Nayakawara, Padmasusastra, 1898, #150

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Nayakawara

1. Pangkur

1. wuryanta dera manitra | dina Isnèn wayah jam wolu enjing | Madilawal ping sapuluh | nuju măngsa kalima | ing Prangbakat taun Dal sangkalanipun | atmaja Hyang Girinata | mulang mring punggawa mantri |[1][2]|

2. Mangkunagara kaping [ka...]

--- 62 ---

[...ping] pat | kang puwara nguni datan marsudi | mring gunêm rèh kang rahayu | masalahing suwita | mung ngugêmi ujar kuna kang tan jujur | kabanjur praptaning mangkya | piangkuhe angrikuhi ||

3. mring kănca sakancuhira | barang karya tan gagah sami wigih | keguh labêt tanpa kawruh | kewran nalaring nala | yun tinilar kogêl bokmanawa mêsgul | mogol magêl yèn dèn dêlna | daluya anandho kardi ||

4. karya pitunaning praja | ngrêregoni parentah kang wus dadi | yèn sinêrêg asring rêngu | tampane sinrêngênan | lêlembatan nguring-uring kancanipun | kang mangkono marènana | rungunên pitutur mami ||

5. wruhanta purwane ana | kang punggawa wolulas dalah mangkin | iku ing nalikanipun | jêng gusti kang kapisan | miyos saking prajarsa ambangun tuwuh | wite gumanti kang rama | ingangkah sangkaning jurit ||

6. samana ngumpulkên wadya | pinilihan antuk wolulas [wolu...]

--- 63 ---

[...las] iji | iku kinarya gul-agul | jinênêngkên punggawa | lan jinanji ing têmbe kalamun antuk | pitulungira Hyang Suksma | kadugèn ingkang kinapti ||

7. linilan milu sarasa | arja papa tumutur datan kari | winangênan turun pitu | lamun tan dosèng praja | sarta ingkang bêcik kalakuanipun | myang tan nandhang cala ina | pêsthi kalilan gêntèni ||

8. mêngko luwih satus warsa | kang taliti kwèh samya nora dadi | awit tanna labêtipun | nanging mau punggawa | ginanêpan saking liya turunipun | para abdi kang kêtrima | ginanjar kinèn gêntèni ||

9. iku mungguh kungkumira[3] | pra punggawa lamun tèk ingkang waris | wajib kinukup kang lungguh | tan malih sinlundhingan | zaman mêngko bumi tan kinarya ngugung | lan tan klêbu nganiaya | mung wuruk karsaning Gusti ||

10. suprandene gustinira | misih karsa ganêpi kadi nguni | nanging ingkang dudu turun | inganggêpkên nèng praja | lan ing batin iku [i...]

--- 64 ---

[...ku] kinarya têtulung | mring abdi ingkang sinihan | supaya milua mukti ||

11. kongsi nêlukake putra | myang santana tadhah kalawan panci | misih pilaur sirèku | myang lumuh akaryaa | saking abdi ingkang bêcik karyanipun | lan ngowahi adat lama | misih anggalih utami ||

12. marma sira dèn rumasa | para abdi sapa kadya sirèki | wus prasasat mangan nganggur | kèhe lêlungguhira | bumi desa nora kurang wolung êjung | kongsi praptane sadasa | pamêtune angalabi ||

13. mring anak rabi wandawa | kawiryane kinurmatan sêsami | lungguh lampit nganggo payung | lan sabên kalamăngsa | linilanan lungguh jajar lan gustimu | ingajak boga drawina | pisukamu dèn turuti ||

14. lamun sira tan narima | lah dulunên kancanira prajurit | iku pira panganipun | tikêle lawan sira | suprandene ing pakaryan wêkêl wungkul | tan ana ingkang ngêrsula | sêsêg sukane [suka...]

--- 65 ---

[...ne] tan sipi ||

15. kang mangkono iku tăndha | yèn janmadi wêruh wajibing urip | gugu wulang nut ing kukum | têtêp nora kamalan | arêp mangan gêlêm nyambut karyanipun | kang utang êsah sanyata | kang kalal ing lair batin ||

16. mufangat tumraping ăngga | pamulihe iya ing jagad kabir | rumêksa ing prajanipun | ngluhurkên gustinira | anuhoni prajurit andêling kewuh | misuwure saking mănca | nagarane ingkang bathi ||

17. balik ta para punggawa | kayaparan yèn sira tan nimbangi | amrih utamaning laku | ngluhurkên gustinira | pangowêle mring praja utamanipun | tuwin jiwanta priyăngga | apa luhur kang prajurit ||

18. kalamun sira kasora | wus têtela mamak datanpa budi | dharusul saparti wêdhus | têtêp mung dadi ama | padha lawan ulêr ngalêkêr tumanduk | mara marani cukulan | kang lagi rone andadi ||

19. agahan dènnya

--- 66 ---

mêmăngsa | tèking godhong rumambat mring pang alit | pundhêsing êpang mandhuwur | ngarikit wit kang mudha | tugêling wit si ulêr têmahan katut | nèng kisma datanpa tănja | garêmêt cinucuk paksi ||

20. yèku ta pralambangira | lamun sira datan bisa marèni | prasasat prajanirèku | kanggonan kang mêmala | nora wurung sinung usada kang ampuh | hèh eling-eling punggawa | aja angajab bilai ||

21. mupung durung kêlampahan | kacilakan kang bakal sira panggih | bêcik tobata Hyang Agung | mintaa pangapura | trusing batin ngakua kaluputamu | tur lulus gonmu suwita | ngupayaa kawruh manis ||

2. Dhandhanggula

1. dhuh èngêta duk lagya prihatin | darbe cipta gayuh kawiryawan | sapira ta sangsarane | acêgah mangan turu | dera minta sihirèng Widhi | tan jênak anèng wisma | kulinèng asamun | saking sruning bratanira | katarima sasêdyanta dèn turuti |

--- 67 ---

sira dadi punggawa ||

2. dèn narima sukura ing Widhi | luwarana punagining driya | aja batalkên niyate | kang marang rèh rahayu | têtumanên dimèn lêstari | tumêrah ing kawiryan | wuryanta ing dangu | kang wus sinêbut punggawa | yèka mantri kang wicaksana bèrbudi | kondhang mangulah praja ||

3. ingkang măngka sudarsanèng dasih | kang sinihan ing jêng sri narendra | ginêmpilan kamulyane | ing pangkat sama sinung | kawibawan angrèh wadyalit | ingkang sumiwèng praja | myang kang anèng dhusun | winênangkên darbènana | pamêtune ing bumi desa kang dadi | bawah lêlungguhira ||

4. binubuhan rumêksa wadyalit | ingkang ana jroning bawahira | pinriha tata têntrême | wit sira kang ananggung | aja ana kang laku juti | dèn padha angèstokna | wiradating ratu | wêruhna mring upa jiwa | adarbea rajakaya karang kitri | mrih jênak dènnya wisma ||

--- 68 ---

5. yèku wajibing punggawa mantri | pamardine mring wadya ing desa | dènnya bantoni prajane | ngrewangi ratunipun | de pangrèh mring wadyagêng alit | ingkang sumiwèng praja | wruhêna ing khukum | wicara lan tata krama | myang kagunan kalakuan ingkang bêcik | dadya piandêlira ||

6. wardining kang wasita jinarwi | wruh ing khukum iku watêkira | adoh marang kanisthane | pamicara puniku | wèh rêsêpe ingka[4] miyarsi | tata krama punika | ngadohkên panyêndhu | kagunan iku kinarya | ngupaboga dene kalakuan bêcik | wèh rahayuning raga ||

7. rambah malih tumanjaning pamrih | karya gayuh sihirèng narendra | adol bêcik mring prajane | mrih alêm kancanipun | dadya srana marang utami | upama kalakona | ujar kang puniku | adoh jalaraning ala | ratu mulya punggawa mantri prayogi | urip cahyaning praja ||

8. anglir wulan sadangune kandhih | dening ima

--- 69 ---

sinrang ing maruta | sumêblak padhang lawêne | ujwalanira campuh | lan usara têmah martani | mring sakèh tarulata | ingkang mêntas alum | ing siyang kataman surya | sami nglilir sêgêre ambabar sari | surasane kang praja ||

9. kang minăngka wulan sri bupati | ima iku pêpêtênging praja | kang ulah silip sakabèh | dene marutanipun | patih lawan punggawa mantri | ingkang murinèng praja | ngowêl ratunipun | padhanging wulan upama | tyas narendra ujwala prentah kang mijil | tumrap ing wong sapraja ||

10. kang usara ibarate adil | taru wadya kang sumiwèng praja | lata wong ing desa kabèh | sari sanepanipun | enggarira wadyagêng alit | jujur jênjêming driya | cukup uripipun | mangkana ta sulangira | lamun praja kèh dursila angribêdi | tamtu ratu sungkawa ||

11. wajib patih lan punggawa mantri | kang birata mêmala durcara | kabèh praja

--- 70 ---

sêsukêre | supaya sang aprabu | lêjaring tyas angudanèni | mring solah bawanira | ing wadya sawêgung | kang bêcik lawan kang ala | awit ratu măngka wakiling Hyang Widhi | nanggung umat sapraja ||

12. lamun ratu wus prastawèng galih | èstu karya parentah utama | sumrambah mring praja kabèh | sapangkat-pangkatipun | dènnya murih mulyaning dasih | yèn sampun kalampahan | kadya kang winuwus | nêtêpi nagara arja | kontabing lyan kèh ngayubagya mêmuji | yèku cahyaning praja ||

 


§ = 1791. (kembali)
Tanggal: Isnèn (Sênèn) sapuluh (10) Madilawal (Jumadilawal) Dal: atmaja Hyang Girinata mulang mring punggawa mantri (AJ 1791). Tanggal Masehi: Minggu 2 November 1862. Perbedaan satu hari (Minggu versus Sênèn) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
kukumira. (kembali)
ingkang. (kembali)