Bantahipun Dèwi Sulasikin Ing Pawah Kalayan Sèh Madal, Sastradipura, 1905, #1711

Punika Bantahipun Dèwi Sulasikin Ing Pawah, Kalayan Sèh Madal.

1. Dhandhanggula

Bismillahirahmanirrahim[1]

1. ênêngêna kang agung prihatin | Ki Sèh Madal wau kang kocapa | kalunta-lunta lampahe | mêdal sangking wana gung | tan ana sinêdyèng ati |[2] tansah awirandhungan | gènira lumaku | lamun siyang kapanasan | lamun udan Ki Madal têlês ing warih | saya kalunta-lunta ||

2. lampahira pan sampun alami | Ki Sèh Madal tan ana cinipta |

--- 30 ---

sêkul kalayan toyane | iya ingkang cumêngklung | apan arsa anginum warih | minta samarga-marga | datan antuk banyu | basane kang jinalukan | dika jaluk marang Dèwi Sulasikin | puniku sugih toya ||

3. kawarnaa Dèwi Sulasikin | wanci enjing miyos siniwaka | kawan dasa parêkane | pan sami ayu-ayu | kadya lintang abyor ing siti | ingkang minôngka wulan | sang kusuma ayu | pangagême tan ngapaa | nyampingira wawulung dhasare mori | sêmêkan nata brôngta ||

4. angandika Dèwi Sulasikin | ingsun biyang dalu asupêna | katone iku mangkene | dangu gon ingsun alungguh |[3] ula tampar ingsun tingali | dangu-dangu kang ula | têka bisa agung | angadêg kang ponang sarpa | kaya-kaya têka mulêt marang mami | aku nuli dèn untal ||

5. êmban inya pan umatur aris | inggih gusti kang amindha sarpa | sayêkti jatukramane | mèsêm sang liring santun | apan uwis punagi mami | benjang yèn ingsun krama | pasthi milih kakung | tan arsa kang donya brana | karsaningsun ing donya tumêkèng akir | iku wong krama tunggal ||

--- 31 ---

6. êmban inya umatur wotsari | yèn kenginga gusti kula têdha | Ratu Bardangin kemawon | mèsêm kusuma ayu | dudu iku kang sun karsani | bênêr kang kaya sira | warnanya abagus | iya iku dadi wisa | sayêktine ora kêna dèn guroni | puniku bêbegalan ||

7. pra parêkan tanapi sang dèwi | lagya eca sami pagunêman | kêsaru wau praptane | kyai santri kang rawuh | minta banyu linggih sarisik | ponang santri wus tuwa | warnanira bawuk | atêtêkên kayu gêrang | nulya linggih jawabe aminta warih | mèsêm sang liring sêkar ||

8. iku sapa kang anjaluk warih | biyang inya padha takonana | parêkan angrubung kabèh | ana ambêkta kayu | kang sawênèh anyangking gitik | ana kang gawa gêlagah |[4] padha ting kêracung | kaki sira jaluk apa | anauri ki tuwa kula puniki santri |[5] arsa anuwun toya ||

9. para inya sami anauri | kaki sira apa kurang toya | jaba kono banyu bae | Ki Sèh Madal sumaur | kula wau minta ing jawi | ngalèh-ngalèh tan angsal | datan darbe banyu | kinèn nuwun mring sang rêtna | sugih

--- 32 ---

toya nênggih Dèwi Sulasikin | kula nulya akesah ||

10. angandika Dèwi Sulasikin | kêbat sira paringana toya | mêsakake têmên kuwe | kaki sapa ranipun | lawan ngêndi wismanirèki | kawula Ki Sèh Madal | wisma kula gunung | lah ta sira malêbua | Ki Sèh Madal amicorèng jroning ati | sêmune kaya-kaya ||

11. Ki Sèh Madal ature aririh | tiyang gunung botên sagêd sila | ratu mas ing ngriki mawon | ya ta sang rêtna ayu | nulya salin busana adi | sarwi angêmu waspa | sang kusuma ayu | ngandika marang ni inya | angambila kursi sira dipun aglis | loro katêlu meja ||

12. Ki Sèh Madal ingaturan linggih | jajar marang sang kusuma rara | munggèng kursi dhewe-dhewe | mejane munggèng ngayun | kang dhaharan kêbak cinawis | ya ta sang kusuma rara |[6] têmbungira arum | ki tamu andika dhahar | pêpanganan pundi kang dika karsani | dene sarira kula ||

13. upamine lir bintaro kèli | sapa bisa anyandhangi ragèngwang |[7] sayêkti jatukramane | Ki Sèh Madal umatur | kamipurun kawula gusti | kawula lênggah jajar | kalawan [kala...]

--- 33 ---

[...wan] sang ayu | kawula têtiyang nistha | bokmanawi kawula anênulari | dhatêng kusuma rara ||

14. angandika Dèwi Sulasikin | ora kaki kursi linggihana | yèn tan arsa sira mangke | lah apa cacadipun | kêlasane wus sun dhuwiti | pagene ora lênggah | sira kaki dhayuh | yèn tulus tan arsa lênggah | apa gawe kaki sira praptèng ngriki | apa sun bubrah lungkrah ||

15. Ki Sèh Madal aturira manis | tiyang gunung tan sagêd asila | ratu mas ing ngriki mawon | Ki Madal malih matur | sangêt ajrih kula jajari | wangsul kusuma rara | ingkang rupi banyu | punika toya punapa | anauri sira Dèwi Sulasikin | dede banyu sumbêran ||

16. Ki Sèh Madal amicorèng ati | bocah iki pan iya sêmbada | dhasare ayu rupane | tur manis têmbungipun | sasolahe karya gung brangti | sun duga sang dyah rara | yèn sinêrêk kayun | yêktinira pan sumarah | kusumèng dyah sakarsa-karsa umiring | dene sun wong wus tuwa ||

17. Ki Sèh Madal dangu datan angling | apan tansah amicorèng nala | dèn wolak-walik pikire | ewuh têmên tiningsun |

--- 34 ---

bocah iki yèn sun jatèni | kawruh ingsun kang nyata | tan wande ing besuk | ing donya praptèng ngakherat | bocah iki nora wurung angrubêdi | iki kusuma rara ||

18. Ki Sèh Madal aturira manis | gih punika datan kêna asat | sajatine dika kuwe | sipat jalal puniku | ingkang rupi banyu puniki | de kadadianira | ni mas sang lir santun | dadi otot gagêlangan | inggih daging sipate Allah sayêkti | sang dyah ngusap srinata ||

2. Sinom

1. kusuma sang liring sêkar | amicorèng jroning ati | lah ragane iki baya | ingkang kêna sun ngèngèri | pirangbara ing akir | sang rêtna aris amuwus | inggih kiyai tuwan | kawula atanya malih | tuduhêna sajatine kang wanodya ||

2. Ki Sèh Madal aturira | kusuma sang liring sari | ewuh jatining wanodya | pamanggih kawula gusti | lamun kaduga inggih | yèn botên kaduga sampun | amung lapal bismilah | jatine jalu lan èstri | ya ta mèsêm kusuma putri ing Pawah ||

3. kawula dèrèng narima | inggih tuwan tanya malih | pundi kang murah [mu...]

--- 35 ---

[...rah] ing dunya | tuwan kula ayun uning | kang wontên wujudnèki | yèn tan wontên dadi garuh | yèn têmên mêsthi ana | Ki Sèh Madal anauri | inggih anggèr benjang ari Jumuwah ||[8]

4. umatur sang liring sêkar | inggih tuwan kula anti | wangsul kang asih ngakerat | tuwan kula ayun uning | lawan jatine èstri | tuwan kula ayun wêruh | rupine ingkang nyata | Ki Sèh Madal anauri | inggih ni mas ing benjang ari Jumuwah ||

5. matur malih sang kusuma | tuwan kula ayun uning | pundi tuwan kang rumêksa | ing alam tuduhna mami | lawan jatine èstri | Ki Sèh Madal aturipun | benjang ari Jumuwah | sang rêtna umatur malih | pundi tuwan puji kang tan kêna pêgat ||

6. lawan kang asih Mukhamad | tuwan kula ayun uning | Ki Sèh Madal aturira | ing benjang dadi sawiji | ing dina Gara Kasih | sêdaya kawula tutur | lamun kusuma rara | mundhuta wontên ing ngriki | inggih iku wawêngkone ngèlmu rasa ||

7. manawi krungu kang maca | têmahan anjêjodhèri | puniku kumpule alam | alam papat dadi siji | arwah lan insan kamil | alam ajêsam puniku |

--- 36 ---

tanapi alam misal | kumpule jatine èstri | makam papat puniku mangkono uga ||

8. makam baka kang satunggal | makam jamal kaping kalih | kumpule loro punika | makam parêk iku malih | iku jatine èstri | nanging ing pasêmonipun | makam jamingul jamak | makam jamak kang mêngkoni | iya iku kusuma jatine lanang ||

9. yèn gusti angraosna |[9] martabat puniku gusti | martabat papitu ika | ingkang kadim amung katri | kang sêkawan anyar sami |[10] umatur sang rêtnaningrum | kang kadim lan kang anyar | Ki Sèh Madal anauri | pêrbedane anèng sipat kalih dasa ||

10. iya anèng akhodiyat | iku wujud nimas gusti | martabate iku dat |[11] anadene ngèlmu iki | martabat sipat gusti | khakekat kalimahipun | wakidiyat punika | nur martabatira gusti | iya asma martabat tarekat ika ||

11. yaiku ingkang tatiga | kang anèng martabat kadim | umatur sang liring sêkar | tuwan kula ajêng uning | rupane siji-siji | tuwan kula ajêng wêruh | Ki Sèh Madal punika |

--- 37 ---

adhuh mirah kula gusti | besuk bae mênèk ngrungu kang amaca ||

12. anadene ingkang anyar | kang anèng sarengat gusti | alam arwah kang patunggal | martabate iku gusti | apngal ingkang nami |[12] sarengat kalimahipun | kang wontên sir dahana | kang duwe êroh nabadi | aluamah napsune sarengat ika ||

13. lakune gêni kewala | sipate kahar puniki | têgêse gêni punika | dudu gêni kêna mati | sipat kahar puniki | têgêse gêni puniku | iya dadine ika | dadi iman lawan tokit | lan makripat kaping sakawane Islam ||

14. dhikire Alloh Takallah | sipate rongpuluh gusti | pan iya sipat kadiran | muridan ngaliman iki | kayat wahdaniyati | pêncar pirang-pirang èwu | miwah kang kadya barat | dudu barat donya iki | wawêngkone iya sipat kalih dasa ||

15. pan iya kodrat iradat | sang rêtna umatur aris | kawula ajêng wuninga | iradadnya anèng pundi | mèsêm sajroning ati | Ki Sèh Madal guyu guguk | gusti kula wus tuwa | isin têmên anglakoni | wong wus tuwa

--- 38 ---

nganggo carane taruna ||

16. umatur malih sang rêtna | kawula atakèn malih | inggih lêrês alam papat | karyanipun dèrèng uning | Ki Sèh Madal nauri | alam insan kamil iku | dadi ratuning sipat | amêngkoni sipat kalih | iya iku ratune sipat sêdaya ||

17. anadene alam arwah | jumênêng ratu pribadi | parentah rasul sêdaya | alam misal kang mêngkoni | alam misal puniki | lawan ajêsam puniku | mêngkoni alam misal | alam misal amêngkoni | iku nimas kang aran alam ajêsam ||

18. punika jumênêng nata | mêngkoni alam sêkalir | parentah ngèlmu sêdaya | alam misal kang mêngkoni | matur malih sang dèwi | pundi tuwan rupènipun | kula ayun uninga | rupane sawiji-wiji | alam papat punapa abeda-beda ||

19. Ki Sèh Madal angandika | wangkot têmên sira gusti | ing benjang malêm Jumuwah | wong ayu ingsun wêjangi | sêdhêng kang maca lali | kang parêkan padha turu | matur malih sang rêtna | inggih tuwan kula anti | wangsul tuwan kawula putrane sapa ||

20. Ki Sèh Madal alon ngucap |

--- 39 ---

kusuma sang liring sari | dening putrane sang nata | tuhu sira sang suputri | jatine sira iki | kodratulloh kang tumurun | matur kusuma rara | nadyan makatêna ugi | pêpuja tan dene botên apêputra ||

21. mojar sira Ki Sèh Madal | luput tampanira gusti | turune rama andika | pan iya kalih prakawis | kang dhingin iku mani | madi kaping kalihipun | turune ibunira | ingkang dhingin iku wadi | kaping kalih maningkêm nimas ranira ||

22. sawise tumurun donya | kang maningkêm dadi gêtih | wadi dadine punika | iya dadi ari-ari | anadene kang mani | iku turune ramamu | iku dadine kawah | anadene ingkang madi | iya iku kang dadi bêbungkus bocah ||

23. umatur malih sang rêtna | gêtih lawan ari-ari | kawula ayun uninga | rupine sawiji-wiji | dadine kang sayêkti | tuwan kula ajêng wêruh | nadyan turune bapa | bêbungkus kêkawah iki | tuduhêna rupane anèng ing dunya ||

24. Ki Sèh Madal angandika | gêtih lawan ari-ari | apa tatane wong nendra | ingkang lanang anèng nginggil | nadyan turuning

--- 40 ---

gusti | pasthi yèn mumbul mandhuwur | turune ibunira | apa tatane kang dhingin | anèng ngandhap ora bisa angambara ||

25. umatur malih sang rêtna | dadine kang ari-ari | kawula arsa wuninga | miwah dadine kang gêtih | rupane kang samangkin | tuwan kula ajêng wêruh | dadine kang kêkawah | yèn tan wêruh aniwasi | dadi kharam ing dunya têkèng ngakerat ||

3. Asmaradana

1. puniku ngèlmu kang dadi | nyatane ngèlmu punika | dudu johar jisim mangke | dudu nyawa dudu suksma | pan dudu uripira | dèn awas sira ing ngèlmu | sadatira lagi ora ||

2. gurokêna kang sayêkti | lagi sira tanpa bapa | miwah tanpa ibu mangke | puniku ingaran sadat | sadatira duk nora | lawan pamuwusirèku | iku ingaranan sahadat ||[13]

3. miwah gonira ing nguni | dèn sami pagurokêna | tan beda rêke surupe | apan waktunira ana | awasna dèn sanyata | puniku pangawruh ingsun | pamêjang ingsun mring sira ||

4. iku gaibing wong singgih | ujar iku linarangan |

--- 41 ---

nyata gustiningsun anggèr | puniku dipun waspada | pan gaiping pandhita | lah bêcik gurokna iku | ing tatrape dipun awas ||

5. apa maning aran jisim | jisim iku aran sadat | kang suksma lah iku mangke | ing sipatira duk nora | iku sira wêruha | awasêna kang satuhu | iku wangsiting pandhita ||

6. aja sira milang jisim | aja tungkul marang têmbang | miwah ing sipate mangke | aja sira ngucap iman | tokit lawan makripat | puniku kasasar agung | katungkul ing dat lan sipat ||

7. lagi sira tanpa jisim | dèn awas sira tumingal | awasêna padha mangke | iku mêrtapa ngagêsang | sampurnane kasedan | lagi tanpa jasad iku | puniku pagurokêna ||

8. iku gaibing wong luwih | kang kinèn awas ing solah | pilih ingkang têkèng kono | upayanên kang sanyata | poma pagurokêna | jatine awas ing ngèlmu | ingaran sadat sakarat ||

9. yèn arsa wêruha sami | ulihêna tingalira | duk anèng ing dalêm mangke | jroning wêtêng biyangira | pujinira samana | ingaran sadat puniku |

--- 42 ---

apa sandhang panganira ||

10. puniku ingaran ngèlmi | prayogane kawruhana | naptu gaip ingarane | dèn awas pagurokêna | sasmitane pandhita | dèn sampurna awasipun | sapolahe wong sêmbahyang ||

11. yèn awas pituduh iki | nora wuninga ing salat | miwah sadat sêkarate | nora wuninga ing sêmbah | iku padha takokna | yèn sampun awas ing ngriku | muliha duk lagi nora ||

12. singgahana marga kang sirik |[14] dohana marga kang sasar | rahayua salawase | dèn awas ing paranira | iya panggonanira | pan iya dulu-dinulu | duk durung ing badan nyawa ||

13. lah ing ngêndi ingkang angèksi |[15] dudu ta biraènira | sira pagurokna mangke | salat daim ukumana | poma sira takokna | duk lare sira puniku | iya iku ngèlmunira ||

14. titine suluk puniki | elinga mring kang utama | nablègakên ing patine | dèn awas sira tumingal | sajatine sampurna | ulatana dèn katêmu | êndi nyawa êndi suksma ||

15. upamane mirah adi | êmbanira padha mirah | yèn êmas iku

--- 43 ---

êmbane | kurang utama kang mirah | sajatine sarira | ingkang mirah paminipun | iku pêpadhane suksma ||

16. ya êmas pêpadhane jisim |[16] mirah môngka sêjatinya | sarira jati uripe | pan nora kêlawan nyawa | muwus datanpa lidhah | ngrungu nora karna iku | tumingal nora lan netra ||

17. dene ingkang jisim iki | kinarya êmbanan mulya | puniku rêke sênêne | dèn eling-eling ing driya | sajatine sarira | êmbananira kang luhung | kinarya êmban kang mulya ||

18. yèn wêruha tata kalih | punika sapa cidraa | ingkang tunggal ing kawruhe | angliwati kang utusan | tingkahe suksma ika | ingaranan iku bêstu | uripe dèn aku Allah ||

19. dene antaranirèki | kang polah lan kang pinolah | tan ana bedane mangke | tan pisah tan kumpul nyata | ewuh pambudinira | yèn sampun tumêkèng ngriku | sayêkti langkung gaibnya ||

4. Sinom

1. ingkang pasthi ing larangan | tan kêna ginawe gampil | dene sira sampun awas | yèn sampun têkèng ing wèsthi | nugrahane Hyang Widi | kang sampun awas [a...]

--- 44 ---

[...was] ing kawruh | rasane iku tunggal | tunggal urip tunggal pati | tunggal wujud Mukhamat yaiku Allah ||

2. tunggale lorone tunggal | tunggale maksih kêkalih | Mukhamad yaiku Allah | Allah Mukhamad sajati | jaba jêro tan kaèksi |[17] Mukhamad sirna kadulu | kalingan sipat kidam | waluya kadi ing nguni | iya iku sampurnane puji sêmbah ||

3. poma iku dèn rêksaa | ujar linarangan iki | tan kêna ingucapêna | tanpa ngrasa iku nini | pan iku sadat jati | sampurnane ing pandulu | sampurnane paningal | ningali ingkang sajati | iya iku sampurnane rasaning dat ||

4. kang muhung ing santri ika | idhêpe tan nolih singgih | karo iku dadi sadat | tan wikan dununge puji | tan wruh Pangeran iki | panêmbahe bêstu suwung | kaliwat dènnya nêmbah | dèn sidhêp urip kêkalih | têkadipun tuna liwat bangêt sasar ||

5. dèn gugu aksara ika | dèn èstokna datan gingsir | sadatipun tuna liwat | dèn puhung wartane tulis | samya nêmbah amuji | panêmbahe bêstu suwung | parêke kang utama | tan angèl [a...]

--- 45 ---

[...ngèl] dènnya ngabêkti | satingalnya dadya puji dadi sêmbah ||

6. laire pan katingalan | Mukhamad lawan Hyang Widi | dinulu parêk kawangwang | lir gêdhah isi sotya di | jaba jêro kaèksi | sirna gêdhahe dinulu | kalingan madu ika | sing pandulu kang sayêkti | sirna ilang Mukhamad kalingan sukma ||

7. sajrone batin Mukhamad | ya Mukhamad lair batin | ya Allah batine nyata | iya batin iya lair | lir kumbane jêladri | tunggale anane banyu | iya tan kêna pêjah | tan urip tan kêna pati | urip iku anguripi ingkang pêjah ||

8. iku sira dèn prayitna | dèn bisa sira nampani | aja sira kumêlamar | dèn nyata sira ngawruhi | iku ingaran ngèlmi | iya iku aran rasul | kêkasihe Hyang Suksma | sajatine kang linuwih | iya iku ingakên utusaning Hyang ||

9. tan karuan pinangkanya | panêmbahe tan sayêkti | sabênêr-bênêring tingal | kang kupur nora nana kari |[18] sêmbah pujine ênting | anane sirna wus lêbur | kalingan anane dat | kêlêm ananira iki | iya iku jatine kupur punika ||

--- 46 ---

10. jatine kapir kang nyata | kapir aluhur sayêkti | têgêse kapir punika | ora ningali kêkalih | tan uninga lyan malih | anane kawula iku | lêbur datan kaetang | wus ênting tan ana kari | kalimputan ananira ing datullah ||

11. sampurnane ing paningal | kang nyata kupur lan kapir | lawan masrik ta punika | suwung mudada sêjati | kang têkèng Allah iki | iku kang minôngka wuwus | têgêse kupur ika | lawan kapir dèn kawruhi | yèn ora wruh sira lagi sasêlaman ||

5. Dhandhanggula

1. yèn mangkono katarima ugi | yèn ta sira tan guru alêman | tan sumêngguh kèh alane | kawruhana sêdarum | mukmin lanang lan mukmin èstri | lan dadine sakarat | lêlima kèhipun | pasthi katêmu sadaya | wong sêkarat lamun sira aningali | ing cahya kang lalima ||

2. lah puniku lamat puput ing janji |[19] lamun durung ningali punika | cahya lêlima kathahe | maksih dawa kang umur | ingkang cahya awarni-warni | cêmêng abang lan jênar | ijo putih iku | lamun aningali cahya |

--- 47 ---

ingkang cêmêng aglis macaa sirèki | lailaha ilallah ||[20]

3. nora nana Gusti mung Hyang Widi | lan Mukhamad ya rasulullaha[21] | Nabi Mukhamad jatine | utusannya Hyang Agung | cahya ingkang cêmêng puniki | nênggih cahyaning setan | lamun sira dulu | marang cahya ingkang abang | pan puniku cahyane setan mardudi | nuli sira macaa ||

4. lailaha ilallaha malih | ya Allahu[22] têgêse mangkana | tan ana Pangeran manèh | mung Allah Ingkang Agung | ya Pangeran ingsun sajati | yèn aningali sira | kuning cahyanipun | puniku cahyaning setan | ingkang aran iya setan nasarani | nuli sira macaa ||

5. lailaha ilallohu malih | uhu iku têgêse mangkana | tan ana Pangeran manèh | amung Allah Kang Agung | ya Pangeran ingsun sajati | kalamun sira miyat | ijo cahyanipun | puniku kang darbe cahya | Jabarail nuli macaa sirèki | mangkene kang winaca ||

6. ya takobalahu lawan malih | uhu iku têgêse kang nyata | muga narimaa mangke | Allah Kang Maha Agung | ya Alloh Ingkang Maha Suci | uhu kang kaping tiga | têgêse puniku | uhu kang murbèng jagad |[23]

--- 48 ---

apan karya salire ingkang dumadi | prayuga tanpa rowang ||

7. lamun eling sahadat puniki | nalikanya cahya irêng têka | wong mukmin pasèk arane | lamun lali wong iku | ing sahadat kang kocap dhingin | ing cahya irêng têka | kapir patinipun | aran kapir jahiliyah | poma-poma dèn rosa sami adhikir | anyiptaa Hyang Suksma ||

8. lamun eling sahadat marêngi | cahya abang wong mati mukmin ngam | yèn lali ing sahadate | iya kang kocap iku | dadi mati kapir Yahudi | sami dipun prayitna | wong Islam puniku | dèn rosa maca salawat | lamun eling sahadat puniku singgih | cahya kuning katingal ||

9. iya iku patine wong mukmin | lamun lali ing sahadat ika | sahadat kang kocap kiye | mati kapir wong iku | ing kapire aran nasrani | sira dipun prayitna | aja lali iku | mring Allah Nabi Mukhamad | lamun eling ing sahadat kang cahya wilis |[24] iyèku ingaranan ||

10. mukmin kasusulan patinèki | lamun lali wong iku kang sadat | iya ingkang kocap kiye | mati kapir wong iku | kapir kharamiyah [kharami...]

--- 49 ---

[...yah] namèki | milane dèn prayitna | aja gung katungkul | kanikmatan anèng dunya | gawe limut sakèh ingkang pangabêkti | prêlu sunat tinilar ||

11. lamun sira mangke aningali | marang cahya ingkang langkung pêthak | nur Mukhamad iku rane | nuli macaa gupuh | hu hu yayi ing têgêsnèki | ya hu ya hu ya Allah | ya Mukhamad rasul | iku cahya langkung endah | poma-poma iku kukuhana yayi | iku mati utama ||

12. lamun ana wong iku ngêmasi | aningali cahya langkung pêthak | luwih utama patine | pasthi eling puniku | ing sahadat kang kocap dhingin | karanane mangkana | wajib kang satuhu | pan sayêkti yayi iya | wus dèn pasthi marang nabi kang rong kêthi | lawan patlikur nambang ||

6. Asmaradana

1. yèn sira nêmbah amuji | pujine katur mring sapa | yèn katura Pangerane | apan datan warna rupa | lamun datan katura | tanpa gawe sêmbahipun | angur aja amujia ||

2. lamun ngaturana puji | marang Allah sumêntana | apan dudu pêpadhane | pan iku ingkang amurba | kang masesa ing sira | dèn wêruh [wê...]

--- 50 ---

[...ruh] wiwitanipun | kang nêmbah lawan kang sinêmbah |[25] |

3. puji sapa kang duwèni | pan puji-pujine Allah | kawula datan andarbe | kawula ora kuwasa | miwah panggawenira | tanlèn badane sakojur | anging Allah kang akarya ||

4. êndi aran sêmbah puji | têgêse puji punika | kanugrahan sajatine | kang tumiba ing kawula | êndi aran nugrahan | iya urip têgêsipun | ya urip-uripe sapa ||

5. lamun uripe Hyang Widi | tan urip kalawan nyawa | têgêse nyawa jatine | kang tumiba ing kawula | ingkang aran nugrahan | têgêse nugraha iku | iya uripe manungsa ||

6. êndi têgêse urip |[26] wong urip angawruhana | dèn bêcik ing panrimane | angèl jênênging agêsang | têgêse gêsang ika | nastiti ingkang tatêlu | iman tokit lan makripat ||

7. têgêse iman lan tokit | kang iman angèstokêna | ngèstokakên Pangerane | têgêsira Allah iya | Kang Agung Maha Mulya | tan loro datan têtêlu | amung Allah mung satunggal ||

8. êndi ingkang aran tokit |

--- 51 ---

apan tunggal sajatinya | panglêburan ing karone | tan ana Gusti kawula | yèn tunggal kadiparan | yèn pisaha yêkti suwung | apan nora pisah tunggal ||

9. sêlamêt sira ngawruhi | têgêse tokit punika | tunggal lawan kawulane | kawula pan nora nana | pan jênênge kawula | sajati-jatine suwung | tanpa tingkah tanpa polah ||

10. kature sêmbah lan puji | katura mring dhèwèkira | dhèwèke Allah jatine | pan nora sêmbah-sinêmbah | êndi kang aran Allah | iya pan wajibul wujud | sajatine iku ana ||

11. kang nêmbah lawan kang muji | kanyataan ing datullah | pan dudu unine dhewe | pasthi jênênge panrima | lah iku kawruhana | tanpa polah tanpa wujud | lir sarah munggèng lautan ||

12. jênênge sêmbah lan puji | tan liyan kang panarima | tan uninga salawase | dene Pangeran Kang Mulya | duk alit têkèng tuwa | dèn bêcik panrimanipun | angèl jênênge panrima ||

7. Pangkur

1. yèn sira anggêgurua | ngulatana guru ingkang sayêkti | kang sampun putus ing ngèlmu | sarengat lan tarekat |

--- 52 ---

lan khakekat makripat salawasipun | lawan sira têtakona | bumi kang papitu yayi ||

2. lan langit papitu ika | dumunungna nyata nèng jroning jisim | iku sira dipun wêruh | dadi jatining manungsa |[27] yèn tan wêruh durung Islam janma iku | pan maksih Islam-islaman | jatine wong tuwa tuli ||

3. yèn sira ayun wêruha | ingkang aran bumi pêpitu yayi | bumi kang dhingin puniku | kang aran bumi rêtna | kaping kalih ingkang aran bumi kalbu | sanubari kaping tiga | kaping pate bumi budi ||

4. bumi jinêm kaping lima | kaping nême bumi suksma puniki | bumi rasa kaping pitu | wus jangkêp pitung prakara |[28] pan binabar têgêse bumi pêpitu | anadene bumi rêtna | ing dhadha dununge yêkti ||

5. yaiku gêdhong kastuba | panggonane sakèhing manungsa iki |[29] astanane Islam iku | yayi bumi satunggal | kaping kalih bumi kalbu wastanipun | iya astanane Islam | kaping tiga sanubari ||

6. iku astanane tunggal | kaping pate kang aran bumi budi | astanane pikir iku | bumi jinêm ping lima | astanane kang sayêkti sih satuhu | kaping nême bumi suksma | astananira

--- 53 ---

Hyang Widi ||

7. kaping pitu bumi rasa | têgêsipun yaiku ingkang urip | têgêse urip satuhu | ingakên wujud Allah | dèn waspada sakèh kang padha karungu | yèn sira ayun Islama | kasmaran mangun abrangti ||

8. Asmaradana

1. sira kawruhana malih | aran langit pitu ika | dèn waspada sira anggèr | dununge anèng sarira | iku ingaranan nyawa |[30] langit jasmani puniku | tinitah marang Hyang Suksma ||

2. yayi iku kang satunggil | kapindhone kang ingaran | iku êroh sajatine | amêpêki nèng sarira | cinatur kaping tiga | langit napsani ranipun | amêpêki badanira ||

3. kaping pat langit rokhani | amêpêki ngèlmunira | ing badanira sakèhe | langit rohmani ping lima | amêpêki kang cahya | nèng badanira puniku | langit nurani kang mulya ||

4. iya iku kang mêpêki | madhêp ing badan sadaya | langit roh ilapi mangke | puniku nyatane asrah | nèng badannya sadaya | iku sira dipun wêruh | dadi mulyaning manungsa ||

5. sira kawruhana malih | ingkang aran kanugrahan | lawan nugraha jatine | nugrahan mungguh kawula |

--- 54 ---

yèn nugraha Hyang Suksma | lir bêdhug iku tinabuh | têtabuhe kanugrahan ||

6. unine nugraha jati | kang nabuh manungsa mulya | ingkang mantêp panrimane | wong pana tigang prakara | antuk jênêng manungsa | iku janma kang linuhung | wong cêngêng marang Pangeran ||

7. iku salat kang sajati | wong pana tigang prakara | lir toya mili sêmbahe | yogya sami ngawruhana | pan iku printahing Hyang | sirna luluh kang tinêmu | labête wus wujut tunggal ||

8. lawan kawruhana malih | siksa kubur dèn waspada | apa kang siniksa mangke | apa kulit dagingira | apa ta badan nyawa | balung roh datullah iku | kang jasat manut kiwala ||

9. badan sakojur puniki | lir sarah munggèng lautan | tumindak lan nugrahane | yêkti pan drêma kewala | mobah musiking suksma | ing saparan-paran anut | tan darbe polah priyôngga ||

10. ingkang dipun siksa nênggih | dudu jasat dudu nyawa | dudu suksma sajatine | dudu rasa kang siniksa | yêktine apan iya | sipatulloh kang tumimbul | kang jasat anut kiwala ||

11. ingkang dipun siksa nênggih |

--- 55 ---

apan ta caritanira | yaiku yayi ing têmbe | panggonanira kang mulya | têngahe wringin sungsang | iku sira dipun wêruh | ênggone wong rasa tunggal ||

9. Kinanthi

1. kinanthi ingkang winuwus | kang kari anèng nêgari | dèn awas sariranira | sasat wêruh suksma jati | awake kang kinawruhan | anênggih kalih prakawis ||

2. awak lair kang kadulu | kêlawan ati kêkalih | ati lair katingalan | kêlawan ati kêkalih | lair batin bedakêna | nanging nyatane kang lair ||

3. kang lair pasthi maujut | sarta lawan batinnèki | kang batin pasthi katingal | dene anane kang batin | angutus mring lairira | kang lair kalingan batin ||

4. pangandikanya Hyang Agung | marang kanjêng rasul nabi | kang minôngka gêdhonging Hyang | sêsoroge gêdhong mukmin | ambukak sakèhing rasa | Mukhamad iku kêkasih ||

5. Mukhamad warnane iku | iya rupa rijal gaip | pan sangking karsanira Hyang | lalirune Suksma jati | kang ingaran wujut tunggal | tan ana wujut kêkalih ||

6. yèn sira ayun lumaku | anganggoa [anganggo...]

--- 56 ---

[...a] rasul singgih | pangucapira khaklollah | pangambu pamyarsanèki | paningalira makripat | pan dadi badan rokhani ||

7. roh ilapi aranipun | rokhani badane singgih | pan iku langkung utama | dadi tingale lêstari | marang Suksma Maha Mulya | kêlawan ingkang kêkasih ||

8. nabi wali mukmin iku | sêdaya sami kawingking | pan dadi angucap dhawak | kêlawan nabi kêkasih | marang Suksma Maha Mulya | tan kandhêg anjohar jisim ||

9. tingale rukyat puniku | dèn awas sira ningali | kadi aningali wulan | tatkalanira ing wêngi | anglir wulan karainan | makripat kêpalanèki ||

10. yèn sira ayun andulu | marang Suksma Maha Suci | kêlawan mata kêpala | ing têmbe datan ningali | yêkti wuta tingalira | nora wêruh ing Hyang Widi ||

11. yèn arsa awas andulu | ing wujude Suksma jati | dèn awas ing rupanira | iku warnanya Hyang Widi | awase kêlawan apa | sira ngiloa ing carmin ||

12. kalbu mukmin ta puniku | minôngka paesan êning | ênggone sipate tingal | kêlawan ananing Widi | iya ati kang têtiga |

--- 57 ---

dudu atinirèng jisim ||

13. ati ingkang bôngsa luhur | minôngka ananing Widi | ana rupa tigang warna | iya kadim kang rumiyin | kapindhone kadim mudas | katigane murdas singgih ||

14. yaiku upamanipun | dhalang wayang lawan kêlir | dhalange pan wujut tunggal | wayangira roh ilapi | kêlire akyan sabitah | karone nyata ing kêlir ||

15. mulane ingaran iku | kêlir wus katrapan ringgit | dhalange anukmèng wayang | wayange anukmèng kêlir | kêlire anukmèng dhawak | pan iku wujud birai ||

16. sampun tumêkèng salulut | ewuh dènnya angarani | lamun angrasa kawula | dadi wujutira kalih | yèn sira ngrasa Pangeran | sakuthu lawan Hyang Widi ||

17. mulane puniku luput | dene sêkuthu Hyang Widi | mangeran kang sipat baka | langgêng sipate Hyang Widi | tan kêna tinunggal karsa | pan nora panggih-pinanggih ||

18. yèn wus dudu polahipun | pan têmbe angrasakna pati |[31] sayêktine brata ngarang | angarang marang Hyang Widi | poma sira iku poma | tinêkanan rasa jati ||

Tamat, Sèh Madal kalihan Dèwi Sulasikin.

Catatan kaki:

1. Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
2. Kurang satu suku kata: tan ana kang sinêdyèng ati. (kembali)
3. Lebih satu suku kata: dangu gon ingsun lungguh. (kembali)
4. Kurang satu suku kata: ana kang gawa glagah. (kembali)
5. Lebih dua suku kata: anauri ki tuwa kula puniki. (kembali)
6. Kurang satu suku kata: ya ta kusuma rara. (kembali)
7. Lebih satu suku kata: sapa bisa nyandhangi ragèngwang. (kembali)
8. Kurang satu suku kata: inggih anggèr benjang ing ari Jumuwah. (kembali)
9. Kurang satu suku kata: yèn gusti angraosêna. (kembali)
10. Lebih satu suku kata: kang kawan anyar sami. (kembali)
11. Kurang saku suku kat: martabate iku êdat. (kembali)
12. Kurang satu suku kata: apêngal ingkang nami. (kembali)
13. Lebih satu suku kata: iku ingaran sahadat. (kembali)
14. Lebih satu suku kata: singgahana marga sirik. (kembali)
15. Lebih satu suku kata: lah ngêndi ingkang angèksi. (kembali)
16. Lebih satu suku kata: ya êmas padhane jisim. (kembali)
17. Lebih satu suku kata: jaba jêro tan kèksi. (kembali)
18. Lebih satu suku kata: kang kupur norana kari. (kembali)
19. Lebih satu suku kata: lah puniku lamat puput janji. (kembali)
20. Ditulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain). (kembali)
21. Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
22. Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
23. Kurang satu suku kata: uhu kang amurbèng jagad. (kembali)
24. Lebih satu suku kata: lamun eling sahadat kang cahya wilis. (kembali)
25. Lebih satu suku kata: kang nêmbah lan kang sinêmbah. (kembali)
26. Kurang satu suku kata: êndi têgêse ngaurip. (kembali)
27. Lebih satu suku kata: sajatining manungsa. (kembali)
28. Lebih satu suku kata: jangkêp pitung prakara. (kembali)
29. Lebih satu suku kata: panggonane sakèh manungsa iki. (kembali)
30. Lebih satu suku kata: iku ingaran nyawa. (kembali)
31. Lebih satu suku kata: pan têmbe ngrasakna pati. (kembali)