Tripama
1. Dhandhanggula
1. yogyanira kang para prajurit | lamun bisa sira atulada[1] | duk ing nguni caritane | andêlira Sang Prabu | Sasrabau ing Maèspati | aran Patih Suwănda | lêlabuhanipun | kang ginêlung tri prakara | guna kaya purun ingkang dèn antêpi | nuhoni trah utama ||
2. lire lêlabuhan tri prakawis | guna bisa saniskarèng karya | binudi dadya unggule | kaya sayêktinipun | duk bantu prang Manggada nagri | amboyong putri dhomas | katur ratunipun | purune sampun têtela | aprang tandhing lan ditya Ngalêngka nagri | Suwănda mati ngrana ||
3. wontên malih tuladan prayogi | satriya gung nagri ing Ngalêngka | Sang Kumbakarna arane | tur iku warna diyu | suprandene gayuh utami | duk wiwit prang Ngalêngka | dènnya darbe atur | mring raka
--- 103 ---
amrih raharja | Dasamuka tan keguh ing atur yêkti | dene mungsuh wanara ||
4. Kumbakarna kinon mangsah jurit | mring kang raka sira tan lênggana | nglungguhi kasatriyane | ing tekad tan asurud | amung cipta labuh nagari | lan nolih yayah rena | myang lêluhuripun | wus mukti anèng Ngalêngka | mangke arsa rinusak ing bala kapi | punagi mati ngrana ||
5. wontên malih kinarya palupi | Suryaputra Narpati Ngawăngga | lan Pandhawa tur kadange | lèn yayah tunggil ibu | suwita mring Sri Kurupati | anèng nagri Ngastina | kinarya gul-agul | manggala golonganing prang | Bratayuda ingadêgkên senapati | ngalaga ing Korawa ||
6. dèn mungsuhkên kadange pribadi | aprang tandhing lan Sang Dananjaya | Sri Karna suka manahe | de gonira pikantuk | marga dènnya arsa malês sih- | ira Sang Duryudana | marmanta kalangkung | dènnya ngêtog kasudiran | aprang rame
--- 104 ---
Karna mati jinêmparing | sumbaga wirotama ||
7. katri măngka sudarsanèng Jawi | pantês sagung kang para prawira | amirita sakadare | ing lêlabuhanipun | aywa kongsi buwang palupi | mênawa tibèng nistha | ina èsthinipun | sanadyan tekading buda[2] | tan prabeda budi panduming dumadi | marsudi ing kotaman ||
1 | anulada. (kembali) anulada. |
2 | buta. (kembali) buta. |