Wirit Patitising Layap Kalihan Panjingipun Agama Islam, Angabèi IV, c. 1900, #1328

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wirit patitising layap têlung prakara[1]

--- [0] ---

1 Layaping dat, tan ana ing kahanane, tan ngrasa darbe solah, tansah kapurba ing solahe Allah, tan sakuthu.

2 Layaping sipat, tan ana uripira, uripe Allah, tanpa lêlawanan, amung pribadining Hyang.

3 Layaping apêngal, tan rumăngsa darbe panggawe, tan rumăngsa darbe ihtiyar, tan ana osik lan sirira, tan liya amung kumambang ing Allah Kang Agung.

Panjinge agama Islam

1 Parlu daim, têgêse, kang tansah elingira maring Allah,

2 Niyat daim, têgêse, kang tansah sihira maring Allah,

3 Salat daim, têgêse, kang tansah ngagungakên maring Allah,

4 Ngèlmu daim, têgêse, kang tansah maklumira maring Allah,

5 Sadat daim, têgêse, kang tansah aworira maring Hyang Agung,

6 Makripat daim, têgêse, kang tansah pamandêngira maring Hyang Agung,

--- 301 ---

7 Tokit daim, têgêse, kang tansah antêpira maring Hyang Agung,

8 Iman daim, têgêse, kang tansah adhêpira maring Hyang Agung,

9 Junun daim, têgêse, kang tansah ngamungakên maring Hyang Agung,

10 Sakarat daim, têgêse, kang tansah panarimane maring Hyang Agung,

11 Pati daim, têgêse, kang tansah nikmatira maring Hyang Kang Akarya Ngalam Kabèh,

1 Wiriding sarengat satariyah, salate kaji, ambuntu têlung prakara, karna, netra, grana, amêngakakên sawiji, mung lesan apêngallollah,

2 Wiriding tarekat isbandiyah, salate kusta, ingkang mênga karna asmaollah,

3 Wiriding kakekat barjahdak, salate daim, paningal sipattollah kang mênga,

4 Wiriding makripat dallallah, salate èsmu ngalim, grana dattollah kang mênga,

Kang kasêbut ing dhuwur iku, yèn wus bisa sirna, ingaranan [ingarana...]

--- 302 ---

[...n] iya iku salugu gaibing Allah sajati, ingkang wus tanpa lêlawanan ika iki iku, wus sukci sajatining jati.

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)