Salokatama, Padmasusastra, 1898, #154

JudulCitra
Terakhir diubah: 14-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Salokatama

1. Mijil

1. wijiling kang pangripta purwaning | myat ing rèh salah ton | kang milalu milara ragane | lali [la...]

--- 86 ---

[...li] wirang kasêrêng ing kapti | nir yitnanta dadi | nistha têmahipun ||

2. labet saking mudhadamèng budi | digung lumuh kasor | gege măngsa mêdhar kasurane | pamrihira mung ngulab-ulabi | mring sanggya kang aksi | dèn alêma punjul ||

3. tan wruh lamun akèh kang ngèsêmi | pinrayitnan batos | kang wus asih suda ing rêsêbe | kang durung wruh wus ngrungu pawarti | ingkang sêngit dadi | sukurirèng kalbu ||

4. têmah kengis watêke kang wadi | alune katongton | sasolahe linumuhan bae | nora ana kang barès sawiji | wong jail lan juti | iku paminipun ||

5. nadyan mari gung sinănggarunggi | tan ana pitados | wus mangkono manungsa adate | paranbaya dènira balèni | sapisan dumadi | nir piandêlipun ||

6. yèn pasthia tumitah ping kalih | sakabèhing uwong | nora ana kaduwung solahe | lan tan ana ingkang wêdi mati | gampang dènnya budi |

--- 87 ---

tan ana pamupus ||

7. balik nora tinitahkên malih | paran wêkasing don | mung karantan kaduwung atine | gêgêtune sansaya ngranuhi | yèn nganyuta pati | mimbuhi dosagung ||

8. wit jisime wong anglampus dhiri | tan kêna dèn uwor | lan makame para lêluhure | myang sawiyah makamaning janmi | sinarang sinirik | kang apik tan ayun ||

9. krana wong kang amatèni janmi | wus dosa lwih asor | măngka ana wong kolu ngragane | têtêp lamun druhaka ngungkuli | patinira aji | khewan kêthèk lutung ||

10. pangruwate dosa sawatawis | rèhne wus kalakon | tan lyan amung minta aksamane | mring kang samya sinakkên ing galih | praptaa pribadi | marang wismanipun ||

11. yèn kêprênah tuwa pangkat inggil | ngabêktia gupoh | linairna ing kaluputane | lamun prênah nom pangkate inggil | mêngku mawa taklim | krama nut ing têmbung ||

--- 88 ---

12. yèn kêprênah anom mênang inggil | dèn rahab pangrêngkoh | kabèh prihên lilihe rêngune | lamun ana rikuhe ing ati | kamotna ing tulis | lawan têmbung alus ||

13. lan nuwuna apuraning Widhi | tobata ing batos | rumasaa ing driya salahe | mêmulènên lêluhure sami | kang sira alani | nulak alanipun ||

14. mula abot wong amêksa kapti | mrih rèh karahayon | wis mangkono lumrah prabawane | seje lamun pinrih laku juti | dhangan sukèng kapti | iku timbangipun ||

15. lan wus jamak manungsa dunyèki | sapa rêna kasor | nadyan ana asor sayêktine | saking pangkat gêdhe lawan cilik | sugih lawan mêskin | andhap miwah luhur ||

16. kayêktène pangkat agêng alit | kang luhur kang asor | sugih mêskin kabèh sêsamane | yèn ginulung sarta dèn condhongi | adoh kang saksêrik | cêdhak sukanipun ||

--- 89 ---

17. dunungipun wong kang nglalu budi | ana bêcik awon | bêcikira kang tinuturake | alanira wus kocap ing nguni | tan lyan jalaraning | cupêt ing panggayuh ||

18. mring kawiryan myang sabarang kapti | tita tan antuk don | wit tan majad kang kinarêpake | tanpa srana lumuh anoragi | tan arsa mintasih | tamtu tan jinurung ||

19. lamun majad kang sinêdyèng kapti | măngka tan kalakon | aja age kagèt ing driyane | salah tămpa panglaluning ati | nguring-uring dhiri | nutuh ngamun-amun ||

20. tampanana sasmitaning Widhi | tanjihna ing batos | umat kabèh iki kêkasihe | yêkti nora bineda sadêmi | dene duwe kapti | têka tan jinurung ||

21. bokmanawa kang sira karêpi | ginawe lêlakon | durung waktu iku ing têgêse | ngadatira kang sinêdyèng kapti | yèn wus kêmba lali | kono sok jinurung ||

22. ngibarate lir durywan nèng

--- 90 ---

nguwit | nanging maksih ênom | yèn pinènèk angèl pangundhuhe | dupi kêna tan enak binukti | tiwas andêrpati | wêkasan tan urup ||

23. pakolèhe anyarèhkên kapti | andina tan towong | anunggoni nèng ngisor uwite | praptèng măngsa jêr runtuh pribadi | gampang dènnya ngambil | tur enak lan tuwuk ||

24. nora beda wong gayuh kamuktin | yèn kasrêng ing batos | sinangkanan nglalu pratingkahe | nguring-uring kang dinolan kardi | sinêngguh tan mikir | marang raganipun ||

25. ngêmpakakên rusuhe ing batin | kêmate linakon | èstu kêna kang kinarêpake | kang mangkono iku wahyu eblis | ngadat tan lêstari | gêng bêncananipun ||

26. kadya durywan kang ênèm ing nguni | padhaning lêlakon | seje lawan kang wantah lêkase | panêdhane saking jro sêmadi | kalanira wêngi | ing lair sinamun ||

--- 91 ---

27. kang minăngka isarat saari | tan mèngèng sapakon | mring kang wajib marentah awake | mangsrutira têmên lan tabêri | sêsambèn nor ragi | nyangking têmbung arum ||

28. adhêdhasar rahayuning budi | anampik kang asor | tansah karêm marang sêsamane | luwangira yèn bisa nglakoni | barang kang kinapti | ing samajadipun ||

29. nora luput kang sarta basuki | iku wahyu yêktos | pirabara tumurun bakale | ra-orane awake pribadi | lakune lêstari | tan sangsarèng kalbu ||

30. lir angganing duryan kang matêng wit | jumbuhing lêlakon | barang sêja ana jalarane | ora têka yèn amung dèn siri | wit Kang Ma Sukci |[1] tan adarbe suku ||

31. itih panawunging ruwiyadi | ri Soma katongton | kaping sapta Sapar wimbaning lèk | tabuh astha Dal sangkalèng warsi | swara trusing ardi | risang maha prabu |[2][3]|

 


Kurang satu suku kata: wit Kang Maha Sukci. (kembali)
§ = 1799. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) sapta (7) Sapar Dal: swara trusing ardi risang maha prabu (AJ 1799). Tanggal Masehi: Senin 9 Mei 1870. (kembali)