Darmalaksita, Padmasusastra, 1898, #155

JudulCitra
Terakhir diubah: 15-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Darmalaksita

1. Dhandhanggula

1. mrih sarkara pamardining siwi | pinurwaka dènira manitra | nujwari Salasa Wage | tri wêlas sasi Mulud | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaa | sariranta iku |[1][2] mring iki wasitaningwang | dhawuh marang putrèngsun jalu lan èstri | padha angèstokêna ||

2. rèhne sira wus diwasa sami | sumurupa lakuning agêsang | ingsun tutur kamulane | manungsa èstri jalu | pêpantaran dènnya dumadi | nèng dunya nut agama | jalu èstri dhaub | măngka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakkên wiji | ginawan budi daya ||

3. yeka măngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara |

--- 93 ---

manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolu pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhihin winicara ||

4. panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | ping pat nastiti pamriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh ing petungan ||

5. watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros maring arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana ||

6. angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhaki rahayuning raga | dèn andêl mring sêsamane | lan malih

--- 94 ---

wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | tandhane angrêrêpa ||

7. luwih lara larane kang ati | nora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | angilangkên budi daya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sasama ||

8. kaduwunge saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kalulutane[3] | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dumèh wus darbe sira | panci pancèn cukup | bêcik linawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | panulat mring sangsara ||

9. rambah malih wasitaning siwi | wikanana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netra ruruh | angêdohkên mring

--- 95 ---

salah tampi | wong kang trêpsilèng tata | tan agawe rêngu | wicaralus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika ||

10. karya rêsêp mring rewange linggih | wong kang manut mring caraning băngsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong pasaja solahira | iku ora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpanira ||

11. angêdohkên mring dosa sayêkti | wong kang èngêt iku watêkira | adoh marang bilaine | mangkana sulangipun | wong kang amrih arjaning dhiri | yèku pangulahira | batin ugêripun | ing lair gêrbaning basa | yeka aran kalakuan ingkang bêcik | margane mring utama ||

12. pêpuntone gonira dumadi | ngugêmana mring catur upaya | mrih tan bingung pangèsthine | kang dhingin wêkas ingsun | anirua marang

--- 96 ---

kang bêcik | kapindho anuruta | mring kang bênêr iku | katri gugua kang nyata | kaping pate miliha ingkang pakolih | dadi kanthi nèng dunya ||

2. Kinanthi

1. dene wulang kang dumunung | pasuwitan jalu èstri | lamun srêgêp watêkira | tan karya gêla kang nuding | pêthêl iku datan dadya | jalaran duka sayêkti ||

2. têgên iku watêkipun | akarya lêganing gusti | wêkêl marganing pitaya | dene kang pangati-ati | angêdohkên kaluputan | iku margane lêstari ||

3. lawan malih wulang ingsun | margane wong kanggêp nglakin | dudu guna japamăntra | pèlèt dhuyung sarat dhêsthi | dumunung nèng patrapira | kadi kang winahya iki ||

4. wong wadon kalamun manut | yêkti rinêmênan nglaki | piturut marganing wêlas | mituhu marganing asih | mantêp marganirèng trêsna | yèn têmên dèn andêl nglaki ||

5. dudu pangkat dudu turun | dudu brana dudu warni | ugêre wong palakrama | wruhanta [wruh...]

--- 97 ---

[...anta] dhuh anak mami | mung nurut nyondhongi karsa | rumêksa kalawan wadi ||

6. basa nurut karêpipun | apa sapakoning laki | ingkang wajib linaksanan | tan suwala tan baribin | lêjaring netya sarănta | tur rampung tan mindho kardi ||

7. dene condhong têgêsipun | ngrujuki karsaning laki | saniskara solahbawa | tan nyatur nyampah maoni | apa kang lagi rinênan | opènana kang gumati ||

8. wong rumêksa dunungipun | sabarang darbèking laki | miwah sariraning priya | kang wajib sira kawruhi | wujud warna cacahira | êndi bubuhaning èstri ||

9. wruha sangkan paranipun | pangrumate dèn nastiti | apadene guna kaya | tumanjane dèn patitis | karana bangsaning arta | iku jiwanta ing lair ||

10. basa wadi wantahipun | solahbawa kang piningit | yèn kalair dadi ala | saru tuwin anglingsêmi | marmane dèn [dè...]

--- 98 ---

[...n] bisa sira | nimpên wadi ywa kawijil ||

3. Mijil

1. wulang èstri kang wus palakrami | lamun pinitados | amêngkoni mring bale wismane | momong putra maru santanabdi | dèn angati-ati | ing sadurungipun ||

2. tinampanan waspadakna dhingin | solahbawaning wong | ingkang bakal winêngkwèng dhèwèke | miwah watak pambêkane sami | sinuksma ing batin | sarta dipun wanuh ||

3. lan takona padatane kang wis | caraning lêlakon | miwah apa saru-sêsikune | sêsirikan kan tan dèn rêmêni | rungokêna dhingin | dadi tan pakewuh ||

4. tumraping rèh pamanduming panci | tatane ing kono | umatura dhingin mring priyane | yèn pinuju ana ing asêpi | ywa kongsi baribin | saru yèn rinungu ||

5. bokmanawa lingsêm têmah runtik | dadi tanpantuk don | dene lamun ingulab netyane | datan rêngu lilih ing panggalih | banjurna

--- 99 ---

derangling | lawan têmbung alus ||

6. anyuwuna wulang wêwalêring | gonira lêlados | lawan êndi kang winênangake | marang sira wajibing pawèstri | anggonên salami | dimèn aja padu ||

7. awit wruha kukume jêng nabi | kalamun wong wadon | ora wênang andhaku darbèke | priya lamun durung dèn lilani | mangkono wong laki | tan wênang andhaku ||

8. mring gawene wong wadon kang asli | tan kêna dèd[4] êmor | lamun durung ana palilahe | yèn sajrone salaki sarabi | wimbuh raja ta di | iku jênêngipun ||

9. gana-gini padha andarbèni | lanang lawan wadon | wit sangkane saka sakarone | nging wêwênang isih anèng laki | marma ywa gêgampil | raja ta di mau ||

10. gana-gini ekrar kang darbèni | saduman wong wadod[5] | kang rong duman wong lanang kang darbe | lamun duwe anak jalu èstri | bapa kang ngwènèhi | sandhang panganipun ||

--- 100 ---

11. pama pêgat mati tuwin urip | gonira jêjodhon | iku nora sun tutur kukume | wêwênange ana ing surambi | ing mêngko balèni | tutur ingsun mau ||

12. yèn sira wus winulang winêling | wêwalêre condhong | lan priyanta ing bab pamêngkune | bale wisma putra maru abdi | lawan raja ta di | miwah kayanipun ||

13. iku lagi tampanana nuli | kang nastitèng batos | tinulisan apa saanane | tadhah putra sêlir santanabdi | miwah raja ta di | kagunganing kakung ||

14. yèn wus slêsih gonira nampani | sarta wis waspaos | aturêna layang pratelane | mring priyanta paraning kang kapti | ngêntenana malih | ing pangatagipun ||

15. kang supaya aja dèn arani | wong wadon sumênggoh | bokmênawa gêla ing batine | bêcik apa ginrayangan melik | mring kayaning laki | tan yogya satuhu ||

16. ing sanadyan lakinira bêcik |

--- 101 ---

momong mring wong wadon | wekanana kang mring na liyane | jêr manungsa datan nunggal kapti | ala ana bêcik | ing panêmunipun ||

17. lamun kinèn banjur ambawani | ywa age rumêngkoh | lulusêna lir mau-maune | aja nyuda aja amuwuhi | tampanana batin | ngajarna awakmu ||

18. êndi ingkang pinitayan nguni | amêngku ing kono | lêstarèkna ywa lirip atine | slondhohana lêlipurên ing sih | mrih trimaning ati | kêna sira tantun ||

19. yèn wus cakêp kacukup pikiring | wong sajroning kono | lawan uwis mêtu piandêle | marang sira ora walangati | iku sira lagi | ngêtrap pranatanmu ||

 


§ = 1807. (kembali)
Tanggal: Salasa (Slasa) Wage tri wêlas (13) Mulud Dal: winêling anêngaa sariranta iku (AJ 1807). Tanggal Masehi: Selasa 19 Maret 1878. (kembali)
kaluputane. (kembali)
dèn. (kembali)
wadon. (kembali)