Sahadat Batin, Angabèi IV, c. 1900, #1325

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sahadat Batin[1]

--- [0] ---

Sadat batin ... Sadat jati sampurna kang luwih sukci.

As adu ... Ingsun anêksèni sajatine kaanan ingsun.

Anla ilaha ... Ora ana Pangeran, sajatine ora ana warna rupa.

Illalah ... Anging Allah kang sabênêre, sajati anging urip kumpuling rupa kang sajati, iya urip, iya rupa, iya kaana,[2] iku têlu, ning loro-loroning tunggal. Tunggaling urip, tunggaling rupa, urip kang sajati rupa mulya, kaanan sukci, iku têtêp Ingsun iki nyatane wus sampurna.

--- 274 ---

As adu ... Ingsun nêksèni, sajatine sukcining rasa.

Anna Muhkamad ... Iya iku têtêp mulyaning rasa.

Rasullullah ... Utusaning Allah, kang ngutus sajatining rasa, rasullullah, kumpuling rasa sajati, iya iku ênggoning urip kang nyata, iya iku lungguhe Ingsun iki sampurnaning rupa kabèh.

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
kahanan. (kembali)