Suluk, Sastradipura, 1905, #582

JudulCitra
Terakhir diubah: 23-08-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Sêrat Suluk Rupi-rupi

Kagunganipun Radèn Ngabèi Săntasumarta, panèwu polisi dhistrik Sela, kang kinarsakakên nyêrat nama Mas Sastradipura, pêkir ing kampung Krajan Ngantru Sela.

Awitipun nyêrat ing dintên Ngahat Lêgi tanggal ping 8 wulan Jumadilakir, taun Dal, hijrah nabi 1319, warsa Jawi 1831, măngsa kapat, tanggal Wêlandi marêngi kaping 22 Sèptèmbêr 1901, rampungipun panyêrat dintên Saptu Wage, marêngi tanggal 21 wulan Jumadilakir, taun Dal hejrah[1] nabi taksih 1319, warsa Jawi 1831, măngsa kapat, tanggal Wêlandi 5 Oktobêr taun 1901.

Titi wilujêng.

Sastradipura.

Kaêcap ing gêdhong pangêcapanipun Tuwan H. A. Bênyamin, Sêmarang, 1905.

--- 2 ---

Radèn Tumênggung Kartanagara

Săngka palimirmane, kancaku ing Sela, dhèwèke anênuwun ing Pangeran, klawan salat taat, olèh sasmita kaya ing ngisor iki:

Panjênêngamu kudu pasa 40 dina, yèn bêngi sidhêm uwong muji ing latar kèhe: 400 madhêp mangetan, kaya ing ngisor iki pujine.

Ya usirolah, kodratolah, makrifatolah, hu Allah, sarta angrasulake, kaping 9 rambahan.

Gone anuwunake maring aku dhewe, kaya ngisor iki:

Pasa mutih: pitung dina pitung bêngi, dhikire: pitung èwu pitu atus, dadi ing sawêngi: 1100, madhêp mêngalor, têngah wêngi.

Ya usirolah, ya udatolah, ya uhujutolah, ya hu Alah.

Sarta angrasulake, ngirim donga, kaping lima.

Gone awèh wangsit, Pak Bodong ing nalika dina Ngahat Wage tanggal kaping 5 Sapar, Wawu 1833, utawa kaping 5 Mèi 1903, wayah jam 12 bêngi.

--- 3 ---

Tanggal ... Jam 6/8. ... Jam 9/10. ... Jam 11/12. ... Jam 1/2. ... Jam 3/4.

1 ... Ahmat, Tutur, Kidul wetan. ... Jabarail, Palangan, Kidul. ... Ibrahim, Pacak, Kidul kulon. ... Usuf, Slamêt, Lor kulon. ... Ijrail, Rêja, Lor bênêr.

2 ... Jabarail, Rêja. ... Ibrahim, Tutur. ... Usuf, Palangan. ... Ijrail, Pacak. ... Ahmat, Slamêt.

3 ... Ibrahim, Slamêt. ... Usuf, Rêja. ... Ijrail, Tutur. ... Ahmat, Palangan. ... Jabarail, Pacak.

4 ... Usuf, Pacak. ... Ijrail, Slamêt. ... Ahmat, Rêja. ... Jabarail, Tutur. ... Ibrahim, Palangan.

5 ... Ibrahim, Palangan. ... Ahmat, Pacak. ... Jabarail, Slamêt. ... Ijrail, Rêja. ... Usuf, Tutur.

--- 4 ---

Nomêr ... Khakekhate sêmbayang limang waktu

1 Salat Jumuwah ... Ngadhêp idhêp sangking panggonanira, kadya Krêsna amuja sêmèdi, anutupi babahan nawa sanga, angilangkên păncadriya, karone dadi sawiji, anèng sajrone jaja, iku ranipun, kang aran salat Jumuwah.

2 Salat Kaji ... Adhêpe maring Hyang Suksma, datan mèngèng, pan namung Hyang Widi.

3 Salat Kusta[2] ... Bêninge angên-angêne, tan kawoworan, iku amung ati, anama suci.

4 Salat Èsmungalam ... Têgêse mapan, wus anjurungi ing iman, tan mangeran ing liyane, anane atinira, wong kang waspada, sasolahe dadi pangabêkti, saobahe wulune salêmbar, pan dadi sêmbayang kabèh, sapolahtingkahe, tingkahipun pan sadaya dadi pangabêkti.

5 Salat Daim ... Iku liyêpe roh, ing datolah, pan osike apuji, ing Hyang Widi, nanging datan kawêdal, yèn alungguh, salat wujut ênêng, yèn lumaku, salat mutêlak, yèn sare, salat kasrêpan iku, ngrêpêpêg maring Hyang Widi.

... Iku lah anggèr poma aja katungkul, amanggung salat sêmbayang, sayêktine kadya ulêr măngsa daging garing, datan katingal.

--- 5 ---

1 Sahadat, asal sangking iman, mardut, asal sangking Nabi Mukhamad, khakekate sum kita nyatane.

2 Sêmbayang asal, sangking iman, dun, pasal usul sangking Nabi Musa, roh rasa pangrungu, khakekate kutira, nyatane.

3 Kaji, asal sangking angman, hidayat, usul sangking Nabi Ibrahim, roh rasa paningal, khakekate, balung kita nyatane.

4 Puasa, asal sangking iman maksud. Usul sangking Nabi Nuh, roh rasa pangambu kita, khakekate, daging kita, nyatane.

5 Jakat, asal sangking iman makbul, usul sangking Nabi Ngisa, roh rasa pangucap kita, khakekate, utêk kita nyatane.

6 Pitrah, asal sangking iman dun, pasal usul sangking Nabi Adam, roh rasa kita, anane wujud kita, lan kulit kita, nyatane.

--- [6] ---

[...]

 


hijrah (dan di tempat lain). (kembali)
Wusta. (kembali)