Sastrajendra Hayuningrat, Angabèi IV, c. 1900, #1317

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sastrajendra Hayuningrat[1]

1. Kinanthi

1. kinanthi amurwèng kayun | wuryaning wasita jati | jatine kang tinarbuka | kawruh adi kang piningit | sastrajendra hayuningrat | kang măngka wadining bumi ||

2. sastra têgêse pan kawruh | yèku paningal kang êning | arja puniku minulya | sukci kang ananirèki | endra pan agung asamar | anglimputi saananing ||

3. sèsining kang buwana | yèku jatining ngaurip | jumênêng langgêng priyăngga | kang kawasa paring urip | kang gumlar ing bumintara | sanggyaning para dumadi ||

4. yèku kang wênang sinêbut | Allah Tangala sajati | kang agung mulya datira | kang elok sipatirèki | ingkang wisesa asmanya | sampurna apngalirèki ||

5. wèh ayuning rat sawêgung | amarna sipat sakalir | kang andum rahsaning jagad | anyamadi ganal alit | kang kawasa wicaksana | kang adil murah ing dasih ||

6. tan ana ingkang nyakuthu | jumênêng urip pribadi | ing satuhune dat sipat | asma apngaling Hyang Widhi | wus dumunung ing kaanan | ananing manungsa iki ||

7. katitipan rahsanipun | Pangeran Kang Maha Sukci | puniku wahananira | dating sastra

--- 208 ---

kang piningit | sotyadi sasangkaning rat | mêngku prasidaning dadi ||

8. arjaning parasdya nulus | kang kawasa amumpuni | saliring rasa dumina | lêlantaraning ngaurip | tumuruning sastra cêtha | jumênêng nukat ginaib ||

9. saking alaming alimut | gaibing Allah sajati | tumitis ing dalêm rahsa | rahsaning priya duk lagi | sêngsêming asmaragama | pamoring jalu lan èstri ||

10. duk mêdhar rahsaning kakung | lênyêp murcitaning aksi | tiniyup ing kanikmatan | ing kono pamorirèki | dating atma kang wisesa | kadim sajatining urip ||

11. amoring dat lan rasèku | ingaran wadi lan mani | tumiba ing guwa garba | acampuh kalawan madi | yèku rahsaning wanita | kumpule dadi sawiji ||

12. aran manikêm puniku | yèku wêwadhahing urip | wujud siji catur aran | mani madi lawan wadi | maningkêm[2] sakawanira | yèku wijining dumadi ||

13. dadining manungsa iku | saking warna catur singgih | dene wiji kang ngaranan | sarining bumi lan gêni | miwah sarining maruta | sakawan pathining warih ||

14. kang samya ingakên iku | laire sipating Widhi | wus wujud [wuju...]

--- 209 ---

[...d] nèng catur rahsa | yèku baboning jasmani | minăngka sêsandhanira | abuning roh kang sajati ||

15. abuning roh têgêsipun | baboning nyawa sakalir | kang nguripi sakèh rasa | ingaran nyawa rohkani | yèku tohjalining sastra | sipat cahya Muhkamadi ||

16. Mukamad ing têgêsipun | wênang sinêmbah pinuji | sêsirahing kanikmatan | rasaning buwana yêkti | satuhu sêsotyaningrat | nirmala waluya jati ||

17. jatine sapa ingkang wruh | rêsmining jagad puniki | minulya ing uripira | sinung padhanging panggalih | praptaning pati sampurna | dumunung ing swarga luwih ||

18. uriping suksmanirèku | anunggal Hyang Suksma Sukci | wus roro-roroning tunggal | tan kêna ingaran kalih | iya uriping kawula | satuhu uriping Gusti ||

19. kawasa wisesanipun | kawula kalawan Gusti | tan kêna yèn pisahêna | sampurna purwaning dadi | langgêng kauripanira | si kombang anèng swargadi ||

20. anuksmèng sagara madu | madu maduning ngaurip | nyamadi jiwa raga |[3] iya ragane pribadi | kang kawasa marna sipat | sipating manungsa iki || [|...]

--- 210 ---

[...|]

21. dadi saking rasa catur | kang wus kajarwa ing ngarsi | mani iku dadi rupa | madi uripe ing ati | wadi dadi ngakal nyata | manikêm nyawanirèki ||

22. wujuding catur warnèku | katăndha nèng netra sami | manikêm undêring netra | mani iku dadi manik | wadi pêputihing tingal | dene kang ingaran madi ||

23. urip ing netranirèku | warna ingarane singgih | rahsaning paningal nyata | punika ingaran madi | de wiji kang catur aran | sarining bumi pan dadi ||

24. carmaning manungsa iku | sari gêni dadya daging | sarining angin dadya rah | pathining banyu pan dadi | tulang myang otot prasamya | sampurnaning wujud yêkti ||

25. kang wadhag lawan kang alus | saking kodrating Hyang Widhi | padha minăngka warana | dadya sêsandhaning urip | uripe pinaring tăndha | rahsa kang karasa sami ||

26. pininta-pinta pinatut | ing papan êmpanirèki | kabèh iku aran nyawa | ana jalu ana èstri | padha minăngka busana | lantaran karsaning Widhi ||

27. marma kang marsudi kawruh | aywana katungkul sami |

--- 211 ---

dipun wruh ing sangkan paran | sangkan paraning dumadi | paran praptaning kasidan | wruh kasampurnaning pati ||

28. lah baya ngêndi gonipun | Pangeran kang paring urip | dèn wruh sajatining rêtna | jroning cipta dèn kaliling | akèh sotya sama rupa | aja nganti salah dalih ||

29. titipan umurirèku | dèn katur mring kang nitipi | kabèh sagolonganira | gulungên dadi sawiji | yèn wus gumolong kang cipta | ulihna purwaning dadi ||

--- 212 ---

[...]

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
manikêm. (kembali)
Kurang satu suku kata: anyamadi jiwa raga. (kembali)