Wulang Punggawa, Padmasusastra, 1898, #217

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wulang Punggawa

1. Asmaradana

1. kasmaran jêng sri bupati | ingkang lagya mangun suka | nèng Langênarja karsane | animbali wadyanira | lêlangên Jêng Pangeran | Prangwadana[1] kèhe catur | wuta bucu wujil dhêngkak ||

2. pêrlu mung kinèn cariwis | carita kang mamrih suka | kăndha dongèng saelinge | lalu rong ratri tan nendra | dadi sayahing mata | lêr-lêran pijêr angantuk | mata dhèmpèt dhasar picak ||

3. naracak sugih mangêrti | jêr ta wis lawas ginulang | mring gustine kang wus layon | dhasar wasis pramèng sastra | prawira wicaksana | dhèmês luwês mamrih sarju- | ning kadang mitra wandawa ||

4. drawaya amaring siwi | kang ing mangke winisudha | labuhan mrih utamane | ginupita

--- 174 ---

nèng padesan | ran-urane wong wuta | mung karya pangemut-emut | sukaning tyas sri narendra ||

5. nalika ri Dite kaping | salikur wulan lumakya | Byalakir Alip taune | sinêngkalan nyata mulya | saliraning sujanma |[2][3] wuta wujil dhêngkak bucu | antuk sihirèng sarkara ||

2. Dhandhanggula

1. widadaning carita ginupit | sri narendra dènnya mangun suka | nèng Langênarja ri Dite | tri latri lamun dalu | amirsakkên dongènging janmi | catur bucu myang picak | karya sêngsêm sagung | wadya ingkang samya seba | byar raina kasukan angabên kambing | lan wraha gantya-gantya ||

2. malême Soma gantya nambungi | dipradikan dalu dêrês kitab | tapsir lan pêkih wastane | kèh misil sah ing kawruh | angawruhi sucining ati | sarira batal kharam | najis miwah mêkruh | tartip têtêpe wong salat | pinrih jumbuh mokaranah lawan takbir | ekrame kang sinêdya ||

3. lawan wajibe [waji...]

--- 175 ---

[...be] salakirabi | waris wasiyat utang-piutang | wong nyilih tan ngulihake | tanapi dol tinuku | têbas gadhe wêtuning bumi | iku ingkang rinasa | bêbênêranipun | pêkih pasal mungin rannya | kang linalar linulur amrih lêstari | nagara adilira ||

Amad Ilkam

4. kang piniji maca kitap[4] tapsir | abdi dalêm pradikan kang mulang | santri nèng Langênarjane | Amad Ilham ranipun | dhasar punjul samaning kaji | marma piniji marang | kangjêng sang aprabu | sring dinangu babing rapal | lawan makna Ki Ilham dhasar mangêrti | condhong lan sri narendra ||

5. mula akèh murid para santri | saking mănca kayungyun mèt wulang | mring Amad Ilham kawruhe | sarèh pamulangipun | mamrih gampang ingkang nglakoni | winulang pinrih tuman | dènira mèt kawruh | tur koningan sri narendra | dadya mêmpêng pangajine para santri | pujine mrih katrima ||

--- 176 ---

6. marang kangjêng sri nata kang wajib | angganjar miwah angukum wadya | ki santri akèh melike | manawa bêgjanipun | antuk bumi pradikan dèsi | nganggur tur olèh pangan | sapa kang kadyèku | nadyan bapa kakinira | nora bisa wèh bumi nganggur binukti | aliha sri narendra ||

7. ingkang bisa wèh drajat mring janmi | sarta pinta kang patut ginanjar | sapangkate dhewe-dhewe | mung kari atêtunggu | bêgjaning wong ingkang tabêri | miturut ing sakarsa | iku adatipun | tan liya ingkang atămpa | kanugrahan kang miturut ing sakapti- | nira jêng sri pamasa ||

8. sabarêna sabarang binudi | dadi têntrêm adate katêkan | sêdya kang kalawan sarèh | ririh ngruruh mrih runtut | tutut titis murih lêstari- | ning karsa aywa cuwa | dumadya tan wuru | riwut gêla tan katêkan | sasêdyane sabên dina muring-muring | ring ari mêndêm arak ||

Chineesch

9. marakakên lali ati sêdhih |

--- 177 ---

nalikane êndême andadra | yèn wus turu ilang dême | mulih susahe emut | awak lêsah Cinane nagih | ginusah nora lunga | ngantêp ngajak padu | mring pradata ngajak bantah | salêsihe pratăndha kang dèn êcapi | pininta panyaurnya ||

10. nyelakana wus ngrasa ngêcapi | yèn nyanggêmi nora darbe arta | kang bakal sinaurake | ngikal basa siripun | dimèn sirna gugating kucir | si kucir saya jênthar | jêr ta wus winuruk | mring janma kang ngalap opah | mulanira Cina pelone gumingsir | tètèh wruh ing prakara ||

11. karanane wong jaman samangkin | dipun bisa ngampêt karsanira | kang tan pêrlu ing gawene | lan timbangên karuhun | aywa nganti kênèng piranti | tatale wus akathah | si kucir angrimuk | supaya dèn utangana | mêndhak-mêndhak si kusir ngisingi rai | gubras ambune ngambar ||

--- 178 ---

12. bubar-bubar tan ana niliki | sanak mitra tangèh yèn martakna | pae yèn bêgja wong kuwe | brubul sanake rawuh | ngaku milu mujèkkên dhingin | nalika misih mlarat | dadi sugih iku | wus mangkono kalumrahan | paribasan ana lintah padha minggir | na wadêr padha mara ||

13. pae lamun borèh lênga wangi | bêbêd kêling sabuk cindhe bara | kanigaran kalung rante | pangantèn aranipun | pasthi rêsêp kang samya tilik | tur nganggo sinugata | ing sakadaripun | pae lamun kênèng kala | linêbokkên mring wisma kang wus miranti | tan ana kang ngatêrna ||

14. nastitia dimène basuki | sanak mitra sabên dina prapta | tur padha rêna atine | sababe bisa nyuguh | ngacarani sumèh dènnyangling | dadya rahab kang samya | sinugata iku | pae lamun sugih utang | nadyan katon sugatanira prayogi | dhayohe kurang rahab ||

15. sabab wêlas wusananing wuri | bakal [ba...]

--- 179 ---

[...kal] suka anêmu dêduka | mangkana paribasane | mulane ta wong iku | aywa age kagêdhèn ati | tinata dimèn tata | têtêpe sakayun | ngayomi mring lyaning janma | mêmujia dimèn katêkan sakapti- | nira kang tan rêkasa ||

16. rumasaa apês badan iki | kang kuwasa mung Sang Hyang Wisesa | sumaraha sakarsane | sinuksma mrih sumunu | nêring karsa sosiking Widhi | sêmune sinêmbadan | dadi ran miturut | karsane kang duwe karsa | sêsuhunên sihing Gusti tam[5] ngêndhati | titi gambuhing cipta ||

3. Gambuh

1. pêpeling lalinipun | tyasing wadya kang samya balilu | lalu lumuh winulang nora pinikir | malah tyasèng salang surup | rupêk budine tur dhompo ||

2. pinardi dimèn wêruh | kang kajibah bêbauning ratu | trahing wirya kawuryaning tyase wêning | nanggapi karsaning ratu | patitis têtêp tan keron ||

3. tumpang-so pamètipun |

--- 180 ---

jêr ta melike dinokok ngayun | sire mayar yèn kalakon dadi sugih | gêr gumêrah pan ginuyu | jaksa karêpe mangkono ||

4. lolota aja iku | lêlurinên wulanging lêluhur | ingkang nalar dumulura anglêluri | lalarên prihên ywa kuwur | kawuryan tyasira bolong ||

5. ilang sumêlangipun | jêr melike malah nora sarju | misih eling wulange bapa lan wibi | utamane mantri iku | kang tatag marang pakewoh ||

6. kang pêkik warnanipun | ulat têguh jinêm lusing kalbu | solah ganggas ruming sabda ulat manis | dèn kawawang barang laku | sirèku parêk sang katong ||

7. tan wande mantri iku | mapan dadi utusaning ratu | kudu tètèh wicaranira pratitis | dutaning nata puniku | tan pantês kalamun bodho ||

8. pêrlu aja kêbanjur | kudu ajar wajibing tumênggung | aywa kêmba anggugah ati kang guling | jêr aja lali têrlalu | lumuh winulang lyaning [lya...]

--- 181 ---

[...ning] wong ||

9. wusana awakipun | pothar-pathir budine tan thukul | nora kênthêl ngalênthar budi tan dadi | tinitah mantri pangayun | kuwur budine cinopot ||

10. poma aywa kapencut | lêlabuhan kang mangkono iku | kudu sarèh ririh narimaning ati | titi sarèh dimèn gambuh | bupati aywa macethot ||

11. têrahe dimèn urut | titikane wong atuwanipun | dadi ontung yèn mangkono wong aurip | uripe saksat tan lampus | ginantyan turune manggon ||

12. mim amim ya alkamdu | lillahi rabil ngalamin iku | tan kuwasa kawula darma nglakoni | mêminta mring Hyang Mahagung | kumambanga mring Hyang Manon ||

4. Maskumambang

1. wus wajibe kumambang kawula iki | têgêse kumambang | sumaraha sang asung sih | sihana salaminira ||

2. sari-sarining karsa rinasa sari | mamrih tan sulaya | yêktine manungsa iki |

--- 182 ---

kakikine mrih karasa ||

3. kang kakiki sayêktine ingkang wrêdhi | basa wong suwita | kudu têmên lan tabêri | ras-arasênya binuwang ||

4. aywa wawang buwang karêm anèng panti | kang amrih gumiwang | mring ciptanya wong angabdi | dadi srêgêp aranira ||

5. wong sarêgêp pasthi wruh karsaning Gusti | têtela tan samar | wanuh manawa manoni | ninging karsa sang sinewa ||

6. wusanane manawa sira antuk sih | sih iku tan kêna | jinaluk yêkti tan kêni | mung cinadhang murih kondhang ||

7. kadhang-kadhing sring pinuju lunturing sih- | ira sang misesa | sarana antêpirèki | kang krêtarta sih mring nata ||

8. têtalinên tuladan mangkono kuwi | pasthine ingaran | janma têtêp angantêpi | mring wajibe nora ginggang ||

9. nganggang-anggang angas budi tanpa dadi | dalèha lêleda | dadi dêdalan bilai | nganthia sabaring karsa ||

5. Kinanthi

1. saranane wong yun luhung | bêtah

--- 183 ---

lapa kurang guling | elinga solah jêtmika | yèn wacana kudu manis | murih sêngsêming sasama | samaning manungsa sami ||

2. mrih masuk narimèng kalbu | bumining kang dèn wèwèhi | wohaning tyas sukur rila | badane kabawah sami | sabiyantu nut sakarsa | tan rêkasa kang pinardi ||

3. dadi atut tur piturut | manut sumarah mring Gusti | ontunge dadi bêndara | rinêsêpaning pra abdi | darajate wus gumiwang | kêkuwunge anawungi ||

4. lir kartika panjêr esuk | sumilak wadana mingis | kongas adining kusuma | mêmayu mandayèng nagri | graitanên dimèn srêdha | dasihe kapadhaning sih ||

5. sinukarta mrih tartamtu | tamtune utama titi | têtêp dadi pangauba- | ning wadya têntrêm ing ati | tamtu kêna tinuladha | tyase lir wulan dhadhari ||

6. amudhari tyas bariwut | ruwêt kang rawat wêwadi | wêdi lamun kauningan | mring sang ambêk ngumaladi | tan wande pinardi blaka | kacurnan [ka...]

--- 184 ---

[...curnan] kang ambêk juti ||

Kartawilaga

7. tinula-tula tinundhung | dhinadhung wayah bêdhidhing | mring padhang kasurang-surang | arang-arang kang ngaruhi | iba ta susahe ika | wong tan miturut mring Gusti ||

8. mati nèng sabrang kaduwung | klowang-klawung tanpa kanthi | sanak enake tan ana | ijèn mung amor wong lari | basane bae wong Jawa | pakewuh gone nyondhongi ||

9. cadhonge mung uyah sêkul | dêstun lomboke mung siji | esuk-esuk wus ginugah | kinon dhangir kêbon kopi | pinardi kalawan gêbag | Kartawilaga sung peling ||

10. elinge lungguhe iku | si nini bolenya bêli | rongèwu anggrise kuna | putu loro dadi mantri | gêdhong têngên lawan kiwa | tan lumuntur marang siwi ||

11. jêr anggêpe darbèkipun | gone nukokkên si nini | tan anglo kang duwe setan | mula sugihe [sugih...]

--- 185 ---

[...e] kêpati | tuku mantri langak-langak | pan sinêbut radèn bèi ||

12. dèn bèi gone sêkuthu | bupatine dèn bêsêli | mula wani matur dora | mring kangjêng sri narapati | nyuwunkên ran dèn tur tanpa | salsilahe saka ngêndi ||

13. asal sing Ki Agêng Butuh | bupatine sothal-sathil | jêr pêthêl marang kalangan | nora seba nora kêmit | pi-api pamite lara | pijêr tèkpo dèn tunggoni ||

14. sayah ngalih unggyanipun | mring kamar bolah lêlarih | lali sesuk dina Soma | sabab êndême wus dadi | dadi pamit esukira | ngêlu mulês mutah ngising ||

15. sêmune karsa kadurus | nanging ras-arasên mikir | pijêr nuruti kasukan | lali lamun duwe Gusti | tita budine dalèha | yèn pinardi luwih wêdi ||

16. jêr rumasa luputipun | wus lawas ingugung sami | punggung tumênggunge nora | bisa mardi marang mantri | pitutur kang mamrih arja | padha kapoka [ka...]

--- 186 ---

[...poka] samangkin ||

17. wit lurahe nora turu | tansah ngruruh ing pawarti | wartane sabarang polah | polahe kang dèn wêngkoni | iku prayoga tinulad | bupati mêngku prajadi ||

18. dêdimène turunipun | runtung tan ana nyêlani | iku nugrahaning titah | tinata kudu patitis | têgêse aran nayaka | sêsakane praja yêkti ||

19. iba ta jumêguripun | wong jinunjung mring sang aji | kajèn keringan ing kathah | tur ta nora nganggo picis | cis tra malu regentschap |[6] kalu trada jaga baik ||

20. kalu suka trima wuruk | jadi untungnya sendiri | di kata baik tingkahnya | orang suka dengen asih | na suda abis pantunya | nyng[7] ini tembang kinanti |[8]|

--- 187 ---

6. Sinom

1. lir taru katiban warsa | wong kang antuk sihing Gusti | riyu-riyu cahyanira | rumasa yèn bakal sêmi | pirabara wohnèki | yèn slamêt kêna ingundhuh | pinangan amirasa | pêloke dhinêdhêr maning | luwih bêgja yèn awoh rasa tan owah ||

2. tur wuwuh wohing ngayangan | iku upamane budi- | ning nayaka ingkang sêja | wuwuh darajat tan gêmpil | puwara ngrêksa nagri | graitane wuwuh-wuwuh | wêwêngkone kaloka | mulyakkên isining bumi | bok mêngkono dadi pantês ran niyaka ||

3. kongas budine tan angas | ngumala adoh mring melik | yaiku santri prawira | dadi tuladhaning mantri | kang sêja mamrih bêcik | mangkono labuhanipun | sumingkir mring kanisthan | angayunakên utami | mardi basa basukining saniskara ||

4. karanane wong ngawula | pinatah dadi bupati | sinung kèh rerehanira | kudu wruh wêwatêkaning |

--- 188 ---

mantri sawiji-wiji | traping karya aywa kidhung | tinurut parentahnya | sababe ta wus ngawruhi | têtêkone mantri kang ingêrèh samya ||

5. kaya ta para ngulama | pradikan kêtib lan modin | marbot juru suranata | tangèh yèn wruha ing wajib | lurahe mituturi | ananging nora ginugu | kêsèt angaji Kuran | kitab nora dèn praduli | lali lamun bumine pancèn ngulama ||

6. madat madon ngabotohan | nora wurung bakal maling | lali nora salat-salat | nèng desa adoh kiyai | pangulu mula lali | salat pijêr ngadu sawung | yèku pradikan sumyang | patut cinopot samangkin | pan tinarka adol apyun nora padhang ||

7. dhuh dhuh ta para ngulama | padha gêgulanga nuli | ngèlmune Jêng Rasullollah | sayêktine mupangati | kang ginêlar linuri | patang prakara trapipun | dèn têrang rasanira | tumrape sawiji-wiji |

--- 189 ---

dene wijang jêr ta iku basa Ngarab ||

8. dudu basane wong Jawa | aja ngawag kudu titi | têtakona kang têtela | rapal makna dèn muradi | dadi têtêp ngawruhi | patitising kawruh iku | kudu guru ngulama | ingkang wus sinêbut mukmin | mukmin kawas kang tan was tutur utama ||

9. utamane nglakonana | salat tasbèh sabên bêngi | lan tasjut iku prayoga | lir Jêng Rasul anglakoni | sabab yèn têngah wêngi | sarwa sêpi rasanipun | têntrêm wong nêdya salat | sumalat tumrapa agni | urubing kang dahana wor agninira ||

10. mangkono têtêping salat | para mukmin kang binudi | dadine wruh kinawruhan | kawula kalawan Gusti | iku têtêp nêtêpi | tan sulaya karsanipun | Gusti lawan kawula | lêlurinên para santri | tanpa ngêmis mung ngêmis marang kang murba ||

11. marma ta kadawa-dawa | dongènging wong picak dadi | pitutur marang ing wadya | jêr lagya

--- 190 ---

panujwèng galih | sri nata sung pêpeling | mring sagung kawulanipun | supadya nglakonana | wajibe sasiki-siki | sri narendra salira purna sajuga |[9][10][11]|

 


§ (= MN V). (kembali)
§ = 1811. (kembali)
Tanggal: Dite (Ngahad) salikur (21) Byalakir (Rabingulakir ) Alip: nyata mulya saliraning sujanma (AJ 1811). Tanggal Masehi: Minggu 12 Maret 1882. (kembali)
kitab. (kembali)
tan. (kembali)
Mulai gatra ke-5 sampai bait 20 bentuk tulisan Latin. (kembali)
nyang. (kembali)
Kurang satu suku kata: nyang ini tembang kinanti. (kembali)
§ = juga purna ing salira sri narendra. (kembali)
10 § = 1811. (kembali)
11 Tanggal: sri narendra salira purna sajuga = juga purna ing salira sri narendra (AJ 1811). Tahun AJ 1811 jatuh antara tanggal Masehi: 23 November 1881 sampai dengan 11 November 1882. Sangkala terakhir yang benar. (kembali)