd malih bab benjing badhe kaananing pati, kok dados wontên ingkang kêconggah amiyagah badhe manggih cahya, badhe manggih warninipun piyambak ingkang mawa tăndha alip muntakalimun wakit, sawênèh namtokakên badhe kados kala sadèrèngipun lair, punika wêwatonipun punapa, punapa sampun ngicipi, dèrèng, dêstun ngakêna sampun nate ngicipi kalihan tilêm satêngah ngimpi: (sêmèdi) sulaya, sanès thuk-thukanipun dipun thukakên. Pêjah tanpa kêtêk tanpa napas, sêmèdi sapanunggilanipun taksih kêmpas-kêmpus, punapa sami? Harak botên, awit saking punika pamanggih kula, badhe nyumêrêpi kaananing pati punika inggih kêdah dipun tuwèni kalihan mati, mati makatên angicali tăndha-tandhaning gêsang, inggih punika nyingkirakên kêkêtêk tuwin napas, jêr mati makatên sampun têtela sinêbut [sinêbu ...]

--- 114 ---

[... t] layu kayapu, têgêsipun ora kêna kinaya ngapa, utawi ing donya ngriki botên wontên ingkang kangge ngupamèkakên. La kok jêbul kaya dhèk durung lair, harak mêmêlas. Tiyang taksih kenging dipun kaya dhèk durung lair makatên kok pati, klèntu punika. E, kula mastani klèntu punika punapa lajêng sampun kenging dipun ugêmi, inggih dèrèng, jêr sadaya-sadaya sawêg sami saking kintên-kintên, angintên kaanan ingkang dèrèng nate dipun sumêrêpi, mila cêkakipun gêgêdhuging tekad makatên manawi kula namung êmbuh: besuk, têgêsipun pundi ingkang pinanggih, inggih punika ingkang nyata, ewadene mênggah kula mêjang anak-anak ing padhusunan, sanadyan prayantuna praja yèn kula wawas dede băngsa sarjana, inggih mêksa kula sêdul ing kawruh palsu, sabab tiyang bodho punika ingkang dipun rêmêni ingkang elok-elok, kados ta cahya gumilang-gilang tanpa wêwayangan, utawi cahya mancorong bundêr têngah bolong ana sastrane ngain, cahya mancêr ngadêg agêngipun sasada lanang, utawi sanès-sanèsipun ingkang èdi tuwin anêsêmakên[19] malih, mênawi wilujêng benjing anggèr-anggèr punika rak inggih badhe wuninga mênawi kula mêjang băngsa ingkang dede sarjana, ing ngriku anggèr tamtu lajêng sami sagêd anggagapi, bilih bodho pintêring guru punika gumantung wontên ing murid, muridipun pintêr, guru

--- 115 ---

tumut pintêr, nanging muridipun bodho gurunipun inggih bodho, mila putra kula tiga pisan mangke sami kula aturi ngicipi piyambak-piyambak, supados botên kuciwa ing sêmu.

Mirêng gotèk makatên punika, Prastawa: Hascarya tuwin Dewaka sami tanpa kêlik, tiga-tiganipun anunggil cipta majêng mundur sêmu ajrih, katitik wontên ing nityanipun kawistara biyas pindha wulan karainan. Anelakakên pêjah punika awis ingkang purun, sanadyan pêjah punika pêpacanganing gêsang ingkang mêsthi, ewadene sawêg badhe dipun purih ngicipi makatên kemawon sajakipun sampun sami pating karêkuh, malah sawênèhipun ingkang kirang kandêl ing manah, sarêng mirêng têmbung icip wau lajêng agênjrèt mêdal botên wangsul. Ingkang makatên wau botên lăngka tumrap dhatêng têtiyang ingkang limrah, dhatênging sakaratil maud awis ingkang sumêrêp, jalaran tanpa dipun prasabêni rumiyin.

Sarêng sampun wanci Kyai Yatna Sampurna andangu dhatêng siswanipun kêkalih. Punapa ing sênthong sampun dipun tata kangge papan angicipakên raosing pêjah? Aturing siswa: Sampun kyai. Kyai lajêng malêbêt dhatêng sênthong, kadhèrèkakên siswa ingkang kadangu wau, kanthi siswa sanèsipun satunggal.

Ingkang badhe sami icip-icip: Prastawa Hascarya, tuwin Dewaka, sami dipun undang, tiyang tiga lajêng sami mara, kèndêl [kè ...]

--- 116 ---

[... ndêl] wontên sangajêng lawang sênthong ingkang minêb.

Gotèkipun Prastawa: Ing wêkdal wau upami awakipun dipun irisa botên mêdal rahipun, saking punapa, saking sangêting ajrih, bok kalajêng pêjah, lucu. Dipun upadosi ngaya-aya wiwit lare, wontên ingkang kadugi badhe nêdahakên dadak pradondi salêbêting batos, ciptanipun Prastawa: iya ta, ngene-ngenea kae anggêre aku dhisik, nanging mênawa miturut bênêre aku didhisikake, sabab paman Hascarya, lan pak Dewaka iku dununge bela aku. Sawêg dumugi samantên wêwangsonipun Prastawa, kapunggêl kyai undang-undang saking sênthong, têmbungipun: Gèr Dewaka, sumăngga, gèr, sampeyan malêbêt mriki, sampeyan ingkang sêpuh piyambak, kêdah urut sêpuh. Clop, manahipun Prastawa, amargi piyambakipun ingkang ênèm piyambak, batosipun: sapisan iki aku jênêng wong kojur kêjujur, wis bayar, bakal dikèrèkake, êm witikna upama wong nyêgur kêdhung ana jing[20] jajagi dhisik.

Dewaka, dipun undang wau amangsuli: kula, sarta lajêng malêbêt, lajêng dipun tutup rapêt, Prastawa botên sagêd sumêrêp kadospundi caranipun ingkang wontên salêbêting sênthong, antawis kalih mênit nglêbêt sênthong wontên suwantên sênggor sênggrok-sênggrok sarta grobyag agêdhobrag, [agêdhobra ...]

--- 117 ---

[... g,] Prastawa mirêng badanipun sakojur nyabe anjêkut, amargi sênggoring suwantên wau saplak sangêt kalihan kêlokor-kêlokoring napasipun tiyang lêlampah, namung gêdhobrag-gêdhobrag wau gêdhobraging punapa, Prastawa botên sagêd anggagapi.

Watawis gangsal mênit kalihan wontênipun sabawa wau, kyai uluk salam: salam ngalaekum: sakêdhap uluk salam malih, salam ngalaekum. Lajêng dipun wangsuli ing suwantên lamat-lamat pindha suwantên ingkang mêdal saking kubur: ngalaekum sa ... lam. Wah punika Prastawa sangsaya giris.

Kyai tumuntên ngundang Hascarya, têmbungipun: Măngga gèr, sampeyan malêbêt, wangsulanipun Hascarya: Inggih, lamat-lamat sangêt, anelakakên bilih ngêmu ajrih ugi.

Prastawa kantun anggana, manahipun kuwur kocar-kacir, dangu-dangu mêdal tekadipun dadakan, nèk aku mêngko kêbacut mati, kyai rak iya digantung: iyah. Hara ta, udhang-udhêng rak inggih kêdah ajrih dhatêng pati kemawon.

Dangu salêbêting sênthong tanpa sabawa, botên wontên kamirêngan, kyai uluk salam: salam ngalaekum, dipun wangsuli: malaekum[21] salam: lamat-lamat sangêt, sanadyan makatêna Prastawa botên indung manawi punika suwantêning bapakipun [bapakipu ...]

--- 118 ---

[... n] alit.

Prastawa dipun undang, gèr: măngga malêbêt, inggi ... suwantênipun botên sagêd mêdal saking gorokan, Prastawa dumugi sênthong sagêd sumêrêp, Kyai Yatna Sampurna linggih majêng mangetan alèmèk mori sinêbaran sêkar, siswa kalih wontên ngiringan kapara wingking, dene Dewaka kalihan Hascarya, sami wontên kiwa ragi ngajêng, Prastawa kadhêpêk sila ngajêngakên kiyai, tumuntên dipun bisiki, ingkang têtêg kemawon inggih gèr, sampun was sumêlang, botên-botênipun kêlajêng pêjah, sanadyan kalajênga, sadaya-sadaya punika gadhahan sampeyan piyambak, sumăngga sampeyan majêng mangetan ngungkurakên kula. Prastawa mèstu sapakèn, lajêng majêng mangetan, saking wingking pangraosipun Prastawa githok sarta gulunipun dipun cêpêng kyai kapêtêlakên alon angarah-arah, jêmpol angsal githok, driji panuduh kêkalih iringing gulu, bêbasan namung sagêbyaring kilat, blas, Prastawa sampun lajêng dumugi ing panggenan ingkang botên wontên imbang-imbanganipun, punapa kados tilêm, botên, punapa kados supêna, sanès, punapa kapanggih cahya, botên, kapanggih warni ingkang kados warninipun piyambak, saya botên sangêt, punapa padhang, botên, punapa pêtêng, saya botên, mênawi makatên rêmêng-rêmêng, inggih botên malih, la kados [ka ...]

--- 119 ---

[... dos] punapa, ambak-ambing kados ingkang botên wontên irib èmpêripun.

Sapintên dangunipun: Prastawa wontên salêbêting ngalam gaib, botên sagêd amratelakakên, namung sarêng sampun mèh wangsul dhatêng jaman karamean malih, lamat-lamat piyambakipun mirêng sabawa uluk salam, salam ngalaekum, piyambakipun trangginas anjawab, ananging jawabipun namung kamirêng ing kupingipun piyambak kemawon.

Prastawa mêlèk byar èngêt wêwentehan gumlethak wontên pangkonipun kiyai, ciptanipun enggal-enggal badhe anjênggèlèk, nanging botên sagêd, dening raosing badan kados kapuk dipun wusoni, tanginipun dipun tangèkakên kiyai, sarêng sampun sagêd linggih jêjêg sila angadhêpêk, kyai lajêng pitakèn dhatêng siswa enggal katiga pisan, têmbungipun:

Kadospundi angèr, sarèhning sampeyan sampun kalampahan sami nginum tirta nirmala, ing panggalih punapa sampun kagungan raos marêm.

Dewaka ngrumiyini matur: Nuwun inggih, bilih tumrap kula sampun marêm sangêt.

Kyai Yatna Sampurna: Anggèr Hascarya kadospundi.

Hascarya matur: Kula ugi makatên.

Kyai Yatna Sampurna: La sampeyan anggèr Prastawa?

--- 120 ---

Prastawa mangsuli: Kula walèh-walèh punapa, dèrèng sagêd angraosakên.

Kyai Yatna Sampurna: Dèrèng sagêd ngraosakên? O: inggih mèmpêr tiyang sawêg sapisan, mila panêdha kula dhatêng anggèr sadaya, bab ingkang mêntas sami sampeyan lampahi wau inggih sampun age-age sampeyan pitados, kêdah sampeyan timbang-timbang sarta sampeyan raos-raosakên rumiyin, punapa inggih sampun lêrês, kados makatên punika raosing pati, punika gurunipun anggèr sêjati ingkang kêjibah anênimbang. La sapunika gêntos bab dununging Mukhamad tuwin Rasul tumrap ing angga kita, sanadyan sayêktosipun botên kangge ngabahan punapa-punapa tumraping pati, ewadene inggih parlu dipun sumêrêpi kangge omong-omongan, Mukhamad punika wujud, Rasul punika rahsa, Mukhamad kaperang dados tiga, Mukhamad jaba, Mukhamad jêro, Mukhamad kadim, Mukhamad jaba punika wujuding manungsa glêgêr punika, Mukhamad jêro wujud salêbêting carmin, nanging dede carmin-carmin pangilon, carmin salêbêting batos, inggih punika wujud kita piyambak ingkang cumithak ing salêbêting panyipta kalihan kèndêl angêrêmakên paningal, kacariyos Mukhamad jêro punika agêng sangêt barkahipun, sawênèhing kaol, tiyang ingkang sagêd gambuh kalihan Mukhamad jêro [jê ...]

--- 121 ---

[... ro] punika mèh kenging sinêbut asarira bathara, dening mênawi pinuju sapatêmon punika sacipta kita janji namung samurwat kemawon. Mukhamad jêro mêsthi sagêd aminangkani, Mukhamad kadim, wujud salêbêting manik, dene Rasul ugi kaperang dados tiga, Rasul jaba, Rasul jêro, Rasul kadim, Rasul jaba raosing badan sakojur punika, Rasul jêro rasaning tutuk, Rasul kadim, raos salêbêting supêna, sadaya-sadaya punika kawêngku ing Allah, Allah punika gêsang langgêng, ingkang ngajak pêjah sarta ingkang ngajak tilêm, inggih ingkang ngajak mêlèk, ingkang anglampahakên napas, ugi ingkang anampèni lêbêt wêdaling napas, sarta ugi gêgandhengan kalihan lêbêt wêdaling napas, mênggah pasênêtanipun wontên ngriki, cariyosipun Prastawa ugi lajêng kadumukakên, kinêmulan ing suwasana binuntêl ing utêk.

Kyai Yatna Sampurna anglajêngakên cariyosipun: Dados badan sakojur punika winasesa dening gêsang, wulu gêsang saking kulit, kulit dipun gêsangi dening daging, daging gêsang saking: rah, êrah gêsang saking napas, napas gêsang saking gêsang, têmbungipun Ngarab winastan maulkayat, tukipun wontên. (Ngêmbun-bunan) tanajultarki, mili katampèn jantung, dados jantung punika minăngka bak agêng, saking jantung angilèni badan sakojur, mila mênawi ilining tuk dipun pêpêt, inggih lajêng sirna [sir ...]

--- 122 ---

[... na] budayaning manungsa, ananging kawuningana, sadaya wau taksih bêkakas, awit junênênging[22] urip taksih kawêngku dhatêng ingkang nguripi, dene ingkang nguripi kawêngku ingkang adamêl gêsang, ingkang adamêl gêsang makatên botên kenging tiningalan ing netra kapala utawi paningalting[23] budi, namung kenging dipun tingali kalihan paningaling gêsang ingkang sampun lagyana tanpa bêkakas, dados pandamêl punika namung kenging dipun lampah ing sapisan kalihan wani anjumênêngakên sawiji. Kadospundi anggèr, punapa sampun sami mudhêng dhatêng atur kula punika?

Siswa tiga matur sarêng: Pangèstunipun kiyai, kados inggih sampun ragi andungkap. Cêkakipun pêpathokaning manungsa punika namung kêdah wani -, yèn ajrih anglampahi -, lêpat, sarta botên dumugi ancasipun.

Kyai Yatna Sampurna: Lêrês sagêdipun dumugi saking dipun lampahi, èngêta manawi dumadosing sakalir punika saking apêngaling kodrat, antukipun inggih kêdah saking apêngaling kodrat.

Dumugi samantên siswa têtiga sami pamitan mantuk, kyai mangsuli: andhèrèkakên wilujêng, sarta sarèhning ing dintên benjing enjing kyai ugi badhe mantuk dhatêng dhusun, bilih siswa enggal têtiga pisan sami dhanganing manah, sami kapurih tuwi dhatêng dhusun. Aturipun sadaya ugi badhe kaangkah-angkah.

--- 123 ---

Antukipun saking kampung anu, Prastawa botên pêgat-pêgat anggènipun anggagas bab lampahan ingkang mêstas[24] dipun lampahi, dene botên lalawora, wontên tiyang sagêd angicipakên pati sayêktos, mila Prastawa niyat angungsêd sagêdipun niru sapakartinipun kyai.

Lêt kalih dasanan dintên Prastawa dhatêng griyanipun Kyai Yatna Sampurna, sasampunipun dipun bagèkakên kawilujênganipun, Prastawa dipun paringi sumêrêp dhatêng kiyai, pangandikanipun kiyai: kalêrêsan anggèr, mangke dalu kula badhe mêjang, tur tiyang kawan rakit, jalêr èstri jalêr èstri, tur prayantun nagari sadaya, wah ngangge sugih-sugih, nanging kauningana, sakawan pisan punika sami dede băngsa ahli budi, dados mangke cêkap kula wêjang ngèlmi rekan kemawon, watonipun anèh rak sampun satêngah pêjah rêmênipun.

Prastawa pitakèn, têmbungipun: Punapa botên kaicipakên ing pati, sarta kasulang-sulangakên kawontênaning gêsang ingkang yêkti?

Kiyai Yatna Sampurna ngandika: E: tiyang bodho dipun têdahi ngèlmi nyata: harak gèbès-gèbès, mila anggèr mèndêla kemawon, mangke dalu sampeyan mirêngakên.

Wêkdal wau dhatêngipun Prastawa ing wanci siyang mèndêl bêdhug, sarêng sontên jam gangsal, katungka dhatênging prayantun kawan rimbit saking [sa ...]

--- 124 ---

[... king] nagari, sarèhning ingkang kalih rimbit prayantun sipat songsong, dados inggih mawi dipun iring ing rencang. Prayantun-prayantun wau sawêg katebang-katebang wontên latar, lajêng kaawe kyai sarwi ngandika: wis bacuta mlêbu ngomah bae bèi. Wangsulanipun ingkang dipun acarani: nuwun inggih bapak, lajêng malêbêt ing griya sarta lajêng satata lênggah.

Prastawa gumun sangêt dene kyai botên krama, lah punapa sampun kulina sangêt, dèrèng, mirid rêmbag-rêmbagipun sawêg kapanggih sapisan punika, ewadene prayantun sakawan rimbit sami dipun koko kemawon, bokmênawi punika gêlaring paguron, Prastawa botên andungkap, saya botên andungkap babar-pisan, sarêng sampun wanci, wêjanganipun sulaya sangêt kalihan nalika mêjang dhatêng awakipun, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika.

Kyai Yatna Sampurna ngandika: Kowe arêp wêruh Pangeran?

Aturing para murid: Inggih kyai.

Kyai Yatna Sampurna: Iya ta: aku mung sadarma arêp anuduhake, nanging apa kowe wis padha mantêp têmênan ênggonmu ngaku wong tuwa mênyang aku.

Para murid: Sampun.

Kyai Yatna Sampurna: Yèn wis mantêp, kowe ora kêna maido.

--- 125 ---

Para murid: Inggih, kula botên pisan-pisan yèn badhea maibên.

Kyai: Ê êh, lah aku arêp takon, nèk uwong padha tirakat, utawa ing wêktu malêman padha mubêng-mubêng kae sing digolèki apa.

Para siawa sami matur: Wontên ingkang ngupados waetulkadar, wontên ingkang matur ngupados pulung.

Kyai ngandika: Tunggale kuwi, sarêng wontên ingkang matur: punapa wahyu: kyai, kyai lajêng ngandika: lah iya kuwi, iku akadiyat sapisan, besuk mênèh kowe padha aja muni mêngkono, marga iku sêngkêran, măngka lali muni mêngkono, utawa krungu wong muni mêngkono, poma kowe nyêbuta mangkene: salalahu ngalaihi wasalam, Gusti wêruh kawula, kawula wêruh Gusti, ora pangling salawase.

Para siswa: Nun inggih.

Kyai Yatna Sampurna: Ana manèh panunggalane, wong yèn lagi anggagas-gagas kae diarani apa.

Siswa: Limrahipun inggih dipun wastani ngangên-angên, kyai.

Kyai: Salalahu ngalaihi wasalam, Gusti wêruh kawula, kawula wêruh Gusti, ora pangling salawase. Iku sêngkêran, ora kêna diunèkake. La: bocah cilik [cili ...]

--- 126 ---

[... k] mênawa kudu nangis, kae dijênêngake apa.

Siswa: kêdah beka: kyai.

Kyai: Sijine.

Siswa: E: budi kyai.

Kyai: La: iya, iku iya larangan. Salalahu ngalaihi wasalam, Gusti wêruh kawula, kawula wêruh Gusti, ora pangling salawase, kowe aja sok muni mêngkono. Saiki aku takon manèh, ilir anglo kae jênênge apa.

Siswa: Mênawi ingkang limra[25] dipun wastani tepas, kyai.

Kyai Yatna Sampurna: Salalahu ngalaihi wasalam, Gusti wêruh kawula, kawula wêruh Gusti, ora pangling salawase, iku uga sêngkêran, kowe besuk mênèh aja muni mangkono, marga iku gaib.

Siswa: Nun inggih, punapa sampun têlas: kyai.

Kyai Yatna Sampurna: Êlo: durung, ijèh lima. Yèn kowe ngarani iwak jêrowan sing rupane mèmpêr ati kae: apa.

Para siswa sami matur: Wontên amastani tuntut, wontên limpa, sarêng wontên ingkang matur: jantung, kyai inggih lajêng uluk salam kados ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, pangandikanipun kiyai: iku sêngkêran, poma kowe aja nganti

--- 127 ---

muni mêngkono manèh, marga iku panglindungan, lah: wong nandur iku yèn mati diarani ora apa.

Siswa: Dipun wastani: ora urip: kyai.

Kyai uluk salam malih, pangandikanipun: Iku asmaning Pangeran kang khakiki, poma kowe aja padha wani muni mangkono. Bocah cilik sing caturane tumuwa-tuwa, diarani apa.

Siswa: Kumaki kyai.

Kyai: Liyane kumaki.

Siswa: Punapa: gumaib.

Kyai Yatna Sampurna: Salalahu ngalaihi wasalam, kawula wêruh Gusti, Gusti wêruh kawula, ora pangling salawase, iku ora kêna diucap, sabab iku kabuling Pangeran. Omah sing ora diênggoni nguwong, diarani apa.

Siswa: Griya suwung: kyai.

Kyai: Salalahu ngalaihi wasalam ... iki iya larangan, marga iku karatoning Pangeran, saiki kari siji, kancinging klambi kang bundêr iki jênênge apa.

Siswa: Bênik, kyai.

Kyai Yatna Sampurna: Salalahu ngalaihi wasalam, Gusti [Gu ...]

--- 128 ---

[... sti] wêruh kawula, kawula wêruh Gusti, ora pangling salawase, iku iya sêsirikan, amarga iku asal-usuling manungsa. Saiki wis ganêp sanga, kowe padha kang eling, aja nganti wani narajang sêsirikan iku, yèn nganti narajang salah sawiji bae, gêdhe bangêt wilalate, tămpa bêbênduning Pangeran, dene besuk têkamu ing janji, anaa wujud apa-apa aja kopaèlu, yèn durung ana cahya bundêr mancorong padhange ngungkuli srêngenge, têngahing cahya bolong ana aksarane 6 utawa nga iya iku kadhatonmu, kowe aja was sumêlang banjur malêbua bae, poma yèn tan angèstokna. Kajaba iku, mênawa kowe arêp nyumurupi panggonan mau ing saiki, iya kêna, margane sarana daim, angon lêbu wêtuning napas akanthi ênêng êning, ing kono mênawa manthêng pangèsthimu, ora antara măngsa mêsthi banjur katon, lah apa wis padha kêcakup kabèh.

Para siswa: Nun inggih sampun.

Ing nalika punika lajêng sami bibaran, ambêng wilujêngan dipun kêpangakên, bibar nêdha inggih lêstantun tanpa wontên ingkang rêrêmbagan punapa-punapa, ing sêmu sami tumanêm-tumanêm sangêt, Prastawa ing batos sakalangkung ngungun, nanging sarèhning awakipun sampun dipun wêling sampun ngantos tumut rêmbagan punapa-punapa, dados inggih botên cêmuwit.

--- 129 ---

Enjingipun wanci jam 9 siswa kawan rimbit sami pamitan mantuk, kalilan lajêng bidhal. Prastawa ingkang taksih kantun, sarêng siswa-siswa enggal wau sampun botên wontên, piyambakipun matur pitakèn, têmbungipun: para sadhèrèk wau kalihan panjênêngan punapa sampun kulina wiwit alit: kyai.

Kyai: Botên, inggih sawêg sapisan punika kapanggih kula.

Prastawa: Kyai têka botên krami.

Kyai Yatna Sampurna mangsuli kalihan gumuyu: O, anggèr sumêrêpa, tiyang bodho punika yèn maguru, măngka gurunipun sumêrêp tatakrama, anggêpipun guru limrah, sanès tiyang linangkung, wangsul dipun kurangajari, punika kaanggêp guru gêgêdhug têdhak wali, witning yèn kula dipun guroni tiyang dhusun totok, anggèr mirsaa mêsthi kêpingkêl-pingkêl, margi sadèrèngipun kula wêjang, ngèlmi ingkang badhe kula wêjangakên punika mêsthi dadak kula alurakên rumiyin, cariyos kula: ngèlmi wau asal saking Kangjêng Nabi Mukhamad piyambak nalika kula tirakat wontên Prangtritis, wah: ngandêlipun botên ilok.

Prastawa: Gèk ingkang panjênêngan paringakên ngèlmi punapa.

Kyai Yatna Sampurna ngandika: Inggih sasir-sir kula miturut [mituru ...]

--- 130 ---

[... t] sèpêraning manah, tiyang badhe maguru makatên rak sampun katawis, kêtitik saking rêmbagipun, bodho punapa pintêr, mênawi pintêr, inggih kula wulang ingkang ragi inggil, nanging yèn bodho, inggih namung sakêcandhak-kêcandhakipun kemawon waton kula kintên dados pamarêming manahipun, tarkadhang mênawi nuju padhang rêmbulan, kula purih mandêng layanganipun kalihan botên kêdhèp, sakêdhap wêwayanganipun wau tamtu lajêng sèrèt pêthak, yèn kula takèni sampun caluluk, inggih lajêng kula tumpangi kemawon, iya wis kuwi, sarta lajêng kula criyosi: awisanipun botên kenging têtoyan sarta ambêbucal dhatêng prênahing wêwayanganipun, sabab Pangeran punika wêwayanganing awakipun piyambak.

Prastawa gèdhèg-gèdhèg ngungun sarwi pitakèn: Kados makatên inggih pitados: kyai.

Kyai ngandika: Tiyang bodho ingkang dipun pitados malah ingkang kados ngatên-ngatên punika.

Prastawa ambêkuh kalihan matur: E eh, e: anu kyai, kalawau kok dados sami nyarimbit, kadospundi.

Kyai: Makatên wau dhasar sampun kula angkah, sagêda aggêguru jalêr èstri, sabab tiyang èstri punika yèn nampèni rêmbag ingkang elok, langkung mêmundhi tinimbang tiyang jalêr, dados kajêng kula: wontêna glèbègipun ingkang jalêr, tamtu dipun [di ...]

--- 131 ---

[... pun] gondhèli ingkang èstri, tur sayêktosipun, tiyang èstri nunggil guru kalihan ingkang jalêr punika botên kenging, mila mênawi kula wêjangakên ngèlmi kasampurnan ingkang sajati, sanadyan sêdyanipun piyambak badhe sarimbit, kula inggih botên suka, lêrêsipun tiyang èstri makatên kêdah dipun wisik ingkang jalêr piyambak, cêkap nêdha lilah dhatêng gurunipun kemawon, nanging yèn kula badhe misikakên ngèlmi dhoble utawi sêdul aliyas prusi, purun botên puruna kula pêksa kêdah sarimbit, botên purun inggih sampun, kula têmah wurung.

Prastawa matur: Mênggah ngèlmi dhoble punika punapa namung sawarni kados kalawau dalu punika kemawon: kyai.

Kyai: O: sasayahipun, anggèr, yèn anggèr badhe mirsa warni-warninipun, sampun kondur, benjing Jumungah ngajêng punika kula rak mêjang malih, inggih prayantun nagari, inggih sarimbit malih.

Prastawa matur pitakèn: Wontên pintên rimbit.

Kyai ngandika: Saking nagari sarimbit, saking Klathèn kalih rimbit, saking Sukaharja kalih rimbit, dados gangsal rimbit.

Prastawa matur malih: We la, mênawi makatên kula badhe ngêntosi kemawon kyai, parlu badhe sumêrêp.

Kyai: Prayogi, nanging inggih punika, anggèr sampun pisan-pisan [pi ...]

--- 132 ---

[... san-pisan] rêmbagan kawruh ingkang sajati, upami rêmbagana inggih bangsaning galih kangkung sapangandhap kemawon, sarta yèn kêtrucut botên kula kramèni, anggèr sampun kagèt, awit salêbêting katamuan tiyang ingkang dede sarjana, sarananing kuncara namung sasandi edan.

Prastawa anyanggêmi sajanjinipun kiyai, sarêng dumugi dintên Jumungah, para calon siswa sami dhatêng sayêktos, ugi nyarimbit sadaya, mênggah wêwêjanganipun kados ing ngandhap punika.

Kyai Yatna Sampurna: Sumurupa, manungsa iki dumadi saka nyuting angên-angên, nyut anêkakake karêp, dadi, lah kowe wêruh uripmu, lan sing nguripi apa manèh sing gawe urip.

Para siswa: Dèrèng sumêrêp.

Kyai: Urip iku iya sing duwe nyut mau.

Siswa: E: angên-angên, kyai.

Kyai: La: iya, iya kuwi kang pinangeran, mara, kowe arêm[26] rene ki sing ngajak sapa, rak iya angên-angênmu ta, yèn angên-angênmu ora parentah, kowe măngsa jêbula kene.

Siswa: Nuwun kasinggihan.

Kyai andangu: La: sing nguripi êndi.

--- 133 ---

Siswa: Dèrèng sumêrêp.

Kyai: Iwak ana nglodhong, ditutup mati, apa sababe.

Siswa: Punapa saking kaplêpêgan: kyai.

Kyai: Lho: ora.

Siswa sanèsipun: Saking botên angsal angin.

Kyai: La: bênêr, iya angin iku sing nguripi. Balik sing gawe urip sing êndi.

Siswa sanèsipun mastani hawa, kyai botên suka, cariyosipun: hawa iku iya angin, wusana para siswa sami dipun dulêki pojoking mringpatipun,[27] sabên andulêk sarwi wicantên, gilo iki sing gawe urip. Salah satunggaling siswa wontên ingkang pitakèn: tiyang badhe dumugi ing janji punika titikanipun kadospundi.

Kyai: Yèn kowe lara, măngka pandulumu wis ora wêruh suluhaning gêdhèg, iku kowe nelakake wis arêp mulih, mulane kowe banjur turua, niyat turu, samăngsa kowe wis turu, kang gawe urip mau banjur katon, iku banjur worana.

Siswa: Makatên wau benjing bilih dumugi ing janji, wangsul sapunika, bilih kula nandhang ribêd, ingkang damêl gêsang punapa kenging kula suwuni pitulungan, bilih kenging patrapipun nyuwun [nyu ...]

--- 134 ---

[... wun] pitulung kadospundi, jawabipun kadospundi.

Kyai ngandika: La: iku bênêr, wong tumitah ana donya parlu bangêt wanuh karo sing gawe urip. Yèn kowe nandhang ribêd apatrapa sêmèdi, angon lêbu wêtuning napas, mungguh soroge mangkene: sir eling rasa urip, sajatine ana yahu: yahu: yahu, sir êning manjing sarira êning, têtêp jumênêng langgêng sabdaning angên-angên, sabdaning angên-angên, sabdaning angên-angên, waassaduan lailahailolah, waassaduana mukamadan rasullulah, lomah wujudan, lomah wujudan, lomah buda allahilollah, loyakripu allah ilolah, huallah, huallah, huallah, hu, hu, hu, akêbar, sawuse mangkono banjur matrapna napasmu, samăngsa kowe katêkan kang gawe urip mau, aja was sumêlang, barang kang kosêdya mêsthi katêkan.

Têlas pangandikanipun kiyai, para siswa botên wontên ingkang pitakèn malih, lajêng bibaran, ambêngan kakêpangakên, bibar nêdha tilêm, enjingipun sami pamitan mantuk.

Prastawa sakalangkung gumun, dene para siswa enggal punika sabên sampun dipun pangandikani dhatêng kyai, inggih sacariyos-sacariyosipun, namung lajêng kaêndhêm kemawon, ing sêmu kados tanpa dipun gagas, mila gumunipun wau ngantos dipun aturakên dhatêng kyai.

--- 135 ---

Kyai ngandika: Sayêktosipun tiyang anggêguru punika ingkang kathah sarta limrah inggih namung kados makatên wau punika kemawon, anggèr, sanadyan sakêdhik kalih kêdhik sampun anggembol sasêrêpan, ewadene mênawi taksih wontên ngajênging guru punika sampun dilalah têmtu ajrih anêrangakên utawi têtakèn, sampun malih anak-anak kalawau dalu punika gêgolonganing prayantun alit kemawon, sanadyan paraa luhur pisan inggih makatên, dados siswa purun ngasil-ngasilakên kados anggèr punika awis.

Prastawa matur: Kula pitados kados pangandika panjênêngan punika, amargi kula piyambak kemawon badhe nyuwun sêsêrêpan punika têrkadhangan inggih angsring majêng mundur. Sanès ingkang kula aturakên, sami-sami mangeran angên-angên sarta urip, kala panjênêngan mêjang ingkang rumiyin punika mawi panjênêngan dhawuhi botên kenging ngucap angên-angên sapanunggilanipun, wangsul kalawau dalu têka botên, punika mênggah wêwadosipun kadospundi.

Pangandikanipun kyai: E: punika namung gumantung wontên pamatuting guru piyambak, yèn ingkang anggêguru patutipun kirang sugih pikiran, inggih lajêng dipun purih nyirik angên-angên sapanunggilanipun punika, nanging sanadyan bodhoa bilih sajakipun [sa ...]

--- 136 ---

[... jakipun] gadhah gagasan, botên susah kapurih nyirak-nyirik barang, sabab upami gagasanipun ngantos sagêd dumugi: jare sirikan, tak unèkake utawa wong muni mêngkono: kok ora apa-apa, harak lajêng kêmba panganggêpipun, mila botên parlu kapurih nyirik.

Sadanguning rêrêmbagan dumugi ing wanci angkating tiyang numpak sêpur kêdah bidhal, Prastawa pamit mantuk amargi sampun lami tilar griya, kyai anglilani, namung dipun wantos-wantos kapurih tumuntên wangsul, aturipun Prastawa sandika lajêng bidhal.

Lêt sadasa dalu Prastawa tampi sêrat saking Kiyai Yatna Sampurna, suraosipun, mênawi Prastawa sagêd, dintên Kêmis tanggal kaping 14, kapurih dhatêng Ngayugya numpak sêpur siyang mudhun Lêmpuyangan, mangke pêpanggihan kalihan kiyai wontên sêtasiyun Srowot kemawon, parlunipun kiyai badhe mêjang băngsa ruhur ing Ngayogya, Prastawa supados sagêda nyumêrêpi, sêrat dipun wangsuli prayogi. Dintên Kêmis Prastawa anêtêpi bidhal, dumugi Srowot kapanggih Kyai Yatna Sampurna, tarus dhatêng Ngayugya, anjujug dalêmipun băngsa ruhur ingkang badhe puruhita.

Wiwit sontên atêtêbêngan, mênggah upakartining wêjangan botên kirang amirantos, namung wêjanganipun sulaya kalihan ingkang sampun, badhe mêjang punika kyai mawi salat kajat [kaja ...]

--- 137 ---

[... t] rumiyin, ingkang kawêjang prayagung sakawan, pamêjangipun sarênti piyambak-piyambak, sabên badhe mijèkakên salat kajat malih, sakajatan botên kirang satêngah jam, we hla, inggih ragi rêkaos, pinuju tindhihipun prayagung satunggal 25, prayagung sakawan dados 100 rupiyah, inggih botên namung lowung, timbang kalihan rêkaosing barêngkutipun, wusana wêjanganipun jêbul andunungakên aksara Ngarab tumrap ing badan manungsa, utawi adêging sêmbahyang, punika anggăntha wujud asma Mukamad, alip (1) saupami adêgipun kha (6) upami rukuk, mim (') upami jud, dal (') upami linggih, kathah-kathah warsitanipun kiyai, nanging Prastawa botên kêcanthèl, ingkang dipun apali namung wosipun kemawon, cêkakipun badan manungsa punika jagad agêng, gumêlaring donya winastan jagad alit, Gusti Allah jumênêng salêbêting badan, datipun elok, Mukhamad Rasullullah ugi jumênêng ing badan kita, warananing dat punika nur, mawi nyariyosakên ăndha rante barang, wondene mênawi badhe angyakinakên sakathahipun ingkang kaaturakên kiyai ing băngsa ruhur sakawan wau, mênawi wungu enjing lajêng kaaturan tindak malampah-malampah dhatêng panggenan ingkang jêmbar, kados ta ngalun-alun, utawi ngara-ara, wontên ing ngringku[28] lajêng wiwit kaaturan anglirik saking kiwa

--- 138 ---

manêngên rambah-rambah, sukur saêjam, botên-botênipun sampun ngantos kirang satêngah jam, mênawi katarimah, ing dalêm tigang kenjing kemawon tamtu sampun sagêd anyumêrêpi dating Pangeran, tur mênawi sampun katingal, salaminipun amêsthi botên ical-ical, sarta ingkang katingal botên maligi dating Pangeran kemawon, dalah sadaya ingkang wontên salêbêting jagad agêng (badan) punika ugi badhe kasipatan satunggal-tunggal.

Salah satunggaling băngsa ruhur ingkang kawêjang wau wontên ingkang mundhut katrangan, mênggah dating Pangeran punika ing mangke kados punapa. Atur wangsulanipun Kiyai Yatna Sampurna, punika botên kenging kula aturakên, panjênêngan dalêm kêdah nguningani piyambak, margi bilih botên makatên badhe nama ngèlmi tutur-tuturan, sanès ngèlmi khak.

Băngsa ruhur wau inggih lajêng narimah, namung mundhut pirsa bilih badhe wiwit amatrapakên panglirik wau punapa botên mawi sorog utawi rapal. Aturipun kiyai: O: punika mêsthi Gusti, botên kenging botên, mênggah êmèl ingkang minăngka sorog makatên: Bismillahhirrohman nirrohkim, niyat ingsun jumênêng anyipati datingsun dhewe, mênawi sampun angêmèlakên makatên, lajêng anglirik kados ingkang kula aturakên wau.

--- 139 ---

Dumugi samantên para ruhur botên wontên ingkang andangu punapa-punapa malih, saha wancinipun katungka badhe byar, mila para prayagung ruhur lajêng sami kaparêng mlampah-mlampah, bokmênawi badhe wiwit anyoba nguningani dating Pangeran.

Siyangipun kiyai pamitan mantuk, Prastawa botên kantun, ugi sami dipun lilani, băngsa ruhur amantos-mantos, kyai dipun dhawuhi asring sowan, aturipun sandika.

Dumugi sêpur kyai kalihan Prastawa lajêng sami numpak sêpur, kyai mudhun ing Klathèn, Prastawa lajêng dhatêng Surakarta.

Sanadyan Prastawa sampun sumêrêp, mênawi piwulang ingkang kaaturakên băngsa ruhur wau kawruh pêpaès, ewadene mêksa dipun lampahi, sabên ngajêngakên byar, Prastawa dhatêng ngara-ara, angêcakakên panglirik saking kiwa manêngên, ngantos satêngah pitu utawi jam pitu, antawis pitung dintên, sayêktos lajêng sagêd sumêrêp cahya măncawarni, sanès dintên santun wêwarnèn, sarêng dumugi kawan likur dintên, sagêd sumêrêp cahya elok, sok tiyanga sagêd ugi anyumêrêpi janji purun matrapakên kemawon, mila ing ngriki botên parlu kapanjangakên malih, cahya elok wau yèn sampun katingal, salaminipun botên badhe ical, rintên dalu tansah katingal cêtha dumêling, mêlèk katingal, mêrêm katingal, ingkang anggawokakên sagêd ebah sarta sagêd ngambara pêplês dhatêng

--- 140 ---

ngawang-awang, tarkadhang mencok samadyaning srêngenge, srêngenge kawon sorot kalihan soroting cahya wau, amila pantês sangêb[29] bilih dipun wastanana wêwayanganing dat, punika sawêg wêwayangan kemawon, iba ta ingkang kagungan wêwayangan, kados punapa sumorotipun.

Prastawa botên andungkap, dene patrap makatên kemawon sagêd amujudakên wêwarnèn ingkang elok. Antawis kalih wulan Prastawa tuwi dhatêng dhusun sowan kiyai, matur bilih awakipun tumut-tumut nyoba anyipati wêwayanganing dat, wusana katarimah pangèsthinipun, sawêg salêbêting kawan likur dintên, sayêktos sagêd sumêrêp, malah ngantos dumugi sapunika taksih katingal, punika sababipun punapa.

Kyai mangsuli sêmu ngungun: Dados sampeyan tumut-tumut nyatakakên?

Aturipun Prastawa: Inggih.

Kyai ngandika: Mêsthi kemawon sagêd katingal, sampun malih ingkang dipun ocak-ocak kalihan talatos, tiyang dipun pêtêl sagêd sanyêd kemawon inggih lajêng katingal ...

Mirêng makatên wau Prastawa sawêg mangrêtos awêwentehan, bilih anglirik punika saminipun angocak-ocak panon. [pa ...]

--- 141 ---

[... non.] Prastawa matur: Sarèhning sampun kêlajêng ngêtingal, murih sagêdipun botên kêtingal malih kêdah dipun saranani kadospundi.

Pangandikanipun kiyai: Sarananipun sagêd ical, yèn ningali punapa-punapa sampun sok nglirik, dados kocaking panon sagêd pulih, nanging sampun kagèt, yèn sampun kalajêng kêtingal punika ical-icalanipun dangu sangêt.

Prastawa sêmu piduwung dene piyambakipun tumut-tumut angwêdalakên wêwayanganing dat wau, dening saminipun angrisak panonipun piyambak.

Sigêg bab dhêdhapukaning ngèlmi ingkang sampun kacariyos ing nginggil, sanès wulan kiyai dipun puruhitani sadhèrèk saking bawah Karanganyar Mangkunagaran, kathahipun sanga, ingkang sakawan sami pangkat patinggi, ingkang gangsal prikănca narakarya, nanging sami asêlèn botên nyarimbitan, Prastawa pinuju sowan kiyai, mila inggih angèstrèni.

Ubarampening pamêjang botên beda kalihan padatan, wiwit sontên sampun têtêbêngan, ananging dhêdhêp botên wontên sabawaning tiyang rêrêmbagan, kyai sajakipun tansah manungku pudya sêmadi, dados ingkang sami ngadhêp inggih sami mèndêl-mèndêlan kemawon, wontêna ingkang purun wicantênan sakêcap [sakêca ...]

--- 142 ---

[... p] kalih kêcap, inggih namung pating kalêsik.

Kocapa sasampuning dumugi ing măngsa, kyai lênggah, para siswa mapan, kyai dhawuh amêjahi dilah ingkang sami karubung para siswa, kantun satunggal ingkang wontên ngarsanipun kiyai, dipun pêjahi pisan, sanalika salêbêting griya pêtêng dhêdhêt alêlimêngan, botên wontên barang satunggal punapa ingkang katingalan, salêbêting pêta[30] andumuk irung punika, kyai nothok gêdhèg, thog thog thog, kalihan andangu, kêpriye, padha karasa apa, lan wis padha mangrêti apa durung, iya kiye kaananing besuk.

Salah satunggaling siswa ingkang kawêjang amangsuli. Têmbungipun: mênawi makatên, punapa dados ing pati punika namung kantun raos-rumaos kemawon: kyai, botên sagêd anyipati wujud punapa-punapa.

Kyai amangsuli: La: iya mêngkono, wis, satêmêne ora ana katon apa-apa kajaba kari rasa pangrasane dhewe.

Sasampuning ngandika kyai lajêng nyumêd dilah malih, para siswa angêpang ambêngan, bibar nêdha botên wontên ingkang rêrêmbagan punapa-punapa, dumugi enjing inggih namung lajêng pamit mantuk, rampung tanpa kara-kara.

Sapêngkêring para sadhèrèk, Prastawa matur rêraosan dhatêng kyai, [kya ...]

--- 143 ---

[... i,] ngaturakên bilih kala rumiyin sampun nate anggêguru, wêjanganipun namung sarana kêplok-kêplok, anggènipun manggihakên kêplok punika Pangeran, têgêsipun suwantên.

Kyai pitakèn: Mangke ta anggèr, ingkang gadhah pamanggih suwantên punika Pangeran: sintên.

Prastawa: Inggih kyai ingkang kula puruhitani wau: kyai.

Kyai Yatna Sampurna: O: mênawi makatên guru wau wiwit maguru mila sampun acak kêlintu ing panampi, amargi ingkang mupakat kula sumêrêpi, guru ingkang wêjanganipun sarana sasmita, kêplok, ngungêlakên pêcut, ambanting piring utawi sanèsipun utawi bangsaning makatên, punika kajêngipun namung badhe anêdahakên dhatêng suwung, botên wontên punapa-punapa, mila pitakenaning guru, sasampuning kêplok, utawi ngungêlakên sambuk, parane mênyang ngêndi, utawi asale saka ngêndi, asal sarta paranipun botên liya inggih namung dhatêng ngriki (kyai kalihan ngebah-ebahakên astanipun) dados suwantênipun wau namung minăngka pitakenan.

Prastawa: Mênawi makatên saya têrang sumêrêp kula, tiyang punika botên dumèh sampun purun jumênêng guru, tarkadhang dhatêng kawruhipun ingkang kaangge piyambak sarta dipun warsitakakên, panganggêp saha panampinipun taksih nyanuk-nyanuk, tăndha

--- 144 ---

inggih guru kula wau punika.

Kyai Yatna Sampurna: O: pancèn inggih makatên, mênawi jaman sapunika sayêktosin[31] kathah sangêt guru ingkang taksih kêcingkrangan, dadosipun guru saking kapêksa kangge sarana angupaboga, wujudipun kados kula piyambak punika.

Prastawa matur kalihan gumuyu: Botên ta kyai bilih panjênêngan wontêna ingkang mastani kêkirangan, mênawi kados panjênêngan taksih pinada kêkirangan, ingkang botên kêkirangan kados punapa.

Kyai Yatna Sampurna: Botên anggèr, kula matur sawantahipun kemawon, beda punapa kula kalihan ingkang taksih sami kacingkrangan punika, botên mastani kêkirangan punika rak sampeyan, amargi sampeyan rêmên utawi condhong, măngga tumrap dhatêng ingkang botên condhong harak inggih mastani cingkrang, dhasar ingkang kula wêjangakên kathik namung anggrah-anggrah, ingkang pêpêthingan awis kêprojol, sarèhning sabên mêdal namung băngsa kil-kil bungkil, kaot punapa kalihan ingkang anggêgêm gêrèh pathok bangkrung.

Prastawa: Upami sabên wontên putra wayah nyuwun warsita punika inggih dipun babar-pisanakên, saha dipun icipakên ing pêjah, kadospundi, punapa botên langkung utami.

Kyai Yatna Sampurna: Ngèlmi makatên wiji, ingkang badhe nyêbar [nyê ...]

--- 145 ---

[... bar] kêdah waspada dhatêng papan ler-leran utawi lah-lahanipun ingkang badhe sinêbaran, mênawi têtela padhas utawi plêstèr, punapa inggih wiji mêksa dipun sêbar, harak badhe lêbar nglahang dipun thotholi pêksi, makatên upami tiyanga among tani, wangsul juru nyêbarakên wiji kasampurnaning dumadi, dados inggih kêdah nyumêrêpi mêmanahaning murid ingkang badhe dipun wijèni, e punika kridhaning para sogata ingkang sampun amumpuni saniskara sayêktos, kados ta sang minulya Radèn Angabèi Rănggawarsita pujangga ing Surakarta, Tuwan Sayid Kramad ing Batawi, punapa malih Tuwan Sayid ing pulo Odrus.

Prastawa: Punapa suwargi panjênênganipun ingkang minulya Radèn Angabèi Rănggawarsita inggih karsa nyêdul makatên.

Kyai Yatna Sampurna: La kathik botên punika wontên punapa, tăndhayêkti, wêjanganipun dhatêng siswa limrah, wêwisikan ananing dat, makatên: sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran amung ingsun, iya ingsun sajatining dat kang maha suci, anglimputi ing sipatingsun, anartani ing asmaningsun, amratandhani ing apngalingsusun[32] lajêng wêdharan ananing dat, lajêng gêlaran ananing dat, lajêng pambukaning tata malige tigang prakawis, ing dalêm [dalê ...]

--- 146 ---

[... m] betal makmur betal mukaram, sarta betal mukadas, ungêlipun makatên: sajatine ingsun anata malige ana sajroning betal makmur, iku omah ênggoning parameaningsun, jumênêng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utêk, kang ana saantaraning utêk iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran, anging ingsun dat kang anglimputi kaanan jati. Lajêng betal mukaram: sajroning dhadha ati, saantaraning ati jantung, sajroning jantung angên-angên, sajroning angên-angên têrus kados ingkang sampun kula cariyosakên wau, ugi makatên betal mukadas, pêpungkasanipun ingsun malih, mênggah ingkang kabasakakên ingsan-ingsun wau Gusti Allah, Gusti Allah makatên: urip. Tumuntên anyariyosakên badhe dumugining pati, mawi alam-alaman, wontên alam hidayat, alam nuriyah, alam huluhiyah, mawi godha, mawi cahyan-cahyanan, irêng, abang, kuning, putih, măncawarni, la: lajêng padhang tanpa wêwayangan, sabên saonjotan dipun damêlakên donga pangruwating rêncana, donganipun pèni-pèni, jêglig, cahya gumilang-gilang tanpa wêwayangan, inggih punika pok-pokanipun, ringkêsaning puji. Sastra alip dipun [dipu ...]

--- 147 ---

[... n] jabar, dipun jèr sarta dipun pès, ungêlipun: a, i, u, têgêsipun: Allah iku urip, utawi: aku iki urip, ing ngriku tanpa antawis pamoring kawula gusti, inggih gusti inggih kawula, kawula inggih gusti. Sumăngga harak inggih dhuk-dhuk nong, nanging ingkang minulya Radèn Ngabèi Rănggawarsita punapa botên kêthak-kêthak, hwadhuh, thok-thok crang sangêt, tăndhayêkti kala sedanipun, kabaripun bibar nyêrat sêrat pamitan konjuk saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun suwarga[33] kaping IX. Tur mawi sêkar, panyêratipun dipun sambi sarean kemawon, bibar nyêrat, lus, bablas, sêrat taksih wontên jaja kêtumpangan asta, lah yèn botên sampun waspada dhatêng kasidaning gêsang sayêktos, punapa sagêd ngatên angangkah-angkah, sampun mêsthi botên, saya ngandêl kula malih dhatêng pêng-pênganipun ingkang minulya wau, kula kapranggulan siswanipun satunggal ingkang pancèn thok-thok, jêglug, gathuk tanpa nyimpang sarambut pinara sasra kalihan gêgêbêngan kula tuwin sampeyan punika.

Prastawa: Kula wastani suwargi Radèn Angabèi Rănggawarsita punika, gêgêbênganipun inggih namung inggih cahya kados ingkang kabarkahakên punika kemawon.

Kyai Yatna Sampurna: Wo: botên sangêt, cahya punika rak têlêsanipun, pameranipun: jumênêng pribadi, urip [u ...]

--- 148 ---

[... rip] ora ana kang nguripi, dene gêgêdhêganipun, inggih wau punika plêg tanpa silir kalihan gêgêbêngan ngriki.

Prastawa nyuwun sêsêrêpan, aturipun: Mênggah sêrat ingkang konjuk wau ungêlipun kadospundi.

Kyai Yatna Sampurna ngandika: Kula sampun kêsupèn, ingkang kula èngêti namung wiwitan kalihan wêkasanipun kemawon, kabar-kabar gajêgipun makatên: dhuh gusti jêng sang prabu ... mangkya ulun amit layon.

Prastawa: Bilih makatên pantês sangêt dadosa sêkar lathi saha ojading jana. Sanès ingkang kula aturakên, sayêktosipun kala rumiyin kula rak inggih sampun nate puruhita ingkang wêjanganipun plêk kados kalawau dalu, mêjahi dilah, namung kaot kala samantên botên mawi nothok gêdhèg.

Kyai Yatna Sampurna: Iyak, punika rak namung rangkèn, mênggah bakunipun inggih mêjahi dilah wau, kajêngipun anêdahakên alam Ngadam, têgêsipun suwung, utawi botên wontên punapa-punapa, yèn ajal wangsul dhatêng botên wontên punapa-punapa wau malih, sawênèh wontên ugi guru, wêjanganipun sarana sasmita ninthing cangkir, thing, thing thing, punika sami kalihan nothok tembok, utawi ngungêlakên sambuk, lajêng dipun pitakèkakên, asal sarta puruging suwantên [su ...]

--- 149 ---

[... wantên] punika dhatêng pundi, murid ingkang kêlintu panampi angêcupi suwantên makatên Gusti Allah, kados guru sampeyan ingkang sampeyan cariyosakên kala wau, tarkadhang bilih murid ingkang sampun nate anggêguru sarta gadhah gêgêbêngan angên-angên, anggènipun angêcupi dhatêng wêjangan makatên wau: asal saha puruging suwantên dhatêng angên-angên, măngka yèn kajêngipun ingkang damêl sasmita, asalipun saking ngriki (Kyai Yatna Sampurna kalihan angebah-ebahakên asta) purugipun inggih mriki.

Prastawa: Layak kathah-kathahing tiyang, sanadyan tunggila paguron tur dipun wêjang sarêng sadalu, pamanggihipun tarkadhang botên nunggil, bokmênawi yèn angsal guru ingkang wêjanganipun namung sarana sasmita makatên punika.

Kyai Yatna Sampurna: Inggih makatên, punika telakipun bilih ngèlmi punika pancèn angèl, sampun malih ingkang niyat dipun damêl angèl, têgêsipun namung dipun sasmitani, botêna beda-beda pamanggihipun, sanadyan dipun êblakna tarkadhang inggih mêksa taksih sulaya ing panampa, punika gumantung landhêp kêthuling murid.

Dumugi samantên rêraosanipun Prastawa kaliyan kiyai kèndêl. Sanès wulan, Kyai Yatna Sampurna, dhatêng griyanipun Prastawa suka sumêrêp, bilih sariranipun dipun timbali

--- 150 ---

băngsa ruhur, Prastawa dipun purih tumut, Prastawa sandika.

Enggalipun Kiyai Yatna Sampurna saèstu sowan dhatêng dalêming prayagung ruhur, kadhèrèkakên Prastawa sarta siswa sanèsipun, sadhatêngipun kiyai, kapapanakên ing panggenan ingkang rêmit, kajawi para siswa saha abdinipun gusti ingkang kinasih, botên kenging malêbêt dhatêng pamondhokanipun kiyai.

Gusti punika tansah amanggihi kemawon, botên mêdal-mêdal, kathah-kathah ingkang kadangokakên, ingkang lăngka-lăngka, bab kadigdayan saha kanuragan, bab lêlêmbat, setan gandarwo tuwin sanès-sanèsipun, inggih dipun jawab saangsal-angsal, wangunipun dados pamarêming panggalih.

Wontên ing ngriku antawis tigang dintên, dumugi ing dintên Kêmis, ing wanci enjing gusti sampun rawuh dhatêng pondhokanipun kiyai.

Gusti ngandika: Wa, mêngko bêngi iku malêm Jumungah, aku sida wijènana, batur-baturku iya tak jalukake nunggal pisan, nanging janji, aku wèhana sing nomêr siji, aja kopadha karo batur-baturku, kowe rak wêruh ta, aku iki wong: wong gêdhe, upamane wadhah mono wadhah sing jêmbar pan bêcik, dadi mêsthi beda karo wong-wong cilik kuwi, mulane iya pilihna sing bêcik.

--- 151 ---

Kyai Yatna Sampurna: We: nun inggih gusti, panjênêngan dalêm tamtu kêdah kawula saosi ingkang êlas, punika sampun kawula manah.

Gusti: Êlo, nanging tênan, nèk goroh kowe aja takon dosa, mêsthi tak suduk.

Kyai: E, gusti, kalihan malih tiyang punapa abdi dalêm kawula puruna damêl dolanan panjênêngan dalêm, botêna ajrih ing panjênêngan dalêm, inggih ajrih halatipun para eyang-eyang dalêm, jêr Pakubuwana punika amilalati.

Midhangêt atur makatên wau gusti kawistara lêga sangêt, gusti dhawuh olah-olah kangge mangke dalu, ubarampenipun pêpak supênuh botên kêkirangan, botên parlu kacariyosakên, sarêng sampun dumugi ing măngsa, kyai kaajak dhatêng Balekambang, ing ngriku sampun ginêlaran mori sungsun pitu sinêbaran sêkar, dupa kumlêndhêng tanpa kêndhat, gusti sakalihan kalihan garwa paminggir ingkang kinasih kaparêng nunggil, siswa ingkang kaparêng dados saksi namung kalih, Prastawa kalihan satunggal malih, kyai majêng mangetan, gusti sakalihan majêng mangilèn, kyai tumuntên ambukani wisikan, makatên: gusti: sajatosipun Gusti Allah punika raosing sarira dalêm piyambak, sarira dalêm punika pêpaesan (wayangan) sasolah-bawa dalêm, inggih solah-bawaning

--- 152 ---

Allah, dununging Allah wontên ing betal makmur, sumunu anêlahi, pacangkramanipun wontên pranaja dalêm, wondene bilih badhe jêngkar, lajêng ngukut roh saking jêmpol suku minggah, nglêmpak dumugi jantung minggah dumugi betal makmur, mêdal ngula-ula wangsul mangandhap malêbêt ngadêbun dambi, jlêg, manggih alam manik cahya nawa rêtna, dados bêbayi, putra nata dados putra nata malih, mila kabasakakên gêsang punika tan kênaning pati, dados benjing panjênêngan dalêm punika inggih jumênêng gusti malih.

Gusti: Iya iya, ning rak kudu ngêntèni yèn wis wêruh cahya ta: Wa.

Kyai: Nuwun inggih gusti, tiyang punika pêpathokan.

Gusti: La, iya uwis, saiki wis cocog karo wêjangane eyang, iya ngono, plêk bae karo wulangmu iki, wis, batur-baturku padha wêjangên, ning sing èndhèk-endhekan bae.

Abdi-abdi lajêng katimbalan dhatêng Balekambang, sarêng dhatêng lajêng kawêjang, wêjanganipun sarana sasmita, kyai nyêpêng lodhong kothong kapurih sami mastani isi punapa, tiyang wolu warni-warni pamêthèkipun, wontên amastani isi angin, wontên hawa, wontên suwung, wontên ugi ingkang botên sagêd mungêl [mu ...]

--- 153 ---

[... ngêl] punapa-punapa. Kyai ngandika: Lah ênggih êmpun, sing ontên jêre[34] lodhong niku Gusti Allah, padha mang pikir, lajêng bibaran, para abdi kadhawuhan angêpangakên hajad, gusti kalihan kiyai taksih lêlênggahan wontên Balekambang, sasampuning para abdi kesah, gusti bisik-bisik: sing ana sajroning lodhong kuwi rak iya cahya ta: Wa. Aturipun kiyai: Inggih gusti cahya, bilih sanès punika punapa. Gusti mèsêm angandika: La iya uwis, têgêse wis ora gèsèh karo gêgêbêngaku, Rănggawarsita biyèn iya kuwi. Kyai matur: Nuwun inggih, lajêng kadhawuhan andhèrèk dhahar, enjingipun kalilan mantuk, kaparingan pasangon satus salawe rupiyah, Prastawa sakalangkung ngungun.

Saunduripun mêntas katimbalan gusti wau, paguronipun Kyai Yatna Sampurna saya kasusra, saha sabên-sabên mêjang Prastawa asring dados saksi, wêjanganipun sontan-santun, namung ingkang dipun wêjang kados Prastawa nalika puruhita, awis sangêt, ananging sarèhning wêjanganipun Kyai Yatna Sampurna sanès-sanèsipun punika, tarkadhang tumbuk kalihan wêwêjanganipun para guru ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng (Kyai Iman Mandrawa, dumugi Kyai Jayaniman) dados botên parlu kacariyosakên.

Wusana cariyosing sêrat punika cêkap dumugi samantên kemawon, [ke ...]

--- 154 ---

[... mawon,] amargi ing pangintên, kados sampun botên wontên wêwêjangan utawi gêgêbênganipun para guru ingkang marojol saking ingkang sami kasêbut ing ngajêng wau salah satunggal, wontêna ingkang mrojol, bokmênawi wosipun inggih mêksa gathuk. Amila ingkang angimpu saha ingkang angwêdalakên sêrat punika, sami nyuwun pangapuntên kaping sèwu dene kamipurun anggêlarakên ingkang winastan gêgêbêngan utawi gêgandhulan saha ingkang limrah dipun pingit, awit sêdyanipun namung niyat amitulungi dhatêng sadhèrèk kathah, sagêda sami sampurna ing ngèlmi botên sarana amaguru, punapa malih sampun ngantos sangêt-sangêt kelon mirêng suwuring sogata ingkang glèthèk pêthèlipun inggih namung badhe ngruwêg kanthong, ewadene saupami punika taksih wontên kêkiranganipun, inggih namung kaanggêpa lowung, dene sampun angandhut ular-ular sawatawis kathah, sanadyan mêwahana kintên-kintên botên sapintêna, walahu aklam.

Tamat.

--- [0] ---

[Iklan][35]

 


dhatêng. (kembali)
sasampuning. (kembali)
botên. (kembali)
poma. (kembali)
Pangeran. (kembali)
sapunika. (kembali)
gangsal. (kembali)
dening. (kembali)
wontên. (kembali)
10 sadhèrèk. (kembali)
11 kyai. (kembali)
12 botên. (kembali)
13 mangsuli. (kembali)
14 pandêng. (kembali)
15 pangrunguku. (kembali)
16 pirantos. (kembali)
17 bilih. (kembali)
18 ingkang. (kembali)
19 anêngsêmakên. (kembali)
20 sing. (kembali)
21 ngalaekum. (kembali)
22 jumênênging. (kembali)
23 paningaling. (kembali)
24 mêntas. (kembali)
25 limrah. (kembali)
26 arêp. (kembali)
27 mripatipun. (kembali)
28 ngriku. (kembali)
29 sangêt. (kembali)
30 pêtêng. (kembali)
31 sayêktosipun. (kembali)
32 apngalingsun. (kembali)
33 suwargi. (kembali)
34 jêro. (kembali)
35 6 Halaman berisi iklan. (kembali)