Sriyatna, Purbadipura, 1923, #1194

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sriyatna

Panêmbrama minðngka pèngêtan nalika sampeyan dalêm kajumênêngakên litênan jendral dening Kangjêng Gupêrmèn Walandi, ingkang kadhawuhan ngarang: Radèn Ngabèi Purbadipura.

Kaêcap ing pangêcapan: Budi Utama Surakarta. 1027–1923[1]

--- [0] ---

Sêrat Sriyatna

Panêmbrama minðngka pèngêtan nalika sampeyan dalêm kajumênêngakên litênan jendral dening Kangjêng Gupêrmèn Walandi, ingkang kadhawuhan ngarang: Radèn Ngabèi Purbadipura.

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama: Surakarta 1017–1923[2]

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Sêkar Têngahan "Mintajiwa" Kagêm Bukani Gêndhing Sriyatna.

1. samangke kangjêng sang prabu | sawusnya winisudhèng sih | jumênêng litênan jendral | asma dalêm jêng sang aji | tuhu ingkang wicaksana | wahyaning wahyu sriyatna ||

Lajêng Nyandhak Sêkar Kinanthi Ngandhap Punika.

1. nihan wuryaning suryesuk | angêsuk windaning[3] ratri | katrangan sabumintara | sumilak mêlok nêlahi | sri mradipta cahya maya | sunaring nur nyasmitani ||

--- 2 ---

2. ruruning wahyu linuhung | prawitanira Rêspati | Mukaram kaping dasastha | Êje sangkalane dadi | margane pangèsthi nyata |[4] titimðngsa dèn rangkêpi ||

3. kaping tridasa Ogustus | ăngka sangkalaning warsi | kaya katon trus minulya |[5] nênggih ing ari puniki | wanci jam sawêlas siyang | langkung tigang dasa mênit ||

4. ing dhatulaya winuwus | sri nata wus lênggah kursi | munggwing sasana parasdya | lawan kangjêng pramèswari |

--- 3 ---

Gusti Kangjêng Ratu Êmas | putri dalêm sawatawis ||

5. pangagêman dalêm prabu | anyamping dhêsthar sinawit | rasukan atela seta | angagêm bintang kêkalih | ing kanan ordhê Nèdêrlan | ing kering ordhê Bronsuwik ||

6. kalawan dhinkris tan kantun | wangkingan Kangjêng Kiyai | Maesatankobêr ladrang | sampeka wacaning aji | para putri mung mêjana | ananging katon rêspati ||

7. sumawana sang nindya nung | Kangjêng Radèn Adipati |

--- 4 ---

Jayanagara kalawan | pangagêngirèng prajurit | Pangeran Purbanagara | myang santana riya nginggil ||

8. pangagêmane puniku | kuluk kanigara rukmi | nyampingan sakomplitira | rasukan atela putih | pêpatih dalêm wêdhungan | dene manggalèng prajurit ||

9. ingkang sinangkêlit patut | pêdhang mas manggon ing kering | riya tanpa sangkêlitan | amung curiga winangking | manggon ing sapangkat-pangkat | iku dènira sumiwi ||

--- 5 ---

10. nèng èmpèring pandhapa gung | majêng ngilèn silastuti | panjang lamun winursita | sakèh kang sami sumiwi | munggwèng palataran pura | ya ta pramodèng nagari ||

11. kangjêng tuwan kang winuwus | residhèn sinambat ing sih | Y. pan dhêr Marêl kalawan | asistèn residhèn nami | Muldhêr tuwin juru basa | Y.W. Kliyan atut wuri ||

12. sami malêbèng kadhatun | pangagêmanira kèksi | katri katon sarwa seta | prasaja tan ngagêm roki |

--- 6 ---

baya kasêsa ing lampah | mèt parlu nulia panggih ||

13. lawan kangjêng sang aprabu | jumênêng dyan ngancarani | nyêlak tata têtabeyan | rêsêp rumakêt among sih | tabe urmatnya warata | wus sami lênggah ing kursi ||

14. jêng tuwan residhèn matur | ngaturkên nawala saking | Jêng Tuwan Guprênur Jendral | Mistêr D. Pok kang ngwasani | tanah Indhia Nèdêrlan | angadhaton ing Batawi ||

15. nawala tinampèn sampun | binuka wuryaning tulis |

--- 7 ---

winaos saking mutada | ing madya praptaning titi | tiniti tan kaliwatan | suraos sinukmèng galih ||

16. saking dhawuh dalêm prabu | Kangjêng Maharaja Putri | Wilhèlminah ing Nèdêrlan | sri nata winisudhèng sih | jumênêng kang wicaksana | litênan jendral sang aji ||

17. maluya ngandika arum | mring kangjêng tuwan dutadi | sangêt trimah kasih kula | katampèn tansah kapundhi | sihe guprêmèn Nèdêrlan | lêstaria ing salami ||

--- 8 ---

18. tan lyan tabe urmat ulun | kaaturna kang paring sih | sang tampi pangandikarja | umanggut lan naya manis | tanpantara dangu sigra | sampanyê ingkang lumadi ||

19. pangunjukan dalêm prabu | sasampunira waradin | ingkang sami ngabyantara | angasta gêlas kang isi | angandika kangjêng tuwan | residhèn alon kundhisi ||

20. wahyaning sabda raras rum | wilujêng dalêm sang aji | saha sri narpadayita | dirganing yuswa pinuji |

--- 9 ---

gya gêlas ingkang kaasta | dèn gathukakên aririh ||

21. sêmu sumèh sami manggut | tan pêgad[6] nayasmu manis | konus tyas mangayubagya | bagya kangjêng narapati | sawusnya ngunjuk sadaya | mriyêm karaton ngurmati ||

22. munya kaping pitu likur | dhang dhêng tan sarênti kadi | ambabar nyêbar suwara | wara-wara wira-wiri | warata sabumintara | tarap kawaratan warti ||

23. malih sugata sarutu | sigarèt lan règ mangarsi |

--- 10 ---

ya ta pradăngga pathêtan | kumuda nuli kaèksi | klangênan dalêm badhaya | sangking prabayasa mijil ||

24. tata ngabyantara prabu | munya gêndhing kabor ririh | pelog pathêt nêm mardawa | rarase angraras ati | badhaya wus padha taya | parigêl solah rêspati ||

25. rinêngga busana luhung | sawuse wibaksa titi | maluya mring prabayasa | wau ta risang martami | pamit tabeyan warata | sakanthine atut wuri ||

--- 11 ---

26. wus mêdal katiganipun | jumênêng kangjêng sang aji | jêngkar saking palênggahan | saha kangjêng pramèswari | malêbêt mring prabayasa | bibar kang sami sumiwi ||

27. mangsuli cariyosipun | samangke ingkang winarni | jêjuluk dalêm awêwah | sampeyan dalêm sang aji | ingkang sinuhun minulya | ingkang wicaksanèng galih ||

28. Kangjêng Susuhunan luhung | Pakubuwana mandhiri | Senapati ing Ngalaga | Ngabdurahmanu Sayidin |

--- 12 ---

Panata Agama ingkang | kaping sadasa grutkrèis ||

29. ordhê oranyê puniku | nasao komandhur saking | ordhê sênleyo Nèdêrlan | grutkris ordhê saking nagri | Kamboja lan grutkrisira | krun ordhê Siyêm nagari ||

30. grutkrèis twèdhê grat bagus | pan ordhê pandhèn nyambêti | dhubêlêndhrag saking praja | ing Cina lan grut opisir- | ring ordhê leyopol pita | wungu saking nagri Bèlgi ||

31. ridêring twèdhê klasipun |

--- 13 ---

kalawan mèdhêsêtèring- | dhèr konênglêkê ordhê pan | saha pêrdhinantên pansin | mikaèl Bèyêrên praja | lan ridêr twèdhê klas murni ||

32. mèdhê sêtèr ordhê mungguh | pan dhèn rodhê adhêlar ing | nagari Proisên saha | kumandhur mèdhêstèr pèni | ordhê pan Yosèp punika | saking nagari Ostênrik ||

33. kalawan malih kumandhur | mèdhêsêtèr ordhê rukmi | pan hèndrik dhê leyo ingkang | saking nagari Bronsuwik | saha ingkang wicaksana |

--- 14 ---

jêjuluking narapati ||

34. litênan jendral linuhung | ing wadyabalaniraji | sri bagendha maharaja | putri ing Nèdêrlan nagri | dhinkrèis têtêngêrira | dera kangjêng narapati ||

35. jumênêng militèr sampun | kawan dasa gangsal warsi | para putra lan santana | abdi dalêm jalu èstri | wêwêngkon ing Surakarta | suka sokur mring Hyang Widhi ||

36. dene gusti ratunipun | tuhu winongwong ing Widhi | datansah antuk pratăndha |

--- 15 ---

kamulyaning narapati | ping sadasa asma ngambar | arum sajagad mênuhi ||

37. titi pangriptaning kidung | agnyaning sang inastuti | satata kadya nambrama | têmpuring panyuba dadi | sakupu wosing ukara | kinarang ri Buda langking ||

38. Mukaram ping têlu likur | wuku Marakèh măngsa tri | Sèptèmbêr tanggal ping lima | kang warsa nunggil ing nginggil | mangastawa mintaksama | sisip kasèping panulis ||

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

 


1917–1923. (kembali)
1917–1923. (kembali)
wimbaning. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) dasastha (18) Mukaram (Sura) Êje (Je): dadi margane pangèsthi nyata (AJ 1854). Tanggal Masehi: Jumat 31 Agustus 1923. Perbedaan satu hari (Kêmis versus Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
Tanggal: tridasa (30) Ogustus (Agustus): kaya katon trus minulya (1923 M). (kembali)
pêgat. (kembali)