Sahadat Kalimah, Angabèi IV, c. 1900, #1323

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sahadat Kalimah

--- [0] ---

Bismillahirrahmanirrakim. Nawètu ankukira, bi kalimatin sahadatèni, wujuban bil ngumuri, maratan wakidatan pardallilahi tangala. Niyat ingsun angucapakên ing kalimah sahadat loro, kale wajib ing dalêm saumur ingsun malih sapisan parlu karana Allah. Ashadu anla illahaillolah, wa ashadu anna Muhkamaddan Rasullolah, lan angwêruhi ingsun satuhune ora ana Pangeran anging Allah, lan nêksèni ingsun, satuhune Kangjêng Nabi Muhkamad iku utusaning Allah. Măngka maknane lailahaillullah iku, amot napi kalawan isbat. Măngka kang dèn napèkakên sakèhing Pangeran kang liyan saking Pangeran kita, măngka kang dèn isbatakên iku kang sakang[1] tunggal, kang ora dinadèkakên ngalam [nga...]

--- 269 ---

[...lam] iku kabèh. Yaiku Pangeran kita, Kang Agung, Kang Maha Mulya, yaiku kang aran Allah. Măngka têgêse kang aran Allah iku, anuduhkên ing dalêm date Kang Maha Luhur, ora warna ora rupa, ora arah ora ênggon, wajib anane, mokal orane, sing sapa ngucap, satuhune Allah tangala iku warna rupa, arah ênggon, măngka wong iku dadi kupur. Utawi Kangjêng Nabi Muhkamad iku manungsa lanang kang mardika, kang akil kang balèg, kang bagus rupane, kang mancorong cahyane, kadya purnamaning wulan, utawa kaya srêngenge, kang katurunan wahyu, kang wajib anduwèni sipat sidik amanat tablèg. Sidik bênêr, amanat kang pracaya, tablèg anêkakakên mokal nyinyok, mokal cidra, mokal angumpêtakên. Kang wênang ngaral băngsa riyah, kang ora cinacatakên ing dalêm martabate. Băngsa Arab, [A...]

--- 270 ---

[...rab,] băngsa Hasim, băngsa Kurès, băngsa Muntalip, kang rama Sayid Ngabdullah, kang ibu Siti Aminah, kang pinutrakakên Mêkah, ing wulan Rabingulawal, ing tanggal kaping rolas, ing malêm Isnèn, ing taun Dal, wêktu saur. Sawiji kaol antarane mahrib kalawan ngisa, ing tanggal kaping wolu, măngka yuswane Kangjêng Nabi Muhkamad iku kawandasa taun. Angalih maring Madinah yuswa tiga likur taun. Măngka yuswane Kangjêng Nabi Muhkamad iku, sawidak tigang[2] taun. Seda ing Madinah, sinarèkakên astanane ing Madinah, sing sapa ngucap Muhkamad Rasulullah, iku animpên angèstokakên. Barang kang dèn têkakakên dening rasullulah salalahu ngalahi[3] wa salam, salalahu ngalahi wa salam, salalahu ngalahi wa salam, allahuma salim ngala Muhkamad, wa ngala allihi, wa ngala allihi [alli...]

--- 271 ---

[...hi] wasabihi wa salim.

 


saking. (kembali)
tiga. (kembali)
ngalaihi (dan di tempat lain). (kembali)