Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 01–18)

Judul
Sambungan
1. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 01–18). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
2. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 19–35). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
3. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 36–51). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
Citra
Terakhir diubah: 17-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pratelaning Cariyos Pêpêthikan saking Kitab Suci[1]

--- 3 ---

1. Dhandhanggula[2]

1. ... | ...man | kalangkung-langkung adine | ing Edèn dunungipun | iring wetan Pirdus kang nami | nênggih wau manuswa | pinarnah nèng ngriku | kinarsakkên dening Allah | ngupakara kalawan kinèn angrukti | mring patamanan ika ||

2. jroning taman isi warni-warni | sawarnining kêkaywan tur kathah | yèn tinon asri katone | catur bangawanipun | ingkang măngka tirta ing ngriki | Pison Gikon kalihnya | Kidèkêl katêlu | kang kaping pat bangawan Prat | sagunging wit woh ambiyêt angêmohi | eca lamun tinêdha ||

3. têngah taman wontên wit kêkalih | kang sajuga nama witing gêsang | sêdene uwit kalihe | uwit măngka pangawruh | panitikan ala lan bêcik | manuswa tan rinilan | nêdha uwohipun | mangkana pacuhing Allah | mring manuswa wanti-wanti datan kêni | nêdha woh wit punika ||

4. sabdanira Hyang Kang Maha Suci | ring manuswa sira wus kalilan | mangan woh wit iki kabèh | kang dadi pacuh Ingsun | wit pangawruh ala lan bêcik | ywa sira mangan wohnya | lêlarangan Ingsun | dene lamun sira mangan | ora kêna ora sira masthi mati | mangkana sabdèng Allah ||

5. kunêng gantya kawarnaa malih | kacarita wau sang wanudya | nuju sajuga arine | pêpara [pê...]

--- 4 ---

[...para] taman ngriku | dunungira cakêt lan uwit | pangawruh bêcik ala | sêngkêran Hyang Agung | wontên taksaka sajuga | kang taksaka sakalangkung dening julig | mojar mring sang wanudya ||

6. atêtanya kanthi têmbung manis | apa nyata Allah wus ngandika | dhawuh ring andika mangke | wohing wit taman iku | sira datan kêna ambukti | wau ta sang wanudya | amangsuli wuwus | kalilan bae ngong mangan | pamêtune wohing wit ing taman iki | kajaba mung sajuga ||

7. uwohira wit kayu kang munggwing | samadyaning patamanan ika | yakti wus ana dhawuhe | sinêngkêr ing Hyang Agung | datan kêna lamun Sun bukti | mangkana sabdèng Allah | wohing uwit iku | poma aywa sira pangan | sanadyana anggêpok bae tan kêni | supaya ywa palastra ||

8. sang taksaka gya amojar malih | ra-orane sirèku palastra | lamun ambuktia wohe | nging Allah Kang Maha Gung | pan wus wikan yèn dika bukti | maring wohe wit ika | kabuka satuhu | netranta satêmah sira | dadya samya lan Allah bangkit nitèni | kang bêcik myang kang ala ||

9. paningalnya wau sang pawèstri | lamun wohe wit ika kapangan | prayoga lan nêngsêmake | tumanduk ing pandulu | dahat [daha...]

--- 5 ---

[...t] dènnya amamengini | tuhu lamun prayoga | awit watêkipun | amintêrakên dumadya | sang wanudya tumulya mêthik woh ing wit | uwoh sigra dhinahar ||

10. kakungira ingaturan ugi | măngka ika iya dhahar uga | dadya ing kono tingale | kabuka kalihipun | dadya wikan yèn lukar sami | nulya nyawung ron arah | dipun sambung-sambung | kinarya awêr-awêrnya | kang supaya lukarnya aywa katawis | nasabi kalingsêman ||

11. duk samana na swara kapyarsi | kang dumêling anèng jroning taman | suwarèng Pangran jatine | ing wanci wijilipun | samirana asribit-sribit | kocapa wau Adam | saha garwanipun | kalih-kalihira samya | nèng jro taman ampingan ing wit andhêlik | dimèn ywa kawistara ||

12. karsanira ngangkah anyikiri |[3] sing tingalnya Hyang Kang Maha Mulya | Yêhuwah Allah nulya ge | nimbali Adam gupuh | hèh ta Adam sira nèng ngêndi | unjuk wangsulanira | dhuh Hyang Maha Agung | duk mirêng sabdèng Paduka | kawula jrih milamba sigra andhêlik | wit kawula awuda ||

13. angandika Hyang Kang Maha Suci | sapa ingkang mêmarah mring sira | kalamun wuda yêktine | apa baya sirèku | uwis mangan wohe wit iki | kang Sun karya [kar...]

--- 6 ---

[...ya] larangan | mring jênêngirèku | poma sira aywa mangan | mring uwohe uwit sêsêngkêran iki | Adam alon turira ||

14. dhuh Pangeran Hyang Kang Maha Suci | tiyang èstri pêparing paduka | punika wau jatine | ingkang asung wohipun | măngka inggih amba tampèni | ugi kawula têdha | dhuh Hyang Maha Luhur | Pangeran nulya ngandika | tingkah apa kang sira lakoni iki | babo sira wanodya ||

15. sang wanudya umatur wotsari | sawêr ingkang asung pangloropan | dadya kawula têmahe | anêdha woh puniku | pan makatên dhuh Hyang Masuci | mangkana sabdèng Allah | asru dhawuhipun | hèh ula sira pan kêna | ing supata luwih saka sarupaning | sato ing ara-ara ||

16. awit dene sira wus nglakoni | kang kadyèka mulane ta sira | gyanira mlaku dadine | asarana wêtêngmu | lan kang dadi panganirèki | sajêge uripira | iya iku lêbu | lan Ingsun bakal akarya | marang sira lan marang si ula masthi | tansah padha mungsuhan ||

17. iya têkan ing wijinirèki | lan wijine sang wanudya ika | tuhu kalamun bakale | angrêmuk mring êndhasmu | dene sira bakal natoni | dumunung nèng tungkaknya | yèku dhawuhipun [dhawuhipu...]

--- 7 ---

[...n] | sigra wau Hyang Mamulya | adhêdhawuh mring wanudya sabdanya ris | hèh ta sira wanudya ||

18. wruhanira dènira garbini | pan rinoban sagung kasusahan | Ingsun kang angakèhake | klawan rêkasa tuhu | lamun sira anduwe bayi | kayungyunira tan lyan | ring lakinirèku | ing măngka ta lakinira | iku bakal amêngku mring wakirèki | mangkana sabdèng Allah ||

19. hèh ta Adam rèh sira nuruti | ring tuture bojonira ika | apadene mangan wohe | uwit sêngkêran Ingsun | măngka walêr marang sirèki | sira tan kêna mangan | kang saka woh iku | bumi kêna ing supata | marga sira sajêge uripirèki | kangelan bakal mangan ||

20. mring pamêtunirèng bumi iki | êri bondhot kang dadi wêtunya | mring sira iku dadine | mangan janganan patut | ênggonira mangan rêjêki | kringêtên rainira | kongsi praptèng lêbu | dene lêbu ananira | awit dene pinangkanta saka bumi | ring bumi wus sambada ||

21. kacarita wau tiyang èstri | sinung aran Khawa dening Adam | Khawèku măngka garwane | mungguh Khawa sinêbut | awit Khawa iku sayêkti | dadya ibuning gêsang | karsèng Hyang Maluhur | manuswa sinung sandhangan |

--- 8 ---

kang kinarya saka walulang tumuli | sinung ring Adam Khawa ||

22. Hyang Masuci angandika malih | rèhning janma lir pêpadhaningwang | bangkit nitèni anane | ala lan bêcik iku | tanganira mulung ywa kongsi | ngalap marang wohira | panguripan iku | yèn ngantia janma mangan | kang satêmah urip ing salami-lami | dumadya Hyang Mamulya ||

23. anundhung ring Adam datan kêni | dadunung nèng sajro taman ika | dumadya manungswa lèngsèr | karsanya Hyang Maha Gung | Adam kinèn angulah bumi | karya srana antuknya | ing rêjêkinipun | margi kang jog witing gêsang | dipun jagi dening malaekat suci | wèh asmara kang mulat ||

Kain kalihan Abil.

2. Asmaradana

1. Jêng Nabi Adam winarni | kêkalih atmajanira | kang tuwa Kain arane | panênggak Abil kang nama | pakaryan datan sama | among kisma ingkang sêpuh | pangèn menda kang taruna ||

2. anuju ing sajuga ri | kocapa kêkalihira | pan samya arsa mamule | saos kurban mring Pangeran | nêtêpi sarengatnya | datan sami kurbanipun | kêkalih warnining kurban ||

3. warni pamêdaling siti | yèku [yè...]

--- 9 ---

[...ku] kurbannya kang tuwa | dene kang anom kurbane | pambajênging mendanira | kinarsan Hyang Mamulya | wit dene Abil puniku | sinêksèn burusing budya ||

4. dene kurbanipun Kain | datan katarimèng Allah | kasaksèn lamun yaktine | Kain tan burus ing budya | bènèh lan arinira | pramila rêngu kalangkung | marêngut mring arinira ||

5. sabdèng Allah maring Kain | yagene sira mangkana | wruhanira yèn yaktine | yèn dhasar sira prayoga | masthi Ingsun tarima | dene lamun tan kadyèku | dosa angarah mring sira ||

6. nanging wruhanira Kain | ywa têluk marang si dosa | balik têlukna dèn age | dupi sabda Hyang Mamulya | tumanduk Kain sigra | mring ari arsa kêkaruh | mangkana ingkang kocapa ||

7. anuju sajuga ari | kalihnya samya nèng sawah | gya tuwuh kadursilane | yun nganiaya arinya | dupi sampun prastawa | arinya sigra pinupuh | sakala Abil palastra ||

8. Pangeran ngandika aris | hèh ta Kain arinira | Si Abil ngêndi dununge | kawula botên uninga | amba dede êmbannya | mangkana Kain turipun | Pangeran malih ngandika ||

9. apa kang sira lakoni | dene gêtihe arinta | sambat maring Sun yaktine [yakti...]

--- 10 ---

[...ne] | sira kênèng ipat-ipat | gyanira ngolah lêmah | wohe bakal ora mêtu | lan sira angulandara ||

10. Kain nulya matur aris | dhuh Pangeran dosa amba | kalangkung-langkung agênge | datan kenging ingaksama | sintên ingkang kapanggya | kalihan kawula tamtu | kawula gya pinêjahan ||

11. sihira Hyang Maha Suci | Kain nulya tinêngêran | dumunung anèng awake | ciri tatêngêr pratăndha | Kain ywa pinatenan | sawusira kang kadyèku | kesah saking ngarsèng Pangran ||

12. cinarita wau Kain | nèng tanah gon dunungira | sawetane tanah Edèn | mênggah anak putunira | samyambêk sumangkeyan | anuruni yayahipun | datan èngêt mring Pangeran ||

13. kunêng winursita malih | turunnya Kain têtiga | juga Yabal panêngrane | yèku kang murwa pakirtyan | ngumbara angon kewan | kadwi Yubal namanipun | yèku dadya lalu rinya ||

14. kang baud lêlagon gêndhing | katri Tubalkain rannya | sayang pandhe nalurine | ênêngna putra tatiga | gantya ingkang kocapa | Khawa duk ing pêjahipun | Abil kang putra winarna ||

15. babar putra kakung malih | Nabi Sis panêngranira | asma Sis iku wardine | măngka [măng...]

--- 11 ---

[...ka] lintu ingkang ical | yèku ingkang paputra | Idris salèhnya kalangkung | tan pêgat madhêp ring Allah ||

16. têmah kainggahkên swargi | datan ngalami pralaya | Idris pan ana turune | mêtu sêlak asmanira | yuswa panjang priyăngga | sangang atus swidak taun | atêtêp awèt taruna ||

Bumi kinêlêm.

3. Sinom

1. cinarita duk samana | mindhak kathahing sujanmi | durakanya mindhak-mindhak | kang sami dipun lampahi | karya bêndu Hyang Widhi | sabdèng Allah Kang Maluhur | manuswa badan wadhag | yêkti mopo ing rèh mami | Sun sabari jro satus rong puluh warsa ||

2. dupi wus praptèng ubaya | tan tobat ring Hyang Masuci | malah sangsaya andadra | duskarti kang dèn lampahi | karsanira Hyang Widhi | manuswa arsa ginêmpur | amung wontên sajuga | tiyang salèh Nuh kang nami | pan punika ingkang manggih sihing Allah ||

3. dhinawuhan ing Pangeran | kang supadya Ênuh kardi | baita petak-petakan | mawa jandhela myang kori | asta ukuranèki | panjangira tigang atus | sèkêt asta mêgêngnya | tri dasasta ingkang inggil | sabab dene [de...]

--- 12 ---

[...ne] bumi arsa kinum toya ||

4. Nuh sagarwa putranira | kalawan mantunirèki | samya malbèng jro baita | myang sanggyaning kang kumêlip | rupa daging tan kèri | tumut malbèng jroning prau | myang sarupane pangan | lan măngka bibit nèng bumi | pan nyajodho kwèhnya kutu walangtaga ||

5. Nabi Nuh datan langgana | anut agnyaning Hyang Widhi | dene sanggyaning pra tiyang | samya datan amraduli | ring dhawuh Hyang Masuci | samya dènnya andalurung | pamurang-sarakira | Nabi Nuh sigra umanjing | jro baita garwa putra myang babêktan ||

6. duk samana yuswanira | Nabi Ênuh amarêngi | nêm atus warsa etangnya | duk bumi kinêlêm warih | Allah nulya ngancingi | korining baitanipun | dhasaring jladri bêngkah | amênga korining langit | kadidene dèn sokkên dhawahing jawah ||

7. kang kadyèka laminira | ngantos kawan dasa ari | kawan dasa dalu tansah | toya mindhak sabên ari | agêng indhaking warih | kang baita kampul-kampul | saking agênging toya | pucaking ardi kang nginggil | silêpira ngantos gangsal wêlas asta ||

8. dupi sampun gangsal căndra | punika katoging warih | janma myang sato dharatan | sadaya samya ngêmasi | mung Nuh

--- 13 ---

sakănca tuwin | kewan kang nèng jroning prau | ingkang samya raharja | liyan lêbur tanpa dadi | sarêng sampun kawuntat sing gangsal wulan ||

9. Allah andhatêngkên barat | gya wiwit surud kang warih | baitanya Ênuh kandhas | nèng pucak Ararat ardi | dupi sampun angancik | ing sadasa wulanipun | pucaking sagung arga | wus samya katingal malih | sarêng sampun kawan dasa dintên êngkas ||

10. Ênuh ambikak jandhela | gya anguculakên pêksi | kang dèn culkên paksi dhandhang | dhandhang mabur bola-bali | nging tan malêbêt malih | dhatêng jro sêngkêranipun | gya nguculakên dara | dara datan purun anis | nulya wangsul malêbêt jro sêngkêrannya ||

11. êlêt pitung dintên nulya | dara inguculkên malih | wusing mabur bali sigra | lunging jaitun cinangking | antawis pitung ari | nguculkên dara tan wangsul | tutup baita sigra | binuka dening Nuh aglis | tiningalan lamun toya sampun asat ||

12. sasampunnya kalih căndra | tinon siti sampun gasik | sigra Nuh sakancanira | mijil sing baita sami | sawijilira nuli | saos kurban Nabi Ênuh | yeka măngka pratăndha | panuwun mring Hyang Masuci | waktu ika Hyang Maha Mulya ngandika ||

13. têmbe wuri [wu...]

--- 14 ---

[...ri] datan arsa | ngipat-ipati ring bumi | kang awit dening manuswa | awit pikire tan bêcik | alane wiwit cilik | têmbe bumi iku tulus | sajêge sinêbaran | datan pêgat siyang ratri | adhêm panas katiga rêndhêng ngundhuhan ||

14. Nabi Ênuh sinung barkah | kang rumêntah sing Hyang Widhi | saha akarya prasêtya | lir kang wus kawahyèng nginggil | măngka têngêring jangji | inggih punika kaluwung | kocap putrèng Nuh tiga | Sèm Kam lan Yapèt wêwangi | yèku ingkang nurunkên sakwèh manuswa ||

Panggung ing Babil.

15. Jêng Nabi Ênuh kocapa | duk seda yuswa marêngi | sangang atus sèkêt warsa | wusnya bumi kinum warih | wêwah yuswèng jêng nabi | tigang atus sèkêt taun | măngka wuri tan ana | umuring janma nyênyami | mung umurnya Sèm dungkap nêm atus warsa ||

16. wiwit nalika punika | karosanira pra janmi | katongton sangsaya suda | kacihna umuring janmi | sêpuh-sêpuhnya aming | umur kawan atus taun | datan antara lama | mundur kathah ingkang warsi | lami malih mandar amung satus warsa ||

17. nalika jaman punika | wontên satunggaling janmi | kaprênah

--- 15 ---

wayahira Kam | Namrud sinêbuting nami | ing nguni kang pakarti | ambêdhag sato wana gung | murwa ambawah janma | masesa myang misesani | yasa kraton ing Babil langkung kuncara ||

18. basanya sanggyaning janma | mung ngangge basa satunggil | kocapa tyang tanah Singar | pan sami sagolong pipis | arsa mangun nagari | mawi panggung gêng aluhur | dêdêl sundhul akasa | misuwura ingkang nami | lan tatêngêr manuswa ywa pating slêbar ||

19. nanging prakawis punika | Pangeran datan marêngi | pramila nulya tumêdhak | ngisruhkên basaning janmi | dumadya tan mangrêti | wicaraning kancanipun | uwuk yêyasanira | para tiyang buyar sami | ting salêbar lir pucung ngêbaki jagad ||

Nabi Ibrahim tinimbalan.

Papisahan kalihan kapenakanipun nama Lut.

4. Pocung

1. sêkar Pucung kocapa ing nagari Ur | wontên tyang sajuga | turasira Sèm ing nguni | nama Terah pan tatiga kang atmaja ||

2. kang rumuhun yèku Abram asmanipun | Nakor kalihira | katiga Aran wêwangi | kacariyos dupi Aran tilar dunya ||

3. kang winuwus

--- 16 ---

Terah dalah rayatipun | gya pindhah panggenan | dhatêng ing Mesopotami | kang nagari sinêbut nagari Aran ||

4. duk puniku manuswa kathah kalangkung | kêdhik ingkang nêmbah | maring Allah Kang Sajati | kang dèn sêmbah dede jatining Pangeran ||

5. Hyang Maha Gung mring Abram nulya dhêdhawuh | mangkana sabdanya | Pangeran Kang Maha Suci | Abram kinèn nilar tanah wutah rahnya ||

6. kang tinuju kang dèn têdah Hyang Matuhu | dhatêng Nabi Abram | wontên ngriku dèn barkahi | pinêncarkên dadya băngsa andrêbala ||

7. asmanipun kinarya mulya Hyang Agung | Abram dadya marga | barkahnya Hyang Maha Suci | sadhengaha ingkang asih dhatêng Abram ||

8. sampun tamtu antuk sihnya Hyang Matuhu | wangsul sadhengaha | ingkang angipat-ipati | dhatêng Abram antuk supataning Pangran ||

9. sakwèhipun janmantuk barkah Hyang Agung | tan lyan saking Abram | yèku dhawuh Hyang Masuci | dhatêng Abram duk nalika tinimbalan ||

10. gupuh-gupuh Abram satampinya dhawuh | anulya bidhalan | mèstuti dhawuh Hyang Widhi | kang kabêkta nênggih Sarah ingkang garwa ||

11. ingkang katut kapenakannya nama Lut | duk kala samana | yuswanya Abram marêngi |

--- 17 ---

etangira pitung dasa gangsal warsa ||

12. sarêng sampun Nabi Abram tindakipun | prapta ing Kanangan | sigra Hyang Kang Maha Suci | ngatingali maring Abram kêkasihnya ||

13. saha dhawuh mangkana sabda Hyang Agung | mungguh iki tanah | kang wus sira uningani | bakal Ingsun paringake turunira ||

14. dupi sampun tarwaca panampinipun | Nabi Abram sigra | yasa pakurbanan aglis | myang mamuji konjuk asmaning Pangeran ||

15. kang winuwus Nabi Abram kalawan Lut | darbe rajakaya | kathahira anglangkungi | bumi ngriku karya angèn datan cêkap ||

16. pangènipun Nabi Abram lan pangèn Lut | samya padudonan | rêbatan pangenan sami | Nabi Abram myang Lut sami pirêmbagan ||

17. rèhne aku lan kowe padha sadulur | tanah iki jêmbar | kang supaya aja kongsi | jênêngira lan aku padha sulaya ||

18. pra pangonku kalawan para pangonmu | pisahan kewala | aku nganan kowe ngering | lamun kowe manêngên aku kang ngiwa ||

19. tumulya Lut milih siti imbangipun | Yardèn kang bangawan | laladan Ngamorah nagri | kang sitinya sakalangkung êlohira ||

20. êlohipun lir pendah taman ing Pirdus | Lut [Lu...]

--- 18 ---

[...t] manggyan ing kana | dene Nabi Abram ngalih | dhatêng Mamrèh cêlak Kebron kang nagara ||

21. kang winuwus Kedarlangomêr[4] Sang Prabu | natèng nagri Elam | nglurug maring Sadum nagri | lan Ngamorah arsa pinukul ing yuda ||

22. Raja Sadum lan Ngamorah yudanipun | kasor kalihira | sawadyanya kèngsêr sami | saisinya sanggyaning griya jinarah ||

23. sakwèhipun para tiyang tanapi Lut | kapikut tinawan | sigra binoyongan sami | dening Prabu Kedarlaomêr sawadya ||

24. lah ing ngriku wontên sajuga tyang Sadum | kêbat tur uninga | dhatêng ngarsèng Abram Nabi | purwa madya wusananya ingkang aprang ||

25. gupuh-gupuh Abram arsa magut pupuh | kêrigan sawadya | sumêkta ing damêl sami | cacahira tyang tigang atus wolulas ||

26. sang aprabu Kedarlaomêr katukup | anèng pasipêngan | kêplayu wau sang aji | Lut sabrayat wah sabarang darbèkira ||

27. bala Sadum sarta jarahan karêbut | dening Nabi Abram | sadaya tan ana cicir | Nabi Abram gya kondur ing nagrinira ||

28. konduripun Nabi Abram dipun pêthuk | Ratu Salèm praja | Malkisèdèk Narapati | ngiras imamira Allah

--- 19 ---

Kang Mamulya ||

29. kusung-kusung atur roti saha anggur | dhatêng Nabi Abram | binarung puji mawanti | Abram mugi antuk barkah sing Hyang Mulya ||

30. Hyang Maha Gung kang mêngku bumi swarga gung | Allah kaluhurna | dene sampun karsa ngusir | mêngsah samya dèn ulungkên ring andika ||

31. Raja Sadum pinanggih mring Abram sampun | nêdya tyang boyongan | kawulanira pribadi | dene barang jarahan datan ingetang ||

32. karsanipun lêstantun kagunganipun | Kangjêng Nabi Abram | nanging Abram datan apti | lon mangsuli dêmi Allah Kang Mamulya ||

33. dhuh sang prabu kawula pan botên purun | mamêndhêta barang | kagungan paduka aji | sanadyana bênang saêlêr kewala ||

34. andhapipun jangêt trumpah inggih sampun | supadya wurinya | aywa paduka mastani | Ingsun ingkang nyugihake marang Abram ||

Kumandêlipun Nabi Ibrahim.

5. Pangkur

1. kapungkur rèh Sadum praja | cinarita datan antara lami | wau ta Hyang Maha Agung | ngatingali mring Abram | adhêdhawuh maring Abram sabdanipun | Abram aywa

--- 20 ---

wêdi sira | Ingsun têtamèngirèki ||

2. lan ganjaranira nyata | luwih agung tan ana kang madhani | Nabi Abram nulya munjuk | dhuh Pangeran Yêhuwah | paring Tuwan punapa pratandhanipun | kalangkung runtag tyas amba | paduka tan paring wiji ||

3. Pangeran nulya ngandika | maring Abram sira tumêngèng langit | milanga kwèh lintangipun | kalamun sira bisa | wruhanira ing têmbe turunirèku | lir lintang iku cacahnya | pan datan kêna winilis ||

4. lêga tyasira Abraham | lêganira kanthi kumandêl ugi | ring dhawuhirèng Hyang Agung | Pangeran Kang Mêngku Rat | măngka ingkang dadya kumandêlnya wau | inganggêp dening Pangeran | dadya kautamèn yakti ||

5. kunêng gantya kang winarna | Nabi Abram duk yuswanya marêngi | etang sangang dasa taun | tampi dhawuhing Pangran | Ingsun iki Allah Kang Makwasa tuhu | sira madhêpa maringwang | kang têmên-têmên ing ati ||

6. Sun arsa karya prasêtyan | lawan sira lan turunira wuri | Sun karya kang luwih agung | marmane jênêngira | karan Abram iku bakal Ingsun pundhut | samêngko sira arana | Ibrahim iku mantêsi ||

7. sabab sira Ingsun karya | lêlajêre băngsa akèh ing bumi | sawusira kang kadyèku [kadyè...]

--- 21 ---

[...ku] | Allah Kang Maha Mulya | andhawuhkên mring Ibrahim umatipun | pranatan têtak namanya | măngka têngêring prajangji ||

8. tan antara Allah nulya | ngatingali dhatêng Ibrahim malih | wontên Mamrèh dunungipun | têngange wancinira | eca lênggah Nabi Ibrahim jro tarub | dupi jêng nabi tumênga | myat tatiga kwèhning janmi ||

9. Ibrahim gupuh amapag | myang umatur kanthi sumungkêm bumi | mangkana kang dadya atur | yèn wontên sih paduka | kawula yun ngambil toya wijik suku | sumăngga paduka lênggah | munggwing soring wit puniki ||

10. kawulatur roti pisan | sigra-sigra jêng nabi malbèng panti | sung parentah garwanipun | apêm dèn ratêngana | kangjêng nabi sigra mragat pêdhèt lêmu | sasampunira ingolah | linadoskên gya binukti ||

11. wusing dhahar Pangran nabda | Ingsun arsa bali marene maning | sataun manèh kang waktu | lawan wêruhanira | lamun Sarah bakal duwe anak jalu | mangkana sabda Pangeran | kang dhumawuh ring Ibrahim ||

12. tatkala samana Sarah | lagya eca nèng jro tarub alinggih | wus waspada ing pangrungu | gumuyu jro wardaya | Allah nabda paranbaya Sarah guyu | tan na mokal mungguh Pangran | mung sira aywa ngunduri ||

--- 22 ---

Pandonganipun Nabi Ibrahim.

6. Durma

1. tamu tiga wau lajêng sami bidhal | laju dènnya lumaris | maring Sadum praja | Nabi Brahim tut wuntat | ngandika Pangran nèng margi | Ibrahim masa | ora Ingsun blakani ||

2. mring prakara kang masthi bakal tumindak | awit sagung pra jinis | olèhe sih samya | marga saka Abraham | lan manèh wus Ingsun piji | marentahana | anak putune sami ||

3. padha ngambah dalan pitêdahe Pangran | nglakoni bênêr bêcik | saksana Pangeran | paring priksa ring Abram | badhe ngrisak Sadum nagri | lawan Ngamorah | satiyangira sami ||

4. awit dene saking kwèh durakanira | saksana Nabi Brahim | marêk ngarsèng Pangran | umatur angrarêpa | dhuh Pangeran Kang Masuci | punapa Tuwan | karsa numpês ring janmi ||

5. ingkang sae tunggil lan ingkang duraka | manawi dalêm nagri | wontên tiyangira | sèkêt ingkang utama | punapa Tuwan tan mlasi | kang kathah-kathah | wit saking sèkêt janmi ||

6. Gusti Allah gya mangsuli pangandika | lamun ana wong bêcik | sèkêt cacahira | ana Sadum nagara | kang akèh-akèh sayêkti | Ingsun apura | wit wong sèkêt kang bêcik|| [bêci...]

--- 23 ---

[...k||]

7. Kangjêng Nabi Ibrahim matur ing Pangran | dhuh Allah Kang Masuci | sanadyan kawula | lêbu awu wujudnya | kawula yun matur malih | ing ngarsa Tuwan | dhuh Pangran Kang Masuci ||

8. lamun tiyang sèkêtipun kirang gangsal | ing Sadum kang prayogi | nagari punika | sèstu Tuwan tumpêsa | Pangeran Kang Maha Suci | mangsuli sabda | datan dèn tumpês pasthi ||

9. lamun wonge ganêp patang puluh lima | Kangjêng Nabi Ibrahim | tansah matur nganyang | mring Allah Kang Mamulya | nagari punika bilih | wontên tiyangnya | kawan dasa kang janmi ||

10. mundur-mundur tigang dasa kalih dasa | malah-malah manawi | amung tyang sadasa | kang munggwing Sadum praja | Pangeran inggih nyagahi | andikanira | sok dhasar wonge bêcik ||

11. kang tinêmu ana ing Sadum nagara | nadyan cacahing janmi | sapuluh kewala | wuk tumpêse nagara | Pangeran gya linggar aglis | Jêng Nabi Abram | kondur ing Mamrèh nagri ||

Risaking nagari Sadum kalihan Ngamorah.

12. dupi sampun ing wanci sontên Pangeran | têdhak ring Sadum nagri | ingkang atut wuntat | kêkalih malaekat | Lut [Lu...]

--- 24 ---

[...t] pinuju lênggah munggwing | korining kitha | dupi Lut aningali ||

13. ing rawuhnya kêkalih sang malaekat | dadak Lut klintu tampi | kinintên bilih tyang | kang lagya alêlampah | nulya mêthuk ngacarani | kang lagya prapta | dahat dènnya mangungkih ||

14. ingaturan nyare munggwing wismanira | malaekat nglêgani | wusnya samya lênggah | gya sinunggata dhahar | dupi sampun madya latri | tiyang Ngamorah | sêpuh lan anèm sami ||

15. anggarubyug mring wismanira Lut nêdya | nandukkên kang piranti | arsa amaeka | ing tamu kêkalihnya | dening Lut dipun panggihi | tyang Sadum samya | pinênging datan kenging ||

16. malaekat kêkalih anulya mêdal | narik Lut manjing aglis | kinancing korinya | sagung tyang kang nèng jaba | katanduk wêwalat sami | wuta netranya | bingung datan wrin margi ||

17. mèk-êmèkan ngupaya kori tan manggya | malaekat nabda ris | hèh Lut lamun sira | adarbe kulawăngsa | kang nèng jro nagara iki | sira ajaka | mêtu jaba dèn aglis ||

18. awit dene praptèngsun iki dinuta | dening Hyang Maha Suci | kinèn angrusaka | nagara Sadum ika | Lut tumulya asung warti | nalar sadaya | mring calon mantunèki ||

19. calon mantu wau sami [sa...]

--- 25 ---

[...mi] tan pracaya | panampinira sami | sêmbranan kewala | dadya tilar waweka | dupi wanci bangun enjing | sang malaekat | nulya ngatag Lut aglis ||

20. kinèn mijil sing nagari gêgancangan | dalah saanak-rabi | nging Lut tansah randhat | gya malaekat ngasta | maring Lut saanak-rabi | kairit mêdal | saking Sadum nagari ||

21. sarêng sampun dumugi sajawi praja | malaekat nabda ris | aja nolih sira | rêbutên uripira | ywa mandhêg nèng wêngkon iki | supaya sira | ywa kongsi katut mati ||

22. tindakira Lut wus prapta nagri Soar | sawijilnya hyang rawi | nulya Gusti Allah | anjawahkên walirang | myang latu saking wiyati | nampuh nagara | Sadum Ngamorah sami ||

23. myang anumpês maring nagari punika | sawawêngkonnya sami | wus asirna gêmpang | tan na măngga puliha | semah Lut nolih nèng margi | malih sakala | tugu sarêm kang warni ||

24. kawuwusa Ibrahim ing enjangira | dhatêng panggenan nguni | duk marêk Pangeran | tumênga myat nagara | Sadum Ngamorah katawis | kukus dahana | umijil saking bumi ||

--- 26 ---

Lairipun Nabi Iskak, Ismangil katundhung.

7. Mijil

1. prasêtyanya Allah mring Ibrahim | amangkya katuhon | amarêngi Ibrahim yuswane | satus warsa etangnya lumaris | Sarah anggarbini | babar putra kakung ||

2. sinung têngêr Iskak kang bêbayi | putra nêmbe miyos | duk samana Ibrahim wus darbe | putra jalu anama Ismangil | mijil saking sêlir | Agar namanipun ||

3. pamêgêngnya Iskak sang bêbayi | ing sajro pakuwon | giyak-giyak suwara arame | ăndrawina siyang miwah ratri | samana Ismangil | sêmbrana bêk rusuh ||

4. Sarah matur ing Nabi Ibrahim | ananging lêlakon | lamun Agar dalah atmajane | tinundhunga kewala sing ngriki | Jêng Nabi Ibrahim | duk myarsa turipun ||

5. mring kang garwa Jêng Nabi Ibrahim | rêngunya kapatos | nging Pangeran nulya lon dhawuhe | aja rêngu hèh sira Ibrahim | apa ingkang dadi | cature rabimu ||

6. turutana kewala abêcik | iki kang lêlakon | turunira sing Iskak bakale | pancêr iki kang êmban prajangji | aywa cilik ati | mring Ismangil iku ||

7. têmbenira bakal Ingsun kardi | pinunjul sakwèh wong | bakal dadi băngsa

--- 27 ---

luwih gêdhe | dupi enjing Jêng Nabi Ibrahim | Agar myang kang siwi | kalihnya tinundhung ||

8. sinangonan roti tuwin warih | wisata sakloron | lampahira kasasar margane | ngara-ara ing Bèrseba sêpi | têlas ingkang warih | dumugi ing ngriku ||

9. sêndhang-sêndhang tan wontên pinanggih | kasatan sayaktos | atmajanya gya sinèlèh age | munggwing soring ingkang uwit-uwit | tinon saking têbih | sarwi thênguk-thênguk ||

10. awit datan wantala ningali | namtokakên layon | tan antara Ismangil sambate | piniarsa dening Hyang Masuci | gya anuduh maring | malaekat tulung ||

11. malaekat nguwuh Agar aglis | andikanya alon | hèh ta Agar yagene ta kowe | aywa sira sumêlang kapati | wudhara sing kingkin | pitulung Hyang Agung ||

12. sanalika dumadya Agar wrin | wontên sêndhang tinon | atmajanya nulya sinung ngombe | măngka Allah jangkung ring Ismangil | kongsi praptèng wanci | Ismangil dêdunung ||

13. ngara-ara Paran ingkang nami | sirna kang prihatos | dadya gêrma têmbe nurunake | kalih wêlas cacah para aji | myang băngsa Ismangil | iku têdhakipun ||

--- 28 ---

Nabi Iskak badhe kadamêl kurban.

8. Kinanthi

1. kinanthi wuryaning tutur | tinutur Nabi Ibrahim | dupi wus antara lama | jêng nabi arsa cinobi | dening Pangeran kang mulya | supaya ngurbana siwi ||

2. mangkya pangandikanipun | Pangeran Kang Maha Suci | hèh Ibrahim sutanira | Si Iskak kang ontang-anting | kang sira trêsnani ika | winawaa marang ardi ||

3. tanah Moria kang gunung | ana ing kono dèn aglis | karyanên kurban obaran | mangkana karsèng Hyang Widhi | kawuwusa wanci enjang | anênggih Nabi Ibrahim ||

4. ing abahan kuldinipun | wisata lawan kang siwi | abdi kêkalih tut wuntat | winawanan kayu aking | kang wus samya sinigaran | tumindak agnyèng Hyang Widhi ||

5. cinarita lampahipun | dupi wus antuk tri ari | Nabi Ibrahim tumênga | myat unggyan ardi sing têbih | Nabi Ibrahim gya ngagnya | maring abdinira kadwi ||

6. hèh sira karo baturku | kèri kene nunggu kuldi | mung Iskak arsa sun gawa | wusing sêmbahyang sun bali | laju Ibrahim tindaknya | nyangking latu miwah sêking ||

7. Nabi Iskak kang tut pungkur | winawanan kayu aking | dupi anèng têngah marga | umatur maring sudarmi [sudar...]

--- 29 ---

[...mi] | dhuh rama anggèn paduka | asaos kurban puniki ||

8. latu tuwin kajêngipun | sadaya sampun cumawis | wangsul cêmpenya dhuh rama | punika wontên ing pundi | Ibrahim mangsuli sabda | dhuh anggèr ywa walangati ||

9. gampang prakarane wêdhus | Kang Masuci kang maringi | laju wus praptèng unggyannya | pakurbanan gya rinakit | kajêng tinrap saluhurnya | sasampunira rumanti ||

10. Nabi Ibrahim abikut | kang putra dipun tangsuli | tinumpang pancaka sigra | tumulya anambut sêking | tumêlung yun mragat putra | lah malaekat kang suci ||

11. sing swarga anguwuh-uwuh | hèh Ibrahim dèn aririh | dêlingna andikèng Allah | mangkya dhawuh Kang Masuci | bocahe ywa pinarjaya | tatela trang yèn sirèki ||

12. dhasar wêdi mring Hyang Agung | kongsi tan ngeman ring siwi | sanadyan kêkasihira | pinundhutan dèn cukêngi | duk ana swara kapyarsa | Nabi Ibrahim tumolih ||

13. katon ana kambing jalu | kacangkol singating kambing | Ibrahim awas tumingal | cinêpêng sigra kang kambing | anulya kinarya kurban | măngka lalintu kang siwi ||

14. malaekat malih nguwuh | dinêlingna hèh Ibrahim | dhawuhe Allah mring sira | dêmi asmanya pribadi | rèh sira wus lumaksana [luma...]

--- 30 ---

[...ksana] | tumindak rèh Kang Masuci ||

15. kongsi tan ngeman sirèku | mring anakira kêkasih | mula têdhakira bakal | binarkahan Kang Masuci | lir kwèh lintang ing akasa | cacahe turunirèki ||

16. uga pra jinis sadarum | tămpa barkah Kang Masuci | tan liya marga sing sira | de sira datan ngukuhi | pinundhut atmajanira | mèstuti Kang Maha Suci ||

17. sawusira kang kadyèku | wau ta Nabi Ibrahim | kondur dhatêng nagarinya | panggih lan abdinya kalih | măngka Iskak atut wuntat | brăngta ring Bèrseba nagri ||

Kramanipun Nabi Iskak.

9. Asmaradana

1. kunêng gantya kang winarni | Nabi Ibrahim myang garwa | wus samya kathah yuswane | Sarah kang rumuhun seda | nèng Kebron yuswanira | satus pitu likur taun | Nabi Ibrahim karuna ||

2. wusing tataning patangis | sinarèkakên ing guwa | guwa Kumakpelah rane | guwa punika antuknya | Ibrahim srana numbas | saking para tyang ing ngriku | kinarya gênthan slaminya ||

3. samana Nabi Ibrahim [Ibrahi...]

--- 31 ---

[...m] | pan sampun sêpuh ing yuswa | kang măngka Iskak putrane | dèrèng nambut palakrama | karya susahing driya | jêng nabi nimbali sampun | mring sajuga abdinira ||

4. ingkang pinitayèng salir | barang darbèk kagungannya | ring abdi ing pangwasane | abdi sawusnya ngandikan | lon sowan ing ngarsanya | alinggih pranata sampun | jêng nabi dhawuhkên sabda ||

5. marma sira sun timbali | dadia wêruhanira | kalamun ingsun wus lungse | măngka Iskak putraningwang | jêjaka ananira | akarya duhkitaningsun | sira kang ingsun pitaya ||

6. enggal upayakna rabi | prayoga măngka timbangan | mring Iskak dadi jodhone | poma-poma wêkas ingwang | lamun sira ngalapa | mring wanudya aywa kliru | wanita tanah Kênangan ||

7. iku taturunan kapir | uripe nêmbah brahala | kayu watu pêpujane | tan wrin mring Allah sanyata | kang murba ananira | bumi langit samodra gung | lawan kang dadya isinya ||

8. balik sira angulati | kang măngka rabine Iskak | iku pinèta asale | saka tanah Pandanaran | tanah klairan ingwang | kang dadi wrêsni wangsaku | sêmbada rabine Iskak ||

9. estokna pêpacuh iki | kênaa supata sira [si...]

--- 32 ---

[...ra] | kalamun sira nyalèwèng | murang sing parentah ingwang | gugu karêp priyăngga | kasiku Allah Maha Gung | jêng nabi wusnya ngandika ||

10. awotsari kanang abdi | lumèngsèr saking ngarsanya | wisata dalah wawane | wawane unta sadasa | winratan rajabrana | papèni măngka pamêthuk | sinung sing bandaranira ||

11. lêpas lampahe wus prapti | laladan nagari Aram | apan ing ngriku unggyane | santananira Abraham | Nakor kêkasihira | lon jêrumkên untanipun | munggwing satêpining sêndhang ||

12. anèng sêndhang kanang abdi | gya nyanyuwun mring Allahnya | alon wijiling unjuke | dhuh Pangeran Allahira | Ibrahim bandarèngwang | rumêntah asih pukulun | mring Iskak ari punika ||

13. mugi-mugi lampah patik | sinagêdna antuk karya | punikèstri yun mêndhêt we | rare-rare maksih kênya | ulun damêl têmbaya | amba badhe asung têmbung | ring salah juga raryeka ||

14. bok aku sungana warih | pinèt saka êjunira | apan ingsun arsa ngombe | dhuh gusti pra lare samya | pundi paduka têdah | kinarsakkên jodhonipun | nênggih Iskak bandaramba ||

15. panuwun kawula gusti | mugi lare mangsulana | sumăngga andika

--- 33 ---

ngombe | sumawana unta dika | kula ombèni pisan | makatên pêpanggil ulun | dhuh gusti mugi pinyarsan ||

16. sawusira kang kadyèki | wontên wanudya sajuga | prapta sarwi ngindhit june | kanang abdi kagawokan | umyat endahing warna | maring kênya ingkang ngangsu | wusnya kang jun ingisenan ||

17. tan sarănta kanang abdi | gya mêthuk sarywa wacana | aku wènèhana ngombe | pinèt saka êjunira | sathithik bae trima | sang kênya mangsuli wuwus | sumăngga dika ngunjuka ||

18. lan unta andika sami | arsa ngong ombèni pisan | sawusnya abdi angombe | lare maksih ngambil tirta | karya ngombèni unta | wusing ngombe untanipun | abdi anjêtung kaliwat ||

19. kalpika jêne ingambil | sangsangan jêne sapasang | sinung ring lare myang takèn | sirèku yogane sapa | lan sapa aranira | sang kênya mangsuli wuwus | kalamun andika tanya ||

20. nênggih dhatêng awak mami | Ribkah paringing sudarma | sudarma kula Bêtuèl | dene Bêtuèl punika | putra Nakor lan Milkah | pratyaksa abdi asujud | sumungkêm maring pangeran ||

21. pangudasmaraning abdi | linuhurna Kang Mamulya | dene têka agung sihe |

--- 34 ---

muwah ing kasêtyanira | marang bandaraningwang | lan wus ngirid salakuku | praptèng wismèng wangsanira ||

22. ênêngêna wau abdi | Ribkah mantuk gêgancangan | lêstari praptèng wismane | sung warta ring ibunira | myang Laban sadhèrèknya | wisata Laban amêthuk | ing praptane taminira ||

23. wus cundhuk lan kanang abdi | ingirid laju lampahnya | dupi wus praptèng wismane | sinambrama ing pambagya | wusnya atata lênggah | sinugata sugun-sugun | nging abdi dahat langgana ||

24. kumêdah pratela dhihin | ingkang dadya lampahira | ring Laban alon ature | sanggyaning pitungkasira | Ibrahim bandaranya | wah sagung lampahanipun | purwa madya wasananya ||

25. tata titi tètèh titis | têtês tan na kaliwatan | kocap Laban lan Bêtuèl | duk miyarsa turing abdya | tumanêm ing wardaya | lamun prakawis puniku | trang saking karsèng Pangeran ||

26. Laban myang Bêtuèl sami | tan langgana lir rêmbagnya | kanang abdi lêga tyase | parusa mijilkên barang | jêne tuwin salaka | miwah wastra wusnya cancut | nulya sinung dhatêng Ribkah ||

27. mangkya abdi Jêng Ibrahim | dalah ing sarowangira | tan langgana mangan ngombe | samya sipêng ing ratrinya | dupi wus praptèng [pra...]

--- 35 ---

[...ptèng] enjang | minta pamit ayun mantuk | anging dahat ginendholan ||

28. binudi sipênga malih | ngantya sawatarèng arya | anging dahat langganane | abdi alon saurira | aywa pisan andika | anggendholi lampah ulun | jêr Allah wus nganthi kula ||

29. rowanging kardi nambungi | Ribkah tinari kewala | kadya paran ing karsane | wisata ari punika | napi arsa samaya | nulya Laban nuduh gupuh | animbali dhatêng Ribkah ||

30. tan antara sampun prapti | ing ngarsanira sudarma | lon nabda wau Bêtuèl | hèh Ribkah atmajaningwang | ingsun arsa têtanya | paran kang dadi karêpmu | ing rèhe utusan ika ||

31. wit arêp bali ri iki | sira pan arsa winawa | kèrida ing salakune | apa sira nut ing lampah | apa sira langgana | wangsulana dhuh anakku | prasajaa mring sudarma ||

32. Ribkah nanggapi sudarmi | alon wijiling turira | dhuh rama kula andhèrèk | kèrida ari punika | winawa ing utusan | sudarma paring pangèstu | Ribkah gya sinung pawongan ||

33. wusnya dènira cêcawis | nulya Ribkah bêbidhalan | wisata sapawongane | prathistha gigiring unta | ginarbêg abdèng Abram | ênêngêna

--- 36 ---

ingkang kantun | wuwusên kang lumaksana ||

34. tan antara sampun prapti | pêdhak lan unggyan Abraham | nujwa wayah lingsir kulon | amarêngi Nabi Iskak | mijil arsa sêmbahyang | ngara-ara kuwonipun | tumênga myat unta prapta ||

35. nênggih Ribkah ingkang prapti | duk mulat ana sujanma | lumaksa nuju parane | anulya têdhak sing unta | alon dènnya têtanya | sapa baya uwong iku | lumakwa mapag maringwang ||

36. kanang abdi awotsari | punika bandara Iskak | Ribkah duk mirêng ature | anulya lumakswa dharat | maoni busananya | tinrap sigra kang kakudhung | măngka sasabing wadana ||

37. wus cundhuk putra lan putri | kanang abdi apêpajar | ring Iskak ing salampahe | purwa praptèng wasananya | Iskak gya nambut Ribkah | winawa tarubing ibu | titi kartining pangantyan ||

38. Ribkah dahat dèn trêsnani | tulus samya sih-sinihan | dadya Iskak lipur tyase | gyannya tinilar ing rena | wus lama duhkitèng tyas | kunêng ingkang manggung lipur | wuwusên Nabi Abraham ||

39. yuswanira kangjêng nabi | satus pitung dasa gangsal | tuwuk nèng donya sugênge | mangkya wus têkèng samaya | jêng nabi nulya seda | sinarèkkên kuburipun | dening Ismangil myang Iskak ||

--- 37 ---

Nabi Yakub lan Esap.

10. Sinom

1. taruna Iskak winarna | duk panggih Ribkah marêngi | yuswa kawan dasa warsa | dahat dènira mamuji | lami datan sasiwi | praptèng yuswa swidak taun | paputra kakung kêmbar | pambayun Esap kang nami | kang taruna yèku Yakub namanira ||

2. nanging tan paja membaa | ing warni solah-bawèki | wagu kau ingkang wrêdha | kang mudha alus asigit | kawarni putra kalih | duk nèng guwa-garbèng ibu | Allah uwus ngandika | mring Ribkah pasthining bayi | ingkang wrêdha ngawula ring kang taruna ||

3. duk sampun samya diwasa | Esap myang Yakub kang ari | Esap baud ambabêdhag | ngulandara ing wanadri | bènèh lawan kang ari | Yakub alus ambêkipun | nglaluri tata ngadat | caraning laluhurnèki | ngangèn kewan nèng jro tarub manggyanira ||

4. Iskak trêsnanya kalintang | maring Esap ingkang siwi | sêpta dhahar olahannya | bêdhagan antuk wanadri | bènèh Ribkah nrêsnani | maring Yakub putranipun | asigit tur jatmika | kumantil kulunging ati | kawuwusa anuju ari sajuga ||

5. Yakub lagyanggodhog kacang | Esap prapta sing wanadri | srira sayah ambabêdhag | myat ing ari angratêngi [a...]

--- 38 ---

[...ngratêngi] | nulya nêmbung ring ari | sun anjaluk godhoganmu | amarga aku sayah | kacang măngka tambak ngêlih | lon nauri Yakub akarya prasapa ||

6. mangkana prasapanira | samangkya wênangirèki | pambayun sira êdola | lumuntur mring awak mami | wênang pambayun yêkti | guna mringwang luwih agung | Esap angunandika | sun masa wurunga mati | wênang barêp guna apa mring wak ingwang ||

7. gya sinade wênangira | dadya pambayun ring ari | kanthi kêkahing supata | mring Yakub wênang lumintir | Yakub nulya ngaturi | dhaharan godhoganipun | tinampan dening Esap | wusing bukti wisata glis | tan ngetanga icaling pambayunira ||

8. sigêg gêntya kawursita | anênggih Iskak Jêng Nabi | pan sampun sêpuh ing yuswa | tidha paningalirèki | nulya nimbali aglis | maring Esap putranipun | wus praptèng ngarsèng rama | sinungan andika aglis | e anakku saiki aku wus tuwa ||

9. datan pisan yèn wikana | ing dina ênggonku mati | dèn kêbat sira ngambila | endhong lan gandhewanèki | mijila mring wanadri | angolèhna daging mring sun | kang dadi sêptaningwang | cawisna arsa sun bukti | mumpung urip batinku asunga barkah ||

10. Esap nulya lumaksana | wisata maring wanadri [wana...]

--- 39 ---

[...dri] | mèstuti agnyaning rama | ngulati kang dèn sêptani | nêngna kang mring wanadri | wau ta ingkang winuwus | rikala Iskak ngagnya | mring Esap Ribkah miyarsi | sigra-sigra Ribkah ngulah cêcawisan ||

11. cêmpe kang karya caosan | Yakub kang kinèn ngladosi | supados Yakub angsala | pangestunirèng sudarmi | nanging Yakub mangsuli | kadya paran prakarèku | alus pakulitanba | kakang dhiwut ingkang kulit | kula ajrih bokmanawi rama wikan ||

12. tangèh kula yèn angsala | pangèstunirèng sudarmi | bok malah antuk wêwalat | lir tyang balilu wak mami | Ribkah alon nambungi | babo nyawa putraningsun | walate sun kang năngga | mung mituruta rèh mami | lah dèn kêbat sira ngambila mendanta ||

13. wusnya ingambilkên menda | anulya dipun ratêngi | ingulah măngka saosan | walulange punang kambing | inganggèkakên aglis | maring Yakub putranipun | tinutup sandhangannya | kang putra Esap kang adi | kang sumimpên munggèng simpênaning rena ||

14. Yakub marêk ngarsèng rama | pan sarwi umatur aris | dhuh rama putranta sowan | Iskak amangsuli aris | dhuh-adhuh sutèng mami | sapa baya sira iku | Yakub alon tur sêmbah | putranta Esap wak mami |

--- 40 ---

apan sampun lumaksana ing pitêdah ||

15. suwawi rama lênggaha | dhahar lêladosan mami | supadyènggal maringana | pangèstu ring awak mami | Iskak nulyanggrayangi | maring Yakub putranipun | lon wijiling wacana | yèn swarane Yakub iki | balik tangan tan liya tangane Esap ||

16. Iskak malih angandika | apa kowe Esap yakti | Yakub panggah ngakên Esap | dhuh rama kula puniki | putranta Esap yakti | Iskak lena yitnanipun | anulya karsa dhahar | wusing dhahar ngandika ris | hèh anakku majua ngujunga ringwang ||

17. wusing Yakub ngujung rama | anulya dipun paringi | barkah pangèstuning rama | andikanya Iskak Nabi | Allah muga maringi | ring sirèku gandum anggur | myang jinis akèh samya | ngawulaa ring sirèki | kadangira kabèh sungkêma mring sira ||

18. wong kang masang ipat-ipat | kang marang awakirèki | yêkti kênèng ipat-ipat | nging kang asih ing sirèki | iya masthi antuk sih | tumplak blak barkah ring Yakub | lêga rasèng wardaya | Yakub nulya mundur aglis | ngarsèng rama kang manah marwata suta ||

19. nêngna kang antuk gung barkah | gantya Esap kang winarni | wusnya wangsul ambabêdhag | nulya cawis yun ngladosi | dhaharan ring sudarmi | lir kang dadya sêptanipun |

--- 41 ---

sarya matur dhuh rama | mugi wungu saking guling | adhahara ladosan putra sampeyan ||

20. kapitèng tyas Nabi Iskak | anjêlih kapati-pati | kaya paran sapa baya | kang wus ngladèkake dhingin | dhaharan wus sun bukti | kasok paring sun pangèstu | tan kèria mring ika | lan iku pan uwus masthi | lamun tulus kataman barkah kang mulya ||

21. duk myarsa andikèng rama | Esap anjêrit kapati | dahat akêrănta-rănta | umatur sarywa mlas-asih | dhuh rama kula mugi | pinaringana pangèstu | Nabi Iskak ngandika | si culika arinèki | prapta ngalap pangèstu kang marang sira ||

22. Esap ngangsêg aturira | kula paduka paringi | punapa paduka rama | mung mêngku barkah satunggil | Iskak wêlas ningali | ring sambating putranipun | lon wijiling wacana | dhuh anggèr atmaja mami | wus sun ênas arinta mêngku ring sira ||

23. kawuwusa wau Esap | dhatêng Yakub langkung gêthing | wit dene Yakub culika | ngrêbut barkahing sudarmi | tan lêga rasèng ati | nguman-uman dhatêng Yakub | pangudasmaranira | rama masthi enggal mati | masa dadak Yakub tan mati dening wang ||

24. Ribkah datan kasamaran | sasolahe putranèki | kalamun kang putra Esap | mring Yakub angincim-incim |

--- 42 ---

Ribkah nulya ngrêmbagi | dhatêng Yakub putranipun | mangkana wuwusira | wruhanira anak mami | kakangira Esap ngudi tuwuhira ||

25. marmane sira ngungsia | mring Laban uwakirèki | kongsi praptanirèng masa | muringe kakangmu lilih | tan eling lir kang dadi | pokalira ring kakangmu | matur Ribkah mring Iskak | kang dadya êsaking ati | sumurup ring măngka mêgat pasulayan ||

Tindakipun Nabi Yakub.

11. Megatruh

1. sawusira paripurna aturipun | Yakub nulya dèn timbali | wusnya prapta awotsantun | kang rama anggung mamêling | poma aywa ngalap bojo ||

2. bocah wadon anak wong Kanangan kulup | balik lungaa sirèki | mring gyanya Laban uwakmu | ing Pandhanaran nagari | anake alapên bojo ||

3. Nabi Iskak paring pangèstu mring Yakub | Allah muga ambêrkahi | dadya branahan turunmu | băngsa golongan ing wuri | tămpa barkah Abram kasok ||

4. sasampunnya kang kadyèka nulya Yakub | wisata duk anèng margi | lampahnya kêsaput dalu [d...]

--- 43 ---

[...alu] lêrêb ing satêngah margi | sare bantal sela nglorot ||

5. kawuwusa ing dalu supêna Yakub | myat ăndha ngadêg ing bumi | sundhul langit pucakipun | wontên kang katingal malih | malaekating Hyang Manon ||

6. samya minggah tumêdhak ing ăndha ngriku | wondene Hyang Maha Suci | jumênêng saluhuripun | andikanya Hyang Masuci | mring Yakub lagya kalêson ||

7. Ingsun iki Allah ingkang Maha Luhur | Allah laluhurirèki | Abram Iskak hèh ta Yakub | sanggya para jinis iki | olèh nugraha Hyang Manon ||

8. datan liya marga sing turunirèku | ingsun jangkung angaubi | saparan-paranirèku | ngulihke mring tanah iki | Yakub nulya wungu alon ||

9. sawungunya pangunandikanya Yakub | iba ta panggonan iki | wingite kalangkung-langkung | amasthi panggonan iki | pura swargane Hyang Manon ||

10. nulya Yakub ngadêgake tugu watu | kang kinarya ganjêl guling | măngka tatêngêranipun | sinêbut Bètèl kang arti | padalêmane Hyang Manon ||

11. wontên ngriku Yakub mahya nadaripun | yèn dhasar Hyang Maha Suci | anjangkungi saparanku | tuwin paring sandhang [sa...]

--- 44 ---

[...ndhang] bukti | arja ngantya ulih ingong ||

12. masthi Allah ingsun anggêp Pangeranku | makatên ingkang punagi | sampun lami lampahipun | Nabi Yakub wontên margi | laju lampahira alon ||

13. tan antara sampun prapta Nabi Yakub | wontên ing Karan nagari | wismèng Laban uwakipun | lêga rasane kang ati | Laban nulya tanya alon ||

14. apa padha nêmu arja salakumu | Yakub alon anauri | marmèng Ingkang Maha Agung | pangèstu uwa basuki | sukèng tyas tan winiraos ||

15. wusing aso sawatarèng Nabi Yakub | nulya mring Laban wêwarti | sanggya lêlampahipun | purwa madya amêkasi | angguladrawa sakloron ||

12. Dhandhanggula

1. kawuwusa Yakub sampun lami | unggyanira anèng Pandhanaran | lipur sagung sungkawane | mojar Laban mring Yakub | ananira pan wus nêm sasi | manggon nèng Pandhanaran | kang iku karsèngsun | aywa sira tanpa tuwas | sanadyana sira kaponakan mami | kapriye karêpira ||

2. Nabi Yakub alon anauri | lamun uwa andangu kawula | pituwas gyan kula ngèngèr | dahat panuwun ulun | nanging mugi nêbihna runtik | dahat lênggana kula | karsèng [kar...]

--- 45 ---

[...sèng] wa puniku | kinalisna sapu-dhêndha | kalilana kawula darbe pamilih | cumanthaka ring uwa ||

3. lamun kula antuka wlas-asih | kalilana ngèngèr pitung warsa | wontên ngarsèng uwa mangke | wondene tuwasipun | sumêrêpa putranta wragil | lamun datan kadyèka | kula botên sanggup | wau ta ingkang kocapa | lamun Laban darbe atmajèstri kalih | Lea Rakèl kang mudha ||

4. ngunandika Laban jroning ati | wus prayoga lamun anak ingwang | sinrah mring krandhahku dhewe | dadya Laban asanggup | lamun Rakèl dipun ngèngèri | laminya pitung warsa | têmbe badhe dhaup | lan Yakub pulunanira | tan antara wus praptèng ubayèng janji | Yakub dipun dhaupna ||

5. wasananya Yakub dèn apusi | dhaupira Yakub antuk Lea | apan botên antuk Rakèl | Yakub kalangkung rêngu | tan tarimah de dèn apusi | dadya matur ing Laban | punapa witipun | paduka ngapusi kula | anggèn kula sanggup ngèngèr pitung warsi | sintên dèn ngèngèrana ||

6. wau Laban alon anauri | pan wus têrang lamun ngèngèrira | tumănja ngèngèri Rakèl | ananging wruhanamu | dudu adat nagara iki | kalamun aningkahna | kang anom rumuhun [ru...]

--- 46 ---

[...muhun] | ora kêna nglangkahana | anak tuwa kang kudu ningkahan dhingin | sawise lagi kêna ||

7. sira Yakub apa ananggupi | ngèngèr manèh iya pitung warsa | tumănja ngèngèr sijine | pundhating janji iku | masthi sira kang andarbèni | Yakub mangsuli sagah | ngèngèr pitung taun | antara pitung arinya | dèn dhaupkên Yakub lan Rakèl tumuli | kalangkung sih-sinihan ||

8. Nabi Yakub ngèngèrnya lastari | pitung warsa ngantya sapundhatnya | warnanên garwa kalihe | sinung pawonganipun | dening Laban sawiji-wiji | mangkya wijang-wijangnya | pra pawongan mau | pawongannya Lea Silpah | dene Rakèl kang pawongan Bilhah nami | datan antara lama ||

9. pra pawongan kêkalihnya sami | yèku Silpah atanapi Bilhah | ing Yakub dadya sêlire | warnanên putrèng Yakub | saking Lea sapta kang siwi | juga ingkang wanudya | Dinah namanipun | kanêmira samya priya | dhingin Rubin Sêmangun kang kaping kalih | Lèwi kang kaping tiga ||

10. kaping catur Yahuda kang nami | kaping gangsal tinêngran Isakar | nulya Sêbulon kanême | sing Rakêl Yakub amung | apatutan jalu kêkalih | Yusup pambayunira | Bunyamin waruju | apatutan saking Silpah | jalu kalih ingkang

--- 47 ---

wrêdha Gad kang nami | Asêr ingkang taruna ||

11. dene saking Bilhah amêdali | jalu kalih nama Dhan sajuga | kalih Naptali namane | gunggungnya putrèng Yakub | kalih wêlas pancêr Israil | kunêng sagung pra putra | gantya kang winuwus | lamining pasuwitannya | Nabi Yakub antuk kawan wêlas warsi | wêwah malih nêm warsa ||

12. Nabi Yakub antuk marmèng Widhi | kasugihan lan abdinya kathah | jalu èstri kwèh cacahe | myang rajakayanipun | unta lêmbu mênda myang kuldi | gumrayah pirang-pirang | Yakub mubra-mubru | sugih băndha sugih putra | sugih barkah ingkang saking Hyang Masuci | dadya sagung sinêdya ||

13. kawuwusa Laban tansah jail | atma mantu tansah ingapusan | warna-warna rarekane | ananging Nabi Yakub | botên kenging dipun apusi | sanggya rekanya Laban | uwuk dadosipun | wit Yakub anggung rinêksa | dening rèhnya Allah Ingkang Maha Suci | dumadya tanpa dadya ||

14. duk samana dhawuh Hyang Masuci | maring Yakub supadya wangsula | kondur dhatêng nagarine | têrang dhawuh Hyang Agung | Nabi Yakub nulya nimbali | garwa kalih nèng têgal | prapta kalihipun | sinung wikan sadayanya | dupi sampun pra garwa saeka-kapti | nulya samya

--- 48 ---

bidhalan ||

15. bidhalira datan mawi pamit | para garwa miwah para putra | sêdene kang rajadarbe | myang rajakayanipun | atanapi kang para abdi | sadaya dipun bêkta | datan wontên kantun | andilir saurut marga | tigang dintên laminya Yakub lumaris | Laban datan uninga ||

16. kawuwusa nuju sajuga ri | wontên ingkang tur uning mring Laban | lamun Yakub sampun anglès | Laban dahat agugup | sigra-sigra Laban ngundangi | sagung prasanakannya | ingajak amburu | Yakub nêdya tinututan | dupi sampun lampahnya antuk sapta ri | kacandhak anèng Gilhad ||

17. kacariyos Allah Kang Masuci | wanci dalu nêdhaki mring Laban | paring dhawuh jro pangimpèn | mangkya andikanipun | hèh ta Laban dèn ngati-ati | ywa pisan-pisan sira | nyêgah marang Yakub | waspada andike[5] Allah | nulya Laban lan Yakub samya prajanji | munggwing sapucak ardya ||

18. sasampunnya samya aprajanji | Laban Yakub samya papungkuran | andum basuki arjane | Laban sarowangipun | samya wangsul tan walèngati | mring tanah Pandhanaran | kunêng ingkang wangsul | kawarna kang andon lampah | Nabi Yakub laju unggyannya lumaris | brăngta ring kadang wrêdha ||

--- 49 ---

13. Asmaradana

1. datan winursitèng margi | Nabi Yakub tindakira | apan wus lêpas arane | anuju ari sajuga | samya aso lampahnya | tancêb tarub madyèng ênu | arsa tur wikan ring raka ||

2. tur uning kalamun prapti | anulya nuding utusan | utusan wisata age | datan winursitèng marga | utusan sampun prapta | ngarsèng Esap tundhuk sampun | matur sasolah dinuta ||

3. purwa madya amungkasi | dahat sukaning wardaya | Esap duk myarsa wartane | tan antara pradandanan | samêkta arsa mapag | dèn iring tyang kawan atus | malawad arjaning marga ||

4. utusan wus kinèn bali | lan wêwarta saananya | wau ta duta lampahe | tan adangu sampun prapta | ngarsèng Yakub pratela | langkung gêtêr Nabi Yakub | myarsa aturing utusan ||

5. sakalangkung dènnya ajrih | amamăntha tiyangira | lan sanggya rajakayane | kinarya kalih brêgada | pangudasmaranira | kalamun kang raka nêmpuh | sêpalih nadyan gêmpura ||

6. sêpalih sagêd ngoncati | anulya Yakub sêmbahyang | nanuwun maring Hyang Manon | dhuh pangraning balatăntra | Allah ing luhur amba | iba gênging sih Hyang Agung | kang rumêntah mring ambanta ||

7. amba tan pantês nampèni [nampè...]

--- 50 ---

[...ni] | nalikanipun kawula | rumiyin anabrang Yardèn | pan amung têkên punika | ingkang kawula bêkta | mangke amba sugih klangkung | rencang tuwin rajakaya ||

8. dhuh Pangeran Hyang Masuci | mugi ngluwari kawula | sing tangan Esap samangke | inggih sadhèrèk kawula | angudi tuwuh amba | jêr paduka Hyang Maha Gung | karsa mrih utami amba ||

9. wusnya Nabi Yakub nuli | milihi rajakayanya | pinilih kang sae-sae | karya pisungsung ring raka | nulya ngutus abdinya | ngaturakên kang pisungsung | katur ing Esap kang raka ||

10. Yakub mêling maring abdi | mangkene ya aturira | punika angsal-angsale | pun Yakub abdi paduka | katur Esap bandara | mangkana piwêlingipun | wusing mêling Yakub nulya ||

11. nata tiyang-tiyang tuwin | ingkang rupi rajakaya | sinabrangkên lèpèn Yabok | wusira nyabrang sadaya | Yakub kantun priyăngga | ing imbanging lèpèn ngriku | tan wontên kang kawistara ||

12. anuntên wontên kang prapti | nêdya ngayoni tandhing prang | anggêlut mring Yakub age | kongsi praptèng bang-bang wetan | dèrèng karsa apisah | Yakub kongsul cêthikipun | sarêng prapta byar raina ||

13. kang anggêlut mojar aglis | ingsun muga sira culna | amarga wus [wu...]

--- 51 ---

[...s] byur wayahe | Nabi Yakub aturira | botên kula uculna | kalamun dèrèng pukulun | ambarkahi mring kawula ||

14. kang anggêlut nabda malih | hèh Yakub wêruhanira | aranmu Yakub samêngko | ywa manèh sira anggoa | bêcik salina aran | ran Israil têgêsipun | wong mênang kalawan Allah ||

15. kang angglut gya ambarkahi | maring Yakub nulya pisah | linggar saking ing Pênièl | nama Pênièl punika | Yakub ingkang namakna | wondene ing artosipun | pasuryanira Pangeran ||

16. Yakub micarèng jro ati | aku andêlêng Pangeran | prandene tan têkèng layon | Nabi Yakub nulya nyabrang | praptèng imbang bangawan | awas ing pamulatipun | Esap kadangira prapta ||

17. Yakub sumungkêm ing siti | ngantya rambah kaping sapta | Esap gupuh mêthukake | kang rayi rinangkul sigra | sarwi maca udrasa | dene pra garwanya Yakub | sumawana putra-putra ||

18. samya sumungkêm ing siti | wontên ngarsanira Esap | sadayanya pêpak andhèr | gênging suka tan winarna | Yakub sung angsal-angsal | Esap alêngganèng kayun | nging Yakub adrêng pangangkah ||

19. mila nulya dèn tampèni | wusira aparipurna [apa...]

--- 52 ---

[...ripurna] | prasamya laju lampahe | datan winarna ing marga | Yakub praptèng Kanangan | pinanggya sudarmanipun | kinanthi sagunging suka ||

Nabi Yusup kasade.

14. Kinanthi

1. kacariyos Nabi Yusup | Nabi Yakub kang sasiwi | saking Rakèl patutannya | rikala Yusup marêngi | ayuswa pitulas warsa | ngrencangi pra kadang sami ||

2. angèn rajakayanipun | tan pêgat ing sabên ari | mangkya Yusup sukanira | mring rama tansah wêwarti | madulkên piawonira | para kadangira sami ||

3. Nabi Yakub trêsnanipun | mring pra putra pilih kasih | mring Yusup têlênging trêsna | kinaryakkên jubah adi | pinunjul sing kadangira | para kadang samya runtik ||

4. samya sêngit dhatêng Yusup | saya lami saya manjing | anuju ari sajuga | Yusup mring kadang wêwarti | kalamun mêntas nupêna | lan pra kadang munggwing sabin ||

5. samya anggèdhèngi gandum | gèdhèngannya kadang sami | tinon asujud sadaya | dhatêng gèdhènganing ari | pra kadang wêwah sêngitnya | mring Yusup kêpati-pati ||

6. nujwèng sajuga ri Yusup | kawarti

--- 53 ---

nupêna malih | dèn andhèrkên mring pra kadang | mangkana impènirèki | katingal surya myang căndra | kartika sawêlas sami ||

7. sujud dhatêng Nabi Yusup | dumadya pra kadang sami | saya wêwah sêngitira | myarsa ujar tukang ngimpi | Nabi Yakub duk miyarsa | nulya Yusup dèn dukani ||

8. mangkana andikanipun | apa ibunta lan mami | miwah kadang-kadangira | kabèh sujud mring sirèki | nanging Yakub ingkang rama | nyathêti gunging prakawis ||

9. ing ari sajuga nuju | pra kadangnya Yusup sami | angèn rajakayèng rama | cêlak ing Sêkèm nagari | ragi têbih sing griyanya | ing ngriku Yusup tinuding ||

10. nuwèni pra kadangipun | unggyanira angèn sami | Yusup anulya umangkat | tan kawarna sampun prapti | dupi para kadang samya | sing têbih myat Yusup prapti ||

11. anulya samya amuwus | kae têka tukang ngimpi | payo padha pinatenan | sarta padha dèn yêktèni | kadadiane impènnya | nanging Rubin amambêngi ||

12. rungokna pitutur ingsun | aja mutahake gêtih | prayoga dicêmplungêna | ing jro sumur bae adhi | ciptanya Rubin sumêdya | ngêntas Yusup kanthi rêmit ||

13. Yusup ing sasampunipun | sandhangannya [sa...]

--- 54 ---

[...ndhangannya] dèn dhèdhèli | anulya cinêmplung sigra | Yusup jroning sumur mati | lah ing ngriku para kadang | myat dagang băngsa Ismangil ||

14. samya untan-untan sagung | amot barang wangi-wangi | lampahira dêduluran | nêdya mring nagari Mêsir | mangkya wuwusnya Yahuda | dhatêng pra kadangnya sami ||

15. padha dèn dol bae Yusup | pra kadang saeka-kapti | nulya dèn êntaskên sigra | Yusup sing jro sumur mati | wusira nulya sinadya | tinumbas băngsa Ismangil ||

16. nalika anyade Yusup | Rubin datan nguningani | dupi wangsul arsa ngêntas | kang rayi datan pinanggih | asangêt ing rudatyèng tyas | nyuwèk sandhanganira glis ||

17. sasampunira gya wangsul | pinanggih pra kadang sami | sêrêt wijiling wacana | hèh pra kadang-kadang mami | Yusup uwis datan ana | mring ngêndi ta paran mami ||

18. nulya pra kadang sawêgung | pan samya angulir budi | binudya gya mragad menda | jubah Yusup cinlup gêtih | kinintun katur kang rama | kengkenan anggung winêling ||

19. matur dhatêng ramanipun | kalamun kula amanggih | jubah punika punapa | anggènira putranèki | Nabi Yakub duk uninga | jubah putra kuthah gêtih ||

20. tumuntên anjrit kalangkung | angandika [angandi...]

--- 55 ---

[...ka] awor tangis | yèku klambine putrèngwang | masthi kalamun wus mati | minăngsa ing sato galak | agêman sinuwèk aglis ||

21. sawusira kang kadyèku | nulya para putra prapti | sumêdya nglipur ing rama | nging pra putra datan bangkit | susahing rama tan mêndha | tan wande nusul ngêmasi ||

Nabi Yusup wontên ing Mêsir.

15. Sinom

1. wong anom kang kawlas-arsa | nênggih Yusup kang kawarti | sinade dening pra kadang | dwi dasa wang pêthak argi | mangkya binaktèng Mêsir | dipun sade malih Yusup | dening ingkang anumbas | mring Lurah Kêparak Mêsir | kêparaknya sang prabu nama Potipar ||

2. lurah kêparak uninga | yèn Yusup sulistyèng budi | antuk marmaning Pangeran | lulus kang sarwa pakarti | dumadya trêsnèng dasih | pinarcayèng Nabi Yusup | agung barkahing Pangran | mring Potipar wanti-wanti | barang karya linakyan lulus sadaya ||

3. tulus kang sarwa ginarap | ingkang tinanêm mawêrdi | kocapa godha rêncana | datan kantun atut wuri | nênggih Potipar èstri | blere anggonjak ring Yusup | kinèn anglanggatana | ingajak apulangrêsmi | nanging [na...]

--- 56 ---

[...nging] Yusup tangèh lamun nglanggatana ||

4. dhuh bandara kadya paran | sagêd kula anglampahi | awit prakawis punika | dosa gêng mring Kang Masuci | dahat dèn arih-arih | kasêmbadana pulang hyun | Yusup panggêng santosa | datan arsa anglanggati | pêgêling tyas Yusup arsa dèn wasesa ||

5. cinêpêng rasukanira | Yusup aglis anginggati | lumajêng tilar rasukan | akarya panasing ati | duk kakungira prapti | nulya wadul amlas-ayun | abdinta tatumbasan | tyang Ngibrani ngungkak krami | nêdya kirda anggebang dhatêng kawula ||

6. rèh kula têbih kalintang | tan arsa sun anglanggati | jêlih-jêlih sambat ingwang | dupi tiyang sami prapti | nulya mlajêng anggêndring | rasukan tinilar kantun | wontên ing sandhing kula | tan èngêt mêdal ing jawi | kapitèng tyas Potipar dahat bramatya ||

7. nuduh Yusup kinunjara | umangkat ingkang tinuding | dene tyas juru kunjara | dèn osikkên Hyang Masuci | dadya tan walangati | pracayèng tyas maring Yusup | mriksa para sakitan | wontên sakitan kêkalih | priyayinya sang prabu kang kinunjara ||

8. sajuga lurah madharan | juru larih kang satunggil | samya prihatin kalihnya | nujwèng ratri samya ngimpi [ngi...]

--- 57 ---

[...mpi] | anèh supênanèki | awêwarti dhatêng Yusup | kathah para narbuka | tan bangkit anarbukani | Yusup mojar mung Allah bangkit narbuka ||

9. kalamun panujwèng karsa | dahat kula yun miyarsi | kadya paran gancarira | kula sampeyan wartosi | impèn anèh nglangkungi | nulya jarwa juru-juru | mojar juru minuman | mangkene anggonku ngimpi | jro pangimpèn katon anggur têlung pangnya ||

10. sêmi agodhong akêmbang | uwohe matêng andadi | tuwung pangunjukan nata | tan pêgat ingsun cêkêli | aku nuli amêthik | uwohe wit anggur mau | ngong pêrês-pêrês samya | ngong ladèkake sang aji | alon mojar Yusup angsung panarbuka ||

11. mênggah pang tiga punika | nyasmitani tigang ari | kirang tri ari lamanya | sampeyan dipun luwari | wangsul ring pangkat lami | juru larihnya sang prabu | nanging paminta amba | kalamun paduka benjing | manggya eca èngêta ring jasat kula ||

12. anggèn kula kinunjara | têtêp tanpa dosa mami | sang prabu dèn èngêtêna | dadya kula dèn luwari | makatên wêling mami | lurah minuman umanthuk | kocap lurah madharan | tumutur-tutur yèn ngimpi | awit dene mirêng batangan [ba...]

--- 58 ---

[...tangan] sakeca ||

13. lurah madharan amojar | aku iya mêntas ngimpi | kang tinon jroning supênan | sun nyunggi kranjang tundha tri | kang nèng luhur pribadi | kêbak dhahare sang prabu | warna-warna ananya | ana dhandhang kang nucuki | lêbar lahang dhêdhaharan cinucukan ||

14. Yusup amangsuli sigra | kranjang tiga tigang ari | kirang tri ari paduka | tampi pidananing aji | masthi datan gumingsir | paduka kaukum gantung | anulya dhandhang prapta | kunarpanta dèn cucuki | lah makatên supênanta wahananya ||

15. sasampuning kalampahan | tigang dintên amarêngi | tingalan wiyosan nata | Sang Prabu Pringon ngèngêti | ring sakitan kêkalih | saksana kêkalihipun | mijil sing pakunjaran | lurah jru madharan aglis | dipun gantung tètès lir Yusup narbuka ||

16. dene priyayi minuman | saèstu dipun luwari | têtêp kalênggahan lama | juru larihnya sang aji | pan sampun anocogi | lir pambatangira Yusup | nanging juru minuman | têka dadak datan eling | wêlingira Yusup duk anèng pawrangkan ||

17. sasampuning kalih warsa | nujwa ratri Pringon ngimpi | tan wontên bangkit narbuka | ing supênanya sang aji | anulya juru larih | èngêt kasanggahanipun [kasanggaha...]

--- 59 ---

[...nipun] | dhatêng Yusup tatkala | tinarbuka impènèki | sigra-sigra umatur dhatêng sang nata ||

18. kalamun jro pakunjaran | wontên sujanma satunggil | priya pan maksih taruna | kawarti băngsa Ngibrani | sampun nate ngaèni | narbuka supênanipun | miwah supênanira | juru madharan kang lalis | panarbukanira titis kayaktosan ||

19. nulya Yusup tinimbalan | mijil sing pawrangkan aglis | kèrid dhatêng ngarsèng nata | andikèng nata sun ngimpi | datan ana kang bangkit | anarbuka impèn ingsun | Yusup munjuk pranata | ingkang makatên sang aji | tangèh lamun saking daya kuwasamba ||

20. Allah ingkang paring wikan | wahana supênèng aji | sang nata nulya ngandika | katon sun jumênêng munggwing | pinggiring bangawan Nil | sun mulat sapi papitu | samya lêmu prayoga | padha mêntas saka warih | banjur padha sêsaba nèng paglagahan ||

21. wuse iku nuli ana | papitu manèh kang prapti | nanging kuciwa ing rupa | alane anglaluwihi | mêntas saka banawi | kabèh padha kuru-kuru | kapitu pisan samya | măngsa papitu kang dhihin | sawangane pitu pisan tan anggăndra ||

22. nuli sun nglilir sing nendra | tan antara nendra maning | nuli ingsun [ingsu...]

--- 60 ---

[...n] anupêna | supênaningsun kang kèri | myat wulèn bêcik-bêcik | aos kwèhira papitu | thukul sing dami juga | ana manèh sun tingali | wulèn pitu gabug lodhoh dhapur kiwa ||

23. tumuli samya anguntal | ring wulèn pitu kang bêcik | tan siwah wujud sakala | pindha kaanane sapi | papitu wus kawarti | lon umatur Nabi Yusup | supênan padukendra | kalih wahananya sami | Gusti Allah mahyakkên kang yun kalakyan ||

24. lêmbu pitu ingkang lêma | wulèn pitu kang prayogi | nyasmitani pitung warsa | badhe mirah sandhang bukti | wondene dhuh sang aji | lêmbu kêra wulèn gabug | samya pitu cacahnya | punika anyasmitani | pitung warsa tanah badhe awis têdha ||

25. taun papitu ing ngarsa | ing satlatah tanah Mêsir | anglangkungi mirah têdha | sampunipun pitung warsi | gumingsir tanah Mêsir | awis têdha pitung taun | supênan dwi rambahan | saèstu Kang Maha Suci | nglêksanani sigra-sigra tumindaknya ||

26. Yusup munjuk ing sang nata | mênggah yogining prakawis | sang prabu mugi ngarsakna | amatah tiyang satunggil | ingkang dhasar undhagi | wicaksana pramèng kewuh | gya kinulapisudha | amangrèhna tanah Mêsir | dalêm warsa mirah têdha ngayonana|| [nga...]

--- 61 ---

[...yonana||]

27. bawoni tyang Mêsir samya | sapara gangsaling kasil | tinandhoa gêdhong barang | supados ing tanah Mêsir | sampun akorat-karit | awit têdha pitung taun | kakênan karsèng nata | myarsa atur pamrayogi | sukèng galih wrin lêgêdaning pamêca ||

28. sang nata ngandika suka | ing ngêndi ana sujanmi | kadunungan rohing Alkah |[6] datan lyan amung sirèki | sang nata pasrah nuli | sanggya tanahnya mring Yusup | mangkya andikèng nata | dhumawah Yusup sinêlir | pangwasanta kêmbar lawan jênêng ingwang ||

29. mung dhampar kaprabon ora | ingsun masthi angungkuli | sang prabu ngunus kalpika | sinung maring Yusup aglis | pratistha anèng jari | binusanan sutra pingul | kalung rante kancana | tinitihkên ratèng aji | dipun arak ingurung tiyang sapraja ||

30. ramening suwara gumrah | surak gêng mawanti-wanti | kwèh janma andhodhok samya | tan kuciwa kang sêsanti | agung pinuji-puji | panjang kalamun tinutur | cinêndhak purwèng kata | Yusup madêg adipati | amarêngi yuswa tigang dasa warsa ||

31. tangèh Yusup utamanya | jinunjung dera sang aji | tan lyan karsèng Kang Mamulya | ngluhurkên abdi wlas-asih | anuntun maring abdi | saking wisma praptèng sumur | lan dadyabdi [da...]

--- 62 ---

[...dyabdi] tumbasan | kinunjara kawlas-asih | linuwaran jumênêng narpati mudha ||

Para kadangipun Nabi Yusup dhatêng Mêsir.

16. Gambuh

1. Nabi Yusup agambuh | dènnya tandho gandum imbuh-imbuh | pra gangsalan pamêdal Mêsir barêsih | sing kwèhnya lir pendah susuh | dhasar tanah Mêsir êloh ||

2. ing dalêm pitung taun | mirah têdha lir pamêcèng Yusup | kayêktosan sadaya datan nalisip | sampunipun pitung taun | mirah têdha praptaning don ||

3. awis têdha kalangkung | langkung-langkung kanan keringipun | dangunira pailan lagya sawarsi | kumrubut pating bilulung | nêmpuring Yusup kinaot ||

4. ing Kanangan kaêlud | awis têdha kocap Nabi Yakub | angandika dhatêng para putra sami | yagene sira anakku | têka datan angon tinon ||

5. tansah angadu sêmu | apa sira padha ora ngrungu | pawartane yèn saiki tanah Mêsir | ana têmpuran lwih agung | dikêbat nêmpura mrono ||

6. supaya raganingsun | karo kowe hèh sagung anakku | aja nganti kalirên satêmah mati [ma...]

--- 63 ---

[...ti] | ing wusana putrèng Yakub | kang sadasa samya bodhol ||

7. ring tanah Mêsir nêmpur | nging Bunyamin tan parêng yèn tumut | Nabi Yakub wanti-wanti dhatêng siwi | mar kuwatos Nabi Yakub | lamun manggung dadya lakon ||

8. warnanên putrèng Yakub | sapraptanya tanah Mêsir laju | sowan munggwing ngarsèng Yusup Adipati | sumungkêm wadananipun | dahat dènnya andhap-asor ||

9. tata lir caranipun | tiyang alit sowan băngsa luhur | pra putranya Yakub sanggya samya angling | kalamun puniku Yusup | madêg adipati anom ||

10. ananging Nabi Yusup | datan pisan pangling kadangipun | nulya èngêt supênanira duk nguni | tan arsa prasaja Yusup | malah angandika songol ||

11. andikèng Nabi Yusup | lêlantaran juru basanipun | lah ta sira kabèh uwong saka ngêndi | kang dinangu nulya matur | andhêku turira alon ||

12. tyang Kanangan pukulun | sowan kula mriki arsa nêmpur | angandika wau risang adipati | têlik sandi sira iku | patut kongkonane mungsoh ||

13. aturnya putrèng Yakub | dhuh pukulun kawula saèstu | dede tiyang nanêlik ing tanah ngriki | kula tiyang sêtya tuhu | botên pisan [pisa...]

--- 64 ---

[...n] matur linyok ||

14. ngong punika sadarum | pan sadhèrèk sabapa pukulun | cacah tiyang kalih wêlas yèn winilis | ingkang wuragil akantun | têngga bapa awirangrong ||

15. dene sajuganipun | sampun botên wontên wujudipun | angandika wau risang adipati | arsa sun priksa clathumu | apa nyata kaya ngono ||

16. lah ta mara sirèku | kongkonana sawiji kadangmu | amarani adhinira kang wuragil | dene ta liyane iku | padha karia samêngko ||

17. putrèng Yakub kang kantun | linêbêtkên pakunjaran sampun | laminira watarèng ngantya tri ari | ing ari kaping trinipun | sinowankên sang kinaot ||

18. Sang Adipati Yusup | angandika dhatêng putrèng Yakub | aku wêdi mring Allah Kang Maha Suci | sun tan arsa karya luput | marang sira para uwong ||

19. lah wis kang siji iku | kèri ana pakunjaran mungguh | saliyane sun lilani padha mulih | padha gawanên gandummu | èstokna parentah ingong ||

20. yèn sira mrene besuk | măngka nora anggawa adhimu | kang wuragil masthi sira sun patèni | para putrèng Yakub kuwur | tambuh-tambuh kang karaos ||

21. mangkya raosanipun | lah ta iki [i...]

--- 65 ---

[...ki] tinêmwèng awakku | kluputanku marang Yusup duk ing nguni | susahe aku wus wêruh | mamêlas marang wak ingong ||

22. măngka tan sun paèlu | nulya Rubin ananggapi wuwus | aku biyèn wus tutur marang sirèki | ywa gawe dosa ring Yusup | nging sira anggêp ngacêmong ||

23. mêngko padha kêtêmpuh | ing gêtihe masthi kudu saguh | prakarèku wus tan kêna dèn inggati | padha dèn agung pamuwus | wong lagya kinarya lakon ||

24. unggyannya gunêm rêmbug | basanira Ngibrani kang têmbung | datan wikan kalamun sang adipati | mangrêtos wicantênipun | wau ta sang prawira nom ||

25. Sang Adipati Yusup | dupi myarsa sabdèng kadangipun | kararănta kathah karaosing galih | mangiwa sarwi amuwun | waspanira adrês miyos ||

26. dyan samana Sêmangun | tan talompe sigra binănda wus | katingalan dening para kadang sami | dipun warăngka Sêmangun | jro pawrangkan gung prihatos ||

27. wondene putrèng Yakub | sanèsipun nulya samya mantuk | praptèng wisma karungnya sinuntak aglis | miyat artanya panêmpur | nunggil gandum karya gawok ||

28. măngka ingkang suwau | anèng Mêsir artanya panêmpur | sampun dipun bayarakên sadayèki [sa...]

--- 66 ---

[...dayèki] | wangsuling arta puniku | karsanya sang prawira nom ||

29. para putranya Yakub | nulya sami matur ramanipun | samukawis lêlampahannya nèng Mêsir | wiwit saking purwanipun | tapis ngantya praptaning don ||

30. nalika Nabi Yakub | wikan lamun Sêmangun tan mantuk | Nabi Yakub kalangkung dènnya prihatin | alon pangandikanipun | datansah apêdhot-pêdhot ||

31. lah sira kabèh uwus | ngilangake mring Yusup anakku | lan Sêmangun iya wus tan milu mulih | mêngko Bunyamin kojaluk | mungkura tan awèh ingong ||

Lampahing para kadangipun Nabi Yusup ingkang kaping kalih.

17. Pangkur

1. kunêng ingkang duka cipta | kawuwusa dupi praptaning lami | gandum anggènipun nêmpur | samangkya sampun têlas | nulya para putranipun Nabi Yakub | kinèn samya anêmpura | dhatêng praja Mêsir malih ||

2. ananging ta para putra | datan arsa yèn tan bêkta Bunyamin | ajrih ring pangancamipun | Yusup Sang Adipatya | lamun prapta tan bêkta ari waruju | yakti arsa tinêlasan | praptèng Mêsir tanpa kardi ||

--- 67 ---

3. karsèng Yakub tan parênga | yèn Bunyamin tumuta dhatêng Mêsir | nanging rèh ingêlus butuh | miwah Yahuda sagah | tanggêl dhatêng Bunyamin wilujêngipun | ngantos dumugining griya | dumadya Yakub marêngi ||

4. para putra binêktanan | atur-atur katur sang adipati | awarni balêndok arum | madu kalawan mênyan | anggi-anggi lan sapanunggilanipun | miwah arta kang pinanggya | wontên salêbêting kandhi ||

5. binêkta dèn aturêna | andikanya Nabi Yakub ring siwi | muga Allah Kang Maluhur | mikolèhna mring sira | sih piwlase sang dipati anung-anung | lan marêngi ulihira | Sêmangun lawan Bunyamin ||

6. pupute ingwang yèn mêksa | kaelangan atmaja iya uwis | nulya mangkat putrèng Yakub | lêstantun lampahira | praptèng Mêsir katur Sang Dipati Yusup | dupi risang adipatya | dipun aturi udani ||

7. praptanira para kadang | sami kinèn sowan wontên ing ngarsi | punapa dene Sêmangun | linuwar sing kunjaran | sami dipun andikani manis arum | ramanta apa basukya | nauri pra kadang sami ||

8. pangèstu dalêm basukya | sang dipati duk uninga Bunyamin | anulya malih andangu | apa iku arinta | kang waruju [wa...]

--- 68 ---

[...ruju] lir aturira rumuhun | matur para kadang samya | nuwun inggih sang dipati ||

9. sang dipati angandika | mring Bunyamin Allah muga barkahi | mèh tan bangkit Nabi Yusup | nglajêngkên samudana | dening rêntah wêlasnya ring arinipun | umanjing gêdhong karuna | waspanira adrês mijil ||

10. wusing waspa ingusapan | sang dipati anulya miyos malih | nakatkên sariranipun | dhawuha nata dhahar | sang dipati marnahakên linggihipun | pra kadang sajuga-juga | ngerami pra kadang sami ||

11. unggyanira nata lênggah | saking sêpuh urutira pratitis | pra kadang-kadang sawêgung | samya sinung lorodan | malah-malah Bunyamin pandumanipun | tikêl gangsal para kadang | pasihannya sang dipati ||

12. bibar dhahar sang dipatya | nulya dhawuh karung pra kadang sami | kinèn angisèni gandum | punapa malih arta | patêmpuran kinatutna jroning karung | kang patrap kinarya gawat | asung karungnya Bunyamin ||

13. linêbêtan cangkir slaka | pangunjukan agêmnya sang dipati | dupi pangreka wus rampung | pra kadang abubaran | rinilanan sadaya bidhalan mantuk | datan antara bidhalnya | jinujul dutèng dipati ||

14. kacandhak nèng têngah marga | punang duta sabdanira abêngis [a...]

--- 69 ---

[...bêngis] | kêpriye dene sirèku | ngalani kabêcikan | ing sakala samya kodhêng putrèng Yakub | wit tan wikan nalarira | duta mojar anudingi ||

15. masthi sirèku yèn wikan | apa baya kang dadi sêdya mami | pangunjukan bandaraku | sira ingkang andhustha | amangsuli para putranipun Yakub | kadospundi de andika | andakwa mring awak mami ||

16. kula sami tiyang sêtya | lamun wontên ingkang kabuktèn cangkir | dipun lunasa dèn gupuh | miwah kula sadaya | winawaring Mêsir dados abdinipun | sang dipati kang minulya | dadya tyang tawanan mami ||

17. karung-karung ginaledhah | dipun dhudhah pinariksa atiti | pinanggya babuktènipun | putrèng Yakub anjola | de Bunyamin kang kabuktèn karungipun | nulya nyuwèk sandhangannya | ingiring wangsul ring Mêsir ||

18. praptèng ngarsa sang dipatya | putrèng Yakub sinungan sabda aglis | asugal andikanipun | kapriye dene sira | wanuh wani nglakoni pratingkah dudu | ujarmu padha wong sêtya | têka dadi anyidrani ||

19. Yahuda matur ngrarêpa | tangèh lamun sagêda matur mami | wontên ing ngarsa pukulun | kadospundi kawula | sagêdipun ngrêsikakên wontênipun | Allah manggihkên dosamba | mila dhuh sang adipati ||

--- 70 ---

20. kula punika sadaya | saha lare kang kadunungan bukti | dadosa abdi pukulun | ngong pasrah pêjah gêsang | sang dipati mangsuli aywa kadyèku | mung kang kanggonan buktinya | iku dadi abdi mami ||

21. liyane padha balia | salakumu sun sangoni basuki | Yahuda drêng aturipun | saking panuwun amba | sampun ngantos kalamun lare puniku | datan katut mantuk amba | amba lêga praptèng lalis ||

22. sanadyan kula mantuka | lamun datan ambêkta pun Bunyamin | saèstu datanpa kusur | awit dene pun bapa | botên wande pêjah ngênês èstunipun | myang lare punika dadya | têtanggêlan awak mami ||

23. pratignyamba dhatêng bapa | lamun kula botên bêkta Bunyamin | gêsang kula slaminipun | tansah kenging klêpatan | mila luhung amba kewala pukulun | dados abdi sang dipatya | lalintu lare puniki ||

24. lare punika klilana | tumut mantuk sarêngan kadangnèki | sagêd kawula amantuk | kadya paran marganya | lamun botên kula ambêkta waruju | datan bangkit amba miyat | prihatinnya bapa patik ||

25. duk samana sang dipatya | wus tan bangkit ngampêt pamuwunnèki | sang dipati nulya dhawuh | tiyang Mêsir sadaya | kinèn mijil aliya [a...]

--- 71 ---

[...liya] mung putrèng Yakub | sang dipatya yun pasaja | pamuwun dipun turuti ||

26. ngandika sarwi karuna | aku Yusup rama paran kang warti | isih sugêng myang rahayu | kapita para kadang | sapandurat tan angling nèng ngarsèng Yusup | dipati malih ngandika | dimaju kaparèng ngarsi ||

27. pra kadang majêng lênggahnya | nging sadaya samya tan sagêd angling | Nabi Yusup ngandika rum | sun Yusup arinira | kang koêdol samêngko aywa kaduwung | ywa ngandhut watir myang uwas | ênggonira ngêdol mami ||

28. dhasar Allah ngutus mringwang | ngrumuhuni sirèku marang Mêsir | dadia panguripanmu | sira padha muliha | lan matura marang rama kamuktènku | kang tinon nèng Mêsir praja | lan kabèh kang kosipati ||

29. wus prapta kêbat balia | mondhongana rama mring tanah Mêsir | Nabi Yusup nulya ngrangkul | mring Bunyamin arinya | kalihira nutug unggyanira muwun | myang ngaras kadang sadaya | kadang lagya sagêd angling ||

30. kocapa Pringon Sang Nata | dupi mirsa yèn Yusup Sang Dipati | kadhatêngan kadangipun | dahat asukarêna | nayogyani pamboyonging akrabipun | mandar yun mêthuk titihan | kagêm Yakub anèng margi ||

31. Yusup angintuni rata | titihannya kang rama anèng [a...]

--- 72 ---

[...nèng] margi | myang pisungsung sanèsipun | pra kadang gya pamitan | sang dipati mêling mring pra kadangipun | ywa tutuh-tinutuh samya | wisata lir boyong manis ||

Nabi Yakub dipun ondhongi dhatêng Mêsir.

18. Dhandhanggula

1. putrèng Yakub sawêlas winarni | wusing prapta wismanya kang rama | samya sora panguwuhe | dhuh rama lamun Yusup | taksih gêsang wontên ing Mêsir | inggih sang adipatya | putra Tuwan Yusup | Yakub dahat tan pracaya | pinaibên aturnya pra putra sami | anging dupi uninga ||

2. kintunannya rata sang dipati | sumawana ingaturan pirsa | sakwèh Yusup andikane | langkung asrêp tyasipun | ing wusana ngandika aris | sukur Yusup putrèngwang | samêngko tinêmu | sirèku mukti wibawa | salagine isih urip rasèng ati | sun bungah tan upama ||

3. măngka mêngko ananira kaki | Kang Masuci karya luhurira | kinulawisudha gêdhe | mangkya sun arsa pangguh | mumpung isih ginanjar urip | Yakub nulya budhalan | mring Mêsir praja gung | bêkta sabarang darbèknya | saha para

--- 73 ---

putra wayahira sami | suwidak nêm cacahnya ||

4. sumawana abdi jalu èstri | langkung kathah Yakub abdinira | datan winarna tindake | prapta ing Gosèn sampun | nulya ngagnya Yahuda dhingin | sung wikan sang dipatya | lamun Yakub rawuh | wau ta sang adipatya | dupi pirsa lamun ingkang rama prapti | tyas amarwata suta ||

5. gurawalan amêthuk sudarmi | dupi sampun cundhuk lan kang rama | sami rangkulan kalihe | dangu dènira muwun | nulya Yakub ngandika aris | dadia raganingwang | pinundhut Hyang Agung | samangkya wus lêga rila | wit wus miyat marang sira isih urip | dhuh nyawa putraningwang ||

6. sawusira paripurna sami | sang dipati nambut ingkang rama | sowan mring Pringon karsane | prapta ngarsa sang prabu | sasampunnya atata linggih | alon nabda sang nata | dhatêng Nabi Yakub | pintên warsa yuswandika | aturipun Nabi Yakub umur mami | satus tri dasa warsa ||

7. sanadyana samantên sang aji | nanging tansah ngumbara kewala | saengga praptèng samangke | wicalan umur ulun | dèrèng pisan lamun nyamèni | ngumur laluhur kula | makatên sang prabu | wusnya Nabi Yakub nulya | mujèkakên kasugêngannya sang aji | gya mundur sing ngarsanya ||

8. tan winarna

--- 74 ---

Yakub anèng Mêsir | lama-lama praptanira masa | andungkap puput yuswane | nimbali Nabi Yusup | andikanya dhuh anak mami | kalamun sira nyata | trêsna mring wak ingsun | mara sira supataa | aja nganti ngubur aku anèng Mêsir | worna laluhur ingwang ||

9. Nabi Yusup sampun ananggupi | aturira lêlandhêsan sumpah | sandika yun ngestokake | datan lami winuwus | Nabi Yusup miyarsa warti | lamun kang rama gêrah | nulya Nabi Yusup | têdhak sowan mring kang rama | putranira Mênase miwah Eprayim | binaktèng ngarsèng rama ||

10. Nabi Yakub tumuntên maringi | kang pangèstu dhatêng wayahira | putrèng Yusup sakalihe | sinami kang pangèstu | kadidene putra pribadi | mangkana andikanya | dhatêng Nabi Yusup | wus waktu sun tinggal donya | wruhanira Allah anunggal sirèki | lan ngirid marang sira ||

11. ngulihake anggèr mring sirèki | mring tanahe pra laluhurira | antènana prasêtyane | anulya Nabi Yakub | ngêmpalakên sagung pra siwi | dhatêng pasareannya | sinungan pangèstu | pininta sajuga-juga | andikanya mring Yahuda lah sirèki | lir pendah gogor singa ||

12. jungkatira kaprabon tan gingsir | sing Yahuda lan jungkat [jungka...]

--- 75 ---

[...t] pangwasa | saka sêlaning sikile | saengga praptèng rawuh | Sang Pamarta kang bakal dadi | sajatining panutan | pra jinis umèstu | rampung dènnya paring barkah | mring pra putra nulya mapan munggwing panti | prataksya praptèng seda ||

13. Nabi Yusup nulya anyungkêmi | pasuryannya kang rama karuna | datansah ing pangarase | ing solah tan winuwus | tata cara ngadat Ngibrani | wus sira paripurna | layon gya kinubur | dhatêng ing tanah Kanangan | kang umiring para agung tanah Mêsir | wahana rata kuda ||

14. Nabi Yakub sinarèkkên munggwing | astananya Ibrahim kang eyang | guwa Makpelah wêngkone | kawarna Nabi Yakub | manggyanira nèng tanah Mêsir | laminira ingetang | pan pitulas taun | dados Yakub praptèng seda | yuswa satus kawan dasa pitu warsi | gantya kang winursita ||

15. sakondurnya Yusup anèng Mêsir | para kadang kuwatos ing nala | rinasa-rasa jro tyase | bokbilih Nabi Yusup | sasedanya kang rama nuli | karsa malês midana | piawon kang sampun | Yusup Risang Adipatya | duk uninga pra kadang kang walangati | nulya alon ngandika ||

16. aja padha angandhut kuwatir | sanadyana sêdyanira ala | mring wak ingwang ing maune | wondene pialamu |

--- 76 ---

uwis dadi marganing bêcik | Pangeran ingkang karya | nguripi băngsa gung | lir pendah kang kanyataan | sabanjure sun lastarèkake bêcik | ring sira saturunnya ||

17. nênggih ingkang kawuwusa malih | Nabi Yusup duk andungkap seda | ngandika mring pra kadange | Allah Ingkang Maha Gung | balèkake mring sira sami | marang tanah prasêtyan | prasapa rumuhun | mring eyang Ibrahim Iskak | rama Yakub mula besuk yèn sirèki | bali marang Kanangan ||

18. pratignyaa yèn sira nanggupi | besuk lamun sidaning prasêtyan | Pangran karsa ngulihake | marang sira saturun | aja ora balungku masthi | gawanên lakunira | nunggal pra laluhur | tan winarna sedanira | Nabi Yusup yuswanira amarêngi | satus sadasa warsa ||

 


Judul tambahan Yayasan Sastra. (kembali)
Halaman 1 dan 2 tidak ada. (kembali)
anyingkiri. (kembali)
Kedarlaomêr. (kembali)
andikèng. (kembali)
Allah. (kembali)