Darmarini, Padmasusastra, 1898, #1347

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Darmarini

Kasambêtakên dados Wulang Putri.

--- 149 ---

1. Pocung

1. kang tinutur marna rèh mring para sunu | wanodya kang samya | manungku ing palakrami | pan mangkana ingkang winêdharing kata ||

2. dipun tuhu anglakonana puniku | kang sangang prakara | wijange sawiji-wiji | dhingin mantêp lire tan niyat mring liyan ||

3. kajaba mung ngamungna ingkang amêngku | iku lakinira | kapindho têmên winarni | têmên iku nora silip ing sabarang ||

4. dora wuwus dene ta kang kaping têlu | dipun anarima | apa sapanduming laki | ping pat sabar têgêse ywa sring dêduka ||

5. cêpak nêpsu ping lima bêktiyèng kakung | de bêkti mangkana | tan wani sarta ngajèni | nora lancang ywa wani andhinginana ||

6. barang laku mêngku ngêkul nora ayun | babaganing priya | wêdia bênduning laki | kanêmira kang gumati marang priya ||

7. kusung-kusung sêsaji ngopèni kakung | barang kang kinarsan | tanapi [tana...]

--- 150 ---

[...pi] yèn sukêr sakit | mulasara sung usada mrih waluya ||

8. kang kapitu mituhu sabarang tuduh | manut nora pugal | kawolu rumêksèng laki | bisa simpên yèn ana wadining garwa ||

9. tyasira sru ngeman ngowêl ywa katêmpuh | sakèhing bêbaya | kasanga wiweka pasthi | pradikaning wiweka ingkang santosa ||

10. ja katungkul sadina-dina kang emut | aywa pêgat-pêgat | ing rina pantara ratri | sariranta wanita èstu tan daya ||

11. amung dipun santosa sajroning kalbu | mring godha rêncana | sapira gone jagani | priyanira sira yêkti nimbangana ||

12. kudu-kudu wiwekane dipun bakuh | tan kengguh ing coba | iku awakmu pribadi | kang rumêksa sumingkira rèh tan arja ||

13. wanudyèku manawa kuwat ing kalbu | yêkti lakinira | dhêmên wêlas tulus asih | tur pitaya rêsêp rumakêt sutrêsna ||

14. sun sêsuwun ing

--- 151 ---

Gusti Kang Maha Agung | sinunga kamulyan | ing awal tumêkèng akir | putra-putri kang mangèsthi marang garwa ||

2. Gambuh

1. supadi dadi gambuh | gonira nglakoni wuruk iku | sumarmanta wara sinawunging sari | surasane dèn kacakup | kabèh wajibing wong wadon ||

2. witana kang kadulu | kang kapyarsa wanodya puniku | lamun pêgat dènira apalakrami | ana ping pindho ping têlu | ping pat ping lima kalakon ||

3. sangsaya wuwuh-wuwuh | pocapane ala nganggo saru | li warise kêsêl gone dadi wali | kajaba yèn pêgatipun | nora tulus karahayon ||

4. tinakdir ing Hyang Agung | kayapriye kawula yèn lumuh | yêkti kudu nglakoni lumrahing urip | wong wadon ana kang mêngku | priya kang wus dadi jodho ||

5. aksamanta sadarum | pra sujana sarjana de ulun | kumawawa ngapus wêwulang mring siwi | silara ing saru siku | tan [ta...]

--- 152 ---

[...n] wrin lukita kinaot ||

6. mung adrêng driya kudu | karya tilas têmbe wuri besuk | ingkang srêdha manulat pariwaradi | dinulurna ing Hyang Agung | tinut putra wayah wadon ||

7. puji-pinuji tulus | sakaronron èstri lawan jalu | antuk brêkah oyod rondhona salami | sawarahing rama ibu | ywa tuna sihing Hyang Manon ||

8. narambahana sagung | kulawarga kadang myang sadulur | kacumpuning sandhang pangan sugih singgih | titi cuh-cuh para sunu | mituhua ing wiraos ||

9. dadya pangemut-emut | rikalanira mangriptèng kidung | sampat ari Sukra wanji[1] jam saptenjing | Jumadilakir Sitangsu | nêmbêlas wimba katonton ||

10. Maktal măngsa Dhêsthèku | Alip ăngka sèwu wolung atus | lan sawêlas[2] ingaran srat Darmarini |[3] minăngka wasitanipun | marang putra wayah wadon ||

 


wanci. (kembali)
§ =1811. (kembali)
Tanggal: Sukra (Jumungah) nêmbêlas (16) Jumadilakir Alip: sèwu wolung atus lan sawêlas (AJ 1811). Tanggal Masehi: Jumat 5 Mei 1882. (kembali)