Yogatama, Padmasusastra, 1898, #157

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Yogatama

1. Dhandhanggula

1. sintên ingkang bayunipun sami | kadunungan darahing Mataram | kang tan kamomoran ing lyèn | kang manahipun tuhu | sangêt asih dhatêng nagari | myang dahat asih marang | panjênêngan ratu | angrêpia kados kula | condhong karsa lan kula anunggil budi | myang cipta tanpa taha ||

2. angrêpia ing kidung puniki | pasamuwanira pra satriya | Hyang Suksma [Su...]

--- 105 ---

[...ksma] dadya parênge | mawantu nugraha gung | sumarambah katur nagari | myang katur ing narendra | ing kamulyanipun | wit dènya rumêksèng jana | kang winêngku tan kandhêg pinrih basuki | marma wajib pinudya ||

3. ya Allahu Tuwan Maha Sukci | mugi-mugi Tuwan ngayumana | sampun pêgat pangrêksane | mring siti dunung ulun | gêsang tuwin panggenan mami | kala lare kawula | miwah dunungipun | badhe antaka kawula | sumawana ing jasad ulun samangkin | taksih nglindhung ing Tuwan ||

4. amba nuwun kamirahan Widhi | saha sangêt gêtêring wardaya | lêstantuna salamine | nagri klairan ulun | winêdalna jawining wèsthi | tuwin lêstantunira | panjênêngan ratu | dènya umadêg kalipah | kang minăngka wakiling Hyang Maha Sukci | rumaksèng nuswa Jawa ||

2. Kinanthi

1. sintên ingkang bayunipun | kanggenan darah Matawis | tumêrah mring Surakarta | ingkang [ing...]

--- 106 ---

[...kang] manahipun yêkti | sangêt asih dhatêng praja | myang asih ing narapati ||

2. angrêpia kados ulun | condhong karsa nunggil budi | myang cipta datanpa taha | yèn ngrêpi kidung puniki | pasamuwaning satriya | dadya parênging Hyang Widhi ||

3. winantu nugraha agung | sumarambah dhatêng nagri | miwah katur ing narendra | ing kamulyan kang nampèni | wit dènya rumêksèng praja | tan kandhêg pinrih basuki ||

4. ya Allah Kang Maha Agung | mugi Tuwan angayumi | sampun pêgat dènya ngrêksa | mring siti ing dunung mami | gêsang myang panggenan amba | kala kula taksih alit ||

5. miwah malih dunungipun | badhe putyastana mami | sumawana jasad kula | tansah manglindhung ing Widhi | singlara ing rèh druhaka | dirga atmaning dumadi ||

6. lawan amba anênuwun | ing kamirahaning Widhi | saha sêkunging wardaya | lêstantuna ing salami | nagri kalairan amba | winêdalna ing

--- 107 ---

pawèsthi ||

7. tuwin ta lêstantunipun | panjênênganing narpati | dènya umadêg kalipah | wakiling Hyang Maha Sukci | widada satêrahira | rumêksa ing nuswa Jawi ||