Ibêr-ibêr, Padmasusastra, 1898, #1354

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ibêr-ibêr

Dhumatêng Kangjêng Pangeran Angabèi.

1. Sêkar Walagita

1. janggan wrêdha (wasi) | atmaja Sang Wrêsniwira (sanga-sanga) | kang wasita jêng sinuhun kaping sanga ||

2. parab Karna (Suryaputra) | waruju Prabu Rawana (Dasawikrama) | mring kang putra pambajêng kang badhe krama ||

3. tuduh warna (kana) | pamomong Patih Udara (Sabda Palon) | pan mangkana wijiling sabda narendra ||

4. jarwa ima (mega) | wêrdining rèh tan lênggana (nurut) | muga sira kulup bisa nurutana ||

5. jambe wana (piji) | candrama tanggaping warsa (Sura) | pamujine wong sapraja Surakarta ||

6. lêmbing rawa (bibis) | mina jêmar ing samodra (gêrèh) | dèn abisa nambung ing rèh pangupaya ||

7. nambar wisa (têguh) | tanu gêng munggèng narmada (baya) | aja keguh mênawa ana bêbaya ||

8. gêntha gora (jam) | patih jaba ing Mandura (Prabawa) | wis jamake wibawa kêna ing coba ||

--- 242 ---

9. tilam kumba (bantal) | palisir tumraping rodha (wêngku) | yèn batala tan sida mêngkoni praja ||

10. mardi toya (urung-urung) | sumêndhi Sang Meganănda (Trikaya) | lamun durung kayapriye susahira ||

11. patra nila (tom) | ari nata ing Kumbina (Ugrasena) | dèn atămpa nugraha kang bakal tiba ||

12. kăndha carma (lakon) | pusara tumrap pandaya (jêjêt) | yèn kalakon dadi jêjêting nagara ||

a. Dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom

2. Pocung

1. kang pinucung kacancanging driyaningsun | myating kadangira | katon trêsnane mring mami | nalikane manira tan èngêt ika ||

2. kuyu-kuyu lumayu sarwi rawat luh | wusanane mangkya | tan ana tinjo sawiji | yèn mangkono tangise anggawa brambang ||

--- 243 ---

b. Id.

3. Kinanthi

1. cabak kanthi salam ingsun | marang sira anak mami | kaki pangeran dipatya | wiyose ingsun wus tampi | kintaki tur-aturira | surasane sun wus uning ||

2. siranggèr minta arta mung | rong èwu kinarya mipik | prabote biyadanira | ing mêngko ingsun maringi | sapuluh èwu wang krêtas | supaya rata ywa mèri ||

3. rèhning pêrlu karyanipun | dadi nora nguciwani | têntrêma wêwêngkonira | nir rêribêd ngrubedani | mring karêp kang mrih utama | katamana ing mêmanis ||