Gandrung Asmara, Padmasusastra, 1898, #209

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Gandrung Asmara

1. Dhandhanggula

1. wijiling rèh siwayèng narpati | amangripta kintaki kidungan | kinarya panglipur tyase | ring tyas dahat wibuh[1] kung | amangun kung manggung gêng wingit | kinarya samudana | sêsêndhon sastranung | manungku ring cipta maya | kamayaning kiyaming nala maluyi | miyating cahya maya ||

2. ngayam-ayam kayuning tyas wadi | sru kayungyun mangayuning karsa | ywa kasuwèn antarane | ring dayitèng purarum | rumasuking dadya sawiji | wiji-wiji ring titah | titikaning ratu | runtuting pangupakara | karananing alin-alin aywa lali | lilaning rèh sudarma ||

3. marma maras-maras ing tyas tis-tis | yèn kadurus rêrasan mrih sasar | sapira rêmak-rêmpune | sapa baya kêtêmpuh | tarlyan amung kang karya tulis | dhuh babo muga-muga | Hyang Kang Maha

--- 4 ---

Luhur | mitulungana sakarsa | supayane tulusa mêngku jro puri | siniwi pra wanita ||

4. datan ana kang bakit[2] mong cèthi | tan lyan sira kusumaning pura | kang amomot monging pangrèh | kang magunggung pangugung | karya agung tyasing wadya lit | wicaksanèng sasmita | putusing rèh ayu | mung cacade gustiningwang | durung antuk timbangan rumêksèng puri | eman yèn tan tulusa ||

5. sapa baya kailangan gusti | tan lyan amung sang atmajèng nata | kang manggung cuwa driyane | ngulatana rong windu | măngsantuka kang mirib warni | amung pêpujaningwang | ratuning rum-arum | ratu-ratuning wanita | lan ratuning lêluwês jatmikèng èstri | tur bakit momong priya ||

6. miwah dadya têtumbaling nagri | têtambane margiyuh sapraja | dhuh gusti luntura tyase | aywa kongsi katlanjur | dhuh owêlên wadyanta sami | mênawa karusakan | sapa kang kêtêmpuh | datan lyan sira lan ingwang | pangèsthining wadyanta jalu [ja...]

--- 5 ---

[...lu] lan èstri | ywa kongsi mong asmara ||

7. bisikane sang prabu ing Dêmis (umum) | apan wus umum ingkang pawarta | gustiku lumuh dasihe | punapa ta saèstu | awacana durung kawijil (ngudarasa) | apa yêkti tan arsa | marang dasihipun | braja pangapit jajaran (panurung) | nora wurung dasihe kawêlas asih | pa sayoga kelangan ||

8. langkung arda panuwuning abdi | muga ana sêsunguting karsa | dhuh gustiningsun nah anggèr | parikan jayèng ranu (baya) | sapa baya kang wêlas asih | lamun ora anaa | sabdanta kang tuhu | têmah kalong kailangan | panuwune kawulanta siyang ratri | mung muga kalakona ||

2. Kinanthi

1. mung dadia kanthiningsun | dhuh gusti rêtnaning èstri | myang Hyang Hyanging jagad traya | musthikaning wanitadi | kumalaning sanagara | dununging tyas saprajadi ||

2. panuwune dasihipun | tulusa dadia abdi | ing dunya praptèng dêlahan | lêmpuyang [lêmpu...]

--- 6 ---

[...yang] awoh balimbing (warêsah) | aywa pisah salaminya | dasihe tan pêgat asih ||

3. sabda kang durung kêwêtu (ngudarasa) | pasewakan jroning puri (srimanganti) | sun manganti karsanira | tawon gung kang tala siti (tutur) | muga luntura sihira | dhuh gusti musthikèng bumi ||

4. bumi manggung mawèh andrung | kang gêgêr kang wukir-wukir | isthane kadya yun wikan | dhaupe putra lan putri | ririse asalah măngsa | kadi-kadi asung tangis ||

5. wlas dulu sang mawèh gandrung | mêndhunge gumandhul têbih | isthane kadi angungak | têtinjo sang among kingkin | maruta ririh lampahnya | ngrês mulat sang mawiyadi ||

6. dumadi tan pêgat gandrung | yèn gusti tan sih ing dasih | wêlasana asihana | dimèn tulus andêdasih | kang kinawi jae wana (lêmpuyang) | dimèn mari poyang-paying ||

7. kahyangane Sang Hyang Wisnu (Ngutara) | sun watara sira gusti | cuwa ing tyas sawatara | labêt pugale kang abdi | dhuh-dhuh gusti ngapuraa |

--- 7 ---

sisipe ing nguni-uni ||

8. mung owêlên susahipun | kawulanta sanagari | kang rumojong ing sakarsa | supaya tulusa dadi | pangaubaning rat Jawa | ywa kongsi cuwa ing kapti ||

3. Pocung

1. titikanên adhuh gusti dasihipun | dêdimène aja | kêbanjur rudah ing kapti | pêcuk seta (kontul) tolihên kêkasihira ||

2. lamun dalu tan antuk nendra samênut | mung midêr ngudyana | non kartika tapak angin | cumalorot sun dalih asung usada ||

3. tawas pita (walirang) sêbuting atmajèng ratu (gusti) | yêkti mati ngarang | yèn gusti tan sihing dasih | kawulakna abdine praptèng pralina ||

4. lalumăngsa (kasèp) panusule magut pupuh (bantu) | dhuh-dhuh yèn kasèpa | katunan gusti ywa kongsi | iba-iba sukaning tyas kang tan rêna ||

5. wus karasa rasaning tyas kang tan sarju | juwawut salaga (pari) | parikudu sun ngèngèri | kala rêta (klabang)

--- 8 ---

mung gusti sun êbang-êbang ||

6. amisesa kabèh wêwêngkon purarum | mangajar silarja | mung sira ingsun lilani | amêmatah mêmatut mamrih paprêman ||

7. dimèn trustha ring tyas mamrih momong sunu | atmaja kang wrêdha | supadya dadia kanthi | siwayamba kang lumuntur saking sira ||

4. Mijil

1. paranbaya sukane tyas mami | mirah ingsun dhenok | katêkana ciptaningsun kiye | wus prasasat lêluhur nêdhaki | tunggu rina wêngi | nabi wali ratu ||

2. rumojonging tyas kang murih dadi | dumadia katong | katontona sukaning janmakèh | tulus mêngku pura kakung putri | iku kang kinapti | lêluhuring dangu ||

3. dandanan loro dadi sawiji | wijiku wus jumboh | nirmalèng tyas tanna sangsarane | iku ingkang sinêdyèng sanagri | dhuh-dhuh mila gusti | wêlasa riningsun ||

4. margiyuh ing wong dadi dimèni | bêbayane coplok | pakewuhe malayu tan suwe | walang ati kêplayu kêpati |

--- 9 ---

ati kang tan yukti | mati tanpa tatu ||

5. sabab dandananing praja bêcik | trahing nata karo | ibu sori tur tunggal wijile | upamane taru-taru aking | kakênaning riris (mariyêm) | tan têlangke trubus ||

6. miwah ing lata ayom ngayêmi (kapithing) | ayêm samya ngayom | têmah ngaub ing kêkayon gêdhe | woh andadi suka angundhuhi | ayêm samya linggih | nadhah muwah-muwuh ||

7. mapan iku kang sun sêdyèng kapti | aywana salah ton | gung katonton turunan runtute | atut runtung-runtung kadi mimi | lan mintuna ugi | tan sawalèng kayun ||

8. patra wisa gusti kang kinawi (kêmadhuh) | adhuh-adhuh babo | sabrangane wong Kadhiri anggèr (palabuhan) | sayêktine gusti sun labuhi | dhukuh wetan Baki (Têmulus) | tulusa wak ingsun ||

9. desa gêng-gêng saluhuring lèri (Dlawu) | yêkti raganingong | anglêlawu mring gusti wiyose | sumbêr wisma gêndhuk sun wastani (sumur) |

--- 10 ---

ulun lalu nganti | dèn kongsi saumur ||

5. Sinom

1. taru-taru kang taruna | têtêl atap tinon asri | mangkana sanepanira | kakênan tyas sanagari | suka tan walangati | lir canthuka antuk ranu | kisma bêlah kêbênan | kumpul rapêt tan kawingkis | pala kirna kasimpar sri tumaruna ||

2. makatên panuwun amba | dasih taha wêtu tangis | paranbaya kalakona | amardi mardawèng gusti | dumadi among wingit | têmah katamaning gandrung | dudur kèdêr dêdêran | drawaya waspa drês mijil | jêjimating wanita sun arsa-arsa ||

3. supaya dadia tămba | bêbaya kang bêbayani | ing praja arja silarja | jajahan wêwêngkon nagri | gambiraning tyas wus nir | tan ana sawalèng kayun | yuwana sanagara | rapêt rumêsêp andasih | sih-sinihan sasana tanna sangsaya ||

4. ngayun-ayun ngayam-ayam | kayungyun ayêm ngayomi | ayêming praja sumrambah | gung tyase dadya mênuhi | sukaning

--- 11 ---

tyas tan kingkin | wadyanta tur suka sukur | kêkêran kang kawêdhar | dhadhari anglir Hyang Rawi | byar kawuryan ing praja wimbuh raharja ||

5. anjujur ujar utama | tamaning tyas martandhani | tumanêm têmên kataman | tuman kang samya nêmêni | nirmala narambahi | ing praja jatmikanipun | kukila sato wana | suka sêngkut nadhah sami | pan kakênan prabawa sang mawèh suka ||

6. sumawana sarwa ana | kang sinandhang kang binukti | mangkono labêting suka | sukaning tyasing wadyalit | mulat arjaning nagri | miyat ingkang runtung-runtung | ontung tan ana ilang | ilang kang ngaling-alingi | mung kalulun mangalêm pangalêmbana ||

7. buwana gung kang sung urmat | kamantyan mulat sang sung sih | sirêp Sang Hyang Diwangkara | lumêbèng agraning wukir | kawistara sapalih | mangu mulat mungup-mungup | isthane kadi ngungak | anginguk kang nahên kingkin | kartika byor ambyar abyor gêbyar-gêbyar ||

8. kilat thathit kêthap-kêthap | kadya sung

--- 12 ---

sasmitèng gusti | sèn-isèn jagad sadaya | umiyat samya ngèstrèni | mring sang manggung wiyadi | kang kakênan lara gandrung | Hyang Sasăngka wus memba | tumalorong andhadhari | arsa miyat mring sang manggung mapiyoga ||

6. Maskumambang

1. anglir sarah kentir ing ranu mranani | narajang marjaya | ing jêjantung lir jinuwing | jinjanging nala kataman ||

2. amrawasa ing driya mamriha dadi | dadia tuladha | tuladhane janma wingit | dêdimèn aywa anggagar ||

3. lir puspita katamaning amalêwih | sarine tan mêgar | tangèh pêntile andadi | dumadi kênèng sangsara ||

4. saranane birating amalangkung writ | wit saking wiwitan | wiwitane tan dhinangir | dhangire ujar utama ||

5. utamane lêkêta janma kang luwih | tur luwih utama | utamèng janma dumadi | dadi unggul salaminya ||

6. narambahi ing driya awuwuh wêning | ing cipta narawang | barang kang sinêdya kêni | tur ta kang cinipta ana ||

--- 13 ---

7. kêni kabèh tan ana kang tan nêkani | nalika nênêdha | ywa pêgat raina wêngi | wênganing tyas aywa nendra ||

8. asêmua driya ywa pêgat mêmuji | pujine Huallah | dadi wruh asaling urip | uripe antuk nugraha ||

9. kanugrahan padhanging tyas ingkang wêning | kang tan kasamaran | nistha madya lan utami | mamrih anggambuh ing rahsa apa ||

7. Gambuh

1. dhuh babo aja tambuh | lamun tambuh tan wande kabubuh | imbuh-imbuh ing buwana narambahi | abot ribêd nora kêbut | bubaring cipta tan bobot ||

2. bok iya gustiningsun | wêlas-asih mring kawulanipun | supayane ywa cuwa gon ngong angabdi | dimèn awèt atêtunggu | ing praja dèn kongsi kêmpong ||

3. ywa tumpang-suh ing sêmu | de abdinta gumampang mrih têpung | mangke mumpung mêmpênge maksih taruni | pêngkuh abakuh akukuh | kêngkêng kadi kuwat gendhong ||

4. cinêndhak ing pangungrum | dhinupaka ing liring gumadhug |

--- 14 ---

kinunjara ingulat kang lêmês manis | suka sinapu ing gêlung | sinarimpung ing patêmon ||

5. sarta binêdhil susur | sinuduka ing sadak kang luhur | kang minăngka pacar wutah sêkar gambir | rah gubras gandanirarum | nora mati awèt ênom ||

6. nah anggèr jiwaningsun | ing mangke ulun sangêt margiyuh | trênyuh ing tyas kataman warta tan yukti | têmah amimbuhi gandrung | adrênging tyas nora pêdhot ||

8. Asmaradana

1. kasmaran miyarsa warti | ngêrêsing tyas sru udrasa | drawaya ngraras driyane | anaratas kadi tigas | ginagas têmah wawas | pinupus nora kapupus | pinapas nir ingkang was-was ||

2. kagagas yêkti ngênani | ing nala mulat kang mimba | wulan ping patbêlas katon | mêlok-mêlok lir nayanta | liring saengga kilat | sunaring netra akumpul | kadi lintang jêjagongan ||

3. anjingglêng kang anunggoni | sarana giyota mlampah (wêlah) | tlatèn [tlatè...]

--- 15 ---

[...n] nora sêja mulèh | mulat gêbyare kang waja | kadi barliyan sasra | manise lathi sumunu | grana èsmu malicarma ||

4. athi-athi ngudhup turi | wang malang ramping apelag | jêpiping kuwung kupinge | sogokane pêpilingan | kadi pangantèn anyar | bathuke lètèr ngênguwung | imba dawa jait trêsna ||

5. rema mêmak kêtêl wilis | sêmbada dêdêg pidêgsa | jênar gumêbyar nêcane | parigêl lamun lumampah | sêdhêp manis wacana | tur sêmbada ambêk sadu | paramarta marang wadya ||

6. ron aking kèntar ing warih (sarah) | sun sarah sakarsanira | mung satmatanên dasihe | baya dadia panancang | jênjême nala rudah | narendra kekayi sunu (brata) | dimèn mari la brănta |[3]|

7. adhuh dewa awak mami | sidhat agung mawa teja (uling) | têka akèh ling-alinge | kalangan maksa kalingan | mèh lalu ing pangantya | rarasing driya mrih laju | nora pêgat amêmuja ||

--- 16 ---

9. Mêgatruh

1. aywa pêgat gustiku turun-tumurun | aywa pisah lan kang abdi | runtung awèta têtunggu | ing purantara ri ratri | têrah-tumêrah ywa pêdhot ||

2. manjanmaa ping sakêthi ulun tumut | tan bêtah pisah lan gusti | mring endraloka tan kantun | wira-wiri nora kari | kararasing tyas kalangon ||

3. ngulatana mring pucaking gunung-gunung | myang têlênging jalanidhi | tuwin guwa-guwa samun | madyaning wana tan uning | kang mirib pêpujaningong ||

4. nadyan silih sadhasaring bantala gung | miwah saluhuring langit | mêksa durung ana tiru | wintang-wintang sun tingali | sêdhêp sêmu gustiningong ||

5. nadyan silih ing endraloka gon ayu | kahyanganing widadari | dèn ubrêsa satus taun | măngsa anaa kang mirib | lan sira woding tyas ingong ||

6. yèn anaa nanging kiraning tyas ingsun | maksih kalah anjêkining | gandês luwês amor èsmu | sêdhêp sumèh mêrak ati | gapyak-gapyuk [ga...]

--- 17 ---

[...pyak-gapyuk] kapinujon ||

7. dhasar dhèmês luwês pamicara patut | tuman ingkang ngajak linggih | dèn kongsia pitung dalu | lalu ngalah nora ngalih | malah-malah akêkepon ||

8. tinundhunga ping rolikur nora mundur | dêdêr kadêrêng dêdasih | dêdukaa sabên dalu | dadi têtumbaling kingkin | suka kulina kemawon ||

9. eman-eman manawa ginondhol sêmut | dhuh-dhuh gustiku pribadi | ajana wong milu-milu | sun dhewe kang ngamulèni | ing dunya praptanirèng don ||

10. Mijil

1. wus katêkan ciptaning tyas muni | sang narendra anom | nanging wimbuh margiyuh driyane | amalatkung manggung gêng wiyadi | darunaning kingkin | sang durung panuju ||

2. jujuling driya ngayêm-ayêmi | kayun mrih patêmon | manuhara marwaya wiyose | wahyaning kang juwita maluyi | yitnèng ăngga tis-tis | titika mèh lalu ||

3. patarendra (dhampar) pêparabing èstri (wadon) | paran [para...]

--- 18 ---

[...n] wêkasing don | kang toh pita sumrambah nganggane (panu) | lagi ana panujuning ati | ron lêsah ing siti (uwuh) | ewuh marganipun ||

4. pusakane Sang Pandhu putraji (kalima usada) | adhuh raganingong | sapa bisa ngusadèng wirage | de abdinta tambah gêng wiyadi | darunaning kingkin | kabubuh mong gandrung ||

5. adrênging tyas tan nêdya gumingsir | dèn atêmah nglamong | wus sinêdya wiwit saking lare | praptèng mangke jumênêng narpati | ing tyas tan kagimir | tan cipta lyanipun ||

6. dhuh gustiku kang manggung tan mijil | wêlasa wak ingong | madêg nata pan manggung sasêle | sapa yogane ingkang siniwi | pra kênya jro puni[4] | dhuh sang pindha madu ||

7. eman lamun tan milyamong mukti | ing dunya praptèng don | dhuh ta apa kang winalêsake | mring jêng rama ingkang wus suwargi | sinungan kamuktin | bok ayu tan tumut ||

8. tiwas têmên raganingsun iki | yèn tan bisa jumboh | dhuh bok ayu wêlasa [wêla...]

--- 19 ---

[...sa] arine | aywa lami tan adarbe swami | wigênèng tyas wingit | ngusadani gandrung ||

9. dêstun têmên duwe ri narpati | nora bisa momong | ngêmong lair tumêkèng batine | dhuh tatanên kawula jro puri | arinta mung darmi | ngrabasèng jinêm rum ||

11. Asmaradana

1. kacaryaning tyas narpati | mulat sênêning gupita | ing langên adi rênggane | winangun kinăntha-kăntha | muwah ingkang wanita | naracak nom ayu-ayu | endah rinênggèng busana ||

2. mila ing mangke sang aji | asring umentaring kana | asrêping tyas lir sinarwe | mring sang manggung nora mêdal | iba ta sinapaa | mring sang pêpujan sang prabu | wimbuh kawuryaning driya ||

3. iba ta wisa ginati | wimbuh ing tyas lir kinudang | darsanèng utamaning rèh | rèh makirtya mamrih dadya | dadyaning kautaman | utamaning tama ayu | ayuning kang mardikèngrat ||

4. rat makirtya mamrih dadi | tuladaning janmotama | tuman [tu...]

--- 20 ---

[...man] ingkang samya mamrèh | mrih utamaning utama | tumaning driya tama | tumanêming tyas sawêgung | gung kinudang ing sapraja ||

5. juwawut sêlaga gusti (pari) | parikudu mamrih panggya | mring sang kumalaning wadon | dêdêling driya kadyenggal | ywa kongsi ganti warsa | sêlak nora bêtah ingsun | lami nora darbe garwa ||

6. garwa Kelaswara siwi (Kadarwati) | kadar apa wong adhudha | glindhang-glindhung turu dhewe | walangati nora suka | susah sadina-dina | nora antuk mangan turu | mung gusti ingkang kacipta ||

7. kadêrêng adrêng mrih dadi | têtimbangan sang juwita | têkèng salawas-lawase | ywa pêgat praptèng kimayat[5] | arinta ngèstupada | dhuh ta gustiku bok ayu | sihana arinta nata ||

 


wimbuh. (kembali)
bangkit (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: dimèn mari lara brănta. (kembali)
puri. (kembali)
kiyamat. (kembali)