Manuhara, Padmasusastra, 1898, #3

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Grafik]

KANGDJENG GOESTI PANGERAN ADIPATI ARIO MANGKOE NAGORO IV DI SURAKARTA.

--- [0] ---

[...]

--- [1] ---

Sêrat Manuhara

--- [2] ---

MANOEHARA

Sêrat Manuhara

Anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

SURAKARTA

ALBERTRUSCHE & Co.

1898

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. putêking tyas darunagêng kingkin | kagunturan ing krama sarkara | kelut kalimput angêne | nir kabudayanipun | lir kataman ing ngastra bahni | brastha tanpa upaya | puwaragung wuyung | wahya wiyadining driya | driyasmara maripih marêk ngênèni | nangsaya mawèh brăngta ||

2. ingimur-imur mara mrêpêki | linali-lali saya ngalela | lênge ing tyase ngalèlèh | paran wasanèng gandrung | de kadêrêng darung kapati | kapatuh ing pantaka | pan têka kadurus | kadrawasaning kung rimang | rêming netya satata kang mikatoni | kontraning dyah kotama ||

3. tamtam tuman tumontoning rêsmi | rêsêping tyas ing rêspatinira | nirnakkên langên rêsmine | sor kang angsana tunjung | tunjung merang marang maskwari | rêkasa lumawana | kucêm warnanipun | sari-sari sabuwana | kasangsara lan sira rêbut mêmanis | manungsung asung gănda ||

4. gănda arum tinumrapkên maring | wandanira sumrambah warata | sumrik-sumrik [su...]

--- 4 ---

[...mrik-sumrik] sarandune | kongas mangêkês ing kung | madu-madu pathi sabumi | bubar padha tumiba | tumpêk tumpuk susun | sêsêg anèng sariranta | kumarane kumêrab amêrak ati | marwasa wèh wiyoga ||

5. miwah lidhah lawan kilat thathit | apêpanthan lawêne anuksma | anèng liring ta rêmêne | marma lamun tumanduk | lir anggane sara sangkali | lumarap ngalap jiwa | nir jiwitanipun | sumawana surya căndra | myang kartika prabane amrabawani | marang wadananira ||

6. sotya-sotya musthikadi-adi | jagad raya wis ngumpul sadaya | dumunung tyasira anggèr | kotab ngulama mêrdu | kasusilan silaning èstri | sutrêptining akrama | teja lan kêkuwung | kawangwang nèng imbanira | mêmanone nênangi ana ing ati | onêng anon mring sira ||

7. pradapane ingkang taru rêsmi | raras rume rumarap ing sira | wus surêm ngalih sunare | sumirat maring tutuk | tungtung rêkta [rê...]

--- 5 ---

[...kta] ngrarontok ati | brêmara lan mutyara | cahyane cumundhuk | cumandhi ring wajanira | narawungi wangun lir tètèsing warih | kengis ngasmarèng cipta ||

8. lung-êlungan kalangêning langit | anglanglangi lumêngênging kisma | tumangkul ngukêl sinome | sinatmata wèh trênyuh | anyuh ing tyas rudita gati | swara samarcapada | kang mardăngga arum | rumakêt kêkêt lan sira | srining swara lir rindinging pra apsari | kumênyut nganyut jiwa ||

9. têmah tumpêk pêpêk saananing | tri bawana kumarane mara | mêrak marang sira kabèh | kambuh-kambuh bêburu | mring kusuma kudu andasih | asih angèstupada | ajrih bok sinartu | sinadarga lamun sira | musthikèng rat nadyan Supraba lan Ratih | mung dadi kanthinira ||

2. Kinanthi

1. midêr ing rat angalangut | lêlana jajah nagari | mubêng têpining samudra | sumêngka agraning wukir | analasak wana wasa | tumurun mring jurang trêbis ||

2. sayêkti [sayê...]

--- 6 ---

[...kti] kalamun suwung | tangèh miriba kang warni | lan sira pêpujaningwang | manawa dhasaring bumi | miwah luhuring akasa | tuwin jroning jalanidhi ||

3. iku sapa ta kang wêruh | nanging kiraning tyas mami | sanadyan ing tri bawana | anaa kang madha warni | maksih sumèh sêmu sira | lurus larasing rêspati ||

4. myang dêdêg pangadêgipun | sêdhêng sèdhêt amantêsi | sêmbada gênging sarira | lêlewane milangoni | wiraga-raga karana | murwèng dyah yangyanging bumi ||

5. manis gapyak lukita rum | dhèmês luwês mêrak ati | susila tyase ngulama[1] | solahe nyudara wrêti | juwawut gêng kasalaga: (pari) | parikudu sun ngèngèri ||

6. kadêrêng kudu andarung | kumêdah dadia abdi- | nira sang kalêkaning dyah | kang mardu martaning dasih | asih mring kula wiyoga | yoganing kang ngusadani ||

7. sadakalaning lara kung ? | kinungkunga ing pangaksi | ingupakarèng wêwida | widagdaa ing pangrêmih | rêsêping

--- 7 ---

tyas Manuhara | larasing rèh nèng jinêm mrik ||

8. baskara mijil kala lun (lingsir) | janma pinrayitnèng wèsthi (disujanani) | sirna tyas mring kasujanan | araning jati ngêmasi (kayu jati mati: ngarang) | gung rimang brăngta mangarang | rangu-rangu angranuhi ||

9. sayakanira Hyang Wisnu (cakra) | sarana giyota milir (wêlah) | gung kacakra solahira | mangimur-imur ngrêrêpi | we mijil ing ngantariksa (udan) | pama edan andalêming ||

10. Sang Wrêsni Kesawa Prabu (Sêtyaki) | brêmara kang talèng siti (tawon tutur) | sêtyananatur kawula | paron pamunduling rukmi (endra) | Ngendraloka Janaloka | satata ulun sumiwi ||

11. sastra pangandhêging kidung (pada) | sudarma Basudewadi (Basukêthi) | ngèstupada mring kusuma | majanmaa ping sakêthi | pusara pangikêt găngsa (palutur)[2] | tumutur tan sêdya kari ||

12. upama sira mas ingsun | manuksma mring taru rêsmi | ingsun manuksma ring sêkar | gadhung rumambat ing uwit |

--- 8 ---

lumalat mulêt pradapa | tumali kantil-kumantil ||

13. yèn sira nuksma riningsun | marang ingkang sarwa sari | ingsun kang dadya sadpada | rumarah mara mangungsir | ngisêp maduning kusuma | sanetyasa[3] lêliron sih ||

14. aywana sawalèng kayun | kewala kadya angganing | mimi lawan kang mintuna | supêkêting siyang ratri | lusi gung kang sabèng rawa (wêlut) | mung sira kalulut mami ||

15. kambing wana kang sêsiyung (kidang) | iswara nagri Biraji (Aspandriya) | pangudang-kudanging driya | yèn kalakon dadi gusti | kawis pita mawa gănda (maja) | amung aja manggu[4] runtik ||

16. manawa netyanta sirung | ilang tejaning mêmanis | sirna tyas mring kasusilan | kusut laras ruming èstri | kang carma tumraping pada (sêtiwêl) | owêle kapati-pati ||

17. dhukut têgal pindha pantun (sukêt kalamênta) | pamintèngwang kusumadi | wangkawa manawêng surya (bêndu) | yèn bêndu marang kang abdi | wisma sasanèng kawaca (gêdhong) | gêdhongên nèng jinêm [jinê...]

--- 9 ---

[...m] wangi ||

18. gêpyokên wêdharing gêlung | sudukên ing sadak rawis | gablogana buratwida | pandukên kanaka lungit | kalesa kentar ing toya (sarah) | sumarah karsanta gusti ||

19. carma wrêksa kang wus luru (klika) | nalikanira samangkin | kalpika tumraping braja (pêthuk) | yèn kêpêthuk lan sira ri | laraping kang riris madya (kêpyur) | kumêpyur ingsun tan sipi ||

20. dhèngkèlên kongsi samênut | têrataban têlung ari | gumêtêr luwih rong dina | gragapan saari-ari | woh gêbang kang rinumpaka (krandhing) | kaya ta ana sumandhing ||

21. sotya kakawin ranipun (mulat) | mulat nganan mulat ngeri | puspita rinawisrêngga (gubah) | gêgubah dèn wolak-walik | garwa Sang Rêsi Wisrawa (Sukèksi) | dupi tan ana kaèksi ||

22. anjêgrêg jêjêr anjêtung | jinjang jêjantunge rujit | cipta murca ring tyasira | gumulung ngrangkul gêguling | rinasa-rasa udrasa | drawaya waspa drês mijil ||

3. Mijil

1. wastra ngangrang [nga...]

--- 10 ---

[...ngrang] tèbènging patani (gas) | panggagasing batos | atma Dwija Sampani wastane (Jayadrata) | gung karănta ing siyang myang ratri | ingkang sarpa langking (dumung) | mung sira riningsun ||

2. patarendra (dhampar) parabing pawèstri (wadon) | paran wêkasing don | kang toh pita sumrambah anggane (panu) | lagya ana panujuning ati | ron lêsah ing siti (uwuh) | ewuh marganipun ||

3. waeladi (ati = tyas) tanayèng Kadhiri (Căndrakirana) | kiraning tyas ingong | yêksa Prabu Gorangsa kadange (Surakimăntra) | datan măntra sira animbangi | janmagung kajodhi (asor) | wit asor kalangkung ||

4. tawing wastra (kêlir) ron kamal kang kuning (sinom) | nadyan sang lir sinom | kukilagung sabawèng latrine (kudhasih) | datan suda anganggêp kêkasih | andêl Ngalêngkaji (Dumrêksa) | mêksa raganingsun ||

5. pasir krêsna ngujwala kaèksi (wêdhi malela) | lila trusing batos | gothaka lit kawistara lênge [lêng...]

--- 11 ---

[...e] (song) | suka dadya panongsong pakathik | roning tangkil kawis (so) | sokur raganingsun ||

6. satriyadi purèng Glagahwangi (Radèn Patah) | patahên wak ingong | pragosalit janjan ing warnane (tukang) | dadya tukang panêbah jinêm mrik | jêjanggan nèng wukir (wasi) | wasis nora kidhu ||[5]

7. gudhe rambat kang apatra ruwit (kapri) | kapriye riningong | suwati kang ngrabasèng tirise (wangwung) | yèn manggung amung srawungan angling | atmajèng Kekayi (Radèn Brata) | brotèngsun kadurus ||

8. wanara gung (wawa) kramaning pangaksi (anon) | tan kuwawa anon | Sri Narendra Manggada parabe (Citragada) | mring citranta ingkang pindha sasi | tungguling apsari (Supraba) | prabane ngênguwung ||

9. sadpadalit ulêng anèng panti (lancêng) | cêngêng yèn tumonton | turăngga kang rêta sakiswane (napas) | napas sêsêg kêkêtêg kumitir | we mijil ing dhiri (kringêt) | kang karingêt kumyus ||

--- 12 ---

10. kampuh nendra (singêp) raning wana basmi (tunon) | sumingêp kang panon | dewatangin (Bayu) sira panênggahe | tanpa bayu yayah angêmasi | srayaning pakarti (nyambat) | sambat jroning kalbu ||

11. patrawisa (kêmadhuh) yoganing maharsi (anak pujan) | dhuh pêpujaningong | basuwiring (wolung) andanu wismane (kêbo) | têtulunga babo ing kaswasih | pundhèn Pandhusiwi (kalima usada) | usadèng lara kung ||

12. puspa kiswa kang winudhar enjing (layon) | sajroning mèh layon | kang kintèki pakirim cirine (ngalamat) | lamat-lamat ing swara tanpangling | Risang Nangkulari (Sadewa) | yèn sira dewayu ||

13. tambang pisah (pêdhot) nandukkên jêmparing (manah) | kang manah sumêdhot | kêpêt dangan (ilir) drananing panggawe (wêgah) | lir ginugah gumregah alinggih | lung măngka usadi (lênglêngan) | lênglêng lênguk-lênguk ||

14. cipta maya (angên-angên) rukêm kang tan pari (kêtos) | ngangên-angên batos | sotya rêta (mirah) gulangge

--- 13 ---

prajane (ngindi) | mirah ingsun sira anèng ngêndi | diwasaning ari (dalu) | têka tan kadulu ||

15. gudhe pandhak (apa-apa) unggyaning piranti (gêdhong) | apa anèng gêdhong | taru arga lir kiswa rondhone (cêmara) | dyan umadêg mara marêpêki | pasewakèng tami (bale mangu) | mangu manguk-manguk ||

16. paksi toya kulawu kang warni (cangak) | ingungak tanpandon | raning janma pangrêsik tilame (panêbah) | têbah jaja cangkelak abali | sela cala radin (lètèr) | nèng latar pitêkur ||

17. duk samana wayah madya latri | Hyang Căndra katonton | maratani udara lawêne | tinawêng ing imalaya nipis | rumamyang kaèksi | lir pupur rinêmbug ||

18. nèng wadananira sang mawèh gring | amêlok sumorot | kapitèng tyas winudhar astane | manêmbrama ing têmbung mêmanis | dhuh hyang-hyanging bumi | têtinjo maringsun ||

19. apa sira kang paring usadi | mring dasih kang nglamong | asih [a...]

--- 14 ---

[...sih] têmên marang gêgêbale | dupi kontra kang ima lumindhih | wantah sitarêsmi | tumungkul anggandrung ||

20. nênggak waspa tumingal manginggil | kartika mancorong | nèng pracima kumêdhap cahyane | lir kincanging alis kang mawèh gring | ngadhuh sambat mati | kapêtêk ing gandrung ||

21. tan antara ingkang lintang ngalih | gumêbyar cumlorot | ingsun sidhêp liringira anggèr | adêduka mring kang lagya agring | puwara asêpi | aliwung mangun kung ||

22. titi sonya ngrancaka ngranuhi | sasăngka wus ngayom | angênèni lalèyan sunare | wêwayangane ăngga dumêling | tinubruk liniling | ngênglêng gandrung-gandrung ||

23. dhuh-dhuh adhuh woding driya mami | juwita winongwong | glis sapanên intên gêgêbale | aywa mindêl tar pangandika ris | paran dosa mami | de prapta tumambuh ||

24. lamun ana sisipe kang abdi | saking tan rumaos | anglirwakkên marang sarirane | tarlèn muhung aksamanta gusti | upamèngsun [upamèngsu...]

--- 15 ---

[...n] kadi | mas kentar ing ranu ||

4. Maskumambang

1. ing sakarsa tan nêdya sawalèng galih | têmpuhna asmara | bekas puspita nèng wèni | suka palastra ing tilam ||

2. sadangune nèng latar gung salah kapti | wus bangun raina | sumirat sunaring rawi | sumuluh mring antariksa ||

3. têmah kucêm kusut sasăngka kêlindhih | nir ujwalanira | kang dinalih kusumadi | puwara tanpa karana ||

4. kagyat kanggêg kagugu solah ing nguni | tansah sayut driya | mimba sing wisma angalih | tumama maring udyana ||

5. ngenggar-enggar mrih purna pranawèng kawi | birating turida | dupi prapta samipaning | wêdari mulat puspita ||

6. lagya nêdhêng kongas kang găndamrik minging | tumujwèng nasika | èngêt mring sang wèh wiyadi | ya nglês anglosodi kisma ||

7. amiyarsa swarane brêmara ngrêngih | angrêrubung sêkar | kang mèdêm madune pinrih | wèh yitna nyana sasmita ||

8. dyan umadêg alon dènira lumaris |

--- 16 ---

mring taman mèt sêkar | cinangking nèng asta kering | satata kinuswa-kuswa ||

9. asta kanan tumumpang nèng pundhak kering | midêr-midêr miyat | panjrahe kang sarwa sari | unanging tyas kaonêngan ||

10. sambat-sambat dhuh babo sang kadi Ratih | baya tan supêna | tangèh tukua pawarti | dasihe anandhang brăngta ||

11. pisang lêsah (dalu) patih nagri Maèspati (Suwănda) | sadalu wandèngwang | paksi krêsna (gagak) raning aji (narendra) | ngagak-agak datan nendra ||

12. gadarba gêng (singa) narmada katunan warih (asat) | singa kasatmata | pandakwa mring wong ajuti (tarka) | panarkèngsun yayi sira ||

13. garwa wipra (endhang) wogan alit tumbal panti (akar) | angendhangi karsa | matswa gêng munggèng jahnawi (tămbra) | paparing patuwas brăngta ||

14. kelor wana (sana) ubaya kang tanpa warni (tan nyata) | wusana tan nyata | carême sasanèng têgil (katu) | katuwone raganingwang ||

--- 17 ---

15. sotaning tyas kadya tarwe măngsa katri | jênar tanpa teja | lir cintaka minta riris | angajab tibaning warsa ||

16. kang minăngka warsane sira maskwari | rarab wèh martana | taru lata tur andadi | cintakane tan sangsara ||

17. yèn tan kadya mangkana paran ta gusti | sayêkti kadawan | drawayane tyas naputi | dumadi dadalan lina ||

18. tămbra memba (iwak mangur) kramane pangamèt kapti (disruwe) | angur sinruwea | wilada kang patra lêmpit (êlo) | lowung dadi êmbanira ||

19. têpi dwaja (bara) wiji gêng kang munggèng kawis | pirangbara benjang | satriya Singgêla nagri (Bisawarna) | bisa malêm[6] ing sihira ||

20. kawi papa (sudra) mantasa nagri Kubarsi (Kadarwati) | sakadaring sudra | kalabang markatèng latri (rêna) | akarya rênaning driya ||

21. sarpa krêsna (ula dumung) tutula munggèng turanggi (timbangan) | amung timbangana | prajane Sang Wisnusiwi (Trajutrisna) | dhuh mirah trêsna kawula ||

 


ngumala. (kembali)
(paluntur). (kembali)
sanityasa. (kembali)
manggung. (kembali)
kidhung. (kembali)
malês. (kembali)