Patekah, Angabèi IV, c. 1900, #1324

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Patekah[1]

--- [0] ---

Bismillahirrahmanirrakim ... Utawi sakèhing puji kaduwe ing Allah.

Patekah

Alkamdulillahi ... Jênênge kang murba misesa.

Robbil ngalamin ... Allah Ingsun kang pinangeran.

Arohmannirakim ... Kang murah ing donya asih ing akerat.

Malikiyaomiddin ... Nyatane karaton Ingsun.

Iyaka nakbudu ... Ingsun kang anêmbah kang sinêmbah.

Wa iyaka nastangin ... Ora anane ingsun iki, sira kang ana, iku ora ketung Ingsun malih.

--- 272 ---

Ihdinas siratal mustakim

Nyatane ananira iku ananingsun.

Siratalladina an'amta ngalaihim ... Margaa[2] ing sira, Ingsun suka dening sira, margane ana mukmin ya dening sira.

Ghaeril maghlubi ngalaihim, waladdêlolin ... Ya Ahmad, sira iku ya ora beda lan ananingsun, lan mukmin iku ora beda kalawan wali, Ingsun iku ya Ahmad, dudu sira, sajatine ora ana Ingsun lan sira, yaiku wahananira wahananingsun.

Amin ... Rasanira rasaningsun, iya iku kang aran tingal bagêna.

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
Marga. (kembali)