Rêrêpèn Nawung Brănta, Padmasusastra, 1898, #1352

JudulCitra
Terakhir diubah: 26-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Anggitan Dalêm Sampeyan Dalêm kaping IX.

Rêrêpèn Nawung Brănta

1. Kinanthi

1. yam yam tilam dhuh mas ingsun | jêjimating tilamsari | kumalane jro paprêman | manis-manising jinêmrik | mêmalat nganyut wardaya- | ning priya lumentar[1] kentir ||

2. tarlèn mung mangayun-ayun | parentah sang pindha gêndhis | supadya mangrurah sêkar | kang dumunung anèng wèni- | nira sung enggaring grana | tumuntur osiking laki ||

3. kacaryan wudharing gêlung | kalênglêngan lalu nganti | lêsahing ăngga suhing tyas | kentaring wastradi luwih | wiyoga lamun tan panggya | musthikane kang piningit ||

4. bramara nèng kisma dunung (tawon tutur) | pasewakan jroning puri (srimanganti) | tumuntur mung nganti karsa | prajagung sawetan Mêsir (Ngêrum) | rum-arumira pininta | pininta dimèn patitis ||

5. tumraping kang wastra alus | ywa suwara jroning puri | yèn kalêbon duratmaka | curiga gêming pawèstri (patrêm) | panênggak putra Wiratha (Utara) |

--- 238 ---

dèn têntrêm ywa ngatarani ||

6. wusing karya (dadi) jayèngranu[2] | bale atma kang kinawi (angên-angên) | dumadi kangêne dadra | slaka cinitra walandi (kêton) | kamitonên dhuh bêndara | kang mradapa jroning puri ||

7. pirangbara sabên esuk | kalilan lumêbèng puri | barêsihi dhatulaya | kang tirta mili lêstari | sumyahing kang taru puspa | kakênan kang tirta wêning ||

8. rêmbaka kang lata timbul | tumaruna wohnyandadi | sêdhêng tinon kacaryan tyas | dening pandaming Wêlandi (sêtrali) | tan lali lêlangênira | jro pura angsung mêmanis ||

9. manis kararasing arum | rumiat sari ingungkih | kongas gandane angambar | madunya tumamèng lathi | sumyahing driya kapadhan | duhkitaning tilamsari ||

10. Anggara Manis sitèngsu | rolikur Rabingulakir | Kuningan kang măngsa Dhêstha | taun Be windunya Adi | sangkalanira ginita | raga sirna pandhita di |[3][4]|

 


kumentar. (kembali)
Teks asli ada tanda tanya (?) pada akhir kata ini. (kembali)
§ = 1801 [sic]. (kembali)
Tanggal: Anggara Manis (Slasa Lêgi) rolikur (22) Rabingulakir Be: raga sirna pandhita di (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 15 April 1879. (kembali)