Wara Ratna, Padmasusastra, 1898, #1348

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Wara Ratna

Kasambêtakên dados Wulang Putri.

--- 154 ---

1. Pocung

1. nêmbang pucung parlu mardi dibyèng kawruh | wruhing tatakrama | myang nistha madya utami | tumraping wong wanita salaminira ||

2. kang kalaku madya utama kapungkur | nistha ingkang kathah | tata nistha krama nisthip | arda darung kang ardane ngămbra-ămbra ||

3. saya kidhung widhung kau kiyal banjur | dènnya mrih utama | nanging nistha tuhunèki | ingkang madya utama ingaran nistha ||

4. ingkang nistha sinêngguh utama luhung | mulane kaardan | nisthane arda andadi | warah wuruk lumayua nunjang palang ||

5. sababipun lêkêt marang nisthanipun | madyane sru gila | utamane mlayu ngênthir | mung ki basah ni papa ingkang suwita ||

6. mring wong darung kang arda ing nisthanipun | tan wurung tuhunya | kênèng cinthung ni papèki | kaki basah masang kala mawa wisa ||

--- 155 ---

7. yèn tan emut suwitane kalihipun | wiwekane sirna | sarta wus pasthining Widhi | nistha arda kabanjur salama-lama ||

8. dhuh sutèngsun rungunên manira wuruk | kabèh kang tinitah | rèhning ta sira pawèstri | ingsun karya sanepa wêwulangira ||

9. ingsun cêkak supaya enggal dhinapur | nini putraningwang | èstokêna basa gati | basa wadon iku wadi têgêsira ||

10. milanipun wadi tan kêna kawêtu | kudu rinawatan | tan kêna lèh wèr ing kardi | dipun sami eling jênênging wanodya ||

11. têgêsipun wanodya wade puniku | upamane sinjang | dhasar alus ingkang mori | panggarape apik babarane brêgas ||

12. yêktinipun sêndhal akèh payunipun | pan datan sok wonga | ingkang nganggo jarit bêcik | yèn pinuju bêgja kagêm ing bêndara ||

13. sukur sèwu bisa kagêma ring ratu | iku upamanya | sira nini

--- 156 ---

dèn pakeling | upamane yèn wade morine ala ||

14. mori lumbu groboh ing panggarapipun | babarane ala | yêkti kang nganggo wong cilik | pirabara kalamun tiba wong desa ||

15. wani tuku malarangi rêganipun | yèn tiba sudagar | tan ana ajine pasthi | yèn kasêlak butuh dadi tanpa dadya ||

16. dhuh sutèngsun iyèku sanepanipun | sasmita kang nyata | ngong cêkak wêwulang iki | dèn èstokna rasaning srat Wara Ratna ||