Warayagnya
1. Dhandhanggula
1. warayagnya wêdharing palupi | pinandara macapat sarkara | ing nalika panitrane | Sênèn ping piku[1] likur | sasi Saban dhêstha Be warsi | sangkala: nyatur slira | mulang marang sunu |[2][3] Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Prabu Prangwadana: kang amarni | winahya mring pra putra ||
2. kakung putri ing rèh palakrami | sumawana kang samya jêjaka | lamun têmbe pikramane | aywa tinalyang wuwus | wasitane mêngku pawèstri | ywa dumèh yèn wong priya | misesa andhaku | mring darbèkirèng wanudya | palakrama nalar lan kukum kang dadi | yèn tinggal têmah nistha ||
3. wuryaning rèh priya kang rumiyin | lamun arsa angupaya garwa | dèn patitis pamilihe | aywa kasêsèng kayun | bokmanawa kaduwung wuri | ya bênêr yèn wong lanang | wênang duwèkipun | rabia ping pat sadina |
--- 39 ---
kêna uga wuruk karêpe pribadi | nanging aywa mangkana ||
4. dadi nora nana ala bêcik | ngilangakên istiyaring gêsang | yèn ngarah apa tekade | andarung kadalurung | ngèlmu sarak dèn orak-arik | buwang ajining badan | lumuh rèh rahayu | tur upama kalakona | kasangsara kaduwunge anêkani | manglah nênutuh driya ||
5. aja nganti kang mangkono kaki | bêcik apa cinacad sasama | wong gêndhak kalakuane | sapa kang duwe sunu | wadon awèh sira rabèni | kiraku nora ana | kajaba kêbutuh | ala rinabenan koja | bêcik băngsa wit tan darbe putu êncik | mung iku ciptanira ||
6. kawruhana kaduwunging ati | jalarane mung patang prakara | wong anom dadi brangtane | dhingin myat warna ayu | kapindhone melik wong sugih | kaping tri kawibawan | lan kaping patipun | kêna sambang sarawungan | rokok kinang winèhkên lan ujar [u...]
--- 40 ---
[...jar] manis | rinukêt mrih asmara ||
7. wêkasane ya kêna sayêkti | ngadatira wong anom mangkana | kèh rabi dudu niyate | yèn kêna sutaningsun | arabia jalaran bêcik | aja rabi pasogan | nistha yèn dinulu | angapêskên yayah rena | kawruhana manungsa nèng dunya iki | yèn kêna kang tinêdha ||
8. ingkang dhihin rahayuning dhiri | kinalisna sakèhing prakara | myang saksêrik sêsamane | kapindho badanipun | aywa kambah barang panyakit | kaping tri aywa tansah | susah manahipun | kaping pat arsa darbea | anak lanang kang mursid minăngka wiji | dawakkên turunira ||
9. mula nora gampang wong arabi | kudu milih wanudya kang kêna | ginawe rewang uripe | sarana ngudi tuwuh | lan ngupaya kang sandhang bukti | wêwilangane ana | catur upayèku | yogyane kawikanana | dhihin bobot: pindho bèbèt ping tri bibit |
--- 41 ---
kaping pat têtariman ||
10. papat iku ya uga akanthi | dhingin warna kapindhone brana | kaping tri kawibawane | papat pambêkanipun | êndi ingkang sira sênêngi | aja nganti angawag | manawa kaduwung | karana milih wanudya | nora kêna dèn mupakatkên sêsami | wurukna karsanira ||
1 | pitu. (kembali) pitu. |
2 | § = 1784. (kembali) § = 1784. |
3 | Tanggal: Sênèn pitu likur (27) Saban (Ruwah) Be: nyatur slira mulang marang sunu (AJ 1784). Tanggal Masehi: Sabtu 3 Mei 1856. Pada bulan Ruwah AJ 1784, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 1 (Sênèn Pon), 8 (Sênèn Kliwon), 15 (Sênèn Paing), 22 (Sênèn Wage), dan (29 Sênèn Lêgi), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn 1, 8, 15, 22, atau 29 Ruwah AJ 1784 (7, 14, 21, 28 April, atau 5 Mei 1856). (kembali) Tanggal: Sênèn pitu likur (27) Saban (Ruwah) Be: nyatur slira mulang marang sunu (AJ 1784). Tanggal Masehi: Sabtu 3 Mei 1856. Pada bulan Ruwah AJ 1784, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 1 (Sênèn Pon), 8 (Sênèn Kliwon), 15 (Sênèn Paing), 22 (Sênèn Wage), dan (29 Sênèn Lêgi), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn 1, 8, 15, 22, atau 29 Ruwah AJ 1784 (7, 14, 21, 28 April, atau 5 Mei 1856). |