Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 36–51)

Judul
Sambungan
1. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 01–18). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
2. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 19–35). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
3. Pêpêthikan Saking Kitab Suci, Anonim, #1880 (Pupuh 36–51). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Kitab Suci.
Citra
Terakhir diubah: 17-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sedanipun Raja Saul, Dawud jumênêng ratu.

36. Asmaradana

1. Dawud manggyan ing Pilistim | sampun antuk madya warsa | tan uninga tanah Isrèl | duk samana kewran ing tyas | awit pra raja-raja | ing Pilistim sabiyantu [sa...]

--- 150 ---

[...biyantu] | nglurug prang mring Isrèl băngsa ||

2. Dawud dahat gung wiyadi | makatêna Saul Raja | dupi myarsa lamun Isrèl | mangkya arsa linurugan | kalangkung giris ing tyas | kuwuring tyas Raja Saul | tan kêconggah mapag mêngsah ||

3. arsa minta têdah nabi | nging Sêmuèl sampun seda | Saul nêgês mring Hyang Manon | nging Pangeran datan karsa | mangsuli panêgêsnya | mêngsah saya ngangsêg nêmpuh | campuh pêrang nèng Gilbuwah ||

4. Bani Srail kèh ngêmasi | katitih ing yudanira | myang Yonatan têmah layon | sumawana kadangira | kêkalih samya lena | datan dangu Prabu Saul | gung kinêpang dening mêngsah ||

5. saking sangêt putêk galih | têmah dhawuh mring kêparak | nglarihana mring sang katong | nging kêparak alênggana | mopo mring karsèng nata | wasananya sang aprabu | suduk jiwa praptèng lena ||

6. dupi sampun tigang ari | wontên juga tiyang Siklag | warta soring băngsa Isrèl | myang sedanya Saul Raja | tanapi putra tiga | Dawun[1] myarsa langkung giyuh | kathah-kathah pasambatnya ||

7. dhuh-dhuh adhuh Saul Aji | myang Yonatan mitraningwang | duk sugênge sakarone | dahat dènnya sih-sinihan | trus sarêng praptèng seda | dhuh Yonatan sadulurku |

--- 151 ---

trêsnanta mring awak ingwang ||

8. gunge trêsna amunjuli | sih trêsnanta mring wanita | dhuh Yonatan mitraningong | ing samêngko praptèng lena | barêng lawan sudarma | miwah kadwi sadulurmu | dhuh Yonatan kang gung trêsna ||

9. ing sasolah tan kawarni | mangkya Dawud saha bala | kondur manggyan kitha Kebron | Dawud nulya madêg nata | rinatu trah Yahuda | dene Abnèr mangkyanjunjung | Isbosèt trah Saul Raja ||

10. madêg nata angratoni | Bani Srail lyan Yahuda | dadya Isrèl dwi ratune | nanging dupi wus nêm căndra | Isbosèt sinedanan | dening para abdinipun | dadya Dawud madêg nata ||

11. ngratoni mring Isrèl sami | nulya prang lan Yêbus băngsa | ngrêbat nagri Yêrusalèm | inggih Sion kithanira | tyang Yêbus kasor yuda | kutha Karan kuthèng Dawud | yèku kraton sri narendra ||

12. nata mindhah Sana Suci | miwah pêthi prajangjian | pinindha mring kitha Sion | langkung rame kang samuan | Israil suka-suka | lawan malih Prabu Dawud | ngêkahakên srengat Musa ||

13. slama Dawud madêg aji | datan pêgat andon pêrang | para mungsuh kasor kabèh | samodra gung kikisira | tumêkèng bangawan Prat | lawan saka ing Damaskus [Dama...]

--- 152 ---

[...skus] | praptèng Mêsir jajahannya ||

14. nadyan kêrêp andon jurit | suprandene wadyabala | yuwanarja sakabèhe | gung ngungkuli arjèng wadya | duk para kakim kuna | Prabu Dawud mêngku wadu | adil jêjêg para marta ||

15. dupi têntrêm ingkang nagri | nata nabda maring Natan | kadhatyèndah wismaningong | măngka pêthi prajangjian | pêthining Pangran Allah | taksih manggyan wontên tarub | karya saking tyas manira ||

16. Nabi Natan matur aris | sumăngga ing karsa nata | rèh kaidèn ing Hyang Manon | juga ratri winursita | Pangran dhawuh mring Natan | mênggak karsèng sang aprabu | arsa karyasa nèng Allah ||

17. Natan marêk ngarsèng aji | dhawuhakên sabdèng Allah | unjuk Natan ngarsèng katong | sang aprabu tan rinilan | wiyasa sasanèng Hyang | wit paduka sang aprabu | mijilkên rah langkung kathah ||

18. datan pêgat andon jurit | nadyan praptèng ri punika | dèrèng têntrêm prajèng katong | anging benjang yèn paduka | sampun praptèng samaya | atmajendra sang pukulun | ingkang wyasa sasanèng Hyang ||

19. dene dhampar kraton aji | dèn kêkahkên asantosa | lêstantun ing salamine | Pangran Allah măngka bapa | atmendra măngka putra | atanapi turunipun [turuni...]

--- 153 ---

[...pun] | lulus langgêng kratonira ||

20. dupi Dawud sampun tampi | ing sadaya dhawuh Pangran | Nabi Natan lantarane | sigra wau sri narendra | umarêk ngarsèng Pangran | ngunjukakên suka sukur | rinoban sih Ingkang Mulya ||

21. unjukira mring Hyang Widhi | dhuh Pangeran sintên amba | dene antuk sih Hyang Manon | agênging sih tanpa timbang | lêstantun praptèng mangkya | ewadene Hyang Maha Gung | tansah paring wêwahira ||

22. dhuh Pangeran Hyang Masuci | Tuwan karsa paring wikan | mênggah turun amba têmbe | mugi-mugi karsa Tuwan | sadaya kalêksanan | asma Tuwan ingkang luhur | datan pêgat linuhurna ||

Prabu Dawun manggih lêpat, lajêng nalăngsa.

37. Mêgatruh

1. datan pêgat Prabu Dawud magut pupuh | lamun wontên mêngsah prapti | anindhih para wadu |[2] para wadu sukèng kapti | datan ajrih ing palugon ||

2. duk samana Bani Srail aprang pupuh | băngsa Amon tandhing jurit | tan miyosi sang aprabu | ing prang kasrah senapati | Yoab andêl ing palugon ||

3. kawuwusa sajuga ri Prabu Dawud | munggwing payon nguningani | wanudya yu lagya

--- 154 ---

adus | ran Batsebah endah warni | laki lagya nèng palugon ||

4. Prabu Dawud kasmaran mring wanudyèku | gya mring Yoab paring tulis | Orya laki wanudyèku | linorobna ing ajurit | dimèn Orya praptèng layon ||

5. kalêksanan ing sakarsa sang aprabu | Orya tiwas ing ajurit | Senapati Yoab gupuh | tur udani mring sang aji | lamun Orya praptèng layon ||

6. sang aprabu dupi myarsa wartosipun | lamun Orya sampun lalis | sang aprabu nulya nambut | mring Batsebah manjing puri | lulus dadya garwa katong ||

7. prakarèku binêndonan ing Hyang Agung | Allah ngutus Natan Nabi | umarêka mring sang prabu | mêlèhakên tindak silib | Nabi Natan sowan katong ||

8. Nabi Natan munjuk wontên ngarsèng prabu | lamun wontên tyang kêkalih | tunggil nagri manggyanipun | juga miskin juga sugih | rajakayangipun[3] ewon ||

9. ingkang miskin barang-barang datan sinung | amung juga cêmpe alit | tumut nêdha pulukipun | tumut ngombe munggwing cangkir | tilêmira munggwing pangkon ||

10. kawuwusa ingkang sugih darbe tamu | arsa nyêgah dhatêng tami | menda lêmbu darbèkipun | owêl lamun dèn sambêlih | dipun olah

--- 155 ---

măngka lados ||

11. lampu ngrêbat cêmpenya tyang miskin wau | karyamboja tamunèki | tilas Natan unjukipun | panyananya sri bupati | Natan minta adil katong ||

12. Sang Aprabu Dawud sangêt dukanipun | angandika sri bupati | dêmi Allah Kang Maha Gung | tiyang sugih dèn pêjahi | Natan munjuk mring sang katong ||

13. dhuh sang prabu pan paduka tiyangipun | sabdèng Allah Kang Masuci | sira Ingsun karya ratu | lan sira wus Sun luwari | saka Saul sira mêngko ||

14. lah yagene nglirwakake sabdaningsun | gawe ala dèn lakoni | matèni wong srana apus | Orya klorob madyèng jurit | mati dening pêdhang Amon ||

15. lan bojone Oriya kang uwis lampus | sira alap dadi rabi | kawruhana mring sirèku | bilai gung kang nêkani | sing batih ta dudu lyan wong ||

16. Prabu Dawud rumaos mring lêpatipun | ngakên dosa ngarsèng Widhi | lon turipun Prabu Dawud | dhuh Pangeran mugi mlasi | dosa amba mring Hyang Manon ||

17. lun ngakêni dosa amba mring Hyang Agung | jêr dosamba tansah kengis | dhuh Pangeran Hyang Makudus | nitahakên manah rêsik | budi suci dalêm batos ||

18. maringana mring kawula Êroh Kudus |

--- 156 ---

nuntun mangrèh budi suci | Nabi Natan gya sumambung | Pangran Allah ngapuntêni | sang nata tan têmah layon ||

19. nging sarèhning sri paduka sang aprabu | apan sampun têdah margi | dhatêng mêngsah Hyang Maha Gung | putrendra kang nêmbe mijil | sing Batsebah masthi layon ||

20. sasampunnya Nabi Natan nulya mundur | sapêngkêrnya Natan Nabi | bayi sangêt sakitipun | Dawud tansah amuwuni | nalăngsa ing dalêm batos ||

21. anyênyuwun wilujêngnya bayi wau | nging Pangeran tan marêngi | dupi bayi sampun murut | Prabu Dawud mupus galih | nulya suryan sang akatong ||

22. agagănda jêjêbad kang sarwa arum | nulya malbèng Sana Suci | andadonga muji sukur | konjuk mring Hyang Maha Suci | mangkya osik galih katong ||

23. hèh nyawaku angluhurna Hyang Maha Gung | lan mangkono batin mami | ngluhurna mring asma kudus | lan nyawaku aja lali | kabêcikan sing Hyang Manon ||

24. marang kowe angapura gung dosamu | marasake mring sirèki | sakabèhe mêmalamu | uripira dèn luwari | sing krusakan de Hyang Manon ||

25. lan maringi sih piwêlas mring sirèku | pindha sukêt wong ngaurip | mêkar pindha puspita rum | dèn tiyup ing angin anis | janma

--- 157 ---

datan wikan kang gon ||

26. sih piwlase Pangran Allah mring sirèku | datan pêgat slami-lami | mring wong wêdi asmanipun | adil mring wong kang nêtêpi | jangji prentahirèng Manon ||

27. sang aprabu mring Batsebah anglalipur | Batsebah gya amêdali | miyos kakung putranipun | Suleman kang wangi-wangi | mijil saking sih Hyang Manon ||

Prabu Dawud kalihan Absalom.

38. Mijil

1. sungkawanya sang prabu ngranuhi | wit putendra Amnon | Kirdasmara lan Tamar arine | tunggil yayah nanging sanès bibi | duk warti kapyarsi | Absalom sang bagus ||

2. gya ngulari dhadhakaning margi | mêjahi mring Amnon | dupi sampun klêrêsan margine | tan talompe nulya dèn pêjahi | Absalom lolos glis | ngantya gangsal taun ||

3. sang aprabu sawêg anglilani | sowannya Absalom | ngarsèng rama sagung klêpatane | sampun antuk aksamèng rama ji | nging tekadnya apti | ngraman rama prabu ||

4. ing Israel tan wontên nyamèni | baguse Absalom | dahat dadya alêman baguse | wiwit saking talapakan [tala...]

--- 158 ---

[...pakan] sêpi | cacadnya sang pêkik | ngantya praptèng êmbun ||

5. nitih rata rênanya sang pêkik | titihan Absalom | jinajaran tyang sèkêt kathahe | sabên enjing ngadêg pinggir margi | jog sakèthèng nagri | nyêgat tiyang langkung ||

6. sagung tiyang kang darbya prakawis | minta adil katong | nulya sami dèn andhêg lampahe | tinakenan tiyang saking pundi | paran kang prakawis | minta adil prabu ||

7. sasampunnya têtiyang mangsuli | ngandika Absalom | prakaramu bênêr satêmêne | nging tan ana kang bakal ngarani | bênêr turirèki | nèng ngarsa sang prabu ||

8. yèn ta aku kang nyêkêla adil | masthi datan dhoyong | sapa bênêr masthi dak mênangke | nora bakal bot sih tibèng adil | noramba ukapi | tan mawang mring sêmu ||

9. lamun wontên tiyang amarpêki | sujud mring Absalom | sigra-sigra Absalom anampèl | saha nyandhak nulya ngaras aglis | yèku pamikat sih | mring Isrèl sêdarum ||

10. datan lami Absalom kesah mring | nagari ing Kebron | saha bala dwi atus kathahe | sapraptanya ing Kebron nagari | anduta mangsiti | mring Isrèl sêdarum ||

11. lamun mirêng suwarèng napiri | kinèn sami alok [a...]

--- 159 ---

[...lok] | lah Absalom madêg nata loke | balelanya Absalom dèn byungi | kathah kang baluhi | pambalelanipun ||

12. sang aprabu duk katuran uning | pangraman Absalom | nulya kasok sang prabu galihe | angandika payo mlayu aglis | kêsompok wak mami | tan na pangungsèn sun ||

13. sang aprabu nulya jêngkar aglis | nyabrang lèpèn Kidron | samya nangis sagung kang andhèrèk | nata minggah mring Jaitun ardi | tindakira aji | samargi amuwun ||

14. duk samana sang prabu nglangkungi | gêngira wirangrong | malah-malah kêpranggul samangke | wangsanira Saul nama Simi | punikwambalangi | ngwus-uwus sang prabu ||

15. Abisai abdinya sang aji | kumidah mrih layon | maring Simi datan lêga tyase | nanging agung sang aji mambêngi | ngandika sang aji | karêbèn wong iku ||

16. wus mangkono karsane Hyang Widhi | tumêmpuh maringong | sang aprabu laju ing tindake | saha bala malbèng Mahanaim | jro kitha sang aji | dahat amangun kung ||

17. ênêngêna kang manggung prihatin | wau ta Absalom | sigra dènnya bêdhah Yêrusalèm | angêbroki kêdhaton sang aji | tan antawis lami | mêpak balanipun ||

18. nulyambujêng mring rama

--- 160 ---

sang aji | kang agung wirangrong | pinêthukkên dening bala rajèng | sang aprabu mring bala wêwêling | datan anglilani | nyia putranipun ||

19. duk têmpuh prang nèng wana Epraim | bala kraman kasor | gya Absalom mlajêng sakuldine | dumadakan murda kêcanthol wit | miwah remanèki | ginubêd pangipun ||

20. kuldi maksih ambandhang kêpati | wasana Absalom | gumandhul nèng êpang ingkang nyanthèl | wontên juga prajurit udani | nulya atur uning | mring Yoab dibyanung ||

21. angandika Yoab Senapati | pagene Absalom | nora sira babar pisakake | aturira wau kang prajurit | nadyan kula tampi | wang salaka sèwu ||

22. kula botên purun anêlasi | putra sang akatong | sabab kula mirêng andikane | sang aprabu tan pisan marêngi | lamun putra aji | siya sedanipun ||

23. Senapati Yoab ngandika ris | aku tan mangkono | apa baya kang sun anti manèh | tan sarănta Yoab anulya glis | ngambil waosnya tri | ngêtap kuda mamprung ||

24. datan dangu Yoab sampun prapti | unggyannya Absalom | katon ngegla Absalom kêcanthèl | pinrajaya ingkang pulung ati [a...]

--- 161 ---

[...ti] | Absalom ngêmasi | Yoab sukèng kalbu ||

25. sang aprabu dupi wus miyarsi | putra têkèng layon | sakalangkung sungkawèng galihe | ngadhuh-adhuh dhuh anakku mati | anakku ngêmasi | Absalom anakku ||

26. angur aku bae mati dhingin | anakku Absalom | dhuh anakku gèr Absalom kowe | têka bisa dhisiki wak mami | dhuh anakku lalis | Absalom anakku ||

27. sang aprabu duk kundur mring nagri | Yrusalèm kadhaton | pinêthukkên dening tyang Israel | trah Yahuda rumêsêp karsèng ji | lyanira Israil | lir mas kentar ranu ||

Wêkasaning panjênênganipun Prabu Dawud.

39. Maskumambang

1. sakondurnya Prabu Dawud ing Israil | dèrèng karta arja | awit wontên kraman malih | andêl kraman nama Seba ||

2. Seba ika kalbèng têdhak sing Bunyamin | ika binaluhan | Israil kang sami mèri | duk kondurnya sri narendra ||

3. kraman wau Yoab ingkang anglurugi | ingêsor yudanya | Seba malah dèn pêjahi | dening para bala kraman ||

4. Adonia putrèng Dawud Sri

--- 162 ---

Bupati | ugi ambalela | pangangkah yun madêg aji | anggêntosi ingkang rama ||

5. karsanira Adonia wuk tan dadi | Suleman putrendra | karsanira sri bupati | dèn wisudha prabu mudha ||

6. jinêbadan ingèstrenan kèh pra janmi | jêr rumiyin mila | pan wus dadya karsèng aji | Suleman kang gumantia ||

7. Prabu Dawud nacahakên kwèh Israil | nadyan senapatya | nyulayani karsèng aji | lamun nata kenging godha ||

8. labêt saking kêncêng karsèng sang narpati | panacah kalakyan | antarantuk sangang sasi | Yoab mantuk gyan nacahna ||

9. kang panacah gunggung cacah Bani Srail | liyan trah Yahuda | tyang prakosa wolung kêthi | gangsal kêthi trah Yahuda ||

10. kang pratelan dupi katur sri bupati | nata tarataban | ngrasèng lêpat risang aji | analăngsa mring Pangeran ||

11. Allah Pangran nulya ngutus mring Gad Nabi | kinèn dhawuhana | maring Dawud Narapati | paukuman tri prakara ||

12. kang sapisan larang pangan têlung warsi | kapindhone sira | kêlud mungsuh têlung sasi | tri pagêblug têlung dina ||

13. tri prakara sira pilih salah siji | unjuknya sang nata | sangêt ribêd manah mami | luhung kula kasiksaa ||

14. awit dene kula

--- 163 ---

sampun rinoban sih | Pangeran priyăngga | niksaa mring jasad mami | aywa niksa liyan janma ||

15. paukuman pagêblug karsèng Hyang Widhi | sumrambah mring janma | pitung lêksa kèh kang lalis | Pangran luntur wêlasira ||

16. duk pagêblug mèh praptèng Yrusalèm nagri | kêparêng karsèng Hyang | kang pagêblug dèn kèndêli | sri narendra myat mlaekat ||

17. malaekat jumênêng nèng Sion ardi | parêk panutonnya | aruna tyang ing Yêbusi | ngriku nata saos kurban ||

18. miwah kurban panuwun konjuk Hyang Widhi | wêlak sirêp nulya | sakala tan anglimputi | maring sagung para janma ||

19. sang aprabu karya lurah ing Israil | nêm èwu cacahnya | pilihan sing tiyang Lèwi | tiyang Lèwi kantunira ||

20. kang pinatah garap karya anèng masjid | nyèwu cacahira | saprakawan likurnèki | lawan malih sri narendra ||

21. karya para niyaga myang kang nyindhèni | kawan èwu kwèhnya | dene ingkang anglurahi | Yêdutun lan Asap Eman ||

22. nata ngraos sampun dungkap praptèng jangji | anulya sang nata | nimbali pra agung sami | sumiwi nèng ngarsa nata ||

23. sang aprabu sewaka lan Rajasiwi | Suleman atmendra [atme...]

--- 164 ---

[...ndra] | ginagadhang madêg aji | gumantia rama nata ||

24. sarêng sampun sami pêpak ingkang nangkil | ngarsa sang anata | tuwin ngarsa rajasiwi | anulya sri naranata ||

25. nglungsurakên karaton ring narpasiwi | kwèh wawêling nata | dhatêng risang rajasiwi | kinèn yasa Sana Mulya ||

26. sang aprabu maringakên pola aglis | miwah rajabrana | êmas slaka myang têmbagi | tosan tandhon langkung kathah ||

27. abrag êmas salaka kwèh kang wus dadi | wah cêndhani sela | kang tinandho ing sang aji | langkung kathah neka warna ||

28. sang aprabu dhawuh dhatêng narpasiwi | kinèn ngantêpana | wah tumêmên anglampahi | ing sadhawuh rèhing Pangran ||

29. lawan malih Suleman Sang Narpasiwi | kinèn panggah rosa | nglampahi ing rèh Hyang Widhi | tan rinilan jrih myang maras ||

30. wit Pangeran Allah Ingkang Maha Suci | Allahirèng nata | anjangkungi narpasiwi | tan nilar ing narpatmaja ||

31. sang aprabu anggung dènnya amêmuji | mujèkkên putrendra | Suleman kang madêg aji | mangkya karsa sri narendra ||

32. para tiyang dhinawuhan ing sang aji | kinèn masamuan | ngluhurakên Hyang Masuci | ngiras karya buja nendra ||

--- 165 ---

33. kawuwusa sampun prapta ing ubanggi | Prabu Dawud seda | sinarèkkên kunarpa ji | munggwing makam sang sri nata ||

Kaprabonipun Raja Suleman.

40. Sinom

1. wuwusên Dawud Sri Nata | lami dènnya madêg aji | angratoni Isrèl băngsa | kawan dasa warsa mangkin | pupus[4] yuswa sang aji | gumantya sang narpasunu | Suleman madêg nata | amêngku băngsa Israil | memba rama sinihan ing Hyang Suksmana ||

2. sajuga ri sri narendra | têdhak dhatêng Gibyon nagri | karsanira saos kurban | konjuk ing Hyang Maha Suci | praptèng Gibyon nagari | kêtingalan Hyang Makudus | mudya ratri wancinya | jro supênan paring wangsit | nyanyuwuna masthi sira pinaringan ||

3. sang aprabu lon turira | kawulèstu maksih alit | kawula Tuwan karsakna | mangrèh dhatêng Bani Srail | umat Tuwan Israil | pindha lêbu kathahipun | sinungana kawula | wicaksana budi suci | manah jujur bangkit mêngku umat Tuwan ||

4. Pangran Allah gya ngandika | rèh mangkono karêpnèki | datan milih umur dawa | unggul saka mungsuhnèki | tanapi ngincih

--- 166 ---

sugih | Sun jurungi prakarèku | aliya kang kadyèka | kasugihan lan kamuktin | Sun jurungi punjul saka sakèh raja ||

5. lamun sira nêtêpana | prentah Ingsun mring sirèki | anglir pendah bapakira | Sun dawakke umurnèki | datan lami sang aji | anduta ring nagri Tirus | nênggih Sang Raja Khiram | mitrèng swargi rama aji | minta sumbang arsa karya Sana Mulya ||

6. warni kajêng êrês miwah | kajêng borês karsèng aji | dahat dhangan Rajèng Khiram | marma dhawuh dhatêng abdi | abdi kănca undhagi | kinèn sami ambiyantu | dènira nêgorana | kajêng ingkang dèn karsani | sing Libanon saha natahira pisan ||

7. pitung warsa laminira | pambangunnya Sana Suci | wontên ing rêdi Muriah | rampung ingkang Sana Suci | sagung para Israil | lurah miwah bêkêlipun | panuju ari mulya | tancêb tarub kang riyadi | suka-suka anganyari Sana Mulya ||

8. nênggih pêthi prajangjian | jinunjung pra imam sami | manjing ring betal mukadas | munggwing sucinig asuci | duk wijilipun pêthi | wontên mega angêndhanu | nglimput betal mukadas | pan punika nyasmitani | kamulyaning Pangran Allah Kang Mamulya ||

9. gya sang prabu paring pujya | dhatêng para Bani Srail | sumawana andadonga [anda...]

--- 167 ---

[...donga] | dhuh Pangran Allah Israil | swarganing suwarga di | tan kamot asma pukulun | langkung-langkung sasana | yêyasan amba puniki | ewadene pamintamba kinabulna ||

10. mugi-mugi ri punika | padukarsa ngudanèni | rintên dalu kaidena | umat Tuwan Bani Srail | marêg ngarsèng Hyang Widhi | sumawana sanèsipun | nênggih tiyang ngamănca | marêk ngarsèng Hyang Masuci | malbêt dhatêng Sana Mulya wisma Tuwan ||

11. sang aprabu saos kurban | miwah sagung Bani Srail | kurban nata lêmbu menda | ngalih èwu kang wêwilis | bakda patbêlas ari | bibaran gya nata kondur | Isrèl sowang-sowangan | sukèng tyas lir arga siwi | labêt saking kawêlasan Hyang Suksmana ||

12. kalokèng rat naradipa | wicaksana sugih mukti | datan wontên ratu nyama | sugih palwa sri bupati | layar mring Indi Tarsis | angambah ing sagantên Sup | winratan rajabrana | sasotya di miwah gadhing | kajêng arêng saking tanah ing Aprika ||

13. salaminya madêg nata | mangrèh mêngku mring wadya lit | adhêdhasar wicaksana | sinêmbuh limpading budi | karta arja kang nagri | gêmah ripah panjang-punjung | nata nganggit saloka | karya wulang mring tyang pingging | têntrêm ayêm janma antuk lukitarja ||

14. kathah [ka...]

--- 168 ---

[...thah] para raja mănca | kang nêksèni sri bupati | tuhu ratu wicaksana | sajagad tan ana tandhing | sadaya ingkang prapti | atur-atur katur prabu | wontên ikang[5] kocapa | ing Sêba[6] Sang Pramèswari | dupi pirsa wicaksana sang mulyèndra ||

15. pramèswari nyundhul kata | duk wontên ing nagri mami | myarsa warta tan andungkap | mangkya têtês kang pawarti | mandar tikêl munjuli | wartos lawan yêktosipun | kula wikan priyăngga | kamulyèndra sêpên tandhing | wicaksana sugih bala sugih brana ||

16. nadyan punjul ing sajagad | wicaksananirèng aji | parandene tibèng dosa | nrak prasapa Hyang Masuci | kêlimput sri bupati | mundhut garwa matus-atus | putri saking Kanangan | Sidon ing Sur miwah Mêsir | lawan malih putri saking liyan praja ||

17. sagung putri kang ginarwa | brahala kang dèn bêktèni | brahalanya binêktanan | dhatêng ing Yrusalèm nagri | angglewang galih aji | kêtungkul ring garwanipun | dadya nata manêmbah | brahala satru Hyang Widhi | ngasmarani badhe gigal kraton nata ||

--- 169 ---

Gêmpaling kraton.

41. Asmaradana

1. sabdèng Allah Hyang Masuci | mahyèng têmbe kraton gêmpal | sapêngkêrnya sang akatong | têtês sabda Hyang Suksmana | Sang Aprabu Suleman | madêg kawan dasa taun | nulya seda sri narendra ||

2. sasedanya sri bupati | Bani Srail sapêpaknya | kakêmpalan wontên Sikèm | ngwisudha ring Rêkabêam | putra sri naranata | jinunjung umadêg ratu | gumantia rama nata ||

3. pêpak sagung Bani Srail | darbe atur mring Rêkabam | swargi ingkang rama katong | angawrati ring kawula | panuwun amba mangkya | sudaning rêmbatan ulun | abdi dalêm dèn ènthèngna ||

4. lêstantun kawula ngabdi | seka-praya ananggêpa | mring paduka madêg katong | para sêpuh tunggil praya | jumurung mring paminta | para neman gangsul rêmbug | rasaning tyas tan kaduga ||

5. wau ta sang narpasiwi | tan andhahar para wrêdha | kang dhinahar pra nèm-anèm | nulya dhawuh yèn paminta | yêkti tan sinêmbadan | malah-malah sanggènipun | dèn wêwahi langkung awrat ||

6. ing sêdya sang narpasiwi | anggagiro para băngsa | pra băngsa gambira tyase | dumadya [du...]

--- 170 ---

[...madya] lyan trah Yahuda | Bunyamin kêkalihnya | pan milalah karya ratu | Senapati Yêrobêam ||

7. Rêkabêam duk miyarsi | nulya arsa mukul ing prang | dhumatêng pra Bani Srael | pinambêng ing karsèng Allah | Pangran ngutus nabinya | mênggak karsanirèng prabu | myang Israil ingkang umat ||

8. mangkya sabda Hyang Masuci | ywa sira prang padha kadang | wis padha muliha bae | prakarèku karsaningwang | tan kêna widurungna |[7] Bani Srail samya mantuk | ngestokakên karsèng Allah ||

9. têmah wontên kraton kalih | juga kraton trah Yahuda | kithanipun Yêrusalèm | Rêkabêam rajanira | dene ingkang sajuga | kraton Isrèl namanipun | Yêrobêam madêg raja ||

10. rinatu ing Bani Srail | liyan saking trah Yahuda | kithanira wontên Sikèm | nulya pindhah dhatêng Tirsa | anulya Samaria | Yêrobêam madêg ratu | botên mantêp ibadahnya ||

11. wondene kang anjalari | sumlanging tyas sri narendra | yèn kawula Bani Srael | rinilana asêmbahyang | minggah betal mukadas | balik dhatêng têdhak Dawud | marmanira nata karya ||

12. arca pêdhèt mas kêkalih | arca măngka sasêmbahan | juga prênah kikis êlèr | kang

--- 171 ---

sajuga ing rak sira | sang nata nulya dhawah | manêmbah ring arca wau | aywa maring Sana Mulya ||

13. Allah maoni sang aji | nging nata tan arsa tobat | marma nata gung binêndon | têmah kraton mung tumêdhak | dhatêng putra kewala | tan têdhak turun-tumurun | pinungkasan kang sarkara ||

Nabi Elia.

42. Dhandhanggula

1. kawursita sarkara winangsit | Raja Isrèl kèh kang murang sarak | Raja Akab punjul dhewe | Isêbèl garwèng prabu | putri saking Sidon nagari | wontên ing Samaria | kathah pundhènipun | kabuyutanira Baal | myang Astarot samya dèn yasakkên candhi | yèku Sidon brahala ||

2. saha yasa imam kang ngimami | klima bêlah ngimami ring Baal | patang atus Astarote | kinuya-kuya sagung | kang manêmbah Allah Israil | para nabining Allah | sadaya linampus | kocapa ari sajuga | Nabi Elya sowan mring Akab Sang Aji | mangkana aturira ||

3. dêmi Pangran Allahnya Israil | ingkang kula sungkêmi sanyata | taun punika sang rajèng | myang taun lajêngipun | datan [data...]

--- 172 ---

[...n] wontên bun miwah riris | alya panyuwun amba | dhumawahing jawuh | ing Israil kêlampahan | botên jawah samya ngêrak ingkang siti | satêmah awis têdha ||

4. Nabi Elya tuk wangsiting Widhi | dhinawuhan ring Kêrit singidan | wondene toyaning lèpèn | dadya unjukanipun | dene dhaharira jêng nabi | roti marmaning Pangran | sabên ri dèn kintun | kang minăngka cundakèng Hyang | pêksi dhandhang mawa ulam miwah roti | ngrukti mring Nabi Elya ||

5. sarêng lèpèn asat ingkang warih | Nabi Elya kesah dhatêng Sarpat | umèstu dhawuh Allahe | margi ing Sarpat ngriku | wontên răndha kinarsèng Widhi | pinataha nyanggia | dhatêng dhaharipun | wisata Nabi Elia | tan winarna ing margi wau jêng nabi | sakèthèng praja prapta ||

6. Nabi Elya myat răndha raripik | Elya minta roti miwah tirta | warăndha alon dêlinge | dhuh-adhuh mugi sampun | dadya rêngat pinggêting galih | dêmi Allah agêsang | kula amung sinung | glêpung sagêgêm kewala | wontên cuwo miwah lisah mung sakêdhik | wontên gêndul punika ||

7. jagi têdha kula miwah siwi | sakêpyakan mangke lamun têlas | tamtu kula pêjah kluwèn | kadospundi pukulun |

--- 173 ---

anggèn kula sagêd nyaosi | mring pamundhut paduka | tyas kawula bingung | Nabi Elya angandika | ywa kuwatir muliha olahna roti | supaya bisa mangan ||

8. sawusira lumadi mring mami | gya ngolaha butuhmu priyăngga | wit andika Allah Isrèl | glêpung ing cuwo iku | tan kênantèk lêstari isih | tan kêna yèn kalonga | lênga gêndul iku | kongsi praptèng ing mangsanya | tibèng udan nyarambahi ing Israil | mangkono sabdèng Allah ||

9. bok warăndha saksana nglampahi | sapitêdah wau Nabi Elya | nabi Allah ing Israel | salajêng manggyanipun | Nabi Elya ing Sarpat nagri | mondhok wismèng bok răndha | laminya sataun | sagung sabda kayaktosan | glêpung cuwo datan têlas tansah taksih | lisah datan kalonga ||

10. kawuwusa wus antarèng ari | anakira bok warăndha lara | dadya butul ing patine | dahat ing susahipun | dadya matur ring Elya Nabi | dhuh tiyangipun Allah | paran krananipun | praptèng paduka wismamba | anjalari anak kawula ngêmasi | ukuming dosa amba ||

11. Nabi Elya datanpa mangsuli | sanalika kang jisim cinandhak | binêkta ring pondhokane [po...]

--- 174 ---

[...ndhokane] | anulya jisim wau | sinungkêman rambah kaping tri | dahat panyuwunira | mring Allah Hyang Agung | mugi lare ginêsangna | Pangran Allah inggih karsa anjurungi | sakala jisim gêsang ||

12. winangsulkên ring biyungirèki | bok warăndha manêksi ring Elya | nabining Allah èstune | sarta angêmban dhawuh | timbalane Hyang Maha Suci | kunêng kang suka bingah | gantya kang winuwus | duk tanah kêndhat tan jawah | laminipun sampun kawan têngah warsi | anulya Pangran Allah ||

13. andhawahi mring Elia Nabi | ing samêngko ngatona mring Akab | bakal ana udan manèh | Elia nulya gupuh | sowan ngarsa Akab Sang Aji | duk praptanya Elia | ngarsa sang aprabu | sang raja nulya ngandika | êlo sira karya bilai Israil | samêngko katon sira ||

14. Nabi Elya nulya amangsuli | dene kula kang karya sangsara | aliya paduka rajèng | sakulawăngsa prabu | samya nilar prentah Hyang Widhi | manut rèhing brahala | punika witipun | Elya matur mring sang nata | linêmpakna sakathahing Bani Srail | wontên ing Karmêl ardya ||

15. sinarêngan para imam sami | kang ngimami Astarot myang Baal | pêpak sagung Bani Srael | Elia ngandika [ngandi...]

--- 175 ---

[...ka] sru | maring sagung Bani Israil | kapan ta marinira | amaro tingalmu | yèn Pangeran iku Allah | pituhunên dene lamun Baal iki | Allah ya bêktènana ||

16. tyang golongan tan sagêd mangsuli | Nabi Elya nulya angandika | gonku dadi nabi ijèn | imaming Baal iku | klima bêlah padha ngimami | kowe padha nêkakna | sapi loro mring sun | siji marang para imam | lan sijine tinampakna mring wak mami | barêngan karya kurban ||

17. nging ywa ana kang cêcawis gêni | amung sira nêbuta dewanta | mungguh aku apa dene | dak nêbut mring Allahku | dene êndi ingkang mangsuli | kalawan gêni nyata | Allah kang satuhu | para tyang saur kukila | imam Baal nulya murak lêmbunèki | dinèkèk pakurbanan ||

18. para imam midêr angidêri | pakurbanan sarwi sambat Baal | nganti-anti wangsulane | wit enjing praptèng luhur | nanging Baal datan mangsuli | Elia ngerang-erang | mring pra imam sagung | mangkana andikanira | kurang sêru bantêrêna kang dumêling | mêngko awèh wangsulan ||

19. bokmanawa dewanira lagi | ngangên-angên yèn ora pêpara | miwah lagi nyambutgawe | êmbuh yèn lagi turu | sêronana cikbèn ngalisik | para [pa...]

--- 176 ---

[...ra] imam sangsaya | sru panguwuhipun | sarwi nyublêsi kang angga | nanging mêksa tan na swara kang nauri | kadya paran pra imam ||

20. sarêng sampun sontên ingkang wanci | Nabi Elya yasa pakurbanan | kinubêng ing kalèn-kalèn | kajêng myang kurbanipun | sami dipun grujugi warih | nulya Nabi Elia | nyanyuwun Hyang Agung | dhuh Pangeran Allahira | pra laluhur anênggih Allah Ibraim | wêlasa ing pasambat ||

21. ri punika mugi Hyang Masuci | nguningakna kalamun paduka | Allahipun Bani Srael | amba abdi pukulun | dhuh Pangeran mugi mêlasi | nulya wontên sakala | nênggih gêlap latu | amamăngsa punang kurban | myang andilat ring sakathahirèng warih | kang ngubêng pakurbanan ||

22. tyang golongan gya sumungkêm sami | surak-surak munggwèng ngarsèng Allah | Pangeran Allah jatine | Elia nulya dhawuh | imam Baal cêkêlên aglis | padha pinatènana | ywa ana kang mrucut | Elya nuwun antuk jawah | dahat dènnya nanuwun mring Hyang Masuci | ngantya rambah ping sapta ||

23. sampunipun andonga jêng nabi | nulya ngagnya mawas ring samodra | samodra apa katone | kang kinèn nulya matur | tur uninga myat mêndhung alit | mumbul saking samodra | gêngira kang mêndhung |

--- 177 ---

sami èpèk-èpèk tangan | Nabi Elya sigra ngutus tur udani | dhumatêng Raja Akab ||

24. sang aprabu kondura dèn aglis | sampun ngantos kêbêthêngên jawah | wit badhe jawah ing mangke | tan dangu têdhak prabu | pêtêng dhêdhêt ingkang wiyati | dening mêndhung limêngan | udan lir pinusus | kondur nata praptèng pura | awêwarta mring garwa salwir dumadi | purwa madya wusana ||

25. Pramèswari Isêbèl duk myarsi | pêjahira sagung imam Baal | dening Elya pakaryane | kalangkung dukanipun | kêdah malês ukum mêjahi | dhatêng Nabi Elia | nêtêr karsanipun | ananging Nabi Elia | sigra-sigra angungsi saklangkung têbih | kèndêl soring kêkaywan ||

26. sakalangkung sêkêlirèng galih | gya nyanyuwun dhumatêng Pangeran | pinundhuta dipun age | datan antarèng dangu | Nabi Elya kapati guling | ginugah malaekat | kang supadya wungu | kinèn ngunjuk miwah dhahar | duk anglilir manggya roti miwah warih | cumawis nèng ngarsanya ||

27. Nabi Elya ngunjuk sarta bukti | sing sawabnya roti miwah tirta | karya lêjar mring anggane | bangkat nrus tindakipun | kawan dasa ari myang ratri | duk praptèng Korêb ardya | singidan ing ngriku | umanjing ing dalêm guwa | Pangran Allah

--- 178 ---

anulya mangandikani | lah apa karyanira ||

28. anèng guwa sirèku andhêlik | Nabi Elya alon unjukira | dhuh Pangeran amba mangke | ngêkahi Hyang Maha Gung | Allahipun langit myang bumi | sanadyan umat Tuwan | Bani Srail sampun | nyingkur prasapa paduka | myang nêlasi sanggya nabi Hyang Masuci | kantun amba priyăngga ||

29. măngka amba inggih dipun ungkih | sêdyanipun pinêjahan pisan | dening sagung Bani Srael | Pangeran nulya dhawuh | lah mêtua sira dèn aglis | Sun anèng ngarêpira | nulya angin ribut | lindhu thathit laliwêran | gêlap ngampar nging Pangeran èstu sêpi | sawusira kadyèka ||

30. nulya wontên samirana milir | Nabi Elya ngrasèng nèng ngarsanya | Yêhuwah Pangran Allahe | andikanya Hyang Agung | hèh Elia wêruhanèki | Sun isih ngèngèh janma | kwèhe pitung èwu | tan manut nêmbah brahala | lah Elisa sira jêbadana aglis | gumantya jênêngira ||

31. Raja Akab tan antarèng lami | kenging laknat seda ing paprangan | dening saraning mêngsahe | putra gumantyèng ratu | Raja Akajyah kang sasilih | pindha rama tan siwah | murang sarakipun | sajuga ri raja gêrah | nêgês maring Baalsêbub [Baalsê...]

--- 179 ---

[...bub] ing Pilistim | Dewa Pilistim praja ||

32. kadya paran mênggah gêrah aji | waluyanya tanapi botênnya | kocapa wau dutane | wontên margi kêpêthuk | dening Elya gya dèn aruhi | apa Isrèl tan ana | Allah Kang Maluhur | dene sira têka dadak | nêgês marang dewane wong ing Pilistim | rungokna sabdèng Allah ||

33. sang aprabu gêrahe tan mari | malah dadi jalarane seda | lah uwis balia bae | duta anulya wangsul | prapta matur ngarsa sang aji | amba kêpêthuk tiyang | ing madyaning ênu | panganggenira wacucal | ngagnya amba wangsul matur ngarsèng aji | sang raja praptèng seda ||

34. sang aprabu anggarjitèng galih | namtokakên punika Elia | kang tan pêgat salah gawe | sang prabu nulya ngutus | kang tatindhih sinung prajurit | tyang sèkêt kathahira | dhinawuhan mikut | ambêsta Nabi Elia | tan kawarna lampahira duta prapti | cundhuk lan Nabi Elya ||

35. sang têtindhih nulya nabda aglis | hèh Elia sira wonge Allah | parentahku marang kowe | trang saka dhawuh prabu | lah mudhuna Elya dèn aglis | Elia nambung sabda | duta wruhanamu | lamun aku wonge Allah | lah anaa gêni tumrun saka langit |

--- 180 ---

măngsaa marang sira ||

36. apa manèh kang sèkêt prajurit | sanalika tumrun saking wiyat | măngsa tindhih sakanthine | sang prabu nulya ngutus | sanèsipun tatindhih malih | jurit sèkêt kanthinya | sirna tan na ngukup | tan siwah duta kapisan | dipun măngsa latu saking ing wiyati | cabar duta sang raja ||

37. sang aprabu gya anduta katri | kathahira sinami ing ngarsa | subasita duta bènèh | duta wus sira cundhuk | lan Elia sumungkêm aglis | lir konjêm mukanira | pan sarwi umatur | adhuh tiyangipun Allah | mugi-mugi wêlasa mring tiyang mami | myang sèkêt kanthiningwang ||

38. Nabi Elya gya tumurun aglis | kerid sowan dhatêng ngarsèng nata | wus prapta ngarsa sang rajèng | mangkana aturipun | sabdèng Allah Hyang Maha Suci | rèh sira wus kongkonan | nêgês Baalsêbub | kaya Isrèl tan na Allah | marma sira masthi lamun têkèng lalis | tan kongsi nganthi wêka ||

Nabi Elisa.

43. Kinanthi

1. duk Elia tampi dhawuh | sabdèng Allah Kang Masuci | anjêbadi ring Elisa | gumantia dadya

--- 181 ---

nabi | Nabi Elya sampuninga | sampun dungkap praptèng jangji ||

2. juga ri Elisa nuju | umiring mring Elya Nabi | dupi lampahira prapta | imbar Yardèn kang banawi | Elya ngrucat jubahira | kinarya anggitik warih ||

3. tirtèng Yardèn duk ginêbug | sakala piyak kang warih | piyak asisih-sisihan | dadya tindak risang kalih | angambah munggwing asatan | praptèng sabranging banawi ||

4. samya laju lampahipun | imbal raos turut margi | sakala Nabi Elisa | pinulung Hyang Maha Suci | umumbul dhatêng suwarga | anitih wimana agni ||

5. apangirid kuda murub | amisahi sang kêkalih | Elisa awas tumingal | sakala Elya tan kèksi | Elisa gya tinêdhakan | roh kasêktèn Elya Nabi ||

6. ing mangke ingkang winuwus | Elisa mring Bètèl nagri | papan unggyan pêdhèt êmas | yasan raja ing Israil | swargi Raja Yêrobêam | karyambidhung Bani Srail ||

7. Elisa wontên ing ngriku | anggung dipun papoyoki | dening pra lare andhugal | mangkana wicaranèki | hèh hèh gundhul sumingkira | hèh gundhul sira sumingkir ||

8. pra lare dèn sotkên gupuh | atas asma Hyang Masuci | sanalika wontên bruwang | saking wana [wa...]

--- 182 ---

[...na] kalih iji | sigra bruwang nyêmpal-nyêmpal | lare kawan dasa kalih ||

9. ing mangkya ingkang winuwus | wontên juga răndha nabi | asêsambat mring Elisa | laki kula sampun lalis | măngka tilar sêsambatan | mangkya ingkang potang prapti ||

10. nagih dhatêng raganingsun | mêndhêt anak kula kalih | pinèt karya tatumbasan | kadya paran solah mami | Elisa gya angandika | apa katon ing sirèki ||

11. răndha matur kula sinung | amung lisah kwèh saguci | Elisa gya angandika | ngulatana sira aglis | wadhah kothong pira-pira | aywa kongsi nguciwani ||

12. banjur mlêbua omahmu | lan anakmu aywa kèri | kancingana lawangira | wadhah-wadhah kang sumaji | sanggya wadhah kêbakana | lênga saka guci kuwi ||

13. punapa sadhawuhipun | bok warăndha anglampahi | sanggya wadhah kinêbakan | sinade karya nyauri | tirahannya sêsauran | pan kinarya sambung urip ||

14. kunêng gantya kang winuwus | Senapati Aram nagri | Naaman ingkang minulya | wau ta sang senapati | kataman ing Malabarah | wiyoga sang senapati ||

15. Naaman kala rumuhun | nawan larèstri Ngibrani | mawongan garwèng Naaman [Na...]

--- 183 ---

[...aman] | myat bandara kawlasasih | cumanthaka tur uninga | wontên nabi ing Israil ||

16. nabi Allah Kang Maluhur | kwasambirat salwir sakit | engga paduka bandara | wontêna ing Bani Srail | tartamtu nulya binirat | rampung sampurna kang najis ||

17. Elisa Nabi Hyang Agung | lênggah Samaria nagri | prayogi paduka têdhak | dhatêng Samaria nagri | kang supadya binirata | dening nabi punang najis ||

18. Naaman anulya gupuh | têdhak ring tanah Israil | bêkta kapal miwah rata | barang kathah pèni-pèni | anjujug wismèng Elisa | kèndêl munggwing jawi panti ||

19. Elisa anulya dhawuh | mring Naaman Senapati | kinèn slulup kaping sapta | wontên ing Yardèn banawi | amasthi lamun waluya | sakala birat kang najis ||

20. Naaman saklangkung rêngu | dhinawuhan dening nabi | măngka pangajaping karsa | Naaman dipun panggihi | ingusapa kang mêmala | dinonga puji sêsanti ||

21. Naaman ngandika asru | kali-kali tanah mami | apa ana kang kungkulan | karo kali ing Israil | dene sun kinèn slulupa | ping pitu ing kali iki ||

22. punang abdi lon umatur | nadyan nabi andhawuhi | pakaryan linangkung awrat [a...]

--- 184 ---

[...wrat] | punapa tan dèn lampahi | langkung bêgja dhinawuhan | slulup birat ingkang najis ||

23. saksana Naaman tumrun | ping sapta slulup banawi | saka lagya kawistara | pulih kadi nguni-uni | kalangkung sukèng tyasira | kang kulit lir kulit bayi ||

24. Naaman anulya wangsul | kusung-kusung ngarsèng nabi | atur gunging panuwunnya | wali-wali anêksèni | tan na Allah tumimbanga | liyan Allah ing Israil ||

25. Naaman sung atur-atur | rajabrana pèni-pèni | Nabi Elisa langgana | datan pisan arsa tampi | mandar paring barkat arja | Naaman gya kondur aglis ||

26. ing mangkya ingkang winuwus | Gegasi abdi jêng nabi | kapencutira kalintang | umèksi rajabrana di | mas salaka myang panganggya | kang tinampik dening nabi ||

27. marma ing sapêngkêripun | Gegasi age nututi | aturira ring Naaman | bandara tamuan nabi | kula dinuta bandara | anungka paduka aglis ||

28. nabi kalih tamunipun | kêkalihnya sami miskin | bandara minta sakala | satalênta wawratnèki | dwi pangadêg kang busana | arsa sinung tamu nabi ||

29. sinungan pamintanipun | Gegasi gya wangsul aglis | sowan ngarsèng bandaranya | Elisa têtanya

--- 185 ---

aglis | saka ngêndi baya sira | lah tutura hèh Gegasi ||

30. Gegasi alon umatur | datan kesah kula nabi | Elisa malih manabda | dening roh sun wus udani | sira nampani sandhangan | sing Naaman Senapati ||

31. tingkah iku apa patut | lah rasakna e Gegasi | sara atmala Naaman | sandhangên slawas ta urip | Gegasi anulya mêdal | sakala kataman najis ||

32. rikala jumênêngipun | Prabu Yoram ing Israil | paprangan mêngsah lan Aram | Elisa matur sang aji | sagêlar kridhaning mêngsah | dadya baris nguciwani ||

33. Raja Aram langkung bêndu | dhumatêng Elisa Nabi | gya prentah ngêpang ing Dotan | unggyannya Elisa Nabi | dalu praptanya ing Dotan | wadya Aram ingkang kaping ||

34. ing Dotan kinêpung wakul | kawarnaa abdi nabi | duk tangi ing wanci enjang | myat kitha kinêpang baris | tur wikan maring bandara | dhuh bandara kadospundi ||

35. kang kitha kinêpang mungsuh | kadya paran solah mami | Elisa nauri sabda | aywa sira was kuwatir | jêr kang jangkung marang ingwang | angungkuli mungsuh iki ||

36. Pangran bikak netranipun | abdi nabi gya udani | lamun ing rêdi punika | kêbak rata turanggagni | ngayap mring Nabi

--- 186 ---

Elisa | sukèng tyas abdi tan sipi ||

37. bala mêngsah samya lamur | nunak-nunuk tan wrin margi | pandonga Nabi Elisa | mêngsah datan miyatani | anulya mêngsah sadaya | dipun irit dening nabi ||

38. dhatêng ngarsèng Yoram Prabu | duk prapta dalêm capuri | Nabi Elisa andonga | nanuwun mring Hyang Masuci | netrèng mêngsah ingawasna | têmah samya ngudanèni ||

39. dene kadadosanipun | mêngsah datan dèn pêjahi | sinugata bujakrama | dening Yoram Sang Aaji | wusing bukti wadya Aram | samya mantuk èsmu kingkin ||

Nabi Yunus.

44. Asmaradana

1. nênggih mangkya kang winarni | Yêrobêam kang kadwinya | yèku ratu ing Israel | amarêngi madêgira | wontên nabi sajuga | asmanira Nabi Yunus | yèku nabi Hyang Mamulya ||

2. kawuwusa wau nabi | dinuta dening Pangeran | dhatêng nagri ing Ninêwe | tanah Asur kêng kaliwat | kathah isining janma | kalangkung durakanipun | mangkya Yunus gya dinuta ||

3. kinèn dhawuh mring pra janmi | lamun para janma arsa | kataman bêndu Hyang Manon | nging Nabi Yunus langgana [langga...]

--- 187 ---

[...na] | dadya Yunus miruda | lampahira mêdal laut | nagri Tarsis kang sinêdya ||

4. praptèng madyaning jaladri | palwa tinêmpuh prahara | para janma maras tyase | lamun palwa rêmuk-rêmak | kathah sambating janma | mring Allahnya juru-juru | kwèh bêkakas binuwangan ||

5. ring madyaning jalanidhi | pangarahnya para janma | punang palwa dadya ènthèng | Nabi Yunus eca nendra | wontên lêbêt baita | lurah palwa gugah Yunus | sira têka enak nendra ||

6. tangia ywa enak guling | nêbuta ring Allahira | luwih gêdhe sangsayane | tyang ing palwa seka-praya | angundhi yun wikana | sintên dadya marginipun | dhinatêngan gung rubeda ||

7. Nabi Yunus kênèng undhi | Nabi Yunus gya ngandika | cêmplungna sagara ingong | masthi sirêp kang prakara | sabab aku rumăngsa | margane pakewuh iku | anêkani marang sira ||

8. tyang ing palwa nulya sami | anyanyuwun maring Allah | aywa ana rubedane | de kalakyan anyêmplungna | maring dhasar samodra | aywa nganti kênèng têmpuh | wawêlak kang nèng samodra ||

9. Yunus dèn cêmplungkên aglis | maring dhasaring samodra | nulya sirêp praharane | sampunira kêlampahan | Yunus anèng samodra [samo...]

--- 188 ---

[...dra] | para janma suka sukur | samya kurban saha nadar ||

10. Nabi Yunus kang kawarni | saking karsaning Pangeran | Yunus kuntal iwak gêdhe | nanging datan praptèng lena | anèng jro wêtêng mina | tigang dintên tigang dalu | sakalangkung sungkawèng tyas ||

11. nalăngsa mring Hyang Masuci | salêbêting kasrakatan | jinurungan ing Hyang Manon | sigra mina dhinawuhan | ngutahna mring dharatan | Pangran dhawuh maring Yunus | ring Ninêwe awêwarta ||

12. ring pra janma dalêm nagri | sadhengaha sabdèng Allah | nulya Yunus mring Ninêwe | nguwuh-nguwuh turut marga | karsèng Allah Pangeran | Ninêwe arsa ginêmpur | kurang patang puluh dina ||

13. para janma dalêm nagri | sadaya samya pracaya | mring Nabi Yunus wêcane | dahat sami ajrihira | prasamya analăngsa | sumawana sang aprabu | angrucat kaprabonira ||

14. dhawuh undhang-undhang aji | janma miwah kewanira | samya kinèn pwasa kabèh | janma dahat unggyanira | nanuwun maring Allah | mantuni durakanipun | sandeya praptèng sangsara ||

15. Pangran ngowêl maring nagri | tan tamtu praptèng bancana | ingkang nêmpuh ing Ninêwe | Nabi Yunus sêrik tyasnya | nacad sabaring Allah | Nabi Yunus nulya muwus | luwih bêcik sun [su...]

--- 189 ---

[...n] matia ||

16. nulya mijil jawi nagri | karya gubug arsa wikan | kadadosan ing Ninêwe | juga ratri Pangran Allah | nukulkên kang kêkaywan | ngaubi mring Nabi Yunus | sukèng tyas dene kauban ||

17. marêngi ing ratri malih | Allah ngrèh praptanya ama | ulêr măngsa wit kayone | dupi bêntèrirèng surya | godhong aking sadaya | kabêntèran Nabi Yunus | sambat-sambat minta pêjah ||

18. angandika Hyang Masuci | apêpantês napsunira | Yunus munjuk mring Hyang Manon | klangkung pantês dhuh Pangeran | Pangeran angandika | sira ngowêl uwit iku | dudu sira kang nandura ||

19. thukule barêng sawêngi | rusake padha saratya | Ingsun ngowêl mring Ninêwe | nagara gung kèh isinya | janma myang kewan-kewan | beda kanan kering tan wruh | nora gampang pinêgata ||

Wêkasaning karaton Israil.

45. Mêgatruh

1. lir pinêgat sihira Hyang Maha Agung | kang tumrah mring Bani Srail | duk Yêrobam Sang Aprabu | kang kapisan praptèng jangji | praptèng kraman gantos-gantos ||

2. tumaruntun dhamparipun dipun lungsur | yèn wontên kang madêg aji |

--- 190 ---

sinedanan gupuh-gupuh | sawangsanya dèn têlasi | kang gumantya langkung awon ||

3. datan wontên kang manêmbah mring Hyang Agung | tan ngamungkên pêdhèt rukmi | manêmbah mring dewanipun | myang brahalèng para jinis | lir duk nguni Akab Katong ||

4. kurban-kurban ring kanisthan galur-sêlur | witing risak Bani Srail | para nabi nyruwe anggung | tindak nlisir rèh Hyang Widhi | nging tan tobat ring Hyang Manon ||

5. Bani Srail linurugan Ratu Asur | tanah wontên kang dèn bèki | duk Hosea Sang Aprabu | madêg aji ing Israil | prajangjian risang katong ||

6. lan Sang Prabu Salmanèsêr Rajèng Asur | nging tan lami Hosea ji | manrak maring jangjinipun | krudha Salmanèsêr Aji | saha wadya ararêmpon ||

7. Samaria kinupêng ing wadyèng Asur | binarisan tigang warsi | Samaria kabarubuh | ing ajurit tan ngudhili | Isrèl sami dipun boyong ||

8. binêkta ring tanah Mèdi myang lyanipun | tanah ingkang têbih-têbih | mung sakêdhik ingkang kantun | tanah-tanah kwèh kang sêpi | karsanira Asur Katong ||

9. băngsa kapir kang sinung ring tanah suwung | kawêkas kraton Israil | umur kraton kalih atus | langkung sèkêt tiga warsi | sangalas cacahing [ca...]

--- 191 ---

[...cahing] katong ||

10. kawuwusa rubeda tyang kapir timbul | ingkang manggèn ing Israil | tan wrin cara-caranipun | manêmbah Allah Israil | dadya nalar katur katong ||

11. sang aprabu ing Asur anulya nuduh | juga imam tyang Israil | ngiguhakên caranipun | manêmbah Allah Israil | rinararas jroning batos ||

Para ratu ing karaton Yahuda.

46. Mijil

1. duk sirnanya karaton Israil | Yahuda karaton | apan maksih lêstari adêge | kalih dasa cacahirèng aji | sami têdhak aji | Risang Prabu Dawud ||

2. kwèh kang datan manêmbah Hyang Widhi | brahala sinarjon | pan sakêdhik ratu ingkang salèh | umur kraton tigang atus warsi | wolung dasa warsi | langkung pitung taun ||

3. pan ing mangke Akas Risang Aji | ingkang winiraos | karya panti Baal kang kapundhèn | turut margi ing Yrusalèm nagri | padalêman suci | korinya tinutup ||

4. Yêrusalèm tan sinaba janmi | umèstu Hyang Manon | duk kaprabon gumingsir putrane | Sang Aprabu Kiskiya winarni | salèh kang panggalih [pangga...]

--- 192 ---

[...lih] | marma Sana Kudus ||

5. karsèng aji binuka kang kori | sasana Hyang Manon | gya binengkas dewa nèng Yrusalèm | amêmulih kang pancêr sadèsi | pulih angèngêti | Allah Kang Maluhur ||

6. saha kinèn tumut angrênggani | paskahing Hyang Manon | duk madêgnya wau sang pamase | pan sadasa pancêring Israil | binoyongan sami | dhatêng kraton Asur ||

7. tiyang-tiyang ing kraton Israil | kathahira ewon | dhatêng kraton Yahuda ngungsine | amimbuhi arjanirèng nagri | karaton sang aji | Kiskiya Sang Prabu ||

8. datan lami Sang Raja Sankèrib | ing Asur Sang Katong | anglurugi ngêpang Yêrusalèm | Sri Kiskiya dupi anampèni | kintunan kintèki | panantanging prabu ||

9. kang panantang sinêmbuh nyawadi | asmane Hyang Manon | Sri Kiskiya nulya nyuwèk-nyuwèk | pangagêman tarsăndha wiyadi | andadonga maring | Pangran Allahipun ||

10. gya tumurun mlaekat Hyang Widhi | mring Asur amupoh | wadya Asur dhadhal barisane | kathah tiyang kang samya ngêmasi | lir bêbadan pacing | wangke tumpuk undhung ||

11. tyang sakêthi wolung lêksa lalis | langkung gasal ewon | bidhal kondur lan Kèrib Pamase |

--- 193 ---

rumangsèng tyas datan antuk kardi | bala kwèh ngêmasi | kasor juritipun ||

12. winursita duk mêngsah gêng prapti | Kiskiya Sang Katong | lagya gêrah kalangkung gêrahe | wontên juga nabi Hyang Masuci | Yêsayah sasilih | sowan ngarsèng prabu ||

13. ngêmban dhawuh timbalan Hyang Widhi | rumêntah mring katong | sang aprabu cumawis samangke | unggyanira pinundhut Hyang Widhi | Kiskiya Sang Aji | dahat ing pamuwun ||

14. ananuwun mring Hyang Maha Suci | panjang yuswèng katong | marma Nabi Yêsayah wijile | sing kadhaton nulya antuk wangsit | sigra wangsul aglis | dhawuh mring Sri Mulku ||

15. tinarimah panuwun sang aji | ing ngarsa Hyang Manon | yuswèng nata ingindhakan mangke | pinanjangkên gangsal wêlas warsi | dupyantuk tri ari | sênggang gêrah prabu ||

16. sigra nata malbèng Sana Suci | sasana Hyang Manon | saos sukur mring Pangran Allahe | awit saking marmanirèng Widhi | gêrahirèng aji | binirat Hyang Agung ||

17. kawuwusa Kiskiya Sang Aji | seda tan kacriyos | Rajaputra Mênase ing mangke | madêg nata gumantyèng rama ji | sèkêt gangsal warsi | lami madêg ratu ||

18. kawarnaa Mênase Sang Aji | tindakira awon | nilar

--- 194 ---

swargi rama sri pamase | nasarakên maring Bani Srail | brahala pinundhi | binêndon Hyang Agung ||

19. karsanira Hyang Kang Maha Suci | Mênase Sang Katong | sarêng sêpuh sinrah mring mêngsahe | têmah nata kaboyong ring Babil | dahat kawlas-asih | nalăngsa ing kalbu ||

20. sêsambat mring Hyang Kang Maha Suci | katrimah sang katong | winangsulkên dhatêng Yêrusalèm | madêg ratu ngratoni Israil | nirnakkên nênajis | brahala binrubuh ||

21. tan winarna sedanya sang aji | Rajaputra Amon | madêg nata mangrèh Bani Srael | tindakira awon anglangkungi | bènèh kang rama ji | tobat mring Hyang Agung ||

22. kalih warsa madêg narapati | cinidra sang katong | praptèng layon dening kawulane | kang gumantya madêg narapati | Yosiyah putrèng ji | ngèdhêp mring Hyang Agung ||

23. angantêpi dènira ngabêkti | salèh sang akatong | kwèh brahala kitha Yêrusalèm | sirna gêmpang myang ing tlatah nagri | sawiji tan kari | lêbur binarubuh ||

24. nadyan mudha Yosiyah Sang Aji | santosa ing batos | duk gumanti kêprabon yuswane | amarêngi kalih dasa warsi | ambêk santa budi | tumindak rèh ayu ||

25. mangkya nata karsa andandosi | sasana Hyang Manon | duk [du...]

--- 195 ---

[...k] rarêsik manggya Kitab Torèt | wrêdhèng Imam Hilkiyah kang manggih | ical duk ing nguni | Mênase Sang Prabu ||

26. gya winaos Torèt ing ngarsa ji | gawok risang katong | sang aprabu nyuwèk busanane | kagyat myarsa ancaman ing tulis | nging dhawuh Hyang Widhi | mring Yosiyah Prabu ||

27. lêlantaran kulda nabi èstri | rèhning galih katong | luluh myarsa surasaning Torèt | seda nata kalawan basuki | taninga bilai | kang bakal tumêmpuh ||

28. Sang Aprabu Yosiyah tabêri | wah langkung tulatos | angewahi pranatèng Israel | amiturut anggêr Musa Nabi | pra kawulèng aji | sami kinèn kumpul ||

29. pra kawula winaoskên aglis | andika Hyang Manon | sang aprabu prasapa ing mangke | lan kawula ing ngarsa Hyang Widhi | wiwit ri puniki | ing salajêngipun ||

30. badhe sami anglampahi salir | parentah Hyang Manon | linampahan gumolonging tyase | ajrih asih mring Kang Maha Suci | Yosiyah Sang Aji | panggalihnya kukuh ||

31. tatag kêndêl dènnya ambibrahi | brahala angêtog | kongsi praptèng tilas kraton Isrèl | nagri Bètèl unggyan pêdhèt rukmi | yêyasan duk nguni | Yêrobêam [Yê...]

--- 196 ---

[...robêam] Prabu ||

32. dipun risak wah dèn obrak-abrik | malih karsèng katong | kinèn dhudhuk sakèh kuburane | para imam brahala ing nguni | balunge binasmi | lir wêcèng rumuhun ||

33. sedanira Yosiyah Sang Aji | datan kacariyos | putra tiga myang juga wayahe | gantya-gantya madêg narapati | nging tan angiribi | lan Yosiyah Prabu ||

34. pan ing mangkya sasmita wus kèksi | sirnaning karaton | wit pra raja dalah Bani Srael | datan sami èngêt Hyang Masuci | karêm tindak juti | nom tuwa dalurung ||

Wêkasaning karaton Yahuda.

47. Sinom

1. kang narbuka myang pitêdah | sasmitèku para nabi | kwèh kang kamot jroning kitab | pangandika para nabi | nênangi Bani Srail | pracaya mring Hyang Maha Gung | têmah tan karisakan | anging umat Bani Srail | katuwuhan durhakaning tiyang kathah ||

2. pra raja myang para imam | datan purun angantuni | wontên ing kraton Yahuda | tuwin ing kraton Israil | sinungan para nabi | pamatah Hyang Maha Luhur | pinèt sing para darah | atanapi trahing alit [ali...]

--- 197 ---

[...t] | yèku Nabi Yêsayah tuwin Sêfanyah ||

3. kêkalih sami trah raja | apan wontên nabi malih | ingkang saking darah imam | yèku Yêkiskièl Nabi | saha Yirmiyah kalih | mangkya Mikah lawan Yunus | Elia myang Elisa | catur pisan trahing alit | Nabi Amos pan punika pangèn mlarat ||

4. Nabi Yêrmiyah mamêca | risaking Yrusalèm nagri | minăngka siksaning Allah | awit durakèng Israil | kandhêg siksa Hyang Widhi | patobat tatulakipun | antawis dènnya mulang | sampun tiga likur warsi | nging Israil datan pisan nanggapana ||

5. sakala wangsiting Pangran | tumindak siksa Hyang Widhi | mandar masthi tyang Yahuda | badhe binoyong ring Babil | laminira nèng Babil | ngantos pitung dasa taun | dènnya nabi mamêca | sinawung pralambang manis | upamanya pralambang Nabi Yêrmiyah ||

6. anuju ari sajuga | tumbas guci dhatêng kundhi | binanting ngarsèng pra imam | myang pisêpuhing Israil | dadya wingka kang guci | Yirmiyah nulya nabda rum | dhawuh Allah Pangeran | arsa ngrêmuk Bani Srail | nagarane datan pisan kinèrèkna ||

7. pindha wingka guci ika | pinulihna nora kêni | kadhaton lan wisma-wisma | binubrahan tan na kèri [kè...]

--- 198 ---

[...ri] | Yrusalèm bosah-basih | wit Israil andalurung | nêmbah marang brahala | kèh brahala dèn kutugi | dèn pêpundhi amêmungu bênduning Hyang ||

8. tan antawis laminira | tatiyang Yahuda sami | umèksi kanyataannya | pamêcaning para nabi | yakti datan nalisir | tumibèng bêndu Hyang Agung | mangke ingkang kawarna | Nêbukadnesar Sang Aji | Natèng Babil yun nêluk nagri Yahuda ||

9. Yêhoyêkin Sri Narendra | myang salêksa kang prajurit | myang pra luhur-luhur samya | para pandhe pra undhagi | binoyong dhatêng Babil | dening Babil Maha Prabu | Risang Nêbukadnesar | nulya anjênêngkên aji | ratu liyan sasilih Raja Sidkiyah ||

10. Sidkiyah nulya mbalela | mintasraya saking Mêsir | nglawan Sri Nêbukadnesar | nata binatharèng Babil | bala Kasdim ngêrobi | kraton Yahuda kinêpung | tyang Yêhudi mapanggah | laminira kalih warsi | marmanira nagari kambah pailan ||

11. saking dahating pailan | awis têdha mahanani | wanudya nêdha wêkanya | wêkasan bêdhah kang nagri | Sidkiyah lolos aglis | nging tinukup dening mungsuh | cinuplak netranira | lan dèn boyong dhatêng Babil | sang aprabu kalangkung dèn kaniaya ||

12. sadèrèng [sa...]

--- 199 ---

[...dèrèng] netra cinuplak | Sri Sidkiyah nguningani | ring kêkalih putranira | dènira kinisas sami | nètèsi wêcèng Nabi | Yêkiskièl duk ing dangu | kalamun Risang Nata | Sidkiyah yun praptèng Babil | praptèng seda netra tar myat tanahira ||

13. Yrusalèm betal mukadas | jinarah binengkas agni | saput pranti adi mulya | kang munggwèng masjid winilis | winawa maring Babil | sinung ring pamujanipun | nging pêthi prajangjian | kang munggwing Sasana Suci | tan na janma kang uninga wêkasira ||

14. sanggya tyang kraton Yahuda | binoyongan maring Babil | pinarênca panggenannya | pindha mrambut kabur angin | nètèsi wêcèng nabi | winicara duk ing dangu | wontên kang kinantuna | para luhur sawatawis | pinitados dening Babil Naranata ||

15. wontên pramuka sajuga | Gêdalya pitayèng aji | mangrèh ing tanah Yahuda | pinêjahan tyang Yahudi | dene Yirmiyah Nabi | rinilan dera sang prabu | kantun manggyan nagrinya | duk bêdhah Yrusalèm nagri | angrumpaka pangadhu mucung anggana ||

--- 200 ---

Nabi Dhanièl.

48. Pocung

1. wiyosipun tyang Yahudi anggènipun | wontên pamboyongan | têbih nagri myang kang masjid | sampun tamtu lamun kathah duhkitèng tyas ||

2. lipuripun tan siniya pangrèhipun | bènèh tyang tumbasan | siniya ing sari ratri | malah wontên jêjaka kinarsan nata ||

3. jaka wau karsèng nata dèn ginau | rèh băngsa Yahuda | winuhkên[8] ring kawruh kasdim | yèku jaka Dhanièl lan Sadrah Mesah ||

4. kaping catur Abètnego kang tumutur | jêjaka sakawan | winisudhèng pangkat inggil | têmah bangkit karyarja băngsa priyăngga ||

5. tan kalimput agama ingkang rinangkut | cekat-cèkêt kangkat | sumrambah ring băngsa kapir | kawuwusa jêjaka sakawan pisan ||

6. botên sarju nêdha ngombe cadhong prabu | ajrih ring duraka | lamun nêdha ingkang najis | marma darbe paminta ring pra lêlurah ||

7. aturipun ywa sinung lir cadhongipun | amung sinungana | toya limrah myang rêjêki | ingkang pinèt mijil saking tatuwuhan ||

8. Hyang Maha Gung ngidini sasêdyanipun | marma bagas waras | kakuwatan amunjuli | yèn tinandhing lawan kănca-kancanira ||

--- 201 ---

9. nujwa waktu sinowankên ngarsèng prabu | kacihna yèn langkah | kawignya punjul sasami | catur pisan ingabdèkkên ngarsèng nata ||

10. kang kawuwus Nêbukadnesar Sang Prabu | karya brahala mas | mas jarahan kang kinardi | inggilira kinarya suwidak asta ||

11. para luhur tinimbalan ngarsèng prabu | myang gandhèk sang nata | kinèn dhawuh undhang aji | singa myarsa têngara gya sumungkêma ||

12. sarta sujud mring brahala kang pinatut | munggwèng ngarsa nata | băngsa ingkang tan nglampahi | băngsa ika cinêmplungna ring dahana ||

13. wus tinabuh têngara pra janma gupuh | manêmbah brahala | tumindak karsa sang aji | mung tatiga kang tan arsa sumujuda ||

14. marma laju katur ing ngarsa sang prabu | lamun Sadrah Mesah | Abètnego katrinèki | tinimbalan umarêk ngarsa narendra ||

15. sang aprabu ngandika mring pra tyang wau | paran marmanira | tan nêmbah sêmbahan rukmi | êndi Allah ngluwari sing astaningwang ||

16. katri matur wontên ngarsa sang aprabu | Allah pundhèn amba | ingkang bangkit angluwari | sing dahana myang saking asta narendra ||

17. sang aprabu nadyan tan ngluwari èstu | kawula langgana | manêmbah brahala rukmi | Sang Aprabu Nêbukadnesar [Nêbuka...]

--- 202 ---

[...dnesar] bramantya ||

18. nulya dhawuh latu dinadosna gupuh | ngantya tikêl sapta | panasira anglangkungi | Sadrah Mesah Abètnego tri binêsta ||

19. tri cinêmplung ing latu urubnya agung | kang nyêmplungkên samya | kêbrangas agni ngêmasi | awit saking gênging latu langkung ngêkat ||

20. katrinipun duk sampun cumêmplung latu | sang nata keraman | katingal samya lumaris | dalêm latu jar-ujaran lampahira ||

21. langkung-langkung tinon juga rowangipun | pindha putrèng dewa | saksana nata marpêki | animbali Abètnego Sadrah Mesah ||

22. sira têlu kawulèng Allah matuhu | lah padha mêtua | têtiga mijil sing agni | kawistara tan rêmpit busananira ||

23. angganipun tan malonyoh tan malênthung | tan gêsêng remanya | sang prabu ngandika aris | dèn luhurna Allahe wong têlu ika ||

24. de wus ngutus malaekate kang kudus | tulung kawulanya | kang kumandêl kwasèng Widhi | Sang Aprabu undhang ring wêngkon sadaya ||

25. sabdèng prabu sapa-sapa ngarubiru | ring Allahe Sadrah | Abètnego Mesah masthi | tan wurunga kinisas pidanèng nata ||

26. kang kawuwus para janma katri kang wus |

--- 203 ---

cinêmplung dahana | winisudha pangkat inggil | langkung kwasa ing dalêm kraton narendra ||

27. liyan kang wus mangkya Dhanièl mapan wus | pinaringan pangkat | winisudha langkung inggil | tan apapak dening Sri Nêbukadnesar ||

28. rajasunu gumantya kang rama prabu | Sang Prabu Bèlsasar | ngurmati Dhanièl Nabi | langkung malih Dharius Mèdi Narendra ||

29. karsanipun pinartiga kratonipun | ingkang sapratigan | ingrèha Dhanièl Nabi | malah-malah Dharius kasok sihira ||

30. sêdyanipun sadaya karatonipun | ring Dhanièl sok srah | marma lyan pangagêng mèri | ring kabêgjan kang samantên wawratira ||

31. para luhur sabiyantu samya ngatur | kwèhning rekadaya | Dhanièl tumibèng sisip | nging tan manggya dadya samya seka-praya ||

32. darbe atur panyuwun konjuk sang prabu | ngundhangna parentah | dalêm tigang dasa ari | linaranga tatiyang darbe paminta ||

33. anyênyuwun liyan maring kang sinuhun | nadyan maring Allah | sumawana ring sujanmi | datan kêni mung aring nata pribadya ||

34. sampun tamtu kang manrak walêr puniku | tan kêna suminggah | cumêmplung luwêng singa glis | atur ika sinêmbadan dera nata ||

35. nadyan sampun wradin undhang [u...]

--- 204 ---

[...ndhang] kang sinuhun | prandene tan kêndhat | pandonga Dhanièl Nabi | mring Allahnya kadidene padatannya ||

36. dènnya nungku saari rambah ping têlu | jandhela binuka | ing lotèng kwèh janma mèksi | pra pangagêng duk umiyat tan sarănta ||

37. sigra matur wontên ing ngarsa sang prabu | dahat ngungunira | sang nata dupi miyarsi | pan kaduwung dènnya karya undhang-undhang ||

38. karsèng prabu ambibrah ring undhang prabu | dimèn ngalingana | ring sisip Dhanièl Nabi | anging nata dahat kewran ing wardaya ||

39. sang aprabu anulya ngandika arum | hèh Dhanièl poma | Allah kang sira bêktèni | muga-muga nulungana marang sira ||

40. datan dangu Dhanièl nulya cumêmplung | maring luwêng singa | wau ta sri narapati | ing saratri cêgah dhahar cêgah nendra ||

41. bangun esuk sang aprabu têdhak gupuh | unggyan luwêng singa | nimbali Dhanièl Nabi | hèh Dhanièl kawulèng Allah kang gêsang ||

42. apa tuhu Allah tatulung sirèku | jro sira sangsara | Dhanièl umatur aris | nuwun yaktos Allah ngutus malaekat ||

43. singa sampun binungkêman cangkêmipun | marma tan nangsaya | singa-singa mring wak mami | datan onya salămba wulu kawula ||

--- 205 ---

44. sang aprabu sakalangkung sukèng kalbu | dhawah angêntasna | Dhanièl sing luwêng aglis | sawusira sri narendra nulya dhawah ||

45. kinèn nukup kang darbe pandakwa wau | nulya cinêmplungna | ing jro luwêng singa aglis | dèrèng ngantya praptèng ngandhap gya minăngsa ||

46. Sang Aprabu Dharius ngundhangkên dhawuh | kawulèng sun padha | ora kêna ora wêdi | mring Allahe Dhanièl Maha Kawasa ||

47. sabab uwus sagêd ngluwari tatulung | lan karya têngêran | anèng langit lan ing bumi | pra kawula sadaya anggula-drawa ||

Nagari Yêrusalèm binangun.

49. Dhandhanggula

1. duk Israil wontên tanah Babil | udakawis pitung dasa warsa | Israel dadya bawahe | nênggih Korês Sang Prabu | Natèng Pèrsi wau sang aji | duk madêgirèng nata | andungkap sataun | nulya ngundhangakên dhawah | mring sanggyaning para tiyang Bani Srail | kang manggyan talatahnya ||

2. dhawuh nata ingkang kapiarsi | lamun Pangran Allah ing suwarga | dhawuh mangun Yêrusalèm | marmane pra bangsamu | kang kalêbu umate aglis | sira padha muliha | bangunên masjidmu | jinangkunga [jinang...]

--- 206 ---

[...kunga] Allahira | ênya iki êmas prabotirèng masjid | kang wus dadi jarahan ||

3. tampanana lan gawanên mulih | limang èwu patang atus kèhnya | iki tampanana kabèh | mangkya ingkang winuwus | pra tyang ingkang maksih ngèngêti | mring Yêrusalèm praja | samêkta yun mantuk | dene sanès-sanèsira | kang wus sugih myang krasan manggyan ing Babil | suthik lamun tumuta ||

4. ingkang mantuk kathah têdhak Lèwi | myang Yahuda gunggung kawan dasa | dwi ewonan wilisane | măngka pangiridipun | yèku Yusak lan Sêrubabil | pangulu imam samya | têdhakirèng Dawud | duk lampahnya sampun prapta | para janma nulya samya nambutkardi | rumuhun kang ginarap ||

5. pakurbanan ing Pangran Masuci | myang têtalês kang betal mukadas | dèn adhêpi pra imame | sarwi mêmuji sukur | binarungan swarèng napiri | ananging para tiyang | ingkang sêpuh-sêpuh | kang wus wrin betal mukadas | yasanira Sang Prabu Suleman nguni | prasamya rawat waspa ||

6. awit dene tan paja ngèmpêri | masjid ika kang nêdhêng ginarap | tinandhing dahat kontite | marma sambat pra sêpuh | nging pra neman suka kêpati | wuwusên Samaria | akarya pakewuh | mring kang samya nambutkarya | miwah gèsrèk [gè...]

--- 207 ---

[...srèk] têmah ingkang nambutkardi | sami kêndho tyasira ||

7. kalêrêsan wontên nabi kagih |[9] kang sajuga Nabi Sakaria | lan Kagai sajugane | ingutus Hyang Maha Gung | nglipur ing tyas tiyang Yahudi | ginugah mungkar kang tyas | dadya samya sêngkud | dènira tumandang karya | ngantya prapta paripurnaning pakarti | datan antara lama ||

8. wontên juga ngulama Yahudi | nama Esra pan sampun kasusra | wicaksana tuwin salèh | antuk idi sang prabu | klilan byantu arjaning nagri | gya bidhal sakanthinya | pêpilihanipun | binêktanan dening nata | sawarnanya kang maksih kantun ing Babil | abrag betal mukadas ||

9. sapraptanya Yêrusalèm nagri | sigra Esra mranata agama | myang pakarti pra imame | nurut pranatanipun | Nabi Musa duk kala nguni | prandene maksih kathah | kasusahanipun | tanapi Yrusalèm praja | dèrèng kenging sinêbut ing para janmi | lamun wus katon rêja ||

10. labêt saking pra tiyang Yahudi | rinubeda băngsa Samaria | duk bangun baluwartine | mangkya ingkang winuwus | wontên juga băngsa Yahudi | nêka myang namanira | juru larih prabu | rinilan dening sang nata | tumut mantuk dhatêng Yêrusalèm nagri | mangun baluwartinya|| [baluwar...]

--- 208 ---

[...tinya||]

11. winisudha dados adipati | ngrèha tanah Yahudi sadaya | kasok sihnya sang pamase | dhasar pra ratu-ratu | tanah Pèrsi kathah wlas-asih | maring Yêhudi băngsa | dinarman lumintu | wontên narendra sajuga | Akaswerus anggarwa prawan Yahudi | yèku Èstèr sang kênya ||

12. anjalari kathah sihing aji | kang rumêntah ring Yahudi băngsa | duk manggya pakewuh gêdhe | sang pramèswari prabu | darbe sanak ran Mardêkai | nate mêdhar wêwadya | tyang yun nyidrèng prabu | katur pramèswari nata | ing wasana Mardêkai jinunjung glis | warăngka naranata ||

13. amangsuli cariyos kawuri | unggyannira Dipati Nêkamya | ambangun kitha Yrusalèm | lêstantun lampahipun | kwèh pranata kinêncêng sami | tuhu sang adipatya | burus budinipun | slami madêg adipatya | datan pisan antuk pêkah miwah kasil | mandar manglubèr dana ||

14. andanani miwah mitulungi | kang kinarya artanya priyăngga | tyang satus sèkêt cacahe | wontên wênèh kang nyambut | datan pisan sami tinagih | duk garap baluwartya | sang dipati cakut | karsa nylirani priyăngga | para abdi sadaya sami ngrencangi | tuhu măngka tuladan ||

15. langkung-langkung dhatêng para [pa...]

--- 209 ---

[...ra] sugih | kwèh pra sugih dêdana tyang mlarat | potange dèn rilakake | gadhèn datan tinêbus | barang wangsul arta tan tampi | saiba kotamannya | kang sami ambangun | punikèstu mung pralambang | wêcèng Allah lantaran Nabi Malaki | pambangun dèrèng prapta ||

16. kang winêca kamot jroning tulis | Ingsun ngutus malaekat ingwang | bakal angrata dalane | ana ing ngarsaningsun | măngka gusti sira udani | arikat praptanira | marang masjid iku | mlaekating prajangjian | ingkang padha sira ajap nulya prapti | kanthi sabar tuwêkal ||

Nabi Ayub.

50. Kinanthi

1. kawuwusa ing tanah Us | wontên satunggaling nabi | Nabi Ayub kasihing Hyang | pan sadasa punang siwi | sapta jalu tri wanita | rajakaya anglangkungi ||

2. pitung èwu mendanipun | tigang èwu untanèki | etang sèwu lêmbunira | gangsal atus punang kuldi | sugih rencang angayangan | tyang bang wetan kasor sami ||

3. para putranipun jalu | kêrêp ăndrawina ngênting | gumilir gêntos-gêntosan | nyêdhahi kadangnya èstri | lamun antuk saubêngan | Ayub kurban mring Hyang Widhi ||

4. miturut cacahing sunu | măngka

--- 210 ---

ruwat dosanèki | marma kêrêp saos kurban | sandeyaning tyas jêng nabi | jro bujana putranira | kambah dosa mring Hyang Widhi ||

5. ing ari sajuga nuju | para putrèng Ayub sami | nêdhêng sami ăndrawina | kêsaru praptaning abdi | sowan Ayub atur wikan | lamun wontên tyang Baduwi ||

6. bradhat kuldi tuwin lêmbu | pangènira dèn pêjahi | mung sajuga bangkit oncat | lumarap atur udani | dèrèng têlas turing abdya | kêsaru lyan abdi prapti ||

7. tur wikan yèn mendanipun | sinambêr ing gêlap agni | menda dalah pangènira | minăngsa ing gêlap gusis | amung juga kalangkungan | marma enggal tur udani ||

8. dèrèng pêdhot abdi matur | nulya wontên kang nusuli | matur yèn untanya samya | binaradhat tiyang Kasdim | pangèn sami tinêlasan | juga mrucut atur uning ||

9. dènnya matur dèrèng rampung | gêntos abdi sanès prapti | pratela yèn para putra | jalu èstri amarêngi | ăndrawina suka-suka | bayu bajra andhatêngi ||

10. nêmpuh griya kabarubuh | ngrêbahi ring para siwi | siwinta tan bangkat oncat | sanggya putra angêmasi | jumênêng Ayub sakala | busana dèn sêbit aglis ||

--- 211 ---

11. sumungkêm ing siti sujud | Pangran ingkang amaringi | wus layak Pangran mundhuta | kaluhurna Hyang Masuci | Ayub datan manggya lêpat | tan maibên ring Hyang Widhi ||

12. cobèng Pangran maring Ayub | sangsaya kwèh tan ngunduri | mangkya Ayub kênèng mala | mala bibrah angga wradin | sakalangkung nistha papa | angalemprak munggwèng siti ||

13. kalosodan awor uwuh | malanta dipun kêriki | wingka kinarya kêrikan | sakalangkung kawlas-asih | kang garwa nulya wacana | paran paduka samangkin ||

14. taksih mantêp sêtya tuhu | dhumatêng Hyang Maha Suci | kalamun sambadèng karsa | bok inggih andum basuki | katilar pêjah kewala | urip gung andawa wingit ||

15. dahat tan kadugi Ayub | myarsa rêmbagnya kang rabi | alon nauri wacana | rèhning aku wus nampani | pira-pira sihing Allah | kang bêcik ring awak mami ||

16. ing samêngko raganingsun | pinaringan Hyang Masuci | luwih ala luwih nistha | apa datan sun tampani | klawan sabar lan narima | ywa lir wong gêmblung sirèki ||

17. dumugi samantên Ayub | tan ngrêsula mring Hyang Widhi | ing mangkya ingkang kocapa | tiga mitrèng Ayub tuwi | wit myarsa mitra sangsara | niyating tyas nglipur galih ||

--- 212 ---

18. saking têbih myat ring Ayub | samya pangling mitra katri | anjêrit sarwi karuna | anênggani sandhing linggih | pitung ari pitung ratya | sakêcap tan mawi mosik ||

19. wikan yèn sakiting Ayub | rêkaosnya anglangkungi | ing ngriku Ayub kawêdhar | wicara kang tan prayogi | nyupatani angganira | wicara ingkang kawijil ||

20. yèn manggung mangkene ingsun | angur baya têkèng pati | wau ta mitra tatiga | maibên sêmunya sami | ring Nabi Ayub salèhnya | nging pasaja tan kawijil ||

21. akarya tyas Nabi Ayub | sangsaya datan prayogi | pan andadra ngundhamana | dhatêng Allah Kang Masuci | nging duk antuk sabdaning Hyang | ngakêni balilunèki ||

22. nalăngsa ngarsèng Hyang Agung | sêsambat amêlas-asih | wasana Allah Pangeran | ambarkahi Ayub Nabi | nglangkungi agunging barkah | têmah mulya kang sêsakit ||

23. salajêngnya Nabi Ayub | pêputra jalu lan èstri | jalu pitu cacahira | èstri tiga punjul warni | tan na wadon tumimbanga | tri putrèstri Ayub Nabi ||

24. rajakaya kwèh kalangkung | matikêl-tikêl winilis | sinambêtan yuswanira | satus kawan dasa warsi | mêningi cêcanggahira | lir taru kêtaman riris ||

--- 213 ---

Cariyosipun tiyang Yahudi, wiwit Nabi Malaki dumugi Nabi Yokanan Baptista.

51. Sinom

1. mangkya ingkang winursita | Yahudi kêbawah Pèrsi | udakara laminira | băngsa dwi atusan warsi | wusing bêdhahing Pèrsi | dening Iskandêr Sang Prabu | nênggih ratu ing Yunan | saseda Iskandêr Aji | wontên juga senapati madêg raja ||

2. Pêtolêmeus panêngran | madêg raja tanah Mêsir | rajeka tumulyambawah | dhumatêng tanah Yahudi | kathah băngsa Yahudi | binoyong dening sang prabu | dhatêng ing Mêsir praja | kawlas-arsa tyang Yahudi | winursita kaprabon gumantyèng putra ||

3. kathah kasaenanira | dhumatêng băngsa Yahudi | sang prabu nuding pujăngga | pitung dasa pujăngga ji | niti kitab Yahudi | Torèt miwah tunggilipun | basa sinantunana | basa Yunani pinilih | kitab-kitab sinantunan basanira ||

4. Natèng Mêsir dènnyambawah | dhumatêng băngsa Yahudi | laminya salangkung warsa | anulya băngsa Yahudi | winêngku Aram Aji | Sang Aprabu Antiokhus | Yahudi ingapusan | manêmbah brahala sami | kang langgana tan wun sami pinidana ||

5. ewon manêmbah brahala | alya kang

--- 214 ---

mantêp ngantêpi | asmèng Pangran Allahira | dèn pilaur pêjah sahid | eklas ajaping kapti | manggiha kamulyan luhung | ing jaman kalanggêngan | sinung urip kang sajati | tuwas-tiwas pituwas nêmbah brahala ||

6. sing dahat siyaning raja | ambalela tyang Yahudi | kawuwusa wontên imam | Matatea kang sasilih | gangsal atmajanèki | wantêr prawira pinunjul | lalima tan prabeda | sinêbut băngsa Makabi | gantos-gantos umadêg manggalèng kraman ||

7. uwal saking kraton Aram | ewadene tyang Yahudi | tan tulus dènnya mardika | wit prasapan lan Rum mangkin | puniku anjalari | pinarentah ring băngsa Rum | nging tanahnya priyăngga | sinungan raja pribadi | darah Esap Herodhês Sri Naranata ||

8. kocapa Herodhês Raja | wicaksana sura-sêkti | mung kuciwa ambêk siya | onggrongan karsa sang aji | janma ngonggrong mastani | raja mangun kithèng Dawud | nging para salèh nyipta | bènèh lan pra ngonggrong sami | ciptèng salèh rinèh raja liyan băngsa ||

9. praptane pamartèng jagad | kang ingajap sari ratri | dening nabi wus winêca | yèku Nabi Yakub nguni | mangkya ingkang winarni | wit Malaki jamanipun | tanna

--- 215 ---

nabi anggugah | nênangi manah yahudi | amêwahi santosèng tyas pangajapnya ||

10. rawuhnya ratu panutan | jêjêbadan Hyang Masuci | cinakrarsa ambanguna | kraton Dawud kang kawuri | myang ngêntas tyang Yahudi | winisesa ing băngsa Rum | tyang Yahudi sadaya | angajap agea prapti | nging nyatanya sulaya ajaping nala ||

11. ujêr ing nguni Yêsayah | pan sampun amêdhar wangsit | margèngsun lyan marganira | ciptèngsun lyan ciptanèki | pindha bumi lan langit | kaungkulan luwih dhuwur | dhuwure dalanira | lan margèngsun dudu tandhing | apadene ciptaningsun lawan sira ||

--- 216 ---

[...]

--- 217 ---

Pratelaning cariyos pêpêthikan saking Kitab Suci.

Prajanjean Lami

...kaca

1. Tumitahing ngalam donya... 1

2. Wiwitipun wontên dosa... 2

3. Kain kalihan Abil... 8

4. Bumi kinêlêm... 11

5. Panggung ing Babil... 14

6. Nabi Ibrahim tinimbalan. Papisahan kalihan kapenakanipun nama Lut... 15

7. Kumandêlipun Nabi Ibrahim... 19

8. Pandonganipun Nabi Ibrahim... 22

9. Risaking nagari Sadum kalihan Ngamorah... 23

10. Lairipun Nabi Iskak, Ismangil katundhung... 26

11. Nabi Iskak badhe kadamêl kurban... 28

--- 218 ---

12. Kramanipun Nabi Iskak... 30

13. Nabi Yakub lan Esap... 37

14. Tindakipun Nabi Yakub... 42

15. Nabi Yusup kasade... 52

16. Nabi Yusup wontên ing Mêsir... 55

17. Para kadangipun Nabi Yusup dhatêng Mêsir... 62

18. Lampahing para kadangipun Nabi Yusup ingkang kaping kalih... 66

19. Nabi Yakub dipun ondhongi dhatêng Mêsir... 72

20. Timuripun Nabi Musa... 76

21. Nabi Musa wontên ngarsaning Pringon... 81

22. Wêdalipun Bani Srail saking Mêsir... 88

23. Lampahipun Bani Srail dumugi ing rêdi Sina... 93

24. Dhumawuhing anggêr-anggêr... 96

25. Pasuciyaning Allah, para imam, lan dintên agêng... 102

26. Pakuburanipun tiyang luwamah... 105

27. Para têlik... 107

 


Dawud (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: anindhihi para wadu. (kembali)
rajakayanipun. (kembali)
puput. (kembali)
ingkang. (kembali)
Seba. (kembali)
winurungna. (kembali)
winruhkên. (kembali)
kalih. (kembali)