Wedhatama, Angabèi IV, c. 1900, #1316

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Wedhatama[1]

1. Pangkur

1. mingkar mingkure mungkara[2] | akarana karênan mardi siwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih kêtarta[3] pakartining ngèlmu luhung | mung[4] tumrap ing tanah Jawa | agama agêming aji ||

2. jinêjêr nèng wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pangudi | măngka nadyan tuwa pikun | yèn mikani rasa |[5] yêkti sêpa sêpi lir sêpah asamun | samangsane pasamuan | gonyak-ganyuk nglalingsêmi ||

3. gugu karsane priyăngga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus padèng sêmu |[6] sinamun ing samudana | sêsadoning adu[7] manis ||

4. si pêngung nora nglêgewa | sangsayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angandhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alăngka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||

5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono ngaurip ||

--- 193 ---

6. uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi tanu anèng[8] sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng amung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||

7. kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah bibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring atining tatakrama | gon-anggon agama sukci ||

8. socane jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi | lumuh kasor[9] kudu luhur | sumêngah sêsongaran | yèn mangkono kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||

9. kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan tan sing bangsane gaib | iku borèh paminipun | tan rumasuk ing jasat | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok păncabaya | ubayane balenjani ||

10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruhitaa kang patut |

--- 194 ---

lan trape angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||

11. iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mrih tapaking têpa tulus | kawawa nahên hawa | wruhanira mungguh sajatining ngèlmu | tan pasthi mring janma wêrda[10] | tuwin sudra mudha kaki ||

12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh pangukut[11] | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh sêpi hawa | awas roroning atunggil ||

13. tan samar pamoring suksma | sinuksmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukaning warana | tarlèn saking liyêp layaping aluyup | pindha pêsating supêna | sumusuping rasa jati ||

14. sajatine kang mangkana | wus kinênan[12] nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang sipat wisesa winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||

--- 195 ---

2. Sinom

1. nelada laku utama | tumraping wong tanah Jawi | wong agung ing Ngèksigănda | Panêmbahan Senapati | kapati mamarsudi | sudaning hawa lan napsu | pinêsu tapabrata | tanapi ing sari ratri | makenaki marang tyasirèng sasama ||

2. samangsane pasamuwan | mêmangun marta martani | sinambi ing sabên măngsa | kala kalaning asêpi | lêlana tèki-tèki | gayuh geyonganing kayun | kayungyun êninging tyas | sanetyasa pinrihatin | pungguh panggah cêgah dhahar lawan nendra ||

3. sabên mendra saking wisma | lêlana laladan sêpi | ngingsêp sêpuhing supana | mrih pana panawèng[13] kapti | tistis tyas mêmarsudi |[14] mardawaning budya tulus | mêsu rèh kasudarman | nèng têpining jalanidhi | sruning brata kataman wahya dyatmika ||

4. wikan wêngkoning samodra | kèdêran wus dèn idêri | kinêmat kamot ing driya | rinigên[15] sagêgêm dadi | dumadi kang ngratoni | yeka Kangjêng Ratu Kidul | dêdêl gayuh gêgana | umara marak maririh | sor prabawa lan wong agung

--- 196 ---

Ngaksigănda ||

5. dahat dènira aminta | sinupêkêt pangkat kanthi | jroning alam palemunan | ing pasaban sabên sêpi | sumanggêm anyanggêmi | ing karsa kang wus tinamtu | pamrihe mung aminta | supangate tèki-tèki | nora ketang têkên janggut suku jaja ||

6. prajanjine abipraya | saturun-turune wuri | mangkono trahing utama | yèn maksih amêsu budi | dumadak glis dumadi | iya ta sakarsanipun | wong agung Ngaksigănda[16] | nugrahane praptèng mangkin | trah tumêrah darahe padha wibawa ||

7. ambawani tanah Jawa | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tar lyan trahing Senapati | pan iku pantês ugi | tinelad labêtanipun | ing sakawasanira | enake lan jaman mangkin | sayêktine tan bisa ngêblêki[17] kuna ||

8. lowung kalamun tinimbang | wong urip tanpa prihatin | nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karêmi | manelat nulat nabi | nayakèngrat gusti rasul | anggung ginawe umbag |

--- 197 ---

sabên seba mampir masjid | ngajap-ajap mujijat tibaning drajat ||

9. anggung anggubêl sarengat | saringane tan dèn wruhi | dalil dalaning ijêmak | kiyase nora mikani | katungkul mungkul sami | bêbengkrak nèng masjid agung | kalamun maca kutbah | lêlagone dhandhanggêndhis | swara arum ngumandhang cengkok palaran ||

10. lamun sira paksa nelad | tuladane kangjêng nabi | anggèr kadohan panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhning ta sira Jawi | sathithik bae wus cukup | aja buru[18] alêman | nelad kas ngêblêgi[19] pêkih | lamun pêngkuh pangangkah pasthi karamat ||

11. nanging enak ngupa boga | rèhning ta tinitah laip[20] | apa suwita ing nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawaku bae tan ênting | suprandene paripaksa mulang putra ||

12. saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag amrih agama | maguru anggêring kaji | sawadine tyas mami | bangêt wêdine [wê...]

--- 198 ---

[...dine] ing besuk | pranatan akir jaman | tan tutug kasêlak ngabdi | nora kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||

13. marang ingkang angsung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | bubrah kuwuring tyas ingwang | lir kiyamat sabên ari | bot Allah apa gusti | tambuh-tambuh polah ingsun | lawas-lawas graita | rèhning darahing narpati | yèn muriha dadi kaum têmah nistha ||

14. tuwin kêtip suragama | pan ingsun nora winaris | angur baya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lêlahan anglêluri | aluraning pra lêluhur | kuna-kumunanira | dalahsan praptèng samangkin | kikisane tar lyan namung ngupa boga ||

15. bonggan kang tan marlokna |[21] mungguh ugêring ngaurip | uripe lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sêpi | saka wilangan têtêlu | têlas tilasing janma | aji godhong jati aking | têmah papa papariman ngulandara ||

16. ingkang wus waspadèng patrap | mangayut ayat winasis | wasana wosing jiwangga | mêlok tanpa aling-aling | kang ngalingi

--- 199 ---

kalingling | wênganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angalangut tanpa têpi | yèku aran wong barèg begal[22] agama ||

17. mangkono janma utama | tuman tumanêm ing sêpi | ing sabên rikala măngsa | mangsah amêmasuh budi | laire anasabi | ing rèh kasatriyanipun | susila anoraga | wignyamèt tyasing sasami | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||

18. ing jaman mêngko pan ora | arahe para taruni | yèn antuk tutur kang nyata | nora pisan dèn lakoni | banjur jujurkên kapti | kakèkne arsa winuruk | ngandêlkên guronira | pandhitaning praja sidik | tur wus mêlok pamucunge mring makripat ||

3. Pocung

1. ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | santa budya pangêkêse dur angkara ||

2. angkaragung nèng angga anggung gumulung | gêgolonganira | tri loka lêkêre kongsi | yèn dèn umbar ambabar dadi rubeda ||

3. beda lamun

--- 200 ---

sêngsêming rèh ing asamun | sêmuning aksama | sabangsaning băngsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martatama ||

4. taman limput durgamaning tyas wèh limut | kèrêm ing karamat | karana kabotan ing sih | sihing Suksma ngrêbda saardi gêngira ||

5. yèku patut tinula-tula[23] tinurut | sapituduhira | aja kaya jaman mangkin | kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||

6. durung pêcus kasusu kasêlak bêsus | amaknani lapal | kaya sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak amêndhak[24] gunaning janma ||

7. mangkonèku kalêbu wong ngaku-aku | akale alăngka | elok jawane dèn mohi | paksa langkah angangkah mèt kawruh Mêkah ||

8. durung wêruh rosing rasa kang rinuruh | lumêkêt ing angga | anggêre padha marsudi | kana kene anane apa ta beda ||

9. ugêr lugu dèn ta mrih pralêbdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus kawahya sêkar sri nata ||

10. băngsa ngèlmu mupakate lan panêmu | dadine lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut [gi...]

--- 201 ---

[...nilut] tri prakara ||

11. lila lamun kelangan nora gêgêtun | suka yèn kataman | saksêrik samèng dumadi | tri lêgawa nalăngsa srah ing bathara ||

12. batharagung ing ugêr graning jêjantung | jênak Hyang Wisesa | sana pasênêdan sukci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||

13. nora uwus karême anguwus-uwus | uwose tan ana | mung jangjine muring-muring | kaya buta butêng bêtah nganiaya ||

14. sakèh luput ing angga agung linimput | linimpêt ing sabda | narka tan ana udani | lumuh ala ardane ginawe gada ||

15. durung punjul kasusu kasêlak jujul | kajêjêlan hawa | cupêt kacupêtan pamrih | tangèh nêdya gambuh marang Hyang Wisesa ||

4. Gambuh

1. samêngko ingsun tutur | sêmbah catur supaya lumuntur | dhingin raga cipta jiwa rasa kaki | kono kalamun katêmu | tăndha nugrahaning Manon ||

2. sêmbah raga puniku | pakartine lir wong magang laku | sasukcine asarana saking warih | kang wus lumrah limang waktu | wantu wataking wêwaton ||

3. ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinêrung | lagi iki băngsa kas mêtokkên [mê...]

--- 202 ---

[...tokkên] anggit | mintokkên kawignyanipun | sarengate elok-elok ||

4. thithik kaya santri dul | gajêg kaya santri brai kidul | saurute Pacitan pinggir pasisir | ewone kang padha gugu | ugêring guru nyalêmong ||

5. kasusu arsa wêruh | cahyaning Hyang kinira yèn karuh | ngarêp-arêp urub arsa dèn kurêbi | tan wêruh kalamun iku | akale kaliru ênggon ||

6. yèn ta jaman rumuhun | tata titi tumrah tumaruntun | băngsa srengat tan winor lan laku batin | dadi nora duwe bingung | kang padha nêmbah Hyang Manon ||

7. lire sarengat iku | kêna uga ingaranan laku | dhingin ajêg kapindhone atabêri | pakolèhè putraningsun | nyênyêgêr badan mrih kaot ||

8. wong sêgêr badanipun | otot daging kulit balung sungsum | tumrah mring rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku | angruwat ruwêding batos ||

9. mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhning asnapun | beda-beda pandum panduking dumadi | sayêktine nora jumbuh |

--- 203 ---

tekat kang padha linakon ||

10. nanging ta paksa tutur | rèhning tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantarane mring utami | sing sapa têmên tinêmu | nugraha gêming kaprabon ||

11. samêngko sêmbah kalbu | yèn lumintu uga dadi laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis têtêsing kawruh | mêruhi marang kang momong ||

12. sukcine tanpa banyu | mung nyênyuda kahardaning kalbu | pambukane saka titi ngati-ati | atêtêg talatèn atul | tuladan marang waspaos ||

13. mring jatining pandulu | panduking don dêdalan satuhu | lamun lugu lêgêtane rèh maligi | lageyane tumalawung | wênganing alam kinaot ||

14. yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh saniskarèng laku | kalakone saka ênêng êning eling | ilanging rasa tumlawung | kono adiling Hyang Manon ||

15. gagare ngunggar kayun | tan kayungyun mring ayuning kayun | băngsa anggit yèn ginigit nora dadi | mula dèn awas dèn emut | mring pamurunge lêlakon ||

16. ing mêngko kang cinatur | sêmbah katri kang sayêkti [sayê...]

--- 204 ---

[...kti] katur | mring Hyang Suksma suksmanên saari-ari | arahên dipun kacakup | sêmbahing jiwa sutèng ngong ||

17. sayêkti luwih parlu | ingaranan pêpuntoning laku | kalakuan kang marang bangsaning batin | sukcine kalawan emut | mring alame lama amot ||

18. ruktine ngangkah ngukut | ngikêt ngrukêt tri loka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad cilik | dèn kandêl kumandêl kulup | lan kêlabing alam kono ||

19. kêlême mawa limut | kalamatan jroning alam kanyut | sanyatane iku kanyataan jati | sajatine yèn tan emut | sayêkti tan bisa amor ||

20. pamète saking luyut | sarwa sarèh saliring pangayut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tar lyan mung pribadènipun | kang katon tinonton kono ||

21. nging aywa salah surup | kono ana sajatining urub | yèku urip pangarêp uriping budi | sumirat sêrat[25] narawung | pindha kartika katonton ||

22. yèku wênganing kalbu | kabuka saka wêngku-winêngku | wêwêngkone wus kawêngku nèng sirèki | nging sira uga kawêngku | mring

--- 205 ---

kang pindha kartika byor ||

23. samêngko kang tinutur | gantya sêmbah ingkang kaping catur | sêmbah rasa karasa rosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung kalawan kasing batos ||

24. kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||

25. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging kalbu | amung ngandêl kumandêl ngandêl ing takdir | marma dèn awas dèn emut | dèn mêmêt yèn arsa momot ||

--- 206 ---

[...]

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
angkara. (kembali)
krêtarta. (kembali)
kang. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn tan mikani rasa. (kembali)
Kurang satu suku kata: nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu. (kembali)
sêsadon ingadu. (kembali)
kadi ta gua kang. (kembali)
asor. (kembali)
10 wrêdha. (kembali)
11 mangukut. (kembali)
12 kakênan. (kembali)
13 pranawèng. (kembali)
14 tistising tyas marsudi. (kembali)
15 rinêgêm. (kembali)
16 Ngèksigănda. (kembali)
17 ngêplêki. (kembali)
18 guru. (kembali)
19 ngêplêki. (kembali)
20 langip. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: bonggan kang tan marlokêna. (kembali)
22 berag. (kembali)
23 tinulad-tulad. (kembali)
24 angêndhak. (kembali)
25 sumirat-sirat. (kembali)