Wulang Rajaputra, Padmasusastra, 1898, #211

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wulang Rajaputra

1. Dhandhanggula

1. ari Sukra sang nata tan mijil | mring udyana nèng praja karsanya | angajar prajurit mangke | kang maksih samya kidhung | nandhang karbin durung binangkit | kakuning asta pada | nut kumêndhiripun | pêtis tikta sing bênggala (candu) | misih kidhung sarandune ajar karbin | mila pinêlak-pêlak ||

2. pan wus parêk pakaryan ing mangkin | panjênêngan taunanira sang | lan pêrlu badhe Islame | risang atmajèng ratu | para wadya ingkang majibi | pakaryane pininta | dunung-dunungipun | sang dwija mantri mranata | marang wadya Surakarta amiranti | mring wajibe priyangga ||

3. aywa kusut tiningalan benjing | pakurmatan risang narpaputra | mring janma liyan prajane | mila pirantinipun | maligendah sasanèng supit | rineka pindha grija | kang lêwih nagri rum |

--- 33 ---

gapura ingukir pelag | lung oranyê linuding sêsungging wilis | pinrada sawatara ||

4. wus misuwur mring liyan nagari | benjang karyane sang narpaputra | ing taun Alip tamtune | mila tyase pra wadu | myang nakoda băngsa lyan sami | samêkta mèt dagangan | rame rêbut dhucung | mêmilih kang endah-endah | cipta payu adate tikêl kang bathi | mênthêl asimpên arta ||

5. têtela yèn gampang mamrih picis | nagri Surakarta wus kasusra | wong dagang mêsthi payone | supênuh isinipun | jroning praja myang desa sami | lyan băngsa samya krasan | wismèng dhusun-dhusun | gampang mèt pangupajiwa | tata têntrêm dursila mirut awingwrin | saking marmaning Suksma ||

6. pan sinuksma ing saari ratri | mring Sang Mulki pakewuh ing jaman | wadya manut ing sapangrèh | sambada wadananu | nambadani karsèng narpati | pratiwa sagotranya | sumungku samyanut | mring sang dwija mantri samya | ulah

--- 34 ---

praja mrih utama mêmayu mring | jrajadi[1] lêstarinya ||

7. lêstarinya pinuja pinundhi | sri narendra trahing Ngèksigănda | marang wadya salamine | dadya pandam pangau- | baning wadya jalu lan èstri | lumunturing utama | risang narpasunu | lir rama sang narpa dibya | santosèng tyas tan ana wadya kêkasih | rata pininta-pinta ||

8. titi tètèh têtela tinali | lêlabuhan lêluharing[2] kuna | kakênan kabudayane | tinimbang tumrapipun | lan kang kanggo ing zaman mangkin | kinira sinuksmèng tyas | lan tarining kayun | ngayomana ing sapraja | pamudyamba dhuh gusti sang narpasiwi | ngadila lir sri nata ||

2. Sinom

1. rèhning ta maksih taruna | gustiku sang dibya pêkik | aywa karêm pêprênesan | kang tan pantês dèn lakoni | sayogyane angathik | wadya kang utamèng kewuh | pininta wulangira | lêlabuhaning narpati | kang utama pangrêksaning praja wirya ||

2. supaya

--- 35 ---

katularana | darajating narapati | kang sinihan ing Hyang Suksma | lir Jêng Sultan Agung nguni | lan sayogyane gusti | ywa pisah lan rama prabu | supaya uningaa | pakaryaning narapati | dadi nora kidhung lamun ana karya ||

3. sabab putraning nararya | kudu bisa agal rêpit | mumpuni sakèh kagunan | prawira alusing budi | dadi wadya sanagri | wêdi asih patrapipun | tumrampil amêmitran | watêking wong liyan nagri | samya suyud ngawula nora ngêrsula ||

4. tinggal wisma rajakaya | anak rabi dèn boyongi | suwita sri naranata | iku tandhane utami | sayid nèng Ngarab maksih | emut nalika kêtêmu | sri nata binojana | ing mangke asung kintaki | amêmuji galur lir wong maca kitab ||

5. lir anggane wong supêna | angantuk sinambi nulis | Saptu Lêgi ping sakawan | kasanga Rabingulakir | Jimakir windu Adi | Madhangkungan ing

--- 36 ---

jam pitu | sangkala luhurira | sang brahmana narapati |[3][4] dipun agung aksama pun Adisara ||

3. Gambuh

1. sun puji dimèn gambuh | dhuh gustiku risang narpasunu | mêngku praja jatmika lulus nglêluri | mring aluraning lêluhur | narendradi kang kinaot ||

2. brêkahnya Kangjêng Rasul | ywa tininggal agama linuhung | nanging kudu ginunêma kang barêsih | kitab Kuran muradipun | tinimbang utamaning don ||

3. dumadi nora kusut | sakarsane utama tinêmu | mrih lêstari lêlabuhan kang utami | emuta yèn badhe mêngku | praja gung kalangkung ewoh ||

4. ewuh lamun tan wêruh | lêlèjême jagad kang winêngku | kudu mênêng yèn wêngi kêlawan wêning | ênêngna osiking ngêhuk | lakuning narendra kaot ||

5. kurang nendra yèn dalu | yèn abukti dinuga ywa kaduk | suka-suka ywa lali sukur ing Widhi | dimèn sidhi tyas tan blawur | ujwalaning Hyang katonton ||

6. têtela [tê...]

--- 37 ---

[...tela] tan kêliru | rahmating Hyang dumunung nèng kalbu | kalbu babar ambèr ngalabi sanagri | nagriyêm samya kayungyun | kayomana mring sang katong ||

7. katonton siyang dalu | kamurahaning narendra anung | santanasih tan ana sawalèng kapti | têntrêm rinèh nora ewuh | wuwuh nugrahaning Manon ||

8. noraga wadya dhusun | sumarambah nêdya anênandur | supayane ywa kurang ingkang binukti | iku rahmate sang prabu | gêmahe desa pênuh wong ||

9. pinunggêl têmbang gambuh | Adisara sinêlan angantuk | sinambungan benjang ulun yèn wus nglilir | kèndêl sangkalaning taun | luhur sang salira katong |[5][6]|

4. Kinanthi

1. ngalilire saking turu | Adisara dulit mangsi | anganthi daluwangira | sêdya dugèkakên malih | manglalar anglir supêna | ngênani tyase sang pêkik ||

2. pêparikan Jayèngranu (baya) | surya mèh tumamèng ardi (lingsir) | dhuh gustyamba sir kawula |

--- 38 ---

sabarang kang bêbayani | kêmating wong parayangan (ngèlmu singkir) | singkirana ywa ginalih ||

3. lêlegung nèng narmada gung (sêmbilang) | bantal dawa kang mangapit (guling) | ywa lali wêwulangira | dèn kaliling siyang ratri | brana dumunung nèng wadhah (simpên) | simpênên sajroning ati ||

4. tataling pring namanipun (siladan) | Kuntane Sang Arjunadi (Sarotama) | têtulada kang utama | tirta mudal saking siti (umbul) | dadi kombul darajatnya | nyunari sapraja wêning ||

5. sênênging tyas para wadu | araning ujung dariji (kuku) | winêngku narendra dibya | yayah winong ing Hyang Widhi | sanjata gung agêming prang | ayêm yayah ngêlayoni ||

6. yuyu gung nèng samudra gung | sujanma kang mardi gêndhing (niyaga) | sayogane gustiningwang | mring wadya aja ginêthing | manggis tanggung pangundhuhnya (blibar) | pinuji sabaring galih ||

7. basane anaking putu (buyud) | suling dami kang kinawi (drêmenan) | dimèn suyud wadyabala | kalaban [kalaba...]

--- 39 ---

[...n] alusing budi | sarati kang mungging rata (kusir) | antêpe nora gumingsir ||

8. pakaryane para wiku (muja) | sidhat agung dèn arani (pêlus) | sun puja muga tulusa | sinuhun-suhun siniwi | paksi kang dadya pratăndha (kudhasih) | mring dasih kabyataning sih ||

9. sêsulung kang mêtu esuk (laron) | rasaning kelang binukti (manis) | ywa keron mêmanisira | wanita kang nêdya mamrih | mranani ardaning driya | yayah mandaya dènnyamrih ||

10. mila-mila gustiningsun | mupung anèm dèn tabêri | amardia kajatmikan | sarira têrusing budi | pêrlu kalamun sujanma | ginadhang mêngku prajadi ||

11. bayêm arda aranipun (latêng) | tanah tinanêman pari (sabin) | antênging netra sujana | yèn wacana ywa baribin | iku adating nararya | kang utama nguni-uni ||

5. Mijil

1. atur ulun ingkang wus kawijil | sayogya rinaos | dhuh gustiku wus dungkap wêktune | akil balèg [ba...]

--- 40 ---

[...lèg] wajibe ngawruhi | prakaraning nagri | paraboting khukum ||

2. murat maksude kudu ginalih | lan ngulama kaot | supaya trang ing galih tan cèwèt | tinimbanga lan adating nagri | ingkang wus linuri | lêluhur pra ratu ||

3. kudu-kudu linalar linuri | luhuring kaprabon | sinuksmèng tyas priye bêbukane | saking asor dadi luhur yêkti | tinanyakna maring | para sêpuh-sêpuh ||

4. ruwiya kang ginita rinukti | tinata wus manggon | dadi babad yèn têmbung Jawane | winacaa rinasa kang sidhi | dhinêdhêr nèng budi | thukuling rahayu ||

5. rahayune tyas puniku dadi | dêdalan kinaot | bokmênawa parêk lan unggyane | risang ulu kang rahmani rakim | yogya dèn kawruhi | paraboting turu ||

6. aywa kaduk nendra tan prayogi | kadi awak ingong | ati pêtêng tur bintit mripate | awak lungkrah dhoso muring-muring | tama lamun [la...]

--- 41 ---

[...mun] gusti | dipun bêtah wungu ||

7. nadyan wungu aywa tanpa kardi | wajibe linakon | dimèn tuman manuh marang gawe | sabab abot bakal ambênêri | para janma sami | kang padudon kawruh ||

8. kèh warnane wong murih utami | wontên sing wiraos | ajar basa mamrih basukine | supayane ingandêl sêsami | nanging jroning ati | gorohe ngêndhukur ||

9. sawênèh wong têmên jroning ati- | ning budine lempoh | nora ajar manjing ajur-ajèr | dadi tan katon têmêning ati | iku ta jêng gusti | ywa samar ing sêmu ||

10. sêmu ulat dhèmêse ing angling | warna-warnaning wong | kudu mawas sasolahbawane | dimèn aywa samar mariksani | mring osiking ati | wadya kang winêngku ||

11. sun kêkudang dhuh ta gusti mami | miturut sapakon | wêwulange kang rama linantèh | dadi wuwuh sihing rama yêkti | wadya jalu èstri | ayêm manahipun ||

12. sabab tamtu kêna dèn aubi |

--- 42 ---

lir rama sang katong | wus rongpuluh taun jumênênge | tata têntrêm marmaning Hyang Widhi | sun puji lêstari | aywana wong ancung ||

6. Pocung

1. lir kaluwak anom aranira pucung | sêmune anancang | cipta kang dora prayogi | guladrawa (gulali) aywa lali wulangira ||

2. rama ibu ambabar tuladanipun | lêluhuring kuna | kang nistha madya utami | sayogane piniliha kang utama ||

3. utamane tumana lêkêt wong sêpuh | ingkang sugih kojah | anjajah kawruh barêsih | sinaunên gusti mupung misih mudha ||

4. dhuh dhaharên ature kawulanipun | wadon trahing desa | tangèh wruh ing tatakrami | mung kadudut sih marma marang bêndara ||

5. rangu-rangu ing manah sêdya mêmungu | mring galih sang dibya | nanging ajrih ta kapati | pan ing mangke nêmpuh byat labête trêsna ||

6. jêr ing têmbe kang wajib among amêngku | mring nak putu amba | ing desa miwah nagari | amêmuji luhure [lu...]

--- 43 ---

[...hure] sang narpatmaja ||

7. jambu wana (klampok) karoncong tumraping bau (gêlang) | dhuh gusti kawula | ywa kapok winulang bêcik | dimèn jêmbar ambabar budi kadarman ||

8. darmastuti sèstua pangastawèku | kêkudanganira | lêluhuring nguni-uni | nambadani narbuka tyase sang dibya ||

9. sabisana wusananing sujananung | nênungku kaguna- | ning narendra nguni-uni | kang wus mashur labuhanira utama ||

10. marbuk arum ing sabda anrusing kalbu | budi dadi namar[7] | madhangi isining nagri | tuk brêkahe pun kaki nur katim ika ||

11. kang dumunung anèng Setayasa dhukuh | pandhita minulya | winong ing Hyang Maha Sukci | dhuh Gustiku dhêkêta Sang Dwijawara ||

12. tangkil karang (so) bulus kêmbang sabèng laut (pênyu) | nyuwun ngaso kula | baliyutipun kêpati | yèn wus tangi sakarsa sang narpaputra ||

13. bokmênawi pikantuk impèn kang sarju | lan panggalihira | gustiku sang narpasiwi | datan [da...]

--- 44 ---

[...tan] kêndhat lir maskentar tur kawula ||

7. Maskumambang

1. arjaning kang praja myang isine sami | kuwasaning raja | sabyantuning nayakadi | ing batin purbaning Suksma ||

2. yèn sinuksma mring kang wajib amêngkoni | utamaning tindak | ywa kadadak barang pikir | dèn sarèh pangudining tyas ||

3. dadi titi têtela ingkang binudi | dadining kasidan | darsananing nagaradi | drawaya salaminira ||

4. rumat basa basukining nayakadi | têguh tan lêleda | tan lalu sabarang pikir | kêras têrus tan sikara ||

5. lêrês sirêp rêsêp rasaning kang ati | manungsa kang samya | winêngku nèng praja sami | kasambadan rahmating sang ||

6. sumawana mangayubagya samyasih | sumungku prasêtya | lair batin tan gumingsir | mring ayahan sang sinewa ||

7. wiku raja wêwêlinge kang liniling | lupiya minulya | layap-lêyêp jroning sêpi | pêrlu linantèh kang nglela ||

8. lulur-lulur dumuluring karsa [kar...]

--- 45 ---

[...sa] wêning | kumambang tinimbang | bisane manungku wêning | ing netya ywa kasamaran ||

9. netra iku kanyatahaning Hyang Widhi | sakèhing kang warna | ginêlar nèng buwanadi | karna kang nampani swara ||

10. de kang grana sagung gănda dèn wajibi | pangucap punika | lantaraning karsa yêkti | titinên aywa asmara ||

8. Asmaradana

1. kasmaran jroning aguling | Adisara supênanya | panggih kaki-kaki kêmpong | sarwa ala busananya | Nursiwi aranira | mangkono wêwarahipun | dhuh ta gêndhuk aywa kêmba ||

2. aturira marang gusti | iku pancadan utama | mirmakake utamane | mring karsane gustinira | iku têtêpe trêsna | wajibe wong dadi batur | malês rumêksèng bêndara ||

3. darapon ta sira benjing | ing saturun-turunira | tinitenan mring gustine | de têdhake wong rumêksa | mring gusti asih trêsna | pêrlune wong urip iku | mulang

--- 46 ---

labêk[8] kang tininggal ||

4. labêt ala labêt bêcik | kang ginunêm anèng dunya | nak putune ngrungokake | lamun sira tan prayoga | turune kawirangan | anèng dunya dèn gêguyu | sinêbut turuning kompra ||

5. paeka lamun utami | iya lêlabuhanira | pinilala saênggone | mulane ngati-atia | wong urip anèng dunya | amardia anak putu | aywa kongsi kasangsara ||

6. lamun sira kurang budi | iya turua sadhela | mujia rahmating Manon | mêngko ingsun nuli prapta | mêmulang marang sira | banjur aturna gustimu | pituturku kang prayoga ||

7. dadi mêngko sira nini | pama wisma talangira | dalaning tirta dumrojog | lumêbèng tyas risang dibya | wêning kang toya marta | ngênani kang lata thukul | woh andadi nora kêndhat ||

8. uwit upamane jisim | kang lata puniku cipta | pradapa ripta pamine |

--- 47 ---

rohkani talutuhira | kêmbang pêntil rasanya | sêmuning Rasulullahu | samono bae wus tamat ||

9. Mêgatruh

1. datan pêgat ature kawulanipun | saking osike pun kaki | Nursidhi kang tanpa dunung | punika ulun pinurih | matur sang atmajèng katong ||

2. yèn awungu prayoganira kang esuk | dalin[9] Kuran wus muradi | sapa tangi waktu subuh | mêmuji sukur ring Widhi | sinung rahmating Hyang Manon ||

3. rahmat iku warna-warna tumrapipun | ana dumunung mring ati | netra karna lidhah irung | kamaluan narambahi | sarira myang balung otot ||

4. têtanduran ingon-ingon khewan manuk | yèn tulus tan ana gêring | iku rahmat dunungipun | wisma ingkang dèn dunungi | wutuh nora nana trocoh ||

5. akrab madu para mitra saminipun | rukut datan ana nyêngkring | iku tunggal rahmat mau | tirta bantalangin agni | jalaran [jalara...]

--- 48 ---

[...n] rahmating Manon ||

6. kamurahan saking bumi wijilipun | nikmat saking toya wêning | rahmat saking anginipun | mupangati badan iki | saking agni kang sumorot ||

7. kukusing kang dahana muluk mandhuwur | sababe ginawa ngangin | nèng gêgana dadi ranu | toya lêlumute mijil | dadi bumi dunung ingong ||

8. wus samono dhihin manira pitutur | jêr durung mangsane mangkin | kamote mring budinipun | gampang yèn diwasa benjing | wus kamot kawruh kinaot ||

9. pajampuwa gustiku sang narpasunu | pralambangira pun kaki | Nursidhi prayoginipun | ginalih lumêbèng jêrnih | tinitèn tata katonton ||

10. Dhandhanggula

1. titi tamat manitrèng kintaki | sasêndhon ulun pun Adisara | nèng Langênarja dununge | ri Soma Pon anuju | tabuh astha ping nêm sitangsi | Ngijrail sangatira | Maktal wukunipun | Rabiakir Adi nujwa |

--- 49 ---

ing Jimakir ruhur sang salari[10] aji |[11][12] muji mring karaharjan ||

11. Pangkur

1. kapungkur atur kawula | kang tinitèn ing lagu gula milir | ulun ngaturkên satuhu | Nursidhi wisikira | urus rèntès rêruntungan runtung-runtung | patitis têtêp utama | têtuladan narapati ||

2. tinita dimèn têtela | lêlabêting tata kalawan titi | tur iku wus wajibipun | putrane sang sinewa | kang ginadhang gumantya kaprabonipun | putusa barang wêweka | waskitha tatag patitis ||

3. sabarang wajibing priya | yun linakon kagunan lan kasêktin | sêkti iku kèh liripun | lair batin dèn kêna | angênani mring tyase janma sasêgung[13] | kang winêngku kasamada- | ning narendra kang utami ||

4. mumpuni mulat kahana- | ning prajadi dadining barang pikir | kapêngkêr sadurungipun | winêdhar aywa corah | karahayon jinaga kalakonipun | lêstari lumantar marang | janma ingkang dèn wêngkoni ||

--- 50 ---

5. winêngku sagung tur amba | ambaboni budi pambuka wêning | ninging driya sang aulun | gusti sang narpaputra | kalakona nglakoni wêwulangipun | mring rama sri naranata | tumutur sabarang karti ||

6. laladan wêwêngkonira | dhuh gustiku risang narendra luwih | wuwuha darajatipun | pinuji sanityasa | dhuh gustiku risang tanaya linuhung | ambêbangun utamèng tyas | tyas makirtya mamrih dadi ||

7. tuladaning janmotama | marbudèngrat krêtarta amumpuni | kagunaning sujananung | nungku amêngku praja | jatmikantêng prakosa tyasira têguh | ginubêl sagung durcara | pinapas kalawan ririh ||

8. rih-arihên anglir kênya | ingkang durung piturut ing sakapti | iku labuhan linuhung | sabarang kang sinêdya | kudu sarèh anut kalamangsanipun | pujine pun kaki tuwa | katêkan sabarang kapti ||

9. pituture kaki tuwa | ran Nursidhi tan kêndhat kadi riris | pamisike [pa...]

--- 51 ---

[...misike] mrih rahayu | yun wêruh kadadia- | ning tyasira risang atmaja jinunjung | mrih jujur ujar jinajar | jêjêring tyasing paraji ||

10. kajibah mêngku jajahan | nimbang mêngku wêwêngkoning prajadi | wadining praja jinungkung | ungasing kasantikan | tumrapêna mring wadya sajuru-juru | urusing pakaryanira | dera rumêksèng prajadi ||

11. dimèn miturut sakarsa | santana myang wadya praptèng pakathik | tan ana sawalèng kayun | suyud mangayubagya | mring karsane risang tanaya tinamtu | gumantya mêngku buwana | lulus lêstari pinurih ||

12. luhuring karatonira | riris mănda-mănda kang sarwa sari | sarine tyase sawêgung | kakênan ing tyasira | amiturut rêsêp mring sang narendranung | pujine para pandhita | gêgana sang brahmanaji |[14][15]|

12. Dhandhanggula

1. anglir madu ature pun kaki | pandhitadi Nursidhi pêparab | nèng têmbang têmbung jinlèntrèh | tata titis dumunung | andunungkên [andunung...]

--- 52 ---

[...kên] wajibing gusti | risang narendra putra | amêngku kaprabun | bapa babuning manungsa | kang rinilan badale jêng nabi mangkin | lil umiyi parabnya ||

2. lil umiyi wardinipun nênggih | makluk ingkang miturut sakarsa- | ning Hyang kang sipat kayune | Kabibulah jêjuluk | kang sinihan dening Hyang Widhi | rasul angakên rasa- | ning Hyang Maha Luhur | Mukhammad kakikirannya[16] | kang madhangi tyase manungsa kang sami | manut agamanira ||

3. agama iku pêrlune yêkti | pikukuhe têtimbanganing tyas | mring nistha madyatamane | mung iku rasanipun | dalil kadis kang dèn sêmoni | supaya animbanga | sagunging pra ratu | wadya kang sawalèng karsa | pinrih sirêp saking kuwasaning aji | wêwaton kitab Kuran ||

4. Kuran iku rapal têmbungnèki | makna muradaksud de[17] rinasa | ijêmak miwah kiyase | isdijiyad[18] winêngku | rawatana sajroning ati | tinrapêna yèn nujwa | kalamangsanipun |

--- 53 ---

anirnakkên truhing praja | jêr ta ratu têtumbaling among kingkin | berat sagung dur muka ||

5. kalabana labuhane sami | mring lêluhur narendra minulya | lumintua pangèstune | mring sang narendra sunu | sumunaring kawruh mratani | mring utamaning wadya | lêlabuhanipun | muga ta pinudyèng karsa | sang sudibya dhaharên ture sayêkti | Nursidhi kang sih trêsna ||

6. nanging ta nyuwun aksama mami | de ta tanpa dunungnya layangan | tan kêna tinamtokake | ing unggyan tan kêtêmu | lamun ora pinudyèng kapti | yèn kaparênging karsa | sadhela kêtêmu | mêmulang lêlakonira | ciking jaman ingkang bakal dèn lakoni | narawira utama ||

7. amêmuji pun kaki ri ratri | anèng arga sunya kalanira | kampir mung sadhela bae | gya turut samodra gung | yeka bahrul kayati nami | sumêngka ing aldaka | Mrapi aranipun | sêdya lumêbèng talaga | kalkaosar [kalkao...]

--- 54 ---

[...sar] toyanya sumilak wêning | mênêng manungku cipta ||

8. ciptanira sang rêsi nèng ardi | mugyantuka marmaning Hyang Suksma | sinung rowang sakadare | agya ana kadulu | janma priya lawan pawèstri | tinanya sang pandhita | sapa aranipun | sumaur kang sinambrama | aran ulun pun kayat ingkang pawèstri | pun kayun ingkang priya ||

9. ngandikalon sang wasita lêwih | lah ta kayun kayat aywa pisah | lan manira sadinane | bangêt condhong tyas ingsun | lawan sira karone sami | dadia kanthiningwang | mêmuji nèng gunung | ature sabat kalihnya | dhuh gustiku kamayangan ulun kalih | panggih Sang Dwijawara ||

10. ing sakarsa-karsa tan gumingsir | ingayahan sang wiku utama | milu bratanèng argane | nanging ta atur ulun | gêgêbale endhang lan cantrik | salamine ywa pisah | kalawan sang wiku | nabdaris sang pinandhita | ywa sumêlang yêkti tan pisah lan mami | nanging aywa pêpeka ||

--- 55 ---

11. pakarêman lair lawan batin | iku dadi pamurunging tindak | ing dunya praptèng akire | poma ta sira iku | endhang cantrik dèn ngati-ati | pamurunge tyasira | tan mulih mring dunung | ature sabat kalihnya | sun pêpundhi sang brahmana luhur aji | tan giris praptèng lina ||

13. Girisa

1. dhuh ta risang Dwijawara | pun patik jalu wanodya | nuwun gunging pangaksama | de ta ulun kumawawa | nuwun brêkahe sang dibya | prakara isining arga | kang katonton ing kawula | wijange aran punapa ||

2. lènging gunung kang sajuga | arane marga suwara | de guwa loro kang ana | saluhuring marga swara | Tursina arane ika | kang loro doh unggyanira | ingaran guwa Gohkarna | de kăntha kang kêmbar rupa ||

3. Locana jêjulukira | Tursina mawa prabawa | mijil bajra sabên dina | tan kêndhat iku pratăndha | yèn misih ngadêg kang arga | Locana ujwalanira |

--- 56 ---

madhangi isining arga | katonton wijanganira ||

4. mêndhak mêndhukul wujudnya | iku kang katon ing sira | de kang anèng jroning arga | dahana aran anala | kukuse nêmpuh gathita | iku ingaran pramana | gêtêr patêring aldaka | manut goyanging gathita ||

5. wus sêdhêng samono uga | pituturku marang sira | sun arsa ngalih sasana | mring balerante ranira | kayat kayun apa sira | kari utawa milua | ature sabat kalihnya | tan bêtah lamun karia ||

6. tumutur saunggyanira | pêpeka lamun karia | lan Nursidhi sang pandhita | wus janji katêlunira | yèn pisah yêkti duraka | cidra marang janjinira | sakawit katêlu samya | lair batin tan sulaya ||

7. hèh ta kayat kayun samya | sun arsa kampir sadhela | mring bukit Mudanbin ika | yèku sasana minulya | pra pandhita nungku cipta | nèng kono dununging pudya | babare sakarsanira | mumbul [mu...]

--- 57 ---

[...mbul] sarira minulya ||

8. mulih mring kahyanganira | unggyaning dewa minulya | kang tan wujud nanging ana | uripe Sang Hyang Wisesa | tan kêna yèn winicara | ing jagad winêngku samya | kang pinuji pra pandhita | sirna sang salira purna |[19][20]|

 


prajadi. (kembali)
lêluhuring. (kembali)
§ = 1810. (kembali)
Tanggal: Saptu (Sêtu) Lêgi sakawan (4) Rabingulakir Jimakir: luhurira sang brahmana narapati (AJ 1810). Tanggal Masehi: Sabtu 5 Maret 1881. (kembali)
§ = 1810. (kembali)
Tanggal: luhur sang salira katong (AJ 1810). Tahun AJ 1810 jatuh antara tanggal Masehi: 3 Desember 1880 sampai dengan 22 November 1881. (kembali)
damar. (kembali)
labêt. (kembali)
dalil. (kembali)
10 salira. (kembali)
11 § = 1810. (kembali)
12 Tanggal: Soma (Sênèn) Pon nêm (6) Rabiakir (Rabingulakir) Jimakir: ruhur sang salari aji (AJ 1810). Tanggal Masehi: Senin 7 Maret 1881. (kembali)
13 sawêgung. (kembali)
14 § = 1810. (kembali)
15 Tanggal: gêgana sang brahmanaji (AJ 1810). Tahun AJ 1810 jatuh antara tanggal Masehi: 3 Desember 1880 sampai dengan 22 November 1881. (kembali)
16 haqiqi arannya. (kembali)
17 murad maksude. (kembali)
18 Ijtihad (Bhs. Arab). (kembali)
19 § = 1810. (kembali)
20 Tanggal: sirna sang salira purna (AJ 1810). Tahun AJ 1810 jatuh antara tanggal Masehi: 3 Desember 1880 sampai dengan 22 November 1881. (kembali)