Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 19–35)

Judul
Sambungan
1. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 01–18). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
2. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 19–35). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
3. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 36–51). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
Citra
Terakhir diubah: 17-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Timuripun Nabi Musa.

19. Kinanthi

1. kinanthi liring pitutur | mèngêti ing tanah Mêsir | sasedanya Yusup miwah | para kadangira sami | sinêlan kang madêg raja | liyan turas nata dhihin ||

2. datan wikan labêtipun | Nabi Yusup duk ing nguni | măngka Isrèl cacahira | ngêmbêg pênuh anèng Mêsir | karya uwas mring sang nata [na...]

--- 77 ---

[...ta] | dumadya karsa sang aji ||

3. sakwèhning kang Bani Yakub | siniya ing tanah Mêsir | winrat karya langkung awrat | kinèn damêl banon sami | karya yasaning nagara | ewadene Bani Srail ||

4. sanadyana luwih agung | siya-siyanya sang aji | saya mindhak cacahira | nulya wontên karsèng aji | karya undhanging parentah | mring dhukuning tyang Ibrani ||

5. lamun dhukun nujwa tulung | tyang Ngibrani gadhah bayi | lamun jalêr wêdalira | kinarsakkên amêjahi | dene lamun lairira | bayi èstri dèn gêsangi ||

6. anging para dhukun-dhukun | datan wontên anglampahi | samya ajrih dhatêng Allah | nglampahana kang duskarti | têmah sami asung gêsang | ing bêbayi nêmbe lair ||

7. sang aprabu nulya dhawuh | dhatêng sagung tiyang Mêsir | sakwèh bayi lanang samya | atmajane wong Ngibrani | linarunga ing bangawan | aja ana ingkang kèri ||

8. tyang sasemah kang winuwus | sami têdhak saking Lèwi | ingkang jalêr nama Amram | lan Yokèbèt ingkang èstri | sampun kalih patutannya | sêpuh priya anèm èstri ||

9. ingkang sêpuh nama Arun | kang nèm Miryam kang wêwangi | kala undhangirèng raja | sumarambah tanah Mêsir | pan ambabar malih priya | kang suwarna langkung [lang...]

--- 78 ---

[...kung] pêkik ||

10. kuwatosing rama ibu | kang bêbayi gya siningid | laminira tigang căndra | wus tan kenging yèn siningid | kang ibu gya mèt kandhaga | dipun dalit myang kinruwing ||

11. karya wadhah ingkang sunu | pinarnah nèng banawi Nil | sumangsang nèng paglagahan | Miryam kinèn mêmanuki | sing têbih ywa kawistara | paran wusing kang bêbayi ||

12. datan dangu putranipun | Prabu Pringon ingkang putri | arsa siram ring bangawan | paglagahan dèn tingali | myat kandhaga kang sumangsang | gya kandhaga kinèn ngambil ||

13. kandhaga dèn ambil sampun | gya binuka isi bayi | jalu pêkik warnanira | putri wêlas aningali | bayi nangis ngaruara | iku anak wong Ngibrani ||

14. Miryam marêk sarwya matur | punapamba ngupadosi | tyang Ngibrani kang supadya | nêsêpana dhatêng bayi | lon sang putri angandika | iya bêcik ngundanga glis ||

15. Miryam ngundang ingkang ibu | datan dangu sampun prapti | ngarsèng putri awotsêkar | angandika risang putri | sira ingsun karya inya | nusonana bayi iki ||

16. klilan dipun bêkta mantuk | dupi sampun dipun sapih | pinundhut ring jro kadhatyan | kinarsakkên dera putri | dadya putra angkatira | sinung nama de sang putri ||

17. nênggih [nêng...]

--- 79 ---

[...gih] Musa arum-arum | jêr kaêntas saking warih | timur mila nèng kadhatyan | winulang ing kawruh Mêsir | tan winarna laminira | samana wus praptèng wanci ||

18. diwasanya risang bagus | asring têdhak anuwèni | ring Israil bangsanira | ingkang anggung kawlas-asih | anuju ing ari juga | wikan wontên tiyang Mêsir ||

19. ring Israil kumapurun | dadya wau sang apêkik | tatulung ring bangsanira | pinisakit de tyang Mêsir | gya tyang Mêsir pinarjaya | kapisanan angêmasi ||

20. pinêndhêm nèng wêdhèn sampun | panyananya risang pêkik | tamtu Isrèl wikan samya | lamun Ingkang Maha Suci | arsa tulung mring umatnya | lumantar sing risang pêkik ||

21. nging Israil tangèh lamun | ngwikanana kang pakarti | nuju wanci enjangira | risang pêkik aningali | Isrèl samya kakêrêngan | kinarsakkên rukun sami ||

22. ngandika lon wijilipun | paranbaya kadang mami | dene padha tatukaran | apa baya kang dèn ungkih | bêcik padha arukuna | tan paedah apradondi ||

23. kang sinapih saur sêndhu | sapa baya kang ngidèni | dadi lurah jêksaningwang | apa sira yun matèni | marang aku kaya sira | matèni wong Mêsir wingi ||

24. Musa dahat ajrihipun | osikira [o...]

--- 80 ---

[...sikira] kang panggalih | yèn mêngkono nalar ika | sayêktine lamun uwis | kawanguran ing sujanma | karya maras ingkang ati ||

25. yêkti lamun sang aprabu | sampun pirsa kang prakawis | mila dhawah amikuta | Musa arsa dèn pêjahi | nulya Musa amiruda | kesah saking tanah Mêsir ||

26. tan winarna lampahipun | Musa saking tanah Mêsir | mangkya praptèng tanah Midyan | kawuwusa ing Mêdayin | ngriku kathah darahira | Nabi Brahim duk ing nguni ||

27. manggyan pinggir sagantên Sup | Yitro ingkang angimami | èstri pitu putranira | samana yun ngambil warih | myang ngombèni kewanira | anging dahat dèn regoni ||

28. dening para rare jalu | wau Musa kang lumaris | kèndêl cêlak ing bêlikan | duk uninga rare èstri | gung siniya tan sarănta | tatulung ring rare èstri ||

29. luwar saking kawlas-ayun | Musa arsa angombèni | sakwèh kewanira pisan | dupi Yitro nguningani | Musa nulya tinimbalan | ing sasolah tan winarni ||

30. ngantya lami manggyanipun | Musa wontên ing Mêdayin | malah dhaup lan Siporah | putra imam ing Mêdayin | tan winarna dhaupira | basukyarja kang pinanggih ||

31. pan wus dadya antêpipun |

--- 81 ---

putra angkat putri Mêsir | sungkan lamun sinêbuta | trah kêrandhah tanah Mêsir | anglaluri laluhurnya | tan eling nom anèng Mêsir ||

Nabi Musa wontên ngarsaning Pringon.

20. Sinom

1. duk nalika lolosira | Musa saking tanah Mêsir | yuswanira apan lagya | kawan dasa warsa nênggih | manggyan anèng Mêdayin | tunggil rama marasêpuh | kawan dasa laminya | mêngkêr Musa Bani Srail | datan pêgat kinaniaya kewala ||

2. kawuwusa ri sajuga | Musa angèn nèng Mêdayin | sacêlaking Korêb ardya | dumadakan aningali | kaelokan dumadi | ana êrèn katon murub | nanging datan kêbrangas | Musa nulya marêpêki | nulya ana swara nguwuh sing rèn ika ||

3. dhawuh swara Musa Musa | Musa alon anauri | pangandikaning suwara | aywa nyêdhaki sirèki | panggonan iki suci | glis copotên tarumpahmu | dene Ingsun Pangeran | Allahe laluhurnèki | Abram Iskak sarta Yakub Sun prasêtya ||

4. Musa nutup wadananya | ajrih miyat Hyang Masuci |

--- 82 ---

Pangran malih angandika | Ingsun pan wus nguningani | umat Ingsun nèng Mêsir | sinangsara ngadhuh-adhuh | sasambate sumêngka | Ingsun arsa angluwari | sing tangane wong Mêsir kang kaniaya ||

5. Ingsun tuntun mênyang tanah | panjang-punjung loh jinawi | marma sira Ingsun duta | mênyang Pringon tanah Mêsir | ngêntasa Bani Srail | luwara sing tangan mungsuh | Musa alon turira | dhuh Allah Kang Maha Suci | sintên amba sowan dhatêng Pringon Raja ||

6. ngêntasêna umat Tuwan | Bani Srail saking Mêsir | Allah nulya angandika | aywa pisan sira kwatir | Ingsun jangkung sirèki | Musa alon aturipun | kadospundi Pangeran | lamun-lamun Bani Srail | tan ngandêla ring kawula duta Tuwan ||

7. pangandikanya Pangeran | apa kang nèng tangannèki | têkên aturira Musa | Pangran nulya nabda malih | sira buwanga aglis | têkên iku sing tanganmu | Musa nulya tumandang | nut pitêdah Hyang Masuci | sanalika punang têkên dadya sarpa ||

8. Musa gila gundam-gundam | ngandika Hyang Maha Suci | pêthit sarpa glis cêkêla | Musa nulya nyêpêng pêthit | sarpa malih kang warni | dadya têkên lir suwau | Allah dhawuh ring Musa | kinèn ngêmpit astanèki | sanalika asta kambah ing

--- 83 ---

saraat ||

9. Allah malih angandika | lah ta Musa tangannèki | aglis sira slobokêna | sinalobokkên tumuli | waras kadya duk uni | Kang Maluhur malih dhawuh | dene yèn tan pracaya | ring pratăndha roro iki | lah ngapèka banyu saka ing bangawan ||

10. nulya sokna nèng dharatan | kang we masthi dadi gêtih | Musa munjuk ring Pangeran | dhuh Pangeran Kang Masuci | kawula sintên Gusti | dede tiyang luwês muwus | Pangeran angandika | apa dudu Sun pribadi | kang nitahna cangkême wong bisa kăndha ||

11. muwah bisu budhêg pisan | picak mêlèk ring sujanmi | apa dudu Ingsun Allah | marma mangkata dèn aglis | lan sira Sun wulangi | sabarang kang prêlu-prêlu | apa sira ucapna | Ingsun kang ngrèh cangkêmnèki | Musa matur dhumawaha lyan kawula ||

12. sintên Tuwan karsakêna | amung sampun badan patik | Pangran bêndu dhatêng Musa | andikanya Kang Masuci | Arun kakangirèki | iku wasis ing pamuwus | bakal mapag ring sira | wurukana salwir kardi | kang supaya mahyakna mring Pringon Raja ||

13. Nabi Musa nulya tindak | kondur panggya ingkang rabi | sajarwa ring rabinira | arsa wangsul dhatêng Mêsir | samangkya arsa pamit | mring Yitro kang marasêpuh | sajarwa gya bidhalan [bidha...]

--- 84 ---

[...lan] | Musa lawan garwa siwi | bidhalira sing Mêdayin tan winarna ||

14. dupi munggwèng madya marga | Nabi Musa sampun panggih | lawan Arun ingkang raka | antuk wangsit Kang Masuci | kinèn mapag ing margi | dhatêng Musa arinipun | Musa nulya pawarta | sakwèh dhawuh Kang Masuci | kang winahya duk anèng ing Korêb ardya ||

15. wusnya kalih pirêmbagan | nulya sami angundhangi | para sêpuh-sêpuhira | Bani Srail sampun wradin | ngalêmpak golong pipis | anèng ngarsèng Musa Arun | anulya winêdharan | salwir karsèng Kang Masuci | yèku lamun Pangeran yun angêntasna ||

16. Bani Srail umatira | sinangsaya tiyang Mêsir | duk Israil mirêng warta | Pangran arsa angluwari | bingah tanpa upami | seka-kapti samya sujud | Pangeran mêngku gêsang | ginandhulan siyang ratri | ênêngêna ingkang lagya mangun suka ||

17. kunêng gantya kawuwusa | Musa miwah Arun sami | arsa wiwit nambutkarya | sowan ngarsèng Pringon Aji | umatur dhuh sang aji | pinarêngna amba matur | karsanira Pangeran | Allahipun Bani Srail | Prabu Pringon mugi karsa nglilanana ||

18. wêdalira umat Allah | saking ngarsa paduka ji | sidhêkah mring ngara-ara | konjuk Ingkang Maha Suci | sang raja

--- 85 ---

duk miyarsi | mangsuli ring Musa Arun | Pangeran iku sapa | ingsun kinèn umèstuti | nora bakal Israil sun lilanana ||

19. sun tan wanuh mring Pangeran | Allah Ingkang Maha Suci | tangèh ingsun ngèstokêna | dhawuh marang awak mami | wiwit ing dina iki | kawruhana mring bangsamu | sun undhaki bubuhan | ladèn bata kang wus masthi | wit kènthèngên nyithak bata olèh mêrang ||

20. saiki tan olèh mêrang | padha ulata pribadi | nging sanggan tan kêna kurang | kudu têtêp lir pinanci | dhawuh ingundhang aglis | sumêbar ing Bani Yakub | akarya kuwuring tyas | Bani Srail kontrang-kantring | bêkah-bêkuh tambuh-tambuh kang sinêdya ||

21. ênêngêna kang sangsara | Nabi Musa kang winarni | sowan ngarsèng Pringon Raja | ngêmban dhawuh Kang Masuci | nanging Pringon Sang Aji | têguh gupuh galihipun | dumadya Nabi Musa | mukjijatnya gya pinusthi | têkênira gya binucal dadya naga ||

22. juru nujum Mêsir samya | niru Musa kang pakarti | mukjijatnya Nabi Musa | dumadya tan dipun galih | Pringon datan marduli | rèh sinami para nujum | nulya Allah Pangeran | karya wêlak ganti-ganti | anggirisi mring tyang Mêsir kang myat samya ||

23. lantaran sing Arun Musa | wêlak gêtih ingkang [ing...]

--- 86 ---

[...kang] dhihin | têkênira Nabi Musa | ingacung ring banawi Nil | we inggil malih gêtih | sapta ari laminipun | tirta dadya ludira | tan kêna dèn ombe janmi | ulam-ulam myang isinya dadya pêjah ||

24. wawêlak ping kalihira | kang tumêmpuh tanah Mêsir | kwèh canthuka ting guladrah | sumarambah tanah Mêsir | manjing ring griya sami | gumarayah sabèng kasur | pawon myang panyithakan | Pringon sambat mring jêng nabi | lon ngandika sun dongakna mring Pangeran ||

25. kodhok iku dèn sirnakna | ingsun masthi anglilani | Bani Srail padha lunga | saos bêkti Hyang Masuci | nanuwun Musa aglis | mring Pangeran Allahipun | pêjah samya sakala | canthuka kang nêmpuh Mêsir | bathangira karya bacining nagara ||

26. wusing adhèng karubêdan | kang tumrah ing tanah Mêsir | nanging Pringon Naranata | pangguh puguh kang panggalih | datan pisan marêngi | wijilira bani Yakub | condhong sabdèng Pangeran | kalamun Hyang Maha Suci | karya gupuh mring galihe sri narendra ||

27. kaping tiga kang wawêlak | sakwèh lêbu tanah Mêsir | apan dadya lêmud samya | janma kewan dèn cakoti | ucaping juru sikir | kwasèng Allah Kang Maluhur | tumêmpuhe wawêlak | midana

--- 87 ---

ring tanah Mêsir | suprandene datan pêgat gupuh nata ||

28. kang wawêlak ping sakawan | coro nêmpuh tanah Mêsir | nêmpuh Pringon saha wadya | tuwin para kawula lit | manjing wismèng tyang Mêsir | coro-coro anggung nêmpuh | Pangran karya prabeda | tanah Gosèn miwah Mêsir | tanah Gosèn luwar saking pangrêncana ||

29. wawêlak kang kaping gangsal | pagêblug gêng kang gumilir | manêmpuh ring rajakaya | unta lêmbu menda kuldi | kacundhuk ing pagêring | rajakaya mawut-mawut | kuda kathah kang pêjah | kang wawêlak anggirisi | mung kewannya Bani Srail tan kataman ||

30. kaping nêmnya kang wawêlak | ran bancana mala bêdhil | manusa myang kewan-kewan | tinêmpuhing mala bêdhil | sumêbarnya waradin | badan tinon samya mlênthung | nadyan pra sikir pisan | datan bangkit angoncati | anglir pendah tiyang Mêsir tan prabeda ||

31. wawêlak kang kaping sapta | udan woh wor gêlap thathit | drêsing udan kliwat-liwat | aliwêran gêlap thathit | ngampar-ampar nyambêri | tanah Mêsir kabarubuh | dèrèng nate tumindak | bancanèku anèng Mêsir | kêkajêngan samya sêmpal kapêrapal ||

32. manusa myang kewan-kewan | kang nèng sabin miwah têgil | kaprawasa [kaprawa...]

--- 88 ---

[...sa] drêsing jawah | tinon dahat anggirisi | Pringon gupuh nimbali | Nabi Musa saha Arun | nuwuna ring Pangeran | sirnèng aral saka Mêsir | nadyan sirna Pringon maksa tan gumiwang ||

33. wawêlak kang kawolunya | walang ngêbyuk tanah Mêsir | ngrampas godhong tatuwuhan | uwit-uwit samya brindhil | walang-walang nglimputi | byuk-êbyukan sungsun timbun | Pringon minta mring Musa | nanuwun ring Kang Masuci | sirêp walang gupuh Pringon tan amêndha ||

34. pêtêng dhêdhêt lalimêngan | laminira tigang ari | yèku wêlak kaping sanga | tumêmpuh ring tanah Mêsir | tan ana janma kang wrin | dulu kănca-kancanipun | jrih mênyat sing palunggyan | ambagêgêg tigang ari | bunêking tyas tiyang Mêsir tanpa pindha ||

35. marmèng Allah Ingkang Mulya | dhatêng umat Bani Srail | tanah Gosèn sinung padhang | bènèh lawan tanah Mêsir | wondene Pringon Aji | dhêdhawuh mring Musa Arun | ywa manèh seba ringwang | lamun seba sira mati | Musa Arun mijil saking pagêlaran ||

Wêdalipun Bani Srail saking Mêsir.

21. Mijil

1. sabdèng Pangran dhatêng Musa Nabi | mungguh Raja Pringon | saya dadra dlarung piangkuhe | wun tan kêna lamun [lamu...]

--- 89 ---

[...n] dèn sabari | wêlak siji iki | Pringon masthi kawus ||

2. nora srănta nglilani Israil | malah Raja Pringon | bakal nundhung marang sira kabèh | sabab Ingsun têdhak wayah wêngi | arsa mêmatèni | sakwèhing pambayun ||

3. kang arupa wong lan kewan Mêsir | datan ana tanggon | marma sira hèh Israil kabèh | rumantia budhal saka Mêsir | lakonana iki | pranata karsèngsun ||

4. karsèng Allah dhatêng Bani Srail | mèstuti Hyang Manon | pranatanya mring Isrèl umate | Bani Srail kinèn amyambêlih | cêmpenya satunggil | tan cacad amulus ||

5. sabên griya wênang mung satunggil | binukti sagrombol | daging menda kinarya lawuhe | nênggih roti ingkang tanpa ragi | dinuduhan pait | dene êrahipun ||

6. ingusarkên ing pipining kori | mawi godhong esob | têbêng kori wah kanan keringe | wus warata ingusaran gêtih | Pangran anglangkungi | kori kênèng marus ||

7. pranatanya Israil ambukti | Paskahe Hyang Manon | samya ngangge sabuk lêlambunge | sukunira tarumpahan sami | têkênnya cinangking | kang sarwa kasusu ||

8. praptèng ari ingkang wus pinasthi | gumuruh

--- 90 ---

pradandos | Bani Srail samêkta samangke | arsa bidhal saking tanah Mêsir | duk ing madya ratri | mlaekat Hyang Agung ||

9. kang ingutus mrawasa ing Mêsir | prapta dumarojog | ngidêri ring Mêsir sawratane | gya anggêbag pambayun ing Mêsir | pambayun sang aji | myang kang para wadu ||

10. pambarêpnya răndha miskin tapis | swara pating glêmbor | pambajênging kewan samya lèsèh | tanah Mêsir pênuh swarèng tangis | bingung sri bupati | myang sajro kêdhatun ||

11. tan na kèri kataman pagiris | ing tyas gung kalêson | Raja Pringon nulya dhawuh age | dhatêng Musa myang Arun marêngi | ing puniku ratri | mangkya dhawuh prabu ||

12. hèh ta Musa lan sabani Srail | budhala samêngko | sira miwah turunira kabèh | kewanira kabèh ywa na kari | winawaa aglis | sujud mring Allahmu ||

13. anglir pendah kang sira karêpi | rahayua ingong | lah dèn kêbat ywa nganti kêsuwèn | nora wurung uwong Mêsir tapis | sakapti tyang Mêsir | ring Israil nundhung ||

14. budhalira sagung Bani Srail | saking ngarsèng Pringon | samyanggawa rajabrana akèh | pèni-pèni pisungsung tyang Mêsir | kênaa kinardi | sidhêkah ing besuk ||

15. lyan puniku cithakan kang isi | jladrèn [jla...]

--- 91 ---

[...drèn] tan ingadon | wit kasusu gya ginawa age | datan kobêr ngantya dèn ratêngi | kang tan kêna kari | balung Nabi Yusup ||

16. Gusti Allah ingkang têdah margi | umatnya Hyang Manon | Bani Srail sing Mêsir lampahe | tugu mega siyang kang kinardi | pitêdah ing margi | dalu tugu latu ||

17. duk samana bidhal Bani Srail | katur Raja Pringon | dupi pirsa Israil samangke | sampun bidhal antuk tigang ari | Pringon Narapati | kalangkung kêduwung ||

18. unggyanira karsa anglilani | Israil sagolong | nulya dhawuh amêpak balane | wusnya samya kinèn anututi | lampahing Israil | praptèng sagantên Sup ||

19. kacandhak nèng sasêlaning wukir | Isrèl andharodhog | myat tyang Mêsir kalangkung kathahe | nanging Musa tansah angayêmi | mring sagung Israil | pangandikanipun ||

20. hèh Israil aja padha wêdi | ananing lêlakon | kowe kabèh padha mênêng bae | wit Pangeran nyarirani jurit | nadyan luwih sungil | binuru sing pungkur ||

21. nora bakal gêlare Israil | kasora palugon | Hyang Masuci angandika age | maring Musa kang anggung prihatin | sakwèh Bani Srail | dhawuhana gupuh ||

--- 92 ---

22. Bani Srail lajua lumaris | Musa awotsinom | dhuh Pangeran dhatêng pundi Isrèl | punapa yun ngambah ing jaladri | dhawuh Hyang Masuci | ngambah samodrèku ||

23. têkênira angkatên dèn aglis | ywa nganti taledhor | sagara Sup masthi piyak kang we | Bani Srail malbèng jroning warih | laku Isrèl kadi | datan ngambah banyu ||

24. lah ing kono wong Mêsir mêruhi | dumadine lakon | lan sumurup Sun Pangran jatine | nabi Musa ngacungakên aglis | têkên ring jaladri | saluhuring banyu ||

25. Allah nulya niyupakên angin | sadalu tan pêdhot | kang jaladri kapiyak ingkang we | ngantya kandhas dhasar tinon gasik | Israil lumaris | ing dalu puniku ||

26. tugu mega ing ngarsèng Israil | mumbul ngalih ênggon | ngantawisi tyang Mêsir myang Isrèl | Bani Srail kapadhangan sami | dene bala Mêsir | pêtêng nunak-nunuk ||

27. Raja Pringon gêpah anututi | sawadya rarêmpon | daya-daya tinungkaka age | lampahira praptèng bangun enjing | prapta madyèng jladri | Bani Srail sampun ||

28. sami mêntas saking jro jaladri | ing dharat anggrombol | Bani Srail samya lêga tyase | Pangran nulya gêtêri tyang

--- 93 ---

Mêsir | dumadya tyang Mêsir | kandhêg lampahipun ||

29. samya gêtêr sarwi jêrit-jêrit | tanbuh paraning don | nguningani tindhihe jurite | Bani Srail Pangran Kang Masuci | pêrang nglawan Mêsir | tyang Mêsir tan kiwul ||

30. angandika Hyang Kang Maha Suci | ring nabi Hyang Manon | Nabi Musa kinèn ngacungake | astanira dhatêng ing jaladri | Musa anglampahi | dhawuh Hyang Maha Gung ||

31. bala Mêsir tinangkêb ing warih | samodra dadya rob | plajêngira anumbuk-numbuk we | kasasaban dening ombak sami | tumpês tapis gusis | sajuga tan kantun ||

32. Bani Srail myat sangsarèng Mêsir | wrin kwasèng Hyang Manon | têmah ajrih dahat kumandêle | mring Pangeran Allah Kang Masuci | myang mring Musa Nabi | kasmaran tyasipun ||

Lampahipun Bani Srail dumugi ing rêdi Sina.

22. Asmaradana

1. kocapa pra Bani Srail | antuk tulunging Pangeran | anggung gunggung mring Allahe | warna-warna solahira | ana kang tatrêbangan | ana ngrêpi miwah ngidung | kunêng gantya kang winarna ||

2. margi ingkang saking Mêsir | ingkang

--- 94 ---

dhatêng ing Kanangan | tan na sawah myang kaline | wujud ara-ara wiyar | sungil ambahanira | ngambah wêdhèn ngaluk-aluk | datan ana sêndhang-sêndhang ||

3. parumputan awis-awis | margi miwah wismèng janma | ingkang tinon mung pawêdhèn | kocap Isrèl lampahira | wus antuk tigang arya | wit bidhal sing sagara Sup | Isrèl lagya manggih sêndhang ||

4. langkung suka Bani Srail | cipta arsa ge ngombea | nging tan kenging we ingombe | pait lêtih ingkang tirta | Israil garundêlan | maring Musa anggarumung | unggyan iku karan Marah ||

5. Nabi Musa sambat aglis | mring Pangeran Ingkang Mulya | Musa sinung kajêng age | kinèn nyêmplungna ring toya | kang toya dadya tawa | dèn cêmplungkên kajêng sampun | anètèsi sabdèng Pangran ||

6. Pangran nabda ring Israil | Ingsun iki dhukunira | lamun sira mêrlokake | myang nglakoni kabênêran | tumanggap ing pêpakyan | lan nêtêpna pranatèngsun | masthi sira tan sangkala ||

7. dupi Isrèl sampun prapti | ngara-ara Sin lampahnya | maring Musa grundêl manèh | roti iwak datan ana | apa ta kang tinadhah | Pangran paring pêksi puyuh | kumêbul nèng ngara-ara ||

8. natkala ing wanci [wa...]

--- 95 ---

[...nci] enjing | tinon ana wawujudan | cilik bundêr bun èmpêre | Bani Srail duk uninga | kalangkung kewranira | dèrèng nate wrin maujud | katêmbene Isrèl ninga ||

9. wujud sinung aran nuli | iku êman aranira | Nabi Musa nêrangake | iku roti saka swarga | paringe Allah Mulya | măngka pangan mring sirèku | lêgi anglir madu-tala ||

10. Nabi Musa amalêri | hèh Israil wruhanira | nora kêna sira ngèngèh | lamun sira angèngèha | turahan êman ika | singgatên ing wayah esuk | buthuk bacin tan kêpangan ||

11. yèn Jumungah iku kêni | Allah karsa paring êman | marang sira tikêl kèhe | iku sira angèngèhna | wit dina Sabat Pangran | tan maringi mring sirèku | pituhunên karsèng Pangran ||

12. laminipun Bani Srail | etang kawan dasa warsa | engga praptèng Kanangane | unggyanira nampèni man | kang măngka rêjêkinya | kwèh pranata tan winuwus | kawarnaa critèng ngarsa ||

13. duk Israil nèng Rapidim | ara-ara sêpên tirta | Israil gung panggrundêle | Nabi Musa asêsambat | mring Pangran Ingkang Mulya | Nabi Musa tampi dhawuh | têkênira dèn jojohna ||

14. maring parang mijil warih | wus dèn jojoh [jo...]

--- 96 ---

[...joh] kang pêparang | langkung wêning wijiling we | kêna lamun ingombea | Israil langkung suka | kunêng gantya kang winuwus | wontên băngsa salah karya ||

15. ambegal ring Bani Srail | nèng Rapidim ara-ara | Isrèl pêrang lan Amalèk | Bani Srail mapag pêrang | Yusak manggalèng yuda | tan winarna ing apupuh | Musa minggah luhur ardya ||

16. tumênga ring Hyang Masuci | nuwun unggulirèng yuda | astanya dèn ulukake | sajro umbule kang asta | Israil unggul yuda | sèlèh kasor yudanipun | Amalèk kang unggul aprang ||

17. kocap Arun anitèni | Isrèl unggul wah kandhapnya | anut solahe astane | nulya Arun myang Kur samya | anyanggi asta Musa | Bani Srail dadya unggul | tyang Amalèk kudhangdhangan ||

Dhumawuhing anggêr-anggêr.

23. Dhandhanggula

1. tan winarna kang kasor ing jurit | tyang Amalèk sasesaning pêjah | samya angungsi gêsange | ing mangke Bani Yakub | lampahira dwi căndra lêwih | prapta ing ardi Sina | lêrêbnya sataun | para pancêr kulawăngsa | tata-tata [tata-...]

--- 97 ---

[...tata] cacah kang priya nêm kêthi | sadaya tigang yuta ||

2. wontên ngriku sami dèn paringi | anggêr-anggêr pranataning Pangran | Israil dadya umate | Pangran Kang Maha Luhur | wus ngêntaskên sing tanah Mêsir | wus sira tata Musa | sumêngka ring gunung | Pangeran nulya ngandika | sira Musa nataa ring Bani Srail | ing ari katêlunya ||

3. Ingsun arsa mring Sina nêdhaki | gunung ika yoga sinêngkêra | ywa ingambah saubênge | kang ngambah gunung iku | nora kêna amasthi mati | praptèng tri arinira | kang tinon nèng gunung | gêlap thathit laliwêran | mega kandêl kalasăngka anggirisi | ardi tan kasatmata ||

4. Nabi Musa marêk Hyang Masuci | Bani Srail sadaya ing ngandhap | suci-suci kang pangangge | dahat ing ajrihipun | myang gumêtêr sanggya Israil | Pangran nulya ngandika | mangkya sabdanipun | Ingsun Pangran Allahira | mêtokake sira saka tanah Mêsir | omahing pangawulan ||

5. aywa sira samya andarbèni | Allah liyan anèng Ngarsaningwang | gawe rêca ukirane | kang anèng langit dhuwur | bumi ngisor myang jroning warih | sangisoring bantala | sira aywa sujud | myang ngabêkti marang ika | awit dene Ingsun bêntèr ing panggalih | niksa mring wong duraka ||

--- 98 ---

6. nganti têkan turune kaping tri | myang kaping pat lan gung palimarma | marang ewoning turune | wong trêsna marang Ingsun | lan nêtêpi pêpakwan mami | sira aywa nyawiyah | asmèng Hyang Maluhur | Pangran datan ngaranana | sadhengah wong nyeda asmèng Kang Masuci | iku tan kaluputan ||

7. amulyakna mring Sabat kang ari | jro nêm dina anambuta karya | garapên pakaryan kabèh | dene dina kapitu | iku dina Sabat kang suci | ywa sira nambutkarya | ri kapitu iku | sira lan anakira |[1] lanang wadon batur miwah liyan janmi | kang nèng jro wêngkonira ||

8. kewanira iya datan kêni | jro nêm dina bumi lan akasa | sagara myang saisine | kinarya de Hyang Agung | ri kapitu ingkang Masuci | kèndêl dèn ta akarya | mula Kang Maluhur | ambarkahi dina Sabat | lan kinarya dina iku dadi suci | iku Sabating Pangran ||

9. ngajènana marang yayah bibi | kang supaya dawa umurira | anèng tanah pêparinge | Pangran Allahirèku | sira aywa amêmatèni | sira ywa laku bedhang | ywa nyolong sirèku | aywa dadi saksi cidra | lan maninge aywa sira dhêmên melik | darbèke padhanira ||

10. sadangunya Pangran Kang Masuci | dhawuhakên parentah sadaya |

--- 99 ---

kang tumrap ring umat Isrèl | Isrèl saya jrihipun | aningali gêlap lan thathit | datansah aliwêran | gya samya lumayu | umatur ring Nabi Musa | kang dèn pinta Musa kewala dhawuhi | ywa Pangeran pribadya ||

11. sami ajrih lamun angêmasi | sadhawuhnya Pangran dhatêng Musa | Israil yun ngestokake | rampung prasapanipun | Bani Srail sanggup nêtêpi | gya Musa saos kurban | konjuk Hyang Maluhur | Bani Srail sawratanya | siniratan ludira kurban jêng nabi | mangkana andikanya ||

12. iku gêtih măngka mracihnani | prasêtyanya Pangran marang sira | lan turunira ing têmbe | Musa gya munggah gunung | kawan dasa ari myang ratri | laminya nèng aldaka | ing sadangunipun | nampi dhawuhing Pangeran | ingkang arsa dhinawuhkên ring Israil | umat papilihannya ||

13. wusing rampung dhawuhirèng Widhi | Nabi Musa pinaringan papan | sela kêkalih cacahe | mot anggêr-anggêr luhung | kang kasêrat astèng Hyang Widhi | Bani Isral[2] winarna | duk wrin dangunipun | Nabi Musa tan tumêdhak | saking ardi dera marêk Hyang Masuci | matur ring Arun sigra ||

14. mugi-mugi paduka akardi | dewa măngka ngirid lampah kula | wit [wi...]

--- 100 ---

[...t] dene Musa samangke | paran ing wêkasipun | kula sami datan udani | Arun nulya ngandika | ywa ngono karêpmu | anting-anting sampun pinta | gon-anggone anak myang rabinirèki | sun karya dewanira ||

15. Bani Srail datan angrawati | suka lila pinundhut darbèknya | katur ing Arun sanggyane | tinampi dening Arun | gya cinithak apan wus dadi | rêca pêdhèt kancana | Isrèl sukèng kalbu | sora wijiling wacana | hèh ta kănca iki kang ngirid sing Mêsir | iyèku dewanira ||

16. enjingira Israil rumanti | karya kurban katur pêdhèt êmas | gambirèng tyas mring dewane | Pangeran Kang Maluhur | nulya dhawuh mring Musa Nabi | aglis sira mudhuna | saka luhur gunung | wruhanira umat Ingwang | Bani Srail lakune rusuh sayêkti | nyêbal pituduh Ingwang ||

17. Nabi Musa mêdhak saking ardi | sarwi mandhi punang papan sela | kêkalih munggwèng astane | dahat ing dukanipun | Nabi Musa duk aningali | Bani Srail jogedan | sindhèn swara umyung | angêpung pêdhèt kancana | nèng barisan binarung găngsa dumêling | bramantya Nabi Musa ||

18. papan sela kalih kang cinangking | gya binanting sangandhaping ardya | kang papan rêmuk [rêmu...]

--- 101 ---

[...k] kalihe | rêca cinandhak sampun | dèn jur-êjur nulya dèn bêsmi | lêbur tanpa kukupan | kang rêca malêdug | sinawur-sawur ring tirta | Nabi Musa dhawuh ring Israil sami | kinèn ngombe kang tirta ||

19. enjingira Musa ngandika ris | ingsun arsa munjuk ring Pangeran | dèn ta gawe dosa gêdhe | lamun kaparêng ingsun | sira olèh aksamèng Widhi | nulya marêk Pangeran | alon aturipun | dhuh Pangeran umat Tuwan | Bani Srail sampun sami anglampahi | dosa gêng ngarsa Tuwan ||

20. dene sampun karya dewa rukmi | ing samangkya mugi karsa Tuwan | ngaksama ring Bani Srael | ing gênging dosanipun | lamun datan antuk aksami | suka lila kawula | linêbur Hyang Agung | mangkya dhawuhira Pangran | janma kang wus gawe dosa ngarsèng Widhi | linêbur sing tulisan ||

21. mêngko sira ngirida Israil | marang unggyan Sun karya prasêtya | marang sira myang Israèl | lan malaekat Ingsun | andhingini sira lumaris | besuk praptèng mangsanya | sun siksa wong iku | samêngko sira karyaa | papan watu loro padha lan kang dhihin | Sun tulis sabdaningwang ||

22. kaya dene papan karo dhihin | sesuk esuk sira saosêna [sao...]

--- 102 ---

[...sêna] | iya anèng gunung kene | Musa gya munggah gunung | kawan dasa ari myang ratri | sowan ngarsèng Pangeran | tan dhahar myang ngunjuk | papan sela kang winawa | sinêratan pêpakèn Hyang Maha Suci | Pangran nganthi mring Musa ||

Pasucianing Allah, para imam, lan dintên agêng.

24. Kinanthi

1. kawuwusa Hyang Maluhur | dhawuh dhatêng Musa Nabi | kinèn karya pasucian | padalêman ingkang suci | padalêman asmèng Pangran | kang pinuja Bani Srail ||

2. Bani Srail golong rêmbug | ngaturakên pèni-pèni | rajabrana myang sasotya | kajêng pelag aprayogi | bêbadhening kang yêyasan | katur ngarsèng Musa Nabi ||

3. sadaya ingatur sampun | pakaryan kang mandhegani | nênggih kêkalih sarjana | manut pola Hyang Masuci | kang sinung ring Nabi Musa | duk ana ing Sina wukir ||

4. asta karya ukuripun | panjangira tigang dèsi | wiyarira sadasasta | inggilira apan sami | lawan miyar[3] sadasasta | pagêrira kang kinardi ||

5. blabag lapisan mas murub | pêpayon wacucal pèni | salêbêting

--- 103 ---

pasucian | pan ginubah dadya kalih | kang nèng ngarsa ingaranan | sana suci wus prayogi ||

6. dene ingkang munggwèng pungkur | aran sucining asuci | mubêng sinung palataran | ginêbêran aprêmati | kêkalih kang papan sela | munggwèng sucining asuci ||

7. pêthi êmas wadhahipun | nginggilira tutup pêthi | sinung pratima kancana | rekan malaekat kalih | samya lênggah jêng-ajêngan | sarwi babar kang suwiwi ||

8. jro sasana suci ngriku | pan wontên padupan rukmi | myang wontên meja kancana | wadhah roti kang sumaji | jug-ajug mas êpang sapta | sinung clupak mas nyawiji ||

9. ing plataran ngarsa sinung | misbyah obaran têmbagi | miwah padasan têmbaga | datansah ngisenan warih | karya wulu para imam | kang arsa nglampahi kardi ||

10. duk rampung panggarapipun | pasucian Hyang Masuci | Pangran mahyakkên mulyanya | prabanya Hyang Maha Suci | anèng sajro pasucian | tinon lir mega nêlahi ||

11. sasanèng Hyang Maha Agung | pinatah kang ambakoni | pinèt sing Lèwi kang darah | turun Arun angimami | Arun madêg ulu imam | lêstari sing darah Lèwi ||

12. kang jumênêng imam agung | malbèng sucining asuci | ping sajuga ing sawarsa | yèku ari amarêngi [ama...]

--- 104 ---

[...rêngi] | riaya panglêbur dosa | de pra imam anglanggati ||

13. kajating janma sawêgung | saos kurban mring Hyang Widhi | kang ngladosi para imam | yèku para darah Lèwi | wusing rampung sing pakaryan | bubaran dipun barkahi ||

14. mangkana andikanipun | muga Pangran Kang Masuci | barkahana marang sira | ngrêksaa marang sirèki | madhangana marang sira | muraha Hyang Maha Suci ||

15. tumrapa marang sirèku | muga-muga Hyang Masuci | manisa wadananira | sarta angganjar basuki | iya marang jênêngira | luwaran sanggya prajanmi ||

16. kang dadya ari pinunjul | kang dèn mamule Israil | para priya kuwajiban | malbèng pasucian ping tri | punika dalêm sawarsa | sarambahan sapta ari ||

17. anging mênggah kèndêlipun | dènira anambutkardi | ing ri purwa myang wasana | juga Paskah kang riadi | kalih ari Pêntekosta | kaping tri kang ariadi ||

18. karan ri tancêbing tarub | yèku măngka amèngêti | duk wisata ring Kanangan | munggwèng ngara-ara sami | măngsa lêbaring wowohan | saos sukur mring Hyang Widhi ||

19. pănca ri sadèrèngipun | dumugi ingkang riadi | ran ri panglêburing dosa | Bani Srail anglampahi |

--- 105 ---

analăngsa mring Pangeran | sami siyam Bani Srail ||

20. saos kurban imam agung | yèku kurban kang kinardi | măngka pangruwating dosa | dosanya imam pribadi | myang pangruwat dosanira | sanggya para Bani Srail ||

21. ri raya Paskah winuwus | yèku karya ngeling-eling | duk ing nguni wijilira | Bani Srail saking Mêsir | juwawut tanêmanira | kang wus tinon tuwa dhingin ||

22. ring pasucyan iku konjuk | bakda Paskah nulya wiwit | juwawutnya ingênenan | Pêntekosta kang winarni | mèngêti ring kabingahan | undhuh-undhuh Bani Srail ||

23. ngiras karya ngemut-emut | dhumawuhing anggêr nguni | natkala nèng ardi Sina | Bani Srail amarêngi | angênèni gandumira | samya mucung Bani Srail ||

Pakuburanipun tiyang luwamah.

25. Pocung

1. unggyanipun Isrèl lêrêb mèh sataun | ngandhap ardi Sina | anuju sajuga ari | tugu mega muluk saking pasucian ||

2. Bani Yakub gya samêkta bidhalipun | samya suka-suka | panyanèng tyas nulya prapti | anèng tanah lir kang dadya sêdyèng lampah ||

3. lampahipun [la...]

--- 106 ---

[...mpahipun] kathah pêpangkalanipun | lagya tigang arya | gya kalêson Bani Srail | tiyang rucah prasami yun nêdya ulam ||

4. samya muwus nangis sambat ngadhuh-adhuh | paran polah ingwang | sapa baya sun jaluki | dene dahat kêpengin ngong mangan iwak ||

5. angur aku anèng Mêsir mangan timun | iwak lan sêmăngka | brambang bawang lan kucai | apa manèh kabèh sarwa lêlahanan ||

6. tanpa tuku ing saikine awakku | apa dak pangana | mari mati êman iki | jêlèh têmên mangan tan lyan kajaba man ||

7. Hyang Maha Gung maring Musa nulya dhawuh | sira dhawuhana | marang sakwèh Bani Srail | sesuk esuk bakal padha mangan iwak ||

8. sabudimu saengga sasami muput | mlukèk-mlukèk sira | sabab sira nyênyampahi | mring Pangeran kang ana ing têngahira ||

9. de kaduwung ênggonmu wus padha mêtu | saka pangawulan | iya iku tanah Mêsir | aturira Nabi Musa mring Pangeran ||

10. dhuh Hyang Agung kadospundi Tuwan dhawuh | karsa paring ulam | dhatêng umat Bani Srail | laminipun ngantos muput ing sawulan ||

11. dhuh Hyang Agung umat Tuwan Bani Yakub | jalêrnya kewala | udakawis ênêm kêthi | angandika [anga...]

--- 107 ---

[...ndika] Pangeran mring Nabi Musa ||

12. kwasaningsun yakti tan kuciwèng sêmu | mula dèn pracaya | Nabi Musa anulya glis | nglêmpakakên sasêpuhing Isrèl samya ||

13. tan adangu samirana bêkta puyuh | saka ing sagara | sinêbar nèng têngah baris | mubêng kupêng tumpang tindhih yêl-uyêlan ||

14. inggilipun kalih asta tumpuk undhung | Bani Srail nulya | kaul dènnya andêkêpi | dhatêng puyuh kalih dintên laminira ||

15. dèrèng sampun panêdhaning ulamipun | Israil kataman | sapu-dhêndhaning Hyang Widhi | tan apanggah kang surakah têmah pêjah ||

16. kuburipun tyang luwamah wontên ngriku | kaloking kuburan | lêstari dipun wastani | pakuburan para tiyang kang luwamah ||

Para têlik.

26. Pangkur

1. kapungkur pra kang luwamah | kawarnaa dèn ta Isrèl lumaris | sampun laju lampahipun | praptèng ra-ara Paran | Nabi Musa nuding maring Bani Yakub | anêlika ring Kanangan | sabên pancêr pinèt niji ||

2. ing marga tan winursita | lampahira praptèng gyan kang tinêlik | lèr kidul [ki...]

--- 108 ---

[...dul] apan wus kêmput | samana nuju măngsa | ngundhuh anggur dadya têlik nyêmpal anggur | dahat agêng kang dhompolan | rinêmbat ing tiyang kalih ||

3. miwah ngambil woh dalima | kurma-kurma myang lyan woh amêpaki | dupi laku wus kacukup | ing patang puluh dina | para têlik nulya aglis sami wangsul | tur uning ring Nabi Musa | ing sasolahe tinuding ||

4. tuhu lamun tanah ika | tanah ingkang saklangkung loh jinawi | pasir wukir panjang-punjung | kacihna sing ananya | anggur kurma dalima myang sanèsipun | kang winawa pra utusan | karya eram kang ningali ||

5. janma ingkang samya manggyan | sami gagah prakosa sura-sakti | yèn tinandhinga lan ulun | kula prasasat walang | bakuh kukuh santosa gêng kithanipun | Bani Srail kawuwusa | myarsa turing para têlik ||

6. dahat girise kang manah | ting carêblung gumuruh swaranèki | nguman-uman Musa Arun | mangkana wuwusira | luhung kula anèng Mêsir têmah layu | utawi nèng ngara-ara | anèng ngrika baya kardi ||

7. sun binêkta ing Pangeran | nora wurung kula têkèng ngêmasi | dadi pangewaning mungsuh | anak bojo tinawan | angur kula wangsul ring Mêsir sadarum | nulya karya lurah enggal [engga...]

--- 109 ---

[...l] | gilig rêmbag wangsul Mêsir ||

8. têlik Kalèb miwah Yusak | angrêrapu mring para Bani Srail | mangkana andikanipun | tanah ika prayoga | bokmanawa Pangran sudi marang aku | pinaringan tanah ika | sok uga aywa baribin ||

9. ambalela mring Pangeran | aja wêdi mring băngsa kang ngênggoni | asantosa pangungsènku | tinimbang băngsa ika | pangungsène wong ika sayêkti suwung | bènèh lawan jênêng ingwang | jinangkung ing Hyang Masuci ||

10. pangrêrapunira Yusak | miwah Kalèb tan tinampi Israil | kwèh pitutur tanpa kusur | mandar tiyang sadaya | alok-alok Yusak Kalèb yun linampus | saksana mulyaning Hyang |[4] ngatingali Bani Srail ||

11. Allah asru angandika | wus ping pira Bani Srail ngayoni | nyampahi mring asmaningsun | miwah sakwèh pratăndha | kang Sun karya nèng ngarêpe Bani Yakub | sira arsa Ingsun karya | lir pendah ucapirèki ||

12. ucap kang wus sun piyarsa | anakira iku kang andarbèni | kang wus padha sira sêngguh | bakal dadi tawanan | iku bakal Sun paringi tanah iku | tanah têtampikanira | dene sira kabèh mati ||

13. anakira bakal nglambrang | ngulandara nèng

--- 110 ---

ngara-ara iki | nganti patang puluh taun | sira kabèh palastra | kang umur ta luwih sing rong puluh taun | winilang sing wijilira | mêntas saka tanah Mêsir ||

14. amung Kalèb tuwin Yusak | sinung gêsang dening Hyang Maha Suci | kang dwi dasa taun langkung | sirna samya palastra | dahat dènnya balela mring Kang Maluhur | andadra karya piala | datan arsa angunduri ||

Balelaning Bani Srail.

27. Durma

1. kawuwusa Israil darbe manggala | dwi atus sèkêt janmi | kathahing manggala | gêcul kumpul manglawan | dhatêng Arun Musa Nabi | Musa tinarka | angêgungakên dhiri ||

2. ingkang măngka cucuking para manggala | kang arsa karya juti | tatiga namanya | Korah Datan Abiram | pangangkahnya tiyang katri | sanggya pakaryan | mangrèh myang angimami ||

3. para kraman tan kenging lamun kantuna | dahat dènira mèri | Nabi Musa nabda | sesuk padha sebaa | nèng ngarsèng Pangran Masuci | padupanira | gawanên aywa kèri ||

4. ana kono sayêkti bakal katara | sapa ingkang pinilih | piniji Pangeran | pakaryan kang mangkana | Korah [Ko...]

--- 111 ---

[...rah] nulya angundhangi | Isrèl rowangnya | ngarsa sasanèng Widhi ||

5. duk samana Pangeran nulya ngandika | sumingkira Israil | sing tarube Korah | Datan miwah Abiram | sabab uwong iku pasthi | Sun tumpês sakal | dèn awas Bani Srail ||

6. bumi ingkang dèn ênciki tyang tatiga | anulya bêngkah aglis | nguntal pra tyang tiga | dalah sadarbèkira | miwah pra manggala sami | sinambêr gêlap | kabèh samya ngêmasi ||

7. sanadyana wus kalakyan kang kadyèka | tan kêndhat Bani Srail | malah sayandadra | dènira nguman-uman | maring Arun Musa Nabi | ingaran dadya | dêdalane bilai ||

8. duk samana mulat bramantyaning Allah | wawêlakira mijil | nêmpuh tyang salêksa | kawan èwu kalawan | pitung atus sirna gusis | padha sakala | tan ana kèri urip ||

9. wontên malih panggrundêlnya maring Musa | wit saking kirang warih | nèng Kadèsbarnea | Pangran nulya ngandika | dhawuh dhatêng Musa Nabi | kinèn ngalapa | lantaranira aglis ||

10. myang ngumpulkên para Bani Srail samya | Arun lan Musa Nabi | kinèn ngaruhana | parang nèng ngarêpannya | parang masthi mijil warih | wus sira pêpak | Musa ngandika

--- 112 ---

aris ||

11. hèh wong wangkot kabèh padha angrungokna | apa wijiling warih | saka parang ika | aku kang mêtokêna | kumlawe astanirèki | anjojoh parang | ngantya rambah ping kalih ||

12. sanalika parang mijil tirta kathah | sadaya Bani Srail | dalah kewanira | nulya ingombèn samya | Pangran nulya dhawuh maring | Arun lan Musa | rèhne mêngko sirèki ||

13. nglirwakake kang dadi prentahing Pangran | sarta datan ngajèni | marang asmèng Allah | ana ing pasamuan | marmane gonira ngirid | Israil umat | datan bisa nguwisi ||

14. bakal ora kongsi tumêkèng Kanangan | gya sêndhang dèn arani | Mariba têgêsnya | toya apa pabênan | duk warsa Isrèl lumaris | wus kawan dasa | Bani Israil prapti ||

15. tanahipun tiyang Edom turun Esap | Iskak ingkang sasiwi | tyang Edom tan suka | lamun dèn langkungana | dumadya Israil sami | nyimpang lampahnya | sing Edom murang margi ||

16. wontên margi Israil angundhamana | kene tan ana roti | miwah tan na tirta | bosên têmên wak ingwang | mangan êman nora salin | saksana Pangran | bêndu mring Bani Srail ||

17. Bani Srail kenging wêlak sarpa kathah | kalangkung [ka...]

--- 113 ---

[...langkung] mandi-mandi | Isrèl kawasesa | kathah samya pralena | sakathah tyang nulya sami | marêk ring Musa | sarwi umatur aris ||

18. kula sampun sami rumaos klêpatan | mugi dongakna mami | ing ngarsèng Pangeran | birata ingkang sarpa | Musa nulya anglampahi | donga mring Pangran | Musa gya kinèn kardi ||

19. rarekannya kang sarpa badhe têmbaga | rekan pinanjêr aglis | minăngka pratăndha | singa cinakot ula | yèn mawas rarekan masthi | nulya waluya | mangkana karsèng Widhi ||

20. sawarnanya umat kang wus kaprawasa | cinakot ula mandi | samasa umiyat | rekan ula tambaga | satêmah waluya jati | girang sukèng tyas | lir taru kênèng riris ||

Pandhita Balhum.

28. Sinom

1. kawuwusa lampahira | Isrèl wusnya anglangkungi | tanah Edom gya ngutara | anyabrang Arnon kang kali | wasana dupi prapti | ing Amori tlatahipun | nulya manggya pangkalan | kang darbèni ing Amori | Sang Araja Sion datan marêngêna ||

2. kalamun talatahira | dèn ambaha Bani Srail | dumadya rarêmpon aprang |

--- 114 ---

Sang Raja Sion kalindhih | têmah Amori nagri | dinarbe ing Bani Yakub | mangkana dupi prapta | laladan Basan nagari | Sang Prabu Og kang jumênêng naradipa ||

3. dahat dènnya mambêngana | lampahira Bani Srail | kalakwan pinukul ing prang | ing Basan kasor ing jurit | tumulya Bani Srail | lêrêb Lêbak Moab mungguh | têpi Yardèn bangawan | ngajêngkên Yereka nagri | kawuwusa sang aprabu nagri Moab ||

4. jajuluk Narendra Balak | sang aprabu animbali | juru pamêca ing Aram | Pandhita Balhum sasilih | dhawuh sri narapati | kaêmban cundakèng prabu | yèn Balhum tinimbalan | supadya ngipat-ipati | mring Israil kang dadya klilip narendra ||

5. sri narendra kuwalahan | kalamun umagut jurit | yèn ta sêpi sabdanira | Pandhita Balhum tyang sidik | nging Allah andhawuhi | dhumatêng Pandhita Balhum | tan parêng ngêmbulana | miwah angipat-ipati | mring Israil karana wus binarkahan ||

6. marma Balhum Sang Pandhita | tan arsa sowan sang aji | suprandene Raja Balak | anduta punggawa malih | pangkat kapara inggil | mikat sih Pandhita Balhum | dumadya arsa sowan | kèrid salampah duta ji | kawarnaa [kawarna...]

--- 115 ---

[...a] dupi anèng têngah marga ||

7. malaekating Pangeran | ambegal ngadhang-adhangi | sarwa sikêp pêdhang ligan | Balhum tan pisan udani | ananging punang kuldi | titihan Pandhita Balhum | wikan mring malaekat | dumadya nyimpang ing margi | krudha mangkrak pandhita mêlak kuldinya ||

8. kuldi anjêrum sakala | wimbuh sangsaya tinitir | Pangeran nulya ambuka | dhumatêng cangkêming kuldi | kuldi micarèng janmi | lan paran dosa wak ulun | dene tinitir gêbag | saksana Pangran marêngi | maring Balhum wikan dhatêng malaekat ||

9. andikanira Pangeran | lah mara bacuta aglis | nanging poma aja sira | ngucap lyan wisik Hyang Widhi | tan winursitèng margi | wus prapta Pandhita Balhum | ngarsèng Sang Raja Balak | anulya sinambut aglis | mring pêpunthuk dera Balak Sri Narendra ||

10. kang supaya uningaa | gêlar barising Israil | mojar Balhum ngarsèng nata | tuwin para agung sami | kadya paran sang aji | pangêsot kawula prabu | dhumatêng tyang punika | tan ingêsot Hyang Masuci | lawan malih kadya paran bangkit amba ||

11. nupata tyang binarkahan | dening Pangran Kang Masuci | praptamba ngriki punika | tan lyan amba ambarkahi [ambarkah...]

--- 116 ---

[...i] | dhumatêng Bani Srail | mangkya karsa Hyang Maha Gung | Raja Balak ngandika | têkan ta ingsun timbali | kang supaya Israil supatanana ||

12. măngka sira andum barkah | iya marang Bani Srail | nganti kaping tri rambahan | kawruhana mring sirèki | gon sun arsa ngurmati | mring sira Pandhita Balhum | pinêgat Allahira | tan kawarna Bani Srail | gêcak Moab pindha mèt madu sarkara ||

Sedanipun Nabi Musa.

29. Dhandhanggula

1. duk samana sakwèh kang kairid | Nabi Musa sing Mêsir wus sirna | mung kantun Yusak lan Kalèb | punapadene Arun | apan sampun tumêkèng jangji | kawarna Nabi Musa | darbya tur panuwun | mring Pangeran Allahira | amarêngi lêrêbira Bani Srail | ana ing Lêbak Moab ||

2. aturira mring Hyang Maha Suci | mugi-mugi kawula klilana | ngalami nyabrang ing Yardèn | wikana tanahipun | ingkang Tuwan karya prajangji | Pangeran tan marêngna | kabuling panyuwun | andikèng Allah mring Musa | wis ywa matur sira marang Hyang Masuci | ing bab iku prakara ||

3. muhung sira munggaha dèn aglis |

--- 117 ---

gunung Nêbo anèng kono sira | Sun tuduhake tanahe | kasusra loh pinunjul | Sun janjèkke mring Bani Srail | sira bakal tumingal | nging sira tan mlêbu | Nabi Musa duk miyarsa | gya pamitan dhumatêng Bani Israil | miwah papèngêt kathah ||

4. samukawis sih marmaning Widhi | atanapi ngaping kalih prentah | kang dhumawuh sing Allahe | Isrèl sinung pituduh | ipat-ipat lan barkah suci | pinaringan prasapa | lamun Hyang Maluhur | arsa karya nabi juga | kang piniji saka antaranirèki | pindha aku èstokna ||

5. Nabi Musa sawusira paring | kang pangèstu mring Isrèl sadaya | nulya minggah ardi age | seda wontên ing ngriku | layonira Musa tumuli | pinêtak dening Allah | tan na janma wêruh | dupi Israil wus wikan | lamun Musa pinundhut dening Hyang Widhi | anulya tinangisan ||

6. laminira tigang dasa ari | kawuwusa seda Nabi Musa | apan marêngi yuswane | duk rikala pinundhut | satus langkung dwi dasa warsi | karosan datan suda | netra datan lamur | sasedanya Nabi Musa | datan ana nabi pindha Musa Nabi | kapêraknya mring Allah ||

--- 118 ---

Nabi Yusak.

7. sasedanya Musa kang piniji | dening Allah supaya ngirida | maring laku Bani Srael | iyèku Yusak bin Nun | Pangran jangkung mring Yusak Nabi | pindha jangkung ring Musa | Nabi Hyang Maluhur | Nabi Musa kang nyabrangna | Bani Srail wontên ing sagantên Abrit | ing Yardèn Nabi Yusak ||

8. toyanira ing Yardèn banawi | dadya piyak pindha pagêr bata | yèku ing luhur katone | ingkang ngandhap lêstantun | sengga asat ilining warih | engga têlasing nyabrang | Israil sadarum | wusing mêntas dènnya nyabrang | lampahira Bani Srail sampun prapti | cêlak nagri Yereka ||

9. Bani Srail sami anêtêpi | dintên agêng Paskah kang riaya | anèng Kanangan katêmbèn | nuju panèn juwawut | Bani Srail nulya abukti | juwawut panenannya | kang măngka kalintu | têdhanira kang warni man | ing samangkya datan pinaringan malih | têdha ingkang warni man ||

10. kawuwusa Yereka nagari | sakalangkung santosa kang praja | anggênggêng baluwartine | Pangeran Kang Maha Gung | wus prajangji Yereka nagri | pinaringkên ring Yusak | mangkya dhawuhipun | ngidêrana ing nagara | iya sira lan [la...]

--- 119 ---

[...n] sakwèhe pra prajurit | sapisan ing sadina ||

11. midêrira lawase nêm ari | sarta imam papitu padhaa | anggawa tangara slomprèt | lakune imam pitu | dèn iringa sakwèhning janmi | ngarsèng pêthi prasêtyan | de ari kapitu | mubênga pitung rambahan | para imam padha ngunèkna piri |[5] Isrèl surak-suraka ||

12. tan kawarna lampahnya Israil | anêtêpi dhawuhing Allahnya | sadaya pan datan mlèsèd | baluwarti gêng jugrug | duk ramening surak Israil | bala malêbèng kitha | tyang ing nagri larut | sanggya sami pinêjahan | griya-griya sadaya sami binêsmi | mangkya pitulung Allah ||

13. maring Yusak anguwisi kardi | ratu alit-alit sanèsira | tinêlukakên sanggyane | bèh ji cacahing ratu | nèng Kanangan samya ngratoni | wontên ingkang winarna | duk campuh ing pupuh | ana ing Ayalon jurang | duk ngrabasèng dhumatêng tiyang Amori | surya tuwin rêmbulan ||

14. samya kandhêg lampahira sami | margi saking dhawuh Nabi Yusak | ing kono Allah karsane | tyang Amori sawêgung | tumpês tapis aywana kari | jawah woh miwah gêlap | sarayèng apupuh | kwèh kitha Kanangan rusak | bosah-basih datan [data...]

--- 120 ---

[...n] ana măngga pulih | bumi tinêkêm Yusak ||

15. Nabi Yusak saksana ambagi | bumi ingkang tinêkêm sadaya | dhatêng pancêring Israel | wradin sajuru-juru | turuning Gad lan turun Rubin | trah Mênase sabêlah | dinuman sawêgung | banawi Yardèn bang wetan | dene Isrèl sanèsipun dèn bagèhi | tanah kang dunungira ||

16. antaranya ing Yardèn banawi | myang jladri gung iku watêsira | wondene Lèwi turune | duman tanah tan antuk | nanging sami dipun paringi | dede tanah nging kitha | kawan dasa wolu | pinèt saking dumanira | Bani Srail liyan saking turun Lèwi | wau ta pasucian ||

17. dèn dêgakên nèng Silo nagari | Bani Srail antuk katêntrêman | tan ana kakurangane | kamirahan Hyang Agung | kang wus dadya ubayèng nguni | mring Bani Srail samya | gantya kang winuwus | amarêngi Nabi Yusak | duk yuswanya wus satus sadasa warsi | miwah sasampunira ||

18. ngrampungakên ayahan Hyang Widhi | gya nglêmpakkên sakathahing tiyang | Bani Srail anèng Sikèm | pamitan karsanipun | Bani Srail sinung papeling | kamirahaning Allah | wah sinung dhêdhawuh | kinèn mantêp ring Pangeran | sarta sami dhinawuhan [dhi...]

--- 121 ---

[...nawuhan] anêtêpi | anggêr-anggêrnya Musa ||

19. myang ngabêkti mring Allah sajati | datan kenging lamun ngabêktia | dhumatêng Allah sanèse | mung mantêp ring Hyang Agung | dene lamun arsa mbêktèni | kang pinunjul sing Pangran | pinilih rumuhun | anging mênggah Nabi Yusak | sabrayatnya tan liyan kang dèn bêktèni | amung Pangeran Allah ||

20. Bani Srail samya saur-pêksi | datan pisan-pisan kang kadyèka | tan nêdya nilar Pangrane | sujud ring sanèsipun | Nabi Yusak nulya nêngêri | minăngka tăndha saksya | ngêdêgkên sela gung | cêlak dalêm pasucian | nèng soring wit supaya Isrèl ywa mungkir- | mungkar maring kanoman ||

Gidyon.

30. Sinom

1. sasedanya Nabi Yusak | kawuwusa Bani Srail | tan nêtêpi prajangjian | brahala kang dèn bêktèni | nilar Ingkang Masuci | sinrah maring mêngsahipun | yèn tobat mring Pangeran | anulya dèn pitulungi | srana tiyang kang pinatah ing Pangeran ||

2. para tiyang kang pinatah | sinêbut ing aran kakim | prasamya ngrèh kang pakaryan [pakarya...]

--- 122 ---

[...n] | pancêr juga miwah lêwih | duk samana Mêdayin | ngêbroki tanah bêk rusuh | ambradhat rajakaya | angrêsahi sabin-sabin | pêndhak warsa lami ngantya pitung warsa ||

3. tan ana kang malangana | nulya Allah karsa miji | matah tyang neman sajuga | prawira Gidyon wêwangi | Mênase pancêrnèki | antuk dhawuhing Hyang Agung | lumantar malaekat | malaekat ngandika ris | hèh prawira Pangran jangkung jênêng sira ||

4. Gidyon anauri sabda | yèn èstua Kang Masuci | anjangkunga mring kawula | paranbaya kula sami | tansah dipun limputi | ing bêbaya sangsara nglud | lah ta pundi mukjijat | kinocap laluhur nguni | Hyang Mamulya anulya alon ngandika ||

5. hèh Gidyon dèn kêbat sira | ngluwarana Bani Srail | saka tangane wong Midyan | kalawan karosannèki | Ingsun ngutus sirèki | Gidyon munjuk Hyang Maluhur | punapa kang sarana | anggèn kawula ngluwari | umat Tuwan Bani Srail kasangsara ||

6. măngka kawula punika | trah Mênase lit pribadi | sami yasa dhèrèk amba | kawula ênèm pribadi | Pangran ngandika malih | Ingsun jangkung mring sirèku | siranggitik wong Midyan | wis kaya mungsuh wong siji | sarta malih [ma...]

--- 123 ---

[...lih] wira Gidyon dhinawuhan ||

7. kinèn angrusak brahala | sêmbahane kang sudarmi | dalah panggenannya pisan | saksana dipun lampahi | wira Gidyon bêk wani | kang brahala amalêdug | sigra Gidyon ginugat | pininta yun dèn pêjahi | kang sudarma mangsuli mring pra panggugat ||

8. yagene prakarèng Baal | têka sira kang ngêmbani | lamun Baal iku allah | cikbène malês pribadi | marang kang salah kardi | papane Baal dèn lêbur | datan antara lama | kwèh mungsuh kang anêkani | mring Kanangan cacahnya kathah kalintang ||

9. udakara cacahira | tiga wêlas lêksa lêwih | gangsal èwu kwèhing bala | kang kathah băngsa Mêdayin | Gidyon yun mapak jurit | nging sadèrèngira pagut | minta cihna mring Allah | unjuknya mring Hyang Masuci | kawula yun nyèlèhakên wulu menda ||

10. gumêlar wontên ing latar | manawi ing benjing enjing | wulu menda kaêbunan | kanan keringipun garing | ngriku kawula masthi | wikan lamun Hyang Maluhur | ngluwari umat Tuwan | Bani Srail sing Mêdayin | srayèng Allah wit saking tangan kawula ||

11. tan kawarna wus kalakyan | Gidyon tangi wanci enjing | wulu têlês pinêrêsan [pinê...]

--- 124 ---

[...rêsan] | kanan kering tuhu garing | sabokor angêbaki | kwèhing êbun kang nèng wulu | Gidyon malih maminta | marang Hyang Kang Maha Suci | aturira wulu punika garinga ||

12. kang latar kaêbunana | Allah inggih amarêngi | panyuwunnya sang prawira | ing ratri kang wulu garing | dene ing kanan kering | latar têlês kenging êbun | Gidyon gya mêpak bala | karsa dèn adu ing jurit | tigang lêksa kalih èwu kwèhing bala ||

13. Allah nulya angandika | dhumatêng prawirèng jurit | balanta iku kakehan | mundhak gumunggung Israil | rumasa angêntasi | liyan saka karsaningsun | mula ge undhangana | sapa jirih kêna mulih | aja nganti nanulari kancanira ||

14. kalih likur èwu samya | kinèn mantuk jrih ing jurit | dupi kantun tyang salêksa | Pangeran ngandika malih | kakehan wadyanèki | kang padha umagut pupuh | nulya dèn long kang wadya | tigang atus wani jurit | Senapati Gidyon nulya măntha wadya ||

15. kinarya tigang pêpanthan | dèn cêkêli obor niji | winadhahan guci samya | miwah salomprètnya tunggil | dupi ing madya ratri | sasingidan lampahipun | dhatêng barisan Midyan | mara-tiga ajêngnèki | Bani Srail nulya [nu...]

--- 125 ---

[...lya] samya surak-surak ||

16. mangkana swaraning surak | mawurahan wanti-wanti | pêdhanging Gidyon myang Pangran | angumbulkên obor sami | binarung slomprèt muni | pangrêmuking gucinipun | karya kapitèng mêngsah | ingkang lagya eca guling | wong Madayin samya gègèr mawurahan ||

17. tanbuh mêngsah lawan rowang | rame dènnya silih-ungkih | duk-sinuduk dhang-pinêdhang | samya rowang kèh kang mati | pakuwon banjir gêtih | wong Madayin mawut-mawut | wêwah kang anglud mêngsah | bala saking ing Epraim | wong Madayin kèh kapupu tinawanan ||

18. sakondurnya sang jayèng prang | pan arsa kinarya aji | dening Bani Srail samya | de karya unggul ing jurit | Gidyon ngandika aris | aja karya ratu aku | Yêhuwah Allahira | iku ratune Israil | dene Allah datan pêgat nganthi sira ||

Bok Rut.

31. Kinanthi

1. wontên malih kang winuwus | duk jamannya para kakim | tanah kambah ing pailan | kocap tyang Bètlêkèm nagri | Elimèlèh namanira | miwah somah ran Naomi ||

2. jalu kalih atmanipun | prasami atilar panti | wisata [wisa...]

--- 126 ---

[...ta] ring tanah Moab | ngungsi sandhang miwah bukti | putra kalih samya ngalap | larèstri ing Moab nagri ||

3. nama Arpah tanapi Rut | kocap tan antarèng lami | Elimèlèh myang atmaja | kêkalih samya ngêmasi | Naomi myang mantunira | katiga warăndha sami ||

4. Naomi pan arsa mantuk | dhatêng tanahira nguni | tanah wutah êrahira | mantu kalih atut wuri | dupi anèng têngah marga | mantu samya kinèn mulih ||

5. mantu Arpah nulya wangsul | datan sida atut wuri | Rut tan pêgat atut wuntat | lon umaturing Naomi | sampun balak dhatêng kula | ing sapurug sun umiring ||

6. botên sagêd kula kantun | băngsandika băngsa mami | Allah dika Allah kula | pêjah gêsang sun umiring | ing pundia purug dika | manira tan bisa kari ||

7. Naomi Rut atut runtut | kêkalih agilig kapti | tan winarna lampahira | wus praptèng Bètlêkèm nagri | kalis tan na kara-kara | basukyarja kang pinanggih ||

8. tyang Bètlêkèm samya pandung | duk umiyat mring Naomi | alon wijiling wacana | baya ta sira Naomi | kang wisata duk ing kuna | Naomi alon mangsuli ||

9. aywa nyêbut jênêng ingsun | Naomi lir duk ing

--- 127 ---

uni | wit Naomi ngêmu rasa | ayêm têntrêm kang pinanggih | mungguh aku sinêbuta | marah bae wus mantêsi ||

10. têgêse wong gung mangun kung | sêdhih kingkin wah prihatin | duk sun lunga sugih brana | mulih mlaratku kêpati | mangkya karsèng Hyang Mamulya | karya lakon mring wak mami ||

11. kunêng ingkang gunêm rêmbug | duk samana amarêngi | măngsa panèn kawuwusa | bok Rut ngangsag dhatêng sabin | kapanujon sabin Boas | punika kang dèn angsagi ||

12. Boas sugih klangkung-langkung | mila datan walangati | taksih klêbêt wangsanira | Elimèlèk kang wus lalis | duk praptèng Rut ing angsagan | Boas tanya tyang ni-ani ||

13. uwong wadon ngêndi iku | tyang ni-ani lon nauri | tiyang èstri saking Moab | bok Rut mantunya Naomi | suka Boas amiyarsa | sru wacana kaduk manis ||

14. hèh Rut aku wus sumurup | lêlabuh ta kabèh bêcik | marang maratuwanira | saka Moab praptèng mangkin | Allahe Israil muga | ya Allah kang kobêktèni ||

15. malêsa mring lêlabuhmu | kabêcikan ngui-uni | wusnya nulya Boas prentah | ngagnya mring kang para abdi | padha ngrêngkuha prayoga | mring wanudya Moab iki ||

--- 128 ---

16. kaparak wèhna juwawut | kang supaya dèn angsagi | para abdi tan langgana | miturut rèhirèng Gusti | dumadya Rut antuk kathah | dènnya ngangsag saking sabin ||

17. wusing rampung gya Rut mantuk | praptèng wisma awêwarti | dhatêng marasêpuhira | sanggya warta wus kawarti | sadaya tan kinirangan | karya hascaryèng Naomi ||

18. lon wijiling wacana rum | kawruhana mring sirèki | iku isih sanak ingwang | munggantuka[6] mirmèng Widhi | wit wêlase mring kang gêsang | sumawana kang wus lalis ||

19. nahan ingkang ginêm wuwus | anggêr Isrèl kang kawarni | anggêr tiyang sasemahan | lamun jalu angêmasi | măngka datan tilar yoga | akrab cêlak kang majibi ||

20. ngarang ulu randhanipun | samana Rut dèn wulangi | dening marasêpuhira | sakwèh anggêring Israil | bok Rut marêk dhatêng Boas | pindha adat tyang Ibrani ||

21. akrab cêlak datan sarju | dadya Boas kang dèn ungkih | dhasar trêsnanira Boas | tuwuh ing tyas sampun lami | dalêm panèn laminira | awas dènnya anilingi ||

22. dahat kapanujwèng kalbu | dumadya Rut dipun rabi | ing sacara tan kawarna | lami-lami Rut garbini | dupi sampun praptèng masa | mijil priya kang bêbayi ||

23. Obèd sinung arum-arum [a...]

--- 129 ---

[...rum-arum] | dene Obèd asasiwi | yèku Isai namanya | măngka Isai sasiwi | ratu agung binathara | yèku Dawud brantèng Widhi ||

Èli lan Nabi Sêmuèl.

32. Asmaradana

1. Kakim Èli kang winarni | ugi panguluning imam | adêdalêm anèng Silo | yèku sasanèng Pangeran | papaning tiyang samya | kakêmpalan samya sujud | mring Pangeran Allahira ||

2. sajuga ri Imam Èli | ningali tyang èstri juga | dahat gantêr pandongane | nèng lataring pasucian | èstri Kanah kang nama | pandonganya drêng kalangkung | lambe ngantya calumikan ||

3. nging suwara tan kawijil | sinuksmèng jroning wardaya | wit kapêtêk rudah tyase | Imam Èli anggraita | tyang èstri ingaranan | wanudyaku baya wuru | tangèh lamun mangkonoa ||

4. jro manungku datan gingsir | kang pininta mring Pangeran | kinabulna panuwune | tan lyan sinung yoga priya | de lami tan yayoga | duk Èli wrin kang panuwun | nulya alon angandika ||

5. wus muliha sira aglis | kanthi suka myang raharja | masthi Allahe [Allah...]

--- 130 ---

[...e] Israel | anjurungi panuwun ta | aywa was lan sumêlang | suka ing tyas Kanah mantuk | kang manah lir arga suta ||

6. awit dene Hyang Masuci | karsa nrimah pandonganya | panuwun dèn kabulake | datan lama Kanah babar | putra priya tinêngran | ran Sêmuèl artosipun | kang kasuwun maring Allah ||

7. dupi sampun praptèng wanci | amarêngi ari raya | Kanah nambut mring putrane | kang putra dèn bêkta minggah | mring Silo pasucian | pinasrahkên sutanipun | nênggih dhatêng Èli Imam ||

8. aturnya mring Imam Èli | atma paringing Pangeran | ngong sumăngga ing samangke | wontên ngarsa Kang Mamulya | salaminipun gêsang | sinrah ngarsa sang pukulun | pan wus dadya nadar kula ||

9. Imam Èli anampèni | tan kawarna dangunira | myang satata satindake | ing samangkya pan kalakwan | Sêmuèl nambutkarya | nèng sasana Hyang Maluhur | lêladi nèng pasucian ||

10. pêndhak warsa ing riyadi | Sêmuèl tyasira girang | dene yayah rena tinjo | nging jatine yayah rena | minggah ring pasucian | ngiras pantês tuwi sunu | kadya paran atmajanya ||

11. yayah rena sukèng ati | antuk warta kang prayoga | mungguh wartèng atmajane | datan lama antaranya | Sêmuèl [Sêmu...]

--- 131 ---

[...èl] dhinawuhan | pangandika Hyang Maluhur | tinampi jro pagulingan ||

12. kinarsakkên dadya nabi | kawuwusa putrèng imam | Kopni Pinkas sakalihe | sami murang tata arja | diksura myang durjana | putra kalih dipun ugung | dèn la-êla de sudarma ||

13. nadyan asring dèn tuturi | dosanira mring Pangeran | nging mung tutur tan kapêthès | sanadyana marang janma | iya amung kêkăndha | para putra luput ngêdur | andalurung sayandadra ||

14. kawuwusa nuju ratri | duk Sêmuèl eca nendra | tinimbalan ing Hyang Manon | anèng dalêm pasucian | Sêmuèl sabdèng Allah | sigra wungu nendranipun | gurawalan matur kula ||

15. nyana Èli kang nimbali | nging sanyata tan mangkana | ambal tiga timbalane | dupi wus ping tri rambahan | Imam Èli grahita | iku masthi Hyang Maluhur | kang nimbali bocah ika ||

16. Imam Èli ngandika ris | hèh Sêmuèl mêngko sira | lamun ana swara manèh | alon sira wangsulana | Pangran mugi ngandika | sawusira kang kadyèku | èstu lajêng wontên swara ||

17. sabdèng Allah Kang Masuci | animbali wantya-wantya | hèh Sêmuèl hèh Sêmuèl | lon Sêmuèl aturira | Pangran mugi ngandika [nga...]

--- 132 ---

[...ndika] | gya ngandika Hyang Maluhur | Ingsun karya tatêngêran ||

18. nèng antarèng Bani Srail | kang akarya sumruwêngnya | kupinge wong ngrungokake | Ingsun Allah arsa niksa | mring Èli saanaknya | tunggal dina karsaningsun | awit dene Èli wikan ||

19. klakuane anak kadwi | têka nora malangana | dèn ugung ing sakarêpe | dupi enjing Èli tanya | paran ingkang pawarta | mring Sêmuèl duk ing dalu | Allah dhawuh apa baya ||

20. sira aywa angikibi | sabarang mring awak ingwang | sabda apa marang kowe | duk Sêmuèl yun pratela | sêmu jrih kawistara | langkung kogêl galihipun | ing wasana tur prasaja ||

21. sadaya tan dèn kikibi | Imam Èli angandika | mung sumarah sakarsane | tan antara kalampahan | sadhawuhirèng Pangran | tyang Pilistim arsa nêmpuh | Isrèl arsa dèn gitik prang ||

22. ngasorakên Bani Srail | Senapati Isrèl nulya | mijilakên papundhène | nambut pêthi prajangjian | winawa pabarisan | karya gugah surèng kalbu | anênangi tyasing bala ||

23. karêmbat de putrèng Èli | Kopni Pinkas kalihira | karya giyak surak Isrèl | kawuwusa Èli Imam | sadanguning paprangan | nèng sakèthèng [sakè...]

--- 133 ---

[...thèng] ngantu-antu | paranbaya wartaning prang ||

24. duk samana yuswa Èli | sangang dasa wolu warsa | sampun sêpuh yuswa mangke | mirsa wontên duta prapta | saking ing pabarisan | rowak-rawèk sandhangipun | dipun dangu wartaning prang ||

25. duta alon anauri | Bani Srail sor kang yuda | putrandika kalih layon | pêthi Allah dipun bandhang | tinawan dera mêngsah | Èli tyasnya langkung kuwur | gêblag saking palênggahan ||

26. angêmasi Imam Èli | githok kitha rêmuk-rêmak | Imam Èli seda ngênggèn | kocap pêthi prajangjian | karêbut wus binandhang | mring Pilistim jujugipun | winor tunggal lan brahala ||

27. kang brahala duk ing enjing | tinon guling anèng kisma | wus tan găntha srêmpal-srêmpèl | yèku Asdod dewanira | pêthi nulya pinindhah | dhatêng Ekron purugipun | tiyang Ekron kenging walat ||

28. antarèng wus pitung sasi | datan tahan marang walat | anulya dèn pulihake | nging Pilistim wisesanya | mring Isrèl tan gumiwang | ngantos kalih dasa taun | Isrèl tansah karibêdan ||

29. sasedanya Imam Èli | Sêmuèl kang gumantia | madêg kakim tanah Isrèl | nulya ngimpun sakwèh bala | gumêrah anèng

--- 134 ---

Mispah | Sêmuèl sru sabdanipun | Bani Srail lamun sira ||

30. padha tobat trusing batin | mring Pangran kang mêngku gêsang | masthi tulung marang kowe | linuwaran sing tangannya | Pilistim pamisesa | lamun sira samyandarung | darunanta awigêna ||

31. tumanggap pra Bani Srail | sami tobat mring Pangeran | umire sing brahalane | dadya unggul yudanira | Pilistim datan băngga | wus kacakup angalumpruk | ngalêmprêk tan darbe daya ||

32. kang rinayut tyang Pilistim | ing samangkya wus karêbat | wangsul dadya darbèk Isrèl | dupi sampun kalampahan | sadaya lêlampahan | Sêmuèl gya karya tugu | kang tumancêb kikis tanah ||

33. rangkah Isrèl lan Pilistim | tugu sinung tatêngêran | mangkya unining tulise | Èbên Èsêr artinira | Pangeran tulung kita | praptèng kene karsa tulung | Pilistim sor andon raras ||

Nabi Sêmuèl lan Raja Saul.

33. Mijil

1. sèstu adil pangastanya kakim | Sêmuèl tan ewoh | angungkuli para kakim kabèh | kautamèn tan wontên nyamèni | jêr Sêmuèl Nabi | sumungkêm Hyang

--- 135 ---

Agung ||

2. sarêng sampun Sêmuèl Jêng Nabi | ngangkat sêpuh repot | putranipun kabêbahan angrèh | dhatêng para umat Bani Srail | nanging datan kadi | Sêmuèl puniku ||

3. para putra tan niru sudarmi | kumêd melik dhokoh | mring raruba kalangkung kèrême | kawuwusa nuju sajuga ri | sasêpuh Israil | prasamya ngalumpuk ||

4. samya marêk mring Sêmuèl Nabi | nèng Ramah gumolong | samya minta ywa ngantos kaêrèh | dening para kakim malih-malih | kaêrèha aji | lir tyang sanèsipun ||

5. nging Sêmuèl botên nujwèng galih | kalangkung rudatos | nanging Allah dhawuh mring Sêmuèl | turutana karêpe Israil | lyan sira tinampik | anjaba mung Ingsun ||

6. pan lênggana Isrèl Sun ratoni | milih padhaning wong | tan kaduga manut Roh Allahe | kawuwusa wontên tyang nama Kis | kalbèng trah Bunyamin | ical kuldinipun ||

7. atmajanya jalu Saul nami | anulya kinongkon | tuwin rencang kang măngka kanthine | kinèn nglacak kuldi kang kêcicir | duk andungkap prapti | nagri Ramah Saul ||

8. dèn aturi rêmbag dening abdi | supadya pitakon | mring tyang sidik prakawis anise | kuldinira wau [wa...]

--- 136 ---

[...u] wontên pundi | Saul nayogyani | turing abdinipun ||

9. nulya marêk mring Sêmuèl Nabi | aminta pitudoh | bab ilanging kuldi sudarmane | nging Sêmuèl apan wus winangsit | dening Kang Masuci | anjêbadi Saul ||

10. kang supadya ngratoni Israil | umate Hyang Manon | tan kawarna Saul lan abdine | sampun panggih lan Sêmuèl Nabi | ingkang dèn ulati | Sêmuèl nabda rum ||

11. lah mlêbua ing gêdhong lan bukti | kêmbul lawan ingong | bab prakara ilanging kuldine | sudarmanta wis aywa pinikir | sayêktine kuldi | iku wus kêtêmu ||

12. kawruhana sira andarbèni | mubarang kinaot | dèn sênêngi ing Israil kabèh | datan pisan-pisan Saul ngarti | andika puniki | sarêng enjingipun ||

13. Saul wangsul Sêmuèl umiring | nèng marga sêpi wong | gya Sêmuèl ngrogoh cupu age | kang cacupu isi lisah wangi | dèn sokakên maring | sirahipun Saul ||

14. lawan malih Saul dèn arasi | andikanya alon | Saul sira dadi jêbadane | Pangran Allah ngratoni Israil | dupi sampun titi | Saul nulya mantuk ||

15. lampahira Saul wontên margi | nulya Roh Hyang Manon | manjing maring Saul jêbadane [jê...]

--- 137 ---

[...badane] | ewadene Saul tan wêwarti | marang liyan janmi | praptèng ri gyanipun ||

16. kinêpyakkên de Sêmuèl Nabi | Saul madêg katong | kawuwusa tan lami Sêmuèl | ngêmpalakên para Bani Srail | nèng Mispah sinung wrin | nênggih ratunipun ||

17. tuhu bagus dêdêgira inggil | pinunjul sakèh wong | Sang Aprabu Saul jajuluke | Bani Srail surak santi-santi | tan antawis lami | Saul Sang Aprabu ||

18. anindhihi pêranging Israil | mêngsah bani Amon | unggul jurit ngrêbat kitha Yabès | Raja Saul prawira nglangkungi | dèn papuji dening | Israil sadarum ||

19. Raja Saul nulya anampèni | dhêdhawuh Hyang Manon | kinarsakkên numpês tyang Amalèk | rajakaya datan kêna kari | binengkasa sami | barang darbèkipun ||

20. Prabu Saul nulya mangsah jurit | unggul ing palugon | nanging lajêng nglirwakkên dhawuhe | Pangran Allah Ingkang Mahasuci | ngeman tyang tanapi | rajakayanipun ||

21. ingkang sae sangadi kinardi | kurban mring Hyang Manon | nging karsanya pinambêng Sêmuèl | sabdanira Sêmuèl punapi | pangraos sang aji | Allah Kang Maluhur ||

22. rêna dhatêng kurban anglangkungi | umèstu Hyang Manon | datan pisan makatên [makatê...]

--- 138 ---

[...n] sang rajèng | mung pamanut dhatêng Hyang Masuci | ingkang angungkuli | kurban sang aprabu ||

23. tyang ambangkang dhatêng Kang Masuci | binêndon Hyang Manon | dosanira sami panêmbahe | mring brahala miwah juru sikir | marmanta sang aji | rèh nyingkur Hyang Agung ||

24. mila Pangran têmah anyampahi | madêgirèng katong | Raja Saul tan ana mêndhane | sayandarung tumindak rèh juti | rèh Allah ngoncati | kudhangdhangan prabu ||

Dawud jinêbadan.

34. Dhandhanggula

1. kawuwusa nuju sajuga ri | Kangjêng Nabi Sêmuèl kinarsan | kesah mring nagri Bètlêkèm | dening Allah Maha Gung | dhatêng griyanira Isai | ujêr wontên putranya | pinilih Hyang Agung | kinarsakna madêg nata | ngratonana marang băngsa Bani Srail | Sêmuèl nulya bidhal ||

2. sapraptanya nèng Bètlêkèm nagri | gya Sêmuèl ngajak sidhêkahan | Isai myang saputrane | Sêmuèl ngantu-antu | pitêdahnya Kang Maha Suci | pundi ingkang kinarsan | umadêga ratu | Isai anulya sowan | lan putranya jalu papitu umiring | ana juga kinira ||

3. dening Nabi Sêmuèl [Sêmuè...]

--- 139 ---

[...l] kang masthi | kinarsakna umadêg narendra | ngratoni mring băngsa Isrèl | anging sayaktosipun | datan wontên kinarsèng Widhi | pangandikanya Allah | aywa mawang sêmu | pamawang cara manuswa | iku amung pamawang kang ana lair | batine yakti dora ||

4. sun pribadi ngudanèni batin | gya Sêmuèl mring Isai tanya | atmanta apa mung kiye | Isai lon umatur | taksih wontên juga wuragil | nênggih Dawud namanya | lagya angon wêdhus | Dawud nulya tinimbalan | kinarsakkên sowan dhatêng ngarsèng nabi | tan dangu Dawud prapta ||

5. dhasar bagus wuragil Isai | bang-bang awak alindri netranya | arja pidêksa dêdêge | dhawuh Allah Maha Gung | mring Sêmuèl iku Sun pilih | dèn aglis jêbadana | ingadêgna ratu | Dawud nulya jinêbadan | ri punika Dawud pênuh Roh Hyang Widhi | lêstantun salaminya ||

6. kawuwusa Saul Risang Aji | duk koncatan Roh Hyang Maha Mulya | uru-ara panggalihe | ngulari tukang nylêmpung | bangkit nylêmpung wasis patitis | karya pangenggar driya | ing tyas lagya kuwur | kasusra wêntaring warta | lamun Dawud wuragil Isai wasis | nyalêmpung tan na madha ||

7. dhasar bagus pasmon marak ati | wicaksana [wica...]

--- 140 ---

[...ksana] guna tur prawira | jatmika ing sasolahe | anulya karsèng prabu | animbali atmèng Isai | Dawud kinèn ngabdèkna | wontên ngarsèng prabu | samasa ruharèng nata | Dawud kinèn nyalêmpung ngarsa sang aji | dadya lipur ruhara ||

8. tan kawarna Dawud nambutkardi | kala-kala angot ruharendra | nyalêmpung dadya lipure | gantya ingkang winuwus | tyang Pilistim nglurugi malih | mring Bani Srail băngsa | samya akêkuwu | anèng sapucak aldaka | kang minăngka dadya gul-aguling jurit | Senapati Goliat ||

9. dêdêg agêng inggil anglangkungi | akêkêre tatopong têmbaga | apindha sisik kêrene | tanapi garêsipun | tinapêlan mawi têmbagi | prakosa prawirèng prang | mandhi towok mungguh | têmbaga landheyanira | nguwuh-uwuh sasumbar aminta tandhing | mangkana wuwusira ||

10. hèh Israil payo tandhing jurit | amiliha juga prawirèng prang | papagêna payo ènjèr | ngadu atosing balung | lan wulêde ingkang kêkulit | padha takêr ludira | sapa kang sor pupuh | ngawula kang unggul ing prang | aywa ana sawiji-wiji kang kèri | kabèh dadya tawanan ||

11. duk samana barising Israil | masanggrahan nèng pucaking [pu...]

--- 141 ---

[...caking] arga | jêng-ajêngan lan kuwune | baris gêlaring mungsuh | giri-giri lir rob jaladri | Israil duk miyarsa | sêsumbaring mungsuh | pindha gêlap ngampar-ampar | Raja Saul sawadyabala Israil | samya tintrim tyasira ||

12. kacarita pra putra Isai | samya tumut wontên pabarisan | Dawud mantuk mring Bètlêkèm | lêstantun karyanipun | angèn menda pakaryèng nguni | duk nalika samana | Dawud dipun utus | têtinjo mring sadhèrèknya | kang lagya nèng pabarisaning Israil | samana praptanira ||

13. anglêrêsi gul-agul Pilistim | mijil saking barisan sasumbar | ngerang-erang baris Isrèl | rêngu tyasira Dawud | pitakèn mring Bani Israil | Pilistim iku sapa | samono bêkipun | wani-wani nyampahana | mring barise Pangeran Kang Maha Luwih | apa ganjaran nata ||

14. lamun ana uwong kang nanggupi | nyirnakake gul-agul mangkana | kang tinanya wangsulane | sayêmbara sang prabu | sapa bisa ngêntasi kardi | tinriman putri nata | lan ganjaran prabu | pinaringan kasugihan | duk miyarsa Dawud nulya anyagahi | pêpanggilirèng nata ||

15. nanging Dawud tan pisan angincih | gêganjaran lan kabêgjanira | namung dening rudatine |

--- 142 ---

dene Israil suwung | datan ana Israil siji | kang sinung kapracayan | marang Hyang Maluhur | wani mêtonana pêrang | mapagake prajurit Pilistim iki | Dawud katur sang nata ||

16. lamun sagah nyirnakna prajurit | agul-agul kang nama Goliat | Pilistim Senapatine | andikanirèng prabu | Dawud sira pan maksih cilik | Goliat prawirèng prang | prajurit pinunjul | Dawud munjuk mring sang nata | duk kawula angèn mendaning sudarmi | nate mrawasa singa ||

17. atanapi bruwang dhuh sang aji | Allah ingkang luwari kawula | saking singa myang bruwange | masthi ngluwari ulun | sing tangannya tiyang Pilistim | Raja Saul parentah | manganggeni Dawud | agêm-agênman[7] ngayuda | agêm dalêm Sang Prabu Saul pribadi | kêkêrèn lan topongan ||

18. nanging Dawud nulya angrucati | agêming prang rumangsèng tyasira | mandar mung ngribêdi bae | pêdhang pisan tan ngrasuk | kang pangangge lir lare alit | kala ngêngèn mendanya | atatêkên patut | nyangking bandhil nyangklong kasang | sruwal jigrang klambi kotang amantêsi | tan măntra mapag ing prang ||

19. gya wisata Dawud marang kali | milih sela kang kalimis gangsal | dêdamêling lare angèn | winrat [wi...]

--- 143 ---

[...nrat] ing krêganipun | arja nyangking têkên lan bandhil | marpêki mring Goliat | gul-aguling mungsuh | prawira sambada ing prang | angajrihi senapatining Pilistim | Dawud datan mirisa ||

20. cingak sagung kang samya ningali | dene ana prajurit mapag prang | tan siwah lan lare angèn | patute nasak grumbul | tan nguwisi mrawasèng gênjik | kumarosambêg aprang | baya bosên idhup | Sang Senapati Goliat | duk uninga senapatining Israil | kang arsa tandhing yuda ||

21. anglir pendah lare angèn kambing | sru ambêkuh gul-agul Goliat | bocah angon mapagake | sun Goliat pinunjul | wudhu jurit apilih tandhing | prawira măndraguna | sudirèng apupuh | apan aku dudu sona | pokalira anglir pendah mapag anjing | lah dikêparèng ngarsa ||

22. baya sira uwus bosên urip | sun pakakke gagak ngawang-awang | bancakane dhandhang akèh | Dawud mangsuli wuwus | nora gampang hèh senapati | dupèh sira mapag prang | sudira ing kewuh | gaman tumbak tamèng pêdhang | aja age sira baribin nyampahi | baris asmaning Pangran ||

23. gêgamanku ampuhe ngungkuli | lêlandhêpe pêdhang miwah tumbak | kwèh candrasa

--- 144 ---

tanpa gawe | aja tambuh gul-agul | gêgamanku mapag ajurit | asmèng Allah Pangeran | Allah Kang Maluhur | yèku kang sira cêcamah | wruhanira patimu ing dina iki | kagêgêm nèng astèngwang ||

24. awit dene Allah Kang Masuci | maringake sira sabalanta | kasrah mring tanganku kabèh | supaya manusa wruh | yèn Israil nyatanduwèni | Allah kang tanpa timbang | asmane aluhur | mirsani salir tumitah | mobah-mosik kabèh tan ana kêcicir | mula kawêruhana ||

25. tan sarănta Goliat miyarsi | nulya maju ambapang mangsah prang | Dawud trangginas tandange | bandhil linêpas sampun | pan sumiyut sela ngengingi | bathukira Goliat | krungkêb ambrukipun | gulangsaran anèng kisma | nulya Dawud ngrêbat pêdhangnya wus kêni | tinigas jangganira ||

26. tyang Pilistim sakalangkung giris | miyat lamun gul-agul pralaya | lumayu dhadhal barise | gègèr arêbut dhucung | bilunglungan akontrang-kantring | wênèh gumlundhung jurang | binuru ing mungsuh | Bani Srail surak sora | giyak-giyak kêploknya mawanti-wanti | laju angêlud mêngsah ||

27. tyang Israil amburu Pilistim | ngantya praptèng Ekron tuwin ing Gat | abangêt kinasorake |

--- 145 ---

Yonatan putrèng prabu | maring Dawud dahat trêsna sih | pindha srira priyăngga | sinung agêmipun | paningsêt miwah rasukan | pêdhang panah miwah gandhewanya sami | mangkya sri naranata ||

28. dahat trêsna mring sang jayèng jurit | tan parênga yèn Dawud mantuka | dhatêng nagari Bètlêkèm | karsanira sang prabu | Dawud arsa jinunjung linggih | kaangkat dadya lurah | pra prajuritipun | tan lama Dawud kinarya | atma mantu antuk Mikal putri aji | boja-krama kawuntat ||

Dawud kinuya-kuya.

35. Pangkur

1. kala Dawud jaya ing prang | amêjahi gul-agul tyang Pilistim | kathah tyang kang samyanggunggung | sasindhèn sêsauran | Saul sampun mukul ewon nanging Dawud | malah sampun gitik lêksan | karya runtik galih aji ||

2. Saul Raja angandika | yèn mangkono Dawud cêcalon aji | wiwit ing ari puniku | Saul tansah murina | maring Dawud arsa ngangkah risakipun | kawuwusa ri sajuga | Dawud nylêmpung ngarsèng aji ||

3. nujwa angot ruharanta | nulya Dawud tinlorong waos aji | tuna dening indhèng Dawud [Da...]

--- 146 ---

[...wud] | Dawud mantuk mring wisma | sang aprabu utusan anyidra Dawud | sinung marga dening garwa | dadya tuna cidrèng aji ||

4. Dawud lolos ing jandhela | dhatêng Ramah ngungsi Sêmuèl Nabi | wikan tinututan prabu | nulya wangsul ring Gibya | yun bêdhami lan Yonatan kasihipun | Yonatan yun nglilihêna | dadukaji wus tan bangkit ||

5. mandar dhawuhirèng nata | Dawud masthi pêpacangane pati | makatên andikèng prabu | Yonatan asung rêmbag | angrêmbagi dhatêng Dawud ngungsi gupuh | Dawud nulya mangkat kesah | dupi lampahira prapti ||

6. nagari Nob panggih Imam | Akimèlèh Dawud wus sinung roti | pêdhang Goliat rumuhun | sinimpên dening imam | datan kantun ugi sinungkên ring Dawud | dupi sang raja miyarsa | Akimèlèh dèn têlasi ||

7. lan golongan para imam | wolung dasa sakawan dèn pêjahi | tyang sakitha Nob sadarum | sadaya tinêlasan | dene ingkang sagêd ngrêbat nyawanipun | myang sajuga putrèng Imam | Akimèlèh kang wus lalis ||

8. ingkang nama Abiyatar | ngungsi maring Dawud sabaya pati | sasingidanira Dawud | ing parêdèn Yahuda | wontên ngriku antuk bala kwèh nêm atus | gagah-gagah wah prakosa [prako...]

--- 147 ---

[...sa] | sami kêndêl ing ajurit ||

9. tiyang sêpuh lan wanita | lare-lare samya umiring ngungsi | kalêbèng wangsaning Dawud | wit ajrih mring sang raja | sadangunya Dawud lolos ing kêdhatun | Yonatan Sang Rajaputra | dènnya mitran tan gumingsir ||

10. Dawud tulus tuhu sêtya | mring sang prabu tan mawi săngga runggi | datan supe yèn sang prabu | ratu marsêpuhira | lawan malih sudarmaning mitranipun | kawuwusa Saul Raja | dupi sampun amêjahi ||

11. sakathahing para imam | datan lami sigra mijil sang aji | ngirid bala tigang èwu | sadaya papilihan | karsèng raja arsa nyêpêng dhatêng Dawud | sang araja malbèng guwa | arsa ngaso Saul Aji ||

12. măngka Dawud sabalanya | sasingidan dalêm guwa puniki | balèng Dawud sami matur | ing mangke Allah Pangran | ngulungakên mêngsah ring asta pukulun | Dawud alon nambung sabda | gustiku tan sun sedani ||

13. iku jêbadane Allah | Dawud nulya umangsah ririh-ririh | mring unggyannya sare prabu | angiris poncot jubah | duk sang raja mijil nulya Dawud matur | dhuh gusti kula sang nata | kawuningana sang aji ||

14. Allah ingkang mêngku gêsang | ngulungakên srira dalêm mring patik | nging kawula dahat lumuh | mrajaya padukendra [paduke...]

--- 148 ---

[...ndra] | adhuh rama paduka priksani gupuh | poncot jubah sri narendra | katêkêm ing tangan patik ||

15. Raja Saul akaruna | myang ngandika mring Dawud anak mami | saikine ingsun wus wruh | susêtyanta maringwang | dhasar nyata ingsun priyăngga kang luput | Saul kondur kalingsêman | tan lami miyosi malih ||

16. anuju ing ri sajuga | wanci dalu Dawud lan kanthi manjing | pabarisannya sang prabu | mundhut waosing nata | myang lantingan pangunjukannya sang prabu | kang nèng ulon-ulon nata | wusnya nulya Dawud mijil ||

17. praptèng jaba nguwuh sora | Abnèr Abnèr Senapati Israil | Abnèr kagyat nulya wungu | tanya sirèku sapa | wani-wani amisiki Sang Aprabu | Dawud nabda Abnèr sira | lêlancure Bani Srail ||

18. saba apa nora bisa | ngrêksa marang ratunira sang aji | ana uwong kang lumêbu | arsa nyidra sang nata | waspadakna lantingan lan waos prabu | sun jupuk sing lon-ulonnya | aja tanbuh senapati ||

19. Raja Saul angandika | apa iku dudu swaranirèki | tan pangling putrèngsun Dawud | Dawud munjuk pratela | nuwun inggih dhuh gusti kula sang prabu | punikèstu swara kula | punapaa karsèng

--- 149 ---

aji ||

20. nguya-uya mring kawula | paran ingkang dadya klêpatan patik | dene gusti sang aprabu | miyos sêsikêp bala | kathahipun samantên sumêktèng pupuh | ambêbujêng ayam wana | nusup-nusup wontên ardi ||

21. Raja Saul angandika | hèh anakku Dawud wruhanirèki | ingsun dhewe tibèng luput | muliha putraningwang | nora manèh sun ngalani mring sirèku | nanging Dawud tan pracaya | ring andika Saul Aji ||

22. Dawud minta tyang sajuga | murugana lantingan waos aji | gya wisata saha wadu | mring Pilistim karsanya | tan kawarna tindak Dawud saha wadu | miwah kadang wrêsni wăngsa | ing Pilistim sampun prapti ||

23. sowan ngarsèng Akis Raja | tan winarna sasolah ngarsèng aji | Dawud miwah balanipun | samya sinung panggenan | kitha Siklak kawuwusa Raja Saul | duk miyarsa kang wêwarta | sigra kondur èsmu kingkin ||

 


Kurang satu suku kata: sira lan sanakira. (kembali)
Isrèl. (kembali)
wiyar. (kembali)
Kurang satu suku kata: saksana kamulyaning Hyang. (kembali)
Kurang satu suku kata: para imam padha ngunèkna napiri. (kembali)
mugantuka. (kembali)
agêm-agêman. (kembali)