Căndrarini, Padmasusastra, 1898, #219

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Căndrarini

Anggitanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita
Pujangga Agêng ing nagari Surakarta, awit saking dhawuhing timbalan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana IX.

Karsa Dalêm kasambêtakên dados Wulang Wanita.

Căndrarini

1. Sinom

1. kang agnya gita sri nata | ing Surakarta nagari | Pakubuwana ping sanga | mangun wasitaning èstri | ingkang cinitrèng ari | Rêspati tanggal ping pitu | Jumadilakir wulan | kanêm Be sangkalèng warsi | piyarsakna trusing kang sabda narendra |[1][2]|

2. liring kang wiyata arja | ujar ugêring pawèstri | kang winayuh dènnya krama | yogya ngupakarèng dhiri | majrênih mardiwèni | wiwida gănda rum-arum | rumarah ngadi warna | winoring naya mêmanis | mangèsthia ing rèh cumondhonging karsa ||

3. awit jênênging wanodya | pêgat dènnya palakrami | nistha nir kadarmanira | wigar dènira dumadi | sami lan manguntèki | kang badhar subratanipun | punggêl kasêlan cipta | marma sagunging pawèstri | marsudia widadaning palakrama ||

--- 208 ---

4. dèn kadi duk jaman purwa | garwanta Sang Pandhusiwi | kang kocap layang wiwaha | lêlima ayu linuwih | tiga putrining aji | kang kalih atmajèng wiku | pantês dadya tuladha | èstri kang kanggêping krami | winursita dyah lima candraning warna ||

Soembodro

5. kang sêpuh Wara Sumbadra | saking Mandura nagari | atmaja Sri Basudewa | ing warna ngrêsêpkên ati | sumèh kang netra lindri | pasaja ing driya tangguh | sêmu kurang budaya | awijang dêdêg rêspati | kuning wênês labête amung kêpama ||

6. tan pati ngadi busana | mangu kadung yèn lumaris | jêtmika arang ngandika | tan rêgu sêmune manis | lirih tanduking angling | lumuh ing wicara sêndhu | amot mêngku aksama | tuhune pribadi pinrih | sêtyèng priya datan lênggana sakarsa ||

7. mring maru kadi sudara | rumêsêp tan walang-ati | sanadyan kurang budaya | lêgawa anrusing batin |

--- 209 ---

winongwong widadari | labêt kadangira Wisnu | marma Sang Dananjaya | pamêngkune sêmu ering | marunira anggêpe sami nyuwita ||

8. myang raka Sri Baladewa | miwah Prabu Harimurti | kalangkung ing trêsnanira | marang Dyah Banoncinawi | kadang èstri satunggil | kapisah panggenanipun | mila tansah anduta | wau sang narendra kalih | tanya warta mring Sang Rêtna Madubrănta ||

2. Dhandhanggula

Manohoro

1. garwa ingkang panênggak winarni | apêparab Dèwi Manohara | saking pratapan wijile | putranira sang wiku | Manikhara ingkang palinggih | wukir tirta kawama | ing warna pinunjul | kadi gambar wêwangunan | netra jait antêng pamulune manis | yèn paès wimbuh endah ||

2. nadyan ngusut yêkti maksih manis | wănda luruh kang bau awijang | maya-maya sawangane | amardapa ngênguwung | kuning wênês masêmu wilis | lir Hyang pudhak sinurat |

--- 210 ---

katon warnanipun | tan pae pêpindhanira | ăndakara katawêng ima manipis | rumamyang amradipta ||

3. anyunari ingkang sitarêsmi | kuciwane pan namung samatra | dene lugas gêgêlunge | ananging maksih mungguh | sarwa ramping sranduning dhiri | marmanta kurang madya | ing pambayunipun | lir tawon gung kang gumana | lambungira satata amilangoni | kadya sêkar kintaka ||

4. lathi dhamis anggula sathêmplik | rêkta kadya kang manggis karêngat | kengis dening wiragane | waja amiji timun | rêntêt rampak ing pucuk kuning | kumilat wor wicara | wèh kêsar kang dulu | sarwalus sasolahira | yèn amèsêm iriban arang kaèksi | sinamun pangandika ||

5. têmbung arum rumakêt amanis | tandukira angêngayuh driya | bisa nuju ing karsane | priya myang marunipun | pinapangkat dènnya ngladèni | susila anoraga | sêpi ing piyangkuh | èngêt trahing dwijawara |

--- 211 ---

bêtah nglapa karêming băngsa ngastuti | asmara mring sasmita ||

3. Asmaradana

Hoeloepi

1. panêngah Dèwi Ulupi | atmajanirèng pandhita | Bagawan Kanwa wastane | dhepok wukir Yasarata | endah rêspati warna | liringe anunjung biru | sumorot kadi kartika ||

2. dhèmês sêdhêp mêrak ati | kadi pratima rinêngga | sarêntêg bang-bang awake | mawèh brănta kang tumingal | liringe pindha wulan | tan pêgat maèsmu guyu | kengis kang waja gumêbyar ||

3. antênge wêkasan kèksi | sumèh ing pamulunira | pantês yèn amathêt lambe | ngiras mintokakên waja | wangun tètèsing toya | kataman baskara nawung | lir tranggana mrih sasana ||

4. jaja wêlar wêwêg isi | gêmuh ingkang payudara | parigêl patrap solahe | kèwês wêdaling wicara | tinut liringing nitya | tandang tanduke rumêngkuh | mring priya myang marunira ||

--- 212 ---

5. bisa cawis angladèni | kang dadi karêming priya | myang putra cèthi sêdene | marma wong sa-Madukara | ajrih asih sadaya | suyut tur mawa kayungyun | prabawa wijiling tapa ||

4. Mijil

Gondowati

1. garwanira Sang Partasumêndhi | ingkang cinariyos | Rêtna Găndawati kêkasihe | Sri Arjunayana kang sêsiwi | natèng Sriwadari | ing warna pinunjul ||

2. dêdêg ngropoh sarira anglêntrih | tur mardapa tinon | kuning wênês wingit pasêmone | antêng jatmika ruruh yèn angling | ing wiweka titi | kurang gujêngipun ||

3. rema mêmak ngendra wila wilis | ngrarompyoh kang sinom | jăngga lumung wêlar pranajane | maya-maya lir cêngkir piningit | anggandhewa gadhing | wijang baunipun ||

4. wiragane anênangi branti | yèn lumampah alon | ngêmbat madya alêmês lambunge | anglir tunjung lumengganging warih | kasiliring angin |

--- 213 ---

wah gandanirarum ||

5. susilèng tyas sumawitèng laki | dumulur sapakon | kinawruhan maru sêsikune | winaweka winoran mêmanis | yèn rêngat pinlimping | ing wicara arum ||

6. wasis saliring karyaning èstri | rêratus kêkonyoh | widadari sang dyah pagurone | winulangkên mring marune sami | mrih dadia kanthi | ngladèni ing kakung ||

5. Kinanthi

Sikandi

1. garwa kang pamêkasipun | nama Sang Wara Srikandhi | saking nagari Cêmpala | rêja ingkang asêsiwi | Sri Maha Prabu Drupada | ing warna tuhu linuwih ||

2. jênar pasariranipun | kadi kancana sinangling | wadana nuksmèng sasăngka | liringe galak amanis | budiman ingkang umulat | sèdhêt dêdêge rêspati ||

3. gandhang kang wicara tanduk | gandês kèwês anglayoni | tulus raharjaning driya | kalamun slanggatan angling | datan [data...]

--- 214 ---

[...n] mawi tiningalan | sinambi ngliring dariji ||

4. amung lawan kakungipun | kalamun dèn andikani | patitis saulonira | cumondhong mapankên liring | sumèh èsmu guyunira | gumêbyar kang waja kengis ||

5. narawung lir thathit barung | tumêmpuh sumyur ngênani | curna prananirèng priya | marma lamun dèn ladosi | marang Sang Putri Cêmpala | Sang Parta sande anangkil ||

6. lawan sukane sang ayu | maos sagung srat palupi | kang sêkar Wisatikandhah | swara arum tan brêbêgi | kenyut sanggyaning miyarsa | yèn sampun dèn wursitani ||

7. bakit mantês lan mêmangun | jumbuh ingkang busanadi | tumrape marang sarira | ing warna tibaning wanci | nyamlênge tan mindho karya | dadya tuladaning èstri ||

8. miwah marang para maru | rinasuk dipun slondhohi | nora keguh rinêngonan | gapyak-gapyuk dèn srowoli | dadya nora bisa duka | lêjar lumunturing kang sih ||

--- 215 ---

9. puwara momong angugung | marang Sang Rêtna Srikandhi | tuwin Risang Dananjaya | antuk babah dènirasih | nanging Sang Rêtna Cêmpala | tangèh yèn agêng kang galih ||

10. awit wus waskithèng tuduh | dadya dènira malês sih | bêkti marang maratuwa | gumati mring Dèwi Kunthi | pamunjunge sabên dina | sakarsane dèn turuti ||

11. yeka ta caritèng dangu | èstri kang kanggêp ing laki | nalikane jaman purwa | wus kawilang yèn utami | marma yogya pinirita | pakolèhe pinarsudi ||

12. pinangkat sakadaripun | kang kanggo ing jaman mangkin | ywa kongsi tanpa tuladan | buwang caraning dumadi | bokmênawa tibèng nistha | ina lupute pribadi ||

13. tatas titising pangapus | gita wiyataning èstri | sang maha pramèng lukita | satêtanggung ingastuti | waranta sri naranata | winastan srat Căndrarini ||

--- 216 ---

6. Pocung

1. dyan pinucung mastuti rèhing pitutur | èsthining wardaya | mêmudhar wêdharing budi | bramintèng tyas taman kêndhat analăngsa ||[3]

2. ruwiyanung amarna rèh garwanipun | Arya Dananjaya | maksih sakawan winarni | padmi kalih kêkalih pangrêmbenira ||

Manik Ardjo

3. kang tinutur rumuhun dyah kang jêjuluk | Dèwi Manikarja | putrane jawatèng warih | ajêjuluk Pukulun Sang Hyang Baruna ||

4. tuhu punjul warnanta sang kusumayu | prasajèng lêlewa | jênar pasariran gilig | maya-maya tinon lir sarpakênaka ||

5. dêdêg ngrangkung yèn lumampah lêngkung-lêngkung | amucang kanginan | netra jait naya lindri |

--- 217 ---

imba layu malêngkung kadi wangkawa ||

6. pindha juruh èsême winor lan tanduk | arum ngarah-arah | rumakêt rêsêp tarampil | liringira lir thathit barung lan kilat ||

7. ambêk sadu jatmika ing driya tangguh | bêkti marang priya | susila anut sakapti | kinawruhan rêngune maru lan garwa ||

8. lir sadulur rumêngkuh atut aruntut | tan ana rinêngat | mring maru nir walang-ati | bisa karya gambuhing wardayanira ||

7. Gambuh

Mae Sworo

1. garwa ingkang kapitu | Dyah Maèswara panênggakipun | sang sudèwi putri saking Argadani | yoganing sang maha wiku | Sidhi Wacana kinaot ||

2. sama-samaning wiku | sang rêtna tuhu warna pinunjul | anyunari tinon lir pratima gadhing | lêkêring wadana mancur | kuning mawênês cumlorot ||

3. wandanira sang ayu | dêdêg pidêgsa sarira pupuk | wêwêg musup turut saranduning dhiri | amardapa [amarda...]

--- 218 ---

[...pa] sri ngênguwung | pindha sasăngka mancorong ||

4. balerah netra cancut | idêp rampak rêntêt nêngèng luhur | roning imba alisnya kêtêl tur langking | kang athi-athi malêngkung | mring karna ngrompyoh kang sinom ||

5. waja tètèsing ranu | sumorot pindha kartika nawung | kengis lamun wicara linuding liring | saengga kilat mrih dunung | wèh kêsaring tyas kang tumon ||

6. tanduk atuntung guyu | luwês wilêt sasolahe patut | lêlewane satata amilangoni | bêksanta susilèng kakung | jatmika anut sapakon ||

7. miwah mring para maru | rumakêt rêsêp tan darbe rêngu | sih-sinihan wus kadi kadang pribadi | suka pirêna sadarum | marang ing dyah garwa anom ||

8. sumungku mring marsêpuh | marang garwa pangrêmbe sih mêngku | dadya runtut runtungan saeka kapti | padmi pangrêmbe aguyub | tan pêgat tyase

--- 219 ---

agolong ||

8. Mêgatruh

Raras Ati

1. sampating kang caritèng garwa pêpitu | ingkang minăngka padêmi | garwa pangrêmbe winuwus | lire pangrêmbe pan sêlir | kêkasihe kang sawiyos ||

2. Rêtna Rarasati parabe sang ayu | nikèn sutane patinggi | Ki Ăntagopa pêpangul | bawahing Mandura nagri | Widarakandhang ran dhukoh ||

3. warna punjul kadi lêpiyan winangun | dadya angebat-ebati | labêt tinggal bapa biyung | ambêsat citranta luwih | kadi sasăngka duk miyos ||

4. dêdêg sêdhêng pidêgsa sarira lurus | wănda jênar anyunari | anglir kancana ginangsur | wadana lancap arêsmi | ujwalanira sumorot ||

5. netra jait baranyak sumèh pamulu | gandhang kang swararum manis | sasolahe têka patut | dhèmês pantês mêrak ati | gandês luwês yèn miraos ||

6. liringira lir siring ingkang

--- 220 ---

kilat pyuh | sêmbada utamèng budi | susila anuting kakung | myang maru tan walang-ati | rêsêp rumakêt sumlondhoh ||

7. têpung rukun tan ana kang darbe rêngu | karana waskithèng budi | tan kewran ing agal alus | sanadyan wijiling alit | tan pae atmajèng katong ||

8. amumpuni krêtarta ing driya tangguh | pasanging graita lantip | sang rêtna pakaryanipun | bawani sagung sêsaji | dhadharaning priya among ||

9. sarwa wasis masalah pangolahipun | dhadharan kang adi-adi | cara Suralaya patut | wulanganing widadari | mawarna-warna kinaot ||

10. sumawana sang rêtna rikalèng dangu | parêkanira sang dèwi | Wara Sumbadra sih lulut | nyuwita saeka kapti | myang kadang tunggil pasuson ||

11. marma marunira sadaya tumutur | trêsna lir sayayah bibi | Sang Parta kasok sihipun | sira dyah sumungku bêkti | tan [ta...]

--- 221 ---

[...n] kumambang lair batos ||

9. Maskumambang

Soelastri

1. pamêkase garwa pangrêmbe winarni | putri bêboyongan | saking pulo Rajapêthi | putri Sri Sasrakusuma ||

2. apêparab Sang Rêtna Dèwi Sulastri | tuhu yu utama | lêgawa anrusing budi | susila solah pasaja ||

3. wănda jênar sêmu wilis netra lindri | jatmika nuraga | tanggon pamulune manis | wênês ijo amardapa ||

4. dêdêg ngronje awija[4] kang buja gilig | turut lumung jăngga | madya pambayunnya kadi | gadhing tinon maya-maya ||

5. rema mêmak lêmês ngendra wila wilis | imba lir wangkawa | wiragane ngincang alis | binar myang èsêm nyarkara ||

6. mawèh brănta kang tumingal sang rêtnadi | kadi singa lupa | lampahing pada tanduking | amêmbat lambung lir bêksa ||

7. pambuncanging asta anggandhewa gadhing | amanyura kontal |

--- 222 ---

satindak mangu manolih | kadi rêbah kabaratan ||

8. ambêksanta sêtya tuhu marang gusti | dumulur saprentah | sumala marmanta asih | sang arya myang para garwa ||

9. dhasar nguni minăngka patiba sampir | sang dyah lan curiga | wasiyat ran Pulanggêni | dadya srananing pangantyan ||

10. tan pêpeka pra maru sadaya asih | sabên sinusupan | karsane sawiji-wiji | wijahing budi raharja ||

11. pakaryanta sang kusuma ambawani | busanèng sang arya | tuwin Dyah Banoncinawi | myang Raja Putri Cêmpala ||

12. katiganya Rêtna Dèwi Găndawati | marma dyah katiga | rumêsêp sêngsêming asih | rahap-rumahap sadaya ||

13. pangrêngkuhe mring Rêtna Dèwi Sulastri | rumakêt lir kadang | kang anunggal yayah bibi | tan kaba-kaba ing driya ||

14. ing pamarah pamuruke kang kranaris | samatra tan măntra | yèn maru maroning laki | tangèh rêngu rêngating tyas ||

15. mandar panyiptane [panyi...]

--- 223 ---

[...ptane] pra garwa pangarsi | mring Sulastri Rêtna | ingakên kadang wuragil | linaêla pinilala ||

16. nanging ciptanira putri Rajapêthi | tanna pisan-pisan | ugungan agunging galih | malah susila ngawula ||

17. sungku sungkêmira kamantyan jrih asih | mring maru kang wrêdha | pan samya inganggêp gusti | kinawruhan sowang-sowang ||

18. bisa mangkat ing parikrama basaris | rumêsêping prana | nadyan antênging patitis | nêtês rumanti ing driya ||

19. tan kumêndêl kumandêl kêndêling budi | nyênyama utama | yèn sam[5] atmajèng aji |[6] malêjêri ing prajarja ||

20. ing sarambut aran nora anglabêti | cipta kang mangkana | mung kumawula anggusti | cumadhong cadhanging karsa ||

21. siyang dalu mung nêdya rumagang kardi | sumurup rumahab | sumusup rumêsêp ngati | atêtês satiti tata ||

22. dene marang samane garwa taruni | mring Kèn Rarasatya | rumêmên dènnya nglumuhi | atut runtut tan kêna sah ||

23. tan kêmeron [kê...]

--- 224 ---

[...meron] yèn maron maru sinêlir | pangrèhing pangarah | sakaroron nunggal kapti | lêrêm rèhing pasudaran ||

24. mong-ingêmong tan sêmang-sêmang salami | sama parimarma | narima kadarman kalih | amot mêmêt ing utama ||

25. dadya Sang Dyah Sulastri ing siyang ratri | katrêm sinagotra | pinitrêsna sang suputri | putrine Sang Pandhuputra ||

26. ganti-ganti dènira angrumantèni | mêmatah pakirtyan | sangkêp ikating pangrakit | tuhu tyas pasthika maya ||

27. marma sagung cèthi parêkan ban sami | yam-yamên umiyat | ambêking Rêtna Sulastri | sêtya lêgawa ing karsa ||

28. maring dasih tansah mangangsungi ing sih | ing karsa arsaya | marma pra dasih jrih asih | sumusup samya rumêksa ||

29. amêmudya karaharjaning dumadi | dumadining sêdya | sêdyaning wong gurunadi | nadi sudiya rumabda ||

30. para maru mêmêruha ing pangarih | nuruh manohara | aruma lir sari-sari | rumaras rèhing sarira ||

--- 225 ---

31. kinaruha dera Sang Wara Apsari | mêmurih nyudara | rêm-rêma rèhing aurip | iswara kowaraningrat ||

32. papas papal palupi kang rinarêpi | panjurung wuwuhan | garwanta Sang Pandhusiwi | sanggyaning para wanodya ||

33. ngastutia tata-tataning pawèstri | rèhing palakrama | ngêmu malaku utami | telada kang kacarita ||

34. dèn asabar sadu darana ing budi | ngawula ing priya | suprihên waluya jati | aja ngêgungkên wanodya ||

35. sayêktine kudu surti ngati-ati | nastiti ing tata | ngawruhi ambêking laki | lakonana tarak brata ||

36. aja kurang samapta tataning kapti | rumanti ing patrap | pinataha kang patitis | pantêsên pangruktinira ||

37. lawan kudu dèn bisa nuju ing laki | apa kang sinêdya | lamun ora bilaèni | iya kalarên kewala ||

38. nadyan kina marua ing sanga sisih | aja pisan-pisan | nganti saksêriking laki | têrusna

--- 226 ---

dalêming driya ||

39. aywa cipta panas mring marunirèki | mandar surupana | supaya lulus lêstari | utama panêmunira ||

40. sawatara dèn bisa angirib-irib | nelad labuhannya | garwane Sang Pandhusiwi | widadaning palakrama ||

41. măngka iku putrane para narpati | myang sutèng pandhita | tan pae darahing luwih | tapa lan amêngku praja ||

42. suprandene tan măntra-măntra nglabêti | yèn darahing tapa | miwah darahing narpati | sungku sungkêming ngawula ||

43. maring laki pangrêngkuhing batharadi | ngudi kawidadan | jrih têruse lair batin | cundhuk cumondhong ing karsa ||

44. marma para kênya eling dèn aeling | ngelingana nulad | laladaning wanodyadi | sêdya angudi widada ||

45. yêkti abot pratikêle wong akrami | aywa anggêgampang | amiyagah ing pambudi | luput pisan kêna pisan ||

46. lamun gampang sayêktine luwih gampil | yèn angèl [angè...]

--- 227 ---

[...l] kangelan | tan kêna tinambak warni | myang tinambak rajabrana ||

47. titi tamat panitranirèng ratyadi | kang măngka pralambang | palupining pra kênyadi | raharjaning palakrama ||

48. amarêngi ing ari Anggara Kasih | candrama sutrêsna | pralikan Rabingulakir | kayuman warsa Jimawal ||

49. sayogyane kênya mangèsthia jati | lambanging sangkala | rikala manurat jari | mangayubagyèng wasita ||

 


§ = 1796 [sic]. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) pitu (7) Jumadilakir Be: piyarsakna trusing kang sabda narendra (AJ 1792). Tanggal Masehi: Kamis 19 November 1863. (kembali)
§ Taksih wontên malih sakawan garwanipun Radèn Pamade ingkang dèrèng kacariyos ing mangke kasambêtakên kalêbêt ing sêrat Căndrarini, karanganipun Radèn Mas Panji Esmubrata putranipun Kangjêng Pangeran Arya Natabrata I putra dalêm kaping V. (kembali)
awijang. (kembali)
sang. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn sang atmajaning aji. (kembali)