Sriyatna, Pigeaud, 1953, #1390

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sriyatna

1. Dhandhanggula

1. lir mangingsêp maduning kang sari | surasane dènira mardaya | tan milalu kamuktène | mung ketang prajanipun | kang pininta jroning sêmadi | mugi ta pinarêngna | mrih arjèng wadyagung | têntrêm rêna ing tyasira | winantua ing sandhang kalawan bukti | wruha mring yogyatama ||

2. sumrambahe marang garwa siwi |

--- 3: 33 ---

kaping kalih ing panêdhanira | mugi para atmajane | kang sampun sinung lungguh | nama pangran ngraosa bilih | sampun antuk nugraha | nunggil asmanipun | lawan kang murbèng bawana | dipun sokur dèn sagêd marnahkên dhiri | nglênggahi namanira ||

3. sumawana sadhèrèke sami | priya ugi enggal sumusula | tuk nugraha lir kadange | lawan pamujinipun | dhatêng putra kang sampun wanci | diwasa nampènana | ing sasmitanipun | kang rama dènnya mrih arja | bantonana ing lampah ingkang prayogi | lan pamêsuning driya ||

4. lumayana dènira marsudi |

--- 3: 34 ---

upamane palwa nèng samodra | nadyan wasis pandhegane | kalamun palwanipun | awrat datan samapta sami | măngsa ge praptèng paran | tansah kombak kumbul | mangkana para sujanma | tanpa brata ngandêlakên yayah bibi | tan kêna kang sinêdya ||

5. kang mangkono dadi ulêr turi | awit nêtês praptaning diwasa | tan lunga saking ênggone | kang măngka bojanipun | mung galihe punang wit turi | lami-lami katrêsan | bolong dêlêgipun | ulêr mêdal ing sasana | dadi kupu bambrang adi ingkang warni | wus prapta kang sinêdya ||

6. tuk nugraha katêkan ing kapti |

--- 3: 35 ---

nadyan roga ana dadinira | lamun kojur lêlakone | wit turi saya alum | marga saking atine rujit | ulêre nora doyan | ilang rasanipun | yèn katêmpuh ing prahara | kayu pokah kang ulêr cinucuk pitik | têmah sirna kalihnya ||

7. kang saloka tumrape nèng janmi | kayu turi yeka yayah rena | ulêr kang măngka sutane | wus tamtu bapa biyung | ngupakara wèh sandhang bukti | myang mrihatinkên ing tyas | sung pemut rahayu | kongsi praptaning diwasa | lamun putra graita darbèni budi | wêlas mring ibu rama ||

8. angupaya wêkasaning dhiri |

--- 3: 36 ---

pirabara bisa amalêsa | marang sihe wong tuwane | lamun tan bangkitipun | amung aja ta dadi pikir | myang karya susahira | iku saminipun | ulêr kang mêtu sing wrêksa | dadi kupu anak bisa dadi pyayi | kêna tinon ing kathah ||

9. kang mangkana bêgja dèn arani | prihatine ana dadinira | seje kang tiwas lakone | anake mèngèng tuduh | wus diwasa datanpa budi | wêruhe mung wong tuwa | anggêlar piangkuh | sandhang pangan mrih samapta | duwe japa aku anake wong sugih | tur têdhaking awirya ||

10. lamun datan mangkenea isin |

--- 3: 37 ---

apa aku anaking sudagar | ngitung pangan sadinane | kabèh titah Hyang Agung | ana urip ya ana bukti | kang wêruh sesuk sapa | ujar kang puniku | bodho bundhune daluya | kang mangkono lamun tan mangan saari | nyalinguk jroning driya ||

11. dadi nora ujare kang uwis | tangèh lamun têrus ing wardaya | tekade amlenca-mlence | banjure nora wurung | ngêndêlakên mring yayah bibi | salamine mangkana | kale ing tumuwuh | dènira ana ing dunya | datan lana samubarang owah gingsir | raga puhara sirna ||

12. kayaparan yèn kalakon benjing |

--- 3: 38 ---

yakti kadi ulêr isthanira | sampyuh barêng lan uwite | nanging ta majadipun | kang rumiyin mring alam suci | tamtune wong atuwa | anak kari mangu | gêtune jêr wus kaliwat | nora wurung uripe tan kadi nguni | duk maksih sudarmanta ||

13. marma sinung pêpèngêt samangkin | pra atmaja muga andriyaa | ing têmbe kawusanane | kalamun maksih ayun | mring kadarman dènnya dumadi | darajad ginayuha | ing sapangkatipun | timbanga lan bangsanira | supayane ing benjing sampun prihatin | yèn asor kang prabawa ||

14. dene laku ingkang dadi margi |

--- 3: 39 ---

ning kawiryan muga sumurupa | ingkang măngka pusakane | aja agawe rêngu | myang saksêrik samèng dumadi | dipun pracayèng suksma | lan aja têkabur | tingalira kang sanyata | ywa suminggah wisesanira Hyang Widhi | aja angumbar karsa ||

15. aja pêgat suhulirèng Widhi | dèn dohêna saliring bancana | rinaksaa salamine | sinunga tyas ka[1] emut | dinawakna dènnya dumadi | nêmua ing kamulyan | titi kang pitutur | Kêmis tanggal ping wolulas | Madilawal taun Je dèn sangkalani | tan gatra mulang siswa |[2][3]|

 


kang. (kembali)
§ Taun Jawi 1790, taun Walandi 1861, wulan Dhesèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Kêmis wolulas (18) Madilawal (Jumadilawal) Je: tan gatra mulang siswa (AJ 1790). Tanggal Masehi: Kamis 21 November 1861. (kembali)