Wulang Putri, Padmasusastra, 1898, #216

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wulang Putri

1. Kinanthi

1. dhuh gèr putri putraningsun | nadyan wus kanthi pinasthi | marang Hyang Kang Murbèng Titah | graitaning para putri | sapra asthaning pra putra | tarantananing pamikir ||

2. marmanggèr aywa sirèku | pasang sumèh jroning ati | katitik tyas tan sambada | marang apngaling Hyang Widhi | kang widagda tuhu wignya | anyolahkên bawa maring ||

3. iya ing manungsa sagung | luwih maning dera kardi | solahbawaning narendra | kang datan sêpi pambudi | gyanya angampil agama | kasuciyaning dumadi ||

4. tinindakkên lawan patut | pinantês-pantês tiniti | tinimbang lan isinira | nagara Surakartadi | tan kênage kinukuhan | angkuh ing tyas anglakoni ||

5. nini putri putraningsun | marmanira sira sami | krêjêting duga watara | rasakna dipun satiti | tata titinên kang têrang | pangroncènirèng pamikir ||

6. kêkêrên aywa kasusu |

--- 100 ---

sukuring ati sinêpi | piritanira kang kurang | mring lêlakoning dumadi | dumadine kadi sarah | anut ombaking jaladri ||

7. yèn dinadak tanpa usul | asaling nalar naluri | nalurining kang lêlakyan | yèn linalar datan luwih | winahya purbaning Suksma | suksmanên dipun katitik ||

8. yèn kasusu tan kêtêmu | mung nêmu tyas datan titi | makêtêr katiban kata | tataning sakang[1] tumitih | o ya talah awak ingwang | dadi gandrung awèh wangsit ||

9. wasita mring putraningsun | gandrunga sira ningali | lêlakon kang molah saka | kakikinira Hyang Widhi | muga putrining narendra | drawaya nalongsèng Widhi ||

10. supaya was sipta ayu | yuwanèng manungku manis | ywa ngênês dulu kaanan | lêlakon dunya puniki | mung kudu sumanggèng karsa | karsa-karsaning Hyang Widhi ||

11. dadi tyasirèku banjur | jêmbar nora ngijir-ijir | jarijwa angetang-etang | mung dèn etung budi langip | ngipatkên karsèng [kar...]

--- 101 ---

[...sèng] Hyang Suksma | suksmanên ywa age dalih ||

12. laladan karsaning napsu | sungkawa kasedan swami | nora nganggo miyak maya | maya-mayaning tyas êning | o gèr ywa mangkono sira | lêlakon ingsun puniki ||

13. satuhune sira durung | têrang lir Hyang Murbèng Pasthi | marmanggèr putra wanudya | samya sêdyaa ing ati | tata titining cumadhang | angadhang takdiring Widhi ||

14. di-adining putri prabu | utamèng tyas kang pinusthi | têgêse utama sabar | mring păncabayaning ati | tinampan sukur lan lila | lêgawèng tyas nrusing budi ||

15. budimaning tyas pinanggul | kasmaran kinêmpit-kêmpit | pinupu-pupu tan pisah | saksat gon ingsun mong branti | iya marang ibunira | kang tega ninggal wak mami ||

16. pirangbara putraningsun | gonira darbe sudarmi | kang lagi gandrung asmara | pujinên bisa tumuli | ana sihing takdirollah | paring brêkah wanitadi ||

17. katitisan jiwanipun | ibunta [i...]

--- 102 ---

[...bunta] ingkang wus lalis | lilaa yèn wus pranyata | katiban wahyuning sori | sira para putraningwang | wanudya putra narpati ||

18. nitika saka tyas putus | ingkang pantês dadi sori | sori swamine si bapa | kang lagya papa mong branti | brantanana tapa brata | gonira milu mangèsthi ||

19. mrih pinasthia rahayu | yèn rahayu sapa manggih | gumuyu dènnya kasrambah | basuki sajroning puri | puraya bisa angambar | nglimputi marang nagari ||

20. gara-gara kadi têdhuh | ngawiyat ima nawêngi | sakabèhe pandaming rat | surêm kawaranan riris | nadyan kalamun dèn nalar | mingsêting măngsa sayêkti ||

21. nging sira pra putraningsun | sumurupa sira sami | kabèh kaananing jagad | ing dalil kang dèn arani | sakathahing asya măngka | dudu Pangeranirèki ||

22. nanging wênang iku lamun | tinampan wangsiting Widhi | utawa dadi cundaka | cundakanira Hyang Widhi | dipun awas ing sasmita |

--- 103 ---

jroning jagad dèn katitik ||

23. titi palêsthaning wuruk | mring putraningsun pra putri | ri Soma tanggal sapisan | Ruwah Be dipun têngêri | osiking rat èsthi nata |[2][3] nata nitik dyah utami ||

2. Maskumambang

1. tumimbula riningsun garwa padêmi | tega têmên sira | aninggal rakaniraji | tujune manira bisa ||

2. amanamur nyandhak kalam gandrung nganggit | kata wangsit kama | tumrap mring putrèngsun putri | dhuh gèr para putriningwang ||

3. sumurupa ing laku kawan prakawis | dhihin yèn kataman | ing coba kudu mangèsthi | budi têmên lan tarima ||

4. kang kapindho dhuh anggèr lakuning ati | yèn kataman rundah | lêgawa lila dèn kèsthi | kaping tri lakuning jiwa ||

5. ing sarèhning dumadine jiwa nini | wus alus kalawan | sukci sira kudu musthi | kandêl-kumandêling suksma ||

6. kang kaping pat lakuning rahsa sarèhning | rahsèku wus mulya | kudu musthi awas eling | maring [ma...]

--- 104 ---

[...ring] kodrating Hyang Suksma ||

7. lawan maning sumurupa putra mami | lakuning agêsang | iku satuhune mêsthi | katamana suka sungkawa |[4]|

8. apadene bêgja cilaka wus mêsthi | marmanya ing mangkya | sun gêlar ing ngisor iki | yeka ingkang ingaranan ||

9. gung-agunge ing bêgja puniku nini | mung kawan prakara | gunawan ingkang sawiji | kasantikan têgêsira ||

10. dwi wiryawan kaluhuran lire nini | kaping tri artawan | sira dèn samya mangêrti | têgêse pan kasugihan ||

11. kang kaping pat berawan maksude nini | mapan sugih anak | muguh[5] laku pat prakawis | sayêkti uwus têtela ||

12. dadi panggayuh geyenganing[6] aurip | sêdyane manungsa | kanggonana pat prakawis | orane iya sajuga ||

13. suprandene para janma kèh kang sami | tan bisa kêtêkan | panggayuh patang prakawis | kang wus kêsêbut ingarsa ||

14. awit saka tan kuwawa nanggulangi |

--- 105 ---

ring pakartinira | kang pănca wisaya nênggih | măngka puniku dumadya ||

15. têtuwaning badan myang sanglinging budi | yèku sêsambungnya | tumamaning sêdya nini | lamun kataman sangsara ||

16. sapiraa gêdhening sangsara dadi | srananing nugraha | sangsarèku yèn tinampi | yêkti mung dumadya coba ||

17. sanadyan wus ana wulang kang kadyèki | prandene misih tan | wignya ngampah tumahêning | praptaning pănca wisaya ||

18. dhuh putrèngsun samya sumurupa nini | têgêse kang pănca | wisaya mêngko winarni | ingkang kapisan ro garda ||

19. maksudira laraning badan sayêkti | kalih sangsararda | yèku rêkasaning dhiri | katêlu ingkang winarna ||

20. wirang arda têgêse laraning ati | kaping pat cuwarda | yèku rêkasaning ati | dur garda pringganing nala ||

21. dhuh gèr srananira kang sawiji-wiji | bab pănca prakara | juga yèn kataman sakit- | ing badan enggal ngèsthia ||

22. sêtyaning [sê...]

--- 106 ---

[...tyaning] tyas lawan lêgawa kaping dwi | manawa kataman | rêkasèng angganta nini | angèsthia bêtah ngangkah ||

23. lawan lêmbah manah dene kang kaping tri | mênawa kataman | laraning atinta nini | ngèsthia titi lan taha ||

24. têtêg tuwin ngati-atia ing ati | kaping pat mênawa | kataman rêkasèng ati | iya enggal angèsthia ||

25. ênêng êning awas eling de kang kaping | lima yèn kataman | pringganing ati angèsthi | angandêl kandêl kalawan ||

26. kang kumandêl nêtêl santosa ing budi | muluring wasita | yèn sira arsa dumadi | sinêbut putri utama ||

3. Sinom

1. dhuh gèr wanita taruna | dipun tansah angabêkti | marang Hyang Kang Murbèng Titah | têgêse kang pangabêkti | nyirnakkên pakartining | kang pănca driya puniku | dene ingkang winastan | pănca driya iku nini | băngsa napsu kaya ta cêngil sêngitan ||

2. panastèn kêmèrèn lawan |

--- 107 ---

dahwèn kumingsun lan malih | ewan cêkak sarta rupak | sapanunggalane sami | kang kinira tan bêcik | yèku ywa kongsi tumanduk | mring sawijining janma | lan manèh sira dèn sami | jrih narendra dene kang aran narendra ||

3. ati-atine ing badan | dene dènira nglakoni | kudu titi têtêg tata | ngati-ati gyanmu sami | katitipan tyas budi | ing panimbang dipun putus | mamrih dèn dêl ing kathah | wêkasan samèng dumadi | samya kèdhêp ajrih ing prabawanira ||

4. maning sira angidhêpa | ing rama ibunta nini | têgêse sira nucèkna | iya sariranirèki | dene dènnya nglakoni | ênêng êninga ing kalbu | awas eling supaya | sirnaa nêpsunta nini | anganakna asih kalawan amurah ||

5. yèn mangkono dyah utama | tuhu pinasthi sirèki | kinèdhêpan ing sêsama | sêsamanirèng dumadi | lan sira kudu nini | mituhu anggêring guru | têgêse iku [i...]

--- 108 ---

[...ku] rahsa | dene dènira nglakoni | lumuh wani wuninga lan ngilangêna ||

6. pakartining pangrasanta | kang mangkono iku nini | ya bakal pinasthi sira | pinituhu ing sêsami | lan manèh nini putri | muga bisaa sirèku | momong samaning janma | supayanya sira nini | kinasihan ing Gusti Kang Maha Mulya ||

7. kalamun putrining nata | pranyata wus angsal ing sih | yèn buda jawatanira | ing mêngko sihe Hyang Widhi | sayêkti sira nini | pinangkat putrining prabu | kang widagda utama | dene sadayèku nini | kocap ngarsa linakon mawa sarana ||

8. tapa brata puja măntra | dene kang dipun wastani | iya nini tapa brata | limang prakara sayêkti | juga angêngirangi | ing bukti sarananipun | narima nadyan nyêgah | dhahar mênawa sirèki | tan narima apa ing saananira ||

9. iku sayêktine gagar | ping kalih nyênyuda guling | sanadyan anyuda nendra | nanging yèn linali-lali | bêbasan [bê...]

--- 109 ---

[...basan] tanpa kardi | katranganing nyuda turu | samya dipun waspada | upamane sira nini | wus baliyut ingkang panggah ciptanira ||

10. dèn jak ngaluyut supaya | tan koyup dening pakarti- | ning bliyut kang kaping tiga | angawisana sanggami | srana lila ing ati | mangkene pakartinipun | anyuda ing sanggama | yèn karêp dipun sabari | mrih ywa kongsi kabanjur kajating nala ||

11. lalu buru karaharjan | kang kaping pat sira nini | angampêta pangandika | têgêse panggagas nini | catur kang tanpa kardi | nini kalakone iku | kudu panggah santosa | sanadyana sira nini | tan ngandika yèn mêngku karsa sandeya ||

12. ping lima sira ngilangna | duka cipta srana saking | cahyaning locananira | angrêsêpi ingkang sami | sumewa nadyan nini | tanpa duka cipta tuhu | nanging yèn kurang marta | tan widada iku dadi | sadayèku kudu nganggo êmpan papan ||

13. sira samya sumurupa | liring êmpan [ê...]

--- 110 ---

[...mpan] iku nini | manawa dalu mangsanya | tarbukanira ing kapti | bêbuka sarat saking | sarèh sarekaning kayun | liring papan muriha | papan ingkang samun sêpi | têgêsipun nyirnakkên sănggarungginya ||

14. sănggarunggi kahanannya | kira-kirane ing ati | ingkang datanpa wêkasan | wêkasan iku bawuri | moring kawula Gusti | sira nini dipun emut | gon sun gandrung wasita | wasita marang sirèki | titi tamat panurat ingkang wasita ||

15. Isnèn Paing ing pănca wlas | Ruwah Be dipun têngêri | obahing para wanodya | èsthining driya[7][8] mongsèki | sawêlas sampun akir | kang riris maksih gumrujug | Langkir windu Kunthara- | di dalêm ingkang anulis | pujănggèstri kawula pun Adisara ||

 


saka. (kembali)
§ = 1816. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) sapisan (1) Ruwah Be: osiking rat èsthi nata (AJ 1816). Tanggal Masehi: Senin 25 April 1887. (kembali)
Lebih satu suku kata: kataman suka sungkawa. (kembali)
mungguh. (kembali)
geyonganing. (kembali)
§ = 1816. (kembali)
Tanggal: Isnèn (Sênèn) Paing pănca wlas (15) Ruwah Be: obahing para wanodya èsthining driya (AJ 1816). Tanggal Masehi: Senin 9 Mei 1887. (kembali)