TAMBANGPRONO
Sêrat Tambangprana
Kaanggit dening suwargi Radèn Ngabèi Wiryakusuma, prayantun ingkang amarsudi Kasusastran Jawi, saha santana dalêm ing Mangkunagaran, Surakarta.
Kawêdalakên saha kaêcap ing pangêcapanipun N.V. ALBERT RUSCHE & Co Surakarta 1922.
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
TAMBANGPRONO
Sêrat Tambangprana
Kaanggit dening suwargi Radèn Ngabèi Wiryakusuma, prayantun ingkang amarsudi Kasusastran Jawi, saha santana dalêm ing Mangkunagaran, Surakarta.
Kawêdalakên saha kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij. t/Expl. e/v d/z ALBERT RUSCHE & Co Surakarta 1922.
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
...
--- 1 ---
TAMBANGPRONO
1. Dhandhanggula
1. kadyangganing brêmara dera mrih | kusumarsa marwasèng sarkara | datansah ing pangingsêpe | nusup manuksmèng taru | tarabing ron mardapa minging | mangkana isthanira | sadpada deranggung | tumiling ngliling salaga | nanging patra-patrape saengga mingit | saliring sarilata ||
2. têmah susah pasêmoning kapti | kapitèng[1] tyas myat puspitotama | taman kêmba pangudine | saking kawêkènipun | pêpuntone mung ngalintêri | nèng tawang mudhar swara | brêngêngêng maladkung | yeka pralambanging nala | ing nalika tyas paripaksa marsudi | mardawaning wasita ||
3. mèt satata rèh patraping janmi | jaman kuna tumêkèng samangkya | saundhak minăngka tondhe | tundha-tundhaning [tundha-tu...]
--- 2 ---
[...ndhaning] tuwuh | kang tinêpa jroning palupi | lêpiyan durta tama | tumraping pra sunu | sinawung nèng Surakarta | tinêngêran pitung căndra ngèsthi siwi |[2] manitrèng tambangprana ||
4. pranatane catur kang măngka wit | ring pra mudha padha mêmêdhara | kotamarja mrih pajare | ajanggung kadalurung | apanjurung wigaring budi | bêbungah tanpa wayah | rina wêngi manggung | mangan enak turu enak | linggih penak ngenak-enak nora sêpi | nyênyêpuh pêpenginan ||
5. iku dudu padataning janmi | jaman boga urupe lan karya | arga kalawan argine | marmanta sutaningsun | aywa murang rèh kramaniti | nêniti nitènana | sagunging tumuwuh | kang nistha madya utama | wus ginêlar sabuwana angêbêki | bakuning sudarsana ||
6. sudarsana tuladan kang wrêdi | nadyan wrêda yèn sêpi budaya | yakti kèksi kanisthane | sanadyan mudha lamun | mardi guna sarasa wasis | waskitha saniskara | tinulada patut | patraping pasang
--- 3 ---
wiweka | wikanana mungguh ing donya puniki | kikisaning prasêdya ||
7. tan lyan amung wibawa myang mukti | jalarane wong mukti wibawa | saking bogarta yaktine | sing sapa nora gayuh | gêgeyongan kang rong prakawis | wusana kawisesa | samaning tumuwuh | tumuwuh yèn tan misesa | sasat patra kalesa lêsah ing siti | kalara-larèng cipta ||
8. sanggon-ênggon tansah dèn sigèni | iku tabêt taboning apapa | mapan nèng rudatin gêdhe | tan godhag rawuhipun | ki bagus sak bok rara sêrik | kasaru para cuwa | barubul kêkuwu | kêkutha atrap gapura | yèn wus ngrêbda ardane dadi saardi | adate kang mangkana ||
9. kang kataman tamarining kapti | katarbuka lakuning kawula | milalu lapa sajêge | sanadyan têkèng lampus | kapusthi rèh lêgawèng budi | dumadi lama-lama | dadya tapanipun | nadyan dhèwèke tan tămpa | sayaktine saturun-turuning wuri | kawratan ing nugraha ||
--- 4 ---
10. kèh sathithik sapa kang udani | kadya duk nguni Sang Dananjaya | kataman duhkitèng tyase | kênèng rèhing rubiru | Kurawarda dadra mawrêdhi | dènira asikara | ngrampas angêngapus | apêsing Pandhawa têmah | kênèng trekah ingangkah tumêrah kongsi | kasrakat sabèng wana ||
11. suprandene maksih dèn cêcênggring | sèwu merang gung kasurang-surang | tan srawungan lan wong sakèh | ananging bakuh kukuh | pangukuhing sarira katri | trima lila lêgawa | Parta tansah mungkul | martapèng guwa Drêkila | sruning puja mijil mukjijating puji | manjat mring Jonggringslaka ||
12. katarima ring Hyang Utipati | gya tumêdhak mêdhakkên nugraha | tinancêpakên ciptane | sira sang amanêkung | wahyaning kang darajat katri | kang dhingin kapandhitan | kaping kalihipun | darajating kawiryawan | kang kaping tri drajat kaprawiran nênggih | kamot munggèng sarira ||
13. cêncêmane mani têkèng mangkin | run-tumurun tumruntun wibawa | ambawani wêwêngkone |
--- 5 ---
ya yèn kaki kalamun | tinitah lir Radyan Prêmadi | kasrakat bangkit ngangkat | bengkas hawèng kalbu | pangêkêsing aru-ara | yèn tan bisa adat nrajang wirang isin | apêse papariman ||
14. pirabara ngrampas ngapuskrami | adol swara sarasa mrih cêla | maring tăngga têparone | luwunge kang kadyèku | lawas-lawas kawawas pasthi | mring pawong sanak samya | kumalèwèng kalbu | kabuka sabên sabawa | gung wèh rêngat myang rontag-runtiking budi | dadi dêdalan gêndra ||
15. cinirenan saengga cêciri | yèn wus katup kontap katupiksa | wong adu-adu adate | mrana-mrene ginrumung | ginarêmêng ujar tan bêcik | bêcik-bêcike padha | amung amitambuh | tinambahan kumalewa | janma kang wus ngewanan sêsami-sami | durakèng alam donya ||
16. wong duraka sajroning aurip | amung kari ngarêpkên sangsara | ing benjang apa rawuhe | awit kang wus tinamtu | sayaktine manungsa langib | arang [a...]
--- 6 ---
[...rang] kang nêdya arsa | ambadali napsu | kang akèh mung ngumbar karsa | iya yogya wong ngumbar enggaring budi | manawa wus karêksa ||
17. dening boga barana ta kaki | wong tinunggu ing boga barana | iku nugraha jatine | wênang uga sinêbut | sujanma wus wibawa mukti | kamuktèning sarira | ing boga linuhung | marmane sapa kang bisa | angêbèri ing boga barana maring | sasama-samanira ||
18. yêkti kajèn nèng jamaning aji | tur pinundhi pinindha wadyendra | kinèdhêpan saprentahe | agung sinuhun-suhun | sinugata ginati-gati | ginatèn kramaharja | pinujwa mrih hayu | gone nuju nujwèng karsa | kaharsayan mring ki bèr barana yakti | kayaktèn yèn wibawa ||
19. wibawèku wênang ambawani | dadi barang kang sinêdya ana | têka kang cinipta kabèh | kabuka bakunipun | pêpuntoning kadunyan iki | èdine lawan brana | myang boga sutèngsun | janma kang tanpa gunarta | kabèh barang sêdyane [sê...]
--- 7 ---
[...dyane] tan ana dadi | anggayuh-gayuh tuna ||
20. ngrangsang-ngrangsang kasangsang ing ori | kabèh cipta tan ana tumama | tawi tawa tawar bae | urubing urip mamprung | ngandhang anèng jabaning langit | ngêlangut kêthap-kêthap | nora karsa kondur | yèn tan tinêbas ing tapa | basa tapa angêndon sabarang kadi[3] | kahardan singkirana ||
21. băngsa arda kèh margane kaki | ana arda maring ing wanodya | sandhang pangan apadene | cêkake putraningsun | kabèh cipta tan sawatawis | ya uga aran arda | marmanya dèn emut | pamèting cipta sasmita | sisip têmbir[4] dadi pêpêtênging kapti | rêridhuning wardaya ||
22. tur wus wajib ijabing aurip | padha marta undhaking barana | bêranah ana kang akèh | ananging yèn kabanjur | iya dadi ardaning budi | wong karêm marang dunya | lupute amuput | witne wong tan ngupa boga | saking bonggan kalêbu sisip nalisip | nalêsêp pêpucungan ||
2. Pocung
1. ingsun pugut
--- 8 ---
prêlambang dimène panggut[5] | panggagating karsa | kaya ta wong sugih-sugih | iku tăndha kapradiptan dening Suksma ||
2. tansah untung nora kapitunan petung | tumrah kongsi turah | pinangan saanak rabi | bibit brana bêranahan ngămbra-ămbra ||
3. kang wus wêruh sasmitèng Hyang kang dhumawuh | marang dhawakira | gya trangginas nênulungi | janma ingkang kasrakat koripanira ||
4. sabên esuk mirantèni wong jêjaluk | milala pra mlarat | papariman myang pra mêskin | singa prapta pinarjayèng bojakrama ||
5. yèn pinetung ing petang tan kongsi kontung | amung kauntungan | kang kinarya nênulungi | nora mipil angêpik băndha simpênan ||
6. bathi sèwu amung linong saprawolu | ginawe cawisan | nyawisi titahing Widhi | ingkang lagi lêgèh katêlagan boga ||
7. têkèng batur tumutur milu balabur | kablabaran bêgja | bêgjane baneja lagi | dadi
--- 9 ---
kondhang kandhanganing kanugrahan ||
8. kang kadyèku nangkoda prasasat wiku | wikan rahsa tama | tumama tumus marta sih | sihing Suksma pralêbda mring jiwanggana ||
9. yèn ginunggung sagrênge pindha wong agung | kang ngampil wibawa | prabawane dalajati | lamun arsa nurunkên băngsa ngawirya ||
10. wus kalêbu bangsaning kalbu mukminun | minulyèng busana | sirna sêsukêring budi | mung pra wêlas para asih kang sarira ||
11. băngsa sadu wruh ing iya lawan dudu | beda budi sudra | papaning papa dèn goni | karêm karam karamean karompolan ||
12. yèn ginunggung mêsthi manthêng lir dhêdhênggung | anggung anggêganjar | lêjar yèn ana ngêjori | ing pangonggrong banjur girang lir bo bongkang ||
13. gya malêmbung lêmpêng lêmpènge lir lêmpung | badhêdhêg sabodhag | mêkrok jangganya saklênthing | pakaryane andina-dina mangkana ||
14. anglêlajur pakaryan kang nora jujur | ngunjal nguja karsa | kaharsayan [kahar...]
--- 10 ---
[...sayan] dèn turuti | bêras bebas binrêbês kadya kinuras ||
15. arta kèrut ing rêruba nora urut | wisma dhadhal budhal | modhal-madhil kari brindhil | konthal-kanthil kang nginthil konthol kewala ||
16. batur catur tinutur wus padha mundur | mandar para mitra | tan ana sotah martuwi | tuwas apa sêmut yèn tan ana gula ||
17. wong kaliru akale kênèng rubiru | lobane tyas lămba | lambane wong arsa luwih | băngsa luwih agama agêm sri nata ||
3. Sinom
1. aja salah surup sira | mring sanggitan kang winarni | ana sêmut ana gula | wruhanta dhuh anak mami | iku kodrating urip | dadi pangarêp satuhu | ingsun arsa uninga | janma mengo saking pamrih | malah tumrah mring sato padha mèt pedah ||
2. kêbo sapi myang maenda | măngsa mring gon sukêt garing | kajaba ta bêbutuhan | lire kang mangkono kaki | sanadyan janma luwih | kang luwih barananipun |
--- 11 ---
yèn anggung sinimpênan | pinêtri nèng jroning pêthi | nora nêdya dêdana mring para papa ||
3. kumêt kênèng kêmat arta | artane anggung tininting | anèng tong sinawang-sawang | sabên wanci bangun enjing | mijang arta sarinjing | kang manjing mring bathinipun | têtaboning bibitan | brana ambalabar kongsi | kar-tumangkar tumuli tular-tumular ||
4. mulur kaya ular-ular | sêsambène sabên ari | cêthil mathithil canthula | yèn calathu anyalêkit | yèn ana pêkir miskin | pariman mring dhawakipun | anggung ingundhamana | dènira ngujar-ujari | nora sidhang nora siring tanpa ringa ||
5. mangkana nuli mulunga | ora malah malangkêrik | si mêsakat tanpa karkat | inguwus-uwus tanpa wis | wusana mundur aris | palarasan lakunipun | janma ingkang mangkana | prasasat dhêdhêr saksêrik | basa sêrik yèn wus ngrêbda gawe rusak ||
6. nadyan sugih ywan mangkana | yêkti nora mêmengini | malah
--- 12 ---
kèh kang ngala-ala | dadi rêrasan saari | singa wong titip runtik | titip runtag titip bêndu | bêndungan wusing bêdhah | kawawa dhudhah pênyakit | sakit angga sakit cipta sakit rasa ||
7. lire sêsakiting angga | tan sêgêr garing mrakingking | nyarang aking kang sarira | payus sêmune nglêlêntrih | mulane anglêlêntrih | wit cinakot ciptanipun | panyakoting kang cipta | nuwuhakên sănggarunggi | sănggarunggi mung granèng candhala murka ||
8. mêkari murka candhala | candhiala kang dhatêngi | sarasa manuksmèng karsa | karsa nuli nuksmèng osik | anulya darbe osik | osiking kang tan salugu | lugune iku iya | wus kênèng ayahan eblis | eblis amblês bablas ngêbos-êbos rahsa ||
9. rahsa mrèmèn mring pangrasa | pangrasa gya ngathik-athik | ngukir cipta kira-kira | mêngkono mêngkene iki | kikisane mung mamrih | iya marang amal ingsun | tan kêna wong kumlebat | sinigèn [sinigè...]
--- 13 ---
[...n] dèn sujanani | yèn wus dadi ardane si duka cipta ||
10. nak bojo tan pinitaya | sanadyan badan pribadi | prandene tan pinitaya | pracayane mung si pêthi | kinikêp[6] sabên ratri | sruning watir tanpa turu | siyange gya gaota | bêngine mangkono maning | lama-lama sangsaya lum angganira ||
11. labêt kagubêting cipta | cipta marang mutawatir | kuwatir sudaning brana | tansah anggung mêrêm mêlik | mêmilang êndi melik | kang mêlok kêna pinulung | pinilêng linanglangan | kang kalingan bok kalingling | mêlang-mêlang yên tan ngetang kauntungan ||
12. lêsu lêsah langkung sayah | yèn pisah untung sadhuwit | sauripe nandhang susah | nora antuk doning sugih | angur ta nandhang miskin | bisa enak mangan turu | nora darbe rêrêksan | kang kongsi ngrusakke ati | yèn wus mati bandhane sing nunggu sapa ||
13. caritane Ki Sudarpa | sugihe kapati-pati | dupi wus antara măngsa | dungkap praptane [prapta...]
--- 14 ---
[...ne] ing janji | wus wapat praptèng pati | anake trêngginas nuduh | kinèn tuku têbêla | ginawan dhuwit cinumpi | sapêsthine rêrêgan adat kewala ||
14. nora kêna wal lan arta | saking dening padha mêdhit | sapraptaning gon têbêla | nganyang-anyang ora olih | labêt lagi barêngi | blêbah mangsane wong lampus | dadya tan antuk karya | kang kinon atur praniti | yèn argine tabêla tan kadi lama ||
15. mundhak saking sabênira | si pakon nyêntak mucicil | sun titèni kaping pira | dènira kapara bathi | bisa têmên sirèki | nlabung wong kang lagi bingung | kocapa kang sêkarat | krungu swararsa binathi | gumaregah jênggèlèk kadya ginugah ||
16. mulung dènira têtanya | gunêm apa sira iki | kang putra sru aturira | rencang paduka kiyai | amba kèngkan[7] lumaris | rêrikatan tumbas tabut | awit wau andika | sampun wapat mring kêjatin | datan kintên yèn mangke manggih waluya ||
17. yèn makatên [makatê...]
--- 15 ---
[...n] kalêrêsan | wau anggènipun mangkring | rencang paduka punika | ing wau kula bêktani | saadatipun rêgi | wangsul awit datan antuk | matur lamun têbêla | argine samangke awis | mindhak saking padatan ing sabênira ||
18. Kyai Sudarpa lingira | aja kok têbêla mami | yèn ora rêga kang murah | mundhak tan ngenaki ati | wusnya ngling nuli mati | iku wong nlutuh kapatuh | kapati kumêt arta | tan na nganggo sawatawis | praptèng pati cêthile kinthil kewala ||
19. layak darbèni pangira | bandhane nusul mring akir | ginawe dagang nèng swarga | iku si wong tuna budi | budine arda dadi | tan wêruh sawadinipun | barana iku uga | gêgêman agêming urip | yèn wus mati kapungkur ing alam dunya ||
4. Pangkur
1. kapungkur ing alam dunya | wus tan ana rêrasan malih-malih | bali alaming aluyut | kinayut kasampurnan | Hyang pramana purna mula-mulanipun | jro kitab Phatakulrahman |
--- 16 ---
ana raphal dèn muradi ||
2. wijining roh tri prakara | roh rabani ilapi lan ramani | rabani suksmaning bayu | ilapi roh dahana | ya rahmani pan iku atmaning banyu | campuring warna têtiga | duk maksih anèng swarga di ||
3. durung ana apa-apa | apan amung jumênêng anjênêngi | ing kajumênênganipun | nuhoni tuhonira | nora rasa rumăngsa nora ngrês rêngu | amung nikmat lan mupangat | mung supangat ing sabumi ||
4. nora obah nora molah | nora muna tan muni nora osik | nora mangan nora turu | tur nora nganam-anam | anuhoni êning kaonênganipun | mangkya kênèng subasita | satataning roh jasmani ||
5. jasmani suksmèng bantala | têmah campuh catur roh dadi siji | dadi wijining awujud | wujuding saniskara | pangarêpe urip kabèh saka iku | lamun iku ora ana | wus nora kêna dumadi ||
6. dadi aran sunyantaka |
--- 17 ---
satêkane samêngko iku pasthi | wus ngalih ing alamipun | ing mula-mulanira | dupi manggon panggonan agal gya jumbuh | upakartyèng mêrcapada | roh catur pêncar tulya glis ||
7. nguripi urubing karsa | gya tumular tumangkar anartani | osik kang maèwu-èwu | mawêndran baran kirnan | ingkang marang bêbaya bayak sabyantu | kongsi nglirwakkên ubaya | ubaya kang wus kapasthi ||
8. papasthène kang sarira | lire urip angarêpakên pati | ingkang mati karsanipun | ingimpun Hyang Pramana | jênak mulih mring alam kamulanipun | tinggal panggonan kang enggal | tinggal maring swarga malih ||
9. ing kono sapa uninga | amung Allah Tangala kang mikani | tindak bênêr lan kang luput | tan pantês winicara | cara swarga tan kapenak yèn dèn rêmbug | angur ngrêmbug ngarcapada | lire ngarcapada iki ||
10. pratingkah padha kamata | lamun matêng dènira mêndêng bumi | yèn dèn udi kongsi têpung | têpanging têpa-têpa |
--- 18 ---
băngsa têpa matênge kalawan petung | petung pitungkasing rasa | myang pangrasa rosing tunggil ||
11. nunggal anèng sariranta | sariranta nunggal sakalir-kalir | lir rèh sagunging tumuwuh | nuwuhkên wiji samya | marma samya ngudia amal linuhung | basa amal luhung ika | kotaman kang wus nêtêpi ||
12. têtêpe kotaman ika | amikani marang sawiji-wiji | mijang ing wiji sawujud | wus wujud anèng sêja | sajatine jamaning janma sawêgung | kabèh sêdyane utama | nanging asring tan nêtêpi ||
13. awit kèh wangkêling cipta | saking dene kumudu arsa luwih | linuwih sêsaminipun | ana ta ngayuh brana | ngayuh guna ngayuh wirya saminipun | golongan têlung prakara | adate yèn wus nêkani ||
14. yèn bênêr gone mranata | yêkti dadi amal gêng angluwihi | tumêkèng turun-tumurun | saturun-turunira | nora kongsi kèsi-èsi uripipun | kasrakat padha kasrakat | wus kudu [ku...]
--- 19 ---
[...du] beda kang budi ||
15. yèn wijile wiji nistha | saisthane sayêkti laku nisthip | lumuh wèwèh kudu jaluk | nandhani trahing sudra | beda lawan saking wiji budi luhur | sayêkti darbe narima | tumama têmêne mintir ||
16. măngka wong têmên tarima | yêkti nuli katrima dening Widhi | wong katrima mring Hyang Agung | tandyantuk nugraharda | nugraharda yèn wus mangsane dhumawuh | tan pakewuh uripira | pira-pira ingkang asih ||
17. aja sawiyah ing janma | nadyan sato kumêlip milu asih | wong sinihan saminipun | watêke nuli ana | pitulungan êmbuh ta ing sangkanipun | jalaran derantuk bêgja | sabarang sinêdya gampil ||
18. beda si wong budi arda | yèn wus ngrêbda adate nulya prapti | sikuning Hyang kang dhumawuh | lumantar eblis lanat | wusing tiba nèng cipta gya dadi bêndung | bêndung sakèhing tarima | mardawa panggawe drêngki ||
19. kang drêngki gya ngămbra-ămbra | kar-tumangkar [kar-tumang...]
--- 20 ---
[...kar] tumular-tular kongsi | bêbêk sabawana kêmput | anulya salin slaga | kumabisa kumalewa kumaluhur | saucape para campah | campuh lawan para sêrik ||
20. sêrik kêkêmbanging rusak | yèn wus rusak tan wurung tibèng sêrik | sinirik sajêge umur | tan ana ngêmorana | kang mangkono aprasasat wus kacêmplung | naraka urip-uripan | sauripe dèn cêcênggring ||
21. tan ana sudi mèt mitra | măngka janma ing janaloka iki | ingkang wus kalêbu petung | petangane nugraha | tri prakara kang pasthi padha ginayuh | dhingin bisa ing abasa | bêbasan kang ngasmarani ||
5. Asmaradana
1. kapindho dadi priyayi | kaping tri sugih barana | iku gêgeyongan gêdhe | upama uriping janma | jamaning janaloka | yèn sêpên tri prakarèku | sangsara koripanira ||
2. ing nguni ana maharsi | aran Rêsi Mahiswara | amung kêkalih putrane | kang sêpuh Bambang Sucipta | Surasa kang taruna | bratane [brata...]
--- 21 ---
[...ne] sami pinunjul | samane băngsa ngasrama ||
3. karêm karamating kapti | kapati mêmati raga | ing sabên ratri karyane | lêlana mring arga sunya | sêsiluk wanapringga | manrang jroning jurang sirung | dera mrih pralêbdèng cipta ||
4. sabên gagat bangun enjing | kondur gya sumiwèng rama | winulang sarekaning rèh | ing sabên-sabên mangkana | nuju sawiji dina | ing antara măngsa bangun | wangsule saking wisata ||
5. laju jujug taman wingking | mêdal kori bêbutulan | kalih sami kasaktene | anulya ngawe dawêgan | ping tiga tan ambêkan | galugu têmah tumiyung | radèn kalih milih nulya ||
6. ing sasênêngnya pribadi | kang rama wau uninga | radèn kalih sasolahe | ing batin kalangkung suka | dene ta ingkang putra | wus katon kasêktènipun | punjul samaning asrama ||
7. nalăngsa sukur ring Widhi | nanging sandeaning driya | apiduka supayane | ywa kongsi kadawa-dawa | tingkahe putranira |
--- 22 ---
dènnya anjurungi kayun | kayungyuning kèh jubriya ||
8. yèn kongsia angêngkoki | ing rèh sarekaning karsa | sayêkti antuk sikune | Kang Misesa ing Buwana | mangkana wiku tama | parêk umara mring sunu | sarwi alon angandika ||
9. hèh-hèh karo suta mami | apan ta pratingkahira | ing sabên-sabên mangkono | iku kaki nora kêna | yèn kabanjur mangkana | băngsa kebar kibir agung | kagungan Hyang Mahanasa ||
10. yèn manungsa nora kêni | andhaku ngaku kawasa | têmah wasa wusanane | balik ta den eling sira | ugêring raja wedha | kabêh kagungan Hyang Agung | saambane kang buwana ||
11. sira pinaringan sakti | samurwate tapanira | padha purihên wuwuhe | kang lawan sukuring driya | wahyu iku upama | gêni sakêkonang murub | sumbune tyas martotama ||
12. lêngane laku utami | tinuman ing tapa-tapa | tarima têmên wadhahe |
--- 23 ---
têtêpe laku utama | adoh panggawe ala | mung mêmayu rèh rahayu | ayune jana pininta ||
13. winantu ing silastuti | titine laksita arja | arja panjrah ning tyas sarèh | sumarah ing rèh sakarsa- | nira Hyang Amisesa | têgêse apa ta kulup | ngêngurangi saniskara ||
14. suda dhahar miwah guling | cêgah suka sawatara | myang buwang pakarêmane | mung mindêng marang Hyang Suksma | sinuksma mrih sampurna | narawung wênganing suwung | tumalawung kawongêna ||
15. iku tapaning atapi | tutupên têpining têpa | sayêkti doh kanisthane | kaki kang ingaran trima | tan mèri marang janma | gung luhur pan wis winayuh | ing wahyaning măngsa kala ||
16. kalakon sawiji-wiji | wêwijanganing paminta | yèn dhatêng ing pamindênge | sayêkti nuli tumêka | ugêre anèng sira | nadyan angèla ngêlangut | yèn binudia widada ||
17. budi panduming dumadi | pamardine parasêdya | mung dèn awas wusanane | graita
--- 24 ---
dudu lan iya | titinên titènana | yèn rêngat kaworan rêngu | wigar ugêring tarima ||
18. kang ingaran têmên yakti | yèn ngandêl kumandêl sira | mungguh ing Hyang kadarmane | apan cidra ngumandaka[8] | mung asih murah trêsna | ananing Hyang saktinipun | pindha wimbaning baskara ||
19. prabane amrabawani | madhangi ing sabuwana | nora pilih cilik gêdhe | kang gumrêmêt kang rumangkang | kabèh kênèng pêpadhang | tur padha panduk ing pandum | mangkono lir raganing Hyang ||
20. tan ana kang dèn kasihi | tan ana kang cinêngilan | ala bêcik padha bae | amung wahyu sanugraha | naraka lan sawarga | wus ginêlar nèng sirèku | wuruking pamilihira ||
21. ala madya lawan bêcik | bêgja utawa cilaka | lêkase nèng awak dhèwèk | marmane ing măngsakala | kataman ing sungkawa | aywa angrêsulèng kalbu | bêbukane awasêna ||
22. kaanan lakuning budi | badan amung darma tămpa | sasmitaning tyas êmpane |
--- 25 ---
angur nuli nalăngsaa | tuwakup Hyang Wisesa | kang mangkono iku kulup | ngruwat rêruwêding cipta ||
23. cipta kang amrih lêstari | antarane nèng astapa | aja kêmba kêmbêngane | suka sokur ing satitah | yèn bêtah yakti pedah | kinacèk sêsamanipun | dadya kanthining narendra ||
6. Kinanthi
1. sang wiku ngandika arum | wruhanta dhuh anak mami | karo sun tuturi padha | mungguh wajibing wong urip | ingkang dhingin mêrlokêna | angupaya sandhang bukti ||
2. awit wiyahing sawêgung | gunggungan titah ing Widhi | padha angupaya boga | kang gumrêmêt kang kumêlip | kang kinacèk mung manungsa | nganggo pamrih sandhang yakti ||
3. lantarane tan lyan kulup | ngawula tani gegrami | katriku kasub utama | dene ta madyane kaki | bêburuh myang ambêbarang | angambara ja jêjampi ||
4. nisthane kasap winuwus | pariman ngapus-apusi | iku aran kasap papa | yèn kêna aja nglakoni |
--- 26 ---
mèt boga saking mangkana | èsthi isthaning ngaurip ||
5. ana manèh kang winuwus | ya bangsaning kasap kaki | nanging sing arda angkara | karana rèh amêmaling | bêdhog begal ngapuskrama | brandhal ngècu nyêlêr ngutil ||
6. kasap kang mangkono kulup | nora kêna dèn lakoni | adohna pitung bêdahat | maling mêmalaning bumi | sinarang kasurang-surang | sêsrawungannya nyarangi ||
7. sanggon-ênggonipun manggung | ginusah saengga paksi | mêsat kabêrasat sirna | ing dalajat tuna ênting | siasate nora benjang | enjinge bae pinanggih ||
8. binujêng mlajêng binujung | cinara wijung myang bajing | yèn kacandhak cinangkalak | winayungyun dèn talèni | cinara kewan kewala | uwal taboning sujanmi ||
9. kabèh mau kang sun tutur | iya tumanjaning pamrih | kang wus tumrah ing kadunyan | limang prakarèku kaki | yaktine padha linakyan | wêwijanganing dumadi ||
10. awit wiyahing tumuwuh | yakti padha [pa...]
--- 27 ---
[...dha] gayuh luwih | ing sakuwasane iya | sumurupa sira kaki | drajat kang tumrap kadunyan | satuhune tri prakawis ||
11. wiryawan ingkang rumuhun | gunawan kang kaping kalih | hartawan kang kaping tiga | lire kawiryawan kaki | kabèh nayakaning praja | andêl-andêling narpati ||
12. yaktine sinugun-sugun | sanggon-gon pinuji-puji | kang pinuji kang sinêmbah | darajate iku ugi | ugêre wahyu nugraha | sorot sirate Hyang Widhi ||
13. dene gunawan putrèngsun | kabèh bangsaning winasis | sarjana maharsi tama | kang mardawa silastuti | wruh sadurunge winêca | yeka nayakaning Widhi ||
14. tan prabeda ajinipun | lan kawaktraning para ji | sarjana pandhitèng praja | maharsi kondhanging Widhi | loro iku yèn rinasa | jumbuh pangêjuming budi ||
15. de hartawan yêktosipun | nadyan tan dadi priyayi | myang tan bangkit ulah prana | nging sinung murahing Widhi | sugih barang rajakaya |
--- 28 ---
kayatnan pinrih utami ||
16. lumrah tumrah ing brana gung | gung ginawe tulung maring | rowang kang nandhang sangsara | sayakti dèn aji-aji | mring sapadhaning tumitah | karana ta iku kaki ||
17. antuk nugrahèng dewa gung | dumadya kèh nyupêkêti | mrih rakêting pawong-mitra | padha nuju nujwèng kapti | yeka pedahing barana | tăndha kamurahan yêkti ||
18. kang mangkono yêktinipun | kajèn sajroning aurip | marmane sabisa-bisa | gayuha geyongan katri | aywa sah pamintanira | marang Sang Hyang Hudipati ||
19. patitisna sabên dalu | andulu dêdalan jati | jatining tyas kajatmikan | yèn wikan wêwêngkon batin | kaya-kaya lamun kêna | katêmu salah sawiji ||
20. yèn pandak pangudi kaduk | ing pasaban sabên ratri | gêgulang nanggulang hawa | awas wose alam sêpi | yeka sêsêpuh ing driya | sêsanglinging karsa yêkti ||
21. marma karo putraningsun | samêngko sira ngong tari |
--- 29 ---
antarane karêpira | rèhning wus padha winanci | êndi ta ing tekadira | ywa tansah kulinèng ardi ||
22. apa ta suwitèng ratu | tani tanapi gêgrami | Sucipta matur anêmbah | pukulun èsthining kapti | kapyadrêng kêdah ngawula | angawula narapati ||
23. sang wiku ngandika arum | lah iku tekad utami | têmênana bokmanawa | antuk kamurahan kaki | kêna barang kang kosêdya | dumadya dadi priyayi ||
24. lire wong suwitèng ratu | tulène dhuh suta mami | lêkase tuhu tan beda | lawan ngawulèng Hyang Widhi | wêwinih têlung prakara | kaya ta ing ngisor iki ||
25. wani anguninga wanuh | mungguh kang ingaran wani | dèn wani anrang bêbaya | yèn ana karsaning Gusti | aja angrês angrasula[9] | lilaa praptaning pati ||
26. pati patitising tuduh | yèn tinuduh narapati | ratu atining buwana | tunggal rasaning Hyang Widhi | dene kang aran uninga | wruhana karsaning aji ||
--- 30 ---
27. dèn awas wosing sêsêmu | samăngsa sira sumiwi | sêsungut singiding prana | pranawakna jroning ati | ti-atinên titènana | kaananing karsa jati ||
28. jatine yèn wruh panuju | gampang mrih sarjuning aji | wajibing janji ngawula | apil tarampil angampil | ing karsa risang pamasa | parêk tan na mindho kardi ||
29. dene kang ingaran wanuh | dèn sarêgêp barang kardi | ywa kêmba pasebanira | ing rina pantarèng ratri | saranane kudu uga | buwang pakarêman kaki ||
30. karana iku nênungkul | ing sêdya kang mrih lêstari | antaraning wong suwita | wêwatone kudu ugi | maligi lêgutanira | mung sri nata kang kaèsthi ||
7. Sinom
1. marmane para taruna | ywa pêgat atèki-tèki | iku tekad kang utama | têtumane sabên ratri | pruhitèng para rêsi | sarjana sujana kasub | kabèh kang ulah praja | padha pindhanên maharsi | tan prabeda panduking pamardi daya ||
2. pandayaning [pandaya...]
--- 31 ---
[...ning] ulah darma | mêmangun marta mratani[10] | wèh aprêping[11] sabuwana | mantri budi pandam nagri | tan pêgat mêmarsudi | sudane kabèh laku dur | mudha rèhing pamudya | pradipta tyasing apingging | kang mangkono wasitane pèpètana ||
3. bangsaning wasitotama | tumamane anêngsêmi | sêmune turidasmara | marang sapadhaning janmi | kalamun ana mantri | kang kaya mangkana kulup | tumuli klosodana | sabên sawusing sumiwi | aywa kêmba pintanên supangatira ||
4. mantri marta martotama | kasor kang para maharsi | kang martapa ngarga-arga | lugu mung cipta sawiji | marang Hyang Adipati[12] | pati-patitising etung | petanganing panunggal | pamoring kawula Gusti | mung sumungku sêsêngkan mring sangkan paran ||
5. balik pra sarjanèng praja | anjêjêri jaman kalih | ing kana kene kinênan | kaanane wus tanpa ngling | lan angling saking eling | yèku mantri anung-anung | anungku pujasmaya | mahmaya mayuwèng bumi |
--- 32 ---
adêdana martani jana nindita ||
6. tar was lumêkasing tapa | tapaking warastra lungit | lêgawa nrang ing bêbaya | lila trus tumêkèng ati | pandak doning mangudi | adining jiwangganipun | ya kang prawiratoma | tamat tan wèngwèng ring pasthi | sor bratane maharsi martapèng arga ||
7. lah iku waspadakêna | apa ngawur ing pangèsthi | isthanên sajroning puja | wijanging sawiji-wiji | yakti mantrining aji | mawarna glaring panggayuh | mung wose awasêna | kabèh kang bangsaning dadi | don-adone yakti mardi martotama ||
8. lah yêkti surasa sira | paran ta ingkang pamikir | apa kaya kakangira | lamun ta mangkono kaki | suka karsaning ati | tirua rakanta patut | iku pamrih utama | geyongan panggayuh jati | sajatine kabèh nayakaning praja ||
9. kang maksih nuhoni brata | satatane dèn têtêpi | yakti angasorkên padha | kang martapa graning wukir | jatine narapati | patitise [pati...]
--- 33 ---
[...tise] kang satuhu | nayakaning buwana | buwana jamaning Widhi | wor sarasa narendra lan Hyang Wisesa ||
10. amisesa winisesa | lorone atunggal yakti | ratu atining buwana | atining ratu sajabi[13] | kandhanganing Hyang Widhi | kadyagni lan urubipun | urub uriping nata | urip urubing Hyang Jati | sajatine nata wakiling Hyang Suksma ||
11. kang putra matur manêmbah | pukulun sang mahayogi | ing benjing măngsa wandea | suwita ing narapati | nanging rèhning samangkin | maksih dahat mudha punggung | dèrèng kadi pun kakang | Sucipta sampun winasis | tatakrama mardawaning ulah praja ||
12. nimpuna rèh susilarja | micara nagara wêgig | ugi gunawan tama |[14] wangsul kawula puniki | rumaos yakti maksih | blilu labêt kirang umur | marmanya yèn sambada | ing karsa sang mahayogi | kalilana kawula mit alêlana ||
13. sêsambèning sabên măngsa | mèt mêmasah ing têtèki |
--- 34 ---
kang sami têtrukèng arga | samaning wasi winasis | dene yèn sampun titi | tataning pangudi kawruh | yakti lajêng milua | mring pratapan ngriki malih | malah badhe dhèrèk putranta kakang mas ||
14. sang maharêsi wacana | iya sakarsanta kaki | rèhning wus padha diwasa | ingsun tan bisa malangi | janjine sira sami | gayuh geyongan rahayu | tan liwat wong atuwa | anjaba mung amêmuji | raharjanta tulus sabarang sinêdya ||
15. nanging ta wêkas manira | yèn sira karêm martapi | dèn bangêt amati raga | lire wong amati ragi | aja sah amarsudi | sudaning hawa lan napsu | lire ta kang mangkana | băngsa hawa iku kaki | anglêlimput pamoring Gusti kawula ||
16. kawula iku upama | prabawa prabaning agni | kukusing dahana măngka | hawaning manungsa kaki | upama ponang api | kêgêdhèn wêtuning kukus | yakti suda padhangnya | ambêbawur pangabêkti | kang mangkono tanpa tuwas tapanira ||
17. lawan [lawa...]
--- 35 ---
[...n] sira sumurupa | masalahing wong ngabêkti | ing cacah catur prakara | sêmbahing raga kang dhingin | pindha sêmbahing ati | dene warna kang katêlu | iya sêmbahing nyawa | ganêpe kaping pat kaki | sêmbah rasa rêrasan ros kang sanyata ||
18. sanyatane sêmbah raga | sarana nucèni dhiri | pujine sarana sabda | dununge sêmbah kadyèki | kang kuwasa nampani | Hyang Păncadriya ranipun | batale sêmbah raga | lamun rêrêgêde mijil | pakolèhe nyêyuda dosa samatra ||
19. watêk mantrane tan kêmba | kêmbênganing sêmbah ragi | upamane wong suwita | ingkang maksih magang kaki | sebane ing saari | katampan nayakèng prabu | karyane iku uga | lagi băngsa badan singgih | kang mangkono kudu pêthêl mara seba ||
20. ing sarat sabên sumewa | busana kudu kang rêsik | myang manising netyanira | tri nastiti ngati-ati | martane maratani | wèh sêngsêm sambanging sêmu | samăngsa [samăng...]
--- 36 ---
[...sa] sinung karya | acukat cakut tarampil | nadyan bodho kang mangkono ya katrima ||
21. sêmbah pindho winasita | satata rakiting ati | sarana nucèni iya | babahan limang prakawis | kang dhingin pamiyarsi | kapindhone kang pandulu | kaping trine pangucap | ping pate pangambu singgih | ping limane nucèni ngên-angênira ||
22. pujine mung lawan puja | mandêng wosing alam sêpi | ngruwat ruwêting angkara | anyirnakkên sănggarunggi | kang aran sănggarunggi | kira-kiranirèng kalbu | ingkang kuwasa tămpa | ingaran Hyang Mahayêkti | ing gagare yèn enggar ugêring sitata ||[15]
23. nugrahaning sêmbah cipta | sinung padhang de Hyang Widhi | kêna barang kang sinêdya | rinakêtan ing sami |[16] namane wong angabdi | wus antuk pangkating dunung | dadya mantri punggawa | kliwon lan panèwu kaki | kikisane ing karya tan bau raga ||
24. kudu rigên solahbawa | nalikanira sumiwi | bangkit amêmangkat karya | ayahan [ayah...]
--- 37 ---
[...an] sawiji-wiji | wêwaton tata titi | têtêg ngati-ati tuhu | tuhune bèr lêgawa | yèn tan pandak mardi budi | dadi tuna darajat kang wus tumiba ||
25. pêpadhane janma wuta | winantua ping sakêthi | padhange Hyang Ăndakara | karana wus tan nglabêti | kang tuna narapati | darbe mantri kang kadyèku | kang lumrah mantri tama | tumama mring agal alit | lêmbut kasar ginambuh nèng kêkêmbêngan ||
8. Gambuh
1. samêngko ingsun tutur | sêmbah katri supaya lumuntur | iku wadi ingudi jroning dumadi | sêmbahing nyawa dinurus | yèn dêrês katrêsnaning ros ||
2. rosing rêrasan iku | anênungku mikani kang mêngku | sêsucine ênêng êning awas eling | pêpuji jiwane jinum | nèng jaman cêncêman batos ||
3. gagare ngunggar kayun | akayungyun rahayu kinayun | swarga nraka iku ingkang nglimputi |[17] limpêt lêmpite tan wurung | mara marang rèh mirangrong ||
4. bangsane sêmbah têlu | sanyatane [sanya...]
--- 38 ---
[...tane] pasêmon satuhu | Sang Hyang Tunggal kang kawawa anampani | upamane para wadu | kaya kaandêl ing katong ||
5. sayêkti iku dudu | mardi daya mrih arjaning prabu | ambêbuka babakan kridhaning nagri | wèh martane sapraja yu | mêmayu hayuning batos ||
6. buntase weka putus | titis tatas nityasèng tyas tulus | mantri budi dadya pandaming praja di | panjrah jrênih ing silarju | jujugan dadi pitakon ||
7. wêwaton agung-agung | anggêr-anggêr ugêring praja gung | sasat sari sarekane ngupakardi | tata titi têtêg atul | tuladan sapraja kaot ||
8. gègère mantri agung | yèn sinêrang sêrênge sêsirung | kasatmata nitya mintokakên runtik | sirna mêmanising sêmu | yèku mantri tan waspaos ||
9. raos ingkang sastra yu | amêmayu pakarti rahayu | mantri agung tan kêna yèn tan mikani | sareka rakiting têmbung | panambange rèh patêmon ||
10. têmêne yèn katêmu |
--- 39 ---
kotamèng tyas nityasa lumintu | barangkara karana sring nglêlimputi | marma yèn tan awas emut | sayêkti ora waspaos ||
11. lakuning adil bawur | băngsa hawa karyane ngênguwur | beda budi panduke susilarjyanti | yèn tambah sayakti gambuh | jawata sêsanti among ||
12. samêngko sêmbah catur | ingsun tutur pêpuntoning catur | sêmbah rasa sarasa rêsmining wangsit | wasita gatining wiku | mikani panduking êndon ||
13. angkate ngangkah ngukut | ngikêt ngrakêt rakite rinangkut | pinrih sêpi panêpèn Hyang Sitamurti | tiniti panjinging surup | nirnakkên kaanan batos ||
14. pujine mijang kayun | băngsa kayun yèn dèn ayun-ayun | mung kayungyun kayatnan kang miyatani | mahmaya wahyatning sêmu | sêmi sêngsême satêmon ||
15. têmêne yèn katêmu | taman kêndhat tamèng tyas lumintu | lêgutane kudu lugu amaligi | ngruwat sêrênging rêrêngu | yèku rubaning patêmon ||
16. nanging yèn durung
--- 40 ---
lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | bêbasane mênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||
17. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging kalbu | lamun maksih masalahing sănggarunggi | yèku apratăndha durung | tumanduk maduning pandon ||
9. Dhandhanggula
1. dèn waspada dêdalaning dadi | adèn-adèn wadining budaya | mandayaba sakadare | pan iku sêmbah catur | pantarane marta mênuhi | nênangi êninging tyas | upamane kulup | dadi wadyaning narendra | mantri muka wajib mêngku amikani | sawêngkone radyarja ||
2. saambane bawah ambawani | winênang ngrèh sapraja mandhala | amisesa saisine | sayêkti iku kudu | rigên mugên rêti rumanti | kang aran rigên iya | dènira amandum | boga dananing narendra | kawaratan sanadyan kang têbih-têbih | tiniban danardana ||
3. branèng praja tur maksih mênuhi | lumastari wijiling dêdana |
--- 41 ---
tan kêndhat sari ratrine | sasat praptane jawuh | umawimbuh kang taru rêsmi | têmah tanpa mardapa | tumimbun-matimbun | mawrêdi wrêdaning patra | kar-tumangkar ayome ngayêm-ayêmi | mêmayu ayuningrat ||
4. de kang aran mugên iku kaki | dèn ta mardi padilan tan kêmba | sabipraya sakondhange | iyêg asabiyantu | angrêruwat ruwêting bumi | mêmikat duskartèng rat | rinata ginêmpur | purna arjaning rat raya | maling ilang mêmala waluya jati | juti têmah mandhita ||
5. dene rêti wursitane rawi | awaskitha kêdhap ing sasmita | wruh ing sêmu sêsumuke | samăngsa sinung rêngu | tanpa rêngat manah sung manis | andinandon asmara | marang sarèhipun | tan ana kang sinung rêngat | mantri wrêdha widada mandayèng budi | dêduga duga kira ||
6. dè têtêpe sanggi tan rumanti | gung rumantya pirantining praja | jagani jagad jêjêge | yèn kajegan ing mungsuh | ing samăngsa-măngsa ywa kongsi | kasusu
--- 42 ---
kasarakat | rongkap gagap-gugup | wruhana sadurungira | pakewuhe kabèh gêlaring prajurit | yèn kongsi kasatmata ||
7. mantri wrêdha andina mêmardi | mardawaning santosambêk santa | satata lan sakondhange | arjaning driya jinum | jroning jaman kajiwan dening | derarsa nawung kridha | ing rat kang ginêlung | dadya wruh pakewuh ing tyas | mantrimuka mikani agal myang alit | kabèh wadya narendra ||
(Tamat)
--- [0] ---
[Iklan]
1 | kampitèng. (kembali) kampitèng. |
2 | Tanggal: pitung căndra ngèsthi siwi (AJ 1817). Tahun AJ 1817 jatuh antara tanggal Masehi: 19 September 1887 dan 6 September 1888. (kembali) Tanggal: pitung căndra ngèsthi siwi (AJ 1817). Tahun AJ 1817 jatuh antara tanggal Masehi: 19 September 1887 dan 6 September 1888. |
3 | kardi. (kembali) kardi. |
4 | sêmbir. (kembali) sêmbir. |
5 | pagut. (kembali) pagut. |
6 | kinêkêp. (kembali) kinêkêp. |
7 | kèngkèn. (kembali) kèngkèn. |
8 | ngamandaka. (kembali) ngamandaka. |
9 | angrêsula. (kembali) angrêsula. |
10 | martani. (kembali) martani. |
11 | asrêping. (kembali) asrêping. |
12 | Udipati. (kembali) Udipati. |
13 | sajati. (kembali) sajati. |
14 | Kurang satu suku kata: ugi gunawan utama. (kembali) Kurang satu suku kata: ugi gunawan utama. |
15 | Lebih satu suku kata: ing gagare yèn enggar ugêring tata. (kembali) Lebih satu suku kata: ing gagare yèn enggar ugêring tata. |
16 | Kurang satu suku kata: rinakêtan ing sasami. (kembali) Kurang satu suku kata: rinakêtan ing sasami. |
17 | Kurang satu suku kata: swarga nraka iku ingkang anglimputi. (kembali) Kurang satu suku kata: swarga nraka iku ingkang anglimputi. |