Pandhita Mustakim Mulang Ngèlmi Dhatêng Dèwi Sujinah, Sastradipura, 1905, #1709

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bismillahirahmanirrahim[1]

Punika Cariyosipun Pandhita Mustakim, Mulang Ngèlmi Dhatêng Kang Rayi Nama Dèwi Sujinah.

Mawi Sêkar.

1. Asmaradana

1. ingsun miwiti amuji | anêbut namaning Suksma | kang murah ing donya mangke | ingkang asih ing ngakerat | kang pinuji tan pêgat | kang rumêksa alam iku | kang asih Nabi Mustapa ||

2. sampune muji Hyang Widi | amuji Nabi Mukhamat | rasululloh sayêktine | kang sinung dening Hyang Suksma | nabi wêkasan mulya | jinurung karsa Hyang Agung | kinarya nayakaning rat ||

3. sakabatira jêng nabi | sakawan kang sinung rahmat | Abubakar

--- 8 ---

Umar rane | Ngusman lan Ngali Murtala | gagêdhuging ngayuda | tan ana wani kang mungsuh | kinarya prajuritira ||

4. sigêgên ingkang winarni | anênggih raja pandhita | Mustakim iku arane | langkung bêkti ing Pangeran | têtêp ngibadahira | asalat kang gangsal wêktu | miwah asalat jumungah ||

5. kang garwa ayu linuwih | pêparab Rêtna Sujinah | langkung bêkti ing lakine | amrih kacangking ing priya | dunya praptèng ngakerat | wanodya wajib tiniru | iku kang aran wanita ||

6. kang garwa umatur aris | anèng sajroning paprêman | paduka krama mring ingong | lah inggih kadi punapa | kawula jarwanana | sapatêmon lawan ulun | ing pundi gèning panggiha ||

7. inggih lamun tuwan panggih | punapa kang tuwan aras | lawan kang dinulu mangke | kang tuwan cêpêng punapa | mila kula atanya | wong lanang panutan ingsun | kula anggêguru tuwan ||

8. mojar Pandhita Mustakim | kang sun cêkêl ananira | sihira sun dulu mangke | datira kang sun tingalana |[2] lawan sipat kang mulya | suksmane sun aras iku | pinanggih ing rahmatullah ||

9. lawan kang sun grayang yayi | kanyataan rasa tunggal |

--- 9 ---

lawan ingsun iku mangke | panggih siphat tri prakara | kalawan wujut tunggal | nora loro ingkang wujud | iya jati kang wasesa ||

10. Dèwi Sujinah nauri | inggih lêrês guru amba | mung paduka guruning ngong | kawula nuwun tuduhna | pêrnatane tiyang salat |[3] mila kawula umatur | sampurnaa kadi tuwan ||

11. mojar Pandhita Mustakim | yayi pêrnatane salat | limang prakara kathahe | iku sajatine tekat | angadêg lungguh ika | arukuk lawan sujud |[4] aniyat lawan sampurna ||

12. alon ature kang rayi | pundi sajatine niyat | raja pandhita wuwuse | yayi sajatine salat | kang niyat langgêng ika | Rêtna Sujinah umatur | têgêse ngadêg punika ||

13. angadêg asale api | dudu api kêna pêjah | dudu api kang ginawe | dudu api kêna rusak | dudu api naraka | sajatine api iku | aksara alip kang mulya ||

14. alip têgêse ngaurip | uripe tan kêna pêjah | iku cahya sajatine | apadhang aran sirullah | yayi pamêjang ingwang | kang garwa nungkêmi suku | inggih lêrês guru amba ||

--- 10 ---

15. wontên atur amba malih | têgêse rukuk punika | raja pandhita wuwuse | yayi manira miyarsa | têgêse rukuk ika | amung sira rabiningsun | prayoga ingsun wêjanga ||

16. kang rukuk asale angin | dudu angin sangking wiyat | dudu angin pêjah mangke | dudu angin ngrusak omah | dudu angin punika | dudu angin barat lesus | pan dudu angin prahara ||

17. dudu angin angatisi | dudu angin sangking arga | kang ngrêbahakên kêkayon | dudu angin mêngkonoa | jatine angin mulya | nora kêndhat siyang dalu | yèn owah rusak jagatnya ||

18. kang pinuji rina wêngi | iku angin kang sampurna | lir toya mili lampahe | nora pêgat sanalika | jatine angin napas | iku yayi Suksma luhur | ingkang masesa ing jagat ||

19. iku têtaline urip | kathahe patang prakara | napas kang rumiyin mangke | ampas kaping kalihira | kaping tiga tanapas | kaping sêkawane nupus | ingkang ijo iku napas ||

20. pujine napas puniki | robani robani ika | ilalloh ampas pujine | nênggih tanapas [tana...]

--- 11 ---

[...pas] punika | laillaha illollah | pujine nupus riningsun | ya hualloh kang sampurna ||

21. kaya ngapa sira yayi | yaiku pamanggih ingwang | Rêtna Sujinah ature | inggih lêrês guru amba | wontên atur kawula | dika wêjang wong asujud | raja pandhita ngandika ||

22. kang sujud asale warih | dudu warih agung asat | dudu we bêngawan lèpèn | dudu toya kêna rusak | dudu toya samodra | dudu banyu sumbêr sumur | pan dudu toyaning rawa ||

23. dudu banyu owah gingsir | dudu banyu sangking jawah | sayêktine banyu mangke | abiru wau warnanya | têgêse banyu ika | nora buthêk nora surut | siyang dalu datan samar ||

24. sajatine warih yayi | anênggih patang prakara | wadi kang rumiyin mangke | madi kaping kalihira | cinatur kaping tiga | iya mani aranipun | maningkêm kaping sêkawan ||

25. kaya ngapa ta sira yayi |[5] iku pamanggih manira | Dèwi Sujinah ature | inggih lêrês guru amba | sangking wêjang paduka | kadospundi yèn alungguh | raja pandhita ngandika ||

26. kang lungguh asale bumi | dudu bumi kêna gêmpal |

--- 12 ---

dudu bumi brangkal mangke | lan dudu bumi ing donya | dudu bumi têgalan | dudu bumi sangking gunung | dudu bumi kêna rusak ||

27. yayi ingkang ingsun panggih | sajatine bumi ika | jisim nakirah arane | iku bumi nyawa suksma | sajatine iku jagat |[6] iya yayi bumi luhung | kang amot syarga naraka ||

28. paran karsanira yayi | iku pamêjang manira | kang garwa nêmbah turnya lon | pan sarwi nungkêmi pada | lêrês pamêjang tuwan | amung tuwan guru ulun | ing dunya praptèng ngakerat ||

29. yayi murat ingsun malih | sajatine ati iya | roh ilapi sayêktine | ratune nyawa sêdaya | wênang aran datulah | langgêng pamisesanipun | iku têrsandhaning Allah ||

30. yayi têrsandhaning angin | rokhani kang ngadêg karya | ingkang muwuhi anane | kang sinung rasa surasa | pan ingaran sirullah | ananira iku wimbuh | têrsandhane rasulullah ||

31. sajatine warih yayi | iya roh robani ika | kang nganggo purbane mangke | êroh kang luwih sampurna | ingkang mundhi ing rasa | kang nugraha purbana gung | wênang ingaran sirullah ||

32. sajatine [saja...]

--- 13 ---

[...tine] bumi yayi | iya roh jasmani ingkang | apan kawimbuhan mangke | kang aran hidayatulah | kang datanpa gatranya | kang misesa marang ingsun | ingaranan wujudolah ||

33. murade kang asal api | uripe iku pan sadrah | kang asal api mangke |[7] uriping napsu punika | mung ingkang asal toya | uripe mangke kadulu | langgêng ing paningalira ||

34. murade kang asal bumi | mêsthi uripipun rasa | lan murade iku mangke | kang asal api punika | makmur mangke ing dunya | lir kumala cahyanipun | mêdal ati putih ika ||

35. ingkang têtingalirèki | kang asal angin punika | sêdarahe rabe mangke | cahyane mancur gumilang | kadya wulan purnama | mêtu sangking ati dadu | puniku dipun waspada ||

36. ingkang asal sangking warih | pasthi uripe lan iman | ati puat ing margane | ijo warnane punika | kang asal bumi iya | imane rêke puniku | yayi datollah namanya ||

37. pan endah warnanirèki | lir damar murup warnanya | ing ati putih margane | murade ati punika | langgêng tan kêna owah |

--- 14 ---

cahyane uripe iku | kadi ingaran cinlautan ||[8]

38. murade kang asal angin | tingal madhêp ing sirollah | pan kadya lintang cahyane | gumilang-gilang apadhang | kadi sasi purnama | murade kang asal banyu | madhêp marang rasa mulya ||

39. datan kêna owah gingsir | kang cahya kadi hèrnawa | ingkang asal api mangke | ngaturakên ingkang cahya | nurani ingkang nama | kang asal banyu puniku | burhana kang katur ika ||

40. ana muradipun malih | anênggih patang prakara | wujude kang api mangke | ingkang angin wada rupa | manubari ping kalihnya |[9] dadi adêg kaping têlu | kaping sêkawane êdat ||

41. anênggih murade angin | limang prakara kathahnya | asma lawan apêngale | jinêm ta lawan lalimpa | anênggih kaping lima | ing puat dununge iku | yêktine rasa sêkawan ||

42. ana muradipun malih | anênggih patang prakara | kang asal bumi wujude | kang ana kêlawan siphat | dadi bêbalung ika | têgêse kaanan iku | ingkang amadhêp ing keblat ||

43. dhadha tanapi ing gigir | tangan kêlawan sukunya | lambung kiwa lan têngêne | irung lawan kupingira | tutuk kalawan [kala...]

--- 15 ---

[...wan] sirah | sakathahe kêna lêbur | yaiku aran kaanan ||

44. sira kawruhana malih | yayi ana wartaningwang | kang ingaran salat mangke | arang kang anglakonana | satus tan ana satunggal |[10] sèwu tan ana tatêlu | aran salat awor ika ||

45. awore tingkah puniki | sadat tininggal ing polah | takbir usali namane | lan ngawruhana ta sira | satuhune kang salat | salat daim aranipun | yèn tan wêruh gurokêna ||

46. aja ningali kang wajib | lampahêna kang rumêksa | waktu lalima kathahe | iku panggawene Suksma | nyatane rasululah | iya salat limang waktu | iku margane sinihan ||

47. kasrah mring nabi sinêlir | milane kinèn asalat | anglairakên wêktune | pêpak panggaotanira | sangking waktu lalima | asta kalih lawan suku | waktu luhur gone nyata ||

48. patang rêkaat puniki | asta kalih lawan muka | lawan pupu karo mangke | anênggih waktu ngasar |[11] inggih patang rêkaat | gigir lawan dhadha iku | lambung têngên lawan kiwa ||

49. kaping tiga waktu mahrib | tigang rêkaat asalat |

--- 16 ---

iya datulah tandhane | grana kalih lawan muka | waktu ngisa punika | sêkawan rêkaatipun | pandulu miwah pamyarsa ||

50. ing sarira nabi singgih | waktu subuh rong rêkaat | punika iya anane | ing êroh kêlawan jasat | milane asêmbahyang | waktu lalima puniku | pan dumunung ing sarira ||

51. nyatane nabi kêkasih | salat limang waktu ika | pan rumêksa ing umate | anganut marang sarengat | madhêp marang ing keblat | anglampahi limang waktu | yaiku lampah kang mulya ||

52. kang garwa sinambut aglis | kang aran Rêtna Sujinah | pandhita rahmat wuwuse | amung sira rabiningwang | donya têkèng ngakerat | pasthi sira garwaningsun | prayoga ingsun wêjanga ||

53. lamun sira anglampahi | yayi pamêjang manira | manggih sawarga ing têmbe | kalamun anèng naraka | ingsun kang ngêntasêna | sakathahe wulang ingsun | yaiku lampah mrêtobat ||

54. sagunge kang amiyarsi | sanak-sanak sun sêdaya | dèn sami anggraitane | tuture janma utama | aja watak sêmbrana | pawarta puniku luhung | pilih

--- 17 ---

ingkang ngawruhana ||

55. ana wangsite Hyang Widi | kang ahlul nglampahi salat | yèn tan wêruh sajatine | sêmbahyang tanpa gawea | angur padha turua | yèn tan wêruh jatinipun | padha sira rungokêna ||

56. yèn sira ayun ngabêkti | angimana ing pawarta | pawarta kang kocap kiye | yèn sira ayun sampurna | wilangên wragatira | sampurnane niyat iku | angadêg lir guladrawa ||

2. Dhandhanggula

1. yèn sira wus iktidal puniki | kawruhana waktu kang lalima | ing pundi wau prênahe | waktu luhur puniku | pundi rêke ing prênahnèki | miwah ing waktu ngasar | pundi nyatanipun | miwah waktu mahrib ika | waktu ngisa lan subuhe iku yayi | ing pundi gène nyata ||

2. yèn tan wruha sêmbahyang kang yêkti | tanpa gawe angur aturua | tiwas kangelan badane | lan sira mangke iku | kawruhana dipun sayêkti | iku jatine sêmbah | iya nyatanipun | aja katungkul sêmbahyang | jêngkang-jêngking kadya janma nginjên jangkrik | tan wêruh dunungira ||

3. sucènira agama puniki | dèn wuninga

--- 18 ---

wilangane raga | kang manjing limang waktune | waktu luhur puniku | rêkaate kawan prakawis | iya alis makripat | iku dunungipun | dene kang darbèni iya | Nabi Brahim malaekate Jabarail |[12] sêkabat Abubakar ||

4. waktu ngasar ya kawan prakawis | dunungipun grana lawan karna | Jêng Nabi Usup kang darbe | de malaekatipun | yayi Malaekat Mikail | sêkabat Bagendha Umar |[13] iya kang winuwus | dene waktu mahrib ika | apan tiga rêkaate iku yayi | cangkêm lan suku ika ||

5. Nabi Ngisa iku kang darbèni | Malaekat Ngijrail kang nyata | Bagendha Ngali sabate | waktu ngisa puniku | rêkaate kawan prakawis | dununge anèng asta | kalih lawan suku | kang darbèni Nabi Musa | nênggih yayi malaekate Ngisrapil | sakhabat Bagendha Ngusman ||[14]

6. waktu subuh rêkaate kalih | panjingipun badan lawan nyawa | Jêng Nabi Adam kang darbe | sakhabatipun Harun | marmanira puniku yayi | ana waktu lalima | duk ing purwanipun | nalika jêng nabi duta | tinimbalan marang Hyang Kang Maha

--- 19 ---

Suci | minggah marang ing sawarga ||[15]

7. sapraptane dinangu mring Hyang Widi |[16] pan mangkene pandangune Pangeran |[17] lah sira bagea mangke | Mukhamad[18] satêkamu | sangking donya praptèng sawargi | apa lèh-olèhira | sira marang ingsun | jêng nabi duta turira | watahyatu angsal-angsal amba gusti | kaatura ing tuwan ||

8. Hyang Wasesa nulya amangsuli | ya Mukhamad asalamungalaeka |[19] jêng nabi duta sujude | ping lima gènnya sujud | Jabarail anulya angling | marang jêng nabi duta | tuwan nabi rasul | wus pinasthi dika tuwan | lan saumat limang waktu anêtêpi | wau kalane tuwan ||

9. duk dinangu ing Hyang Maha Suci | gupuh tuwan sujud kaping lima | puniku tuwan mulane | benjang tuwan sêdarum | malah dhatêng ing dina akir | sami anêtêpana | salat limang waktu | nulya nabi sinugatan | dhêdhaharan sawarnine ing sawargi | Jabrail gya angatak ||

10. nêdha tuwan dhinahara nuli | pasihane Gusti Maha Mulya | jêng nabi adhahar age | nulya dhinahar sampun | Jabarail angatak malih | nêdha tuwan têlasna | suguhe Hyang Agung |

--- 20 ---

jêng nabi rasul saurnya | sampun tuwuk kisanak gèn kula bukti | Jabrail alon mujar ||

11. wus pinasthi umat tuwan binjing | mung saduman kang manjing sawarga | dene kang kalih dumane | manjing naraka besuk | margi tuwan gènira bukti | amung têlas saduman | iku mulanipun | jêng nabi gupuh ngandika | pundi sanak kula têlasêne malih | Jabrail nulya mênggak ||

12. botên kenging lamun wali-wali | wau tuwan inggih kula atak | jare wus tuwuk saure | jêng nabi rasul gagêtun |[20] ngêmu waspa sajroning ati | sarwi amênggah-mênggah | tobat mring Hyang Agung | duk kalanira samana | waktu ngisa ngandikan marang Hyang Widi | subuh prapta ing wisma ||

Tamat pamulange Pandhita Mustakim.

Wallahu a'lam[21]

 


Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Lebih satu suku kata: datira kang sun tingala. (kembali)
Lebih satu suku kata: pêrnatane tyang salat. (kembali)
Kurang satu suku kata: arukuk kalawan sujud. (kembali)
Lebih satu suku kata: kaya ngapa sira yayi. (kembali)
Lebih satu suku kata: jatine iku jagat. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang asal api ing mangke. (kembali)
Lebih satu suku kata: kadi aran cinlautan. (kembali)
Lebih satu suku kata: manubari kalihnya. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: satus tan na satunggal. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: anênggih waktu angasar. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: Nabi Brahim malaekate Jabrail. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: sabat Bagendha Umar. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: sabat Bagendha Ngusman. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: minggah marang ing swarga. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: sapraptane dinangu Hyang Widi. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: pan mangkene pandangune Pangran. (kembali)
18 Ditulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain). (kembali)
19 Lebih dua suku kata: ya Mukhamad salamungaleka. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: jêng nabi rasul gêtun. (kembali)
21 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)